SINGIR PIWULANG UTAMA


SINGIR PIWULANG UTAMA

Wiriddan saka wawaton Islam
Anggitanné : Mukhamad Suhudi
Abdi dalem Naib ing Sumber Lawang, Sragen
Surakarta

Cap-capan kaping pisan

1857
1344 – 1926

Kawetokaké déning:
MARDIKINTAKA – SURAKARTA

bismillahirrahmanirrahim

I.

  1. Sun miwitti anebut Asmané Gusti, Allah ingkang Maha Murah Maha Asuci.
  2. Kapindhonényuwunken rahmat salami, marang Gusti Kangjeng Nabu Muhammadi.
  3. Almastafa Gustiné kang para Nabi, lan Gustiné para mukmin para wali.
  4. Lawan malih nyuwunken rahmat salami, marang para kawula wargané Nabi.
  5. Lan sakabat  Abu Bakar Ngumar Ali, lan sakabat Ngusman Asakrabé sami.
  6. Dipun anggit dadossa singkir puniki, ngélingngaken marang bocah lanang éstri.
  7. Aja padha sira wegah angulatti, marang ngilmu kapinterran kang utami.
  8. [4]Angajiya rina wengi aja wedi, marang sayah bungahé katemu buri.
  9. Becik bocah lanang wadon padha ngaji, kang tumemen dares([i]) aja nganti lali.
  10. Yén angaji aja aja pisan wani-wani, ageguyon mundhak metengngaken ati.
  11. Ati peteng atossé ngungkulli wesi, yén diwulang bola-bali ora ngerti.
  12. Ingkang nganggit singir Mukhama Suhudi, naib Lawang ingkang ora darbé ngilmi.
  13. Pekir miskin omahé among sawiji, isih atep trocoh akéh anelessi.
  14. Ibnulkhag Kirgita Sasmita Ngabéhi, Mantri ukur pangrembé Surakarta di.

II.

  1. Lan dén anggit singir puniki supaya, ngejogaken kautaman kang sanyata.
  2. Marang bocah kang seja luru utama, ngaji ngilmu agama Islam kang mulya.
  3. [5]Supayané ing buri ora nelongsa, kuru tuwa awak rusak akéh dosa.
  4. Yén wus mati dén larak marang neraka, sambat-sambat adhuh biyung adhuh bapa.
  5. Panas temen geni neraka punika, tikel pitung puluh lan geni ing dunnya.
  6. Tambah-tambah dén cokot kelabang ula, ing naraka akéh klabang sarta ula.
  7. Rina wengi sambatté ngaru ara, padha getun lelakonné ana dunnya.
  8. Ana dunnya karêmmé mung suka-suka, néng akhirat nemu siksa banget lara.
  9. Ya mulané wiwit bocah ngelantiha, mring saréngat agama Islam kang mulya.
  10. Kang sapisan nglakoni salat lelima, subuh luhur ngasar mahrib sarta ngisa.
  11. Saben dina yén pot  annuli kalaha, ([ii]) sabab iku yén kok tinggal dadi dosa.
  12. Wong kang tinggal ing salat wektu lelima, luwih ala katimbang céléng lan sona.
  13. Kapindhoné sira padha puwasaha, sasi ramlan tumeka dina riyaya.
  14. Telung puluh dina gunggungngé puwasa, yén amokah wajib padha ngalanana.
  15. Awit iku puwasa laku utama, bisa nydakaken hawa nafsu ala.

III.

