SERAT TAJUSALATIN Bag. II


SERAT TAJUSALATIN Bag. II
Pupuh XIII

DHANDHANGGULA

  1. Kang sinebut ing Ngimam Bukari, aja ucul sagung para raja, ambahu rêksa  prajanné, miwah saisinnipun pira-pira pangkat winnarni, ana ing dalem nuskah, Imam Bukari wus  angrusak sagung kaharjan karahayon kamulyanning ngawallakir, myang wuwuh ing darajat,
  2. Kang sampurna  kang nikmatting ngakir, nugrahanning marang wadya-wadya, praptanning daulat kabéh, tur agung wantu-wantu, ing sarira sihing Hyang prapti, mashurring pramudita, sagung ratu-ratu, rahayu prajannira, ngatasangin miwah nagri bawah angin wahyu kang wruh ing tulad,
  3. Tumuladding réh Imam Bukari, kang kasebut jronning kakarangngan Imam Bukari anggitté, kakasihing Hyang Luhur, pandhitha gung karilan saking, babonning para raja, terahing pitutur, sagung sagung kawulanning Ngallah, uma[125]t rasul kang tinnitah gung para Ji, tan kenna sumimpangngan.
  4. Sakinh kaoling Imam Bukari, kang wus kanggo dénning para raja, kang ngaluhur darajatté, wingit karatonnipun tumpa-tumpa sihing Hyang prapti, nedya ambuwang arta,  wekassanné wuwuh, bulu bekti pirang praja, kang anganggé pratingkah Imam Bukari, mulya dunnya ngakérat,
  5. Nadyan sagung para ratu kapir, kang miyarsa ing kojah punnika, Imam Bukari kitabbé, ing nganggé ratu-ratu, bawah angin ing ngatas angin nadyan wit ratu nistha, nganggé dadya luhur, pannagung dénnya munpangat supangatté ngangé réh Imam Bukari, nagari temah arja.
  6. Santo sarja ing karaton-nadi, wonten malih kitab ginupit, palilatul ayam ranné, saking kang para ratu, nora nana kang dén wajibbi, amung ngadil lan murah, mung parlunning ratu, sampurnanning para raja, sarta bala sampurnanning bala nenggih, sarta kalawan dana.
  7. Ing tarikul umum kocap sami, kang wus mashur ing karatonnira, Jeng Nabi sapiyullahé, putra gumtya Prabu, sasédanné putranaméki, bagéndha Kayumarat karatonné punjul anrus adil palamarta, pan limangngatus warsa.
  8. Sasédanné Jeng Sri Narapathi, Kayumarat kang madeg Naréndra, Sultan Wusngaha namanné, ing tigang ngatus taun arja nagrinnipun Narpathi, angréh ing [126] para raja, pira-pira ratu, sédanné Prabu Wusngaha, kang jumenneng Sultan Tuhmurah naméki, pan sangangngatus warsa.
  9. Dadi pipintonning para Aji, Prabu Tuhmurah agung wisésa, ajeg adil tur martanné, pakartinnira punjul widagda gung amangun jurit pratingkah luwih éndah, rumekséng wadya gung, purwanné ana senjata, warna-warna Prabu Tuhmurah kang kardi, wignya pakartinning prang.
  10. Sasédanya nenggih kang gumanti, Sultan Nujam pitungngatus warsa, raja taréh paparab néki, purwanné ana jaran kakambilan iku, miwah palananning gajah, sarupanné sato kenna dén titahi, awit saking Sultan Jam,
  11. Kang ngakarya palananning ngésthi, miwah abah-abahing turongga, Sang Jam kang duwé panggawé, lawan panganggittipun wuwuh ingkang gagaman jurit saking Prabu Tuhmurah, kathah wuwuhipun warnanning prang, ratu punjul sampurna karatonnéki, lir wananning busana.
  12. Pélag-pélag tur ngébattébatti, saking Masrik lan mahrip punnika, kang tinulad pakartinné, sédanné Jam punniku, ginannti kang madeg Narpathi, nama Sang Prabu Lakak Dawi Kusén niku, laminné madeg Narédra, Prabu Lakak Dawil Kusén  laminnéki, pan patang ngatus warsa.
  13. Kirang karo tengah dinna nenggih, saking patang ngatus taunnira, Raja Lakak Dawil Kusén wawe[127]kking praja gung, lalakonné kang bumi-bumi, wus karsanning Pangéran adeggipun ratu, Lakak Dawil Kusén nika, purwannipun ana racun darubeksi, bubuk lan lengnga tedhas.
  14. Raja Lakak Dawil Kusén  nenggih, kang akarya purwanning wong cidra, wit kamandaka ananné, kalawan tuju teluh, Lakak Dawil Kusén kang kardi, gung ngulah parécéttan tannana kadyéku, babaonning ratu niaya, Raja Lakak Dawil Kusén miwitti lir, tinurut sapangandhap,
  15. Wiwittan angapus-sapuissi, ambubujuk sagung laku cidra, Raja Lakak Dawil Kusén langkung gegedheg cukup Islam katon upamnéki, lamun tan nganniyaya, awake alesu, dadi sirahing duraka, marmanipun sagung kang para Narpathi, aywa cidra niyaya.
  16. Tinunggilken siksannipunbénjing, sakathahing ratu nganniyaya, lawan Lakak Dawil Kusén sésanné ratu iku, namannipun kang gumantya Ji, Prabu Apradunnika, limang ngatus taun jennengngé winangun ingkang, kabecikkan pala cidra dén cuwangngi, jagad salin wasiyat,
  17. Amangsulli pratingkah kang becik karahayon kamulyanning praja, adil kang winangun maléh, Maha Prabu  Apradun angulihi panggawé suci, anggung abondayuda, lawan ingkang manut sagungnging kang raja-raja, kang ngatulad Lakak Dawil Kusén ngunni, ramé ginnitikking prang.
  18. Dadya arja praja –praja malih, para ra[128]tu kang anganggo ika, tingkah Lakak Dawil Kusén anggung sinatru-satru, dénning para ratu kang becik marma kathah paperang, awit saking iku, sami rêbat kaluhurran sasédanné Ratu Jam ingkang gumanti, Sang Prabu Manujahar.
  19. Laminnipun madeg narapathi, satus lan tri dasa warsa, Sri Manujahar jennengngé, karahayon winnangun angluluri panggawé becik marang pandhita mulya, rinnaket sakayun sagung ngulah pamicara, wong bérbudi kang kinathik siyang latri, mring Sultan Manujahar.
  20. Angnglahirken gungnging pakarti, solah bawanné éndah-éndah, Sri Manujahar jennengngé, sédanné ratu iku, kang gumanti Sri Nudaruwin laminné madeg natha, Nudaruwin Prabu, patang taun tigang  condra, langkung arja nenggih Sultan Nudaruwin sédanné kang gumantya.
  21. Prabu Aprisiyan laminnéki, jennengngira kalih welas warsa, Raja Katkala parabbé, luhur darajattipun kaprawiran amangun jurit anggung kurmatting wadya, kang prawiréng kéwuh, miwah bérbudi wicara, kang kinnathik anggithik praja lan pikir, arang katekan ing prang.
  22. Akéh nungkul sagung kang para Ji, saking kaluhurranning susila, bérbawa gung leksananné, sédanné ratu iku, kang gumantya namannira Ji, Nurabbab Nutiamah, antuk tigang taun lawan punjul wolung condra, ing jennengngé annyukakaken wadya [129] lit nagarannira arja.
  23. Sasédanné Tiamah Narpathi, kang gumatya Sang Prabu Kistagab Ibnu Sulthan Jat laminné, ing wolulikur taun lalakonné murahing bukti, agung annyebar dana, karatonné punjul sasédanné kang gumantya, Sulthan Ngabat satus taun laminnéki, lan kalih dasa warsa.
  24. Lalakonné karatonniréki, anduduga samoanning wadya, ingundhakkaken nikmatté, rumeksa sabiyantu, lawan sagung mantri Bupathi, parayitna rumekséng rat myang saisinnipun angatuttaken wong tukar, nagri arja sasédanné kang gumanti, Sri Kawus namannira.
  25. Karo belah warsa laminnéki, ing jennengngé raja Kawus ika, ing karaton lalakonné, amat ginawé luhur, trah wong ngagung ginnawé cilik trah wong papa kinnarya, punggawa gung ngagung, akéh rêtunning kangjagad sasédanné Raja  Kawus gumanti, Sang Prabu Kikhasrawa.
  26. Sawidak warsa laminniréki, ing jennengngé Prabu Kikasrawa, winnangun karahayonné, asih ing pandhitha gung lulut marang sagungnging dasih, pulih nagari arja, sasédanné iku, gumanti Raja Lahrasab lalakonné angulihaken ning-ngunni, wit ala mulih ala.
  27. Wit wong cilik mulih maring cilik rêmbessing madu kang trah kusuma, wiji gedhé mulih gedhé, madeg rong puluh taun rêmen ambubungah wadya lit [130] nugrahanning kang wadya, arja prajannipun sasédanné kang gumantya, Ratu Agung satus taun jenneng néki, lan kalih welas warsa.
  28. Bisikkannira Sri Narapathi, Sulthan Bahman Ibnu Asngadaya, ana dnné lalakonné, anggung mangun prang pupuh, sih ing wadya kinnati kati, langkung binnau rêksa, sandhang buktinnipun sadaya ginula wenthah, prajuritté miwah punggawa bébudi, kang ngulah pamicara.
  29. Pinnasrahan tur kinulit daging, tuwin para manggalanning ngaprang, sinung saparibawanné, tetep prawirannipun kathah para ratu sumiwi, mring Sulthan Asngadaya, sugih bala ratu, saking bér prawiratama, paramarta sanget baurêkséng ngalit Sang prabu Asngadaya.
  30. Putranné mung pawéstri satunggil Sulthan Bahman Prabu Asngadaya, Umanné Sumar Maranné, sédannira  Sang Prabu, putra éstri madeg Narpathi, Prabu Dewi Umannéka, Sumar Marannipun medeg tigang dasa warsa, langkung ngarja tannarsa summimpang ngidin ngluluri ingkang rama.
  31. Kalabettan kang rama ing ngunni, Sulthan Bahman Ibnu Asngadaya, sinnebut kaluhurranné, mashur sampun pinunjul Prabu Déwi madeg Narpathi, wusnira tigang dasa, warsa jennengngipun Sang Prabu Déwi akrama, sampunnipun sacumbana Prabu Déwi, nenggih lagya sapisan,
  32. Nulya kakungngé pinnetak aglis Rêtna Prabu Umanné Sumarma, madeg Prabu wadon baé, lajeng wawrat Sang Prabu, mung [131] sapisan dénnya karonsih, lan pekir angumbara, kramannipun wau, wawrattan sepuh ambabar, miyos jalu diwasa madeg Narpathi, nama Sang Natha Darab,
  33. Ingkang ibu maksih anengganni, Rêtna Prabu Umanné Sumarma, bawanni ing putranné, Prabu Darab punniku, karatonné prawiréng budi, anggung amrep nagara, kang pinrih anungkul atur bulu bektinnira, mung jennengngé pat belas taun ngemassi, nanging sampun puputra.
  34. Wus diwasa adeggé Narpathi, apaparab Prabu darénusa, Dara Ibnu Radat ranné, akéh nagari nungkul ingkang Ngéyang misih nengganni, Prabu Déwi Umannéka, sumarma punniku, sawussira rolas warsa, karatonné sédanné; kang gumantya Ji, apan wong liyan bongsa.
  35. Nama Kaum Ki Muluk TawaiF karatonné mung telulas warsa, ing ngambil wong liya maléh Askanniyan punniku, kang angendhih Muluk Tawaif Sang Prabu Askanniyan mung sapuluh taun nulya ingendhih punnika, nama Yusak Ibnu Urmazan gumanti, telah Kaling Galiyan,
