Category Archives: KITAB TOEHPAH

KITAB TOEHPAH


KITAB TOEHPAH

EEN JAVAANSCH HANBOEK

VOOR HER

MOHAMMED AANSCHE REGT.

Tweede verbeterde uitgaaf

DOOR

  1. ROORDA.

LEIDEN

E.J. BRILL,

1874.

Kasalin saking aksara Jawa
Ing aksara latin dening :
Mas Kumitir

Sidoarjo, 25 April 2017

@@@

 

KITAB TOEHFAH

[2] Punika pepethikan saking Kitab Tuhfah, kekaranganipun tuwan Séh Ibnu Khajar, pengarangngipun wonten ing negari Mekah, kala ing taun sangangatus séket wolu (958 H): taun Arab, utawi taun Welandi séwu gangsalatus kawan dasa sekawan (1544 M), inggih amandhet saking Al Kur’an. Ingkang kadhapur rumiyin kadita :

Bab Memejahi
Prakawis : 1

Saupami wonten tiyang amemejahi ing sesamining manusa, jalerra: éstriya, anggéné amejahi kelayan kasengaja, sarta dedamelé kang sakinten patut kedamel amejahi, kadita waos dhuwung: tuwin saupaminé. Yén Ahliwaris anedha ukum amesthi kapejahan. Saupami wau Ahliwaris boten anedha ukum artosé angapunten dhateng wau kang amejahi, inggih boten kapejahan, ing saupami tiyang kang pejah wau boten gadhah Ahliwaris Ratu kang dados gegentos si Ahliwaris, kenging Ratu amejahi sarta angapunten, nanging saupami tiyang kang amejahi wau kathah kanggénipun ing nagari, anarik ing pedamelan kang saé, sayogya Ratu angapunten.

Prakawis : 2

Saupami wonten tiyang amemejahi sesamening manusa, Jalerra: éstriya, anggéné amejahi amargi saking kalepatan, artosé angangkah tiyang sawiji: mongka kénging ing liyané, utawi angangkah khéwan angsal tiyang, punika ukumé boten kapejahan, ameng amedalaken dhendha, kathahé : 100 unta, utawi : 12000 tangsul, saupami kang kapejahan wau punika tiyang jaler, yén tiyang éstri : sepalihipun. Dénten wau dhendha kaparingngaken dhateng Ahliwaris, arto[3]sé Ahliwaris permila kang langkung  caket kadi Bapa : Biyung : anak rabi tuwin saliya-liyanipun.

Prakawis : 3

Saupami tiyang amejahi sesamining manusa, jalerra : éstriya, kang kadamel amejahi : dedameling boten patut amejahi dhateng manusa, kadita cemethi : kajeng kang alit, tuwin saliya-liyané, sarta enggéné mejahi kelayan dipun maha, ukumipun boten kapejahan, ameng amedalaken dhendha, kathahipun kadi déning kang sampun kasebut ing dalem prakawis kaping kalih. Kang semanten punika : bilih Ahliwaris anuwun ukum, yén kaapunten  dhateng Ahliwaris inggih boten kénging punapa-punapa.

Prakawis : 4

Saupami wonten tiyang amejahi sesanining manusa, kang kadamel mejahi : dedamel kang langkung alit kaditaledom tuwin saliya-liyané kang sami nami dedamel alit, nanging patrapé enggéné amejahi : kaprenahaken dhateng panggénan kang langkung caket ing pejah, kadita ing utek ing mripat gorokkan sarta ing wingsilan, ukumipun kapejahan, kang semanten punika : yén Ahliwaris anedha ukum, yén boten inggih boten kapejahan. Wondéning saupami wau dedamel kang alit kacublesaken ing panggénan liyanipun kang kasebut wau, kadita ing pupu : tuwin saupaminé, mongka pejah, ukumipun ameng amedalaken dhendha, kathahé kadi déning kang kasebut ing prakawis kaping kalih wau. Nanging saupami kang kacubles punika kulitipun tungkak boten kantos lumebet ing daging, mongka pejah, ukumipun boten katatrapan ukum kadi kang kasebut wau, nanging kaakjir kimawon.

[4] Prakawis : 5

Saupami tiyang angunjara dhateng sesamining manusa, sarta anyegah dhateng kang kinunjara wau ing tedha minumé, mongka kelampahan kang kinunjara pejah amargi saking boten nedha : boten minum, ukumipun kang angunjara punika kapejahan, kang mekaten punika, bilih pangunjarané langkung saking pitung dasa kalih jam, saupami déréng anglangkungngi saking semanten mongka pejah, ukumipun boten kapejahan amung amedalaken dhendha : kathahipun : 100 unta. Nanging saupami kang kinunjara punika : ing sadéréngngipun kinunjara : sampun boten  nedha sarta boten nginum, mongka kang angunjara punika uninga, ukumipun inggih kapejahan, sawab déning enggéné boten nedha boten nginum ing sadéréngngé kinunjara : punika kaétang dhateng wewicalan pitung dasa kalih jam. Yén tiyang kang angunjara boten uninga, ukumipun boten kapejahan, ameng amesthi ambayar sepalihé dhendha, kathahipun séket unta, utawi gangsal atus dinar, utawi : 600 tangsul, yén kang pejah punika tiyang jaler, yén éstri : sepalihipun tiyang jaler.

Prakwis : 6

Saupami wonten tiyang jaler kekalih, sami anekséni dhateng tiyang kang katerka amejahi, kelampahan wau tiyang  kang katerka kantos kapejahan amargi aturipun seksi wau punika, nanging sayektosé enggéné anekséni punika dora, kang sarta piyambakké wau  seksi sami uninga, yén tiyang kang dipun sekséni kantos kapejahan amargi pandamelé sami, ukumipun tiyang kakalih wau sami kapejahan. Nanging saupami Ahliwaris uninga, yén kang dados seksi punika sami dora, ukumipun boten sami kapejahan amung sami amanggih ukuman tanjir. Wondéning [5] Ahliwaris kang uninga doraning seksi, punika ingkang kapejahan.

Prakawis : 7

Saupami wonten tiyang anyukani tetedhan dhateng sesamining manusa, wau tetedhan kaworan racun kasukakaken dhateng laré utawi dhateng tiyang édan, warnining racun limrah yén amejahana, kelampahan pejah salah satunggilé amargi saking tetedhan wau, ukumipun kapejahan. Ananging saupami kang dipun sukani punika : tiyang sampun dumugi umuré sarta anggadahi akal nanging boten uninga : yén panganan punika kaworan racun mongka pejah amargi saking tetedhan wau, ukumipun boten kapejahan amung amedalaken dhenda : 100 unta, utawi : 1000 dinar.

Prakawis : 8

Saupami wonten tiyang anglebetaken racun kaseselaken wonten pangananipun tiyang sanés, mongka pepanganan punika limrah yén katedhiya, nanging kang gadhah panganan boten uninga : yén kaseselaken racun  katedha : mongka pejah, ukumipun kang neseli racun  boten kapejahan amung amedalaken dhendha : 100 unta, utawi : 1000 dinar. Mila boten kapejahan  sawab panedhané kelayan kajengngé piyambak boten kapeksa dhateng kang gadhah racun. Nanging saupami wonten tiyang  aneselaken racun wonten ing sewiji-wiji : kang boten limrah katedha ing manusa, utawi aneselaken pepangananipun piyambak mongka katedha ing titiyang, utawi aneselaken racun dhateng pepangananipun tiyang liya, nanging kang gadhah wau pepanganan sampun uninga, mongka katedha : dhateng ing pejahipun, ukumipun tiyang kang aneselaken boten punapa-punapa, ameng katakjir kimawon.

Prakara : 9

Saupami wonten tiyang anjeburaken sasamining manusa dhateng ing toya : [6] kang boten limrah wau toya yén anyilepena, sarta kuwasa tiyang kang dipun jeburaken yén amentasa, utawi liyaning akal kang amrih sampun kantos pejah, nanging tiyang punika boten purun angupados pagesangngan tansah léléh léléh wonten salebeting toya : kang boten anyilepaken wau, saéngga pejah, punika kang anjeguraken ukumipun boten kapejahan sarta boten kadhendha, ameng katakjir kimawon, mila mengkaten pejahé tiyang wau amargi kainané piyambak, nanging saupami pejahé punika boten amargi kainané piyambak kadita enggéné kajeburaken kelayan katangsulan tuwin kajeburaken ing toya kang anglepaken tiyang, kang kajeburaken punika  boten waged anglangi, ukumipun kang anjeburaken wau pinejahan.

Prakawis : 10

Saupami wonten tiyang anjoroggaken i sasamining manusa, kajoroggaken dhateng ing geni, nanging tiyang kang kajoroggaken punika sakinten waged yén angupadosa pagesangan salebeting pandamel punika, nanging tiyang wau boten purun késah-késah, mongka pejah, ukumipun kang anjoroggaken boten kapejahan sarta boten kadhendha, amung katakjir kimawon, mila sapunika, pejahipun tiyang wau amargi kainanipun piyambak, nanging saupami tiyang kang jinoroggaken wau boten waged angupados akal amrihing pagesangngan, kala kajoroggaken mawi katangsulan utawi saking angengngipun ing geni, mongka pejah, punika ukumipun kang anjoroggaken kapejahan.

[7] Prakawis : 11

Saupami wonten tiyang anjoroggaken sesamining manusa, kajoroggaken dhateng bengawan utami lautan, sawontenipun ing toya : kasarab ulam utawi baya : utawi saliya-liyanipun mongka dhateng ing pejah, ukumipun kang anjoroggaken wau kapejahan. Nanging saupami toyané céthék kadita lépén kang alit alit, ukumipun boten kapejahan ameng-amedalaken dhendha : 100 unta, utawi : 1000 dinar. Nanging saupami kang anjoroggaken punika sampun uninga : ing salembeting toya kang céthék wonten ulam utawi baya : tuwin saliya-liyané : kang wetawis waged anyarab amejahi, ukumipun kapejahan.

Prakaris : 12

Saupami wonten tiyang kekalih, salah setunggilipun anyepengngi dhateng tiyang, kang setunggal anatonikelayan dhuwung : utawi saliya-liyanipun kang tinaton mongka pejah, ukumipun kang anatoni kapejahan, kang nyepengngi boten kapejahan ameng katakjir kimawon, saupami wonten tiyang kekalih sami anenatoni sarêng : kalayan tatu kang sami amranani, mongka kang tinatonan wau pejah, ukumipun kapejahan kalihipun, saupami tatu salah setunggillé kang prana, amung kang amranani kémawon ingkang pinejahan, kang boten amranani : boten kapejahan, amung amedalaken patiba jampi : maneta wis kelayan warnining tatu. Saupami tatau wau sami boten amranani, mongka pejah, ukumipun inggih pinejahan kalihipun.

Prakawis : 13

Saupami wonten titiyang kekalih sami anatoni, patrapipun age[8]gentosan, ukumipun kang nyuduk rumiyin kang pinejahan, bilih panyudhukipun kang kantun punika sampun angajengngaken pejah. sondVning warnining angajengngaken pejah kadita ical pangingalé : utawi pangucapé : kang kelayan kaéngetan sampun asanget supéné. Wondéning kang anyuduk kang kaping kalih, ukumipun katakjir kémawon. Nanging saupami kang amranani panyudukipun ingkang ming kalihi, ukumipun inggih kang ming kalihi punika ingkang  pinejahan, saupami boten sami amranani, artosipun tatunipun sami, mongka kang tinaton pejah, ukumipun inggih kapejahan kalihipun.

Prakawis : 14

Saupami wonten tiyang anggebug tiyang sakit sanget kang sampun boten énget punapa-punapa, mongka pejah, ukumipun inggih kapejahan.

Prakawis : 15

Saupami wonten tiyang amejahi tiyang, enggené amejahi kelayan kawasésa, artosé, yén saupami boten puruna, badhé kapejahan piyambak, ukumipun kang akén sarta kang dipun kén sami kapejahan. Nanging saupami Ahliwaris boten anuwun ukum pejah, amung anuwun dhateng dhendha kémawon, punika dhendhanipun kapalih, kang kasanggi kang akén kalih kang dipun kén amejahi wau, anyéket unta, utawi gangsal atus dinar.

Prakawis : 16

Saupami wonten tiyang amesésa : akén amamejahi, kang akén sampun dhateng ing umur, kang dipun kén laré utawi tiyang éwahakalé, mengkaten malih laré utawi tiyang éwah wau amesésa : akén ame[9]jahi dhateng titiyang, ukumipun tiyang kang sampun dumugi umuripun wau : ingkang pinejahan, wondéning laré kelayan tiyang édan ukumipun sami katakjir kémawon ing sawetawis.

Prakawis : 17

Saupami wonten tiyang amesésa : akén anyenjata dhateng gremeng-gremeng, kang akén punika sampun anguningani : kang gremeng-gremeng punika tiyang, wondéning kang dipun wesésa anyana yén buburon, kelampahan kapenjata : dhateng ing pejah, ukumipun kang amesésa : akén anyenjata wau, kapejahan, kang dipun kén amanggih ukuman dhendha, kathahé : 100 unta, yén kang pejah punika tiyang jaler, yén éstri : sepalihipun tiyang jaler.

Prakawis : 18

Saupami woten tiyang amesésa : akén anyejanta buron utawi binatang kang kesit mongka kénging tiyang, ukumipun sami boten kapejahan, amung sami amedalaken dhendha, sepalih sowang, tiyang setunggilé séket unta : utawi utawi gangsal atus dinar.

Prakawis : 19

Saupami tiyang amesésa : akén aménék kajeng kang inggil utawi saupaminipun kang sami anami pepénékkan, mongka tiba : lajeng pejah, ukumipun kang akén wau boten kapejahan amung amedalken dhendha : 100 unta, utawi 1000 dinar.

Prakawis : 20

Saupami woten tiyang amesésa : akén amejahi dhateng awakkipun piyambak awakké kang dipun kén wau, kadita : paténana awakmu, yén ora gelem ya takpaténi. Ukumipun boten kapejaha[10]n ameng katakjir kémawon. Mila sapunika, sami ugi kang dipun kén kalih kang dinamel amedosi. Kang semanten punika, bilih kang dipun kén punika agadhah kapikiran kang saé-saé. Bilih kang dipun kén punika laré : utawi tiyang majenun, artosé tiyang kang boten gadhah akal, kang akén punika ukumipun kapejahan.

Prakawis : 21

Saupami woten tiyang akén amejahi dhateng awakkipun piyambak mengkaten pangucapé, aku paténana, yén kowé ora gelem maténi aku, amesthi kowé bakal tak paténi. Mongka kelampahan paké wau katurutan, ukumipun kang dipun kén amejahi : boten kapejahan sarta boten kadhendha.

Prakawis : 22 

Saupami wonten tiyang akén amejahi dhateng salah satunggilé tiyang kekalih, kelampahan tiyang kekalih wau kapejahan salah satunggilé, ukumipun kang dipun kén amejahi wau kapejahan, sawab punika medal saking pamilihipun kang dipun kén piyambak, wondéning kang akén ukumipun katakjir kémawon.

Prakawis : 23

Saupami wonten tiyang  kathah : sami amejahi dhateng tiyang setunggal sanadyan salah setunggilé tiyang kathah wau wonten kang natoni kedhik liyané anatoni kathah, ukumipun sami kapejahan sadaya, anangnging Ahliwarisé kang pejah kénging yén darbéya panuwun angukum pejah dhateng salah setunggilé kémawon lan wenang malih ; yén andarbénana pamilih kang setunggal kapejahan kang setunggal amedalaken dhendha. Wondéning patrapé enggéné amedalaken dhendha, kapétang dha[11]teng kathahé kang sami andhérék mejahi. Bilih kancané sami amejahi tiyang sedasa, mongka kapétang dhendha wau kapara sedasa, kang katatrapan dhendha amedal para dasanipun saking séwu dinar.

Prakawis : 24

Saupami woten tiyang amemejahi, kang amejahi tiyang setunggal kang dipun pejahi tiyang kathah, patrapé enggénipun amejahi gentos-gentos, kang angsal nuwun ukum pejah p; Ahliwarisé kang kapejahan ing ngajeng. Wondéning Ahliwarisé kang kapejahan kaping kalih : tuwing kaping tiga : dhateng sekawan saéngga sedaya, punika sami boten kénging yén anuwuna ukum pejah, ameng amanggih ukuman dhendhan kémawon kathahé wau dhendha ing dalem pepejah setunggal anyatus unta. Wondéning saupami Ahliwarisipun kang kapejahan ngajeng wau angapunten utawi anglilakaké : boten anedha ukum, mongka Ahliwarisipun kang kapejahan kang kaping kalih kénging yén anuwun ukum pejah dhateng tiyang kang mejahi wau. Yén Ahliwaris kang kapejahan ingkang kaping kalih angapunten boten anuwun ukum , mongka kénging Ahliwarisé kang kapejahan kang kaping tiga ; anuwun ukum pejah dhateng wau kang amejahi. Saéngga sapengandhapipun sami ugi. Yén kang ngajeng angapunten kang ing wingkingngé wau Ahliwaris sami kénging anuwun ukum pejah dhateng wau kang amejahi.

Prakawis : 25

Saupami wonten tiyang setunggal amejahi dhateng tiyang kathah, enggénipun amejahi kasarêng, artosipun kasarêng : boten sarat panjingngé dedamel ameng sarêngngé enggéné sami pejah, punika ukumipun salah satunggilé Ahliwaris boten kénging amesésa anuwun uku[12]m pejah nanging saratipun undhi. Pundi salah setunggilé Ahliwaris kang angsal undhi, punika kang amesthi angsal anuwun ukum pejah. Wondéning saliya-liyanipun para Ahliwaris ameng sami amanggih dhendha kemawon kathahipun wau dhendha kadi déning kang sampun kasebut ing dalem prakawis kaping kawan likur. Nanging saupami Ahliwaris  ingkang boten kadhawahan undhi, salah setunggilipun amejahana dhateng kang amejahi wau, ukumipun boten kapejahan ameng amanggih ukuman takjir. Wondéning Ahliwaris kang angsal undhi, angsal dhendha kémawon kathahé : 100 unta, utawi : 1000 dinar.

¤¤¤

Bab Raja Tatu : Kang boten Narik Ing Pepejah
Prakawis : 26

Saupami wonten tiyang setunggal anugel tanganipun tiyang kathah, kang katugel sami tanganipun tengen sarta pernahipun ingkang katugel ing gegelitan, ukumipun kakethok tanganipun kang tengen, wondéning ingkang angsal ukuman kethok ingkang kakethok tangané ngajeng, liyanipun sami angsal dhendha, tiyang setunggilé amanggih : 50 unta, utawi : 400 dinar, bilih ingkang kakethok tiyang jaler, yén éstri : sepalihipun tiyang jaler.

Prakawis : 27

Saupami tiyang kathah angethok dhateng tangané tiyang satunggal patrapé : upami dedamel setunggal kapernahaken ing tangan nunten kapetekkaken tiyang kathah, sanéngga tangan wau tugel, ukumipun kang sami metek wau : sami kakethok sedaya. Yén kang tugel tangan tengen amanggih wales tangan tengen, yén kiwa : inggih kawales sami kiwa. Nanging saupami kang kadamel angethok punika dedamel kalih, ukumipun boten sami kake[13]thok, sawab boten tertentu pundi ingkang anugelaken, karanten pandamelé tiyang kalih : utawi dedamel kalih, amesthi yén boten dumugi panugelé tiyang setunggil, ameng sami amanggih ukuman dhendha, kathahipun wau dhendha séket unta, kabagi dhateng sakathahé titiyang kang sami angethok wau.

Prakawis : 28

Saupami tiyang anenatoni, tatunipun kantos dumugi ing tosan pangénanipun sami ugi ing sirah : utawi liyanipun saking sirah, ukumipun ingkang anatoni wau katatonan kadi déning enggéné anatoni. Kang mekaten punika, saupami enggené anatoni kelayan kasengaja. Yén enggéné anatoni boten kasengaja, utawi kasengaja, nanging Ahliwaris boten anedha wewales ameng anuwun dhendhanipun kimawon, punika ukumipun ingkang anatoni ameng kadhendha kimawon kathahé wau dhendha unta gangsal iji, utawi séket dinar. Kang mekaten punika, bilih kang katatoni tiyang jaler, yén éstri ; sepalihipun.

Prakawis : 29

Saupami tiyang angremukaken ing tosanipun manusa, panggénanipun ing sirah : utawi liyané, ukumipun kang andamel wau botek kénging yén kawalesa : karêmukna sirahé malih : utawi liyaning sirah, sawab sakelangkung pakéwed yén katrapna ing pandamel punika kelayan saupaminé. Ameng amanggih ukuman dhendha kémawon kathahé unta gangsal utawi séket dinar.

Prakawis : 30

Saupami wonten tiyang amenthun sesamining manusa, utawi liya dedamel kang [14] sami kelayan pepenthung, kang kapenthung sabarang panggénan, saéngga amindhahaken tosan saking pangénané, ukumipun boten kénging kadamela kadi déning pandamelé wau, karanten langkung pakéwed yén katrapna angingsir pangénan tosan kelayan saupaminé ing pandamel wau punika, amengka ukum dhendha kémawon kathahé gangsal unta, utawi déket dinar. Kang semanten punika, bilih jaler, yén éstri : sepalihipun tiyang jaler.

Prakawris : 31

Saupami tiyang anatoni sesamining manusa, kang tinaton sirahé : lebeting tatu saéngga dumugi kanthonging utek, ukumipun boten kénging kadamel kadi mengkaten, sawab déning langkung pakéwed yén katrapna ing pandamel punika. Amung kadhendha : kathahipun tigang dasa tigang unta : langkung sepratiganing unta setunggil utawi tigang atus tigang dasa tigang dinar : langkung sepratiganing dinar. Mekaten ugi ukumipun saupami tatu wau kantos ambedhahaken kanthongnging utek.

Prakawis : 32

Saupami wonten tiyang anenatoni sesamining manusa, kang dipun tatoni panggénanipun ing gelondhogan kadita ing weteng : ing lambung tuwin ing saliya-liyané, ukumipun boten kénging yénkadamela kadi déning enggénipun anenatoni mekaten, karanten langkung pakéwed yén katrapna. Sawab pangénan tatuwau boten kvnging kakinten-kinten kelayan saupamining wewales, ameng amedalaken dhendha kathahé tigang dasa tigang dinar : langkung sepratiganing dinar. Nanging saupami tatupunika kantos butul, artosipun kasuduk saking weteng : terus dhateng gigir, ukumi[15]pun amedalaken dhendha unta, kathahipun katikelaken, sawab déning punika kaanggep anatoni ping kalih.

Prakawis : 33

Saupami wonten tiyang anenatoni ing sesamining manusa, tatunipun ameng mecah kulit boten dhateng ing daging : utawi amedalaken rah, huawi tatu wau kantos dumugi ing daging, nanging boten dhateng ing tosan, ukumipun amanggih khukumah. Artosé khukumah, sudaning dhendha satus unta kapendhetaken sudaning rêrêgén sawab saking tatau wau. Saupami rêginé kalanipun déréng tatu rêgi satus unta, sarêng tatu suda unta setunggil, dhendhané inggih amung unta setunggil, yén sudanipun unta sedasa, inggih ambayar unta sedasa. Wondéning enggénipun angregéni wau : sasampunipun saras tatunipun, saupami tatu wau boten anyudakaken ing rêrêgén kapendhetaken sudaning rêrêgén kalaning tatu. saupami kalaning tatu boten kantos anyudakaken rêrêgén wajib sakathahé kang anyepeng ukum sami andhendhaha ing seetawis dhateng wau kang anenatoni, supados sampun kantos purun adamel kadi mengkaten malih.

Prakawis : 34

Saupami wonten tiyang anugel ing gegelitan ing sesamining manusa, kadita ing ugel-ugelan tangan ing sikut ing dhengkul sarta ugel-ugelan delamakan suku, ukumipun inggih katugel kadi sapandamelé mengkaten, sawab gampil yén kadamela. Kang mengkaten punika, bilih anedha ukum wawales, saupami amung anuwun dhendha, inggih kadhendha kémawon kathahé sékett unta : utawi gangsal atus dinar.

[16] Prakawis : 35

Saupami wonten tiyang angicalaken paningalé meripat kekalih, utawi angiris kuping kekalih, utawi angiris telapukan mripat utawi angiris bebolongan irung kekalih : utawi lambé kekalih : ilat utawi dakar, artosé dakar pelanangan, sami ugi pangirisé kantos tugel utawi déréng kantos tugel, kang kairis kedhik utawi kathah. Ukumipun kairis kadi déning konthol kalihipun, kang semanten punika : bilih ical dalasan kulitipun pisan, yén ameng mingsilan kimawon, boten kénging kaukum kawedalaken mingsilanipun malih, sawab pandamel punika langkung pakéwed yén katrapna. Amung amanggih dhendha : kathahé satus unta : utawi séwu dinar. Yén kang kakethok setunggil dhendhaipun sepalihipun, amung dakar kelayan ilat senadyan setunggala, dhendhanipun kasami kelayan kakethok kang kalih.

Prakawis : 36

Saupami wonten tiyang anenatoni sesamining manusa, tatu wau dumugi ing tosan saéngga tosanipun rêmek, ukumipun inggih katatonan kadi déning pandamelipun wau punika. Nanging menggah génipun angremekaken tosan ingkang boten kawales, sawab déning pakéwed saupami katrapna pandamel angremek tosan, amung amedalaken dhendha, supados dadosa lelintuné enggénipun angremek tosan wau, kathahipun dhendha gangsal unta, utawi séket dinar.

Prakawis : 37

Saupami tiyang anugel épék-épék ukumipun boten kéninging tiyang kang dipun tugel wau : anugelana dhanteng darijiné tiyang kang anuge[17]l ing épék-épékipun, kang saupami kelampahan kang tinugel épék-épékipun anugel dhateng darijiné kang anugel wau, ukumipun boten kawales malih, amung katakjir kimawon sawab déning purun anglangkungiwewalering paréntah. Nanging teksih kénging ugi yén anugela dhateng épék-épékipun kang katugelan darijiné wau, sawab déréng sampurna pandamelé enggéné nugel dhateng épék-épékipun piyambaké.

Prakawis : 38

Saupami wonten tiyang anatoni dhateng sesamining manusa, enggéné anatoni dhateng ing tosan, utawi anampek kelayan asta ingkang asanget amargi saking tatu, sarta panampek wau punika saéngga angicalaké ing paningal, ukumipun kang anatoni : utawi kang anampek inggih kadamela kadi déning pandamelipun mekaten. Yén saupami kantos ical paningalé tiyang kang kawales wau, inggih boten manggih punapa-punapa, sawab sampun sami pandamelé malih pamalesé. Saupami kang kaweles déréng ical paningalé, ukumipun kedah kaicalaken ugi. Nanging boten kénging icalipun paningal punika yén kadamela kadi pandamel kang sampun kasebut, kaicalna kelayan pandamel kang sampun sanget sengsarané, kadita kapanggang kelayan tosan ingkang panas utawi kapupuwan kapur barus punapa kang dados saupaminé kang angicalaken ing paningal.

Prakawis : 39

Saupamiwonten tiyang anugel darijiné manusa, kang katugel amung dariji setunggil, lami-lami angicalaken dariji kang boten katugel sawab amargi pamborokipun tatunipun dariji kang katugel wau, ukumi[18]pun katugel darijinipun ingkang naugel wau, ameng darijinipun setunggal, boten kéngnging yén katugelana kadi déning tugelé dariji kang saking borok, sawab kang katugel amung setunggal. Wondéning icaling dariji amargi saking borok tiyang kang agadhah pandamel wau : ameng amedalaken dhendha, kathahipun ing dalem dariji setunggal sedasa unta, utawi satus dinar.

Prakawis : 40

Saupami tiyang anugel tanagé tiyang kang tengen utawi amicakaken mripat tengen utawi angiris lambé kang nginggil utawi anugel dariji panuduh, utawi suku tengen kuping tengen, kelayan saupaminé kang sami anggadhahi wiwicalan, ukumipun boten kénging yén katugelna kang dédé sesaminé, artosé tengen sami tengen.

Prakawi : 41

Saupami wonten tiyang kesarasan ing pangaotané, kadi kaasta : suku : ilat, artosipun kesarasan kénging yén katamana ing pandamelané piyambak-piyambak, mongka tiyang kang kesarasan wau nugel dhateng salah setunggilé tiyang kang boten kesarasan, ukumipun kang saras boten kénging yén katugela, ameng amedalaken dhendha, kathahé : saupami kang katugel tengen kalih : satus unta, yén tangan setunggal sepalihipun, mengkaten malih ing sesaminipun, nanging saupami kang katugel kalih kang anugel punika : sami boten kesarasan, ukumipun inggih katugel kadi sapandamelé mengkaten, sawab anunggil jinis.

Prakawis : 42

Saupami wonten tiyang kang anggadhahi irung : kang waged angambet ing ambet-ambetan utawi kuping kang waged amirêngngan, mong[19]ka anugel dhateng irung utawi kuping : kang boten waged ngambet sarta amirêng, ukumipun inggih katugel ugi, sawab déning pamirêng : pangambet boten anunggil kelayan kang tinugel.

