Category Archives: PUSTAKA PARARATWAN I BUMI JAWADWIPA

PUSTAKA PARARATWAN I BUMI JAWADWIPA


Pustaka pararatwan
i bumi jawadwipa

prathama sargah ing
prathama parwa

sinerat mwang sinusun1 lawan pinagaway
makering / ninaya déning mami //
pangéran wangsakerta / nama
çidam abdul kamil
mohammad nasarudin /
pinaka panembahan carbon

hana pwa sapinasuk marikékang
panusun lawan manurat iti pustaka
/ teka ning telasnya mwang paripurna
yatiku /
panembahan carbon /
raksanagara //
purbhanagara //
angga diraksa //
singha nagara //
angga diprana //
anggaraksa //
nayapati //
sang mahakawi sakéng banten /
sang mahakawi sakéng sunda //
sang mahakawi sakéng matawis //
sang mahakawi sakéng ngarab //

————————————————————————————————————-

/1/ awighnam astu // iti prathama sargah ing prathama parwa / pustaka pararatwan i bhumi jawadwipa // ti pustaka maka pajār ta sarwa krama ng atita / mangené raja raja mwang kacakrawartyan mwang rājyarājya sapinasuk hanéng ri séwakanya / hanapadanya / sakeng kanista madhya mottama mwang pranarājya  ri nangken nagari i bhumi jawa kulwan / jawa madya / lawan jawa wétan / tathapyan mangkanānung makādi manguccāranaken mangené ngaran raja lawan abhisékanya / mwang sanak mwang katumbinya / sang kawitan tanapi kathā ning putropādananya // matang yan iti pustaka pinaka rajawarnana mwang rājyawarnana i bhumi jawadawipa / witan déréng çakawarça tka ning ngké / lawan sarwakrama ring dangu dangu,

/2/ mwang krama ring samangkana // akwéh ta mami tumiru serating sang mahakhawi mpu khanakamuni sakéng wilwatikta / yatiku  pranaraja wilwatikta kedatwan / rasika pramānāran sang āryadirāja dang ācārya khanamuni / hanéng wilwatikta pinaka dharmadyaksa ring ka sogatan / rasika hana ta putra ning mpu çaménaka // juga matutapadan ning pirang sang mahakhawi sakéng jawa kulwan jawa madhya lawan jawa wétan ikang wus makirtya mangené rajyāwarnana i bhumi jawadwipa // akwéh ta mami makirtya kala / inupaçarayan sarwa serat mangené carita rājyarajyā  warnanaé sakéng  susuhunan matawis sultan banten pirang āmatya yata raja manda-,

/3/ la i bhumi parahyangan sang tanda / sang juru / sang mahakawi lawan sakwéh ira adipating siniwi i déça déça hanéng jawadwipa / ikang nityasa pituhun mami // mogha mami tan tumenwaken képwa mwang dukhabhāra / makasopana yan ulih ing karya mami  leheng mwang paripurna // atangyan iti pustaka pinaka widya mwang warahwarahnya sakwéh ira janapada i bhumi jawadwipa mwang rat bhumi nusāntara / atīta nātgata warttanāna // kārana mami putropādana ning susuhunan jati / nityasa tuhagama ring dharmma mami / mwang nityasa manuti telampakan ira / lawan mami nityasa mangastungkara ring hyang amurba wiçésa / ring,

/4/ sakwéhnya sang kawitan mwang atuha mwang ayayah réna mami // kawruhan ta yan panusun iki pustaka / akwéhnya rwa welas wwang / pantara ning pitung siki sang āmatya ning rājya carbon sasiki sang mahakhawi sakéng banten sasiki sang mahakhawi sakéng sunda / sasiki sang mahakhawi sakéng ngarab ikang nityasa kumaliling salwir ing nagara mwang sasiki manih ngwang // ikang sakwéhnya ninaya  dé mami / matangnya dinéki mami pasamudaya sang āmatya ning rājya lawan sang mahakhawi ikang sakwéhnya rwa welas wwang / makirtya ning rajawarnana i bhumi jawadwipa / lawan swarnadwipa / pinaka karyāgheng diwaséki //

/5/ ikang sakwéh / ri huwusnya mangadyāya salwir ing kramékang wus wartamāna / purwa prastāwa rājyarājya mwang rajanya / swasthā ning janapadanya / kumwa juga rajakarya / prayéng lagi / mwang salwirnya wanéh // iti pustaka / mami tambaya ning makirtya çakakāla / çruti sirna éwahing bhumi / i ékadaça khresnapaksa phalgunamsa / sinerat ing kadatwan carbon déning mani / pangéran wangsakerta / athawa panembahan carbon tohpati lawan namaçidam / abdul kamil mohammad nasarudin nihan ta tambaya ning kathānya / iking jawadwipa / hana ta sawiji ning dwipékang kreta bhuminya / wreddhi sthā,