  36. Ingambil malih karatonnéki, saking liyan Yaddzakir namanya, sirna wau satedhakké, Omanné marméku, kabéh samya dadya wong cilik sawiji datannana, pantes madeg Prabu, tedahak Omanné Sumarma, awit saking kethaha Sang Prabu Déwi, Sang Umanné Sumarma.
  37. Mila dipun-némut kang para Ji, yén wanudya apeksa cumang[132]kah, ngalamat sirna wijinné, wiji karatonniku, nora kenna dipun nisthanni, samongsa nindakkana, ing kanisthannipun wus pasthi dadi ngalamat karusakkan sirna wijinning Narpathi, satemah dadi papa.
  38. Ratu ikuméh jisim rokhanni, nora kenna gawé tindak nistha, ngapeské marang tedhakké, tan kenna dadi ratu, wus kinnebat maring Hyang Widdhi, wahyu karatonnira, punniku rinnacut yén anggung tindak utama, saturunné malah wahyu dén wuwuhi, luhurré kang darajat,
  39. Éling-ngéling sagungnging bérbudi, sagung wong ngolah pamicara, dén samya rumeksa kabéh, maring kannisthannipun dén angéman marang para Ji, sujana kang minnongka, sasakanning ratu, yogya wruh nistha utama, yén wong bingngung kumprung angrusak nagari, tan wruh nistha utama.
  40. Lan malihé sagung kang para Ji, aywa ana kang atinggal nama, Imam Bukari welingngé, wong nama becik iku, agawéya pratingkah becik yén wong atinggal nama, amikul dosa gung, dosanné pan rong prakara, kang sawiji kang tinggal namanné becik kang ngadho ing kutubah.
  41. Pan wong nedya nganggo nama becik miwah dénné anggluri munpangat sinukup becik niyatté, yén ala tindakkkipun langkung sanget dukanning Widdhi, yén wong anama ala, becik tindakkipun wong ical nama utama, kang mangkono agung nugrahanning Wi[133]ddhi, padha sidkah sirsira.
  42. Upamanné yén binnasan Jawi, yénnana wong nama Kertisuta, teka nuli wadat baé, apan ta nama iku, sayektinné kerêb arabi, iku wong tinggal nama, abecik tinnemu, yén wong tinggal nama ala, yénnana wong  anama Ki Salim Musliman nuli laku durjana.
  43. Iku tinggal nama kenna sarik sbanjurré wong iku keparat musibat dén karêppaké, kayata pamannipun nganggo nama Rahman lan Rakim nuli alaku siya, kumet artannipun iku kang ngatinggal nama, luwih ala pan Rahman Kala;wan Rakim asih kalawan murah.
  44. Dosanné wong tinggal nama nenggih, tinunggilken ratunning duraka, Raja Lakak Dawil Kusén pan lapal kang wus mashur, yé lajayaka ismihi, wong ngiku nora owah, kadya namannipun nama kang ngabecik uga, agawéya pratingkah ingkang ngabecik aja atinggal nama.
  45. Siksanning wong tinggal nama becik ilang urippé sajronning pejah, sikara marang badanné, kaya namanning ratu, nora kenna yén dén sasami, anganggé Ngadurrahman yekti murahipun wong cilik tan bisa murah, yén mumetta nama kang bonda kalanni, dosa atinggal nama.
  46. Nama iku yekti pratandhanni, pakumpullan rasa lan nugraha, kang nguwuh dadi pujinné, marma Sang Pandhitha  gung, apaparab Imam Bukarai, Pandhitha wicaksana,  lulungsurranné [134] duk anom dadi Naréndra, tuwa-tuwa dadi Pandhitha linuwih, walios wahyu kobra.
  47. Basa Imam budinning narpathi basa Bukari iku sagara, amengku réh sakabéhé, ala becik kacakup kang minulya Imam Bukari, apan pasemonning Hyang, musakanning ratu, rumekséng réh sabuwana, katartanton ratu sakurêbbing langit salumahing bantala.
  48. Teteppa karya Imam Bukari, kunneng pasal ingkang kaping sanga, wonten gupita artinné, mungguh para ratu, kang ngatinggal ing nama becik Aspahanni nagara, bisikkanning ratu, Sang Prabu Dilkarim Kobra, luwih agung luhur karatonnira di, tuwin gungnging kagungngan,
  49. Kéh pra natha sasaminning ngaji, asok bulu bekti pira-pira, nagri munggéng sor kukummé, tur ratu agung ngagung, kang kasabban dhadhamparnéki, Sulthan Dilkarim Kobra, ana semunnipun ing praja kirang pariksa, duksaman Narpathi mijil tinnangkil ngundhangngi wadyannira.
  50. Karya maligé jaban nagari, kang polattan kidul kulon wétan miwah lor adoh bulakké, maligé kang ngaluhur, karsannira Sri naraphathi, angirabbaken bala,kang ngadoh kadulu, sagung pramonca Dipatya, tri gumuruh jawi kitha nambut kardi, maligé sasaossan,
  51. Kannan kéring miwah ngarsa wuri, rinnejekkan samya rinnakittan minnongka lalatar ka[135]béh, myang kang mongka lun-nalun pasamohan wadya para Ji, maligé rinnarêngga, abratulya murub winnarna ing pupulassan langkung jembar kang badhé panggénnan baris mangkana cinnarita.
  52. Wonten omahé wong nini-nini, luwih nistha malarat kaliwat tannana anak putunné, ingkang yogya tutulung, ing pangnganné sadinna ugi, miwah ambennerrênna, ing wisma méh rubuh, tarocoh dhoyongngé ika, tanpa lawang yé dalu mung dén sangkrahi, ing kayu réréncékkan,
  53. Binubrahan dinnohaken sami, dénning wadya kang ngannambut karya, rêmek sagung dadannanné, kaprennah sandhingngipun lan maligé kang dénnadeggi, asaru yén misiha, milanné ginempur, wusnya dadya maligéndah, tur uningnga Sang Natha siyaga mijil lawan sagarwa putra.
  54. Myang sagungngé prawira abaris tan pétungngan gungnging bala kuswa, sarta warnanning pangnganggé, ujwala méh sumaput Sang Hyang diwangkara méh agring, karobbanning busana, sumunnar andaru, Sang Natha minggah sagarwa, saha putra mring panggung; gung maligya di, mulatting baris samya.
  55. Osikking tyas Naténg Aspahanni, tuhu agung ing karatonning wang, sapa ratu kang sawennéh, anongga bobottingsun saking gungngé prawira mami, wus akéh para raja, kang nembah maringsun mangkana kang kawuwussa, nini-nini omahé kang dén bu[136]brahi, kang késah ngambil pangan,
  56. Karsanning Hyang sakit anéng margi, lagi sakéca nenggih sednyanya, mantuk anggawa berassé, awake misih lesu, berassira binutel jarik lan kayu réréncékkan kang cinnangking wau, lan buntellan jangannan prapténg wisma sedya nuli mamatengngi, dupi prapta ing prennah.
  57. Wismannira tannana kaéksi, katon baris ageng ambarannang, lan malih ana maligé, punnika kang jinujug pan prennahé awismanné ngunni, wong kang jajarri mulat annyentak anundhung, éh nini sira lungaha, aja parêk lawan gonning Narapathi, nini tan mojar.
  58. Awor sayah pangungunniréki, dyan jinnoroggaken mring wong kathah, rubuh kagulung awake, kenna récékkan kayu, babak bundhas awak wor getih, tannantuk asasambat pan ginulung gulung, nangis nenedha maring Hyang, ya ilahi kang ngagung Kang Maha Suci, kawula tulungngana.
  59. Ing kawula tuwan kawassasih, dénniyaya mring kawula tuwan Sultan Dilkarim Kodranné, kang niyaya kalangkung, sapa sinten amba sambatti, liyanné saking tuwan kang ngakarya iku, suker gampangnging kawula, lah walessen  ratu tan parikséng cilik niyaya Karim Kobra.
  60. Tangngéh ucappén dénnya kaswasih, nini-nini misih gugulungngan gugubras rah sariranné, ana swara karungu, nini tuwa tangngiya aglis [137]  Hyang Suksma apannarsa, dhawuhken bebendu, mring Sultan Dilkarim Kobra, samantrinné sawadya punggawannéki, awit dosanning raja.
  61. Nini tuwa kagyat nulya tangngi, dyan lumaku rikat sebuttira, ana jumegur swaranné, lemah winnalik sampun enggonnipun wadya kang baris miwah gén Sang Naréndra, kinurêpken sampun sarta tinniban dahana, abusekkan gégér tan kenna sumingkir, kinnepungnging dahana.
  62. Tanpa rungyan sasambatting tangngis ngétan genni angidul pawaka, angulon pepet kukussé, angalor muntab murub mumbul-mumbul kasabban bumi, ana swara kapyarsa, éh-éh Sang Ngaprabu, Aspahanni Karim Kobra, lah sandhangngen iku dudukanning Widdhi,awit wong tinggal nama.
  63. Lan niyaya tanpa rinekséng cilik léléda sira dadi kalipah, mengko samonno dhawuhé, bebendunning Hyang Ngagung, awit saking wong nini-nini, Sultan Dil Karim Kobra, annangis anguwuh, bumi ingsun nungkabban, ingsun tibat sun nandil parikséng cilik lah agé ungkabbana.
  64. Ana Pandhitha nujum satunggil patarénné Sultan Karim Kobra, amba nuwun ngapunten nuli, kalangkung tan kawawa, tinubruk ing kukus amba boten tumut dosa, sapolahé kang wulang gung mamalangngi, mring Sultan Karim Kobra.
  65. Nanging ngawis ginni a[138]wak mami, wanti pitutur kawula, nyegah salah dadadénné, swara iku sumahur, ya pagénné sira tunggonni, Sultan Dil Karim Kobra, niyaya kalangkung, nora kanggo tuturira, nora lunga tekan nagri Aspahanni, sira Pandhitha delap,
  66. Ratu niyaya sira tunggonni, mengko sira kuduha sasambat malah wuwuh musibatté, sira Pandhitha bingngung, gelem tunggu ratu tan yukti, lah mengko rasakenna,  duduka kang dhawuh, kukus lan genni kang ngrebda, bumi geseng wus sirêp swaranning tangis tumpes wong sanagara.
  67. Ingkang sami ngiring Narapathi, wong sawiji tan nana waluya, pinnangnganning kukus kabéh, cinnatur malih dalu, sasambatté wadya kang nangngis kalawan tigang siyang, sirêp tumpes tumpur,wadya kang kari jro kitha. Misih wutuh karatonné wus ingambil mring pekir angumbara.
  68. Malah ing mangké misih katawis nagri Aspahanni jawi kitha, krowok winnalik labétté, lan misih ana kukus ingkang mijil saking jro bumi,  malah dadi lepiyan ratu kantun-kantun ing Aspahanni nagara, ratu kenna bebendunnira Hyang Widdhi, Sulthan Dil Karim Kobra.
  69. Jronning kitab tanjoh wus kawarni, lamun niyaya iku kawilang, sajus  ngapisarakanné, mongka naraka iku, ngendi ana naraka nenggih, basa aran naraka, cilaka kang marganning cilaka iku wiwittira,  iya saking panganniayan-[139]niréki, iya iku naraka.
  70. Wong kang kurang pamicaranéki, yéku ingkang kanggonnan naraka, tan wruh benner lan luputté, basa niyaya iku, ingkang nama naraka yekti, gegedhénning cilaka, wong nganniayéku, ing ngunni duk bumi ajam ana ratu prakoswa gung wadyannéki, nanging liwat niaya.