Prakawis : 43

Saupami wonten tiyang ambedhol untuning manusa, kang déréng ical pigunaning untu, artosipun teksih kekah, ukumipun inggih kadamel kadi pandamelé mekaten. Nanging saupami kang kabedhol wau untunipun bajang, asanget alité, boten kénging yén kadamela mamah, boten si mengkaten utawi untu kang sanget ébahipun, punika ukumipun boten kénging yén kawalesna, ameng amedalaken khukumah. Wondéning artosipun wau khukumah, inggih kadi déning ingkang sampun kasebut ing dalem prakawis kang kaping tigalikur.

Prakawis : 44

Saupami tiyang sepuh ambedhol untunipun laré kang déréng pupuk, ukumipun boten kénging yén kabedhola tumunten, sawab sawab sampun limrah yén waged tuwuh malih, ameng katakjir kémawon. Nanging saupami kang binedhol wau boten waged tuwuh, kang kadamel papanggeran kadita saliyanipun sampun sami rêntah : sami tuwuh, ukumipun ugi kawalesaken, ingkang ambedhol wau inggih kabedhol untunipun malih. Kang semanten punika, bilih wonten tiyang jaler kekalih kang sami anguningani : yén pangenan gusi tilas untu kang kabedhol sampun risak boten saged yén tukul untu malih. Naning boten kénging yén kabedhola : nalikanipun teksih alit laré wau, sarat angantos dhateng ing umuripun, karanten kéngin yén laré kang kabedhol untunipun yén angapuntena sasampunipun dumugi ing umuripun, artosé [20] dumugi umur wau : kang sampun anggadhahi umur gangsal welas taun, yén saupami pejah wau laré  ing sadéréngipun umur gangsal welas taun, Ahliwaris kang dados gegentosé anuwun ukum.

Prakwis : 45

Saupami wonten tiyang ambedho untuné manusa : kang sampun pupak, ukumipun inggih kabedhol, sandyan kang kabedhol wau waged tuwuh malih. Sawab tuwuhé punika sayektos saking peparingngé kang anyar.

Prakawis : 46

Saupami tiyang sampun dumugi ing umuripun ambedhon untunipun tiyang kang sampun dumugi ing umuripun nanging kalih-kalihipun déréng sami pupak, ukumipun déréng kénging yén kawalesna tumunten. Yén saupami kang kabedhol tuwuh malih, boten kénging yén kabedhola, amung katakjir kémawon. Naning saupami boten waged tuwuh malih : amargi risak saking pandamel wau, kénging yén kabedhola untunipun kang ambedhol wau. Ing saupami kang dipun ukum kabedhol untuné, mongka waged tuwuh malih, kénging yén kaukuma kabedhol malih, saéngga kaping kalih : kaping tiga, kang andadosaken panggénan untu rêsak boten waged tuwuh malih. Kang mengkaten punika, bilih kang kabedhol wau nuwun ukum malih.

Prakawis : 47

Saupami wonten tiyang anggogrogaken dhateng untuné tiyang kang sampun pupak, patrapé enggémé anggogrogaken boten kelayan kasengaja, ukumipun boten kénging yén kawalesna : kagogrogaken malih, ameng amedalaken dhendha : kathahipun satu sewidah unta, sawab déning dhendhané tiyang kang angrentahaken untu setunggal untu gangsal, kathah[21]ing untuné manusa kang limrah tigang dasa kalih. Yén saupami tiyang angreptahaken untu kang langkung saking tigang dasa kalih, ukumipun khukumah kémawon, boten kénging yén kawalesna. Nanging saupami wau kang angrentahaken yén anggadhahi untu langkung saking wiwicalan tigang dasa kalih, punika kénging yén kabedhola, karanten anunggil jinis.

Prakawis : 48

Saupami wonten tiyang anugeli sedayaning driji, patrapé boten kasengaja, ukimipun boten kénging yén katugelana, amung amedalaken dhendha : kathahipun satus unta. Sawab dhendhané driji setunggil untu gangsal, nanging saupami kang katugel punika ros-rosaning jempol, dhendhanipun sepalihé anugelaken deriji setunggil. Saupami kang katugel liyané ros-rosaning jempol, dhendhané sepratiganing dhendhanipun anugelaken deriji setunggal.

¤¤¤

Bab Angicalaken Akal Kang Boten Kéngi[nging] Katingalan
Prakawis : 49

Saupami tiyang angicalaken akal patrapé  enggéné angicalaken amargi katabook dhasipun utawi saliyanipun kang anyarupéni sami angicalaken akal, ukumipun boten kénging yén kaicalna akalipun malih. Sawab déning pakéwed pandamel angicalaken ing akal, ameng amedalaken dhendha satus unta : utawi séwu dinar. Nanging saupami tiyang kang anabok boten pitajeng : icalé akalé amargi saking pandamelé, sarat kapariksa. Saupami tiyang kang katabok punika : boten jejeg pangucapé sarta pratingkahé ing nalikané wonten pangénan kang asepi, yén sampun pinanggih saraté, ukumipu[22]n inggih katetepaken ing dhendha wau punika, sarta boten wonten ingkang kasumpah. Nanging saupami icalé akalé punika angort[a] angortan, artosé terkadhang anggadhahi akal terkadhang boten, punika kasumpah, panyumpahé nalikanipun sawg anggadhahi akal, nanging saupami nalikaning kapariksa : tiyang kang katabok angaken ical akalé wau : wonten ing panggénan kang sepi : teksih jejeg pangucapé sarta pratingkahé, boten kang pinanggih : yé[n] punika icala akalé, ukumipun kang anabok wau kasumpah ping sepisan sarta katakjir kémawon boten  amedalaken dhendha.

Prakawis : 50

Saupami tiyang angicalaken kupingngé manusa kekalih sarta pamirêngngé pisan ukumipun inggih kaicalaken kupingngé kalih pisan sarta amedhalaken dhendha enggénipun angicalaken pamirêng wau, kathahipun satus unta : utawi séwu dinar. Yén saupami tiyang kang andamel boten pitajeng saking icalé pamirêng, sarat kacoba dhateng sewiji-wiji ingkang wetawis sanget ungelipun sarta kang dipun kajrihi : ing nalikanipun katungkul, yén kaget kalané kacoba, kadorakaken pangakené icalé pamirêngngipun, nanging kang andamel wau kasumpah ping sepisan, bilih menawi saweg keparêng enggénipun amirêng wau. Sasampuné kasumpah boten amedalaken dhendha. Saupami kacoba : boten kagét, kalerêsaken pangakené  kang ical pamirêngngé wau, nangning kasumpah ping pisan, mila ksumpah inggih kadi kang ingajeng wau sawabipun, wau kang andamel tetep amedalaken dhendha kadi déning kang sampun kasebut wau punika.

[23]Prakawis : 51

Saupami tiyang anudakaken ing pamirêngngé talingan kekalih, ukumipun kadhendha, kathahipun andhérék sudaning pamirêng. Kadita : saupami kala sadéréngngé suda pamirêngngé, waged amirêngngaken ing pamirêngngan tebihé satus dhepa, sarêng sampun suda, ameng waged amirêngngaken séket dhepa, punika kadhendha séket unta : utawi gangsalatus dinar.

Prakawis : 52

Saupami tiyang amicalaken mripat kalih, ukumipun sami kelayan tiyang angicalaken pamirêng kalih. Nanging saupami angicalaken paningal sarta mripat kalih, ukumipun inggih teksih ugi kadhendha satus unta : utawi séwu dinar, sawab paningal kelayan meripat anunggil, ing saupami tiyang kang damel boten pitajeng dhateng icaling paningalé, sarat kacoba kelayan kang dipun kawedosi, kadita gegaman ajeng kacolokaken nalikané ketungkul, mongka kang ajeng kacolok jumbul kadorakaken pangakené, nanging kang andamel kasumpah ping sepisan. Yén saupami boten jumbul inggih kalarêsaken, nanging kasumpah ping sepisan sarta wau kang damel amedalaken dhendha satus unta utawi séwu dinar. Wondéning tiyang ingkang anyudakaken paningal ukumipun kadi tiyang anyudakaken ing pamirêng.

Prakawis : 53

Saupami tiyang angicalaken pangucap ukumipun dhendha, kathahipun séwu dinar utawi satus unta. Wondéning dhendhané tiyang angicalaken pangucap kabagi dados wolulikur aksara, katiga : saupami titiyang angicalaken sepalihé ungel-ungelan wolulikur, dhendhanipun séket unta : utawi gangsalatus dinar. Saupami kang kai[24]calaken ungel-ungelan sepratiganing aksara wolulikur, dhendhané inggih sepratiganipun unta satus utawi sepratiganing séwu dinar.

Prakawis : 54

Saupami tiyang angicalaken ing raos kadita angraosaken ing tetedhan asem legi : gurih : saupamanipun kang sami kénging karaosaken, ukumipun kadhendha satus unta : utawi séwu dinar. Wondéning dhendhané ingkang angicalaken raos-raos wau, kaprinci dadose gangsal kadita manis kecut pait tawi : sarta asin, yén saupami kang kaicalaken salah setunggilipun unta satus utawi para gangsalanipun séwu dinar, dhateng saurutipun.

Prakawis : 55

Saupami wonten tiyang anggetak dhateng laré kang déréng gadhah kapikiran utawi tiyang édan, wau laré utawi tiyang édan panggénané wonten sanginggilé loténg : utawi ing pinggiré sumur kagetak kagét dhawah saéngga pejah, ukumipun wau ingkang anggetak kadhendha satus unta : utawi séwu dinar, boten kénging yén ukum pejah, sawab pandamel kang mengkaten punika boten limrah yén anarikka ing pejah. Nanging saupami kang ginetak punika tiyang kang sampun anggadhahi kapikiran, ukumipun amung katakjir kémawon, boten amedalaken dhendha kadi mengkaten.

Prakawis : 56

Saupami wonten tiyang anyéléhaken  dhateng laré, kaséléha[25]ké wonten ing wana, mongka laré wau katedha ing buburon kang galak kadi macan utawi sasaminé, ukumipun amung katakjir kémawon, sawab wateké buburon kang galak semangsanipun pepanggih ing manusa wonten panggénan kang kawiyar : lumajar. Nanging saupami kang dipun séléhaken wau kewula, artosé kewula : tiyang tumbasan, ukumipun katempahan ing sarêginé kewula wau. Yén saupami enggéné anyéléhaken wau wonten ing kandhangngé sima utawi sapepadhané, ukumipun kapejahan.

Prakawis : 57

Saupami wonten tiyang ambujeng sesamining manusa, kabujeng kelayan ambekta dedamel leligan kang sakinten dedamel punika amemedosi, mongka kang kabujeng wau saking sanget ajrihé lumajar : aniba utawi anggebyur dhateng sumur : utawi saupaminé kang sami angrusak ing awak-awakkan saéngga pejah, ukumipun kang ambujeng boten knging yén kapejahan : utawi kadhendhaha, sawab karêsakkan punika medal saking pikajengngé piyambak, amung katakjir kémawon supados sampun purun andamel kadi mengkaten malih. Nanging enggénipun kelebet ing sumur punika amargi saking boten nguningané, kadi saupami kang kabujeng punika wuta : utawi peteng, ukumipun kang ambujeng kadhendha satus unta : utawi séwu dinar, mengkaten ugi ukumipun saupami kang kabujeng punika laré kang déréng anggadhahi ing kapikiran saé. 

Prakawis : 58

Saupami tiyang andamel sewiji sumur : enggéné andamel wonten panggénané liya : kang boten angsal wewenang pandamelé wau, utawi enggénipun andamel sumur wonten margi kang rupek, mongka wonte[26]n tiyang  kang kelebet ing sumur punika : saéngga pejah, sami ugi enggéné kelebet dalu utawi  siyang, ukumipun kang andamel sumur kadhendha satus unta : utawi séwu dinar. Kang mengkaten punika, saupami kelebeté boten kelayan kasengaja, yén lebeté kelayan kasengaja, boten amanggih ukuman dhendha, ameng katakjir kimawon.

Prakawis : 59

Saupami tiyang andamel leluwangan wonten ing griyané piyambak mongka angundang dhateng tiyang : utawi laré kang sampun anggadhahi kapikiran, sarêng malebet ing griya, kang dipun undang wau lajeng kecemplung sumur : saéngga pejah, ukumipun boten kénging yén kapejahan, amung amedalaken dhendha satus unta : utawi svwu dinar. Nanging yén saupami laré kang kacemplung déréng anggadhah kapikiran kang saé, ukumipun kapejahan.

Prakawis : 60

Saupami wonten tiyang anyéléhaken genthong : utawi saliyané : wonten pangénané piyambak wau genthong amargi kanginan angrebahi tiyang : saéngga dados karêsakkané : dhateng ing pejah, utawi boten namining karêsakkan wau, ukumipun kang andarbéni genthong boten amanggih punapa-punapa, sawab pandamelé amatuti kelayan manusa kathah.

Prakawis : 61

Saupami wonten tiyang angurubaken geni ing panggénané piyambak enggéné angurubaken nalikaning angin ageng, utawi nalikané boten wonten angin nanging anglangkungngi angengngé enggéning angurubaken geni wau, mongka angresakaken dhateng sewiji-wiji, ukumipun katempahan. Saupami kang rêsak punika tiyang : saéngga pejah, ukumipun kadhendha, ka[27]thahé satus unta : utawi séwu dinar. Yén kang rêsak punika dédé manusa, inggih katempah punapa sarêginé kang rêsak wau.

Prakawis : 62

Saupami tiyang agadhah griya wonten pinggiring margi, griya wau mawi kasukanan dhedhungklo : utawi pancaran sami kacongolaken dhateng margi, saupami angrentahi salah setunggilé dhateng sawiji-wiji : saéngga karêsakan, ukumipun katempahan, nanging saupami kang rêsak amargi kedhawahan kang wonten sajawining pager kémawon, ukumipun katempahan sedaya. Yén kang rêsak amargi kedhawahan kang wonten sajawining pager : sarta salebeting pager, ukumipun katempahan sepalih. Sawab kang wonten salebeting pager punika boten mesthi amedalaken tetempah. Kang mekaten punika, saupami dungklo sarta pancaran pangénané kang sepalih wonten sajawining pager kang angungkuli ing margi, kang sepalih wonten salebeting pager.

Prakawis : 63

Yén saupami tiyang andamel griya kadhoyongaken dhateng ing margi : utawi dhateng ing panggénané tiyang, mongka angrebahi dhateng sewiji-wiji : saéngga karêsakkan, yén saupami rêsakké amargi kedhawahan kang dhoyong kémawon ukumipun katempahan sedaya, yén rêsakké amargi kedhawahan kang dhoyong sarta kang boten dhoyong, ukumipun katempahan sepalih, kranten kang boten dhoyong boten masthi katempah.

Prakawis : 64

Saupami tiyang andamel griya jejeg, lami-lami dhoyong : saéngga rêbah, angresakkaken ing sewiji-wiji, ukumipun boten katempahan, sawab dhoyongngé punika boten kasengaja.

[28]Prakawis : 65

saupami tiyang ambebucal ing sewiji-wiji kang sami lunyu, kadita kuliting semongka : kulit gedhang : utawi saupaminé, kabucal wonten ing margi kang limrah kaambah ing manusa, mongka andhawahaken saéngga  rêsak amargi pandamel  wau, ukumipun kang ambucal katempahan, kang mengkaten punika, saupami kang angambah boten uninga, yén uninga : boten katempahan.

Prakawis : 66

Saupami wonten tiyang andamel leluwangngan  kang boten wenang yén kadamela, sarta wonten malih tiyang sanés anyéléhaken séla kang boten wenang enggéné anyéléhaké, kadita anyéléhaké kang dédé panggénané piyambak, mongka wonten tiyang kesandhung ing séla wau, lajeng kelebet ing wau punika : saéngga pejah, ukumipun kadhendha satus unta: utawi séwu dinar. Dénten kang damel luwang : ukumipun katakjir ké,mawon, sawab déning dhatengngé karêsakan utawi pejah amargi pandamelé kang andékékaken séla. Nanging saupami pandékékipun séla wonten ing panggénanipun piyambak, ukumipun kang andamel luwang kadhendha séwu dinar.

Prakawis : 67

Saupami wonten tiyang tetiga, kang setunggal anyéléaken séla setunggal tiyang kang kekalih amung anyéléhaken séla setunggal, séla kekalih wau sami kadékék ing pangénan kang boten wenang kadékékana, mongka kesandhung ing titiyang : saéngga karêsakan, ukumipun sami katempahan, tiyang setunggilé anyanggi sepratiganing tetempah. Kathahé tempah, yén dhateng pejah kang anyandhung wau, sa[29]tus unta : utawi séwu dinar. Yén boten dhateng ing pejah, inggih kpiturutaken kadi déning ukumipun kewula kang dados anyudakaken ing rêrêgen.

Prakawis : 68

Saupami wonten tiyang anyéléhaken sé ing panggénan kang botwn wenang kadékékan séla, mongka wau séla wau kesandhung dhteng sewiji tiyang, saéngga pindhah séla saking panggénané, nunten wonten tiyang setunggal malih, anyandhung saéngga dados karêsakané kang anyandhung kaping kalih, ukumipun katempahan kang anyandhung wiwitan, wondéning kang andékék wau katakjir kimawon.

Prakawis : 69

Saupami wonten tiyang lumampah, mongka anyandhung dhateng tiyang kang sawég andhoshok utawi lenggah : ngadeg, panggénan kang sinandhung wau wonten ing margi kang ajembar, mongka sami pejah kang anyandhung kalih kang sinandhung : utawi salah setunggilé kimawon, mongka boten katempahan  ing atasipun tiyang kang sinandhung. Wondéning kang anyandhung katempahan. Yén saupami panyandhungngé wonten margi kang rupek boten katempahan kang nyandhung, sawab rupekking margi.

Prakawis : 70

Saupami wonten tiyang kekalih sami tetunjangngan kasengaja utawi boten kasengaja, panggénané wonten ing margi, saupami dhateng ing pejah salah setunggilé, amesthi katempahan kelayan sepalihé tetempah artosé gangsalatus dinar kathahé tetempah wau. Yén saupami enggéning tetunjangngan kelayan anenunggang, mongka sami pejahé tetunggangan kalih kang anunggang amargi saking pandamel wau, samiya rêgi[30]né kang tinunggangngan utawi boten sami rêginé, mongka katempahan sepalihipun saking rêginé tetunggangngan wau. Artosé saupami tetunggangngan  kang setunggil rêgi satus kang setunggil rêgi sedasa réyal, mongka kang rêgisatus amanggih tempah séket kang sedasa angsal tempah gangsal réyal.

Prakawis : 71

Saupami wonten tiyang kekalih arêbatan tangsul setunggil sami tarik-tinarik kang tangsul kelampahan pedhot kang sami rêbatan sami dhawah : saingga amanggih karêsakan  sakalihé amargi pandamel wau, ukumipun sami katempahan ing sepalihé tetempah. Artosé sepalihé tempah, ing dalem pamejah satunggil ameng ambayar séket unta : utawi gangsalatus dinar. Nanging saupami tangsul punika tertentu gadhahané tiyang setunggil mongka karêbat patrapé enggéné rêrêbatan kang sampun kasebut ing ngajeng, ukumipun katempahan ingkang amedhot wau, katempahan kathahé satus unta : utawi séwu dinar, sawab wonten pamejah kalih wau amargi saking pandamelé.

Prakawis : 72

Saupami wonten tiyang anggebug wetengngé tiyang kang saweg meteng, mongka medal wetengngan amargi pandamel wau, nanging medalé sampun pinanggih pejah, ukumipun kang anggebug katempahan, warnining tetempah kewula setunggil kang sepi saking cacad, wau tetempah kasukakaken dhateng Ahli wa[31]ris, yén saupami wedaling anak teksih gesang sarta boten mawi sesakit monka nunten pejah, ukumipun boten katempahan, mila sapunika, sawab pejah ing anak boten saking pandamelé punika, pejah sangking liyané, amung amanggih ukuman takjir. Yén saupami pejahé wau anak ing nalikaning medal utawi ambekta sesakit sarta sesakit wau tetep saéngga ing pejah, ukumipun ksng snggebug wau kadhendha satus untu : utawi séwu dinar.

Bab Amratélakaken Tiyang Agadhah dakwa

Prakawis : 73

Saupami wonten tiyang agadhah dakwa pepejah : utawi saliya-liyanipun, punika boten kénging yén tumunten kaanggepa paturané, yén déréng wonten sarat ingkang nem prakawis.

Ingkang satunggil, atur wau ajeng anenélakaken pamané amejahi : utawi botenipun, sarta ajeng anenélakaken kang mejahi punika tiyang setunggil utawi kalih. Saupami tiyang kang gadhah atur déréng anyaosaken pratéla kang  kadi mengkaten sayogya kang anyepeng ukum amratélakna.

Kaping kalih, sarat ajeng tetep kedadosaning prakawis kang katerkakaken wau, kadita : tiyang anerka dipun wéwahi, boten kénging boten kedah amiraos wau pawéwéh sampun piyambakké tampéni.

Kaping tiga, ajeng amratélakaken dhateng tiyang kang katerka. Mila sapunika, sabab boten kénging kaanggep panerkané tiyang  setunggil anerka salah sewijiné tiyang kathah kang déréng tertentu.

Kaping sekawan,  sarat ajeng wonten kang anerka kalih kang  tinerka : sami [32] agadhah kapikiran kang patut kang sampun sami ngumugi ing umuripun, sawab laré kalih tiyang éngan boten  kepirêng yén sami adarbéya atur panerka.

Kaping gangsal, sarat ajeng wonten kang anerka kalih kang tinerka wau : kang sami anarimayén katetepan ing ukum, artosé saking nunggil agami. Sanadyan kang liya agami, bilih trima kaukuman.

Kaping nem, sarat ajeng anetepi tiyang kang gadhah terka wau dhateng panerkanipun, artosé  kadita : saupami tiyang anerka dhateng tiyang amejahi ing anakké, enggéné amejahi kapejahan piyambak, mongka nunten agadhah panerka dhateng liyané, sami ugi tiyang liyané wau keterka piyambakkan utai kalih kang sampun katerka ing ngajeng wau, kang mengkaten punika : boten kéngin kanggepa paturanipun, sawab déning ketingal doranipun amrgi penerkanipun kang ngajeng wau.

Prakawis : 74

Saupami wonten tiyang angadhah terka, wondéning  ingkang katerkakaken prakawis pepejah, nanging panerkaning acaket dhateng kalerêsanipun, kadita bangkéné kang pejah : utawi tetunggilané wau bangké kang amesthi pejahé : pinanggih wonten sawiji panggénan kang kapisah saking nagari, lajeng katerkakaken dhateng tiyang kang sami wonten ing panggénan punika, utawi pinanggih wonten dhusun kang alit nanging sarat tiyang ing dhusun punika sampun dados satruné tiyang  kang pejah wau : sarta boten wonten kang momori malih, utawi kapanggih katilar tiyang kathah, artosé : kang wau tiyang kathah sami kumpulan nunten sami bubar : panggénané enggéné kekumpulan wonten bangké. Utawi wonten tiyang jaler satunggal kang [33] acicriyos yén uninga kang amejahi, boten  tatiyang jaler setunggil utawi laré kathah : utawi tiyang étri kathah, kang punika kaukumipun kalerêsaken panerkané tiyang punika, nanging mawi kasumpah ping séket, sasampuning kasumpah, kang katerka wau amedalaken dhendha, kathahipun satus unta : utawi séwu dinar. Nanging wau kang anerka kénging yén anedhaha supaosé kang dipun terka wangsul ping séket, sampuné sumpah : tiyang ingkang katerka : kang acakket kelayan kalerêsané boten manggih punapa-punapa. Nanging saupami tiyang  kang katerka : kadi kang  sampun kasebut wau punika mungkir, pamungkiré boten angakeni asesarêngngan kelayan tiyang kathah kang sami atilar ing pepejah wau, utawi agadhah wiraos kalané wonten pepejah : piyambakké saweg kekésahan, punika ukumipun kang mungkir kasumpah ping sepisan, kang kajanjékaken temen-temen boten sesarêngngan utawi saweg anuju kekésahan kadi déning pamungkiré mengkaten, ananging enggéné katerka memejahi teksih katetepaken. Mongka teksih ugi mungkir boten ngraos amemejahi, mongka kasumpah kang mungkir wangsul ping séket, kang anerka boten usah kasumpah malih, sawab penerkané sampun boten akanthi ing kalerêsané.

Prakawis : 75

Saupami wonten tiyang  anggadhahi panganggep ing kesalahané paréntah ing ratu, mongka tiyang punika lajeng lumuh boten purun andhérék ing paréntahing ratu, kang piyambakké sampun anglampahi salami-laminé, utawi lumuh kaukuman kang sampun tetep ing piyambakké, sarta wau titiyang anggadhahi pangajeng : utawi kepala : kang kelayan saokah, [34] ukumipun boten kénging boten ratu amesthi amerangngan. Nanging  sarat ratu ajeng andamel utusan rumiyin dhateng tiyang kang wicaksana ing ngélmi sarta digdaya ing paprangngan, kang supados wau utusan asuka apitutur kang patur sarta apitakéna utusan punapa prakawis kang dados boten karêmbagané. Yén saupami tiyang kang bongga punika amestani, yén ratu boten anglenggahi paréntahé agaminé, anangela utusan icalé kang kawestanan wau. Yén saupami teksih anetepi ing bonggané, asukaha uningawau utusan, yén kang bongga wau badhé kaprangngan. Yén saupami anedha inah kang bongga, inggih kaantos ing sawetawis, nanging saupami sampun kaprangngan  titiyang kang bongga sami umajeng, sampun boten anglawan wau lajengngé, mongka kacepeng, boten kénging yén kapejahan. Yén teksih anglawan sayogya kapejahan : sarta kajaraha saraja darbékké. Yén sampun amiturut paréntahing ratu, sarta sampun sepi ing pakikinten yén puruna bongga malih, sayogya barang darbékké sami kaparingna malih. Yén saupami salebeting paprangngan wontena pepejah : sarta barang kang sami risak, ukumipun boten kénging anuwuna wewales sarta tetempah. Nanging saupami wonten tiyang balila ing ratu, kang boten pisan-pisan ratu andamelaken salahan, kelampahan tiyang kang balila wau kaprangngan sarta wonten kénging punapa-punapa. Bilih kang merangngi sami pejah : utawi rêsak barang darbékké, wajib kang balila wau sami anempahan : utawi kawales kapejahan, kang semanten punika, bilih kantenan kang gadhah pandamel.

[35]Prakawis : 76

Saupami wonten tiyang ambégal tuwin angampak, kantos amendhet barang pengaos tigang tangsul, enggéné amendhet wau barang panggénané wonten ing pasimpenan, ukumipun katugel ugel-ugelanipun tangan tengen sarta sukuné kiwa, sarta mesthi amangsulaken barang kang  pinendhet. Yén saupami sampuné kakethok purun andamel malih, ukumipun kakethok tanganipun kiwa sarta sukuné tengen. Yén saupami sampun kakethok wangsul ping kalih : purun andamel malih, ukumipun boten kénging yén kapejahan, amung katakjir kémawon. Yén saupami pandamelé sarta amejahi, ukumipun inggih kapejahan sarta kapanjer laminé tigang dinten. Senadyan Ahliwarisé kang pinejahan wau angapuntena, inggih kedah kapejahan ugi. Nanging saupami boten kantos amendhet barang kang wonten pasimpenan utawi barang kang pinendhet wau kantos kirang saking tigang tangsul, ukumipun katakjir kémawon sarta amangsulaké kang cinolong.

Prakawis : 77

Saupami wonten tiyang amandungngi mélik apengaos tigang tangsul, enggéné mendhet wonten pasimpenan, ukumipun kakethok tangané tengen sarta amangsulaken barang. Yén saupami sasampunipun kakethok purun mandung malih, pikantukké  kadi kang wau, ukumipun kakethok sukuné kiwa. Yén saupami purun mandung malih, ukumipun kakethok tanganipun kiwa. Yén purun malih kakethok sukunipun tengen. Yén saupami sampuné kakethok : wangsul ping sekawan purun mandung malih, ukumipun boten kénging kapejahan, amung katakjir kimawon.

[36]Prakawis : 78

Saupami wonten tiyang purun angrebat gadhahané titiyang, pangrebaté kelayan satmata, ukumipun boten kénging yé kakethokka, amung katakjir sarta amangsulaken barang.

Prakawis : 79

Saupami wonten tiyang anyolong korining mesjid, kang kapendhet wau pengaos tigang tangsul, ukumipun kakethok tangané. Nanging yén saupami kang kapendhet punika klasané : utawi dedamarané : kang asring sami kanggé : saliyanipun kang sami kadamel pepaosing mesjid, ukumipun boten kénging kakethok tangané, amung katakjir kimawon sarta amangsulaken barang. Kang mengkaten punika, bilih kang mendhet anglenggahi ing agami, yén saupamiboten anglenggahi, inggih kakethoh tangané.

Prakawis : 80

Saupami titiyang amendhet ulesé tiyang pejah kang sampun kawenangngaken ing agami, kadita ules sinjang gangsal utawi sakirangngipun, ukumipun kakethok tanganipun tengen. Kang mangkaten punika, bilih kuburipun caket ing pépahan, bilih tebih, ukumipun katakjir kémawon sarta amangsulaken barang.