/6/ wara / salwir in gulay gulayan hana riking / anung dumadyaken swasthā ri janapadanya yata pribhumi kang tamolah hanéng déça déça i jawadwipa // hana pwa / bhumi atut tira ning sagara jawadwipa bang lwar / sakéng kulwan mangétan pirang hasra warça ng atita sangkanira hana ta sagara / sangçaya lawas ateher matemahan tira ning jawadwipa // i sedeng sakwéhnya pribhumi riking anggonan nira yata hanan kupina / hanan mawalkala / rondon mwang kuça // rasika nityasa padāmawa tomara / musala dhanuh mwang hru āstra yatiku lawan salwir sanjata lénya wanéh // ya wanawāsa // rasi,

/7/ ka hanan hurip pasamudaya / hanan huripnya humeut hanan kasha mapasah / hanan hurip tang parçwa ning giri // nangken sangghānung tamolah ing sawiji ning padukuhan ninaya déning panghulunya pinaka ratu ning déça // u mah sang panghulu nityasa pinakonggwan maheum nira // ri déçāntara i bhumi jawa kulwan hana pirang siki sang panghulu ning pribhumi / kumwa juga hanéng jawa madhya/ lawan jawa wétan / ikang karma sadurung ing prathama çakawarça // iki krama ning pirang harsa warça ring kuna ning jawadwipa / riking hanānung tamolah déning janapada // nangken sanggha nira kasah mapasah / mapan marika / teka ning jawadwi-

/8/ pa / tan tekané sowang sowang sasiki sasiki / tathapi pirang déça mwang dadi sawiji lawan kāsah māpasah sowang sowang umaréng [ring] pirang dwipa i bhumi nusāntara // tka nira pahi nikā pira daça warça pantaranya // hétunya marika sakéng bhumyagarānung mabhédabhéda / yata purwa prastawa bhumyagara nira sakéng sawétan ning bhāratawarsa / yatiku pantara ning salwaring wétan kulwan sakéng sanghyang hujung mendini yeku / hanékang sakéng syangkanagari / campanagari / hanékang (sakéng) ghandinagari / saimwangnagari //ring samangkana / akwéh ta mwang lwar lungha mangidul / tathapi sirékang wus lawan tamolah ing jawadwipa / hana sing lungha manih mangétan mangulwan / mangétan teka ning sophalanaga-,

/9/ ri // katekan nira ring jawadwipa / lawan mahawan prahwa kaywagheng mangrupa géték / tathapi hanékang mahwan prahwa sakéng petung agheng mwang kaywalas / haneng ruhuring sang géték ginawé ta ghreya lawan payon kuça / marika rahiné kulem sakéng bhumyāghāra nirā tut lwah mangidul umaréng sagara // tathapi hana juga bhumyāgāra nira hanéng tira ning sagara // tumuluy sira mandeg ing pira nusa // lawas pantaranira madhya ning samudra // i wékasan tekan ta siréng jawadwipa // tathapi lampahira / hanéng madhya ning sagara / akwéh pantaranya prahwa nira syuhdrawa / kawawa sang pawanagheng hana sing prahwanya kalunghā-lungha tan makéring lawan kang lé-,

/10/ nya // kabéhan ika sowang sowang padāmawa khoça wastwan sarwa bhogopabhogadi mwang lénya wanéh // sāyampratar lampa(h) nira tan henti / sadurung ing abhipraya nira siddha // hana pwa hétunya panigit agheng ika / māpan bhumyāgāra nira nityasa kakingan ya ta duméh yathābhuta ring kana lindu tang pratthiwi / sowé ning lahru // kumwa juga / akwéh pantara ning sira tanpa mangan mwang wanawasā mangan rondon huwoh kayu kayu / sthāwara / mula huwohuwohan sarwa satwa /satwa krura mwang salwirnya wanéh / ulih karya maburu niréng wana / giri lawan lwah mwang sagara // matangyan marika nityasāmrih angluru bhumi subhika ring nu-,

/11/ sa nusa i bhumi nusāntara // salah tunggal nusa yatiku jawadwipa / sateka nira riking tamolah tumuluy sira rumaket samahurip kadi tunggal kulawandha / anak putu kulakadi sowang sowang magawé yumah / tumap sira momahomah hana sing ahalit hana sing agheng ruhur ikang umah nira sakwéhnya pinaka hatut madulur / mapasih pasihan / tadahan ing prati dina yatiku / ulih maburu[h] sakéng wanācala // matangyan çançaya sowé neher dumadi dukuh // i sedeng pamitran ira pantara ning sanggha rumeket māpan sira wus siddha citta mwang abhiprāya nira / singgih labdhama,

/12/ nohara hurip tang subhika prethiwi / pinakawéça nira sajalwistri yéku walkala // hana pwa lawas sadurung katekan ira riking / ing jawadwipa wus hana pribhumi tamolah ngriki // marika tekan riking pirang atus warça ng atita // akwéh pantara ning sira matemu tangan lawan kanya ning pribhumi / tumuluy maputropādana // tathapi pantara ning sira hanāsing lumakwaken anglurug tandang / tumuluy pejah ta sira // juga hanāsing kapalayu mangalas hanāsing meneng / pamitranan lawan sang paneka hanyar // tathapyan ngkana sira tan pamyati / tāpan akwéh dahat sanggha ning wwang hanyar,