  71. Ing ngadilli Sang Raja Dakir, Ibnu Sahir karêmmingcilaka, rêmenniaya tegessé, wor sagung ratu-ratu, bawah angin akéh kajodhi, anuju sinniwaka, Sang Prabu Yaddakur, ana kang turongga prapta, jaran-nijo gégér cingak kang annangkil kinnén anyekel samya.
  72. Marang para mantri kang annangkil ing ngadhangngan kidul minger ngétan cinnegat kulonna ngalér, kabéh gawog andulu, léléwenné turongga wilis sarta bagussing warna,  jonné amirut meleng-meleng kadi kaca, suwé-suwé kuda mrepekki Sang Ngaji, dhépés anéng dhadhampar.
  73. Suka ngakak gumujeng Narpathi, sru ngandika kasarwi nyandhak kuda, ing ngelus-selus jompongngé, dulunnén solah ingsun awit saking pangngwasa mami, cinnekel nora kenna, marang mantrinningsun paran dénné mara dhawak pan andhepés néng sorring dhadhampar mami, malaku tinunggangngan,
  74. Payo gamel mundhutta kakambal kambil dhahar kang dinut amesat datannantara praptanné, ngandika Sang Prabu, kamba[140]l lan ingsun jennengngi, lamun iku adoha, lawan jenneng ingsun sayekti iku lumajar, amung ingsun gustinné turongga iki, saking gaib duk prapta.
  75. Ngendi ana ratu kaya mami, lagi niyat amukul nagara, sun arsa aperang ramé, nulya na kuda rawuh, saking gaibpélak kang warni, wadya sadaya nembah, lerêsSang Ngaprabu, tan wonten kadi paduka, sawussira kinnapan tedhak Sang Ngaji, arsa anyéngklak kusa.
  76. Lagi nyandhah apussé sisih, dyan sinnépak jarannira pecah, niba galadrahan baé, dhinupak sirahipun andaladak rah ira mijil turongga sampun musna, kakambillé kantun kuda iku malaékat pan gumuruh géghérré wadya kang nangkil retune sampun pejah.
  77. Jro kadhatun sampun dénnisénni, ratu saking wong pekir ngumbara, kabéh nora wruh jamanné, ratunné salin sampun liwat adil pekik kang warni, Yaddakir ratu lawas patinné akuthuh, sarta mati siya-siya, wus mangkana ratu kang nganyar gumanti, Sultan Saépurijal,
  78. Angundhangken paparéntah salin ambuwangngi wasiyat kang kunna, kala Yatdakir jennengngé, mengkonno artinnipun éling-ngéling samya dénnéling sagungnging para raja, ing saoungkurripun yénnana ratu nalaya, lawan adat pikirré nganyar-ranyarri, bakal mijilanna rusak,
  79. Tinungkulken iku maring ibis [141] ambubungah lawan kaluwihan sirik sikir kang dénnanggé, sakéhé wong kang luput kang sumimpang wasiyat Nabi, iku padha ginarap andhendhami runggul yén mengkonno para raja, nora arus ngémanna wiji kang kari, rahayu maklumming tyas.
  80. Kaping sadasa pasal winarni, anyataken ratu akarya, kahannanning ratu kabéh, awit kamulyannagung, lamun ratu asugih mantri, bérbudi wicaksana, pamicara alus lan ratu nora sampurna, lamun nora sugih mantri kang ngabecik mongka busanéng praja.
  81. Jroning kitab sipatusalatin wus sinnebut lamunnana raja , tan jumenneng karatonné, ing karaton satuhu, lamun datan adarbé mantri, bérbudi wicaksana,pamicara alus karana mulyanning praja, kaluhurran darajadding ratu pasthi, wit saking pamicara.
  82. Wajib akarya mantri bérbudi, pamicara sagung para raja, polattan ing pakartinné, kadya caritannipun Nabiyulah Musa linuwih, duk kinarya kalipah, nenedhéng Hyang Luhur, lapal wadngali wajiran jronning Kuran  min ahli harunna aki, tegessé kang punnika.
  83. É; ya gusti kang ngamaha suci, tuwan dadossenna kadang amba, pun Harun mantri papatéh, tinnariméng Hyang Ngagung, iya Harun mantri Papatih, kadangngé Nabi Musa, pamicara alul marta paribawa tama, bijaksana na[142]nging wicaranning ririh, béda lan Nabi Musa.
  84. Nabi Musa keras miyatanni, tatag tanggon prawiréng ngayuda, gedhag-gedhig pambekkanné, harun kaliwat alus marma kadhang géséha kedhik yén ta sampunna kadang, kaping kalihipun wus tinnedha mring Hyang Suksma, lamun Harun dadiya mantri Papatih dadya mupus kalihnya.
  85. Aywa mungguh ratu ngunni-unni, lamun nora miliha manungsa kang kinnanthi karatonné, jronning kitab adabul wijro sagung para Narpathi, wajib angupayaha, mantri kang panuju, bérbudi ulah wicara, sampurnanning ratu pakartinning mantri, tan kenna anggagampang.
  86. Lan sing sapa sagungnging para Ji, annindakkaken barang pakaryan kalawan karsanné dhéwé siya-siya satuhu, lamun nora sarta lan mantri, kang putus para mantya, myang nayakannipun nadyan Kangjeng Rasullullah, ratu luwih barang karya misih tari, mring kang  para sakabat,
  87. Miwah liyanné samya tinnari,kang nayaka datan kaliwattan  nadyan dhayoh upamanné, tinnari prakaréku, ambarêngngi iya tinnari, marmannipun mangkana, nenggih Kangjeng Rasul sampun kadhawuhan-nayat kinnén samya musawarat barang kardi, marmanné linnampahan,
  88. Rasullullah punniku linuwih, karatonné apan wus sampurna, tanpa timbang sayektinné, duk ayat dhawuhipun wasawirhum kulupi amin pangandi[143]kanning suksma, yata kaish ingsun tatarénna barang karya, nadyan sira wus bijaksana bérbudi, sun sungngi wahyu kobra.
  89. Aywa nora tari barang kardi, anicara kalawan sakabat miwah umat saananné, annimpenni takabur, mila para ratu ing wuri, wajib angupayaha, mantri ingkang ngalul pamicara bérbudiman wruh ing ngélmu karaton nulag praja di, sayekti nora kenna.
  90. Ratu kalipahé ngréh ing bumi, lamunnora ana wong micara, sétanné ngadhep tegessé, mengnging tatarén iku, angulurri pikir abecik ing wiwittan kéwala, amimindha wahyu, aja kudu tatarénna, ingsun ratu wus sinung akal pribadi, apa gawé nyanyambat,
  91. Apa gawé ngathik wong bérbudi, sun angathik wong bodho kéwala, ingsun bisa minterraké, mengkono pamrihipun yén sampun nampik sujana, myang pandhita atinné karêmming singkir pasthi ngalamat rusak,
  92. Untungngi sétan godha para Ji, tiwas sétan anggodha, ratu bakuh agamanné, apanten kenna banjur, lalakonné prja  basuki, liyanné dén lakokna, mrih bérbudi alul micara nagara krama, sandi praja ninnitik ing ngunni-unni, réh mulya kaunningngan,
  93. Pangréhing kitab adabul  amrih, jennengngé ratu sannépannira, wistha [144] gung miwahmaligé, sayekti adeggipun lawan saka papat kang pasthi, sunnatté saka kathah,pangngrembé punniku, yogyannen kang saka papat akarya amantri tuwa kang bérbudi, putussing pamicara.
  94. Supayanné sakéhing pakarti, sampurna atiti lan pariksa, myangnging coba kéh sabarré, busannaning kaprabun dénné saka kang kaping kalih wadya gagah prakosa, prawireng prang pupuh, apolat bandhu sentana, bongsa luhur utama trahing prajurit papaéssing nagara.
  95. Ingkang manis barang solah néki, réhning ambau rêksa sadaya , Sri Naréndra prajuritté, sung péling sabiyantu, kongang miwah ing juru tamping, yénning kula wisudha, lok sudiréng kéwuh, anrang sahagyannira Sang, Sri Naréndra tumanggah atalang pati, patitissing  wiwéka.
  96. Wiwéka pan ugerring prajurit nadyan sakti ya mondra prawira, yén tannagung wiwékanné, nistha prajurit kuthuh, nora panten kanggé para Ji, utama mawiwéka, sumimpang karya dur, kang mengkonno lamunna, sayektinné pinulasara kang becik papagerring nagara.
  97. Nawengnging réh bahyanning nagari, karêksanné tan kontapping lawan myang talutuh kasirnanné, kawasan dohken niku, sagungnging kang dursila juti, annawung kukumming Sang Naréndra kacakup dénné sasaka kaping tiga, arêp ana juru gedhong kang prayogi, sampurnéng bebennerra[145]n,
  98. Wiranginné tur amracayanni, supayanné kang kinnon rumeksa, karêksa ing kagungnganné, karana ratu iku, gumantungnging kahannan nenggih, wajib annimpen arta, sasaosannipun dadar sagungnging prawira, miwah karya becikké prajanniréki, gumantung lawan arta.
  99. Lan sasaka kaping pat winnarni, arêppana mantri kang ngagunna, kang ahli carita kabéh, kang akéh misillipun misil iku tepa palupi, kang wruh nistha utama, ondhé-ondhé kang wus miwah samya tuhunnira, amartakken ing wadya kang tepis wiring, annapu ing piyala.
  100. Angatuttaken cengngil-cinengngil wong ngagunna wus ambeg sagara, nedya rahayunning kabéh, amarassaken kumprung, kang annarik bingung mring ngéling, yéku dadi sasaka, mungguhing praja yu, rumekséng wadya samuha, yén ana kang marêdeng barang karyéki, dudu kalawan sarak,
  101. Tan mungguhi ngondhé-ondhé misil adoh agama amurang sarak yén punniku wussé séléh, nuli dohna dén gupuh, parakenna jabanning tamping, yén waras tinnimballan ingapura sagung, kadédén kang wus kaliwat nahan lamun sasaka papat wus olih, dén becik  mulasara.
  102. Ratu iku yogya rumeksanni, gumatya sih mring sasaka papat supaya tetepping tyassé, mrih sampurnanning laku, nindakkaken ning praja titi, tata titih santosa, ing kawigyannipun a[146]muletting palimarma, ing wadya kéh tangéh yénna mrih asilib mung annarik kaharjan.
  103. Watekking kurang rongéh ing budi, watekking penuh antengnging nalar, wisa tawa marsudinné, supangya anteppipun anindakken sgung pakarti, pakartinning utama, ing darajad luhur, lumaku lan suka bungah, rahayu barang karya.
  104. Ririh iku amongsa kalanni, lawan yogyanning prakara, iku wus anéng sasajén wijan wijinning laku, wiwékanning wadya bérbudi, anindakkaken karya, patitis panuju, panuju yéku utama, yén utama darajaddé amuwuhi, tindak tinnariméng Hyang.
  105. Yén tan nana saka papat yekti, kuwurring tindak rubuhing wisma, wurungnga pasthi dhoyongngé, dhoyongngé praja iku, akéh ingkang panggawé juti, angrebda wong duraka, tetepping laku dur, apa marganné raharja, ngorak karik ambuwang saréngat Nabi, anganggo jajal lannat,
  106. Wonten ratu Prabu Amardasir, bawa rasa lan samanning raja, mungguh ingerring panggawé, kang nibanni rahayu, pundi ingkang pantes kinnanthi, réhning annawung praja, mrih amotting kukum kang tinnari wong punnapa, angandika Sang Ngaprabu Amardasir, sayekti kang sayogya.
