Piwulang Nata
Kapethik saking Serat Mahabarata
Sing sapa ratu anut sapituduh ingsun iki, nagarane pasthi yen kalis ing bebaya sarta kasangsaran, bisa mangreh jagad, saha ngrasakake kamulyan gedhe.”
Wiwit lengsering Pak Harto saking dhampar presiden, negara kita lajeng ngawontenaken ewah-ewahan ingkang satuhu ageng ingkang dipunwastani reformasi.
Kanthi wontening reformasi ing tata kaprajan mliginipun pemilihan presiden sarta kepala daerah (Gubernur, Walikota, Bupati), ndadosaken para kawula kedah pinter milih sok sintena ingkang pantes kalenggahaken ing kursi pangarsaning praja. Nanging, kanyatan ingkang wonten ing sangajeng kita sadaya, para pangarsaning praja punika mesthi badhe nelasaken jatahipun. Sasampunipun telas masa baktinipun ingkang sepisan, mesthi badhe majeng malih ing pemilukada ingkang kaping kalih utawi majeng minangka wakil. Kados-kados ing negari punika boten wonten priyayi sanes ingkang saged nyepeng paprentahan.
Kanyatan sanesipun malih, kathah para artis ingkang ”melu payu” nyalon dados pangarsaning praja. Kita pancen boten kenging mencep sarta boten kenging gadhah panyakrabawa bilih para artis punika boten badhe saged mimpin kawula. Nanging saboten-botenipun kita kedah waspada, bilih ing saben dintenipun para artis punika tebih saking donyaning pulitik lan kawula cilik.
Mangga sadaya punika kapasrahaken dhumateng para kawula. Ing alam demokratis punika boten wonten peksan-pineksan. Sae punapa mbotening praja gumantung dhumateng para kawula, inggih punika titis punapa botening anggenipun milih pangarsaning praja. Kajawi punika, pangarsaning praja ingkang kepilih, mesthinipun inggih tewah saking ambek sarta wewatekanipun ingkang jumbuh kalihan wewatekaning para kawula piyambak.
Para maos, ing Serat Mahabarata kasebataken pinten-pinten nata ingkang saged jumeneng nata binathara ingkang jalaranipun inggih benten-benten. Kadosta: Prabu Yowanaswin punika saged jumeneng nata binathara, amung sarana anggenipun ngentheng-aken pajeking kawula. Prabu Bagirati sarana ngraket para kawula. Prabu Kartawirya sarana kasekten awit saking tapa bratanipun. Prabu Barata sarana kaprawiran tuwin kakendelanipun, nanging Prabu Maruta jumenengipun nata binathara saking agenging kabegjan. Makaten punika pangandikanipun Prabu Kresna dhumateng Prabu Yudhisthira.
“Yayi prabu kepengin jumeneng nata binathara? Kawuningana, karsanipun yayi prabu punika mesthi badhe kaleksanan, awit saking utamining wewatekanipun yayi prabu, kados ta sengsemipun yayi prabu ngayomi para kawula, begja, tuwin sampurnaning pangastanipun pusaraning praja. Ambekipun yayi prabu sadaya wau, ingkang saged nglenggahaken ing dhamparing nata binathara.” makaten pangandikanipun Prabu Kresna salajengipun.
Para maos, pethikan ukara kasebat ing purwaning seratan punika mujudaken pangandikanipun Bathara Narada dhumateng Prabu Yudhisthira ing salah satunggaling perangan ing Serat Mahabarata wedalan Loseteyosopi Sala ingkang medal ing akir taun 20-nan ngantos ing awal taun 30-nan.
Bathara Naradha ngandika manawi wonten 14 werni pandamel ingkang badhe damel apesing para nata. Pandamel awon kasebat inggih punika: 1. boten pitados dhumateng dewa; 2. boten temen; 3. nepsu; 4. boten weweka; 5. remen semaya; 6. boten remen se-sanjan ing padununganipun para wicaksana; 7. keset; 8. manahipun boten jenjem; 9. tetaren namung dhumateng tiyang satunggal; 10. tetaren dhumateng tiyang ingkang boten ngertos lampahing pangupa boga; 11. murungaken rerantaman ingkang sampun katetep-aken; 12. remen ngendikakaken samukawis ingkang sampun karembag ing parepataning para nayaka; 13. boten anggarap sadhengah ingkang tetela migunani; 14. nindakaken pandamel kanthi tanpa kagalih rumiyin.
Tigang prekawis :
“Wruhanira kaki prabu, nadyan ratu binathara, kang bandha bandhu, bisa kalakon tiba saka dhampare, yen gelem nglakoni panggawe patbelas warna iku.” makaten pangandikanipun Bathara Naradha.
Para maos, salajengipun Bathara Narada memuji kangge Prabu Yudhisthira. Pamuji kalawau wonten tigang prekawis, kados ing ngandhap punika:
1. “Muga aja ana wong becik ambeke, suci atine, lan kaaji-aji ing akeh, kongsi kapidana saha pinilara awit kadakwa nindaki kadurjanan dening nayakanira kang tuna budi sarta kasasar lakune awit dituntun ing pepenginan.
2. Muga nayakanira aja kongsi ngluwari durjana kang kecekel anggone maling, sarta wus kacihna, utawa kaseksen yen nyata gelem nglakoni kadurjanan, kanggone ngluwari mung saka watak ngarah apa.
3. Muga nayakanira aja ana kang gelem nampani reruba. Dadi yen ana kawulanira kang sugih prakara lan kawulanira kang mlarat, bakal lestari jejeg adile.”
Para maos, sumangga katuran nintingi sarta mbuktekaken piwulang luhur saking para leluhur kita ingkang kaserat ing Serat Mahabarata punika. Piwulang punika punapa taksih leres, trep, sarta saged kangge adeg-adeg nglampahaken pusaraning praja. Kersaa ajumbuhaken kalihan kanyatan ing wekdal samangke ing negara kita Indonesia.
Tebah siti sekul binuntel ing ron klapa. Apuranta yen wonten lepat kawula.@@K