Prakawis : 81

Saupami tiyang amendhet barang pepandhungan kang teksih kasimpen déning kang mandung, ukumipun kang amendhet boten kakethok tangané, ameng katakjir kimawon. Wondéning barang kang pinendhet saupami wonten  kang ngaken, amesthi kawangsulaké. Yén kang gadhah sampun pejah, kasukakna Ahliwarisé. Yén sepi salah satunggilé, kaaturna dhateng kang anyepeng ukuman.

[37]Prakawis : 82

Yén saupami tiyang mungkir amargi katerka amemandung, nanging kaseksénan tiyang jaler kekalih, ukumipun kakethok tangané tengen sarta anempahi barang. Yén kaseksénan tiyang jaler setunggil éstri kekalih, ukumipun ameng anempahi barang, boten kénging yén kakethokka tanganipun. Mengkaten ugi : yén kaseksénan tiyang jaler setunggil sarta kang anerka purun sumpah, inggih anempaho barang. Yén saupami boten wonten kang anekséni pisan, ukumipun amung kasumpah ping sepisan. Nanging yén saupami kang katerka boten purun sumpah, ukumipun kawangsulaken wau sumpah dhateng  kang anerka, sasampuné sumpah kang anerka, amesthi anempahi dhateng barang kang tinerkakaké. Yén saupami kang anerka boten boten purun sumpah, ukumipun kalebaraken panerkané, kang tinerka boten kénging punapa-punapa, sarta boten kénging yén anerka malih.

Bab Takjir
Prakawis : 83

Saupami wonten tiyang purun adamel kalepatan sami ugi dhateng Gusthi Allah : utawi dhateng manusa, artosé enggéné adamel kalepatan wau boten wonten salah sewijiné ukuman kang kénging katrapaken, ameng katakjir kémawon. Wondéning warnining kalepatan dhateng Gusthi Allah : kadita angrangkul tiyang éstri kang dédé rabiné : dados seksi goroh : totohan utawi saupaminé. Wondéning warniné kalepatan kang dhateng manusa : kadi ta amemisuh : utawi amirangaken titiyang : utawi saupaminé.

Prakwis : 84

Saupami tiyang minum sajeng : utawi sawerniné minuman kang sami  angendemi, senadyan panginumé déréng kantos mendem, ukumipun pinukul kelayan camethi utawi tangan  wangsul ping kawan dasa.

[38]Bab Anulak Panganiayaning Titiyang

Prakawis : 85

Saupami wonten tiyang ajeng dipun kaniaya sesamining manusa, kadita ajeng dipun senjata : utawi saliya-liyaning dedamel kang wetawis wau dedamel amejahi : utawi boten, mongka wau tiyang kang  ajeng dipun kaniaya : angrumiyini kelayan dedamel ingkang  ngupaméni, saéngga kang anganiaya wau dhateng ing pejah, ukumipunnkang amejahi boten amanggih punapa-punapa. Keranten  pandamel punika : yén boten karumiyinan, amesthi andamel kacilakan dhateng piyambakkipun. Nanging saupami kang ajeng kadamel anganiaya wau gegebug, mongka kasenjata utawi kawaos, ukumipun ingkang ngrumiyini waged angupados dedamel ingkang anyameni kalih dedamelé ingkang ajeng anganiaya. Artosé ajeng kapenthung : katulakka kelayan pepenthung, mongka kedah anulak kelayan dedamel senjata, punika ingkang kepejahan. Nanging saupami boten waged angupados dedamel liyanipun sarta kebetah boten saged lumajar, ukumipun boten amanggih punapa-punapa.

Prakawis : 86

Saupami wonten tiyang griyané kalebetan pandung, wau pandung sampun amendhet barangngé kang gadhah griya, mongka kauningngan dhateng kang gadhah griya, pandung lumajar sarta ambekta barang, lajeng kabujeng dhateng kang gadhah, yén saupami pandung boten purun andhawahaken barang kang kabekta, kénging yén andhawahna dedamel dhateng pandung, kang sekinten barang katilara. Senadyan dhatengnga ing pejah, inggih boten kénging yén kadhawahana dedamel. Saupami kala[39]mpahan : pamdung kang sampuh andhawahaken barang kawaos utawi saliya-liyané : saéngga dhateng ing pejah, ukumipun kang andamel kapejahan.

Prakawis : 87

Saupami wonten tiyang lumebet pagriyanv titiyang,  lebeté kelayan ambekta dedamel, sejanipun ajeng anganiayadhateng kang gadhah griya, mongka kang gadhah griya angrumiyini kelayan dedamel kang anyaméni : saéngga anugelaken tanganipun kang anganiaya wau, ukumipun boten amanggih punapa-punapa. Nanging saupami sekinten kénging  kapenging kalayan wiraos utawi katulak kelayan dedamel kang alit, mongka kedah ugi katugel, ukumipun kang anugel inggih katugel, sawab boten kénging angrumiyinana dedamel kang ageng : anilar dedamel kang alit. Saupami dados selaya kang dipun tugel kalih kang nugel, pangakené kang dipun tugel kénging yén katugela kelayan dedamel kang alit, wangsulané kang anugel boten kénging, sepi saking seksi, kang punika kalerêsaken paturanipun kang anugel sarta kanthi sumpah ping sepisan. Nanging saupami angakeni kang dipun tugel wau : boten pisan-pisan sejaha anganiaya, kang punika boten kénging yén kalerêsna aturé kang anugel, saupami boten wonten seksiné : utawi pratandhané tiyang kang  katugel wau. Nanging saupami wonten pratandhané, kadita lebeté mawi angliga dhuwung : utawi saupaminé, yén mengkaten patrapé, kalerêsaken paturanipun kang anugel, artosé kang gadhah griya.

[40]Bab Mungkiré Tiyang Kadakwa

Prakawis : 88

Saupami wonten tiyang katerka mungkir, sami ugi kang katerkakaken prakawis pepejah : utawi liyanipun, sarta boten anggadhahi seksi, ukumipun kang tinerka kasumpah wangsul ping séket, yén saupami kang katerkakaken prakawis pepejah. Yén liyanipun pepejah, kasumpah ping sepisan.

Prakawis : 89

Saupami tiyang angakeni, utawi mungkir, nanging pamungkiré wonten kang nekséni, ukumipun katetepaken punapa prakawis ingkang sampun dipun akeni : utawi kang kaseksénan, wondéning warnining tiyang  kang kaanggé dados seksi, kang rumiyin tiyang mardika kang sampun dumugi ing umuré, kang anggadhahi kapikiran saé, kang boten atilar paréntahipun Gsthi Allah, sarta boten anglampahi ingkang cinegah, kang anggadhahi kawirangan, kang sepi saking pangangkah kang amikantuk ing piyambakké, kang waged amiraos, kang émutan. Nanging yén saupami kang dipun sekséni prakawis pandamel kadita amendhet gadhahaning tiyang : tuwin anenatoni, sarat kang anekséni wau ajeng uninga. Yén saupami kang dipun sekséni ungel-ungelan kadita pengaken utawi wadé tinumbas, sarat kang  anekséni aningali sarta amirêng. Boten  kénging  kang anyepeng ukum adamel katetepaning prakawis ingkang kaseksénan déning  tiyang jaler satungg, nanging kaanggep seksi tiyang jaler setunggil yén  anekséni tanggalipun wulan ramelan, kang supados kathah ing manusa samiha énggal-énggalna anglampahi paréntahé Gusthi Allah. lan boten kénging malih tiyang anyepeng ukum anete[41]paken kaukumané tiyang bandrék yén saupami boten angakeni piyambak utawi kaseksénan tiyang jaler sekawan kang sami anguningani wau seksi lebeté pajalaran dhateng pawétrén, nanging tiyang jaler kekalih anekséni ing pangakené kémawon boten dados  anekséni pandamelé enggénipun bandrék. Yén saupami kang kaseksénan barang mélik utawi jajén-jinanjén, kadita anekséni wadé tinumbas sambat-sinambat utang piutang : gadhé-ginadhé : ananggel utawi sasaminé, punika cukup yén sami kaseksénan tiyang jaler kekalih : utawi tiyang jaler setunggal tiyang éstri kekalih : utawi tiyang jaler setunggil kakanthénan sumpah. Yén saupami prakawis punika sami limrah dipun kauningani tiyang jaler, kadita ningkah : amegat dhateng rabiné : tuwin amangsuli, angaken amejahi, dados wakil, wasiyat, artosé teswén, bebathon, akén andagangngaken, kang punika kedah tiyang jaler kekalih kang amesthi dados seksi. Yén saupami prakawis punika boten limrah yén dipun kauninganan tiyang jaler, kadita tetepé prawan tiyang éstri gadhah anak cemer kain utawi suker, tiyang anusoni, celanipun éstri kang kesasaban sinjang, kang punika kénging kaseksén tiyang jaler kekalih : utawi jaler setunggil éstri kekalih : utawi éstri sekawan.

Prakawis : 90

Yén saupami wonten tiyang mungkir katerka prakawis barang mélik, utawi dédé barang mélik kang kasejakaken barang mélik, warniné barang mélik kadita sambut-sinambut utang-piutang : tuwin saupaminé kang anami barang mélik, warniné kang kasekaken barang mélik kadita amejahi tiyang patrapé kalepatan artosé boten kase[42]ngaja, kang punika saupami kang gadhah seksi setunggil sarta purun sumpah, ukumipun kang katerka katetepan punapa ingkang katerkakaken, nanging sumpahé sarat anyebut lerêsé wau seksi. Nanging kénging wau kang anerka boten  purun sumpah : anedha sumpahé ingkang katerka kémawon, saupami kang katerka boten purun sumpah, kénging kawangsulaken sumpah dhateng kang anerka. Yén kang anerka boten purun sumpah, kalebaraken wau prakawis.

Bab Barang Setunggil Kaaken Tiyang Kekalih

Prakawis : 91

Saupami wonten barang setunggal kaaken tiyang kekalih, nanging  barang wonten tanganipun tiyang  sanés, wau tiyang kang anyepeng barang boten amratélakaken yén punika  gadhahané tiyang kang sami ngaken salah setunggilé, utawi tiyang kalih wau  sami anggadhahi seksi, ukumipun tiyang kalih kang sami angaken barang : sami kasumpah. Sasampunipun sami kasumpah, barang kapalih : utawi dados gadhahanipun tiyang kalih. Ing saupami salah setunggilipun kémawon ingkang purun sumpah, mongka barang wau kegadhah kang kasumpah sedaya. Nanging yén tiyang kang kanggénan barang mawi amratélakaké, yén barang tertentu darbékké salah setunggilé, mongka barang kedarbé dhateng kang kapratélakaken wau, sarta boten mawi kasumpah.

Prakawis :  92

Saupami barang setunggal kaaken tiyang kekalih, sami andarbeni seksi kalihipun, wau barang sami kacepeng sarêng, kadita barang awarni griya : tiyang kalih sami angenggéni : sami andadosi, kang punika inggih kate[43]paken kedarbé tiyang kekalih. Mengkaten ugi ukumipun saupami boten kacepeng ing tanganipun salah setunggilé.

Prakawis : 93

Saupami barang setunggal kaaken tiyang kekalih kang sami anggadhahi seksi, nanging barang kacepeng dhateng salah setunggilipun, ukumipun wau barang kadabé ingkang anyepeng  tanpa sumpah.

Prakawis : 94

Saupami tiyang salaki sarabi sami angaken barang isén-iséning griya, kang tanpa seksi kalihipun, sarta barang boten tertentu patur kaanggé dhateng salah setunggilé. Warnining barang kang  patut kaanggé dhateng jaler éstri, kadita sinjang prantos kemul, utawi boten patut kaanggé jaler éstri, kadita seseratan sakalihé boten  waged angungelaken, ukumipun sami kasumpah, barang kedarbé tiyang kalih. Nanging saupami barang patut panganggéné éstri kémawon kadita jontra : tenunan utawi saliyané kang sami anyaméni, ukumipun kedharbé dhateng kang éstri, nanging mawi sumpah sepisan, yén barang patut panganggéné tiyang jaler, kadita waos dhuwung : tuwin sasaminé, punika kedarbé kang jaler, inggih mawi kasumpah ping sepisan.

Prakawis : 95

Saupami barang setunggal sami kaaken tiyang kekalih, tampa seksi kalihipun, wau barang kacepeng dhateng salah setunggilé tiyang kekalih wau, ukumipun wau barang kegadhah dhateng kang anyepeng : sarta kasumpah sepisan, nanging saupami kang kanggénan barang boten purun kasumpah ukumipun kasumpah kang boten anyepeng barang, sasampuning kasumpah : barang kasukakaken dhateng tiyang kang kasumpah wau. Saupami kang boten a[44]nyepeng barang boten purun sumpah, ukumipun kalebaranken prakawis barang katetepaken dhateng kang anyepeng wau.

Prakawis : 96

Saupami wonten tiyang atumbas sewiji barang, sarta sampun piyambakké tampéni, mongka barang kaaken tiyang sanés sarta pangaken kelayan seksi, ukumipun wau barang kapasrahaken dhateng kang  angaken sarta boten mawi kasumpah. Nanging kang anumbas kénging yén anedha artané dhateng kang wadé dhateng piyambakké. Nanging yén kang angaken wau tanpa seksi, mongka kang tumbas boten purun sumpah, sarta anedha sumpahé kang  angaken wau, utawi angakeni piyambak kang anumbas wau, yén wau barang gadhahanipun tiyang kang angaken, ukumipun kang numbas boten kénging anedha wangsulipun arta dhateng kang awadé, sawab kainan enggéné boten purun sumpah, utawi enggéné angakeni : yén punika gadhahané kqang angaken wau.

Prakawis : 97

Saupami barang setunggal kaaken tiyang kekalih kang sami boten agadhah seksi, wau barang wonten tanganipun tiyang sanés, kang punika yén kang anyepeng barang angaken gadhahané salah setunggalé tiyang kalih wau, ukumipun kapasrahaken dhateng  kang dipun akeni dhateng kang anyepeng barang  wau. Nanging kénging tiyang kang boten kaakenaken yén anedhaha sumpahé tiyang  kang atampi barang. Yé saupami kang kanggénan barang  boten angakenaken teng salah setunggilé, ukumipun sami kénging tiyang kekalih wau : yén anedhaha sumpahé dhateng kang anyepeng barang, sampuné kang anyepeng wau.

Prakawis 98

Saupami wonten tiyang agadhah panerka, kang katerkakaken barang mas u[45]tawi selaka, kang punika sarat kedah anebut kawan prekawis, kang rumiyin jinisipun, kaping kalih : kertanipun, kaping tiga : kathah kedhikkV : utawi wawraté.

Prakawis : 99

Saupami wonten tiyang katerka sabatan sarta wonten kang  sekséni, ukumipun boten kénging mawiya anedha sumpahé kang anerka. Kénging anedha sumpah : yén kang tinerka agadhah basa sampun ambayar : utawi sampun kasukakaké. Kang mengkaten punika, bilih kang anerka déréng ambekta seksi wonten ngarsané kang anyepeng ukum kang déréng kaprantasan. Yén pangakené sasampunkadhatengngan  seksi ing ngarsané ukum sarta sampun kaprantasan, boten kéngingyén kaanggepa paturan wau punika.

Bab Tetempah Amargi saking Kainan

Prakawis : 100

Saupami tiyang anunggang ing tetunggangngan utawi anggiring : utawi anuntun, wau tetunggangngan adamel karêsakané barang mélikké tiyang, kadita kaidakkan utawi kasénggol, ukumipun kang nunggang : utawi kang anggiring : kang nuntun sami katemouhan, wondéning kathahing tetempun : punapa parêginé kang karêsakaken, sami ugi pandamelé ing mongsa rinten utawi dalu.

Prakawis : 101

Saupami wonten tetunggangngan setunggal dipun titihi tiyang kekalih : sarta mawi katuntun kagiring, mongka tetunggangngan wau andamel risakké barang mélikké tiyang, ukumipun kang katempahan ameng kang sami nunggang punika kémawon sepalih sowang. Yén saupami ameng katitihan tiyang setunggal tetempah wau kasanggi tiyang setunggal kang anunggang wau. Na[46]nging saupami boten katunggangngan ameng kang nuntun kalih kang anggiring, wau tetempah kabagi kalih, dhawahipun dhateng kang nuntunnkalih kang anggiring.

Prakawis : 102

Saupami wonten laré utawi tiyang édan salah setunggilé katunggangngaken tetunggangnga dhateng tiyang liya, k ang boten kelayan pakéné Ahliné, mongka laré utawi tiyang édan sami andamel karêsakaning gadhahipun tiyang, ukumipun kang anunggangngaken ketempahan.

Prakawis : 103

Saupami wonten tiyang anggéndéng tetunggangnganipun tiyang, boten kelayan pakéné kang anunggang, saéngga andamel karêsakkané barang mélikké tiyang, ukumipun kang katempahan kang anggéndang wau, boten katempahan tiyang kang anunggang.

Prakawis : 104

Saupami wonten barang mélikké titang rêsak rêsakké amargi kedhawahan tetunggangngan, nanging dhawahé wau tetunggangngan sawab pejah, ukumipun kang anunggang boten katempahan, mekaten malih ukumipun saupami tiyang kang nunggang punika pejah : andhawahi barang, inggih boten katempahan.

Prakawis : 105

Saupami wonten tiyang angén lembu utawi maésa, kauculaken wonten ing ara-ara, mongka dhateng angin ageng sarta peteng, wau lembu utawi maésa sami bubar sapurug-purugé : lumebet ing pagaganing tiyang utawi pakebonan, ukumipun kang angén boten katempahan . nanging yén saupami bubaré lembu maésa wau : kang abén saweg ketileman, ukumipun kang angén katempahan.

[47]Prakawis : 106

 Saupami wonten tiyang anyepengngi tangsulipun lembu utawi maésa, mongka amberod wau lembu utawi maésa, angresakaken barangngé titiyang, ukumipun kang anyepengngi tangsul boten katempahan.

Prakawis : 107

Supami wonten tiyang ingon-ingon lembu : utawi maésa saupaminé, mongka anguyuh utawi angising wonten ing margi, saéngga angresakaken barangngé titiyang, ukumipun kang gadhah lembu utawi maésa : boten katempahan.

Prakawis : 108

Saupami wonten ingon-ingoning tiyang sesaba piyambak, wau ingon-ingon malebet pakebonan angresakaken tetaneman, yén saupami siyang, ukumipun boten katempahan ingkang gadhah ingon-ingon wau, sawab inané kang gadhah kebon boten ajagi tetanemané ing mongsa siyang. Saupami dalu, katempahan kang gadhah ingon-ingon wau. Nanging saupami limrahing nagari angandhangngi ingon-ingon ing mongsa sarinten ajagi kebon ing mongsa dalu, ukumipun katempahan kang gadhah ingon-ingon wau.

Prakawis : 109

Saupami wonten tiyang anancang ingon-ingoné piyambak wonten panggénan setunggal, nunten wonten tiyang sanés anancangi ingon-ingoné sanding cancangngan kang rumiyin wau, mongka ingon-ingonné kang kantun anyakot dhateng kang kacancang rumiyin, ukumipun katempahan kang anancang kang kantun kang nancang rumiyin boten katempahan.

[48]Prakawis : 110

Saupami wonten tiyang amiku kajeng utawi saupaminipun, saupami kang dipun pikul wau anénggor dhateng pager : saengga rêbah, ukumipun wau kang mikul katempahan, sami ugi siyang utawi dalu.

Prakawis : 111

Saupami wonten tiyang amemikul kajeng : panggénanipun wonten ing peken, saupami wau kajeng anénggor dhateng barangé titiyang kang boten kaséléhaken ing margi, utawi dhateng awakké titiyang : dhateng ing karêsakan, sami ugi kang katénggor kajeng utawi mungkur, ukumipun kang mikul katempahan. Kang mengkaten punika : saupami panggénan wau sesek déning tiyang. Saupami panggénan wau boten sesak tiyang, ukumipun kang mikul boten katempahan. Kang mengkaten punika : saupami kang kanténggor wau angajeng ngaken dhateng titiyang kang ngrembat, saupami kang katénggor wau ngungkuraken kang mikul katempahan. Nanging kang mengkaten punika, saupami kang mikul boten asuka pémut. Yén sampun asuka pémut kang mikul boten katepahan.

Prakawis : 112

Saupami wonten tiyang angingu kucing caluthak mongka kucing anedha panganané tiyang, sami ugi siyang utawi dalu, ukumipun kang gadhah kucing katempahan. Kang mekaten punika saupami kucing boten kacancang, utawi boten kekah panancangngé : lajeng ucul. Saupami wau kucing boten naté caluthak ukumipun boten katempahan. Mengkaten ugi sami ukumipun tiyang angingu segawon kang galak saéngga segawon angresakaken dhateng sewiji-wiji.

[49]Bab Wadé Tinumbas

Prakawis : 113

Saupami wonten tiyang sadé tinumbas boten kénging boten tiyang kang sadé tinumbas wau sarat sapuna dumugi umuripun sarta sami anggadhahi kapikiran kang saé. Saupami tiyang kang sadé tinumbas wau laré : utawi tiyang édan ukumipun boten kénging kalestantuna enggéné wadé tinumbas.

Prakawis : 114

Saupami wonten tiyang sadé tinumbas kang sampun kadadosan enggénipun wadé tinumbas, kang punika kénging salah setunggilipun anyandékna, senadyan boten  ajanji : utawi sampun tampén barang kang kasadé sarta yatra. Kang mengkaten punika : bilih kang sadé sarta kang tumbas teksih kekumpulan, senadyan antawis dinten yén teksih kumpul, saupami sampun sami pisah, boten kénging yén kasadékna, senadyan déreng antawis dinten. Nanging saupami sami sukanipun tiyang kekalih, inggih kénging anyadékna.

Prakawis : 115

Saupami wonten tiyang sadé tinumbas patrapé enggéné sadé tinumbas mawi janji : siyos sadénipun antawis tigang dinten utawi kirang saking tigang dinten, kang punika kadhérékaken punapa sajanjiné wau. Saupami kang wadé tinumbas anyadékaken salebetipun prajanjiyan, inggih kalulusaken kasadékaken.

Prakawis : 116

Saupami wonten tiyang atumbas kewula : mawi prajanjiyan wagedé anyerat utawi saliyané pendamelan, utawi tumbas lembu : maésa : [50] amawi janji meteng : utawi janji kathah puwanipun, sesampuné katumbas selaya kelayan wau prajanjiyan, kang punika panumbasé kénging kasandékna. Nanging saupami tumbas kewula : amawi janji waged memadung, sesampuné katumbas anyelayani ing janji, kang punika boten kénging yén kasandékna.

Prakawis : 117

Saupami tiyang amulas barang mélikké kang ajeng sami kawadé : kang supados amanggih akathah ing rêgi, kadita anyemeng rambuté kewula kang sampun pethah, utawi boten purun angepuhi susuné lembu : maésa, pamrihipun ketingala kathah susuné, kelampahan kang tumbas kang boten uninga ing pandamel wau, kang punika kénging kang tumbas yén anyadékna.

Prakawis : 118

Saupami tiyang  tumbas barang  mélik sampuné katumbas ketingal cacadé kang andadosaken sudaning rêgi, sarta limrah adat barang kang tinumbas punika boten wonten celané, utumipun kénging kasandékna. Kang mengkaten punika : bilih kang katumbas boten anyengaja, boten kénging kasandékaké. Nanging saupami barang kang tinumbas sami limrah yén anggadhah anacela, kadita tiyang tumbas kewula sepuh, mongka ompong, tuwin saliya-liyané kang sampun sami adat yén celaha, kang punika boten kénging yén anyandékna.

Prakawis : 119

Saupami wonten tiyang atumbas kewula, sampuné ketumbas sarta sampun lami wonten ing ngriku : amanggih ukuman kakethok tangané, sawab wau kewula sampun adamel kesalahan angethok tangané titiyang : ing sadé[51]réngé katumbas, kang punika kénging yén kasandékna. Kang semanten punika : bilih kang katumbas boten uninga, yén uninga, boten kénging kasandékna.

Prakawis : 120

Saupami wonten tiyang tumbas kewula : agadhah sesakit kang boten dipun kauningngani dhateng kang tumbas, sampuné katumbas pejah amargi déning sakité kalayané déréng katumbas wau, kang punika boten  kénging yén kasandékna, nanging kénging anedha sesudan kémawon kaoté rêgining saras kelayan rêgining sakit, artosé saupami kewula sarasé rêgi satus sarêng sakit rêginé suda sedasa : utawi kalih dasa, inggih anitik warnining sakit sudané inggih kapiturutaken saking punika.

Prakawis : 121

Saupami tiyang tumbas kewula, lajeng kaperdikakaken dhateng kang atumbas, sasampuné kaperdikakaken yén wonten celané bebektan saking sadéréngngé katumbas kadi cela asring mandung,kang punika kénging anedha sudaning rêgi dhateng kang wadé, trapipun sudan kadi kewula kang asakait wau.

Prakawis : 122

Saupami wonten tiyang numbas barang, mongka kawadé malih, sampuné kawadé malih : ketingal celané, wau cela bebektan saking kang wadé rumiyin, kang punika ukumipun boten kénging kang tumbas kawitan anedha asudaning rêrêgén dhateng sadé kawitan, sawab way barang kénging yén kawangsulna dhateng kang wadé kaping kalih, kénging yén kawangsulna dhateng kang wadé kawitan, wondéning sakathahing prakawis namining wadé tinumbas sami kénging [52] kawangsulaken punika kedah tumunten, boten kénging yén kantos kasumenékaken, artosé : sarêng kauningan celané, nunten énggal kawangsulna. Nanging boten dados punapa sumené : sawab sawab kalané mangsanipun tiyang nedha : mongka nedha rumiyin. Boten saking mengkaten, utawi enggéné kauningan cela wau ing nalika dalu : angantos siyang, punika boten dados punapa.

Prakawis : 123

Saupami wonten selaya kang wadé kalih kang tumbas ing dalem celané barang kang sampun katumbas, kadita : kang awadé amestani celanipun sampuné wonten kang atumbas, kang tumbas mestani cela wau ing sadéréngé ketampé, patrap kang mekaten punika : kalerêsaken kang wadé, nanging mawi kasumpah, sampuné kasumpah, tetep pamadéné, boten kénging kawangsulaken.

Prakawis : 124

Saupami wonten  tiyang wadé tinumbas barang déréng ketampén,  patrap kang mekaten punika : déréng tetep namining tiyang wadé tinumbas, yén saupami barang kang  winadé ical tanpa sabab, utawi sawab kaicalaken dhateng kang wadé piyambak, kang punika katetepaken yén boten kedadosan enggéné wadé tinumbas. Nanging saupami icalé sawab pandamelé kang atumbas kang déréng katampén wau, katetepaken dadosé enggéné wadé tinumbas, wajib kang tumbas ambayari sarêginé. Nanging saupami icalé sawab kalerêsanipun kang atumbas, kadita : kang tinumbas warni kewula, mongka wau kewula wau pejah, kang punika boten dados tetepé wadé tinumbas.

[53]Prakawis : 125

Saupami wonten tiyang wadé tinumbas nanging barang kang wadé déréng katampékaken dhateng kang numbas, mongka wau barang kaicalaken dhateng saliyané kang wadé tinumbas, kang punika kang numbas kénging yén anglestarékna panumbasé : utawi anyadékna. Yén saupami kalestarékaken panumbasé, mongka anedha atetempah dhateng kang  angicalaken wau, sarta amasrahna panumbasé dhateng kang awadé. Yén saupami kasandékaké, boten katetepan kang anumbas mawiya amasrahaké panumbasé dhateng kang  wadé, ingkang awadé nedha atetempah piyambak dhateng kang angicalaken wau.

Prakawis : 126

Saupami wonten tiyang numbas barang, barang wau déréng katampén dhateng kang anumbas, kang punika boten kénging kang numbas yén amadéya : utawi anggadhekna : tuwin anyukakna, sawab wau barang déréng kegadhah dhateng piyambakké. Yén sampun ketampén kénging punapa sakajengngé kang numbas wau. Nanging kénging barang kang katumbas déréng ketampén yén kaperdikakna, saupami kewula ingkang tinumbas, utawa kawasiyatna : utawa kawakapna : utawa kaningkahna.

Prakawis : 127

Saupami wonten tiyang agadhah barang mélik wonten tangané tiyang liya amargi katitipaken utawi kagadhékaken, nanging sampun kapecat, kadita sampun katebus, kang punika kénging kang gadhah barang adamela samana sukané dhateng wau barang.

Prakawis : 128

Saupami tiyang wadé pasitén, pamadéné boten mawi prajanjiya[54]n, yén griya gedhong : utawi tetaneman kang wonten ing pasitén tan mawi kasebut, kang punika ukumipun inggih kadhérékaken, sawab kalih prakawis punika yén boten kadhérékna : ical munpangaté pasitén. Sapunika malih, yén pasitén kasukakaké, griyanipun gedhong sarta tanemanipun inggih kadhérékaken ugi. Nanging yén kadhérékaken kémawon, punika griya sarta pekawisan boten kadhérékaken.