  107. Ratu iku wus pinaring kanthi, lamun éstu kinnarya kalipah, pasthi pinnaring kanthinné, kanthinning ratu iku, kartin nitahake[147]n bérbudi, kenna ahli micara, wruh ing ngajér-rajur, wruh nistha madya utama, wruh ing kukum kang inganggé para Nabi, myang para ratu mulya.
  108. Karana wong tinnitah bérbudi, wong kagedhong rahsanning Naréndra, ulah pamicara kabéh kang sarga lawan ngélmu, ing pakarti barang pakarti, supayanné dadiya, kautamannipun amrih undakking darajad kamulyanning ratu ing ngawal lan nakir, aywa kongsi sangsaya.
  109. Lamunnara mengkonnowa yekti, ratu iku ginnawé duraka, didohken wong bérbudinné, pinnarêngken wong kumprung, pinrih agung  dosanné iku, punniku dén prayitna, sagung ratu-ratu, aywa mungguh kaya ingwang, nadyan rasul iku pinnaringngan kanthi, tur wus nayakanning ngrat,
  110. Wus sonnebut ing carita ngunni, sajronning kitab: tuhpatul wijra, adegging ratu pasthinné, sarta lan mantrinipun pinnaringken déra Hyang Widdhi, kang ngulah pamicara, bérbudiman alul yén badhé ginnawé rusak lan duraka yekti larang wong bérbudi, wong cekak budi samya.
  111. Kang kinannathik dénnira Narpathi, dhasar nagara ginnawé kumpra, tangéh pinriha mulyanné, kang ginnawé rahayu, wus sumaji pinnaring kanthi, wadya kéh wicaksana, kang ngadhep sang ratu, mangkana pangréhing kitab arêppana ratunné kalawan mantri, nganggé kang nem prakara.
  112. Ingkang tigang prakara winnarni, arêppana angge[148]ppé Sang Natha, kangmungguh marang mantrinné, kang tigang prakaréku, maring mantri kang dadi patih, ayunna ngarsakkenna, mring papatihipun tegessé kang saprakara, yénna karya iya panggawé sawiji, barang anggepok salah.
  113. Iya aja nuli andukanni, dén émuttenna ingkang ngaprana, nanging dén samar dhawuhé, wruhé kadudonnipun ingapura yén kaping kalih, utawi kaping tiga, tinnatrappan nalus aywa anennandho disa, dudukanné dén banget dipunna ririh, dén abot walerrira.
  114. Nanging tyassé aywa kongsi lirib maiya éca dipun karasa, dénna ngraos kadudonné, dénné ping kalihipun aywa mélik dunyanning patih, iku apan kagungngan nira Sang Ngaprabu, kang wus pinnaringken nira, nora kenna yén kinnarsakkenna malih, nistha tan kenna ngambah.
  115. Kaping tiga yén mantri papatih, duwé atmaja éstri utama, aywa ta dén karsakaké, balik ingambil sunu, pinnaringken wong juru tamping, mongka atatariman kang ngreksa pakéwuh, yénnana ratu karêppa, mring artanné papatih nayaka mantri, kannassing dalem kitab,
  116. Miwah yénnana mantri ngaturri, ing ratunné mrih mundhut ngaturna, marang dunnyanné mantrinné, dudu wong bongsa luhur, bongsa nadhap pan dadi aji, kang mamarahi ika, mantri bongsa asu, lamun bongsaha manungsa sayektinné wruh  kanisthanning Narpathi, datan kennna i[149]ngambah.
  117. Ing laokil mahpul dén walerri, ratu iku apan nora kenna, yén nistha dén lakokaké, ngalamat rusakkipun myang tedhakké ing wuri-wuri, turun ping kalih nora, kenna dadi ratu, pan ratu abongsa mulya, rohé beda badanné pan méh rohkanni, pagenné laku nistha.
  118. Kitab nasaih sampun winnarni, kang ngingucap artanning punggawa, tuwin artanning mantrinné,  pan kagunganning ratu, kang wus sinnungken-ningngunni, mongka kinnarsakakenna, sanget nisthannipun upamanné wong ngamutah, suker metu nuli dén nuntalla malih, apata nora nistha.
  119. Wonten kaol saking Jeng Musannip Ki Séh Ngatar jronning kitab asral ratu nanggappi artanné, saking kawulanipun anglir mutah dhinnahar malih, tegessé nora kenna, kapungkurring catur, angasorraken darajad iku dudu lalakonné kang para Ji, wajibbé sininninggahan,
  120. Kaping tiga lamun Kyana Patih, ngaturraken anjungjung punika, marang nging konca mantrinné, iku wajib sang ratu, anuturtta padha tumuli, yén Papatih ngaturna, ing mantri anglungsur, rungunnen nanging dén sabar, aywa agé Sang Natha nuli nurutti, angantiya pariksa.
  121. Sarat dumeling alanning mantri, akaryaha mantri panalika, kang setya juru panginté, tinunggal rasannipun wennangngenna tatakén yekti, angaturri prakara, agal gaibbipun wu[150]s kocap i dalem kitab ratu iku maring mantrinné kang becik tan wenang nyingiddenna.
  122. Barang tindak rahsanning nagari, mantri ingkang wruh nistha utama, kang terus sarta ngélmunné, mantri kang becik iku, bisa narik panggawé becik angundakken darajad bia gawé luhur, ing praja kalawan mulya, iya dénné wus micara ing pakarti, misil kalawan duryat,
  123. Mongka gedhong rahsanning Narpathi, mantri utama iku pinongka, mamannissing praja kabéh, sung misra ing praja yu, mannis mardu ngénnakki ati, mring wadya sanagara, titi sabar maklum rêkasa antara mongsa, mongsa kala wéh pakaryanning wadya lit nora lawan rêkasa.
  124. Ngénakken tyassing wadya gung ngalit angatutken ning wadya Sang Natha, kang sasatron lan kancanné, mantri kang mangkonnonéku, bisa tur kang pinnongka jampi, marang wong sanagara, wigya trussing ngélmu, iku gedhong panennerang, barang rahsa ing kaprabon dadi pasthi, dadi bandhanning praja.
  125. Bisa awéh antepping prajurit awéh bobot mring gung punggawa, dénné anrus pituturé, mingkis dadalan ngélmu, trangnging karya wanni ngemassi, kenceng rêmpeg ing tingkah, ing praja mrih luhur, mulyanné kang dadi raja, kuwat saking pambau rêksanning mantri, sarta trussing punggawa.
  126. Wonten ratu rêbat sami pikir, samya raja mrih karya punggawa, miwah karya mantri kabéh, Sang Raja Bahru[151]m Guru, tinnakonnan mring Raja Mardin inggih ta wong punnapa, pinnét kang panuju, nenggih kang pantes dan-dannan Raja Bahrum Guru annahurri aris iya kang nem prakara.
  127. Wajib ngupaya wong nem prakawis supayanné dadiya sampurna, ing praja barang tindakké, kaluhurranning ratu, mulya nikmat ing para aji, kang dhihin arêppan, mantri ingkang alul micara sarta kang kenna, mati rahsa mungguh rasanning Narpathi, bakuh maring ngubaya.
  128. Kaping kalih turongga kang becik rikat sanderré nora bendana, tur cukat becik atinné, darapon kenna iku, maning maring mungsuh lestari, ginnawéya wong bala, satengah prang ngagung, metu maring pasamuan gonné mungsuh norabi gatur lestari, iku kudanning raja.
  129. Kaping tiga curiga kang becik titih akas wesi pipiliyan ampuh ingkang pantes kanggé, misah caruk lan mungsuh, tog-tinnoggan panten tan lirip jronning amangun yuda, curiganning ratu, dénné ta ingkang kaping pat arêp simpen arta mas dipun gedhongngi, saossa prawira dya.
  130. Anggung paparingngan mring wadyéki, darapon sagung padha élingnga, maring nging panggawéhanné, sarinna wengnginnipun anggung saos karya gung ngalit miwah sabusanéng prang, angreksa pakéwuh, ing praja tampingngan miwah, gedhong kebek sakaprabonning ngajurit dénné kang kaping lima.
  131. Arêp simpen bondha kang ngarê[152]mpit sosotya mirah widuri nila, pakajalan sabangsanné, miwah pérud jumerut tuwin inten jumanten adi, dénné kaping nemmika, jro kadhatonnipun arêppana ngulpullenna, wanodyan dah utama ingkang ngawingit kang akéh wong jetmika.
  132. Ingkang nganteng ruruh sedhep mannis annom-mannom dén jero pinnarnah, ing dalem kannan wurinné, nenggih éstri punniku, gegebengngan panggawé becik supayanné Naréndra, birai ing kayun amrih wasana [angrepa, angedohken punniku panggawé runtik alejar alussing tyas,
  133. Alus iku apanna mepekki, panggawé adil lan palamarta, kekembang gung darajaddé, supayanné Sang Prabu, amanggiha tyassing rêspati, pama gandanning sekar, turssing tyasmé arum mongka pupujinning darajad ratu sabar maklum amarêggi bumi, gedhé pamalessing Hyang.
  134. Kaol saking Jeng Imam Bukari, jronning kitab mapaid punnika, para ratu sakathahé, ngupaya adén antuk wong wadon kang jetmika sami, amuwuhi darajat wanodya kang ruruh, wanodya rongéh punnika, angelongngi darajad ing saben ari, wanodyan dah punnika.
  135. Anguripken sakéhing kang mati, anyukakken tyassing raja-raja, awéh ayem jronné, wonten malih  winuwus nenggih ratu nama Ardasih, pitutur ing turusnya, kang umadeg prabu, [153] wajib ratu ngupayaha, wong kang patang prakara lamun wus olih, aja dén buwang-buwang.
  136. Kang rumiyin mantri ingkang ngalim kapindho kang bisa prebanthahar, gedhong kang benner-bennerré, dénné kang kaping telu, dénna manggon mantri bérbudi, prawira wicaksana, kang kaping pattipun setya tuhu prawiréng prang, iku ingkang nampurnakaken pakarti, datan karana siya.
  137. Kocap jro kitab: ahkamulkaki, datan kenna panggih linampahan karaton iku ingerré, wong jail ambibingung, amung wadya ingkang bérbudi, birai ing ngagama, lan wong ahli ngélmu, kalawan mantri élingngan bongsa luhur lan kang ngrata tata krami, lan tuhu i ngupaya.
  138. Yénnantukka iku dadi luwih, pan sajati-jatinning nagara, iku akéh bebecikké, tumindak lawannarum ingkang pana sagung pakarti, lawan kang rada tuwa, sedheng wayahipun lamunna mantri mudha, anyudakken ujwala sabarang kardi, kurang cayaning praja.
  139. Agung coba rêncananning bumi, tangéh dadi manggala kawiryan sring anyandhu darajaddé, lan arêp mantri iku, lahir batin dipun lestari, karana mantri tama, busannaning ratu, lawan ulessing nagara, ing karaton lumaku kalawan kanthi, mantri kang bijaksana.
  140. Yénna becik ulessing nagari, lan busana ing praja karêksa, pakéwuh kang wetu kabéh, nulak bayanning laku, yén wong kurang budi tan ba[154]bakit basa trus iku limpad pambarêpping wahyu, tumindak aran nugraha, basa kakim wicaksana barang kardi, liwat saking nommira.