/13/ ika // sakamantyan ira wwang hanyar widagdha ring sarwa widya lawan yudhanipuné / juga wagus astra nira mwang sangkep manih // tathapi sansaya sowé wwang lawas lawan wwang hanyar hurip ira rumaket dumadi sawiji ya ta duméh silih pakuren dumadi kulawandha / sāksāt tunggal bhunyagara // satuluyna nihan kathanya / makapuhara nira yatiku pitrepuja / mangkana maryāda mwang prayéng lagi / kadi kawitan ing bhumyāgāra nguni // hanéng sawiji dukuh sétra / tumuluy sirā bhawarasa / anggunita sang kawitan yatiku wwang yuswā-,

/14/ tuha / pinaka manggala ning janapada rat ikang dukuh / mwang salwirnya athawa sang panghulu sakwéh ing janmapada rikung lawan samanta déça // sira nityasa pinuja kadi naya mandala / naya tarpana pawitra / mangnayaken prayas citta / sakwéh ing wwang / kumwa juga dumenda sang salah / paniban pati ring sang salah lawan kadustan juga ring sang ngapa / wwang makaswabhawa nis tresna / juga ring wwang tan yodya /çatru nung janmapadéng ikang déça / ikang panghulu / hana ta sira sang siddha swabhawanya // ring samangkana sang panghulu yatiku sang datu sebutan ira wanéh / kadi maharaja sri,

/15/ kawenang nira // salwir ing jiwita ning kabéh janmapada / hanāsing tamolah atut tira ning tasik hanãsing hurip wanawāsa / marika sumirat hurip ing wanagiri / hanāsing atut pinggir ing lwah / maçarana nira ya ta watu kayu / walung ginawé dénira patuk perkul parada / astra / tatah / çarasampāta / luké mwang sarwa ning pérang pérang / towi lengkara hanggon ira sakéng walung / watu lawan kayu kayu // hana pwa jiwita ning janmapada prati dina mamangan ira méh sama pantara ning sang paneka hanyar lawan sang paneka lawas / kadi ning purwa prastāwa,

/16/ ya ta anādikāla witan bhumyāgāra ri sangkanira nguni yéku / sarwa satwa hulih sakéng maburu sarwa matsya mwang sarwa satwa sagara sakéng lwah athawa sagara sarwa huwohuwohan sathāwara / mula / rondon rondonan  huwoh kayu kayu / huwho pendeman gulay gulayan sarwa phala / mwang salwirnya hulih sakéng mathāni nira // i sedeng ira sang panghulu yéku naya ning janmapada madrewya ning sarwa çastra mwang tantra / nityasa warabrata malakwaken nityakarma / luputaken janmapada nira sakéng abhicaraka / mangasirwada / nanayati /

/17/ wiwaha mangala magaway āsthāpanaséwana / āpan ikang nityakarma [g]umiweu prāyénglagi / makaswabhāwa nira dharmika mwang mārdawa // sangksépa nikang sang hulu ya ta sang datu rahiné kulem nityasāmrih malar janmapada nira hurip harsa subhika / mwang dukuh bhumyāgāra / khreta / swastha tang bhuwana // çansaya lawas sanggha nira akwéh ikang 15 kāsah mapasah / mapan pantara ning sira sumirat ring nusa nusa / hétunya sowang sowang sirāngluru huripp kenoh lawan kulawandha nira rumaket hatut madulur / angluru wreddhi prethiwi // sira pareng saparicaranya tamolah hanéng bhumyāgāra hanyar pinakonggwan hurip ma-

/18/ kuren anurun teka ning anak putu / puyut parenah kulawandha / wwang sānak kumwa juga sang paneka hanyar ikang masulungsulung / parasparopasarpana / mwang humeneng atah npasamudaya rikung / lawan makakarma npasamudaya // matangyang ikang panggwanan sansaya lawan dumadi dukuh // witan ikang sira pada harep subhika ning hurip dukhāntara npasamudaya / sukhāntara juga npasamudaya / kanistamadhyamottama tan bhéda sira pantara ning mwang sāmanya // sira kabéh kagheman yan lumanggahan prayénglagi // ya sira mamuk ring wwang samanya / sira tiniban pati // tathapyan mangkana / sira çansaya lawas akwéh pantara ning sira lobha mahyuna i kawasa nganggwa swaçarira nira / lawan maniwi janapada rikung // yadyapin ikang piçuna çinapa déning hyang,