Prakawis : 129

Saupami wonten tiyang awadé kampung, boten kajanjé kaken tetaneman sarta griyané yén andhérékka kawadé : utawi boten, kang punika ukumipun inggih sami katetepaken, kadita kori kang  sampun kapasang, ondha kang sampun kapaku, tuwin saliya-liyané kang nami sampun kapasang, punika sami katetepaken. Nanging boten kalebet kori kang kaséléhaken siti, artosé kang dérénf kapasang, tuwin saliyané punapa kang anyarupéni kang boten tertentu, kadi timba : kathil méja : kursi : saliya-liyané.

Prakawis : 130

Saupami tiyang wadé tetunggangngan kadita kuda : utawi saliya-liyané, kang punika bilih tracakké mawi kalapis inggih kalebet ugi. Nanging saupami kang kadamel lapis jené, ukumipun boten kadhérékaken. Sapunika malih boten kadhérékaken abah-abahing kuda. Kang mengkaten punika, saupami boten mawi prajanjiyan, yén mawi janji, inggih kalulusaken punapa kang dados prajanjiyanipun.

[55]Prakawis : 131

Saupami wonten tiyang wadé wiwitan kang meksih gesang, kang punika kadhérékaken godhong sarta pangngipun kang meksih sami teles. Nanging boten andhérékake wadé siti kang ketanceban wiwitan wau. Nanging salaminé gesang wiwitan wau, kang atumbas anggadhahi munfangat saking siti kang ketanceban wiwitan wau. Yén saupami pejah wiwitan wau, wajib kang tumbas anegora.

Prakawis : 132

Saupami wonten tiyang sadé wiwitan kang wonten wohipun, saupami mawi prajanjiyan wohipun kegadhah salah setunggilipun kang sami wadé tinumbas, wau woh kadhérékaken ing sajanjinipun. Nanging saupami boten mawi janji, yén kang kawadV wau anyaméni kadi wiwitan kurma, mongka mayangngé kang sampun mekar kegadhah dhateng kang awadé, mayang kang déréng mekar kegadhah kang sampun ketingal warninipun kegadhah kang wadé, kang déréng ketingal warnining woh kegadhah ingkang tumbas.

Prakawis : 133

Saupami wonten tiyang wadé tinumbas selaya kathah kedhikké kang tinumbas utawi kathah kedhikking rêgi, kadita : kang wadé angakeni rêgi sedasa, kang tumbas angakeni rêgi sanga, sarta sami boten gadhah seksi, kang punika sami kasumpah kalihipun. Wondéning sumpahé kang wadé, temen-temen boten kula wadé rêgi sanga, yektos temen –temen kula wadé rêgi sedasa. Denten sumpahipun kang tumbas : temen-temen boten kula tumbas rêgi sedasa, yektos temen-temen  kula tumbas rêgi sanga. Sasampunipun sami sumpah, saupami salah setunggil purun angawoni ing rêrêgén, bo[56]ten kénging kang dipun kawoni anyadékna, kedah ugi anglesatantunaken enggéné wadé tinumbas. Saupami boten wonten angawoni ing rêgén, sayogya kang anyepeng ukum anyadékna enggénipun wadé tinumbas, sasampunipun kasadékaken wau barang kang tinumbas wangsula dhateng kang sadé, panumbasipun wangsul dhateng kang numbas.

Prakawis : 134

Saupami wonten tiyang kekalih, kang satunggal angaken wadé, kang satunggal dipun sukani, sami tanpa seksi, kang punika kasupah kalihipun.wondéning sumpahipun kang angaken wadé, temen-temen boten kula sukakaken, kang ngaken dipun sukani, temen-temen boten kawadé. Sasampunipun sami sumpah, wau barang kang dados selaya : kawangsulaken dheteng ingkang gadhah.

Bab Tiyang Sambatan

Prakawis : 135

Saupami wonten tiyang amotongaken barang ing sawiji-wiji tiyang, wau barang déréng katampékaken dhateng kang anyambut, ukumipun déréng tetep panyambuté. Yén sampun katetepan, punika tetep panyambuté, sarta tetep dados gadhahané kang anyambut. Ananging wenang anjabel kang anyambutaken, kang sarta wajib ambayanr tiyang sambutan. Saupami sampun dumugi prajanjiyanipun, angantukna punapa sawarniné : tuwin kathahé.

Prakawis : 136

Saupami tiyang utang piutang mawi prajanjiyan anarik kauntungan utawi indhaking warni, utawi utang arta prajanjiyan ambayar negari liya[57]n kelayan punapa saupaminé kang kadi mengkaten warniné, senadyan samiya sukané kang motongaken kalih kang utang, boten kénging yén kalestantunaken, kénging kajabela malih. Kranten namining manusa kang motongngaken ing untangan wau punika.

Prakawis : 137

Supami wonten tiyang utang piutang amawi gegadhén utawi mawi tetanggelan, kang punika ukumipun kénging, sawab amung adamel kasentosan kimawon boten damel kauntungngan. Wondéning barang kang kadamel gegadheén wau, samangsanipun sampun dumugi ing janjiné, kang anggadhékaken boten saged nebus, kénging barang wau yén kawadéya. Yén langkung saking utangngipun lelangkungngan wau kawangsulaken dhateng kang gadhah. Saupami teksih kirang, inggih teksih tetep dados utangngipun kang anggadhékaken wau. Wondéning patrapipun tetanggelan wau, samongsa sampun dumugi janjiné ambayar, kénging kang motangngaken anagiha dhateng kang nanggel utawi dhateng kang utang.

Prakawis : 138

Saupami wonten tiyang utang  dhateng tiyang kekalih, patrapé enggéné utang : kang satunggal mai kacepengngan gegadhén kang setunggalé boten, yén sampun dumugi janjiné ambayar, mongka boten saged ambayar, kang punika boten kénging tiyang kang motangaken setunggilé kang boten mawi anyepeng gegadhén yén andhérékka nedha dheteng barang kang wonten tangané kang amotangngaken kang mawi anyepeng gegadhén, wau barang katetepaken dhateng kang anyepeng. Yén sampun dumugi janjiné, inggih kénging [58] kawadé dhateng kang gadhah, nanging sarta lilané kang anyepeng gadhén. Yén kang anyepeng gadhvn boten purun angidini, asuka aparéntah tiyang kang anyepeng ukum angidinana pamadéné : utawi ambayara  ing sambutané. Saupami teksih anetepi boten purun amadé, sayogya kang anyepeng ukum amadéya, yatrané kabayarêna kang anyambutaken. Yén teksih dados sambutanipun kang anggadhékaké wau barang.

Bab Tiyang Anggegadhé

Prakawis : 139

Saupami tiyang anggadhékaken barang, kénging kang anggadhé barang yén angalapa munpangaté wau barang kang ginadhékaken, kang mengkaten punika : yén boten dados anyudakaken rêginé wau barang kang ginadhékaken, kadita kang warni kuda : tuwin griga kang dipun enggéni. Yén pangnganggéné kantos rêsak saéngga anyudhakaké ing rêrêgén, punika boten kénging. Kadita kang ginadhékaké warni sinjang, mongka dipun anggé saénga lungsed, kang mengkaten punika, bilih boten angsal wawenangngé kang gadhah barang, yén angsal wawenang : kénging.

Prakawis : 140

Saupami wonten tiyang utang mawi gadhéyan, wau barang kacepeng dhateng kang motangngaken, mongka ical kang boten kainan enggénipun asimpen, ukumipun boten katempahan kang sarta boten dados sudanipun enggénipun amotangngaken. Yén saupami icalipun amargi saking kainanipun kang anyepeng, kadita kadékékaken ing panggé[59]nan kang boten patut kadamel pasimpenan, utawi sasampunipun katebus boten kawangsulaken dhateng kang gadhah, yén mengkaten patrapipun kang anyepeng gadhé katempahan.

Prakawis : 141

Saupami wonten tiyang anyambut barangngipun tiyang, patrapé enggéné anyambut badhé kagadhékaken, sarta mawi cecriyos yén barang kang kagadhékaken semanten-manten kathahé : sarta laminé, sarta tiyangngé kang badhé anggadhé, mongka kelampahan wau barang kagadhékaken, mengkaten ugi tiyang kang anyepeng gadhé. Nanging saupami boten ical sarta dumugi janjiné ambayar, wau tiyang kang nyambut barang boten saged anebus, kang punika wau barang kénging kawadhé dhateng kang nyambut, kang sarta idiné kang gadhah barang. Déné kang gadhah barang kénging nedha alintu dhateng kang nyambut punapa sarêginé kala kawadé wau. Nanging saupami ical wonten kang nyambut, ukumipun katempahan.

Prakawis : 142

Saupami wonten selaya tiyang kang anyepeng gadhé kelayan kang anggadhékaken, kadita  kang anyepeng gadhé angakeni barang punika ical kang sarta enggénipun simpen boten kainan, kang anggadhékaken maiben yén icala, kang punika ukumipun kalerêsaken kang anyepeng gadhé, nanging mawi kasumpah.

Prakawis : 143

Saupami wonten selaya tiyang kang anyepeng gadhé kelayan kang anggadhé[60]kaken, kadita kang anyepeng gadhé angakeni wau barang sampun kawangsulaken, kang anggadhékaken angakeni déréng tampi, boten wonten kang nekséni, kang punika ukumipun kalerêresaken tiyang kang anggadhékaken sarta kasumpah.

Prakawis : 144

Saupami wonten tiyang anggadhékaken, kang kagadhékaken warni kewula, kang punika wau kewula kénging kaperdikakaken dhateng kang gadhah, nanging anglintonana gadhéyan dhateng kang anggadhé : punapa saréginé kewula kang kaperdikakaken nglintoni. Saupami boten waged anglintoni, boten dados enggénipun mardikakaken.

Prakawis : 145

Saupami wonten tetiyang anggadhékaken barang, wau barang kaicalaken dhateng kang anggadhékaken piyambak, kang punika mesthi anglintoni gadhéyan saupaminé kang ical wau, senadyan icalé boten kainan enggénipun simpen.

Prakawis : 146

Saupami wonten tiyang anggadhékaken kewula, wau kewula kala kagadhékaken boten saged pendamelan punapa-punapa, mongka salaminé wonten pagadhén akathah kewagedanipun pandamel ingkang angindhakaken ing rêrêgén, kadita saupami kewula kang wau rêginé satus réyal kagadhékaken kalihatus réyal, sarêng sampun kathah kewagedané wonten  salebeting pagadhén wau, saéngga kantos pajeng kalihatus, yén ingkang darbé kewula agadhah sambatan ing liyanipun kang punika boten kénging kang anyambutaken liya wau : yén ame[61]ndheta saking kaindhakanipun rêgining kewula kang kagadhékaken wau punika, teksih kadhérékaken dhateng kang anggadhé, nanging indhakking rêrêgén inggih kedarbé dhateng kang gadhah kewula.

Prakawis : 147

Saupami wonten tiyang agadhah sambatan dhateng tiyang kekalih, kang setunggal mawi kasukanan gadhéyan kewula éstri kang déréng anak-anak kang sarta sambatané langkung kathah saking rêgining kewula éstri kang ginadhékaké, lami-lami kewula gadhah anak wonten salebeting gadhéyan, sampuning dhateng ing janji boten waged anebus dhateng wau gadhéyan sarta boten saged anyaur dhateng sambutané kang tanpa gadhéyan, wau kewula kang ginadhékaké sarta anakkipun sami kagadhé, yatranipun saking rêgining kewula biyang punika kasauraken dhateng kang angadhé, boten kénging tiyang liya kang sami anyambutaken yén anedhaha dhateng rêgining kewula biyang wau punika, sakirangipun saking kasambutanipun amendhet sarta rêginé anak, nanging boten kénging kapendheta sedaya, kabagiya kalih kang anyambutaken liyané kelayan saupamining sambutan, kadita : enggénipun sami anyambutaken sami kathahé : inggih kapalih, yén boten sami : inggih kapiturutaken dhateng sepratigan seprapatanipun arta kang saking rêgining anakkipun kewula wau punika. Wondéning kantunipun kang déréng cukup pambayaré : inggih tetep dados sambatanipun, samongsa gadhah : wajib ambayar.

Prakawis : 148

Saupami wonten selayanipun kang anyambut kalih kang anyambutaken, kadita : kang anyambutaken angakeni panyambute kelayan mawi gadhéyan kang anyambut boten ngaken, utawi mawi gadhéyan, nanging selaya [62] kathah kedhikké kang ginadhékaké, kang punika kalerêsaken paturanipun kang anyambut nanging mawi kasumpah ping sepisan.

Prakawis : 149

Saupami tiyang anyambutaken angakeni enggénipun anyambutaken kelayan mawi gadhéyan, kang nyambut boten ngraos yén mawi gadhéyan, nanging wau barangkang dipun westani kagadhékaké bénten tanganipun kang nyambut, ing dalem selaya punika sami tanpa seksi, kang punika kalerêsaken aturipun kang nyambut, nanging mawi kasumpah ping sepisan. Nanging saupami barang kang dados paben wonten tanganipun kang anyambutaken, kang nyambut gadhah wiraos wontenipun wau barang ing tanganipun kang nyambutaken amargi kapendhet lajengngé piyambak utawi ayak kasambut, kang punika kalerêsaken ugi aturipun kang anyambut. Inggih kanthi sumpah ping sepisan.

Prakawis : 150

Saupami wonten tiyang pejah atilar sambutan, sami ugi sambutan dhateng Gusthi Allah : utawi dhateng manusa, katetepaken sakathahé barang tetilaranipun kabayaraken dhateng sambutan, sadéréngipun kabayar wau sambutan boten kénging yén Ahliwaris amendheta tuwin améwéhena dhateng barang tetilaran wau punika. Nanging boten katetepaken kaindhakané barang tetilaran yén kabayarna ing sambutan. Wondéning warnining kaindhakan kadita pangupajiwaning kewula : anakking lembu : maésa : utawi saliya-liyanipun kang sami anarupani kadi mengkaten, sawab déni kaindhakan kang kadi mengkaten punika, saéstu dados gadhani.

[63]Prakawis : 151

Saupami tiyang pejah : nalikanipun pejah boten gadhah sambutan, mongka Ahliwaris amadéni dhateng barang tetilaranipun, sasampunipun kawadé, wonten sambutanipun kang dhatengayar-ayaran, warnining sambutan kang dhateng anyar : kadita tiyang kang pejah kalané gesang awadé barang sawiji-wiji, sampuning pejah barang kang winadé ketingal celané, mongka kawangsulaken wau barang, artanipun sampun kanandhesaken dhateng kang pejah, kang punika botenkedadosan pamadénipun ing barang tetilaran wau Ahliwaris, amesthi Ahliwaris anjabel malih dhateng barang tetilaran kang sampun kawadé, wau barang tetilaran sampuné samikajabel kabayarêna dhateng sambutanipun wau kang pejah.

Prakawis : 152

Saupami tiyang agadhah sambutan, wau sambutan langkung kathah saking barang darbékipun sarta ing nalika punika sampun dumugi ing janjinipun ambayar, mongka sakathahé kang anyambutaken sami matur dhateng kang anyepeng ukum, kang punika amesthi kang anyepeng ukum yén anyengkera, sarta katya warakna dhateng sakathahé tetiyang : supados sampun kantos awadé tinumbas dhateng kang kasengker wau, sampunipun kasengker, boten kénging yén  kang gadhah amadéya tuwin anyukakna, mongka wau barang katetepaken sami kasahuraken dhateng sakathahing tiyang kang sami anyambutaken, nanging sumadé dados gegadhén kimawon, boten kénging kang sami anyambutaken barang kang kasengker wau. Yén saupami tiyang kang kasengker barangngo agadhah barang kang dhateng anyar, kadita enggéné amendhet lajeng : tuwin a[64]nyambut damel angsal waris angsal wasiyat utawi pawéwéh, kang punika barang kang dhateng anyaringgih kalebetaken dhateng barang kang sampun kasengker wau, boten kénging kang anyambutaken sampuné kesengker : yén anedhaha dhateng barang kang  dhateng anyar wau.

Prakawis : 153

Saupami tiyang ayepeng ukum sampun anyengker barangngé titiyang, kang punika sayogya yén angénggal-énggalna pamadéné wau barang. Nanging pamadéné kapernahna limrahé tiyang wadé tinumbas supados sampun kantos anyudakaken rêrêgén, namung panganggéné kang amasthi kanggé ing sedinten-dintenipun punika boten kénging yén kawadéya. Sampuné kawadé sedaya, wau rêgining barang sami kasaurna dhateng kang sami anyambutaken kapatutake layan kathahkedhikké wau sambutan.

Prakawis : 154

Saupami wonten laré anggadhahi barang, sayogya Ahliwaris yén anyimpena : saéngga dhateng dumugi umuripun sarta anggadhahi kapikiran kang saé. wondéning namining kapikiran kang saé, kang sampun waged amilih kang dados kesaénanipun agaminé, sarta kang sampun waged amilih kangdados kesaénanipun barang. Yén laré anakké tiyang wadé tinumbas kacobaha ing awis-awisaning barang kang sekinten amanggih bathi. Yén anakkipun tiyang tani, kacobaake wagedané tetanén, yén laré punika éstri, kacobaha punapa pandamelané tiyang éstri kang sekinten waged amekantuk sarta kewagedanipun asimpen utawi rumeksa ingtetedhén.

[65]BabSuluh : Utawi Pepatutan 

Prakawis : 155

Saupami wonten margi kang terus kang boten wonten pepetipun sarta kanan kérinipun wau margi pinten pinten-pinten tiyang kang sami agegriya, kang punika boten kénging : yén sewiji tiyang andamela griya wonten satengahing margi : utawi anyeblokna tetaneman sanadyan boten andamela kemlaratanipun tiyang kang sami lumampah, sawab andadosaken kirangngipun jembaring margi. Kalih boten kénging yén andhamela dhedhongklo : utawi andamela lotong wonten sangingngilé wau margi kang katepangngaken dhateng pager sabrangnging margi. Nanging kénging andamel dhedhongklo sarto loténg, yén sakinten boten ametengngi margi : sarta boten sundhul tiyang kang lumampah kelayan nenunggang, wau tetunggangngan sapelananipun utawi payoning titihan. Wondéning yén margi buntu, boten kénging saliyanipun kang gadhah margi yén andamela dhedhongklo kadi kang kasebut wau, kranten margi kang buntu tertentu dados gadhahaning titiyang kang sami agriya ing ngriku kémawon, artosé dédé marginé tiyang kathah. Menghkaten ugi boten kénging amemanguna salah setunggilipun kang sami anggadhahi margi kang buntu, yén boten wonten pakéné tiyang kang tebah griyané saking kori panggénané enggéné medal. Nanging kénging tiyang kang sampun gadhah kori : yén andamela kori malih kang amrih caket dhateng margi ageng, boten usah anedhaha idiné dhateng tiyang kang tebah saking margi ageng. Kang mengkaten punika, yén koriné lami kapejahan. Wondéning tiyang kang gadhah kori kang wonten wekasané tebihé saking margi ageng : kénging yén andamela kori malih amrih caket sawetawis dhateng margi ageng, sarta koriné kang lami kénging yén kateksihna, [66] anujoni témbokkipun kénging yén butula dados kori wonten margi kang buntu wau, kang punika boten kénging, sarat anedhaha lilahipun dhateng sakathahé tiyang kang sami andarbéni margi buntu, amung andamel jéndhéla kémawon ingkang kénging.

Prakawis : 156

Saupami wonten tiyang tetepangan griya kalih tiyang sanés, kang punika pager kang dipun apit-apit griya kalih, saupami kang damel tiyang setunggal kémawon, kang punika boten kénging kang boten damel yén anancebna paku ing témbok nriku : utawi anyéléhna  kajeng : ambotola dhateng wau pager témbok yén boten angsal  wawenangipun kang damel. Yén kang gadhah anglilani, ukumipun pager témbok punika kasambutaken kémawon kénging ingkang gadhah anjabela malih. Saupami sampun kajabel mongka teksih perun damel kadi pandamelé kang wau, kénging kang gadhah anedha aséwanipun.

Prakawis : 157

Saupami wonten pager kang sami kapit ing griya kalih, sarta darbékké tiyang kalih, kang punika boten kénging salah setunggilé yén andamela rêsaking pager. Yén saupami wau pager rêsak kang boten kelayan karêsakaken, boten kénging salah setunggilé yén amesésahaken wangun. Nanging yén saupami salah setunggilé purun mangun blanjanipun kasanggi piyambak, kang punika liyané boten kénging  yén amengingnga, sasampunipun dados wau pager : munfangatipun kedarbé dhateng kang mangun piyambak. Nanging saupami karêsak dhateng kang mangun, kang punika ké[67]nging liyané yén amengingnga amangun malih. Nanging saupami sami tulung-tinulung, pamanguné medal saking tiyang kalih, kang punika wau témbok wangsul kedarbé tiyang kalih malih.

Prakawis : 158

Saupami wonten pager dipun apit-apit ing griya kalih, salah setunggilé angaken gadhahanipun, kang punika saupami pager wau banonipun kandhét kelayan pagering griya kang ngajeng, utawi anekuk ing pepojakkaning griya, kang liyané ameng tumémpélé mawon, kang punika kalerêsaken paturanipun kang gadhah griya kang kandhét kelayan wau pager banon, nanging kanthi supaos sepisan. Saupami sami kandhétipun wau pager banon boten wonten ingkang nekséni ing kalerêsanipun salah setunggilé, kang punika sami kasumpah kalihipun, sampuné sami kasumpah, wau pager kedarbé tiyang kalih. Yén salah setunggilé boten purun sumpah, mongka kedarbé dhateng kang sumpah kémawon.

Prakawis : 159

Saupami wonten tiyang angligeraken sambatanipun, kang punika boten amesthi yén anarosa kang kadhokkan ing leligeran, angsal ugi sampun rêmbag kang nyambutaken purun kasauran saking potangngé. Yén sampun sah prajanjiyanipun, mongka lepas panyambutipun. Mengkaten ugi kang kadokkan ing ligeran inggih sampun lepas, boten anyambut dhateng kang angligeraken.

Bab Nanggel Tiyang Sambatan

Prakawis : 160

Saupami wonten tiyang anyambut sarta wonten tiyang kang ananggel, kang pu[68]nika yén sampun témponipun ambayar, kénging kang anyambutaken anagiha dhateng  kang anyambut utawi dhateng kang ananggel, utawi nagih sepalih dhateng kang nanggel sepalihipun dhateng kang anyambut. Yén saupami  kaepuraken dhateng kang nyambutaké, kang punika kang nanggel inggih andhérék pur ugi, artosé lepas pananggelipun. Nanging yén kang nanggel kimawon kang dipun lepas pananggelé, boten andhérék lepas kang anyambut. Yén saupami kang nanggel purun ambayar rumiyin,kang punika kénging yén anedha alelintunipun dhateng kang dipun tanggel. Kang mekaten punika, bilih pananggel rêmbag kalih kang nyambut. Yén saupami boten kelayan pakén, boten kénging anedhaha dhateng kang katanggel wau, sawab medal saking kainanipun piyambak.

Prakawis : 161

Saupami tiyang ananggel ing sambutanipun tiyang : purun ambayari saking panedhanipun kang anyambut, kang punika kénging yén anedhaha lelintu dhateng kang kabayaran wau. Kang mengkaten punika, saupami enggénipun ambayari wonten kang nekséni : utawi sami wontené : utawi sampun angakeni : tiyang kang anyambutaké.

Prakawis : 162

Saupami wonten tiyang nanggel dhateng tiyang sampun katimbalan dhateng ukum, kang amesthi wau tiyang dhateng, sawab abdhé katatrapan ukum, kang punika  pananggelé sarat kelayan pakenipun kang dipun tanggel. Yén saupami kang dipun tanggel amargi saking sambutan arta, boten sarat kang nanggel anguningani kathah kedhikking arta. Patrap kang kadi mengkaten punika : amethi kang ananggel wau yén andhetengngena dhateng kang tinanggel. Saupami kang dipun tanggel sampun kapasrahaken dhateng ukum, lepas saking pananggeli[69]pun. Yén saupami kang dipun tanggel késah saking negari, amesthi wau kang nanggel yén andhatengngena. Kang mengkaten punika, bilih uninga panggénanipun sarta santosa ing margi. Mongka kaantosa sewetawis, kakinten laminé késahé amurugi kalih mantuké. Yén saupami sampun langkung saking semadosé, utawi sampun dumugi panggalihé kang  sami  anyepeng ukum, mongka boten waged andhatengaken, ukumipun kang nanggel wau dipun kunjara, laminé kakinten-kinten saéngga kang katanggel boten waged dhateng malih, kadita sampun pejah. Wondéning pananggelé wau boten kénging kapuriha ambayar.

Bab Bebathon

Prakawis : 163

Saupami tiyang kekalih bebathon utawi sabondha sami wadé tinumbas, kang punika sarat arta kang dipun damel bebathon wau arta kang sami jinisé : sarta sami warniné, sakinten sampuné awor wau arta : boten kénging yén katitika, kadita rupiyah sami rupiyah, keton sami keton utawu saliya-liyanipun. Saupami pandamelé bathi utawi tuna, kang punika wau bathi utawi tuna sami kasanggi tiyang kalih, kaétang kelayan kathahé arta. Yén artané kathah : amesthi kathah sesanginé, yén kedhik inggih semanten ugi. Yén saupami barang ical wonten tangané tiyang kekalih wau, kang boten margi saking kainanipun, kang punika kaboten  kénging yén katempahena. Yén saupami salah setunggalé angaken ical utawi sampun kasukakaken dhateng kancané bebathon, kang punika kalerêsaken paturanipun kang angaken ical utawi sampun kawangsulaké, nanging mawi kanthi sumpah ping sepisan. Yén kabekta dhateng negari sanesé pambektané boten kelaya[70]n idiné kancanipun sami bebathon saéngga ical, kang punika katempahan kang ambekta barang wau.

Bab Wakil
Prakawis : 164

Saupami wonten tiyang andamel wakil, artosé wakil pulwak, akén amadékaken ing barang sewiji-wiji, kang punika pulwak boten kénging nging vn wadéya kang dados kekiranganipun rêgining wau barang, kang sarta boten Kénging nging yén dipun sumadosana pamadéné, utawi kawadé yatra kang boten kelampahing nagari ngriku. Kang mengkaten punika, bilih saking kajengngipun piyambak, yén pakéné kang damel pulwak boten katempahan. Wondéning prakawis kang sami kénging kawakilaken sarupaning pandamelan kang  sakinten smi waged adamel sarta anglampahi : antawisipun kang wakil kalih dipun wakili. Mongka kénging bapa yén damela wakil tiyang jaler sanés amrih angawinaken ing anakipun, dénten tiyang éstri boten kénging yén dadosa wakil saking prakawis kawin. Kénging tiyang éstri dados wakil, yén dipun kén andhatengngaken pamegaté tiyang dhateng rabiné. Kang sarta malih  kewula boten  kénging dados  wakil angawinaken, nanging kénging yén dados wakil anarima pelakiné tiyang éstri kelayan tiyang jaler kang sampun adamel wakil dhateng piyambakké, utawi dados wakil amegat. Wondéning laré boten kénging  yén awakila : utawi dados wakil saking prakawis kang sampun kasebut wau, nanging kénging laré yén  andhatengngena pawéwéh : utawi dados wakil angidini lebeting tetamu dhateng ing griya.

Prakawis : 165

Saupami wonten tiyang  gadhah panerka, kang punika kénging  panerka wau yé[71]n dipun wakilna dhateng tiyang liya, mengkaten malih kang tinerka kénging yén wakila anjawab dhateng panerka wau. Nanging saupami sampun angakeni, kang punika basa pangaken boten kénging yén kawakilna dhateng tiyang liya. Mengkaten malih boten kénging tiyang dados seksi : utawi sumpah : yén sami wakila.

Prakawis : 166

Saupami wonten tiyang awakil utawu kang dipun wakili : pejah salah satunggilipun, boten pejah : utawi édan, kang punika pecat kawakilanipun, boten kénging anglajengaken tiyang kang saras dhateng wau tiyang pejah utawi édan. Mengkaen malih Ahliwarisipun wakil kang pejah boten kénging yén anglajengana kewakilan wau. Lan pecat pawakilan yén salah setunggilipun sampun amecat.

Prakawis : 167

Saupamitiyang dados wakil tumbas ing sawiji barang : utawi madékaken, kang punika saupami barang ical wonten tanganipun kang dados wakil icalé kang boten kelayan kainanipun, boten kénging yén katempahan. Nanging saupami kang dados wakil angakeni barang ical kang wakilé boten pitajeng, kang punika kalerêsaken aturipun kang dados wakil sarta kanthi sumpah ping pisan.

Prakawis : 168

Saupami wonten tiyang  wadé barangngi liyan sarta angaken pamadéné yén dados wakilé tiyang kang gadhah wau barang, kang gadhah barang boten angakeni yén awakila : tanpa seksi kalihipun, kang punika kalerêsaken aturipun kang gadhah barang : sarta kasumpah ping pisan, [72] sampunipun kasumpah kang gadhah barang, mongka kang ngaken dados wakil amadé barang : apesthi katempahan.