  1. Ping teluné kudu bekti bapa babu, sabab iku ingkang awéh banyu susu.
  2. Saben bengi biyungmu tan antuk turu, nalikané sira misih bayi kuru.
  3. Yén anangis cangkemmu nganti mecucu, embokkira ati susah awak lesu.
  4. Yén wis meneng nangismu nuli dipangku, dipun dulang dipun géndhong mloka mlaku.
  5. Saben dina embokmu angobé jamu, ora étung pait getir padhes linu.
  6. [7]Kang dén suprih énakka banyuné susu, supayané sira lagang awak lemu.
  7. Kaping patté kudu bekti marang guru, sabab guru ingkang awéh wuruk ngilmu.
  8. Guru iku becik digugu ditiru, lamun bener pamulangngé kang satuhu.
  9. Guru ingkang sugih kojah tanpa laku, angge ladrah manut marang hawa nafsu.
  10. Iku sira aja padha mélu-mélu, uwong fasék ora kena ditetiru.
  11. Sarta malih sira aja dhemen nesu, awit nesu marissaken tukar padu.
  12. Yén wus padu cangkemmé pating pacucu, suwé-suwé matang abang nekak gulu.

IV.

  1. Sira padha ngedhohana solah mrusul, kapindhoné duwéni watek bregudul.
  2. Wong bregudul adatté akéh kang kethul, bocah mrusul atiné akéh kang jugul
  3. [8]Wegah nyambut gawé maca ngaji macul, gadhangnganné lawas-lawas dadi penthal.
  4. Ana pasar saben dina unthal-unthal, jejogéddan dén tanggap sekehing bakul.
  5. Ora becik watekké bocah marusul, lumuh nyambut gawé sebarang lan mikul.
  6. Dhemen ngutil dodollanné para bakul, yé konangngan endhassé mesthi dipukul.
  7. Kawirangan lan kelaran ajekukul, snejan nangis saben dina mata bendul .
  8. Sanak sarta sadulurrira tan berdul, néng tanganné pulisi tan bisa ucul.

V.

  1. Luwih becik watekké bocah kang suci, dhasar bagus sregep sakolah lan ngaji.
  2. Yén anderês di apalken bola-bali, ora uwis kalamun during mangerti.
  3. Yén diwulang ati madhep aniténni, supaya ing buri ora nganti lali.
  4. [9]Bocah becik dhemen sakolah ngaji, bésuk tuwa sawah omba sugih pari.
  5. Sugih wedhus sugih kebo sugih sapi, ora suwé lamun magang dadi pyayi.
  6. Lamun dhemen dagang utawa tetani, ina sallah sira sinung sugih rijki.
  7. Rêjeki kalal ingkang dadi munfangatti, marang sira bapa biyung kaki nini.
  8. Lamun sira ngupaya rijki kharammi, ora wurung ing buri dadi mlaratti.
  9. Rêjeki kram kaya riba lan ngapussi, jukuk barang liyané ora kanthi idi.
  10. Kulinanen wiwit bocah aja wani, ngucap goroh mangan karam lan ngapussi.
  11. Sabab lamun kulina nyolong ngapussi, mesthi bakal dadi mungsuhé pulisi.
  12. Yén konangan endhassé dipun gembelli, yén kacekel dibonda malebu buwi.

VI.

  1. [10] éling-éling sira padha dipun éling, aja padha sira wani nyolong maling.
  2. Maling iku atiné gerimang griming, lagi mbabah yén konangan di tempiling.
  3. Endhas lara awak cape ngolang ngaling, tangi grégah pelayuné sipat kuping.
  4. Yén gregetten sing duwé omah tan éling, yén kacekel sira mesthi di jeruwing.
  5. Dipun tabok di bacok dipun tempiling, masthi sira bakal dadi mati jengking.
  6. Gulasarran anéng lemah gulung koming, patinira utama patiné kucing.
  7. Sanak sarta sadulurrira tan uning, iya iku alané wong dadi maling.

VII.