/19/ pitara wiçésa / ikang nityasa makapuhara nira kabéh / kumwa juga lumanggahan maryāda mwang prayénglagi // lawan cancu pamu musuh / pejah pinejahan pantara ning watek ira / mwang atemahan paprang pāntara watek ira // nguniwéh yan sang hanyar pejah / sang watek silih andon angrebuta ken kakawasān pinaka panghulu ya ta sang wenang pantara ning sakwéh ing janmapada déçantara // ikang karma dumadi harohara // tathapi neher marika dumadi sawiji manih // hanāsing atemahan kulawāndha karana wiwāha pantara ning watek ikang satrwanan / sangka yan pakuren nira lawan abhiprāyanya yatanyan tan pratibandha / matangyang sira rumeket dumadi sawiji / sirāmisanak tu-

/20/ muli // tekapnya cittābhipraya nira siddha / tan handurlabha // hana ta mituhu kathā lénya wanéh / inuccaranaken an pirangatus hasra warça ng atita / janmapada i bhumi jawadwipa / rupa nira kadi denawa yatiku / agheng luhur dedeg ira / çariranyāgheng mwang krurārkāra sanyāsanya kadi satwakrura lawan mahābhāya // sāksāt wānara denawa sinebut purwa purusa // hurip ira kasah mapasah / sukha nirāmatyani wwang sāmanya ring samangkana pangan nira sarwa satwa mwang salwir ing kayu kayu // rasika tan pahanggonanggon tatan hana maryāda / tan hana kamahātmyan / rasika tan karunya buddhi ring sāmanya / sukha marangkit manigit makrak akrak yan jajaya marangkit nira // ring samangkana,

/21/ sarwa bhutāgheng agheng / mangkana sthāwara lawan satwa kabéh ing déça déça hanéng jawadwipa // marika dudu kawit ing wwang jawa // rasika tan wring makuren walung pinaka sanjata yan marangkit athawa yuddha tanding / ya nityasa pratibandha lawan sāmanya / kãrana rumebut pangan mwang stri // iki janggama tan hana pahi nikā lawan wānara denawa mangrupa purusa yaksānung akwéh wulu nira // yapwan sira madwandwa yuddheng kaywāla / yaça ira wāruharuhan mwang sangapa santosa laghawa çura / ya ta siréng jaya // lawan sira tan hana rowang athawā kulawandha neher pinatyan /  ri huwus ika / sang wangkay hiniris iris tumuluy mangsa sang alah pinaka pangan nira / mwang rahnya,

/22/ pinakénuman nira makéring rowang nira / wwang sānak kulawandha5 nira kabéh // hana pwa yaksāpurusa i bhumi jawadwipa pasamu dayanya tan akwéh // rasika sarwa bhaksa makādi satwa hulih aburu / tantu pratista nira humeut ing parswa parçwa cala / sumirat atut pinggir ing lwah / ing wanāntara // çansaya lawas akwéh sing pejah / hétunya ya ta lindhu tang prethiwi / kakingan āpan dawa ning lahru / silih pejah pinejahan pantara ning marika / kārana panakit marurek aneher udan tan wāktan aghengnya / satwakéh ikang pejah karana tan mapangan kabéhan ira ndātan patulungan / sangka yan ika sira pasamudayanya pejah nirawaçésa // matangyan makāwaça-

/23/ na diwasa yaksāpurusa i bhumi jawadwipa // mangkana ta karma ning jawadwipa pirang koti warça atita // ri huwusnya sang hārakalpa ningjanmayakçā pirang keti warça sadurung ing prathāma sakakāla // tumuluy pirang lakça sadurung ing prathāma warça çakakāla / hana ta yuga ning janma wāmana // māpan janmékang awyama nira halit kresna warnarupa // tumuluy akara telung hasra warça sadurung ing prathāma sakakāla / yuga ning wamça paneka prathāma sakéng nagara nagara bang lwar // ateher yuga ning sang paneka dwitya panatara ning sahasra limangatus warça sadurung ing prathāma sakakāla sakéng nagara,

/24/ nagara bang lwar //tumuluy wamça paneka tritya / pitungatu(s) warça sadurung ing prathāma sakakāla //ateher rwangatus teka ning limang puluh warça sadurung ing prathāma sakakāla yuga ning sang paneka caturtha / ya ta sakéng nagara nagara bang lwar manih pantara ning yatiku syangkanagari / yawananagari / campanagari / ghaudinagari / saimwangnagari / cinanagari / dharmmanagari / singhanagari / lawan ikang wuri singhalanagari / khalingga i bhumi bharatanagari bang kidul / kala ning rwangatus warça sadurung ing prathama sakakāla / jawadwipa ta pinaka don sang paneka hanyar // ring bhumyāgāra nira wus angrengeu ya-

/25/ n bhumi jawa / wreddhi prathiwi / gulaygulayan hana riking // matangyan sira sang paneka hanyar wus wruh wretanya / mwang jawadwipa dumadi pinakonggwan ikang hutama // sang paneka lawas wus dumadi janapada pribhumi riking / sang paneka hanyar atemu tangan lawan kanya ning putri janapada paneka lawas satuluynya / manak putu / puyut / hana pwa pamujā nikang janmapada ring samangkana / akwéh pamujānya // māpan sarwapamujā sakaharep nira / lawan angucap mantra yatiku makādi pitrepuja // marika mamalaku ring sang pitara makapuruharanya makādi sang pitrepuja ning kawitan la-