Prakawis : 169

Saupami wonten selaya kang wakil kalih kang dados wakil, sulayanipun saking patraping kewakilan, kadita : kang dados wakil angakeni pamadéné barang dipun kényambutaken, utawi angakeni numbas ing sewiji-wiji barang pengaos kalih dasa : amargi pakenipun kang wakil, kang wakil amung ngaken-aken tumbas pengaos sedasa. Patraping mengkaten punika : kalerêsaken  paturanipun kang wakil sarta kasumpah ping sepisan, sampuné sumpah, kang dados wakil katempahan.

Prakawis : 170

Saupami tiyang kang dados wakil angakeni, yén barang kang dipun wakilaken sampun kawangsulaké dhateng kang awakil, kang wakil boten ngaken, tanpa seksi kalihipun, kang punika kalerêsaken paturanipun kangdados wakil sarta sumpah sepisan, sampuné sumpah : boten  kénging kang wakil anedha awangsuling barangngipun. Nanging yén saupami pangakené kang dados wakil wangsulé barang katampékaken réncangngé utawi utusané kang wakil, wau utusan utawi réncang sami boten ngaken sarta boten wonten gadhah seksi, k ang punika kalerêsaken paturanipun réncang utawi utusan, nanging kasumpah ping sepisan, sampuné kasumpah : kang dados wakil katempahan.

Prakawis : 171

Saupami wonten tiyang dados wakil amadékaken barang sawiji-wiji, angakeni kang dados wakil sampun atampi rêgining barang, nanging arta ical wonten tanganipun, tanpa seksi pengakené ical wau, kang puni[73]ka saupami wau barang kang dipun kén madé déréng ketampén dhateng kang tumbas, punika kalerêsaken aturipun kang wakil sarta kantho sumpah ping sepisan, sasampunipun kasumpah : kang dados wakil amesthi anempahi. Nanging saupami barang sampun ketamén dhateng kang tumbas, punika kalarêsaken  aturipun kang dados wakil sarta kasumpah ping sepisan, sasampinipun kasumpah : boten mesthi anempahi.

Prakawis : 172

Saupami wonten tiyang dados wakil ambayaraken sambutan, mongka wau wakil angakeni : yén sampun kabayaraken, kang ayambutaken boten angaken tampi, sami tanpa seksi, kang punika kalerêsaken paturanipun kang anyambutaken, nanging kasumpah sepisan, sampuné kasumpah, kang nyambut mesthi ambayar, tiyang kang dipun damel wakil wau : boten andhérék katempahan.

Prakawis : 173

Saupami wonten tiyang akéngkén dhateng sewiji-wiji tiyang amendhetna barangngé tiyang kang ajeng piyambakké tumbas, mongka wau barang ical wonten ing margi, kang punika katetempah katetepaken dhateng kang kéngkén, kang dipun kéngkén boten katempahan.

Prakawis : 174

Saupami tiyang dados wakil utawi tiyang katitipan, mongka kang awakil utawi kang atitip anedha dhateng wau barang, kang punika amesthi kasukakna tumunten, boten kénging engéné amasrahaké yén mawiya sumené anjenengngaken seksi. Sawab wau tiyang kalih : kang dados wakil kalih kang katitipan kalerêsaken pangakené enggénipun amasrahaken dhateng kang gadhah, saupami ing wingking wonten selaya. [74] Nanging sarupinipun kang boten kalerêsaken pangakené enggénipun amangsulaken barang, kadita tiyang anyambut utawi kang amendhet kang boten angsal wenangngé kang gadhah, kang punika yén katedhaha : kénging anyumenékna kelayan angantos seksi, sawab pangakené tiyang kalih : kang anyambut kalih kang amendhet barang : yén mangsulna : boten akanthi seksi, yén dados selaya, sami boten kalerêsaken paturanipun tiyang kalih wau.

Prakawis : 175

Saupami wonten tiyang sambutan katagih ingkang kéngkénan kang anyambutaken, kang punika kénging enggéné amasrahaken dhateng wau utusan yén angantosa enggéné anjenenganken seksi. Sawab pambayaré yén boten akanthi seksi, yén dados prakawis boten kalerêsaken paturanipun kang nyambut.

Bab Ékral
Prakawis : 176

Saupami wonten tiyang angakeni kanggénan barangnging tiyang, pangakené kalané teksih saras, sarêng sakit angakeni malih : yén kanggénan barangngipun tiyang kang liya saking wau punika, kang punika saupami kang  ngaken wau pejah, kapendhetna tiyang kalih kang sami dipun akeni, kapendhet barangngipun dhateng tetilaranipun wau kang pejah.

Prakawis : 177

Saupami wonten tiyang angakeni amargi katakénan sasamining manusa, pitakénipun sapunika, dika sambutan dhateng kula. Kang tinakénan anginggihi. Kang punika tiyang kang angakeni katetepaken anyambutipun, senadyan botosipun boten anyambuta. Mengkaten ugi saupami kang dipun takéni amangsuli sampun ambayar utawi sampun kaepuraken. [75] Nanging  saupami pambayaré : tuwin enggénipun  dipun puraké : sami wonten kang nekséni, kang punika boten wonten punapa-punapa. Saupami tanpa seksi, kénging katedhaha sumpahé kang pitakén wau, sampuné sumpah, amesthi kang dipun takéni yén ambayara. Saupami kang pitakém boten purun sumpah, kasumpah kang gadhah wiraos sampun ambayar wau. Saupami boten purun  sumpah kang ngaken sampun ambayar : utawi kang ngaken dipun puraken, wajib yén ambayara punapa sadakwanipun, sarta kang pitakon boten mawi kasumpah.

Prakawis : 178

Saupami wonten tiyang  anyepeng sewiji barang : sarta angaken yénkang dipun cepeng punika gadhahané tiyang sané, sampuné amiraos nunten angaken malih, yén gadhahané tiyang sanés malih, sarta tiyang kekalih sami anglerêsaken yén barang punika sami gadhahanipun, kang punika ukumipun wau barang kapasrahaken dhateng kang dipun aken-aken rumiyin, dénten setunggilé kénging anedha atetempah punapa sarêginé barang punika wau, artosé katetepaken punapa sabasané wau tiyang kang anyepeng barang.

Prakawis : 179

Saupami wonten tiyang angaken kanggénan barangngé tiyang, nanging tiyang kang dipun aken-anken gadhah barang, boten ngraos gadhah, kang punika wau barang kalulus saken dados darbékké kang anyepeng. Yén upami kang boten ngaken gadhah barang, sampuné miraos nunten angaken yén gadhahanipun, kang punika boten dados pengakené, teksih ugi katetepaken dhateng kang anyepeng barang, nanging saupami kang anyepeng barang anglerêsaken kadi kang ing ngajeng, kang punika inggih kapasrahna wau barang dhateng kang angaken.

[76]Prakawis : 180

Saupami tiyang angaken anak dhateng sewiji titiyang, kang punika yén kang kaaken wau sampun dumugi umuripun sarta boten wonten sewiji titiyang anguningani kang sanés tiyang kang dipun aken wau, kang punika katetep kang dipun aken dados anakkipun kang angaken yén saupami kang dipun aken punika umuripun langkung kedhik saking umuripun kang angaken. Nanging saupami kang dipun aken  dédé laré : sarta dédé tiyang édan, dados sarat kang dipun aken wau yén anginggihana dhateng pengaken wau. Yén kang dipun aken andorakaké sasampuné anginggihi ing pengaken wau, kang punika boten pecat namining anak, saéngga salah setunggilé pejah, angsal ugi waris. Saupami kang dipun aken punika  laré : utawi tiyang édan utawi tiyang kang sampun pejah, boten sarat kang sami dipun aken yén mawiya  anglerêsaken  pangakené. Yén laré sampun dumugi ing umur : utawi édanipun sampun saras mongka sami andorakaken, kang punika boten pecat namining anak.

Prakawis : 181

Saupami wonten tiyang kekalih sami angaken anak dhateng tiyang setunggal, kang dipun aken wau sampun dumugi ing umuripun sarta boten édan, kang punika pundi kang dipun lerêsaken inggih punika ingkang gadhah anak.

Bab Tiyang Anyambut
Prakawis : 182

Saupami wonten tiyang anyambut gadhahanipun tiyang, kang punika kénging yén kanggékna wau barang dhateng tiyang liya. Saupami ical utawi rêsa[77]k, rêsakké wau barang  kang boten kelayan idinipun kang gadhah, kang punika katempahan. Yén rêsakké wau kelayan idiné kang gadhah, kadita kuda katitihan sinjang dipun anggé, utawi saupaminé kang patut panganggéné, senadyan  rêsakka, boten katempahan. Yén dados selaya kang nyambut kalih kang anyambutaken wontening karêsakan boten kelayan idinipun kang gadhah, kang punika kalerêsaken aturanipun kang gadhah : sarta sumpah sepisan sampuné sumpah, wajib anempahi wau kang anyambut.

Prakawis : 183

Saupami tiyang anyambutaken ing gadhahanipun tiyang, kang punika semongsa kénging yén katedhaha, saupami panyambuté mawi janji laminé : utawi boten. Sarta kénging tiyang anyambutaken siti kaanggé mendhem tiyang pejah : sadéréngipun kaurugan punika boten kénging kawandékaken, kedah angantos bersihipun daging. Mengkaten malih, boten kénging anedha tiyang anyambutaken baita : kalanipun katitihan wonten setengahing laut, wondéning blanjanipun saupami angantukaken barang, inggih kang anyambut kang miyosaken wau blonja.

Prakawis : 184

Saupami wonten tiyang anyambutaken siti, wau siti kaanggénan griya : utawi dipun tetanemi, mongka kang gadhah anjabel, kang punika saupami kalanipun anyambut mawi janji, semongsané kajabela : griya utawi tetaneman sami kabedhol, boten kénging yén  boten kabedhola. Yén boten mawi janji mengkaten, kang punika kénging kang anyambut ambedhola : utawi boten. Nanging saupami kabedhol, kang anyambu[78]t amesthi angradina siti tilasing griya : utawi tilasing tetaneman. Yén saupami kang anyambut boten purun ambedhol kénging kang gadhah siti yén  agadhaha pamilihing dalem tigang prakawis, kang rumiyin kénging amadéya pisan dhateng kang anyambut, kaping kalih : kénging yén ambedhola, nanging ketempahan saking sudaning rêrêgén kalané teksih sami ngadeg, kaping tiga : kénging yén kateksihna griya utawi tetaneman sarta anedhaha séwanipun siti. Saupami kang gadhah siti boten purun amilih tigang prakawis wau, kaléréhaken pabenipun  saingga kang gadhah siti kantos agadhah pamilih. Yén saupami siyos kawadé wau pasitén, kénging kang gadhah griya yén lumebeta ing griya anyirami ing tetanemanipun.

Prakawis : 185

Saupami wonten tiyang anyambut pasitén kaadegan griya : utawi kataneman, kang punika lulus panyambuté ping sepisan kémawon, artosé ping sepisan saupami griya kantos rêbah : utawi teneman kantos pejah, kang punika boten kénging yén dadosana wau griya : tuwin  ananem anganyaraken tetaneman malih, kejawi yén angsal wewenangngipun ingkang gadhah.

Prakawis : 186

Saupami wonten selaya tiyang kang gadhah barang kalih kang anganggé barang, kadita : wau tiyang kang anganggé : angakeni enggénipun anganggé wau barang sampun kasambut kang gadhah angakeno : yén kaséwakaké, kang punika saupami barang teksih tetep wonten tanganipun kang anganggé, nanging déréng dangu, ing dalem selaya punika tanpa seksi, kang punika kalarêsaken paturanipun kang anganggé barang : sarta sumpah sepisan. Nanging saupa[79]mi sampun dangu wontening barang ing tanganipun kang nganggé, kang punika kalerêsaken  kang gadhah, inggih kanthi sumpah sepisan, sampunipun sumpah kang nganggé barang amasrahna barangngipun sarta séwanipun.

Prakawis : 187

Saupami tiyang amendhet kendhi saking tanganipun kang wadé toya, mongka wau kendhi dhawah saking tangané kang mendhet saingga pecah, kang punika pamendheté boten kelayan tumbas, ukumipun anempahi kendhi kémawon, nanging boten anempahi toya, yén pamendheté kelayan tumbas kang sekinten isining kendhi cukup kainum piyambak, kang punika anempahi toya, boten anempahi kendhi.

Prakawis : 188

Saupami wonten tiyang anyambut anggén-anggén wau anggén-anggén kaanggékaken dhateng anakkipun éstri kang teksih laré, mongka kang anyambut wau akén asimpen ing griyanipun tiyang liya, saingga kapandungngan wau anggén-anggén, kang punika anedhaha tetempah dhateng kang anyambut, nanging kang anyambut kénging yén anedhaha tetempah dhateng kang asimpen. Kang mengkaten punika, yén saupami kang asimpen wau uninga, yén anggén-anggén punika dédé gegadhahané  kang akén anyimpeni wau. Yén saupami gadhah pakikinten yén anggén-anggén wau gadhahané  kang akén piyambak. Kang punika boten katempahan kang asimpen.

Prakawis : 189

Saupami wonten tiyang angenggéni griya amargi saking pakénipun ingkang gadhah : sarta sampun lami, nanging kalanipun akén boten mawi janji séwa, kang punika boten kénging kang gadhah yén anedhaha séwa dhateng kang angeng[80]geni. Kang mengkaten punika, saupami kang gadhah wau dédé raré : sarta boten édan. Yén saupami kang gadhah raré utawi édan, amesthi kang angenggéni wau ambayar séwa, kakinten laminipun enggéanganggéni.

Prakawis : 190

  Saupami wonten tiyang anyambut barang, mongka selaya wau tiyang kang anyambutaké, kadita kang anyambut angakeni, yén wau barang sampun kawangsulaké dhateng kang anyambutaken, déning kang anyambutaké angakeni, yén déréng tampi, sarta boten wonten ingkang anekséni, kang punika kalerêsaken paturanipun kang anyambutaké : sarta kasumpah, sapuning kasumpah, amasthi wau kang anyambut katempahan.

Prakawis : 191

Saupami wonten tiyang amameruh gadhahaning titiyang, kadita anenunggang ing tetunggangngan utawi angangngéni ing panggénan tuwin akengkén dhateng kewula : sarta saupaminipun, kang punika saupami wau barang kang dipun weruh rêsah utawi ical amesthi wau kang amameruh katempahan. Wonéning tetempah katurutaken dhateng rêrêgén kang langkung  kathah saking kaindhakanipun, artosé saupami wau barang kang dipun waweruh kantos waged minggah-minggah rêginé wonten salebeté tanganipun kang mameruh wau, pundi kang kathah piyambak punika katetepaken  ing tetempah wau. Kang mengkaten punika, bilih langkung pakéwed yén amernékna kelayan saupané wau barang kang ical. Yén saupami boten pakéwed, inggih anempahi ingkang saupaminipun, kadi[81]ta : angicalaken toya, inggih katempahan toya, mengkaten ugi siti : tembagi : tosan timah sarta jené kang teksih uré. Yén saupami barang kang dipun waweruh wau boten ical, inggih barang punika ugi ingkang kawangsulaken. Yén kang ameruh wau angakeni. Yén barang sampun ical, nanging kang gadhah  boten pracados, ingkang punika kalerêsaken paturanipun kang mameruh : sarta kasumpah, sampuning sumpah, anglintoni rêgining kémawon.

Prakawis : 192

Saupami wonten tiyang anyepeng barang saking tanganing titiyang, angsalipun wau barang saking enggénipun mameruh, mongka mongka barang ical, sami ugi panyepengngé saking enggéné mameruh piyambak utawi katitipan, kang punika ukumipun katempahan. Nanging kénging  kang darbé barang anedhaha dhateng salah setunggilé kang mameruh ngajeng : utawi kang  kaping kalih. Nanging dokking tetempah kang anyepeng barang. Yén saupami kang mameruh ngajeng sampun anempahi, kénging anedhaha lelintuning tetempah dhateng kang anyepeng barang. Yén kang nyepeng sampun anempahi, boten kénging anedhaha lelintu dhateng kang mameruh ngajeng.

Prakawis : 193

Saupami wonten tiyang anyegah dhateng tetamu, wau segah anggénipun amameruh, kang punika dokking tetempah dhateng kang anedha wau. Nanging  saupami kang anyegah ngaken gadhahanipun piymbak sarta sampun anempahi, kang punika boten kénging anedha tetempah dhateng kang sinegah : utawi kang anedha wau. Yén tetedhén kang dipun waweruh wau : kasegahaken dhateng kang gadhah piyambak, kang punika kang amameruh boten katempahan.

[82]Prkawis : 194

Saupami wonten tiyang angresak ing brahala : utawi gamelan tuwin ing sasaminipun, pangresakipun saking enggéné sedya angicalaken namaning brahala : utawi naminipun gamelan kémawon, kang punika boten wonten  prakawis punapa-punapa dhateng wau kang angresak. Nanging wau brahala utawi gamelan kénging yén karêsakka boten kelayan kaobong, mongka kaobong, kang punika katempahan wau kang angresak sarêginé peputhoning brahala : tuwin puthoning gamelan, boten katempah ing sarêgining kala teksih wetah.

Prakawis : 195

Saupami wonten tiyang kang  amameruh ing tetunggangngané titiyang : utawi saupaminipun saingga rêsak, kang punika saupami teksih wau tetunggangngan, samesthi kawangsulna dhateng kang gadhah : sarta katempahan sudaning rêgi. Mengkaten ugi ambayar séwanipun.

Prakawis : 196

Saupami wonten tiyang amameruh ing kasuting titiyang sepasang, wau kasut sepasang rêgi sedasa tangsul, mongka ical kang seselé, kang mengkaten punika : amesthi kawangsulna kasut kang seselé wau dhateng kang gadhah, sarta anempahi sudaning rêgén. Yén saupami rêginé kasut kang teksih wau rêgi kalih tangsul, amesthi anempahi wolung tangsul.

Prakawis : 197

Saupami wonten tiyang anggegampil barangnging titiyang awarni lisah, wau lisah lajeng kagodhog saingga suda, nanging boten suda rêginipun, kang punika wau lisah kawangsulna dhateng kang gadhah : sarta anempahi ing [83] sudanipun wau. Yén saupami wau lisah kang kagodhog suda rêginipun, amesthi katempahan.

Prakawis : 198

Saupami wonten tiyang angegampil ing sijangnging tiyang lajeng kawasuh, utawi gandum lajeng dipun gelepung, utawi jeno lajeng kadamel anggén-anggén, kang punika boten kénging  amameruh wau yén  anedhaha éwahané saking padamelanipun. Wondéning ingkang gadhah kénging yén amesésaha kadi déning kang wau, saupami jené kang kadamel anggén-anggén wau, kawangsulaké dhateng kang gadhah malih kadi déning warniné kang wau, kénging ingkang gadhah yén anedhaha séwa salaminipun wonten tanganipun ingkang mameruh wau.

Prakawis : 199

Saupami wonten tiyang amameruh ing pasiténing tiyang, lajeng adegan griya : utawi kataneman, kang punika amesthi wau kang anggegampil angrabahna griyané : sarta ambedholana tetaneman wau, sasampuning kabedholan lajeng karadina wau pasitén. Yén saupami pasitén wau suda rêginipun, amesthi anempahana ing sesudan wau punika, sarta ambayar séwa.

Prakawis : 200

Saupami wonten tiyang amameruh ing sinjangnging tiyang, wau sinjang lajeng kawedal dhateng nilanipun kang amameruh, yén saupami kénging ical wau wedalan sarta ingkang gadhah akén angicalaké, amesthi kang amameruh wau angicalna. Yén saupami boten kénging kaicalaken nanging wau wedalan dados anyudakaken ing rêrêgéning sinjang, amesthi kang amameruh wau amangsulna dhateng kang gadhah : sarta anempahi ing sudaning rêrêgé[84]n tuwin séwanipun. Nanging yén saupami wedalan wau dados angindhakaken ing rêgining sinjang, kang punika tiyang ingkang amameruh pikantuk bagiyan. Saupami sinjang sadéréngngipun kawedel rêgi sedasa réyal nanging sampuning kawedal dados rêgi gangsal welas réyal, kang punika kaindhakanipun saking rêrêgéné kang wau kabagi tiga, kang gadhah sinjang  pikantuk kalih duman, wondéning tiyang kang amameruh sarta medal wau : pikantuk bagiyan seduman.

Prakawis : 201

Saupami wonten tiyang amameruh ing barangnging titiyang lajeng kaworaken kalih barangngé piyambak, kang punika  saupami kénging kapisah, inggih kapisaha, kadita gandum pethah kaworaken ing gandum abrit utawi sasaminipun. Yén saupami wau anggéné amisah sanget sukeripun, kadita gandum pethah sami pethah, kénging kang mameruh wau yén  angilénan ing kathah-kathahé parêgén wau barang kang dipun waweruh, utawi anempahi ing saupaminipun.

Prakawis : 202

Saupami wonten tiyang amameruh ing barangnging titiyang awarni kajeng, lajeng kadamel galuring griya, kang punika amesthi tiyang kang mameruh wau yén anglolosa wau kajeng, lajeng kasukakna ingkang gadhah, sarta ambayara tetempah saking sudaning rêrêgén, mengkaten punika mengkaten ugi séwanipun. Nanging saupami wau kajeng sampun mopol amesthi ambayara tetempah saking kathah-kathahing rêrêgen sarta séwanipun. Mengkaten  ugi tiyang kang mameruh ing kajengnging titiyang, lajeng kadamel baita, ukumipun kasamékaken kadi déning tiyang kang amameruh ing kajeng ingkang kadamel galur.

[85]Prakawis : 203

Saupami wonten tiyang amameruh ing sitining titiyang, sarta wau siti sampun kapindhah saking panggénanipun, kang punika amesthi wau siti kang sampun kapindhah : kawangsulakna dhateng ing panggénanipun, sarta wau siti karadina kadi déning  kang wau. Wau kang gadhah siti kénging yén anedhaha séwanipun siti kang dipun bekta, tuwin séwanipun pasiténé kang dipun ambah dhateng titiyang ingkang mameruh wau, nalikané ambangsulaké siti kang dipun bekta.

Bab Tumbas Barangnging Tiyang Kelayan Kawesésa 

Prakawis : 204

Saupami wonten tiyang kekalih sami anggadhahi barang setunggal kadita pasitén utawi griya gedhong, kang punika saupami salah setunggilipun tiyang kekalih wau awadé ing bagiyanipun kawadé dhateng tiyang liya, kang punika kénging kang setunggilipun yén amesésaha katumbas piyambak kadi déning rêrêgén  kang sampun  kajanjékaken dhateng titiyang liya wau punika.

Prakawis : 205

Saupami wonten tiyang agadhah wang selaka utawi wang mas mongka wau wang kapasrahaken dhateng sewiji titiyang, supados wau tiyang kang dipun pasrahi anglampahina, sarta amawi prajanjiyan amalih bathi : utawi mertiga, kang punika kénging tiyang kang kapasrahan wau yén anglampahina. Saupami enggéné anglampahaké wau pikantuk bathi, wau bathén  kegadhah wateng tiyang kekalih, kadhérékaken punapa saprajanjiyanipun kang wau. Nanging yén saupami amanggih tetunan, boten kénging [86] kang agadhah uwang wau : yén anedhaha tetempah dhateng kang anglampahaké wau yatra. Yén saupami barang kang  dipun lampahaké wau ical utawi rêsak sarta boten kainan kang anglampahaké, kang punika boten kénging kang gadhah wau yén anedhaha tetempah dhateng kang anglampahaké. Yén saupami tiyang kang  anglampahaké wau : angakeni ical utawi angakeni sampun kawangsulaken dhateng kang gadhah, wondéning kang gadhah boten pracados sarta boten rumaos tampi, boten wonten ingkang anekséni, kang punika kalerêsaken paturanipun ingkang anglampahaké : sarta kasumpah, wau kang anglampahaké boten katempahan. Yén saupami titiyang kekalih wau sami selaya ing prajanjiyan, kadita kang anglampahaké angakeni janji malih bathi, déning kang gadhah angakeni janji amertiga, kang punika kasumpah kalihipun. Wondéning sumpahipun kang anglampahaken : temen-temen boten janji amertiga bathi, wangsul yektos ajanji yén malih bathi kémawon, sumpahipun kang gadhah, temen-temen boten janji amalih bathi, wangsul yektos janji amertiga bathi. Sampuning sami kasumpah, wau kang anglampahaké boten kénging yén amendheta bebathén, déning wau bebathén kegadhah dhateng kang anggadhahi wang, nanging kang anglampahaké pikantuk épahan punapa sapatutipun ing pedamelané.

Bab Tiyang Beberah

Prakawis : 206

Yén saupami wonten tiyang angalap opah anyirami tetaneman sarba mawi janji,kang kadamel berahan wohing taneman kang kasiraman wau kapalih utawi kapara tiga, kang punika kénging kalampahaken prajanji[87]yan yén kang kasiraman kurma utawi anggur.wondéning saliyanipun saking kalih prakawis boten kénging yén ajanjiya berahan kawiyosaken  saking uwoh. Saupami kajengan liyané saking kurma kalih anggur, yén sami anunggilpanggénan, inggih kénging ugi kadhérékaken kadi déning wau kurma kalih anggur. Wondéning pedamelan kang amesthi kadamel déning berah, kadita anyiram anyaéni sumur utawi lelarén ambubuti suket adamel anjang-anjang, ambucal kemladhéyan angreksa, angundhuhi uwoh, angeré. Dénten pedamelan kang amesthi kadamel déning kang gadhah, kadita amageri, adamel sumur utawa larén. Yén saupami beberah wau késah, késahipun déréng dumugi pedamelané, mongka kang gadhah andumugékaken pendamelané wau berah, kang punika teksih ugi kang beberah pekantuk berahan punapa saprajanjiyanipun. Nanging saupami kang gadhah taneman boten purun andumugékaké, sayogya kang gadhah matura dhateng kang anyepeng ukum kang supados kukup amendhetna berah. Yén kang gadhah boten purun matur dhateng kang anyepeng ukum, sayogya adamela seksi, supados wau seksi angunina kathahkedhikking yatra kang dipun damel belonja anambeli sakésahé utawi sakité wau berah. Kang mengkaten punika, bilih kang gadhah taneman sedya anedha tetempah dhateng kang beberah. Yén saupami wau berah pejah : sarta gadhah barang tetilaran, mongka Ahli waris andumugékna pedamelanipun, sami ugi kaépahaké : utawi kalampahan piyambak. Yén upami kaépahaké, inggih amendheta  tetilaran wau punika.

[88]Bab Sewa

Prakawis : 207

Saupami wonten tiyang anyéwakaken tetunggangan amawi janji sadumuginipun pedamelan kang sineja, kang punika saupami pejah wau tetunggangngan ing sadéréngngipun dumugi, amesthi kang anyéwakakn anglintonana tetunggangngan malih, supados andumugékna dhateng panggénanipun kang kaseja. Yén saupami kang kang kaséwakaken awarni griya, rêbahé utawi icalé  wau griya  boten amesthi kang anyéwa yén anglintonana, kénging kang gadhah anedhaha séwané kang  sampun dipun lampahi nalikané déréng rêbah. Wondéning kang amesthi ingkang  kadamel dhateng kang anyéwakaken tetunggangan wau, kadita andhérékaken anamcang, amakani sarta ababah-abahi, tuwin amerdékaken praboting tetunggangngan, dénten pamesthiné kang anyéwakaken griya, amangun sakathahé kang rêsak, ameng angresikki plataraning griya, punika dhateng kang anyéwa.

Prakawis : 208

Saupami wonten tiyang anyéwa griya utawi tetungangngan, kénging yén kanggé piyambak utawi kanggékaké tiyang liya. Nanging kedhah kang angupaméni, boten kénging kang anyéwa yén kanggékna kang anglangkungngi gengngé saking piyambakké. Mengkaten ugi tiyang kang anyéwa griya, yén wau griya kanggékna dhateng pandhé utawi tukang manatu, punika boten kénging. Yén kelampahan kadamel ing dalem kalih prakawis wau, andadosaken karêsakan, amesthi katempahan kang anyéwa.

Prakawis : 209

Saupami wonten tiyang  anyéwa tetunggangan, wau tetunggangngan lajeng ka[89]cancang dhateng anyewa, kang punika saupami pejah kalané teksih kacancang, boten kénging katempahan dhateng kang anyéwa. Nanging saupami pejahé karêbahan punapa-punapa nalikané teksih dipun titihi, utawi karêbahan kanthi, punika kénging katempahan dhateng kang anyéwa.

Prakawis : 210

Saupami wonten tiyang amberahaken medel sinjang : utawi andodomi, tuwin saupaminipun, mongka ical wau sinjang, nanging icalipun boten amargi kainanipun kang beberah, kang punika boten kénging katempahna dhateng kang beberah.

Prakawis : 211

Saupami wonten tiyang amasrahaken sinjang dhateng tukang pandom supados kadodoman : utawi kadamela ing saupaminipun, kalané amasrahaken boten mawi anyebut épahan sarta boten anyemoni dhateng wau épahan, kang punika amesthi kang gadhah sinjang yén asukaha épahan. Kang mengkaten punika, bilih tukang pandom punika dédé kewula : sarta dédé tiyang kumrung. Yén kang dipun pasrahi wau kewula : utawi tiyang kumprung, amesthi asukaha épahan.