  1. Néng akhirat dipun siksa Gusti Allah, sabab uwis dhéwékké nglakonni salah.
  2. Néng neraka sambat  sambat ora betah, geni panas awak gosong ora pejah.
  3. [11]Mangan geni weteng murup mutah mutah, wis mangkono ukummé wong laku salah.
  4. Saben dina mangan getih  wokkan nanah, rasa pait ambu bacin kaya jitah.
  5. Kayu jagkum godhong kaya kuping gajah, yén dipangan dadi geni weteng bedhah.
  6. Béda wong kang nglakonni salat ngibadah, ésuk sore maca Kur’an ora wegah.
  7. Marang dulur sanak raket gelem ngalah, sarta malih bekti bapa biyung embah.
  8. Mrinf maksiyat mangan karam bisa nyegah, angedohi kelakuhan kang tan genah.
  9. Yén diajak  kancané nglakonni salah, ora gelem yén di gething ora susah.
  10. Wong mangkono antuk nugrahanning Allah, lan sufangattira Kangjeng Rasullilah.
  11. Ing akhirat oléh suwarga kang éndah, anéng ono nemu nikmat ati bungah.
  12. Uwong ana suwarga tan duwé susuh, ingkang ana kajaba bungah-bungah.
  13. [12]Iya iku walessé wong kang wus sayah, anglakonni kabecikkan lan ngibadah.
  14. Néng suwarga antuk widadari éndah, sarta juru laden bagus-bagus kathah.
  15. Lan pangannan minumman lan buwah-buwah, rasa nikmat legi gurih seger sumyah.

VIII.

  1. Béda klawan wong kinudrat dadi kapir, lamun weruh kabecikkan pan sumingkir.
  2. Yén di wruk marang bener ora mikir, senengnganné ésuk sore among polesir.
  3. Marang Allah rasullullah wani mungkir, iya iku gadangngan dadi pak kusir.
  4. Saben dina guwah dhuwit kaya pasir, éndi anggrong anggeppé kaya kuntru lir.
  5. Wong mangkono butuh buri ora mikir, lawas-lawas bondha énthék mocar-macir.
  6. Ing wusana dadi mlarat dadi pekir, among kari jarik siji ting saluwir.
  7. [13]Pungkassanné duwé tékad wani gangsir, ora wurung yén kacekel dipun sepir.

IX.

  1. Mula wajib lanang wadon luru ngilmu, aja uwis yén durung ilang bodhomu.
  2. Ngupayaha ngilmu  marang para guru, ingkang ngalim sarta saléh ahli laku.
  3. Aja éman Manawa kélangan sangu, aja wegah weteng luwé sayah mlaku.
  4. Wong angaji aja duwé ati malu, kang telatén aja wegah lan kesusu.
  5. Suwé-suwé ati padhang bisa klebu, ing wusana sira  ngalim sugih ngilmu.

X.

  1. Poma-poma sakéhing biyung lan bapa, amerdiya marang wayah putranira.
  2. Saben dina aja bosen  aja kemba, awéh wuruk ing piwulang kang prayoga.
  3. Mupung-mupung misih cilik anakkira, yén wus kasép akéh tutur tan kumama.
  4. Sabab among gugu karêppé priyongga, yén dicegah wani mampang ing wong tuwa.
  5. Watak ala saya tuwa saya dodra, dhemen pitnah marga ora wedi dosa.
  6. Maksiyat lan mangan karam banget suka, anurutti hawa nafsu sabendina.

XI.

  1. Lamun dhemen duwé anak jujur, aja wegah saben dina awéh tutur.
  2. Wiwit bocah sadurungngé kasép ngumur, awit lamun kasép tuwa ati kuwur.
  3. Bocah iki kekudangngen dadi luhur, sugih arta beras pari sarta batur.
  4. Bisa momong bapa biyung lan sadulur, sugih arta beras pari sarta batur.
  5. Aja nganti anak kaduwung kabanjur, kurang ngajar ati wangkal andaludur.
  6. [15]Yén kebanjur marang kabecikkan mungkur, iku susah bapa biyung dadi kojur.
  7. Sanajanna bapa biyung wus néng kubur, meksa misih dadi pisuh kowar kawur.
  8. Iya iku bathiné wong tinggal tutur, marang para anak putu lan sadulur.
  9. Luwih abot siksané Hyang Maha Luhur, néng akhirat tanapi ana ing kubur.
  10. Siksa kubur lan akhirat wus tinutur, ana kitab sarta kadhis kang wus mashur.

XII.