/26/ wan wanéh sthāpanamantra / sang kep lawan widdhiwidhana mwang āsthāpana séwana lawan sarwabhoga // nityabhipraya nira yatanyan siddha cittanya // hanan luputaken sakéng pāpakarma // hanan kahyun amahaken ulih ing karya nira / pathāninya / upakriyawikriya nira / kumwa juga jaya yan yuddha mwang jayéng madwandwa yuddha// hanan mamalaku malar sangsara khretasangsāra nikang mukta // hana jugāsing jalu malar stri mwang stri malar jalu // hanan kahyun wenang jayawirya // hanan ahyun jayāmaguta çatru nira / mwang kaparajayakna // hanan malar dawa yuswa nira mwang tam boten wonten bhayé-

/27/ kang teka // hanan ahyunkreta ning bhumi pathākanya lawan akwéh ulihnya /mwang salwir ing kahyun nira wanéh // i sedeng sarwapuja nira yatiku hanan apuypuja / acalapuja / pitrepuja / sagarapuja / watupuja / wiwitan agheng puja / kayukayupuja / rudirapuja lwahpuja / adityapuja candrapuja / naksa[s]trapuja / hanan pitrepuja munggwing parwata çikāranung utungga / māpan nikang parwatapitara yéku sāksāt pitren mangdalam parwaténg sabhuwana // hanan wandhirawreksapuja mwang mateubwreksapuja / ing duhkāntara mwang nityakarmma manghanaken pitrepuja / lawan ambheg kapawitran ma-

/28/ malaku swastha tang hurip nira / mwang angluputaken sakéng pretadi lawan angluputaken sakéng mahabhaya / tékwan ikang awighnam astu makuren nira kenoh mwang paripurnéng hurip tulusayu // sirārddha kagheman yan lumanggahana ring prayénglagi / athawa malakwaken piçuna mwang samānya // māpan sira padaharep çésa ning pejah / lawan makolih putropādanānung dharmasta // hana jugāsing pirang katumbi mahas ing wanāntara lawan amawa salwir ing wastwan mwang wanawāsa // tambaya ning amrih angluru bhojanādi /ateher tan molah rikung // ya maburu satwa /tumuluy i-

/29/ kang satwawalulang dumadyaken anggwan nira // i sedeng satwa mamça ginawé nira panganya // kumwa juga /anggwan nira lawan mawalkala // hanan anggwanirékang satwawalulang winéh tulis matutapadan kahyun nira // i sedeng çila mwang walung pinakahyas sajalwistri / makādi yéku /anakebi / juga nikang çila mwang walung ginawéha n salwir ing wastwan / çansaya lawas wwang tekan hanyar çansayākwéh // samangkana wwang pribhumi kasingsal kalunghalungha wanācala kahasan / mogha dumadyagheng panigit mãpan wwang panekan hanyar / nityasa mawéh duhkā,

/30/ mingrwan pāpani / amingtelu sang pribhumi nityasa kanista / sāksāt ri sawaka ring wwang hanyar iku // makādi 5 sang pribhumi makaswabhawa ng gheng irang / mwang agheng katakut nira / tāpan akwéh ikang māwara / tinangkep lawan pinejahan / sira pribhumi nityasa kasoran mapan mapunggung / salwir niréng wuntat / i sedeng wwang tekan hanyar makadrewya sarwa widya ya ta magawayāstra sakéng wesi / sarwa wastwan sakéng wesi / kadi kanaka / rajata / manik sphatika / wāhana / ateher magawé sarwāstra sakéng wesi lawan wédāstra nira / dhanurwéda / juga magawé sarwosada / kumwa juga magawé prahwa,

/31/ wus wagus sira nandur pari ginawéha pangan prati di na / juga sira wus makadrewya widya ning panakaçastra / 5 juga magawé perang perang sakéng wesi / magawé hanggonanggon mwang lengkara ramanya sulaksana / māpan winéh sarwatulis inukir ikang wésa / gumawé wayang sakéng walulang inukir / sira wus wenang gumawé yumah agheng anggwa sakatumbhi /mwang kulawandha sajalwistri / gumawyāgni lawan uswan watu / wesi / tumuluy gumawé tatabuhan anggwa mangigel / tumuluy ginawéha maryāda inti ning dukuh lawan maryāda ning picis / marika makadrewya widya ning,