Prakawis : 212

Saupami wonten tiyang anyéwa griya : prajanjiyan amung sesasi, kang punika saupami  griya boten dipun enggéni dhateng kang anyéwa, saingga dumugi janjinipun, amesthi ambayara séwanipun ing dalem sesasi.

Prakawis : 213

Saupami wonten tiyang amadhukunan, wau dhukun awis kalepatanipun enggénipun anjejampéni, saupami enggénipun anjampé[90]ni  mawi janji épahan sarta kelayan rêgining jejampi, mongka kang jinampén boten saras, amesthi kang sakit angépahan : sarta ambayar rêgining jejampi. Nanging saupami dhukun asring-asring kalepatan enggénipun anjejampéni : sarta mawi janji kadi kang sampun kasebut wau, kang punika boten amesthi kang sakit yén anyukanan épahan, sawab setengah kainanipun wau dhukun adamel kang boten dipun kawagedi.

Bab Tiyang Ambubak Wana

Prakawis : 214

Saupami wonten tiyang anggegesang pasitén kang pejah, kadita wana kang déréng kataneman, mongka siti wau kegadhah dhateng kang anggegesang. Wondéning patrapé enggéné anggegesang, supados tetepa siti kedarbé ingkang anggegesang, kang punika saupami siti ajeng kaadegan griya, sarat kapagerana : kapayonan : sarta kasukanan kori. Yén badhé kadamel kandhang, amung pager kelayan kori, boten sarat kapayonan. Yén badhé kadamel pasabinan, sarat karadin pasitén sarta dipun galengngi, boten sarat kadhedheran wiji. Yén kadamel pakebonan, dados sarat amagerana : sarta anguruga.

Prakawis : 215

Saupami wonten tiyang saweg anglekasi anggegesang pasitén pejah : déréng kantos dumugi punapa kasedyakaké, saweg adamel anjir, utawi siti wau sampun kaparingaké déning ratu, kang punika ukumipun déréng kegadhah wau siti dhateng tiyang punika, nanging dados sengkeran kémawon. Saupami wonten titiyang kang anglajengngaké, wau siti inggih kedarbé dhateng kang anglajengngaké.

[91]Prakawis : 216

Saupami wonten margi, wau margi kedarbé tiyang kathah, kénging sabarang tiyang nging sabarang tiyang yén amergénana, mengkaten ugi kadamel lenggah utawi ngadeg léren amrih angantos réncangipun, sarta kénging awadé tingumbas wonten setengahing margi. Kang mekaten punika, saupami boten anesekki dhateng tiyang kang sami langkung. Yén saupami wonten titiyang sampun alenggah wonten ing margi wau, kang punika boten kénging yén kaandhiha, kejawi yén sampun késah.

Prakawis : 217

Saupami wonten siti kang miyos welirang : utawi séla wungkul utawi saupaminé, kang punika wau welirang kénging sabarang tiyang yén amandheta, boten kénging sewiji tiyang yén angawisana. Wondéning tetepipun wau welirang kegadhah dhateng tiyang : yén sampun kaentasaken saking panggénanipun, déréng kegadhah welirang : yén amenhka tengeran utawi kasaosaké ing ratu.

Prakwis : 218

Saupami wonten jené utawi selaka kang sami teksih wonten salebeting siti, kénging sabarang tiyang yén sami amendhetana. Nanging saupamo wonten pasitén pejah kagegesang ing titiyang, nunten wau siti wonten jené, mongka wau  jené tetep kadarbé dhateng kang  anggegesang wau.

Prakawis : 219

Saupami wonten toya  miyos saking sumberaning rêdi, kénging sakathahé tiyang amendhetana. Yén saupami wonten tiyang kathah sami akajeng dhateng wau toya : kadamel angelebi pasiténipun sami, kang punika karumiyina pundi kang caket panggénané saking toya wau. Yén sampu[92]n sami kaleban dumugi sakajengngé kang caket toya, nunten kapindhahna dhateng sauruté. Wondéning toya kang wonten ing lépén tuwin sesumbaran déréng wonten tiyang gadhah, kejawi yén sampun kawadhan.

Prakawis : 220

Saupami wonten tiyang andamel sumur : panggénanipun wonten siti pejah, nanging pandamelé boten seja kamélik, kang punika sabarang tiyang boten kénging yén amendheta : kejawi angsal wewenangngé kang andamel wau. Yén kang damel sampun késah saking ngriku, kénging sabarang tiyang amendhetana.

Prakawis : 221

Saupami tiyang sami bebathon ambendung lépén, kang punika toyanipun kabagi dhateng kang sami ambedung wau, patrapé enggénipun ambagi kadhérékaken kathahing kajeng kang kadamel bendung.

Bab Adedana

Prakawis : 222

Saupami tiyang amakapaken ing barangngé : utawi andanakaké, kang punika sewiji tiyang boten kénging yén amadéya : tuwin améwhna : sarta amarisa. Sawab barang kang kadanakaké wau, sampun medal saking gadhahaning manusa. Wondéning tiyang kang kanggénan barang dana, amung kénging amendhet munpangaté kémawon, kénging yén kaanggéya : tuwin kaséwakaké : sarta kasambutaké.

Prakawis : 223

Saupami tiyang andanakaké barang, kadanakaké dhateng anak putuné piyambak, kang punika wau anak putu sami anggadhahi sedaya dhateng munpangaté wau barang. Yén anak putu sampun sami pejah seda[93]ya, mongka barang kang kadanakaken wau : kapindhahna dhateng sanakké kang ragi caket.

Prakawis : 224

Saupami wonten tiyang adamel dana lembu : maésa : utawi saupaminipun, mongka kadanakaké wau pejah amargi kapejahan tiyang, kang punika boten kénging kang dipun danani yén amendheta ing yatra tetempah, nanging wau yatra katumbasna malih kang dados lelintuné.

Bab Pawéwéh

Prakawis : 225

Saupami wonten tiyang anyukakaké gadhahané, nanging barang déréng ketampén dhateng kang dipun sukani, kang punika déréng kénging wau barang yén kanamakna dados gadhahané kang dipun sukani. Saingga sampun katampén punika tetep dados gadhahané, boten kénging kajabel malih. Nanging saupami kang dipun sukani punika anak dhateng sapengandhapipun, yén déréng pindhah dhateng tiyang sanés, kénging wau barang yén kajabela. Yén sampun pindhah dhateng tiyang sanés sanadyan wangsula malih, boten kénging  yén kajabela.

Prakawis : 226

Saupami wonten tiyang anyukakaken barangngipun, nanging kalané anyukakaké mawi prajanjiyan supados kang dipun sukani wau amangsulana pawéwéh malih, kang punika wau wewales sampunkapratélakakén, monghka katetepaken barang punika dados wadé tinumbas. Yén boten kapratélakaké wau wewales, boten dados pawéwéhipun tuwin pamadénipun.

[94]Prakawis : 227

Saupami wonten tiyang anyukakaken ing barangngipun wau barang mawi kewadhahan, yén saupami boten limrahing adat yén wadhah kawangsulna, mongka kalebet wau dhawah  dados pawéwéh, kadita karung kadamel wadhah uwos utawi saupaminé. Yén limrah wewadhah kang kawangsulaken, inggih boten kelebet ing pawéwéh : sarta boten kénging  kang dipun sukani yén anganggéya dhateng wau wewadhah. Nanging saupami kang dipun wéwéhaken limrah yén katedhiya wonten ing wewadhah ngriku, kadita bubur tuwin saliyané, kénging yén katedhaha wonten ing wewadhah ngriku.

¤¤¤

Prakawis : 228

Saupami wonten tiyang amanggih barang boten kantenan ingkang gadhah, kang punika yén ingkang manggih tiyang santosa, sayogya kacepengnga, sampun kantos kacepeng dhateng tiyang kang boten santosa, kang sarta kénging yén kang manggih amendheta pisan. Nanging saupami wonten kang ngaken, amesthi amangsulaké : utawi anglintoni rêginé. Nanging saupami yén barang sedyua kapendhet, srat ajeng kabayawarakaken, laminé enggéné ambayawarakaké angantos setaun. Patrapé enggéné ambayawarakaké : kang rumiyin apitakén punapa warniné, yén jené pinten wawraté : lan punapa wadhahé : tuwin tangsulé. Wodéning enggénipun ambayawarakaké ing pundi adat panggénan ingkang limrah kedamel pakumpulan tiyang kathah, kadita korining masjid utawi peken, laminé pitung dinten enggéné ambayawarakaken wau, sedintené kadamel kaping kalih, nunten saben pitung dinten nunten saben-saben sesasi sepisn. Wondéning yén barang kelangkung kedhik, inggih ambayawara[95]kna laminé kang sekinten gadhah barang boten amimikir dhateng gadhahanipun wau. Yén saupami enggéné ambayawarakaké ing barang sampun dumugi setaun, mongka barang wau tetep dados gadhahanipun kang manggih wau, nanging sarat kedhah amiraos yén barang sampun kagadhah. Yén sampun barang dados gadhahanipun nunten wonten kang angakeni sarta kelayan saksi, utawi boten kelayan seksi, nanging dipun lerêsaken pengakené dhateng kang amanggih wau, kang punika wau barang amasthi yén kawangsulna. Yén barang sampun ical wajib anempahana ing sarêginé. Yén wonten kang angaken, nanging pengakené boten pratéla : boten anyebut warniné : tuwin wawrat sarta wadhahé : tangsulé, tanpa seksi, kang punika boten kénging kapasrahena wau barang. Nanging saupami pengakené mawi anyebut nami, sarta kalerêsaké kelayan pakikinten dhateng kang amanggih, kénging yén kapasrahena. Sampuné kapasrahaken, mongka wonten kang angaken malih : sarta akanthi seksi, nanging barang sampun ical, kang punika kénging kang angaken ingkang kelayan seksi : yén anedhaha tetempah dhateng salah setunggilé, nanging dhokking tetempah dhateng kang dipun pasrahi barang, yén kang manggih anempahi, kénging anedhaha lelintu dhateng kang kapasrahan barang.

Prakawis : 229

Saupami wonten tiyang amanggih barang, panggénané manggih wonten ing siti mekah, kang punika kang amanggih boten kénging yén anggadhahana paneja ajeng amendhet pisan, ameng kasimpena : sarta kabayawarakna ing salami-laminipun.

Prakawis : 230

Saupami wonten titiyang amiraos dhateng sewiji tiyang, mengkaten worao[96]sé sinten kang waged amangsulaké barang kula kang ical, kula sukani sepalih. Mongka kelampahan wonten kang mangsulaké, sarta dédé kang nyolong, kang punika amesthi kalestantuna punapa sawiraosipun. Nanging saupami kang mangsulaken punika kang nyolong, kang punika boten amesthi yén kalestantuna wau wiraosé, sawab déning kang anyolong wau ukumipun amesthi yén amangsulna kang cinolong.

Prakawis : 231

Saupami wonten tiyang amiraos sapunika wiraosé : sinten kang suka tedah barang kula kang ical kula sukani sepalih. Kelampahan wonten kang anedhaken yén barang kacepeng tangané tiyang liya, kang punika boten amesthi yén anglestantuna woraosé. Sawab pandameling boten kelayan kangélan boten wonten upahipun.

Prakawis : 232

Saupami wonten tiyang titip barang, mongka ical wonten panggénané kang dipun titipi, kang punika boten ketempah tiyang katitipan. Nanging kénging yén katempahena, yén kang wau barang klané katitipaké kasimpen ing panggénan kang santosa, awusana kapindhah dhateng panggénan liya kang boten anyaméni kadi ingkang wau, sandyan patuta dados pasimpenanipun barang punika wau. Kang mengkaten punika, bilih boten kelayan kajengngé kang titip. Mengkaten ugi : yén kang katitipan anitipna dhateng tiyang liya kang boten kelayan sukané kang gadhah : sarta boten dados kesusahané.yén saupami dados kesusahan, kadita ajeng kékésahan utawi sakit sanget utawi kathah griya kobong, kang punika amesthi barang  yén kawangsulna dhateng kang gadhah malih. Yén kang [97] gadhah anuju boten wonten, mongka kapasrahana dhateng kang anyepeng ukum. Yén ing ngriku boten wonten kang anyepeng ukum, kapasrahna dhateng tiyang kang santosa. Yén saupami prakawis punika boten purun anglampahi, yén barang kantos ical, mongka katempahan kang katitipan. Mengketen malih katempahan yén barang kang katitipaké amesthi kaanggé : boten purun nganggé, utawi boten purun makani : yén barang punika limrahipun anedhi, sadhatengnging pejah, inggih katempahan. Katempahan malih tiyang katitipan saupami anyelayani kelayan pakénipun kang gadhah, utawi wau barang kapasrahaken dhateng wau dursila. Mengkaten malih katempahan yén barang sampun katedha dhateng kang gadhah : boten inggal kasukakaké, utawi mungkir katitipan. Nanging yén saupami pamungkiripun amrih ing kawilujengan, kadita tiyang dipun takéni ing  dursila : angaken boten katitipan, saingga ical, kang punika boten katempahan.

Prakawis : 233

Saupami tiyang katitipan angaken barang punika ical, utawi ngaken sampun kawangsulaké dhateng kang titip, kang titip angakeni déréng tampi, sarta maiben yén barang punika icala, tanpa seksi, kang punika kalerêsaken paturanipun kang katitipan akanthi sumpah sepisan. Nanging yén saupami kang katitipan angakeni sampun kapasrahaken dhateng Ahli waris, utawi Ahli warisipun kang katitipan wau sampun angakeni yén sampun kawangsulaké dhateng kang atitip, kang punika boten kadadosaken yén boten kelayan seksi.

[98]Prakawis : 234

Saupami tiyang amasiyataken ing gadhahanipun, artosé tiyang anggantungngaken pawéwéh, kang punika kénging yén kajabela malih : utawi kawadéya : sarta saupaminé. Wondéning teteping wasiyat sampuning pejah kang gadhah, sarta panarimané kang dipun wasiyati.

Prakawis : 235

Saupami wonten tiyang masiyataken ing barangngé, sayogya sampunkantos langkung sepratigané barang kasugihanipun, kranten boten lulus langkungnging sepratiganing kasugihan yén upami Ahli waris boten anglulusaken. Yén saupami kang awasiyat wau boten  agadhah Ahli waris liyanipun kang teksih laré utawi édan, utawi boten gadhah pisan, kang punika amesthi boten dados langkungipun wasiyat saking sepratiganing arta kasugihanipun.

Prakawis : 236

Saupami tiyang amasiyataké dhateng Ahli warisé piyambak, kang punika boten kénging yén kalestantuna sedayaning wasiyat. Nanging yén boten gadhah Ahli waris laré : tuwin Ahli warisé édan, mongka wasiyatipun dipun lestantunaken dhateng Ahli waris liyanipun kang dédé laré, kang punika lulus wasiyatipun.

Prakawis : 237

Saupami wonten tiyang sakit sanget amerdikaké dhateng kewulané : tuwin améwéhaken ing artané, mongka sakit lajeng pejah, kang punika ukumipun kadi déning tindakking wasiyat.

[99]Bab Pulmak

Prakawis : 238

Saupami wonten tiyang sakit sanget, kang punika sayogya yén adamela pulmak dhateng sewiji tiyang kang santosa, kang supados wau pulwak adamela punapa sawelingngé kang sakit wau sampuning pejah, kadita akén ambayari sambutanipun utawi angantukaken barang titipan utawi seselangan tuwin barangngé tiyang kang dipun waweruh, artosé kala kapendhet kang gadhah barang boten uninga, mengkaten malih aken anglestantunaken wasiyat utawi ambau rêksa anakké kang meksih laré utawi édan. Nanging menawi melingaké amelékakeké anak kang teksih laré, utawi akén padamelan kang kacegah ing agami, kadita anyaéni panggénaning brahala : utawi kénging yén kalestantuna. Saupami tiyang kang sakit wau teksih gadhah bapa, kang punika sayogya bapa ingkang kadamela pulmak. Sampuning pejah wau kang sakit amesthi wau pulwak anglestantuna sawelingngé, kadi kang sampun kasebut ing nginggil. Saupami anak kang teksih  laré sampun dumugi umur gangsal welas taun sart anggadhahi kapikiran saé, kang punika wau pulmak amesthi masrahena barang warisipun. Saupami selaya wau anak kelayan pulmak, kadita pulmak angakeni wau barang sampun kapasrahaken dhateng wau anak, dénten wau anak angakeni déréng tampi, boten wonten ingkang anekséni, kang punika kalerêsaken paturanipun wau anak, nanging mawi kasumpah ping pisan, sampuning sumpah anak wau kasumpah, amesthi pulmak wau anempahi punapa sapanerkanipun anak wau punika.

[100]Bab Waris

Prakawis : 239

Saupami wonten tiyang  pejah atilar barang, kang punika wau barang boten kénging yén kabagiya dhateng Ahli waris sadéréngngé telas kabayaraken tetanggelanipun kang pejah, kadita kabayaraken dhateng sambutan tuwin kapendhet kadamel wragad kala pejah, kadita ules lan ambayar kang damel luwang : utawi kang mikul. Sampuné cukup kadamel ambayar : sarta kadamel wragad sakantuné tatilaran punika ingkang kabagi. Wondéning sipaté kang sami angsal waris tiyang kawan prakawis, kang rumiyin bongsa, kadita anak putu : saupaminé, kaping kalih bojo, kaping tiga kang amardikakaké ing piyambakké, lamun kang pejah punika angsal saking kewula, kaping sekawan ingkang nunggil agami. Wondéning tiyang jaler kang sami angsal waris kathahé gangsal welas, kang sepisan anak jaler,kaping kalih putu jaler kang saking anak jaler : sarta sapengandhapipun, kaping tiga bapakkipun, kaping sekawan kaki saking bapa : sapangnginggilipun, kang kaping gangsal sedhérék jaler kang tunggil sabapa biyang, kaping nem sedhérék jaler sabapa kémawon, kaping pitu sedhérék jaler sabiyang kémawon,kaping wolu sedhérékké jaler bapa kang kang tunggil bapa biyang, kaping sanga sedhérékké jaler bapa kang tunggil bapa kémawon, kaping sedasa anakké jaler sedhérékké jaler bapa kang tunggil  sabapa sabiyang, kaping sawelas anakké jaler sedhérékké jaler bapa kang tunggil bapa kémawon, kaping kalih welas anakké jaler  sedhérék jaler sabapa kémawon, kaping kawan welas laki,kaping gangsal welas tiyang jaler kang amerdikakaké ing piyambakké : lamun angsal saking kewula. Wondéning tiyang éstri kang sami ang[101]sal waris kathahipun sedasa, kang rumiyin anakké éstri, kaping kalih putu éstri saking anak jaler : sarta sapengandhapipun, kaping tiga biyang, kaping sekawan nini saking bapa, kaping gangsal nini saking biyang : sarta sapenginggilipun, kaping nem sedhérékké éstri sabapa sabiyang, kaping pitu sedhérékké  éstri sabapa kémawon, kaping wolu sedhérék éstri sabiyang kémawon, kaping sanga rabi, kaping sedasa tiyang éstri kang amerdikakeké : lamun kang pejah angsalé saking kewula.

Prakawis : 240

Saupami tiyang éstri pejah, mongka tiyang jaler kang sami kasebut ing nginggil wau wonten sedaya, kang punika kang angsal waris ameng titiga, kadita anakké jaler : bapa : laki, sawab déning tiyang jaler kang kalih welas sami kaling-kalingngan déning anak jaler : utawi kaling-kalingngan déning bapakkené kang pejah. Wondéning barang titilaran kabagi dados  kawan welas bagiyan, seprapaté gadhah dhateng laki, separa neman kegadhah dhateng bapa,pitung duman kang kantun saki kehadhah anak jaler sedaya.

Prakawis : 241

Saupami wonten tiyang jaler pejah, monhka tiyang éstri kang sampun kasebut ing nginggil wau sami wonten sedaya, kang punika amung tiyang segangsal ingkang angsal waris, kadita anakké éstri : putu éstri saking  anak jaler : sedhérék éstri sabapa sabiyang : rabi : biyang. Sawab nini kalingan biyang, dénten tiyang éstri kang mardikakaké : sarta sedhérék éstri sabapa kémawon punika kalingan dhateng sedhérék éstri sabapa biyang. [102] Dhateng anak éstri sepalihé saking kawan likur, kegadhah dhateng putu éstri separa nemmé saking kawan likur, kegadhah dhateng biyang separa nemmé saking kawan likur, kegadhah dhateng sedhérék éstri kang sabapa sabiyang setunggal.

Prakawis : 242

Saupami wonten tiyang jaler pejah, mongka tiyang jaler sarta tiyang éstri kang kasebut ing nginggil wau sami wonten sedaya, kang punika amung tiyang segangsal kang angsal waris, kekalih kang jaler, kadita anak kelayan bapa, tetiga kang éstri, kadita biyang : anak éstri : rabi. Patrap kang mengkaten punika, kaprinci dados pitung dasa kalih, kegadhah dhateng bapa kalih welas bagiyan, kegadhah anak éstri tiga welas bagiyan, kegadhah anak jaler nem likur bagiyan.

Prakawis : 243

Saupami wonten tiyang éstri pejah, mongka tiyang jaler sarta tiyang éstri kang sampun sami kasebut ing nginggil sami wonten sedaya, kang punika amung tiyang gangsal kang sami angsal waris, kang jaler tiga, kadita anak jaler : bapa : laki, kang éstri kalih, kadita anak éstri : biyang. Patrap kang mengkaten punika, barang tetilaran kaprinci dados tigang dasa nenem, kedarbé bapa sepraneman, kedarbé biyang separa neman, kedarbé  laki seprapat, sakantuné kedarbé anak jaler kalih duman, kadarbé anak éstri seduman. Wondéning pandumané tiyang kang sami angsal waris kang sampun kaparéntahaken ing Gusthi Allah, amung nem prakawis, kadita angsal sepalihé titilaran, kaping kalih angsal kalih pratiganing tetilaran, kaping tiga angsal sepratiganing titilaran, kaping sekawan angsal ing seprapataning tetilarab, kaping gangsal angsal sepranemani[103]pun tetilaran, kaping nem angsal seprowoloning tetilaran. Wondéning kang sami angsal waris sepalihé tetilaran tiyang gangsal prakawis kadita laki : yén saupami kang pejah boten atilar anak sarta putu kang saking anak jaler, kaping kalih anak éstri, kaping tiga putu éstri saking anak jaler, kaping sekawan sedhérék éstri nunggil sabapa biyang, kaping gangsal sedhérék éstri kang tunggil bapa kémawon. Kang mekaten punika, saupami wau anak éstri : putu éstri kang saking anak jaler : sedhérék éstri kang tunggal bapa biyang : utawi bapak kémawon sami anak tunggil. Wondéning kang angsal kalih pratigan kathahé kawan prakawis, kadita anak éstri kekalih tuwin kakung, kaping kalih putu éstri kekalih tuwin kakung ingkang medal saking anak jaler, kaping tiga sedhérék éstri kekalih tuwin kakung kang tunggil sabapa biyang, kaping sekawan sedhérék éstri kekalih tuwin kakung kang tunggil sabapa biyang. Wondéning ingkang angsal duman sepratigan kathahipun tigang prakawis, kadita  biyang : saupami kang pejah boten atilar anak sarta putu kang medal saking anak jaler : sarta boten atilar sedhérék jaler kekalih tuwin kakung : sarta boten atilar sedhérék éstri kekalih tuwin kakung, kaping tiga sedhérék tunggil biyang kémawon kekalih utawi langkung, nanging wonten kalanipun kaki angsal sepratigan saupami kang pejah atilar sedhérék jaler kekalih tuwin kakung. Wondéning kang angsal duman seprapat kathahipun kalih prakawis, kadita laki : saupami kang pejah atilar anak utawi putu kang saking anak jaler, kaping kalih rabi : saupami kang pejah boten atilar anak sarta putu kang saking anak jaler. Wondéning kang angsal panduman separa neman kathahipun pitung prakawis, kadita  bapa : saupami kang pejah ati[104]lar anak tuwin putu kang saking anak jaler, kaping kalih kaki saking bapa sapenginggil saupami kang pejah atilar anak utawi putu saking anak jaler, kaping tiga biyang : saupami kang pejah atilar anak utawi putu saking anak jaler, utawi atilar sedhérék jaler kekalih, utawi atilar sedhérék éstri  kekalih tuwin kakung, kaping sekawan nini saking bapa utawi saking biyang, kaping segangsal putu éstri setunggal, kaping nem sedhérék éstri sebapa : saupami ameng atilar sedhérék éstri kang tunggil sabapa sabiyang setunggal kémawon, kaping pitu : sedhérék sabiyang : yén ameng setunggal, sami ugi wau sedhéréh jaler : utawi éstri kang tunggil sabitang wau.

Prakawis : 244

Saupami wonten tiyang jaler pejah atilar anak utawi bapa biyang : tuwin rabi,kang punika boten wonten ingkang waged angaling-alingngi ing warisipun sami. Mengkaten ugi saupami kang pejah tiyang éstri, boten wonten kang angaling-alingngi dhateng warisipun wau laki.

Prakawis : 245

Saupami wonten tiyang pejah atilar putu jaler utawi éstri kang sami saking anak jaler, kang punika ameng anak jaler ingkang angaling-alingngi dhateng warisipun wau putu. Mengkaten ugi putu jaler kang saking anak jaler waged angaling-alingngi warisipun buyut kang  saking putu jaler.

Prakawis : 246

Saupami wonten tiyang pejah atilar kaki saking bapa, kang punika ameng bapa kang waged angaling-alingngi warising kaki. Mengkaten ugi kaki waged angaling-alingngi dhateng warisé sabapakipun kaki sapenginggilipun.

[105]Prakawis : 247

Saupami wonten tiyang pejah atilar nini saking bapa, kang punika ameng tiyang kekalih ingkang waged angaling-alingngi dhateng warisipun wau nini, kadita bapa : biyang. Mengkaten ugi nini waged angaling-alingngi ing warisé sabiyangngé nini.

Prakawis : 248

Saupami wonten tiyang pejah atilar sedhérék jaler tunggil bapa biyang, kang punika ameng tiyang tetiga kang waged angaling-alingngi dhateng warisipun wau sedhérék, kadita bapa :  anak jeler : putu jaler saking anak jaler : sapengandhapipun.

Prakawis : 249

Saupami wonten tiyang pejah atilar sedhérék kang tunggal bapa émawon, kang punika ameng tiyang segangsal ingkang waged angaling-alingngi warisé sedhérék kang sabapa, kadita : anak jaler : putu jaler saking anak jaler sapengandhapipun sarta sedhérék jaler tunggil bapa biyang : lan sedhérék éstri tunggi bapa biyang. Kang mengkaten punika, wau sedhérék éstri tunggil bapa biyang : wagedé angaling-alingngi dhateng sedhérék kang sabapa kéwamos saupami wau kang pejah atilar anak éstri utawi putu éstri kang anak jaler sapengandhapipun.

Prakawis : 250

Saupami wonten tiyang pejah atilar sedhérék tunggil biyang kémawon, kang punika ameng tiyang tetiga kang waged angaling-alingngi warisé sedhérék kang tunggil biyang wau, kadita bapa sapenginggil anak utawi putu saking anak jaler sapengandhap.

[106]Prakawis : 251

Saupami wonten tiyang pejah atilar anak jaler kang saking sedhérék jaler tunggil sabapa sabiyang, kang punika ameng tiyang nenem ingkang waged angaling-alingngi, kadita bapa : kaki saking bapa : anak jaler : putu jaler saking anak jaler sapengandhap sedhérék jaler tunggil sabapa sabiyang : sedhérék jaler tunggil sabapa kémawon.

Prakawis : 252

Saupami wonten tiyang pejah atilar kepénakan jaler kang saking sedhérék jaler tunggil bapa kémawon, kang punika ameng tiyang pitu ingkang  waged angaling-alingngi dhateng wau kepénakan, kadita bapa : putu jaler saking anak jaler sapengandhap, sedhérék jaler tunggil bapa biyang : sedhérék jaler tunggil bapa kémawon, kepénakan jaler kang saking sedhérék jaler sebapa sabiyang.

Prakawis : 253

Saupami tiyang pejah atilar paman, wau paman saking bapa nunggil sabapa sabiyang, kang punika kang waged angaling-alingngi daheteng warisé wau paman ameng tiyang wolung prakawis salah setunggilé, kang rumiyin bapa, kaki saking bapa, anak jaler, putu jaler saking anak jaler sapengandhap, sedhérék jaler sabapa sabiyang, sedhérék jaler nunggil sabapa sabiyang, kepénakan jaler kang saking sedhérék jaler nunggil bapa kémawon.

