Karipta dening :
Drs. Chunaidi Soleh Masrum
DHANDHANGGULA
- Amiwiti sekar dhandhang endhisa, angleluri ciptaning Jeng Sunan, kalijaga kang asmane, amurwa kani iku, piwulang kapitayan jati, tedhakan pangriptanya, Bisri Musthofa gung, nama Rowihatul Aqwam, anggennya paring gampil amangertosi, mring Aqidatul Awam.
- Slawat salam kunjuk Kangjeng Nabi, janma linuwihing sasama, anggenna nyawijekake, Gusti Allah puniku, raharja katetepna mugi, sakehing pra krabatnya, myang pndherek tuhu, margining agami nyata, sanes margining kang nalisir sami, kanthi pitaya bid’ad.
- Sun wiwiti nyebut asma Gusti, kang paring welas asih kawula, kang langgeng kebagusane, mangka memuji ingsun, maring Allah kang sipat Qadim, nora purwa wusana, ingkang langgeng iku, datan gingsir nora owah, mula sira padha mangerteni kaki ing kapitayanira.
KINANTHI
- Sigeging pambuka niku, ginantos sekar kinanthi, anggitaning Wali Sunan, Giri ing dhusun Geresik, Jaka Samudra alitnya, Raden Paku sami ugi.
- Temen sira padha weruh, sipating Allah kang wajib, cacahing ana dwi dasa, kang wajib den mangertosi, sipat ingkang wus tetepa, datan kena den selaki.
- Allah ingkang dzatNya Wujud, tegese “Ana” kang sayekti, datan wonten amuraka, inggih nama sipat Qodim, sipat Baqok salajengnya, tan wonten kanfg angakhiri.
- Lan sipat Mukhlafatu, Lil hawaditsi kang werdi, datan sami maklukNya, Qiyamuhu binafsihi, dzat kang jumeneng diriNya, adeg mring dhiri pribadi.
- Myang sipat Wahdaniyatu, sawiji saha ngijeni, salajengnya sipat Qodrat, makna ingkang nguwasani, Irodat werdinya kersa, sipat ilmu angawruhi.
MEGATRUH
- Agantos salajengnya pupuhe megatruh, inggih kang karya puniki, Sunan Mas Pratikal Ratu, ugi nama Prapen Giri, nglajengaken caos ngertos.
- Mutakaliman dzat ingkang paring dhawuh, inggih ingkang amungkasi, sipat dwidasa rumuhun, wajib kita angawruhi, supadya teguh ing batos.
- Kawruhana ugi sipat jaizu, Allah wenang ing sayekti, kalamun paring bebendu, iku krana sipat adil, paring ganjar iku fadhol.
- Hayat gesang Samak tegesnya angrungu, Bashor liripun miarsi, Kalam maknanya adhawuh, Qodiran dzat nguwasani, Muridan puniko artos.
- Dzat ingkang ngersakaken Aliman niku, dzat ingkang amirsani, Hayyan dzat kang midhangeti, dzat kang miarsi Basiron.
ASMARADANA
- Kasmaran mring para nabi, sinartanana nyekara, asmaradana pupuhe, Jeng Sunan Giri kang karya, ing samangke punika, amicara sipat Rasul, wajib dalah mustahilnya.
- Catur sipat ingkang wajib, Fathonah werdinya limpat, Sidiq punika temene, Tabligh paring pawarta, inggih wahyuning Allah, sipat amanah puniku, temen-temen pinercaya.
- Dene sipat mustahili, werdinya asipat datan, Baladatun iku purwane, cubluk puniku tegesnya, Kidzbun puniku dora, Kitman nyingitaken iku, khiyanat alampah cidra.
- Pra muslim kang sejati, den wajib kalamun pirsa, pacadasa wilangane, dwidasa wajibing allah, dwidasa mustahilnya, sifat wajib nabi catur, catur ugi mustahilnya.
- Dene cacahe sipat jaiz, tumrapipun Gusti Allah, satunggal kang wilangane, sipat jaiz Roasulullah, inggih naming satunggal, kados dhahar ugi ngunjuk, nggih sipat janma sawantah.
SINOM
- Den eling heh pra kanoman, maring kidung sinom iki, Sunan Giri ingkang karya, minangkanya anyarengi, Nabi Rosul kang name, lawan den wilis selangkung, kang wajib kinawruhan, tumrap para muslim sami, Nabi Rosul pradaning sagung janma.
- Baopa Adam ingkang purwa, salajengnya Nabi idris, Nuh Hud Sholih salajengnya, Ibrohim Lud lan Ismail, Ishaq lan Y’kub nuli, Yusup Ayub Syueb Harun, Musa Dzulkipli Yasa’, Dawud Sulaiman nuli, Ilyas, Yunus, Zakariya Yahya Isa.
- Sae ugi kawruhana, kang sinebut ulul azmi, gesnya ageng ing rubeda, nggennya sami anemahi, Muhammad kang sawiji, Ibrahim Musa Isa Nuh, Rosul Nabi lelima, tansah rineksa mring Gusti, pantes tinuladha tumraping umatnya.
- Nabi kita Muhammad, pungkasaninfg Rosul Nabi, data nana nabi liya, kalamun sira miyarsi, kang ngaken-aken nabi, yekti iku nabi palsu, mula den singkirana, satemah anyilakani, mring ngagesang kita akherat lan donya.