Pupuh XIV
SINOM

  1. Jro kitab sipatul wijra, punnika winuwus malih, tegessé sipatul wijra, punniku warnanning mantri, limang praka pasthi, ngupayaha ratu-ratu, darapon sampurnaha, enggonné ngingerken bumi, ing karaton amrih rahayunning jagad,
  2. Tinnarima éng Hyang Suksma, réhningréhning kinarya wawakil nyinggahana luputtan aywa ta kongsi amanggih, dudukanning Hyang Widdhi, amriha kanthi panuju, nenggih limang prakara, mantri kang pantes kinnathik ingkang ngawas sregep anggusthi wicara.
  3. Wruh sukur gampangnging tindak awas wekasanning kardi, panjing wetunning prakara, wus ginebag jronning ngati, kendho myang rikatnéki, ing prakara wus cinukup kacap barang ingucap wiwékanné mracayanni, dadi tumbal mantri kang nawung ngutama.
  4. Lan kapindho arêppan, mantri julig kang ngawegig awas barang kira-kira, marêkken ngedohken bakit agal miwah kang rêmpit ing réh tannana kaliru, dén wus ginnawé kasab ginulangnging ngari ratri, kabéh nyata pangréh ingkang bijaksana.
  5. Kaping tiga arêppan, mantri graiténg pakarti, saking kéhing pamicara, mertakken kalawan sidik rahayu nora jail supaya sa[155]gung wadyéku, ambek bapa ambiyang, maring ratunniréki, kang mangkono labetting mantri utama.
  6. Nora dahwén maring arta, nora irén nora jail mring kancané angabdi, nora watek awadul angalakaken konca, sabarang tingkahé asuci, kang mangkonno mantri tutumballing praja.
  7. Kaping lima arêppan, mantri kasab angawruhi, marang tingkahing nagara, solah bawanning Narpathi, barang rahsanning mantri, tuwin ta rahsanning ratu, barang ngobahing jagad dénnebuk lamun kang becik lamun nala ing pangréh énggal binuwang.
  8. Lawan sarat arêppana, mantri kang ngarsa kinnathik Sang Rat angulah praja, warnanné ingkang ngapekik kalawan mannis rai, dén sarta alussing tembung, atinné ingkang sabar, bubudén kang angénnakki, nora montra karya sakking sama-sama.
  9. Apik sarta palimarma, yénna muwus dénnanteppi, kang panggah mawi prakara, labuhan nrus maring ngélmi, prawira ing ngajurit ing ngagama bérbudya gung, ngadohaken wacana, ing cipta kang tanpa kardi, kanel ati watak sidik ing panyipta.
  10. Yénnana mengkonno sarat yén niku mati ngajurit Sang Ratu angiringngenna, pametakké maring bumi, sarta punggawa mantri, samya ngringna mring kubur, kabéh annyur tannaha, nelung dinna pitung ngari, sabanjurré si[156]dekah samya tumutta.
  11.  Muwuhi kuwungnging praja, mantri bér alussing budi, lan sarat mantri pinnedhak sayekti namanning mantri, kang panten dénnira ngling, mennengnga yénnora patut pannana gegebengngan samuhan pamicaréki, ing ngarungngan ana pantes ana ora.
  12. Ing nalika para yogya, ingucap pakenning mantri, ngabya dur kang ngana ora, pantes ingucapkken mantri, mantri-mantri sayekti, dénnawas ros-rossing ngujur, yén malang dén kawang-wang, seling sambutting pakarti, yén wus mujur tan kenna ginnawé malang.
  13. Yén nana ingkang kinnarsan mring ratu ginnawé becik mantri sadu arêppana, angira-ngira pakarti, pakéwuh dén-nangenting, endi luwihing biyantu, lirringngen kang waspada, niaya apuranéki, angin toya ondhé-ondhé lan upama.
  14. Burhannen karsanning raja, suda undhakking prakawis sawangngen obahing praja, iku kang dadi uwit titikkan dipun kenni, ing pangréh karsanning ratu, sawangngen kang lumakya, apa kéh kinna sengitti, apa akéh kinna tujonning ngakathak.
  15. Timbangngen kéhé awong suka, lan ningkang nemu prihatin lamunna kathan wong suka, piala sinningkir pasthi, lamun akéh wong sengngit piala dénnambah iku, rêksannen dipun énggal pitutur sarta lan ngélmi, adhangngana piyalanné dén buwangnga.
  16. Kekembang nisthanning praja, nistha pantes dén singgahi, nistha kakembangnging rusak mantri nistha ing pa[157]karti, sayekti amuwuhi, cowongnging nagara sebut becik kalawan ala, solah bawa kang pinanggih, énggal nuli ngaturna pitutur mulya.
  17. Aywa jrih lamun dinukan dupéh kinnarsan déraji, réhning bau rêkséng kathah, dén panggah atalang pati, sasat anglawan néblis sanadyan  karsanning ratu, lamun pakarti nistha, iku tinuntunning  ngéblis singgahenna éblissé dipun utama.
  18. Annyegah ing kasalahan mantri utama aywa jrih, dadi mamannissing iman sesepuhing ngélmu gaib anrang marganning pathi, yéku mantri bongsa luhur, nadyan bangsanning andhap iku tondha amiwitti, saturassé yekti mangun kaluhurran,
  19. Yogyanning mantri priwira, alon alus tanpa kibir, riyanné tan katempéllan saha tumindak norraki, tumitah lawan nadil anulak piala bakuh, alussing pamicara, manissing ngulat kinnardi, dadi adon andingkik padhangnging cipta.
  20. Watekké wicara keras sumukking pamungcap bingngis gelis nagékaken napas sétanné nuli kikindhil pangucap alus mannis nora tangi napassipun ayemming pamicara, sétanné lumayu ngendhir, pan wus kocap wong sabar ngunjara sétan,
  21. Dénnaling mantri utama, mring pakéwuhing nagari, suker gampangnging Naréndra, miwah mrih sukanning ngalit énakk wong [158] sabumi, mantri tama karyannipun lirring mantri prawira, upama mendhung néng langit dadi udan annibanni tatandurran,
  22. Kang minongka tutuwuhan iya manusa sabumi, yén nanggung katiban udan wit seger uwohé dadi, wus pratéla sayekti, ing kinna duk ratu agung, ing nagari Madiyan Sang Prabu Nusirwan ngadil bawa rasa lan raja punggawannira.
  23. Prabu Nusirwan ngandika, éh yunnan pratingkah yekti, yén praja iku sepiya, saking mantri kang bérbudi, wignya pamicaréki, amung mantri kéh balilu, kaprabonning karajan milu kumprung tanpa kardi, nora wurung nagri ana kang ambawah.
  24. Wurungnga dadi boyongngan pasthi asok bulu bekti, dadi ratu siya-siya, nembah sasamanning ngaji, saing tiwas kang ngapit punggawanné padha kumprung, kumpra mantrinné samya, wong cilik akéh prihatin prabawanné praja tannana dandannan,
  25. Nagara kéh mantri kumpra, upama tandurran aking, lawas nora kajawahan godhong rug uwohé kedhik yén akéh mantri becik taru krep katiban jawuh, oyot mannak kumannak pang kathah woh pasthi dadi, iya iku purwa arjanning nagara.
  26. Kang sinnebut ratu éndah, asugih mantri bérbebudi, trussing ngélmu bijaksana, luhur karatonné pasthi, sang yunnan awotsari, kasinggihan sang ngaulun ta[159]wonten ingkang lepat Sang Prabu ngandika malih, caritakna asor ungguling nagara.
  27. Nistha utamanning praja, gemah rusakking nagari, endi ingkang dadi sabab, patih yunnan matur aris pinten tuwan karsanni, réh nistha miwah mulyéku, Sri Maha ngadil Nusirwan iya kang telung prakara, lah payo ucapna dhingin Sri Yunnan matur tur sembah, yén ratu annedya adil sampun nedya ngilonni, sentana kramannira dur, miwah mantri punggawa, yén luput wus mindakanni, dipun énggal trappenna ing pamisaya.
  28. Aywa ngugung wong dursila, buwangngen jabanning tamping, pinnarnah sinungngan arta, dimén ambubak wanadri, lamun dursila malih, pinnatén dipunna gupuh, lawan sabarang karya, obah osikking nagari, aja dadi lawan bodonné punnika.
  29. Balik praja tumidakka, lan bijaksana bérbudi, punnika kaping kalihnya, dénné kaping tiga nenggih, sagung ratu mrih adil sampun angatahken bendu, dén réréh dén pariksa, bok wong ngala ngaku becik lawan mandheg manguwa panggawé ala.
  30. Sri Maha Prabu Nurirwan angandika rum mring patih, éh Yunnan payo ucapna, ingkang saprakara malih, Yunnan umaturra ris sayekti-yektining rathu, dénnanggung annalongsa, réhning kalipah ing bumi, aywa cipta lamun sugih kabecikkan,
  31. Angrasaha [160] kaluputtan prayitna barang pakarti, angénnakénna sarira, réhning kalipattullahi, salah wong ngrasa becik ginnantungan lan bebendu, lamun angrasa slah, nanging panggawénné becik ginnantungngan wong ngiku lawan ganjaran,
  32. Ngandika malih Naréndra, payo saprakara malih, Yunnan endi ucapenna, Patih Yunnan matur aris mungguh kang para aji, gegebengnganné dén émut siyasat lan ngilalah, kukumah ansap punniki, sampun kénging owah ing kawan prakara.
  33. Yén wonten bala kang katrap saukummé annibanni, lan Ansap punniku warna, dosanné kan  bilik-bilik lamun dosanné cilik aja gungsiyasattipun yén dosa gedhé ika, siyasatté aywa cilik nadyan putra sentana aja binnéda.
  34. Jér putra sentana garwa, punnika boten jakawi, ing sorring karaton tuwan tan wonten esap kang miji, dhateng Alah pribadi, punnika lepatting kukum yén tuwan nganggallenna, ing putra awrat doséki, pan pinnecat ilang kaluhurran tuwan,
  35. Myang santana mawi dosa, yénnagung ginnawé cilik punniku ambucal ansap tan kenna yén dén ping kalih, tanpa damel narpathi, amopo ing karyannipun luhung inggih nganggurra, prandénné dadi narpathi, nanggung dosa cinnirén tiwassing karya.
  36. Angguguk Sri Maha Raja, gujengngé Nusirwan ngadil énnak temen i[161]ku Yunnan lamun wong dadi narpathi, iya nora kasahit dénné kalong-longngan kukum benner angngur nganggurra, dosaha dosa wong cilik nora kenna dosanné wong dadi raja.
  37. Yén mengkonnp iku Yunnan ingsun ingkang anglakonni, mugita kinuwattenna, supaya ing wuri-wuri, sagung para narpathi, kang kaduhi sarta wahyu, sayektinné kuwawa, tulada panggawé kang becik kang tan sinung ing wahyu nora kaduha.
  38. Ngandika malih Naréndra, Sri Maha Nusirwan Ngadil utama endi bubuka, ing keras lawan kang ririh, Patih Yunnan wotsari, utama kang sabar maklum santosa ing  kukumah, nging sampunya barri ngadil sannés tindak santosa lawan sagara.
  39. Milamba matur punnika, Jeng Nabi Musa rumiyin mila katenannan ayat madeg Prabu Banni Srail saking keras tan sipi, gedhag-gedhik watekkipun pan boten talaténnan budi ririh ringngak-ringngik kang punnika nunten katurunnan ayat,
  40. Pakulu lahu kaolan layinna tegessé nenggih, pangandikanning Hyang Suksma, éh Musa harus siréki, padha élingna ugi, Si Pingngon lan basa alus kang lemes ing wacana, tembung ririh ulat mannis utamanné sabar uger-uger ayat,
  41. Yata malih angandika, Sri Maha Nusirwan Ngadil éh Yunnan payo tuturra, kalakuwan kang [162] ngabecik ratu kang dhingin-dhingngin kang utama kang wus luhur, tur sembah Patih Yunnan kang luhur para narpathi, émut marang karyanné datan pépéka.