Prakawis : 254

Saupami tiyang pejah atilar paman saking bapa kang nunggil bapa kémawon, kang punika ameng tiyang sanga kang waged angaling-alingngi dhateng warisipun wau paman lamun pinanggih salah setunggilé, kadita bapa, kaki saking [107] bapa, anak jaler, putu jaler saking anak jaler sapengandhap, sedhérék jaler nunggil bapa biyang, sedhérék jaler nunggil bapa kémawon, kepénakan jaler sedhérék jaler nunggil sabapa sabiyang, kepénakan jaler saking sedhérék jaler nunggil sabapa kémawon, paman saking bapa kang nunggil bapa biyang.

Prakawis : 255

Saupami wonten tiyang pejah atilar anakking paman saking bapa kang nunggil bapa biyang, kang waged angaling-alingngi warisipun wau anakking paman amung tiyang sedasa prakawis, kadit bapa, kaki saking bapa, anak jaler, putu jaler saking anak jaler sapengandhap, sehdérék sabapa sabiyang, sedhérék jaler nunggil bapa kémawon, kepénakan jaler saking sedhérék sedhérék jaler nunggil bapa biyang, kepénakan jaler saking sedhérék jaler nunggil bapa kémawon, paman saking bapa nunggil bapa biyang, paman saking bapa nunggil bapa kémawon.

Prakawis : 256

Saupami tiyang pejah atilar anakking paman jaler saking bapa nunggil bapa kémawon, kang punika amung tiyang sewelas prakawis ingkang angaling-alingngi salah setunggilé dhateng warisipun wau anakking paman jaler kang saking bapa kang tunggil bapa kémawon, kadita bapa, kaki saking bapa, anak jaler, putu jaler saking anak jaler sapengandhap, sedhérék jaler nunggi bapa biyang, sedhérék jaler nunggil bapa kémawon, kepénakan jaler saking sedhérék jaler nunggi bapa biyang, kepénakan jaler  saking sedhérék jaler nunggil bapa kémawon, anakking paman jaler saking bapa nunggil bapa biyang.

Prakawis : 257

Saupami tiyang pejah atilar putu éstri saking anak jaler, ameng tiyang ka[108]lih prakawis kang waged angaling-alingngi warisipun, kadita anak jaler : anak éstri kalih utawi kakung. Kang mengkaten punika, saupami wau putu éstri boten akanthi kelayan sedhérékipunjaler piyambak sarta boten akanthi anakking paman sedhérékké bapakipun piyambak. Yén saupami akanthi salah setunggilé kang sampun kasebut wau, mongka putu boten kalingan dhateng tiyang kalih prakawis, teksih angsal ugi waris, sawab salah setunggalé akanthinipun wau putu kang anarik angsalipun waris.

Prakawis : 258

Saupami tiyang pejah atilar buyut éstri saking biyang, kang punika buyut kalingan dhateng nini, artosé pundi kang kacaket dhateng kang pejah waged angaling-alingngi dhateng kang ragi tebah.

Prakawis : 259

Saupami tiyang pejah atilar sedhérék éstri nunggi bapa kémawon, kang punika kalingngan dhateng sedhérék éstri kalih utawi kakung : kang sami nunggil sabapa sabiyang. Mengkaten ugi wau sedhérék éstri kang nunggil bapa biyang, saupami wau sedhérék kang setunggal kang nunggil bapa biyang : yén akanthi anakké éstri wau kang pejah amung setunggal kémawon utawi kanthi putuné éstri kang pejah saking anak jaler ameng setunggil kémawon.

Prakawis : 260

Saupami tiyang éstri pejah atilar laki : biyang : sedhérék tunggil biyang kémawon sarta paman saking bapa, kang punika wau paman saking bapa warisipun kalingngan dhateng kumpulipun tiyang tiyang tga wau, sawab pandumané [109] tiyang tiga anelasaken pandumané dhateng barangngipun kang pejah. Patrap kang mengkaten punika, wau tilaran kaprinci dados nenem, kedarbé laki kang tigang duman, kedarbé biyang kalih duman, kegadhah sadhérék tunggil biyang  sebagiyan. Nanging saupami mayit amung tilar  laki : sarta paman saking bapa kémawon, mongka wau paman angsal panduman sepalih. Yén mayit ameng tilar biyang : sarta paman saking bapa, mongka wau barang kapara tiga, kedarbé dhateng paman. Yén mayit atilar sedhérék tunggil biyang : sarta paman saking bapa, kang punika barang kapara neman, segangsal kedarbé paman, setunggal kedarbé sedhérék wau.

Prakawis : 261

Saupami tiyang pejah, nanging angsal saking kewula, pejahipun boten agadhah anak sarta liyané, amung atilar bendara kang sampun amardikakaké dhateng wau mayit, kang punika sakathahé tilarané sami kedarbé kang mardikakaken wau punika. Yén saupami mayit mawi atilar kang angsal panduman kadita laki : sarta kang mardikakaken, wau barang kapalih, kedarbé laki sepalih, sepalihé kedarbé kang mardikakaken. Yén mayit atilar biyang kalih kang mardikakaken wau, kang punika barang tetilaran kapara tiga, kang seduman dhateng  biyang, kang kalih duman dhateng kang mardikakaken. Nanging saupami kang pejah wau atilar bapa sarta kang mardikakaken, barang tetilaran kedarbé bapa sedaya, sawab kamardikakaé kalingngan dhateng bapa.

Prakawis : 262

Saupami tiyang pejah boten atilar Ahli waris bongsa : tuwin kang mardigakaken ing mayit wau, sarta boten tilar bojo, kang punika barang [110] tetilaranipun ratu kang angasta sedaya, kadamel saosan mesjid ingkang rêsak : kreteg rêsak : katutungngaké dhateng anak meskin utawi pekir meskin sarta saupaminé. Kang mengkaten punika, yén ratu adil paréntahé ing agami. Yén boten adil, wau barang kabagi dhateng anakké kang sami boten angsal waris, warniné kadita kaki saking biyang, biyangngipun bapakkené biyang, putu jaler utawi éstri kang sami saking anakké éstri, kepénakan éstri kang saking sedhérék jaler, kepénakan jaler utawi éstri kang sami saking sedhérék éstri, kepénakan jaler kang saking sedhérék jaler sabapa kémawon, paman saking bapa kang nunggil biyang kémawon, anakké éstri sedhérékké jaler bapa, bibi saking bapa, paman saking biyang : bibi saking biyang.

Prakawis : 263

Saupami tiyang pejah amung atilar anak jaler kémawon, kang punika barang tetilaran kedarbé anak jaler wau punika sedaya, yén anak wonten tunggilipun sami jaler, wau barang kabagi sami kémawon, artosipun sedasa samisedasa. Nanging yén kang pejah atilar atilar anak jaler sarta anak éstri, mongka barang kedarbé anak jaler kalih bagiyan kang sabagiyan dhateng anak éstri. Saupama kang pejah ameng tilar putu jaler saking anak jaler, barang tetilaran kedarbe putu sedaya. Yén wau putu wonten  tunggilipun sami jaler, barang tetilaran inggih kapalih, sami kedarbé putu kekalih wau. Yén kang pejah atilar putu jaler sarta putu éstri kang sami saking anak jaler, kang punika barang tetilaran kedarbé putu jaler kalih duman kang seduman dhateng putu éstri.

Prakawis : 264

Saupami tiyang pejah tilar anak éstri setunggal sarta putu jaler sa[111]king anak jaler setunggal, kang punika wau anak éstri angsal sepalihé barang tetilaran, sakantunipun kedarbé putu jaler sedaya. Yén wau putu wonten tunggilipun malih, kapendhetaken kekantunan kang kedarbé putu wau punika. Yén kang pejah atilar anak éstri kekalih utawi langkung : sarta putu jaler saking anak jaler, kang punika barang tetilaran kabagi tiga, kang kalih duman kedarbé anak éstri kekalih, kang seduman dhateng putu jaler. Yén putu wonten tetunggilipun, inggih kapendhetaken pandumanipun putu wau punika.

Prakawis : 265

Saupami tiyang pejah atilar bapa sarta anak jaler, kang punika barang tilaran kapara nem, kang setunggal dhateng bapa, kang setunggal dhateng anak wau. Yén anak wonten tunggilipun inggih kapendhetaken pandumanipun anak wau. Yén kang pejah atilar anak éstri wau kekalih utawi langkung, wau barang kabagi tiga, kang kalih duman dhateng anak éstri kalih, kang seduman dhateng bapa.

Prakawis : 266

Saupami tiyang pejah atilar biyang kalih bapa sarta laki, kang punika barang tetilaran kabagi nenem, kedarbé dhateng laki tigang duman, kedarbe bapa kalih duman, dhateng biyang seduman. Yén saupami kang pejah atilar biyang kalih bapa sarta rabi, kang punika wau barang kabagi dados kalih welas, kegadhah dhateng rabi tigang duman, kegadhah dhateng bapa nem duman, kegadhah dhateng biyang tigang duman.

Prakawis : 267

Saupami tiyang pejah ameng atilar sedhérék jaler setunggal sabapa sa[112]biyang, kang punika wau barang tetilaran kegadhah sedhérék wau punika sedaya. Saupami wonten tetunggilé sami jaler, kedarbé tiyang kalih. Yén wonten sedhérék éstri, angsal sepalihipun saking sedhérék jaler.

Prakawis : 268

Yén wonten tiyang pejah tetilar sedhérék jaler nunggi bapa kémawon, barang tetilaran kedarbé sedhérék wau punika sedaya. Yén wau sedhérék kalih sami jaler, inggih kapalih, nanging sedhérék jaler kang nunggil bapa émawon punik boten waged abebathon waris kalih sedhérék kalih kang nunggil biyang kémawon. Wondéning sedhérék jaler sabapa sabiyang waged yén abebathona dhateng sedhérék kalih saking biyang kémawon. Warniné saupami wonten tiyang  pejah atilar laki : biyang : sedhérék tunggil biyang kémawon kekalih : sarta sedhérék jaler setunggil kang nunggil sabapa sabiyang, patrap kang mengkaten punika, barang tetilaran kabagi dados wolung duman, kegadhah dhateng laki sangang duman, kegadhah biyang tigang duman, kegadhah sedhérék tunggil biyang ngalih duman, kegadhah biyang tigang duman, kegadhah sedhérék tunggil biyang kalih duman dados sekawan, kang kalih duman kedarbé sedhérék kang nunggil bapa biyang.

Prakawis : 269

Saupami tiyang pejah ameng tilar sedhérék jaler setunggil sabapa sabiyang : serat sedhérék jaler sabapa kémawon, kang punika wau barang tetilaran kedarbé sedhérék kang tunggil sabapa sabiyang sedaya. Sawab wau sedhérék kang nunggil bapa biyang waged angaling-alingngi dhateng sedhérék kang nunggil bapa kémawon.

Prakawis : 270

Saupami tiyang pejah ameng tilar sedhérék éstri sabapa sabiyang : sarta sedhérék jaler nunggil bapa kémawon, kang punika barang tetilaran ka[113]palih, kang sepalih kaedarbé sedhérék éstri kang nunggil bapa niyang, kang sepalihipun kedarbé sedhérék jaler kang nunggil bapa kémawon.

Prakawis : 271

Saupami tiyang pejah tilar sedhérék éstri anunggil biyang kekalih : sarta sedhérék tunggil bapa kémawon setunggal, kang punika barang tilaran kabagi dados tigang duman, kegadhah dhateng  sedhérék éstri wau anyaduman, kang seduman kedarbé sedhérék jaler kang nunggil bapa kémawon.

Prakawis : 272

Saupami tiyang pejah atilar sedhérék éstri tunggil bapa biyang kekalih : sarta sedhérék éstri nunggil bapa kémawon, kang punika sedhérék kang nunggil bapakémawon boten angsal waris, sawab kalingngan dhateng sedhérék  éstri kekalih kang sami nunggil bapa biyang. Nanging yén saupami wau sedhérék éstri kang nunggil bapa akanthi kelayan sedhérék jaler kang sami nunggi bapa kémawon, kang punika wau sedhérék éstri kang nunggil bapa kémawon dados angsal waris, sawab kabekta dhateng sedhérék jaler kang nunggil bapa kémawon, patrap kang mengkaten punika, barang tetilaran kabagi dados wolulas, kegadhah dhateng sedhérék éstri kekalih : kang sami nunggil bapa biyang : angenem duman, kegadhah dhateng sedhérék éstri kang nunggil bapa kémawon kang kalih duman.

Prakawis : 273

Saupami tiyang pejah atilar sedhérék éstri nunggi bapa kémawon se[114]man, kang kegadhah dhateng sedhérék éstri kekalih sami nunggil bapa biyang anyeduman, kegadhah dhateng kepénakan jaler wau seduman, dénten wau sedhérék éstri kang sabapa kémawon boten angsal waris saking punika, sawab wau kepénakan jaler kang saking sedhérék jaler kang nunggil bapa kémawon boten waged anarik angsalaken waris dhateng sedhérék éstri kang nunggil bapa kémawon.

Prakawis : 274

Saupami tiyang pejah atilar sedhérék éstri kekalih kang sami nunggil bapa biyang : kalih atilar putu éstri kang sami anak jaler setunggal sarta atilar buyut jaler kang saking putu jaler : wau putu saking anak jaler, kang punika barang tetilaran kebagi dados wolung duman, kedarbé dhateng sedhérék éstri kekalih kang sami nunggil bapa biyang wau angenem duman, kedarbé dhateng buyut kawan duman, kedarbé putu éstri wau kalih duman, wondéning putu éstri kang saking anak jaler : mila angsal waris, sawab katarik déning buyut wau punika.

Prakawis : 275

Saupami tiyang pejah atilar sedhérék éstri kang nunggil bapa biyang setunggal kalih atilar anak éstri setunggal sarta atilar sedhérék éstri setunggil kang nunggilbapa kémawon, kang punika barang tetilaran kapalih kémawon, kang sepalih kedarbé anak éstri, sepalihipun kegadhah sedhérék éstri kang nunggil bapa biyang, dénten wau sedhérék éstri kang nunggil bapa kémawon boten angsal waris, sawab kalingngan kumpulipun anak éstri sarta sedhérék nunggil bapa biyang  wau punika.

Prakawis : 276

Saupami tiyang pejah atilar sedhérék éstri kang nunggil sabapa biyang [115] setunggal sarta atilar anak éstri kekalih, kang punika barang tetilaran kabagi tigang duman, kegadhah dhateng anak éstri kalih wau sami anyeduman, kegadhah dhateng sedhérék éstri kang sabapa biyang seduman.

Prakawis : 277

Saupami tiyang pejah atilar anak éstri setunggal putu éstri saking anak jaler setunggal sedhérék éstri kang nunggil bapa kémawon satunggal, kang punika barang tetilaran kabagi dados nem suman, kedarbé anak éstri tigang duman, kedarbé putu éstri saking anak jaler seduman, kedarbé sedhérék éstri kang nunggil bapa biyang kapalih duman. Dénten wau sedhérék kang nunggil bapa kémawon boten angsal waris, sawab kalingngan waris dhateng kumpulé anak éstri sarta sedhérék éstri kang sabapa sabiyang.

Prakawis : 278

Saupami tiyang pejah atilar kepénakan jaler saking sedhérék jaler sabapa sabiyang, kang punika wau kepénakan anelasaken  ing baran tetilaran. Yén saupami kepénakan jaler kekalih, mongka barang inggih kapalih. Yén saupami kepénakan wau wonten kang jaler : wonten kang éstri, mongka kepénakan jaler angsal kalih duman kang éstri seduman.

Prakawis : 279

Saupami tiyang pejah atilar kepénakan jaler kang saking sedhérék jaler nunggil bapa biyang : sarta atilar kepénakan jaler kang saking sedhérék jaler nunggil bapa kémawon, kang punika sedayaning barang tetilaran kedarbé kepénakan jaler kang saking sedhérék jaler kang nunggil bapa biyang sedaya. Dénten wau [116] kepénakan jaler kang saking sedhérék jaler kang nunggil bapa kémawon kalingngan warisipun dhateng kepénakan kang saking sedhérék jaler kang nunggil bapa biyang wau punika.

Prakawis : 280

Saupami tiyang pejah atilar kepénakan jaler kekalih kang sami saking sedhérék jaler kang nunggil sabapa biyang, sarta atilar biyang, kang punika barang tetilaran kabagi dados seduman, kedarbé dhateng biyang kalih duman kedarbé dhateng kepénakan jaler kekalih wau sami angalih duman.

Prakawis : 281

Saupami tiyang pejah atilar kepénakan jaler sarta éstri sami saking sedhérék jaler sabapa sabiyang, sarta atilar sedhérék éstri kekalih kang sami nunggil bapa biyang, kang punika barang tetilaran kapara tiga, kedarbé dhateng wau sedhérék éstri kang kekalih anyeduman kang seduman dhateng kepénakan jaler wau punika. Dénten kepénakan éstri boten angsal waris, sawab wau kepénakan jaler boten waged anarik angsal wawarisipun wau kepénakan éstri.

Prakawis : 282

Saupami tiyang pejah ameng atilar paman saking bapa setunggal, kang punika wau paman anelasaken saking barang tetilaran sedaya. Yén saupami wau paman kalih, barang inggih kapalih. Yén saupami kang pejah atilar paman saking bapa kang nunggil bapa biyang : sarta paman saking bapa amung nunggil bapa kémawon, mongka wau paman kang saking bapa kang nunggil bapa biyang punika anelasaken ing barang tetilaran. Dénten paman kang saking bapa kang nunggil bapa kémawon mila boten pikantuk, sawab kalingngan dhateng wau paman kang nunggil bapa biyang dhateng bapakkané kang pejah.

[117]Prakawis : 283

Saupami tiyang pejah atilar kaki saking bapa, sarta atilar sedhérék sabapa sabiyang : utawi sadhérék sabapa kémawon, kang punika wau kaki kénging amendheta sepratinganing barang tetilaran boten andhérék bebathon dhateng warisé wau sedhérék, sawab sawab amurih indhakké bagiyanipun wau kaki. Kadita :  saupami biyang pejah atilar kaki saking bapa : sarta sedhérék sabapa sabiyang : kathahipun sekawan jaler tiga : éstri setunggal, patrap kang mengkaten wau barang kabagi dados selikur bagiyan, kegadhah dhateng kaki pitung duman, kegadhah dhateng sedhérék jaler kang tetiga kalih welas duman, kegadhah dhateng sedhérék éstri kang kalih duman. Yén saupami wau kaki yén andhérékka bebathon dhateng sedhérékké kang pejah, ameng angsal nem duman.

Prakawis : 284

Saupami wonten tetiyang pejah atilar kaki saking bapa : sarta sedhérék jaler éstri nunggil bapa biyang, kang punika wau kaki kéngin boten amendheta sepratiganing tetilaran, namung andhérék bebathon dhateng warisé sedhérék wau. Patrap kang mengkaten punika, barang tetilaran kabagi gangsal welas, kedarbé kaki nem duman, kedarbé sedhérék jaler nem duman, kang tigang duman  kedarbé sedhérék éstri. Yén ta wau boten andhéréka bebathon dhateng sedhéréké kang pejah, ameng angsal gangsal duman, sawab déning jejeripun waris ameng gangsal duman, mila katilar, amrih indhakkingwau waris.

Prakawis : 285

Saupami tiyang pejah atilar kaki saking bapa : anak éstri kekalih : sarta sedhérék éstri kang sami nunggil bapa biyang, kang punika wau kaki [118] kénging yén boten andhérékka bebathon dhateng wau sedhérék sarta boten amendhet sepratigané waris kang kantun sampuné sami kapendhet dhateng wau anak éstri kekalih, amung amendhet separa nemanipun saking barang tetilaran. Kedarbé dhateng anak éstri kekalih kalih welas bagiyan, kedarbé dhateng kaki tigang duman, kedarbé dhateng sedhérék jaler kalih duman, kedharbé dhateng sedhérék éstri seduman. Yén ta wau kaki mendheta dhateng sepratiganing waris kang kantun ameng angsal kalih duman kémawon. Kalih déning saupami wau kaki yén andhérékka bebathon dhateng wau sedhérék, mongka wau kaki ameng angsal kalih duman kémawon.

Prakawis : 286

Saupami tiyang pejah atilar kaki saking bapa : rabi : biyang : sarta sedhérék kang nunggil bapa biyang sekawan tiga jaler : stunggal éstri, kang punika wau kai kénging yén boten  amendheta separa nemanipun tetilaran sarta boten andhérék bebathon dhateng warisé sedhérék, ameng amendhet sepratiganipun kang kantun sasampuné wau wariskapendhet dhateng rabi sarta biyang. Patrap kang mengkaten  punika, barang tetilaran kabagi dados tigang dasa nenem, dhateng rabi sangang duman dhateng biyang nem duman dhateng kaki pitung duman dhateng sedhérék jaler setunggalipun angawan duman dhateng sedhérék éstri kalih duman. Yén wau kaki amendheta para nemipun tetilaran amung angsal nem duman. Yén andhérékka bebathon warisé sedhérék, amesthi kirang saking pitung duman.

Prakawis : 287

Saupami tiyang pejah atilar kaki saking bapa : anak éstri setungga[119]l sarta sedhérék jaler éstri tunggil bapa biyang, kang punika wau kaki kénging yén boten amendheta separa neming tetilaran sarta boten amendhet sepratiganipun kang kantun, sampuné kapendhet wau anak éstri amung andhérék bebathon dhateng warisé wau sedhérék. Patrap kang mengkaten punika, wau barang tetilaran  kapara sedasa, kegadhah anak éstri gangsal duman, dhateng kaki kalih duman, kegadhah sedhérék jaler kalih duman, kegadhah sedhérék éstri seduman, kegadhah sedhérék jaler kalih duman, kegadhah sedhérék éstri seduman. Yén wau kaki amendheta separa neman utawi amendhet sepratiganipun kang kantun, wau kaki angsal panduman kirang saking kalih duman.

Prakawis : 288

Saupami tiyang pejah atilar anak utawi saliyanipun anak, mongka wau anak boten anunggil agami, kang punika wau anak boten kénging amendheta barang tetilaranipun kang pejah. Wondéning wau anak sarta saliyanipun kang kénging mendhet barang tetilaran sarat ajeng anunggil agami, kaping kalih sarat ajeng merdika, kaping tiga sarat kang boten amejahi dhateng wau kang pejah, kaping sekawan  ajeng pratéla wau anak kala pejahé wau bapa. Artosé kang saking boten pratéla, kadita : saupami bapa kelayan anak semi pejahé amargi sami karêbahan griya, dados boten uninga pundi kang pejah rumiyin. Kaping gangsal tiyang kang badhé angsal waris wau sampun pisan-pisan kantosaangguraken waris kadita : sedhérék jaler kang nunggil bapa biyang, mongka wau sedhérék angaken dados anakké wau sedhérék kang pejah, kecap kang mengkaten punika dados angguguraken waris, artosé gugur : boten angsal waris.

[120]Prakawis : 289

 Saupami wonten tiyang boten kantenan panggénanipun sarta boten wonten kang anyriyosaké pejah gesangngé, kang punika barang tetilaranipun boten kénging yén kawarisa, sawab teksih samar. Nanging saupami Ahli waris matur dhateng ing ukum, mongka kang anyepeng ukum agadhah pakikinten yén sampun pejah, kang punika wau barang kénging yén kawarisa.

Prakawis : 290

Saupami tiyang pejah, mongka wonten salah setunggilé wonten ing nagari liya, kang punika bagiyanipun kang wonten liya negari kapisahaken, dénten bagiyanipun kang nunggil negari lajeng kapasrahena.

Prakawis : 291

Saupami tiyang pejah atilar Ahli waris kang teksih wonten wetengngan, kang punika sayogya kang teksih wonten wetengngan wau yén kacawisan bagiyanipun warisipun tiyang jaler. Wondéning wau wetengngan tetepipun angsal waris yén lair medal gesang, sarta wau wetengngan sampun dipun kauningani kalané pejah sampun kawetengngaké, kadita : wedalé wau wetengngan kirang saking sangang sasi, sarta biyangipun wau wetengngan boten kirda dhateng tiyang liya, utawi kirta dhateng tiyang liya, nanging wedalé kirang saking nem sasi : kapetang saking enggéné kirda wau.

Prakawis : 292

Saupami tiyang pejah atilar sedhérék wandu kang nunggil biyang kémawon, kang punika pandumanipun sedhérék wandu nunten kapesrahena, boten sarat angantos dhateng pratandhanipun jaler utawi éstri, sawab déning sedhérék kang nunggil biyang, jalera : éstriya, warisipun sami kémawon.

[121]Prakawis : 293

Saupami tiyang pejah atilar laki : bapa : sarta anak wandu setunggal, kang punika barang tetilaran kabagi dados kalih welas, kegadhah dhateng laki tigang duman, kedarbé dhateng bapa kalih duman, wondéning kang nem duman kapasrahna anak wandu wau. Dénten kang seduman kagantungngan dhateng kang anyepeng ukum. Yén saupami anak wandu tetéla jaleripun, kang seduman wau kapasrahna dhateng wau anak, yén tetéla éstrinipun kang seduman wau kapasrahena dhateng bapa.

Prakawis : 294

Saupami wonten tiyang pejah atilar laki kimawon, nanging wau laki anakking paman saking bapa, kang punika barang tetilaran kadarbé dhateng laki sedaya, sawab wau laki sampun anggadhahi piyambak angsal sepalihé barang tetilaran, dénten sepalihipun arah déning piyambekké dados anakké paman kang saking bapa.

Prakawis : 295

Saupami tiyang éstri pejah atilar anak éstri, nanging wau anak éstri dados sedhérék éstri nunggi bapa kémawon, warniné kadita : wau kang pejah kala gesangngé dipun tilemi dhateng bapakkipun piyambak kang boten kasengaja, kadita panyananing bapa dhateng anak éstri kala angajak tilemipun westani rabinipun, mongka wau anak saingga gadhah anak amergi saking wau bapa. Utawi wau bapa sarta wau anak angsalipun tiyang kang angéngingngaken angrabéni anak ing dalem agamanipun, mongka wau anak Vstri lumebet ing agami islam, sampuné salin agami : nunten pejah : atilar anal éstri kang sampun kasebut ing nginggil punika, kang punika wau anak éstri kang dados se[122]dhérék tunggil bapa boten kénging yén amendheta bagiyanipun sedhérék kang nunggil bapa, amung amendheta bagiyanipun anak éstri kémawon. Wondéning yén wonten anak angsalé enggéné jinabandrék, nanging katetepaken dados anakké tiyang dipun bandrékki.

Prakawis : 296

Saupami wonten tiyang jaler pejah atilar anak éstri, nanging wau anak éstri dados sedhérék éstri nunggil biyang kémawon, warniné kadita : anak kala gesangngé anilemi dhateng biyangngipun piyambak kang boten kasengaja, kang punika wau anak éstri kang dados sedhérékké kang nunggil biyang, angsal waris sepalihipun tetilaran, boten kénging yén amendheta bagiyanipun sedhérék éstri kang nunggil biyang.

Prakawis : 297

Saupami tiyang éstri pejah atilar biyang, nanging wau biyang dados sedhérékké éstri nunggil bapa kémawon, warniné kadita : biyangngipun kang pejah dipun tilemi bapakkipun wau biyang, kang punika biyang kang nunggil bapa kémawon angsal waris sebagiyanipun biyang kémawon, boten angsal bagiyanipun sedhérék éstri kang nunggil bapa.

Prakawis : 298

Saupami tiyang pejah atilar anakkipun jaler sedhérék jaler bapa kekalih, nanging kang setunggil dados sedhérékké tunggil tiyang, warniné kadita : tiyang éstri laki ping kalih, saking lakiné kang rumiyin angsal anak jaler setunggil, saking lakiné kang kantun angsal anak jaler setunggal, nanging wau laki kang kantun dados sedhérékké laki kang rumiyin, [123] sarta laki kang kantun sampun adarbé anak jaler malih saking éstri sanés, kang punika menggah warisipun boten mawi sanés atasami.

Bab Ningkah

Prakawis : 299

Saupami tiyang jaler asanget kajengngé dhateng éstri : sarta gadhah kang badhé kedamel prabéyaning rabi, kadita kang kedamel ambayar mas kawis tuwin tedhi sandhangngé sarta griyané, kang punika sayogya yén arabiya, kang supados enggéné arabi wau waged angreksa paréntahing agami. Yén saupami wau jaler sanget kajengngé dhateng éstri, nanging sakinten boten waged amiyara dhateng rabi, kang punika sayogya sampun arabi, dénten tiyang jaler kang boten  gadhah kajeng dhateng éstri, utawi boten kegadhah arta kang badhé kedamel prabéyaning rabi, kang punika boten amanggih kesaénan, sawab acaket yén  atilara dhateng pandamel kang amesthi, kadita tedhi sandhangngipun wau éstri, kang rumiyin ajeng amilih anetepi agaminé, kaping kalih : kang teksih prawan, kaping tiga : kang sampun sanakké kang caket, kaping sekawan kang saé arupiné, kaping gangsal tiyang kang bébété akathah anakké.