/32/ grehana / lindhu tang prethiwi / widya ning yojana / bhojanadi / widya ning dina / sarwa ning sthawara / rengreng / lahru / widya ning sagara / ri widya ning sarwasatwa // juga widya ning perthwi / parwata / ri widya ning pangucap aneher ri widya ning gulaygulay(an) / widya ning wanagiri / swastha ning janmapada mwang sawirnya // tékwan marikānung tekan hanyar ikang wuntat sakéng yawananagari / syangka 15 nagari / campanagari / saimwang lawan bharatanagari / bang kidul / arddha ta prajnéng sarwa widya yéku janmawidyanipuna sinebut déning pribhumi // i sedeng pribhumi rikung ya ta mwang panekānung wus lawas gumawé wastwa-

/33/ n sakéng watu / kayu mwang walung / anggwan ira mawalkala / māpan rasika janma purwa madhya sinebut déning sang mahakawi // amituhu sang mahakawi ri serat nira / inuccaranaken wwang panekan sakéng yawananagari /mwang syangkanagari / ikang sapinasuk janma purwamadhya / akara sahasra nemangatus warça sadurung tambaya ning prathama çakawarça // dadyakara wus telung hasra rwang ngatus warça ng atita sitan warçéki // hana pwa sang paneka hanyar ikang tekan i jawadwipa / pantara ning telung atus warça mwang satus warça satatan tambaya ning çakakāla prathama / marika wus widya nipuna / wus wruh mangené ulih,

/34/ ing upakriyawikriya salwir ing wastwan / sang panekéki sumar ring nusa nusa i bhumi nusāntara // iti déning sang maha kawi // ring samangkana sinebut wesiyuga // hétunya sira gumawé sarwa wastwan mwang perang perang / astra lawan salwirnya sakéng wesi / kancana / rajata / rasika luwih 10 prajnéng sarwa widya nira // matangyan sira teher mangdalam ning déçadéçānung tinekani / sāksāt ikang jawadwipa mwang nusa nusa i nusāntara madrewya ning sira sakwéhnya // sangapānung tapwan pānut ateher kaparajayanya / yan amrih angduni mwang amaguta / çigra kaparajaya ta sira tumuli / mwang abhipraya nira tan pantuk lawan ang dé nira dumadyaken janma kanista / ri séwaka ring wwang ka-

/35/ wasa // kumwa juga pantara ning satus warça sadurung ing prathama çakawarça tka ning prathama çakawarça / wwang paneka sakéng pirang  nagara hanéng sawétan ing bhararatanagari // makanimittéka wesiyuga sinebut juga janma wihikan ri purwayuga // dadyāmituhu pirang serat lawan uccarana nira sang mahakawi / juga pirang wrettāntarānung ulih pinulung // mangkana ta sangksépa mangené janma purwayuga i bhumi jawadwipa // hana ta panca purwayuga pantara ning sowang sowang yatiku / prathama purwayuga si nebut satwapurusa ri purwayuga / ya ta janma lumaku nira pinaka satwa yatiku pantara ning  wānara // rasika tang molah tunggang kayu kayu lawan giri / yan sira madwandwayuddha / mwang matya-

/36/ n tanpāstrā / kawalyānggwāsta tan anggonanggon tan pawésa // rasika tan makadrewya ing ambhek kadi janma ngké / ya labdhamanohara ning mahayunan kayu kayu // marika hurip pantara ning akara sayuta tka ning limang koti warça sadurung ing prathama çakawarça // tumuluy sarwabhutéki sirna tan paçésa / sirna sakéng bhumi // walulang nira kresnawarna mwang mawulu / in lén mandala manih hanéng bhumi jawadwipa / pantara ning pitung koti limang laksa tka ning rwang koti limang laksa sadurung ing prathama çakawarça / hana ta rikung hurip satwapurusa tathapi lumampahnya kadi janma / walulang nira bangkresnawarna // swabhawa nira sulaksana / ta-

/37/ n agheng kroda / prati dina nityasa gumawa sanjata walung lawan watu // rasika luwih prajna sakari nira satwapurusa kang lumampah kadi satwa // yan karwa matemu / aneher madwandwayuddha / tathapi sira jaya ri yuddhakala // hétunya sira satwapurusa yuddhanipuna mwang makadrewya prajnéng widyayuddha // wulu nirākwéh // rasika tan sukha mangan mamça satwapurusa sāmanya / sampunyéké neher dwitya purwayuga sinebut yaksāpurusa ri purwayuga / ya ta janma pinaka yaksā athawa denawa // rasika sukhomangan mamsa jangga sāmanya mwang sarwa satwa makaswabhawa nira tan karunya buddhi / ambek ira pinaka satwakrura / lawayannya nira,

/38/ ruhur / walulang nira kresnawarna mwang mawulu / suhkānginum rudira janma lawan satwa sarwabhutéki hurip nirākara / pantara ning limang koti warça tka ning telung koti warça sadurung ing prathama çakawarça // ri huwus ira janmayaksā sirna / ateher hurip saparwa janmayaksā ri dwitya puwayuga // sarwabhutéki tatan kinawruhan witan ira / méh samarupa lawan janmayaksa kang wus sirna tathapi luwih ahalit mwang akwéh pahi nira / i sedeng walulang nira tamankresnawarna mwang mawulu tan akwéh rasika sāksāt āputropādana ning janma yaksa // denawāhalit ikang suçila mwang luwih prajna sakéng janmayaksā ng atita // ulah ni-