  42. Asabar sarta santosa, dédé lan sagara néki, utama ngalap upama, ondhé-ondhé kang rumiyin gemah rusakking nagri, awit ing punggawannipun yén punggawa dhadhangkan nora sabiyantu ngudi, datan wandé  karusakkan ing praja.
  43. Yén tannanaha dhadhangkan punggawa satriya mantri, impeg sabiyantu barang, obah-osikking nagari, iku arja prajéki lawan pangwasanning ratu, tannana panasténnan tannana cengngil-cinengngil pan salamet samantri punggawannira.
  44. Yata malih angandika, Sri Maha Nusirwan Ngadil éh Yunnan pirang prakara, kabecikkan maring dasih, Patih Yunnan wotsari, kawan prakawis pukulun ngadil ingkang kapisan Ansap ingkang kaping kalih, dénné ingkang kaping tiganné welassan,
  45. Dénné ta kaping sakawan  sarat inggih ambendonni, marang kang sungkanning karya, barang pakaryanniréki, yata ngandika malih, Sri Ngadil Nusirwan Prabu, benner payo banurna, kojah panggawé kang becik ingkang dadi sarat arjanning nagara.
  46. Miwah ingkang dadi sabab karusakkanning nagari, Patih Yunnan matur nembah, sampun kathah anyakitti, balik agungna asring, turassé wong bongsa luhur, lamun wong [163] bongsa andhap nanging prayoga kinnanthi, dén pratéla lamunna ngula wisudha.
  47. Yén ana katingngallan kaprawirannéki, punjul ing sasama-sama, jinunung tan anglingsemmi, yén durung anglabetti, gunna kaprawirannipun upama jinunjungnga, yektinné kocapping bumi, makandarah anjunjung durung prayoga.
  48. Lan sampun agawé lurah, punggawa mantri kang jail opénna sring ngrasnni, luputté réwangngannipun néng ngarsanning Naréndra, punniku jembarring bumi, sasat ngingu racun lan upas baruwang.
  49. Lan aja wong nganniaya, pinnarêkaken narpathi, aja wong barurut dunnya, lan wong ngrusak nagaréki kadya papatih néki, Raja Kistasab rumuhun kalakuwanné ala, Sang Prabu Nusirwan Ngadil angandika éh apatih kadi ngapa.
  50. Patihé Raha Kistasab para kaluwannéki, Patih Yunnan matur nembah, wonten Naréndra linuwih , agung karatonnéki, prawira kamulyannipun arja ingkang nagara, Sang Natha nyukakken dasih, martanning tyas wus kasubbing bumintara.
  51. Papatihipun pralinna, wadya kistasab amilih, mantri satunggil kinnarya, ingkang jinennengken patih, Rastarosan naméki, ing ngandel dénning Sang Prabu, bang-bang lum-malum kasrah, éca tyassé wong nagari, dénné nama Kyana [164] Patih Rastarosan,
  52. Yén mungguhing basa ajam Rastarosan tegesnéki, apan benner ingkang nyata, mila samya éca tyasnéki, mongsa bisaha gingsir, kalawan tanamannipun pan wus adatting nama, nora na kang dén gingsirri, nama ala wong kunna tingkahé ala.
  53. Yén nama  becik wong kunna, sayekti tingkahé becik mila wadyanné Sang Natha, pra samya suka ing galih , Rastarosan punniki, benner nyata tegessipun mangkana Kyana Patya, mangun padalemannéki, panedyanné ngluwihi kang kunna-kunna.
  54. Akarya babata warna, umatur marang narpathi, marang gedhong pasamunnan aturré Rêkyana Patih, kawula nuhun idin amrih ajriha pukulun abdi dalem sadaya, punggawa nayaka mantri, tuwin sagung para Dipathi amonca.
  55. Darapon inggih ajriha,  ing kawula anglampahi, sagungnging pakaryan tuwan kawula ajrihné kedhik Sang Natha anurutti, Kya Patih saha turripun mongsa nedyaha ala, pangrasanné Sang Narpathi, prasténg jaba angundhangngi pra Dipatya.
  56. Monca nagara sadaya, miwah sagung para mantri, Kyana Patih Rastarosan mojarring para dipathi, padha nulakka sami, ing duduka Sang Ngaji, milannipun kabéh sami bebektiya.
  57. Réhning kinnarya dipatya, sinung kamuktén wus lami, punnapi kang [165] dén walesna, ageng sihé Sri Bupathi, matur sandika sami, lajeng prasamya angutus amundhut guru daya, pénni-pénni raja pénni, wus katampan sadaya mring Kiyapatya.
  58. Mashurring manca nagara, myang nagari kanan kéri, lamun Sang Prabu Kistasab lalabuhanné asalin mangké ngannyar-rannyarri, teka amrih atur-ratur, marang pungawannira, dadya ratu kannan kéring, samya narka yén wus éndhéng bobottira.
  59. Rêmpeg siyaga ngayuda, apan sami angluruggi, nagrinné Raja Kistab kinnepung ngarsa dénnambil kagyat Sri Narapathi, dénné atamiyan mungsuh, endi kang dadi sabab ambedhah gedhong Sang Ngaji, wus ginanjar sagung mantri hulubalang.
  60. Warata sagung prawira, kang badhé nadhahi jurit Kyana Patih Rastarosan putussana mawi tulis mring wong manca nagari, sagung juru tampingngipun kinnerig asiyaga, annadhahi mungsuh prapti, pan sawiji tannana Bupathi prapta.
  61. Sambat apanggawé prapta, jer wis pinundhuttan bekti, apa gawé ajurit wus kenna babektén iku, apa prang siya-siya, kenna réyal imbuh pati, réyal iku kabéh dénné duwa parang.
  62. Mangkana Prabu Kistasab kagagas lingsemming malih, dénné tan angrasa salah, teka ana mungsuh prapti, mijil Sri Narapathi, saking kadha[166]ton annamur, datannana mawi bala, llédhang amung pribadi, wus kalunta kawetu jabanning praja.
  63. Ana wong anitih kuda, wruh ratunné namur nyilib wong siji medhun sakala, angiring maring narpathi, dadya mung wong kakalih, prapténg tegal duk andulu, gubug ageng ing tengah, pagagan tur dén pagerri, Sri Bupathi sayah mampir ing pagagan,
  64. Duk manjing gubug Sang Natha, ningali asu kakalih, rinnanté pinggirring lawang, kang darbé gubug udanni, tamu dén ancaranni, wus lenggah kang darbé gubug ngundhuh timun semongka, negor tebu dén oncékki, sinnaosken kiyai daweg kasattan,
  65. Prabu Kistasab ngandika, nora sun pangan punniki, kabéh pasugatannira, yén nora sira tuturri, dosanné asukalih, pagenné padha ginnantung, rinnanté pinggir lawang, yén uwis sira tuturri, iya nuli sun pangan susuguhira.
  66. Kang darbé gubug turrira, dosanné asu kakalih, kula kén angreksa dumba, kacang sacempénné sami, wedhus wiwinih sami, akathah babarnakkipun kang dados upa jiwa, annipkahi annak rabi, salaminné wetah tannana kalongngan,
  67. Dupi alami kiyannat pitnah mring rarêksannéki, cacempé kathah kang ngilang, saben dinten kalih-kalih, kula boten kadugi, cempé kalong sabén ésuk asu kalih punnika, kang rumeksa [167] sabennari, nunten kula intip solahépun sona.
  68. Yén kala angonning ménda, wonten buron loro prapti, garga namanné punnika, sajodho mamongsa sami, pun asu anningalli, éca-éca boten jugug malah aprasannakkan guguyon lan garga sami, sahantukké bekta cempé siji sowang.
  69. Dupi mangké wus pratéla, tékaddé asu kakalih, nunten kawula cengkalak kawula gantung néng kori, mésem Sri Narapathi, anulya adhahar timun salak miwah samongka, Sri Bupathi ngandika ris ya pagénné nora kopaténni pisan,
  70. Kang darbé gubug turrira, wus kathah karyanné ngunni, mila linnaran kéwala, boten kawula pejahi, bénjing yén boten mari, punnika sedheng linnampus sigra kondur Naréndra, sarwi ngartikéng jro galih, wedhus iki kaya upamanné bala.
  71. Asu kang loro punnika, kaya upama Si Patih, kang ingsun kon rumeksaha, ala becikking nagari, mengko tiwas punniki, dénné katekanning mungsuh, apa kang dadi sabab ingsun pracaya Si Patih, baya-baya Si Patih polahé ala.
  72. Pan jenengngingsun Naréndra, wus kasebut angluwihi, saking kamurahanning wang, lawan kasabarran mami, myang kaprawiran mami, kaonningnging para ratu, mengko kaparéng tiwas ana wanni maring mami, baya kadi si asu  lan wedhus dumba.
  73. Prapténg [168] pura Sri Naréndra, nimballi mantri sinnelir, sakawan kinnén mariksa, mring sagung monca nagari, apa mulanné sami, kang pra Dipathi tan magut dénné ta mungguh prapta, kongsi ngambah praja mami, wus lumampah duta mantri kang cundaka.
  74. Praptanné monca nagara, sagungnging kang pra dipathi, aturré kawratting serat pakaryannéki ya Patih, anggung amumundhutti, babekténning saben taun lawan nasring angemban dudukanné Sri Bupathi, pundhuttanné awat kinnarya panulak,
  75. Wus karat sajronning serat kang saking monca nagari, mantri sadu kang nyundaka, wus katur marang Narpathi, ngungun ngandika aris duk nupiksa serat sagung, tan lidok ujarring wang, dénné teka angebleggi, kaya asu kalawan si wedhus dumba.
  76. Sang Natha mijilling jaba, annyekel marang Ki Patih, Rastarosan cinnengkalak pinnenthang lawang sademi, lan serat mas pinnatik kayu pinggir lurung-lurung, kalawan ingundhangngan lamun pakaryanning patih, kang dursila dudu karsanning Sang Natha.
  77. Misuwur undhang Sang Natha, miwah wong monca nagari, sadaya sampun miyarsa, Ki Patih dén bilaénni, lawang sakéthéng jawi, pinnenthang pangénnipun sadaya wus graita, sagung wong manca nagari, yén ratunné tannowah kamulyannira.
  78. Tetep Ki Patih sadaya, panggawé owah  punniki, pratondha wus cinengkalak pinnenthang sakéthéng  jawi, da[169]dya sagung Bupathi, sannéga amagut mungsuh, ngamuk samya mbek pejah, arsa males sihing Gusti, mungsuh dhadhal bubar barissé loroddan,
  79. Angguguk dénnya miyarsa, Sri Maha Nusirwan Ngadil ing kojahé Patih Yunnan nora kaya iku Patih, tétéla  lamun luwih, Raja Kistasab punniku, pangartinné kabuka, annéng gubug anningalli, asu roro ginantung anéng ing lawang.
  80. Tulus kannyatahannira, Prabu Kistasab sayekti, tur sembah Kya Patih Yunnan mila sagungnging Narpathi, sampun supé ing tamsil ondhé-ondhé kang rumuhun sagungnging raja-raja, titika kang anneteppi, supayanné aywa lali ing pratingkah.
  81. Kang becik kalawan ala, tartamtu sawiji-wiji, yén boten  sami ngebukka, satemah miraga budi, lirring miraga nenggih, para wali pandhita gung, tan kenna katémpellan saking pangipukking ngblis yén wong jamak tan wun katénpéllan sétan,
  82. Laku pakaryanning praja, aja ucul saking tamsil empanné nistha utama, kaluhurranning Narpathi, sayekti lawan tamsil pan tegessé ajar ruhun tulad ing kunna-kunna, Sri Maha Nusirwan Ngadil atatannya malih mring Kya Patih Yunnan,
  83. Éh apatih kaya ngapa, mungguh katartanton yekti, tata titikanning praja, Kyana Patih awotsari, jennengnging wong ngaurip lalabettan kang [170] tinnemu, ing mangsanné wus pejah, labet becik kocap becik labet ala kang kaocap inggih ala.