Prakawis : 300

Saupami tiyang jaler angajengngaken tiyang éstri, kang punika kénging yén anarosa dhateng éstri kang badhé karabi. Kang mengkaten punika, saupami éstri bujang : sarta boten wonten salebeting idah. Artosé idah : tiyang kang sampun lepas dados rabiné titiyang, nanging déréng kénging [124] yén alakiya liya, kéngingngipun saingga dumugi ing mangsané, kadita kalané kalepas saweg nuju meteng, kang punika telasing idah wiyosé saking dipun wetengaken. Yén saupami kalané kalepas boten kelayan meteng, nanging wau éstri asring suker : utawi cemer kain, kang mengkaten punika : telasing idah sampunipun suci ping tiga tiga saking enggénipun kél wau. Yén saupami tiyang éstri déréng naté kél utawi sampun` luwas saking getih, kang punika telasing idah tigang sasi, kawical saking kalané éstri wau kalepasaken. Wondéning randhaning pejah, kang punika telasipun idah kawan sasi langkung sedasa dinten.

Prakawis : 301

Saupami wonten tiyang dipun éstri sampun dados pepacangané tiyang, kang punika boten kénging jaler liya yén anedhaha dhateng wau éstri badhé kanikah. Nanging kénging saupami enggéné pepacangan wau sampun sandé, sami ugi sandéné saking kang jaler : utawi saking kang éstri.

Prakawis : 302

Saupami wonten tiyang dipun tedhani rêmbag saking patepangan enggénipun laki rabi, sarta kang dipun tedhani rêmbag kapuriha sanjangnga awon saéné  tiyang kang ajeng dipun kajengngi wau, kang punika amesthi kang dipun tedhani rêmbag yén anyriyosna awon utawi saénipun.

Prakawis : 303

Saupami tiyang ajeng anikah dhateng sewiji tiyang éstri, kang punika amesthi kedhah sami wontenipun tiyang jaler, kang rumuhun kang ajeng anikah : utawi gagentosa, kaping kalih wali, kadita bapa : utawi saliyanipun, kaping tiga kang anikahaken, kaping sekawanipun seksi tiyang [125] jaler kekalih kang sami anguningani sarta amirêngaken dhateng wiraosipun kang dados wali : sarta wiraosé tiyang jaler kang ajeng ningkah.

Prakawis : 304

Saupami tiyang éstri aningkahaken awakipun piyambak utawi dados wakilipun tiyang jaler kang badhé aningkah dhateng piyambaké : utawi liyanipun, kang punika boten kénging yén kalulusna saking wiraosipun wau éstri, artosipun boten sah pasriyosan wau. Nanging kénging sarta kalerêsaken wiraosipun tiyang éstri : yén angaken sampun dados rabining titiyang, kang mengkaten punika, yén dédé bocah alit utawi boten édan, kang sarta kang dipun aken anglerêsaken ing pangaken ing pengakené wau éstri, senadyan walinipun andorakna.

Prakawis : 305

Saupami wonten bapa : utawa kaki saking bapa, salah setunggilé angaken sampun aningkahaké dhateng anakké éstri : utawi dhateng putu éstri kang saking anak jaler, utawi bendara angaken sampun amlakékaken dhateng kewulanipun éstri, kang punika sami anggep paturan wau punika. Nanging saupamo kang ngakeni aningkahaken liya saking tiyang tigang prakawis wau, sawab wau sedhérék boten dados enggénipun aningkahaké, yén boten kelayan idinipun sedhérék éstri kang dipun ningkahaké.

Prakawis : 306

Saupami wonten laré éstri kang teksih prawan mongka kaningkahaken dhateng bapakipun utawi kaki saking bapa, enggénipun kaningkahaken boten mawi kataros kelayan manasukané, kang punika kénging, sarta sami [126] kalulusaken enggénipun aningkahaken. Kang mengkaten punika, bilih anak kalih bapa boten anuju saweg saserikkan manah, kang sarta enggénipun aningkahaken wau anganggé meskawin kang kelayan sapatutipun sarta kaningkahena kelayan tiyang jaler kang anyaméni ing sadlajaté.

Prakawis : 307

Saupami tiyang éstri kang dédé prawan sami ugi sepuh utawi teksih aném, kang punika boten boten kénging bapakipun utawi liyanipun yén aningkahna dhateng wau anak kang ical prawané, yén boten kelayan manasukané anak wau.

Prakawis : 308

Saupami tiyang éstri ajeng aningkahaken kang punika boten kénging yén boten mawi wali. Wondéning kang dados wali punika bapa : yén wonten bapa : kaki sapenginggil, boten  wontenipun wau kaki : sedhérék jaler kang nunggil bapa biyang, boten wontenipun sedhérék sabapa sabiyang : sedhérék jaler kang nunggil bapa kémawon, boten wontené sedhérék kang nunggil bapa : kepénakan jaler kang saking sedhérék jaler sabapa sabiyang, boten wontenipun kepénakan jaler kang saking sedhérék jaler nunggil bapa biyang : kepénakan jaler kang saking sedhérék jaler nunggil bapa kémawon dhateng sapengandhapipun, yén saupami boten wonten  paman sedhérékking bapa kang nunggil biyang kémawon, yén paman wau boten wonten bendaranipun kang amardikakaké : yén tiyang éstri wau angsal saking kewula, yén boten wontenipun tumunten tiyang jaler kang anyepeng ukum kang aningkahena.

Prakawis : 309

Saupami tiyang éstri laki, kang punika anakkipun jaler boten kénging a[127]malénana dhateng wau biyang, nanging upami wau anak dados ratu : utawi anyepeng ukum tuwin amerdikakaken dhateng wau biyang : yén wau biyang angsal saking tetumbasan, kang punika kénging yén amalénana.

Prakawis : 310

Saupami tiyang éstri kang angsal saking kewula, nanging kang amardikakaken sami éstri, kang punika pundi kang dados walinipun wau kang amardikakaken punika kénging yén amalénana. Nanging saupami kang amardikakaken wau sampun pejah : atilar anak jaler : sarta bapa, kang punika karumiyinaken anak saking bapa enggénipun amaléni dhateng wau éstri kang sampun kaperdikakaken déning biyangngipun wau.

Prakawis : 311

Saupami wonten tiyang éstri ajeng imah-imah, bapakkipun anuju késahan tebahipun kawan likur jam, kang punika boten kénging kaki utawi saliyanipun yén amalénana, amasthi tiyang kang anyepeng ukum kang amalénana.

Prakawis : 312

Saupami tiyang éstri agadhah pamilih ajeng alki dhateng tiyang jaler kang sami kelayan sadlajaté, kang punika kénging yén bapa : utawi kaki : yén boten anuruta pikajengngané wau anak. Kang mengkaten punika : saupami anak teksih prawan.

Bab Tiyang Jaler Kang Kénging Yén  Arabiya Sekawan 

Prakawis : 313

Saupami wonten tiyang jaler kang mardika, kang punika wenang yén aningkaha tiyang éstri sekawan utawi angundhik langkung saking sekawan, nanging wa[128]u gundhik   angsal saking tumbasan. Wondéning tiyang jaler kewula : wenangipun amung ningkah tiyang éstri kekalih.

Bab Tiyang Éstri Kang Boten Kénging Kaningkah

Prakawis : 314

Wondéning tiyang éstri kang boten kénging kaningkah kathahipun wolulas, kadita biyang sapengnginggil, anak éstri sapenganap, sedhérék éstri, kepénakan éstri saking sedhérék jaler, kepénakan éstri saking sedhérék éstri,  bibi saking bapa, bibi saking biyang, biyang susu sapenginggil, anak éstru nunggil susu sapengandhap, sedhérék éstri nunggil susu, kepénakan éstri saking sedhérék éstri nunggil susu, bibi saking bapa nunggil susu, bibi saking biyang nunggil susu, biyangngipun rabi sapenginggil, tilas rabining  anak, tilas rabining bapa, anak éstri kuwalon kang sampun katunggil tilem biyangngipun.

Prakawis : 315

Saupami tiyang jaler anilemi mantunipun kang boten kasengaja, kang punika gugur ningkahipun wau anak dhateng kang éstri amargi saking wau punika. Mengkaten ugi, saupami tiyang anilemi mara sepahipun utawi anak kuwalon kang boten sami kasengaja, kang punika gugur ningkahipun dhateng rabinipun.

Prakawis : 316

Saupami tiyang jaler sampun agadhah rabi, kang punika boten kénging yén aningkaha dhateng sedhérékké kang sampun karabi wau, utawi aningkah dhateng kepénakanipun rabi, sami ugi saking bapa utawi saking [129] biyang. Lan boten kénging malih aningkah bibékkipun wau rabi kang saking bapa utawi saking biyang. Lan boten kénging malih aningkah bibékkipun wau rabi kang saking bapa utawi saking biyang. Kang mengkaten punika saupami kakumpulaken artosé kuwayuh.

Prakawis : 317

Saupami tiyang jaler sampu anggadhahi rabi, nunten aningkah malih dhateng sedhérékké rabi : utawi saupaminé kang boten kénging sarêng paningkahé, kang punika boten dados paningkahé. Yén saupami paningkahé sarêng, kang punika boten dados kalihipun.

Prakawis : 318

Saupami titiyang jaler merdika aningkah tiyang éstri segangsal paningkahé dipun sarêng, kang punika paningkahipun boten dados sedayanipun. Yén saupami paningkahipun gentos-gentos, boten dados panikahé kang kaping segangsal, sawab pamesthinipun amung kawenangngaken ningkah sekawan.

Prakawis : 319

Saupami tiyang éstri setunggal kaningkah tiyang jaler kekalih amargi pakénipun wau éstrii dhateng sedhérékke jaler kekalih kang sami nunggil sabapa biyang, kang punika saupami paningkahé sarêng, boten dados kalihipun, yén saupami gentos-gentos pundi kang rumiyin punika kang dados. Saupami kang wonten kang rumiyin, nanging supé pandamel punika, kang punika wau éstri boten kénging yén tumuten kapasrahena dhateng salah setunggilipun, sarta boten kénging laki liya. Nanging saupami éstri wau angakeni uninga paningkahipun tiyang kalih wau, salah setunggilé ingkang rumiyin, kang punika katetepaken wau éstri dados ra[130]biné kang dipun wastani ningkah rumiyin wau, nanging setunggilé kénging yén anedhaha sumpahipun wau éstri.

Bab Kang Kenging Dados Wali

Prakawis : 320

Saupami wonten kaki saking bapa aninghaken putuné éstr kang saking anak jaler, kaningkahaken dhateng putu jaler kang saking anak jaler, wau putu teksih sami laré, kang punika wau kaki kénging yén amalénana : sarta anrimakaken ing paningkah wau.

Prakawis : 321

Saupami tiyang éstri ajeng imah-imah : boten gadhah wali, nameng anggadhahi anakké jaler paman kang saking bapa, nanging wau anakking paman kang ajeng ngrabéni dhateng piyambakké, kang punika boten kénging yén amalénana, amesthi kang anyepeng ukum kang amalénana.

Prakawis : 322

Saupami tiyang kang anyepeng ukum ajeng ningkah dhateng éstri kang boten anggadhahi wali pisan, kang punika boten kénging kang anyepeng ukum yén angirasa dados wali, amesthi tiyang kang anyepeng ukum liyanipun kang amalénana.

Prakawis : 323

Saupami wonten kewula jaler, kang punika wau kewula boten kénging yén aningkaha : yén boten angsalwewenangngé bendaranipun. Mekaten ugi : boten kénging bendara amesésahaken arabi dhateng wau kewula jaler, nanging kénging amesésa bendara anglakékaken kewula éstri, sami ugi wau kewula laré : utawi sepuh, teksih prawan utawi randha.

Bab Anyatakaken Guguring Ningkah : Boten Kelayan Katalak

[131]Prakawis : 324

Saupami tiyang laki, kang jaler édan utawi gadhah sakit budhug utawi belang kang sanget kang wetawis anggigokaké, kang punika kénging wau éstri yén anglepasna enggénipun karabi dhateng wau jaler. Nanging boten kénging yén saupami sampunsumené. Mengkaten malih kénging éstri yén anglepasna dados rabiné wau laki, yén wau laki tugel kajaleranipun. Mengkaten malih kénging tiyang éstri anglepasna, yén kang jaler gadhah sakit peluh. Kang mekaten punika, bilih déréng naké kajak tilem.

Prakawis : 325

Saupami bapa : tuwin saupaminipun wau bapa : aningkahaken dhateng anakkipun éstri, mongka kang dados lakinipun anak wau gadhah sakit édan utawi budhug tuwin belang kang asanget, kang punika kénging bapa yén anggugurna paningkah, sanadyan dados sukané wau anak. Nanging saupami sakité dhateng sampuning ningkah, kang punika boten kénging bapa yén angresakka. Dénten anak wau kénging yén anglepasna awakipun saking laki, sawab déning saking sakit wau.

Prakawis : 326

Saupami tiyang éstri sampun dados rabining tiyang, mongka wau éstri wonten celanipun, kadita édan budhug belang kang sanget utawi katutupan pawéstriné kelayan daging : utawi kelayan tosa[132]n, kang punika wau laki kénging yén anglepasna wau rabi kang boten kelayan katalak.

Prakawis : 327

Saupami wonten tiyang laki rabi, salah setunggilé angguguraken amargi wonten cela, kang punika saupami éstri déréng katileman boten wajib laki ambayara meskawin, yén sampun katileman wajib ambayar meskawin.

Prakawis : 328

Saupami tiyang éstri anerka dhateng kang jaler kawastan agadhah sakit peluh, mongka laki mungkir, tanpa seksi, kang punika kalerêsaken aturipun laki, sarta kasumpah sepisan. Saupami laki boten purun sumpah, mongka kasumpah wau éstri, sampuning sumpah katetepaken punapa panerkané éstri wau. Nanging wajib kang anyepeng ukum yén anyumenakna saking setaun, supados wau jaler angupadosa jejampi. Sampuné dumugi setaun, kénging kalepasna enggéné dados rabiné wau jaler.

Prakawis : 329

Saupami wonten tiyang kéngingngapus angrabéni kewula éstri kaayadaken tiyang mardika, kang punika saupami kantos anggadhahi anak, ukumipun wau anak mardika, nanging kang angrabéni wajib ambayar rêginipun wau anak. Yatranipun kapasrahna dhateng kang gadhah kewula wau. Sampuning kabayaraken wau yatra, kénging kang kahapusan yén anedha atetempah rêgining anak dhateng kang adamel apus.

Prakawis : 330

Saupami tiyang jaler mardika, kang punika boten kénging yén aningkaha [133] dhateng kewula éstri, nanging kénging yén boten gadhah rabi tiyang merdika, kaping kalih : sawab boten kuwasa yén angrabénana kang sami merdika, kaping tiga : saupami boten kelampahan angrabéni dhateng wau kewula, amesthi yén anglampahi padamelan jina.

Prakawis : 331

Saupami wonten éstri kewula, wau tiyang éstri karabi dhateng sasamining kewula, lebetipun laki rabi kapradikakaké wau kewula éstri, kang punika kénging yén anglepasna dhateng wau laki.

Bab Anyatakaken Maskawin

Prakawis : 332

Saupami tiyang aningkahaken anakkipun éstri : utawi saupaminipun, kang punika sayogya kalané ningkah yén anyebuta maskawis. Nanging wau maskawis boten dados sarating ningkah, yén saupami kalaning ningkah anyebut anedha kencéngngipun maskawin, kang punika kénging wau rabi yén boten puruna kaajak tilem ing sadéréngngipun laki ambayar meskawin.

Prakawis : 333

Saupami tiyang laki rabi, kalané ningkah mawi anyebut maskawin kencéng, mongka laki boten purun amasrahaken maskawis angantos rabinipun amasrahna dhateng awakké, wondéning wau rabi inggih boten purun amasrahna awakké : angantos pambayaring maskawin, patraping kang mengkaten punika, sayogya kang anyepeng ukum anyepengnga dhateng wau meskawin sarta amesésaha dhateng wau éstri : supados purun amasrahaké awakipun, sampuning kelampahan wau meskawin kaparingna dhateng wau éstri.

Bab Anyatakaken Tiyang Wayuh

[134]Prakawis : 334

Yén saupami tiyang jeler wayuh, sarta sampun naté akekembulan dhateng salah setunggilé éstri wau, kang punika wajib anggilirana dhateng rabiné kang setunggilipun. Kang mengkaten punika, saupami kang éstri amiturut punapa saparétahé tiyang jaler. Sarta wajib malih kang jaler wau yén anyukanana griya piyambak-piyambak.

Prakawis : 335

Saupami tiyang éstri anyentak utawi mrenguti dhateng kang jaler, kang punika sayogya kang jaler amituturana kang amrih kesaénanipun wau rabi, sarta anguningakna : yén tiyang éstri kang purun dhateng kang jaler kang kadi mengkaten warniné : badhé boten amanggih tedha sarta giliran. Yén saupami boten amirêng ing pitutur, teksih purun anglampahi pandamelé wau, kénging kang jaler yén anggebugga sewetawis.

Prakawis : 336

Saupami tiyang jaler wayuh, mongka boten purun anggiliri dhateng kang éstri : sarta boten anyukani belonja, kang punika kang anyepeng ukum amesésaha : supados wau jaler anggilirana : sarta anyukanana blonja dhateng kang éstri. Yén saupami laki adamela serikka ningkaning manahé rabi, kadita amemisah kang tanpa sawab tuwin saliya-liyané, kang punika sayogya kang anyepeng ukum yén amaréntahana akén amantuni pandamelé wau, boten kénging yén katakjira. Nanging saupami sampuné ka[paréntahan teksih purun adamel, kang punika kénging yén katakjira.

[135]Prakawis : 337

Saupami tiyang laki sarabi sami matur dhateng kang anyepeng ukum, wau laki angaturaken awoning rabi, rabi matur angawonaken awoning laki, kang punika yén kang nyepeng ukum sampun uninga kesalahané salah setunggilipun, mongka amengingnga dhateng kang adamel salah wau. Yén saupami teksih uga enggénipun arêbat wiraos kantos pisah-pinisah wonten ngarsaning ukum, kang punika amesthi Ahli ukum yén amasrahna éstri dhateng Ahliné kang éstri, yén kang jaler : inggih kapasrahna Ahliné kang jaler, kang supados wau Ahli kekalih sami pirêmbagan amrih ing kesaénanipun. Yén saupami boten kénging kapikir ing kasaénanipun. Yén saupami boten kénging kapikir ing kesaénanipun, mongka amuriha Ahliné kang jaler amrih rêntahing talakké. Wondéding Ahlinipun kang éstri amuriha : supados amiyosna panumbasing talak. Yén saupamiboten wonten purun anglampahi kadi wau punika, sayogya kang anyepeng ukum yén anatrapaken dhateng salah setunggilé : utawi kalihé : kang sami boten lerês ing pandamelé.

Bab Kuluk Artosé Panumbasing Talak

Prakawis : 338

Saupami tiyang amegat dhateng rabiné, enggénipun amegat amargi wau laki dipun ipahi, kang punika boten kénging yén wau rabi kawasésaaken ningkah malih, yén boten kelayan manasukané wau rabi.

Prakawis : 339

Saupami tiyang jaler amegat dhateng rabiné : sarta angakeni pamegaté mawi kaupahan, rabi boten angaken yén angupaha, tanpa seksi, kang punika kalarêsaken paturanipun rabi, nanging mawi sumpah [136] sepisan, sampuné wau rabi boten katetepan  ambayar ing upah, sarta laki boten kénging aningkaha malih, saratkedah kelayan sukané wau rabi.

Prakawis : 340

Yén wonten rabi agadhah terka dhateng lakiné : yén sampun kapegat sarta enggené amegat  wau laki kelayan dipun ipahi, laki mungkir, tanpa seksi, kang punika laki ingkang kalarêsaken, nanging kanthi sumpah. Sampuné kasumpah, tetep wau éstri dados rabiné.

Prakawis : 341

Saupami tiyang amegat dhateng rabiné, pamegaté kelayan kawasésa, kang punika boten dados pamegaté, sawab kecapé enggéné megat boten terusing manah : sarta boten kaseja.

Prakawis : 342

Saupami woten tiyang jaler anundhung dhateng rabiné, panundhungngé kelayan sedya amegat, punika dados pamegaté. Nanging saupami laki boten anedya megat, rabi amestani nedya megat, tanpa seksi, kang punika kalerêsaken aturanipun laki : sarta kasumpah, sampuné kasumpah, inggih tetep dados rabi.

Prakawis : 343

Saupami wonten tiyang amiraos dhateng waliné rabinipun, wiraosipun akén amalékaken dhateng wau rabi, kang punika wau pamiraos dados amegataken enggéné laki rabi, sarta kénging rabi yén lakiya dhateng tiyang liya.

[137]Bab Amangsuli Dhateng Rabi Kang Boten Mrana Ningkah

Prakawis : 344

Saupami tiyang amegat dhateng rabi : talak setunggal utawi kalih : sarta pamegaté boten kelayan kaipahan, kang punika kénging laki amangsulana dhateng wau rabi : boten kelayan ningkah malih, sanadyan rabi boten puruna. Kang mengkaten punika, saupami enggéné amangsuli ing sadéréngngé lepas édah. Wondéning yén sampun lepas édah, kénging kawangsulan, nanging sarat kaningkah malih : sarta sukané wau rabi.

Prakawis : 345

Saupami tiyang kapegat déning lakiné,  pamegatipun kelayan talak setunggal utawi kekalih, kang boten kelayan kaipahan, mongka sampuné lepas édah : laki dhateng tiyangjaler liya, kang punika saupami laki angaken sadéréngngé lepas édah  sampun kawangsulan, éstri boten angakeni, tanpa seksi, kang punika kalerêsaken paturan éstri : sarta kasumpah, sampuné kasumpah, monghka katetepaken wau éstri dados rabiné kang jaler kang kantun.

Bab Édah : Utawi Wilisanipun Mongsa Kénging Laki Liya

Prakawis : 346

Saupami tiyang éstri merdika kapegat kalané kapegat ajunu paben suker, kang punika lepasipun édah suker kang kaping tiga. Saupami pamegaté anuju éstri boten suker, lepasipun édah suker kang kaping sakawan. Kang mengkaten punika, yén wau éstri asring suker, yén boten lepasipun vdah tigangsasi. Ing saupami kalané kapegat anuju meteng, ngapasing édah sawedaling wetengngan.

[138]Prakawis : 347

Saupami tiyang katilar pejah dhateng laki, kang punika lepasipun édah kawan sasi langkung sedasa dinten, yén kalané katilar pejah : anuju meteng, édahipun wedaling wetengngan. Wondéning édahipun éstri kewula sapalihipun édahé éstri merdika. Nanging upami kewula éstri nuju meteng, édahipun sami kalih kang merdika.

Prakawis : 348

Saupami tiyang kapegat kalané kapegat déréng naté kaajak tilem dhateng kang jaler, kang punika kénging alakiya liya, kang boten angantos édah malih.

Prakawis : 349

Saupami tiyang jaler agadhah kewula éstri anyar, kang punika boten kénging yén tumunten kagundhikka, sarat angantos suker sepisan. Yén wau kewula adatipun boten naté suker, kaantosna ing dalem sesasi. Yén anuju sampun meteng, kaantosna wedaling wetengan.

Prakawis : 250

Saupami tiyang kapegat talak tiga, kang punika boten kénging laki amangsulana aningkah malih, sarat wau rabi kedah laki liya : sarta kang sampun kaajak tilem. Yén sampun kapegat, punika kénging yén awangsula malih kelayan ningkah.

Bab Nipkah : Anyukupi Sandhang Tetedhaning Rabi

Prakawis : 351

Saupami tiyang agadhah rabi, wau rabi sampun kuwawi anyanggiya kajengngé laki, sarta amiturut, kang punika wajib laki anggriyanan sarta sandhang tedhiné. Wondéning warniné wau griya, kang wetawis amantesi [139] yén kaanggéya kelayan sakedlajatipun wau rabi. Wondéning kathaé tedhi, yén jaler mlarat amanciya ing dalem sedinten sedalu : awarni uwos kathahipun sekatos langkung seprapat, yén sugih, katiga tengah katos sarta saulamipun kang wetawis cukup katedha. Dénten sandhang : setaun amasthi anyukani ping kalih, saben amasrahaken sapangadeg, senadyan wau sandhang teksiya sami wetah. Mengkaten malih wajib anyunakanan bekakasing tedhi : utawi bekakasing patileman sarta saupaminé. Nanging menggah punika : boten kapesthékaké ing saben taun, anglintoni yén wonten kang rêsak kémawon, wondéning yén wau snadhang ical, boten wajib jaler anglintonana. Wondéning sakathahé barang kang sampun sami kapasrahaken dhateng rabi, inggih sami kedarbé sedaya, ameng griya kang boten andhérék kedarbé.

Prakawis : 352

Yén saupami wonten tiyang agadhah rabi merdika, kang punika wajib laki anyawisana tiyang kang angladosi setunggal. Kang mengkaten punika, bilih sadéréngngé dados rabiné sampun dipun ladosi tiyang. Wondéning pamesthiné tiyang kang angladosi kang amesthi kadamel kadita amendhetaken toya : amasuh sinjangngé : sarta angolah-olahaken kang katedha dhateng wau rabi.

Prakawis : 353

Saupami laki anumbasaken anggén-anggén dhateng rabi kang kejawi saking pamesthi, kang punika anggén-anggén boten kedarbé dhateng rabi. Yén dados slaya, rabi amestani kasukakaé, laki amestani kasambutaké, tanpa seksi, kang punika kalerêsaken aturipun laki : sarta kasumpah sepisan. Mengkaten malih kalerêsaken Ahli warisé la[140]ki, yén selaya barang tetilanipun wau laki utawi slaya kalih Ahli warising rabi.

Prakawis : 354

Saupami rabi boten andhérék ing kajengnging laki, kang punika boten wajib laki yén anyukanana punapa kang dados kewajibanipun dhateng wau rabi, senadyan enggénipun anyongga ameng sekedhap, mongka guur tedhiné ing dalem sedintené, sarta gugur sandhangngé ing dalem setengah taun.

Prakawis : 355

Saupami rabi medal saking balé pagriyané :  kang boten kelayan wawenangnging laki, nalikané medal anuju laki wonten ing griya, nuntenlaki anilar ing griya, satilaré laki : wau rabi wangsul dhateng balé pagriyané malih, kang punika laki boten kewajiban anyukani tedha sandhangngé wau rabi. Patrap kang mengkaten punika, sayogya kang anyepeng ukum yén asukaha serat dhateng sasaminé ayepeng ukum ing panggénané wau laki : amratélakna yén  rabi sampun wangsul dhateng balé pagriyané malih. Yén sampun kecriyosan wajib anyukani tedha sandhangngé wau rabi.

Bab Kénging Yén Éstri anglepasna Awak Sawab
Laki Boten Anyukupi Tedha Sandhangngé

Prakawis : 356

Saupami jaler boten waged anyukupi dhateng tedhi sandhangngé rabi margi saking boten gadhahé, kang punika kénging rabi yén matura dhateng ukum supados anedha lepasé awakké saking wau laki. Nanging patrap kang mengkaten punika : amesthi kang anyepeng ukum angantosna ing dalem tigang [141] dinten, yén sampun dhateng tigang dinten boten waged andhatengngi, kang punika dinten kang kaping sekawanipun kénging yén kalepasna saking wau laki.

Prakawis : 357

Saupami éstri katilar dhateng laki : dhateng panggénanipun kang boten kantenan sarta boten atilar kang dados tedhi sandhangngé, kang punika kénging yén matura dhateng ukum anedha lepasipun saking laki.

Bab Tiyang Pindhahan Kang sampun Patutan
Kang Anak Teksih Laré

Prakawis : 358

Yén wonten tiyang pepegatan sarta anggadhahi anak wau anak déréng waged anggadhahi pamilih, kang punika wau  anak kang amesthi amiyara biyang, nanging bapa anyukanana kang dados tedhiné wau anak laminé saingga anak sampun waged agadhah pamilih. Kang mengkaten punika, saupami éstri déréng laki malih. Yén sampun laki, mongka anak kapindhahna dhateng nini saking biyang : dhateng sapenginggilipun, yén boten wonten sedaya, kapindhahna dhateng bapa. Yén bapa pejah : utawi boten wonten, kapindhah dhateng nini saking bapa sapanginggil. Yén nini sapenginggil sami boten wonten kapindhahna dhateng sedhérék éstri anak wau. Yén boten  wonten, kapindhahna dhateng bibi saking biyang. Yén boten wonten wonten, kapindhahna dhateng kepénakan éstri saking sedhérék éstri.

Prakawis : 359

Yén wonten tiyang pindhahan sarta agadhah anak wau anak sampun waged andarbéni pamilih, kang punika pundi kang dipun pilih dhateng anak inggih punika ingkang amesthi amiyara. Nanging saupami anak wau é[142]stri amilih bapa, kang punika bapa kénging anyegaha : supados anak sampun atetuwi  ing biyangngipun. Nanging saupami kang amilih dhateng bapa wau anak jaler, boten kénging bapa yén anyegaha, sarta boten  kénging malih yén wau biyang atinjo adhateng panggénané bapa. Yén biyang kang dipun pilih, mongka anak wau anak jaler, kang punika yén dalu : wonten biyang, yén siyang : wonten pagriyaning bapa, kang supados bapa amulangnga ing pedamelané tiyang jaler. Yén kang milih dhateng biyang éstri, kang punika wau anak wonten ing biyang ing salami-laminé, nanging bapa kénging yén atinjoha.

 

¤¤¤