/39/ ra méh janma saparwa satwa // marika hurip ing telung koti warça tka ning limang laksa sadurung ing prathama çakawarça // çansaya lawas sarwabhutéki sirna sakéng bhumi // tritiya purwayuga athawa sinebut wāmanapurusa ri bhumi jawadwpa // ri huwus sirnanya janma saparwayaksā / tumuluy hana ta prānāh ing wāmanapurusa // sakari halitnikanang jana niréka / makanimitta sinebut wāmanapurusa // astra nira mwang salwir ing wastwan nira / ginawéya sakéng watu / tathapi gawéya nita tan wagus ikang yuga sarwawatu // hana pwa wāmanapurusa ri purwayuga hurip néng bhumi jawadwipa / i limang,

/40/ laksa tka ning rwang laksa panca sahasrani warça sadurung ing prathama çakawarça // ring samangkana déning sang mahakawi sinebut madya ning  purwayuga // ri huwus ika caturtha purwayuga / sinebut juga / yuga ning purwapurusa // ikang prathama / akara tambaya ning rwang laksa panca sahasrani tka ning salaksa warça sadurung ing prathama çakawarça // marika gumawé sarwa wastwan mwang sanjata sakéng watu / kayu / walung wiranastamba / lawan lénya wanéh / tan wagus / tathapi dwitya ning purwapurusa / ing salaksa tka ning sahasra warça sadurung prathama çakawarça / sira gumawé sarwa wastwan mwang sanjata / gawénya wus bagus / ri huwus ika panca purwayuga / sinebut juga / yuga ning wwang paneka,

/41/ hanyar sakéng nagara-nagara sawétaning bharatanagari // dénira sang mahakawi sinebut wekasan ning purwayuga // pantara ning pracéka warça ning tka nira i bhumi jawadwipa yatiku prathama pantara salaksa tka ning limang hasra warça / sadurung ing prathama çakawarça // ikang tritiya pantara ning telung hasra tka ning sahasra limangatus warça sadurung ing prathama çakawarça // ikang caturtha pantara ning sang paneka / ing sahasra limangatus tka ning telung ngatus warça sadurung ing prathama çakawarça // ikang pancama ing telungatus warça sadurung ing prathama (çaka)warça tka ning prathama çakawarça // mangkana ta sangksépa sa-

/42/ kéng panca purwayuga / satuluynya kacarita mangené sang paneka sakéng nagara nagara bang lwar // nihan inuccarakna / ri prathama çakawarça / tekan ta sora wwang sakéng kulwan yéku sakéng singhanagari / salihwahananagari / bhumi gaudi i bhumi bharatawarsa // sira tekan ring jawadwipa mahawan prahwa / marika tambaya ning tekan riking ya téng jawa wétan ateher ring jawa [kulwa] kulwan / makanimitta yéku / upakriyawikriya lawan janmapada riking // pantara ning sira dumārana wastwan anggonhanggon sarwa lengkara / anggwa pahyas yéku ratna kancana / rajata / mani / sphatika / osadha / bhojanādi / sarwa wastwan anggwa sakatumbhi mwang umah umah lawan salwirnya // hana pwa wastwan tukwanira sakéng riki / yéku gulaygulayan

/43/ sarwa wastwan ulih i bhumi pathani / kadi gungan paré mwang salwirnya wanéh // pantara ning sirāteher akwéh n tamolah riking / dumadi janapadéng jawa (ku)lawn jawa madya lawan jawa wétan juga nusa wali // kumwa juga hanan tekan ring swarnadwipa / bhumi baku lapura / mwang lénya wanéh ing nusa nusa i bhumi nusāntara athawa dwipantara ngaranya wanéh // makādi riking janapadéng jawadwipa prajnéng sarwa ning widya / adarārddha / tan pratibandha lawan wwang tekan hanyar lawan sira tinamuy tresna ring wwang sāmanya / mwang atuntunan tangan lawan yogya nira / rumaket ing pamitran / i sedeng prānāh ing janapada kreta subhika //

/44/ dénira nusa nusa i bhumi dwipantara / makadi jawadwipa sanya sanya swargaloka hanéng prethiwitala // mangkana sira sāyampratar kumarasaken bhagya hurip nira // matangyan sirānta salawas ing tamolah riking // akwéh ta sira mastri lawan kanya riking / maputropāpadana tumuluy māpan sira wus wruh / yan iki jawadwipa athawa dwipāntara hana ta wreddhi prethiwinya / wreddhi sthāwaranya / mangkana pirang warça tumuluy tkanta sira wwang sakéng langkasuka mandala / saimwang mandala mwang hujung mendini imaréng jawa kulwan mwang swarnabhumi / lawan mahawan prahwa // ateher sira tamolah rikung / māpan sira pakuren lawan stri ning,