  84. Ingkang sinnebutting nama, pratingkahing ngunni-ngunni, apan kathah para raja, ingkang ngala ngabecik kang tinninggal yén mati, amung lalabettannipun ing kinna wonten raja, nama Prabu Amardasir, sasolahé kang ngabdi sajronning praja.
  85. Apan sami kaunningngan solahé sajronning wengi, yén punggawa tinimballan praptanné ngarsannira Ji, ngandika angésemmi, sira ta ing wau dalu, wayah pukul sadasa, sira mangan puwan roti, apan sarwi duduka ing rabinnira.
  86. Lan malih ana tinnarka, sira ta ing mau bengngi, anuronni selirrira, ing jungut ing pukul kalih, barang solahing dasih, yén tinnarka nora luput nengguh nyata sadaya, mangkana kang pra dipathi, parêmbaggan apa wadinné Sang Natha.
  87. Satengah bupathi mojar, Sri Bupathi ngingu ejim kang ingutus amét kabar, anginjen wisméng dipathi, sawennéh annahurri, nora mengkonno Sang Prabu, angadhuh ngélmu kasap tegessé pambuka warti, Kyana Patih ngaturri ing raja [utra.
  88. Kang nama Radén Iskandar, putranné Prabu  Mardasir, ingaturran mring jro pura, prapta ngarsanning raméki, lawan Rêkyana Patih, Prabu Amardasir muwus anaha karsannira, iya Patih kang nahurri, atur sembah umatur marang Naréndra.
  89. Pukulun putra [171] paduka, punnika tuwan paringngi, ngélmi kang kadi punnika, wruh solahing bala wengi, Sang Prabu amardasir, ngandika kasru gujengngipun éh suténgsun Iskandar, apa dénné sira Patih, ngélmu iku apan nora nganggo japa.
  90. Éh sutanningsun Iskandar, duk ingsun madeg narpathi, pan gurunningsun Pandhitha, ingkang memekassing yekti, wong dadi Narapathi, aja kalong-longngan kukum adil aja kalongngan dén pethel kasabbiréki, kasab iku éling pangawéyannira.
  91. Panggawéyanné Naréndra, dén éling kinnarya wakil ciptannen kaya amangan aja pépéka ing kardi, karyanné kang para Ji, pariksa adil lan kukum mariksanni ing bala, mrih basuki wong sabumi, lawan aja agoroh maring rahinna.
  92. Kapindhonné iya aja, angorohi maring wengi, apan nana dhunning ngayat pangandikanning Hyang Widhi, ya takmur bil ngadilli, lawan bilkasanni iku, wapinnahari ika, iya lawan pillaéli, tegessipun : pangandikanning Hyang Suksma.
  93. Éh ratu padha gawéya, pikukuh lawan adil sarta lawan kabecikkan sajronning rinna lan wengngi, yén nora anglakonni, adil kabecikkan iku, wengngi kalawan rinna, iku bésuk dadi seksi, milannipun prayitna nora pépéka.
  94. Wewekassé gurunning wang, dén pengel karyéng Narpathi, nora pépéka sadinna nora ka[172]long-longngan adil karêksa kukum néki, amriha kandel siréku, endi kandelling raja, yén ngélmu karaton uwis pinnaringken babo marang jennengngira.
  95. Tandhanné yén pinaringngan ing ngélmu karaton ugi, miwah sidik ing pangucap nyata sapanerkanéki, nora kenna kasilib sabarang pannarkannipun éh suténgsun Iskandar, yén wus kandel ing Hyang Widhi, pasthi lamun pinnaring ngélmu karatyan,
  96. Obah osikking kawula, ing rahinna lawan wengngi, ratu nora kikilappan solah sanagaréng wengngi, jronning kan dén ratonni, sanagara pan kadulu, putraningsun Iskandar, botté wong dadi narpathi, nora kenna pépéka saparon dinna.
  97. Nuli sétan jajarannan kang tumempel maring dasih, angojok-ojok niyaya, matu saking turring mantri, anniyaya sayekti, lamun mantri sok wadul épéh barang prakara, iku sétan kang népélli, dén kawang-wang ling-lingngen lan adillira.
  98. Wonten ratu raja Kabad pinujul karatonnéki, punnika abawa rasa lan Sultan Iman Basari, Raja Kabad tur néki, pinten ta prakarannipun kang angrusak nagara, ngilangken karaton adi, ing kararton  kang temah papa duraka.
  99. Alon wijilling ngandika, Jeng Sultan Imam Basari, yayi Prabu nem prakara, dénné ta ingkang rumiyin anggunggung sari[173]réki, sugih lan pangwasannipun ananging dalem dunnya, lan anggampangken pati, mring kawula tanpa dosa wutahing rah.
  100. Lawan kapindhonné ika, yén karya mantri papatih, wong datanpa ngélmu ika, sanadya bisaha ngélmi,lamun durung angaji, marang pandhitha gung ngagung, dénné kang kaping tiga, asrah pakartinning nagri, marang kang wong balilu kurang wicara.
  101. Lawan ta kaping sakawan anyu-nyuwé ing prakawis barang prakaréng nagara, pépéka nora tumuli, angantak kantak lami, dénné kaping limannipun nora nurutti ika, panjalukké wong prihatin kang kaping nem nagara kéh getih wutah.
  102. Wutahé durung sayogya, dudu wong kang dosa pati, sayekti jagaddé rêka, nora kenna dén tambanni, Raja Kabad tur bekti, kasinggihan kang punniku, wau pamirsannira, Sri Maha Nusirwan Ngadil langkung suka ing kojahé Patih Yunnan,
  103. Matur malih Patih Yunnan nenggih wajibbing narpathi, arsa inggih anglampahana, panggawé ingkang pinuji, anggung maés-maéssi, marangnging sarirannipun lan aja ngambah ika, panggawé kang dén sengitti, maring bala amriha ruruh ing ngucap.
  104. Karana wajibbing raja, sedheppa amrih prak ati, mannis ulat saben dinna, aywa ta bengis angincih, susukerring narpathi, angedohaken bebendu, lungset nagarannira, aclum kumuwungnging bumi, ratu iku kaya ku[174]mara musthika.
  105. Lamunné dadi musthika, mulanné dadi musthika, luluwihanning jasmanni, abongsa roh sayektinya, mulanné cahyanné becik milanné kang jasmanni, tanpa cahya sabab nepsu, gugubras lan luamah, tegessé cahya punniki, ingkang adoh saking enggonning luamah.
  106. Dén kerêp tur panalongsa, mring kang karya bumi langit subkanaka hutangala, Astagpirrullaha ngalamin punniku aywa lali, panalongsa tegessipun angesorraken ongga, pakolih maring Hyang Widdhi, lawan walakaola walakuwatta.
  107. Punniku dén kerêp maca, ing rahinna miwah wengngi, angrasa lamun tiwas dennira kinnarya wakil dadi suka sayekti, kang nuduh karya  tutulung, yénnagung parmanning Hyang, sira dadi ratu luwih, ginnampangken sagungnging susukerrira.
  108. Matur malih Patih Yunnan wonten dalil kang sayekti, kanggé ratu kina-kina, pinnongka tampil para Ji, makaten dhawuh néki, pan Alahu yugayiru, mabika omikatta, yugayiru pan wamabi, Anpusihim tegessé lapal punnika.
  109. Satuhunné Allah uga, nenggih datan angowahi, ingkang pinnacak Naréndra, angréh ing ptajanniréki, balik kang angowahi, lan awake dhéwé iku, pangandika kang ala, ing ratu kang angowahi, ing prakara wit saking atur wong ala.
  110. Endi tegessé wong ala, mantri kang wadul mrih becik [175] awake: alanning liyan tinuturraken Sang Ngaji, pannastén awor drengki, pati opén niayéku, iku mantri niyaya, punniku jemberring bumi, pasthi lamun angowah owahken jagad,
  111. Panggawé kang luwih ala, ingkang angrusak praja di, yén nana mantri ginnarap umatur ngojok-kojokki, amrih aprang merangngi, padha Islam mungsuhipun liyanné kapir mengsah, kapirré wong datan kenni, kang mengkonno mantri abongsa drubiksa.
  112. Karana panggawé aprang, yén uga kenna pinnikir, tennebas kalawan arta, aywa kongsi dadi jurit mannawa ngrusak bumi, panggawé abot punniku, karan jronning ngaprang, séjé lakunning pakardi, lan tan aprang béda wajibbing Naréndra.
  113. Amatnni tanpa dosa, ratu sajronning jurit nora dadi ngrusak praja nadyan dudu dosa pati, endi tegesnéki, tan dosa pati linampus wewennangnging Naréndra, kaya wong lumayu jurit lan amisah jronning ngaprang lan Sang Natha.
  114. Iku wennang pinnaténnan tur dudu wong dosa pati, karana iku duraka, wong ngucira ing  ngajurit tanpa tékad yén mati, ambuwang takdir punniku, ginnéndéng maring sétan mila kinnén amaténni, sasat kéwan tanpa ngélmu lumayu prang.
  115. Nanging ana kang kang winnennang, yén ratu lumayu jurit anglawan padha naréndra, nanging yén balanné kedhik mengsah samya [176] Naréndra, kuciwa kalanné agung, pannora dadi cacad lumayu balanné kedhik yén mopoha dadi aprang siya-siya.
  116. Wajibbing ratu ayuda, rong prakara aywa gingsir, kang dhingin aywa angléla, kinubengnga munggéng wuri, aywa nuli ngawakki, nyekel gagaman prang pupuh, lan wajib paparéntah, amatah kang mengsah jurit bupatinné sawang sawung bobotting prang.
  117. Aywa duméh sok waniya, yén kari kéh wadyanéki, lamun karobban tandhing, tumpessing bala punniku, ratu kang nemu dosa, duraka nanggung papati, sabobotté angangsahaken punggawa.
  118. Lan arêp mangun ardaya, ratu sajronning ngajurit ngenningken tingal wisésa, mungguh ingkang Maha Sukci, aja susah ing galih, sabab agung wadyannipun aja suka ing mannah, sabab prajuritté kedhik mung nglindhungnga baé karsanning Hyang  Suksma.
  119. Karan panggawé aprang, susah kang para musannip duduka lawan ihtiyar, kalah mennangnging jurit wus takdirring Hyang Widdhi, kang agawe asor unggul bubuhanning kawula, ratu kang jenneng jurit mung rahayu kalah mennang aywa rusak,
  120. Kalawan dipun rayatta, satengngahé manngun jurit sagungnging wadya paperang, aywa susah dénning bukti, katempuh ing Narpathi, yén prajurit lupa lesu, dén nangsahaken aprang, ratunné duraka [177] pasthi lah dén bisa amét tyassing wadya-wadya.
  121. Wajibbing ratu mangun prang, angénnakki tyassing dasih, dén wanni ambuwang arta, pannebussing lara pati, utamanning ngajurit yén mennang aja amburu, yén annyandhak ing mengsah, ing raja aja maténni, saduwérakka kang kacandhak paringngenna.
  122. Aja maténni kong konnan liwan nisthanning Narpathi, balik ganjarên dén kathah, utamanné kang para Ji, kongkonnén dén becikki, ginnanjarra dipun kaduk karana panggawé prang, gagedhé pakéwuh nenggih, nora kenna para ratu anggampangna.
  123. Wonten kaol kang satengah, mutamad para musannip yén ratu sinambat aprang, aja ngawakki pribadi, wajib akarya wakil pandhitha lulkikmat muwus, yén nyekel uler sira, wajib anganggo ling-aling, iya aywa lawan astannira dhawak,
  124. Wonten ratu dadi kojah, Jeng Sultan Kasruwar Wiji, dibya ring kang paramarta, prawira wasis ing jurit, Sultan Kasruwar Wiji, nalika ta miyat mungsuh, pinukul prajannira, marang Raja Bahram Jobin léngsér saking kitha tannarsa anglawan,
  125. Punggawa samya turrira, mila paduka léngsérri, kawula déréng sasambat sagungnging konca bupathi, miwah mantri prajurit sadaya pan misih wutuh, owel yén tan kabenna, arsa males sihing Gusti, déréng ulap nadyan wuwuha kang mengsah.