DURMA
- Sekar durma kang badhe prapta punika, yasa Makdum Ibrahim, nggih Jeng Sunan Bonang, ingkang sampun kaloka, anggenipun olah ringgit, kinarya dakwah, Islam ingkang agami.
- Wilangan malaikat iku sadasa, kapisan nama Jibril, Mikail kapindhonya, Isrofil salajengnya, Izzroil Munkar lan Nakir, Roqib atid lan, Ridwan kalawan Malik.
- Sekar durma kinarya ambabar nama, pra malaikat suci, samya makarya datan, kasinungan ing pakarti, dhahar lan nendra, tan bapa biyung ugi.
PANGKUR
- Sekar pangkur kang winarna, Kanjeng Sunan Muria kang yasani, Raden Prawata satuhu, minangka ingkang asma, anyartani nama-nama kitab Rosul, ingkang captur wilangannya, minangka pandaming janmi.
- Poma-poma tan sawala, kang jinejer ing kitab para nabi, tansah sami setya tuhu, anindakaken printahnya, murih tebih saking lampah kang binendu, ing pangajab gesang mulya, lahir dumugining batin.
- Sapisan kitab Taurat, pinaringna Musa ingkang nabi, Kapindhonya kitab Zabur, Nabi Dawud kang nampa, kitab Injil maring Isa kang katelu, caturnya kirab Al-Qur’an, Muhammad ingkang terami.
MASKUMAMBANG
- Sinareng sekar mas kumambang niki, Maja Agung Sunan, pangriptaning sekar niki, arsa asung pariwara.
- Kalamun sintena ingkang amakarti, ing lelampahira, dating kadurjanan yekti pinaringan siksa nraka.
- Mila dumateng pra umat muslim sami, ambudi daya, ing lampah ingkang utami, tebih king lampah culika.
- Wontenipun dinten qiyamat ing benjing, tan bisa sawala, dateng sedaya pakarti, yekti den katiti pirsa.
- Allah ingkang sampun aparing cecawis, sinten kang makarya, ing kesaenan sayekti, pinaringan swarga loka.
M I J I L
- Kekidungan sekar mijil niki, Kanjeng Syekh Nurullah, mila minangka kang pangriptane, nggih sinebut Sunan Gunung Jati, kinarya ngertosi, Muhammad kang Rosul.
- Eyang asma Abdul mutholib, bapanya Abdulloh, Aminah Zahroh ingkang ibune, Halimah Sa’adiyah kang nyesepi, kutha Mekah lahir, Madinah alayu.
- Nabi Muhammad den utus yekti, aparing pangertos, mring umat manungsa sedayane, samya nuju ing lampah utami, gegulang ing budi, pakerti kang luhung.
P U C U N G
- Sekar pucung ingkang ngripta Sunan Gunung, Jati ingkang asma, lahir wonten nagri Pasai, wafat dateng Cirebon dusun Astana.
- Mango wangsul carios Muhammad Rosul, yuswa swidak tiga, warsa anggennya palastri, tampi wahyu ing yuswa sekawan dasa.
- Putranipun pitu cacahipun, kakungnya tiga, ingkang sekawannya putrid, dene kita kedah pirsa ingkang asma.
- Qosin iku ingkang asma bajengipun, myang Sayid Abdullah, putra kakung kaping kalih, Ibrahim putra ingkang kaping tiga.
- Putrid nipun sekawan sedayanipun, Zaenab kang asma, bajengipun ingkang putrid, kang kalihnya asma Sayidah Ruqoyah.
- Ummu Kaltum putrid kang katiganipun, jangkepnya sekawan, Siti Fatimah kang name, mugia Gusti Allah paring nugraha.
- Garwanipun wonten sanga cacahipun,kang katilar seda, ibunipum pra mukmin, mugi tansah pinaringan beja mulya.
- Aisyatun ingkang sapisanan, kang kapindo Khofsah, salajeng Saudah nuli, Shofiyah Maimunah Zainab Romlah.
- Nama Hindun kaping wolu jangkepipun, Juwariyah sanga, sadaya dipun ridhoi, dening Allah Gusti ingkang Maha Kwasa.
- Khadijatun garwa kang paling rumuhun, nalikane seda, taksih sugeng Kanjeng Nabi, panyengkuyung dakwah Nabi kanti dana.
G A M B U H
- Mungkasi sekar gambuh, nggennya caos pangertosan iku, kapitayan tumrapiun para muslim, ing pamrih sami atuhu, anuladha Rosululloh.
- Ing riwayat rmuhun, nalikaninfg sungkawa ing kalbu, kang kasandhang ing oanggalihnya jeng Nabi, paman lan garwa alayu, Allah paring isrok Mi’roj.
- Isrok lampah ing dalu, Mekah dugi Baitul Maqdisu, wondene kang ingaran Mi;’roj puniki, minggah langit lapis pitu, sareng Jibril nitih Buroq.
- Nabi atampi dhawuh, sholat wajib gangsal siang dalu, Subuh Dhuhur Asar Isak niki, den estokna kang satuhu, minangkanya unjuk bektos.
- Sinten kang sami tuhu, lampah sholat genep gangsal wektu, pesthi pinaringan nugrahaning Gusti, tinebihna ing bebendu, ayem tentrem lahir batos.
- Kanthi muji Alhamdu, Lillah Robbil Alamin tumuju, amungkasi kidung piwucal puniki, sinarengan anyenyuwun, dados muslim kang sayektos.
@@@