  1. Ora gampang tinitah dadi wong tuwa, sabab wajib warah wuruk marang putra.
  2. Meruhaken marang wajibbing manungsa, kang linakon saben bengi lan raina.
  3. Iya iku barang kang dén dhawuhena, déning sarak agama Islam kang mulya.
  4. Lan ngedohi cegahanning agama, awit iku andadékaké sangsara.
  5. [16]Kaya madat madon lan main punika, mangan karan lan maling darbékking liya.
  6. Wong madatti saya tuwa saya meka, awak rusak kuru gering daging suda.
  7. Yén keladdan sugih nesu sugih duka, gawé susah anak bojo saben dina.
  8. Sarta malih gelis dadiné rêkasa, yén wus tuwa dalinding metu bollira.
  9. Mangap mangap nyawané ana jelagra, ing wusana mata mlérék nyawa lunga.
  10. Uwong madon luwih gedhé dosanira, néng akhirat tompa siksa banget lara.
  11. Néng dunnyané uga wus nandhang duduka, boros dhuwit lara bengang luwih lara.
  12. Lamun banget bengang mungguh marang grana, irung pisek awak rusak mata wuta.
  13. Néng dunnyané wus tan kaprah lan manungsa, iku durung siksané néng akirira.
  14. Uwong main ngabotohan sapadhanya, iku uga andadékakén sangsara.
  15. [17]kang sapisan borossaken marang arta, kapindhoné nerak walerré agama.
  16. Sarta gawé kapiranning nyambut karya, kaping patté nerak cegahing agama.
  17. Lamun kalah mesthi rugi mesthi tuna, nanging lamun menang dhuwit dadi riba.
  18. Barang riba luwih jembar luwih ala, ora dadi munfangatti kang sanyata.

VIII.

  1. Uwong mangan karam utawa manganni, iku uga andadékaken bilahi.
  2. Barang karam kaya riba lan ngapussi, sarta mangan daging kéwan kang tan suci.
  3. Wong manganni mangan kang tanpa dudugi, luwih ngekat pametuné saben sasi.
  4. Suwé-suwé utang akéh saya ndadi, wusané dadi nistha tanpa aji.
  5. Uwong maling iku banget tan prayogi, ana dunnyané akhirat nemu blai.
  6. [18]Néng dunnyané dadi mungsuhé pulisi, sarta dadi rêrêgeddé wong ing désa.
  7. Uong maling ngampak nayap lan ngapussi, iku kabéh dadi satruning Hyang Widhi.
  8. Mula wajib bpa biyung amarsudi, marang anak wiwit cilik dikon ngaji.
  9. Dikon ngaji marang pondhok kang utami, dén pasrahken marang guru marang kyai.
  10. Saben sasi sangu aja nganti lali, yén wus enték nuli agé dikirimmi.
  11. Supayané bocah ketungkulla ngaji, ora pijer ketungkul ngulatti riski.(rêjeki).
  12. Aja éman aja owel anyangonni, marang lungo mondhok golék ngilmi.
  13. Anak lanang ingkang soléh angabekti, marang Allah miturut dhawuhé Nabi.
  14. Munfagatté iku bisa murakabbi, marang bapa biyung kaki kang wus mati.
  15. Di aranni ngamal jariyah puniki, wus mangkono kamurahanné Hyang Widi.
  16. [19]Anak ngalim ahli tongat marang Gusti, iya iku kanugrahan kang sejati.

XIV.

  1. Sebalikké wong kang duwé anak bodhuh, marang ngamal lan ngibadah banget tambuh.
  2. Marang ngilmu kabecikan ora weruh, marga saka bapa biyung banget lumuh.
  3. Amarsudi mulang muruk awéh weruh, ingkang dadi mungfangat tibaning sepuh.
  4. Anak lamun wus kebanjur gedhé sepuh, mongka misih banget bodho ati kisruh.
  5. Iku bakal ora wurung  dadi mungsuh, mring wong tuwa banget wani lan anutuh.
  6. Yén dikongkon yén diwulang bekah-bekuh, yén diperdi kabecikkan ora saguh.
  7. Karêmmanné calunthangngan dhemen misuh, dhemen nongga omong kosong golék suguh.
  8. Tingkah watakking ala aja kapatuh, aja nganti sinebut aran wong ngutuh.