  126. Alon dénni[178]ra ngandika, Jeng Sultan Kasrupar Wiji, éh sagung punggawanniwang, sun tarima sira sami, setyannira mring mami, marmanné nora sun pagut karana panggawé prang, iku gegebengngan mami, wus sun embat yén ningsun ora kabangkat,
  127. Tiwas rusak balanningwang, kang kenna duraka mami, gawé aprang siya-siya, satemenné mungsuh iki, Sang Prabu Bahram Jobin mentas pinnaring punniku, Istijrat kaluhurran yén ningsun magut ta jurit dadi ingsun mungkir karsanning Hyang Suksma.
  128. Ingsun nora antuk cacad mundur prang lan raja iki, dénning sun karobban bala, lan iku kang ingsun kéring, mungguh tingalling batin nora kalah maring ingsun bésuk sapungkur ingwang, karsanning Kang Maha Sukci, sinung tandhing satriya wewetong Ngarab,
  129. Ing mengko pan nora kenna, yén ningsun lawan ajurit sasengkerranning Pangéran ing bésuk sinungngan tandhing, dadya sagung prajurit sadaya menneng tumungkul suka dennya moyarsa, Sang Prabu Nusirwan Ngadil angandika marang Kyana Patih Yunnan,
  130. Angguguk sarwi ngandika, tegessékang para Aji, wajib uga yén amriha, sisidik ing tingal batin aja amuta tuli, sasolahé rêmak rêmpu, nora angemban jagad lan nora rumekséng dasih, atur sembah mastuti Kyana Patih Yunnan,\
  131. Langkung saking kawajibban ratu amrih tingal batin wong cilik darmi lumampah, ratunné kang ngundha [179] génni, kawon mennangnging jurit batin bubuhanning ratu, yén bala karusakkan witting prang kurangngan budi, apan ratu kang nanggung dosanning kathah.
  132. Wajib kang wus cinnarita, yén ratu mrannata bumi, apanning satus prakara, kalawan punjul satunggil pipirattan kang siji, iku bubuhanning ratu, dénning satus prakara, bubuhanning wong bérbudi, pra punggawa bérngélmu ulah wicara.
  133. Bubuhanning para raja, saprakara kang piningngit pang mung ngadegganning ngaprang,kang mungguhing tingal batin amung ratu pribadi, dénné masalahing laku, amrih rumekséng bala, ing papan enggonné baris lan prayoga anggitik ginnitikking prang.
  134. Amrih luhurring ngayuda, ingmarga angsah ing baris iku bubuhan punggawa, tegessé prabutaméki, aywa ngangsahken  dasih, yén badhé unggulling jurit tindakkenna lakunné prajurittira.
  135. Punggawa kang amrayoga, metu kannan metu kéri, lakunning dhadhalan sirah, miwah ingkang angawatti, manggala miwah wuri, buntut kalawan papatuk srehenna ing punggawa.
  136. Éwa mangkana punggawa, ana kadhang kawignyéki, ana bisa gawé suka, angilangngaken prihatin sajronning aprang sami, amamanning tyassing wadu, sawennéh ana ingkang, bisa amrih sorring titih, [180] kapessanning mungsuh rusuhé barisnya.
  137. Ana pamurukking tingkah, lekassing mengsah ajurit ana tutulung wicara, solahé wong mati jurit ana mannéh nulungngi, lan arta busannanipun akéh lirring punggawa, salebetté sawiji-wiji, pan rumagang punggawa pakaryanning prang.
  138. Pan wus kocap jronning kitab upama mantri kang becik iku kang minongka awak ratu minongka nyawéki, yén rusak badannéki, nyawanné pan kari mabur, yén awak tanpa nyawa, pasthi nora nana jisim nora nana jumenneng yén tanpa nyawa.
  139. Alon dénnya angandika, Sang Prabu Nusirwan Ngadil payo malih atuturra, ratu ingkang ngadil-ladil Patih Yunnan wotsari, wonten ratu pinnisepuh, saking sakéhing raja, ing Ngajam kang mituwanni, abibisik Maharaja Bahrun Kasan,
  140. Pinnardikéng lokking jonna, Sang Prabu Bahrun Kasanni, Ki Mubakdaki Mubakdan nama pangulunné réki, saben-saben benenerri, ing panangkillan  Sang Prabu, sasaman lang sang natha, lenggah ing kannannira Ji, punggawa kang mradata kéri Naréndra.
  141. Ya apan sinung antara, sanagara gedhé cilik yén nana gugat-ginugad sinungngan dinna sawiji, iku dénnira prapti, sagungnging kang para padu, apanning wektu pajar, lawang panangkillan jawi, wus binuka tan tinnaha panjingngira.
  142. Pepah ing tabuh sadasa, wong gugat-ginugat sami, tuwin kang para punggawa, kang sumiwéng [181] Naréndra, jurundhang papat mantri, punniku kang nguwuh-uwuh, payo sapa mradata, dén parêk ngarsannira Ji, lan pangulu Ki Mubakda Ki Mubakdan,
  143. Sang Prabu Bahrun Kasan amecat makuthanéki,  sinéléh munggéng ngamparran sagung busannéng narpathi, sadaya dén racutti, nulya nganggé sampun cara bala kéwala, mudhun saking dénnya linggih, pan sakala tunggil lenggah sarta wadya.
  144. Umatur cara kawula, mring pangulu Mubakdéki, Mubakdan : lingngira natha, kakang pangulu wak mami, yén nana gugat mangkin anyerêg ing raganningsun anuli adillana, sabenner-bennerring ngadil aywa ta ayénningsun ginnawé raja.
  145. Ing pangulu nulya undhang, lah payo sagung kang prapti, bok ana kang duwé gugat iya marang Sri Bupathi, ingsun ingkang ngadilli, lawan sacethanning kukum mongsa ingsun wediya, angadilli Sri Bupathi, ing lulutté yén ingsun  agadillana.
  146. Dadi ingsun ora ngéman ing jenengngé Sri Bupathi, Alah kang asipat murah, nora kenna dén alingngi, saosik wus udanni, gaib lair kawula wus kawruhan samudaya, wadya tan ananandukki, Sang Ngaprabu Bahrun Kasan wus antara.
  147. Tan ana ingkang anggugat wangsul panggénnanné malih, munggéng ngamparran mutyara, sinuji nila basuki, sarwi angrasuk malih, sagung busannaning ratu, parma tatondha nama, amakutha binu[182]ka Sri, apinggang jus abatétara tétundha.
  148. Nulya malih mantri papat  kang juru ngundhang-undhangngi, payo wong gugat-ginugat dén padha mengsah agenti, pangulu Mubakdéki, Mubakdan agagem calung, wangunnaning wirasat lapli kalawan maknawi, duk sinnawang lirringngé kang mengsah gugat,
  149. Benner luputté waspada, wong agawé lawan yekti, tan kongsi mindho kardi, pamedhotté sarta kukum yén sampun abubarran pangulu lawan Sang Ngaji, manjing kalwat wong loro mikul karanjang.
  150. Dénné wau Sri Naréndra, amundhut kang timbangngan lit kinnait lawan mastaka, mrih rubed kawratan sedhih, anéng kalwat kinunci, umatur anangis asru, ya Pangéran Kang Mulya Kang Ngagung Kang Maha Sukci, amba tuwan karya wakil  ing kalipah.
  151. Sagungngé kawula tuwan ingkang kawula ratonni, sampun sami kapariksa, suker kula mrih basuki, miwah ingkang prihatin tuwin ingkang para padu, inggih pangraos amba, boten kalong-longngan adil wah punnika amba nunuwun ngapura.
  152. Bilih wonten kalangkungngan tuwan kang luwih udanni, sukerré karaton amba, tiwassé kinnarya wakil mannawi kéh  kalempit kang wonten jronning prajéku, miwah jabanning praja, saking gungngé kang wadya lit nulya wonten sami ta awarni [183] kilat,
  153. Nanging kendho lampahira, kadya mutyara nelahi, tibanné wus tinniténnan pagerré dipun bundhelli, nulya  mundur Sang Ngaji, lawan Kiyai Pangulu, Mubakdaki Mubakdan ing wengngi prapténg jro puri, rahinnanné Sri Bupathi namur késah.
  154. Pan sarwi angandhut dinnar, satus: oangulu tan kari, Ki Mubakda Ki Mubakdan iya sarwi dén kandhutti,, dinnar satus anuli, praptanné prénnah ing dalu, pager kang binundhellan punnika sampun katitik uluk salam sampunning ngancarran lenggag.
  155. Kang darbé wisma wong dhudha, kaponnakkanné kakalih, tinnilar ramanné pejah, lan papat putunné sami, tinnilar bapa mati, angéngér kaki punniku, wayah lagi sumega, putu lan pulunnannéki, kuwalahen angingonni ya Ki Dhudha.
  156. Upa jiwanné tan nana, amung buburuh amindi, jujud wulu wedhus dumba, ingkang ginnawé jajarit sangkelat apan sami, tatangganné wong punniku, pan ora kacukuppan opahé pan amung kedhik abuburuh rêkasa nora kuwawa.
  157. Suda karya sabab tuwa, kaponnakkan putu sami, anggalibet jaluk sega, si kaki nora nahurri, dénné lagi nemonni, dhadhayoh loro punniku, Sang Natha atatannya, éh kaki dénné asepi, wismannira tannana asimpennan sega.
  158. Putunnira iki padha, anggujeg anjaluk nasi [184] tumungkul si kaki dhudha, saking tiwas kawuléki, inggih déréng atampi, ojrat kawula anjujut inggih wulunning menda, badhé sangkelat punniki, kang annamur arum wijilling wacana.
  159. Pagénné tan duwé nalar, kaki dhudha sira iki, iya nora apopoyan juru gedhong Sang Ngaji, pasthi sira pinnanci, yén katurra Sangnga Prabu, pan wajibbing Naréndra, angingonni annak yatim kaki dhudha sahurré kadi punnapa.
  160. Awak kawula kaduga, umarêk wong ngagung ngajrih, mannawi tan karawattan tan warni wong langkung ajrih, datan pangrasa yekti, yén marêkka ing wong ngagung, dénné tan warni janma, sasandhangngan ting saluwir, mila datan saged amlémbarring jaba.
  161. Gumujeng Sri Maharaja, dinnarré dipun uculli, enya iki kaki dinnar, rong ngatus ingsun ingonni, mring sira miwah kaki, pulunnan putunniréku, kaki Dhudha wus tompa, medhak sarwi turrira ris kalingnganné paduka punniku raja.
  162. Ingkang ngratonni kawula, dénya wruh dasih kawlasih, saking kaluhurran tuwan ginnanjar ing ngélmu sidik mong Ki Dhudha aglis sujud ing ngarsa Sang Prabu, sarwi madhepping kéblat ya Alah kang luwih Sukci, wuwuhana cahyanné ratu punnika.
  163. Maha Prabu Bahrun Kasan kang ngadil parikséng ngalit nulya jumegur swaranya, tinnarima pandongéki, sakala Sri Bupathi, sinungngan cahyanné wuwuh, Sang Natha anga[185]ndika, liwat tarima ngong kaki, dénné sira anedhakken ning Hyang Suksma.
  164. Mring wuwuhé cahyanning wang, iya aja bisik-bisik lan malih wewekassing wang, yén wus enték dinnar iki, nulya tuturra aglis marang Si Kakang Pangulu, dimén matur maring wang, wus pamit Sri Narapathi, lan pangulu kondur prapténg dalem pura.
  165. Samya pangling wong jro pura, Sang Prabu cahyanné salin wuwuh kadya lék purnama, Sang Prabu Nusirwan Ngadil langkung suka miyarsi, Kyana Patih kojahipun angguguk gujengngira, énak temen niku Pathih, sun tetedha: katuladda amrih dana.

BERSAMBUNG Pupuh XV

Leave a Reply

Fill in your details below or click an icon to log in:

WordPress.com Logo

You are commenting using your WordPress.com account. Log Out /  Change )

Google photo

You are commenting using your Google account. Log Out /  Change )

Twitter picture

You are commenting using your Twitter account. Log Out /  Change )

Facebook photo

You are commenting using your Facebook account. Log Out /  Change )

Connecting to %s