Category Archives: GEGURITAN

ARUM DALU


Kiriman dari : pakshe rukmawati
email : pakshe.rukmawati@gmail.com

Arum dalu….
Ngambar wangi ing wanci bengi
Tanpa kendhat denira mulat
Marang priya kang samya liwat.

Arum  dalu….
Lamun surup surya
Ngadi busana katon nglelewa
Ing papan sepi…
Solah bawane merak ati.

Mesam mesem sajak ngalem
Adol tresna amung ngupaya boga
Nyambung nyawa kanggo sak kulawarga.

Arum dalu…
Nadyan katone manis…
renyah suwarane criwis…
Nanging batine nangis… atine kaya di iris.

Saben esuk teko…
Katon nelangsa jroning dhadha
Arum dalu ilang ginawa maruta
Alum tumungkul pasrah kang kuwasa
Kabeh panandhang kang sinandhang
Kapan enggal antuk pepadhang..?  @@@

arum dalu

SARINDRI


Abdine Dewi Utari..
Bebasan kembang kang tuwuh kinupeng eri…
Lamun kadulu warnane anglam-lami…
Ora gampang bakal nduweni…

Wiragane tan mboseni…
Jatmika merak ati..
Gawe brantane para Senopati…
Nadyan drajate amung batur…
Lelewane agawe kuwur…

Sarindri… Sarindri…
Iku kang dadi asmane…
Ora ngira nadyan wanita jiwamu satriya…
Ora mingkuh saliring pakewuh…
Ora mendha sakehing bebaya…
Kabeh pacoban di dhadhagi kanthi leganing ati…

Sarindri… Sarindri…
Endahing warnamu…
Dadi jalaran tumpesing angkara murka…
Wiratha pangayomanira sagarwa…

Sarindri…
Pancen putri sejati…
Pancali aranira ing nguni…
Jumedhulira aneng donya…
Dadi dhadhakaning Bharatayuda…

RukmawatiKiriman dari :
pakshe rukmawati
pakshe.rukmawati@gmail.com

BASUKARNA


Titahing dewa kang pantes dadi tuladha…

Nadyan amung anak kusir

Nanging jiwane satriya…

Sejatine putraning Dewa kang nguwasani padhanging Jagad raya

Awit saka kuwasane Brahmana mijil saka Karna

Sawijining manungsa kang lahir tanpa dikarepake

Tanpa rasa tresna…..

Kaanggep memala tumraping negara

Dhuh Dewa dewa…..

Kali Suci dadi seksi

Anggone nyambung nyawa bisane slamet tumekeng dewasa

Dadya pithataning jalma kang ngandhemi bumi pertiwi

Ora lali marang Ratu Gusti Kang wus nate hangayomi

Marang martabate kawisudha dadi adipati

Nalika netepi dharmaning senopati

Perang tandhing lan kadang pribadi

Gugur  madyaning Perang agung Barathayuda

Sampurna dening panengah pandhawa…

Tuladhaning Satriyatama…

Asmane kaserat ing layang Tripama…


Adipati Karna

Kiriman dari :
pakshe rukmawati
pakshe.rukmawati@gmail.com