XV.

  1.  [20]Lamun sira kinadar dadi priyayi, dadi lurah utawa dadiya mantra.
  2. Onder dhistrik tanapi panéwu ugi, ingkang abar welas asih marang kuli.
  3. Marang bawah utawa marang sesame, nanging aja ninggal dedugi prayogi.
  4. Koma-koma tepa slira aja lali, yénnindakké paprétahan kang setiti.
  5. Lamun ana luputté si para kuli, sawatara lagi ping sawiji.
  6. Pangapuranen nanging wénéhana janji, lamun ngaping pindho utawa balénni.
  7. Tindakena apa benerré kang mesthi, aja pilih asih marang liyanéki.
  8. Sarta manéh aja sira wani-wani, anampanni rurubané para kuli.
  9. Kaya rupa dhuwit sarta beras pari, sabab iku dadi wisa kang sajati.
  10. [21]Awit sira wis diblonja  saben sasi, déning ratu kang dadékkaken priyayi.
  11. Blonja dhuwit samurwatté pangkatnéki, wit-iwitten matuné kang saben ari.
  12. Snajanna blonja akéh saben sasi, nanging nanjakkaken dhuwit tan prayogi.
  13. Saben dina guwak dhuwit kaya wedhi, tanpa pétung pametuné saben ari.
  14. Mesthi baé bakal mlarat bakal dadi, sugih utang yén nuju blanjané dugi.
  15. Wong kang nangih teka lunga wira-wiri, blonja enték ditangissi anak rabi.

XVI.

  1. Senajanna blonja kedhil sawatara, nanging sira tawakal sabar narima.
  2. Bisa nyegah hawa nafsu ingkang ala, nanjakkaken dhuwit mawiya duduga.
  3. Samurwatté pangkatmu lan blanjanira, aja rikuh nindakken barang prayoga.
  4. [22]Lamun ana kancamu watekké ala, amoyokki marang laku kang utama.
  5.  Iku sira wajib padha ngedohana.
  6. Luwih éwuh tinitah dadi manungsa, arang kuwat nyegah hawa nafsu ala.
  7. Nanging lamun dilambarri lan agama, ngelakonni ngibadah salat lilima.
  8. Anyingkirri cecegahanning agama, anglakonni barang kang didhawuhena.
  9. Déning sarak agama islam kang mulya, insaallah bisa nyegah sawatara.
  10. Marang hawa nafsu kang ora prayoga, kang dadékken kamlarattan burinira.

XVII.

  1. Titi tamat panganggitté singir iki, wektu ngasar dina isnén rêjeb sasi.
  2. Séwu telung atus telung puluh siji, punjul papat taun hijrahé jeng nabi.
  3. Ya Allahu Pangéran ingkang sajati, ingkang sipat welas asih marang abdi.
  4. [23]Ingkang murba amisésa nguwasani, marang jagad saisiné kang dumadi.
  5. Ing paduka kula nyuwun pangaksami, ing sadaya dosa lahir batin kami.
  6. Dosa kula kadhos wedining jaladri, agengngipun lir péndah gengnging rêdi.
  7. Saben dinten saben dalu tansah dugi, mongka ngamal kasaénan sepa sepi.
  8. Sarta ulun nyuwun ing paduka Gusti, mugi Allah ngapuraha lan ngasihi.
  9. Dhateng bapa biyung kula kaki nini, ingkang ngitik-itik kula wiwit bayi.
  10. Saha malih kawula nyuwun ya robbi, tuwan mugi paringnga rohmat salami.
  11. Dhateng Gusthi kangjeng Nabi Mukamaddi, rasullullah utussan tuwan sajati.
  12. Sumarambah para sakabatté nabi, lan kawula warga ajmangina ugi.  

@@@

[24]TAMBAHAN GURITTAN

Papénget marang para mudha, lagu witting klapa,  10: pada.

  1. Urip iku wajibbé aluru ngilmu, bisa madhangngi atimu, aja kléru, bisa ngedohké babendu, kinasihan mring Gustimu.
  2. Nanagiya rasamu dimén karasa, rasakena urippira, anéng dunnya, padha dhemen cidra, cidra iku nemu papa.
  3. Cacawissa ngilmu kang bakal kok gawa, ngamal saléh kang prayoga, adhuh nyawa, iku dadi kanthénnira, sélannira mring Hyang Suksma.
  4. Rurumangsaha yén yén sira iku kawula, ngawulaha mring Hyang Suksma, adhuh nyawa, turuttén sadhawuhira, lamun teman nemu begja.
  5. Kanthénnanna tékad mulya kongsi onya, lamun oranya nemu papa, aja gela, sira nora bisa duwa, siksané Gusti kang kwasa.
  6. Dunungngenna uripmu aja sembrana, lara pénak kang anyongga, ya mung sira, nora nana kang amrina, mulané padha dén yitna.
  7. Tatakonna ngilmu islam kang sanyata, mring kang wasis ing agama, adhuh nyawa nora susah nganggo béya, sira tompa wulang cetha.
  8. Sinauwa agama islam kang mulya, pirantiné urippira, adhuh nyawa, aja pijer nguja hawa, nurutti ati kang  murka.
  9. Weruhanana jronning kuran lan tindakna, yén tan weruh oléh siksa, anéng nraka, ing naraka isi mawa, panassé kagila-gila.
  10. Lakonnana dhawuhé Gusti kang mulya, lamun temen mesthi begja, adhuh raga, begja kirrat begja dunnya, Gusti Allah nora cidra.
  11. Pituturé panuntunmu luwih cetha, Jeng Mukhammad Nabi kita, adhuh konca, ayo padha lumaksana, supaya padha katrima.
  12. Dhedherrana ati suci aja mléya, mleya iku tan prayoga, adhuh konca, sira bakal tan katrima, nora wurung tompa duka.
  13. Jangkahira aja wegah sambékala, lamun wegah tan tumeka, kajattira, apa baé kang kok sedya, anggonmu nyuwun nugraha.
  14. Yitnannana dunnya iki akéh godha, wujuddé arupa-rupa, adhuh konca, cegahen kang nganti sirna, supaya aja kumama.
  15. [25]Nyunyuwunna mring Gusti Allah kang asma, kwasané tannana padha, adhuh nyawa, bisa gawé waras lara, apa kowé tan karasa.
  16. Marénnana gonmu padha laku ala, iku gawé apessira, adhuh nyawa, sira nora duwé daya, uripmu tansah cilaka.
  17. Gondhellana taliné Hyang Maha Mulya, tali iku dhawuhira, adhuh konca, kitab Kuran kang sampurna, pranatanné kang kuwasa.
  18. Mbumburuha kabecikkan aja kemba, kang paédah marang sira, adhuh nya, lamun temen nora kemba, sira bakal tompa swarga.
  19. Ngolégendhuk mupung sira isih mudha, ywa katungkul suka-suka, anéng dunnya, dunnya iku bakal sirna, ginulung ingkang kuwasa.
  20. Ngélingngana yén sira bakal palastra, jronning pati ana begja, lan cilaka, mula agé tumadangnga, luru ngilmu kang sampurna.
  21. Panutup nulis kanthi dedonga, mugi kang samya amaca, samya asal pitutuduh ingkang sanyata, saking Allah kang miyarsa.  

TAMMAT WALLAHUAKLAM


[i] Derês (dares) tembung Ngarab tegessé: anglayahaké
[ii] Kala, tembung ngarab tegessé: nyahur

Leave a Reply

Fill in your details below or click an icon to log in:

WordPress.com Logo

You are commenting using your WordPress.com account. Log Out /  Change )

Facebook photo

You are commenting using your Facebook account. Log Out /  Change )

Connecting to %s