 /45/ janapada // satuluynya sira tan wangsul ri nagari kawitan nira // ring samāngkana sira sowang sowang magawé ghriyāgheng / anggwa sakulawandhā nira sajalwistri lawan katumbhi nira // sakwéhnya saka ghriya nira sakéng rondon mwang kuça // lawan ginawé ta pirang sikil ing ghriya / yéku ghriya panggung wastanya // rikung sawiji ning ghriya nira rumaket hatut madulur / rumaket ning pakandangan nira // i sor ikang ghriyānggwa pakandang upakārān satwa madrewya nira // sirākembalan sarwa karya yan magawé yumah / tatar wana / akembalan ta sang hundagi pandé wsi // hana pwan sang paneka sakéng bhāratanagari / juga mawarahwarah agama,

/46/ nira kang ginawa / sinumaraken ring janapadéng déça déça // sira makajar agama nira / ri kapujānya sanghyang / makādi yéku / içwaradéwa pantara ning / brahmadéwa / wiçnudéwa mwang çiwadéwa / ikang pramānāran trimurtiçwa ra / jugākwéh déwapuja manih dé nira salén ika // yatanya tan pratibandéng mawarahwarahaken agama nira / makanimitta sira makolih daya // apan janapada riking wwang wwang paneka juga / witan anādikāla nityasa pitrepuja / pinakāgnipuja // candrapuja / suryapuja / mwang salwirnya wanih / sangksépa sarwapitrepuja // wwang paneka hanyar sakéng bhāratanagari bang kidul iku / wus prajna la-

/47/ wan sarwaçāstra / māpan sira wus mangādyanya i nagari kawitan nira ri kanang // matangyan sira magawé daya / yan pamuja nira tan inawighnani dé nira / wwang paneka sakéng bharatanagari khawala ngaran pamuja nirāteher inéwahi / māpanatutapadana prāyénglagi ning janapada riking // marga ning mangkana tan angél sira mangādyayanya // hétunya pamuja nira ya ta /agnipuja sangkéng ika samapuja lawan agnidéwapuja athawa sang hyang agni ngarannya wanéh / suryapuja samapuja lawan sang adityadéwapuja / sanghyang surya ngarannya wanéh / mwang salwirnya wanéh // i se-

/48/ deng mahapitrepuja ning wewenang ya ta sama lawan hyang wiçnu / hyang çiwa mwang hyang bhrāhma / sinebut tridéwapuja athawa trimurtiçwara // matangyan tan lawas pantara ning akwéh ta janapada mekul nikang agama hanyar // ring samangkanākwéh ta  sang paneka mastri lawan anak ira sang panghulu ning janapada déça / tumuluy dlahanāk ira sumilihaken kalungguhan ayayah atuha nira // mangkana déça déça hanéng jawadwipa çançaya awas wwang tekan hanyar dumadi kawasa nyakrawati déça / mwang janapadanya lawan rajabrana juga // moghāng dé janapada wus tan pamyati / dénya,

/49/ sang panghulu déça wus sinangāskara dumadi wwang kawasa // ikang putra ning wwang tekan hanyar / ya ta raputu ning sang panghulu / yayékang  makaprethiwi hana ta kabéh drewya nira athawa ri séwaka ring raputu ning sang panghulu // nistānya mangkana swasthā tang déçatyanta kenoh / mwang ulih bhumyakwéh // māpan ikang jawadwipa wreddhi prethiwi // kumwa juga nusa nusa dwipāntara / matangyang ing wwalung puluh ikang çakakāla tka ning telungatus rwang puluh ikang çakakāla / atyantākwéh ta prahwa sakéng 20 pirang nagari tekan jawadwipa / pantara ning sakéng nagara nagara bharatawarsa / ci-

/50/ nanagari / ghaudi lawan campanagari / akwéh pantara ning sirékang tamolah riking // sang paneka hanyar hana pantara ning gumawānakstri mwang kulawandhā nira / tumuluy tamolah hanéng jawadwipa / mwa(ng) nusa nusa i bhumi nusāntara pinaka pribhumi riking // hanékang teka mahawan prahwagheng hanāsing tekan lawan gumawa sang rsi waisnawa mwang lénya wanéh // wus teka riking ateher mangajaraken agama nira ring janapadéng déça déça / tumuluy sira tamolah riking // hana pwa sang rsi ning kaçiwan lungha maring jawa wétan jawa madhya mawarahmarahaken agama nira ring panghulu ning janapada ri-

/51/ kanang // amituhu serat ing pustaka nusāntara / jwah tambaya ning prathama çaka warça riking wus akwéh wwang bharata nagari tkan jawadwipa mawang nusa nusa i bhumi nusāntara // dé nira pramanāran dwipāntarānung wrddhi prthiwi // pāntara ning sirānung tekan jawadwipa / hanan upakriyawikriya // hanāsing mawarahmarahaken sanghyang agama / hanāsing luputaken sakéng bhaya kaparajaya / jathabhuténg nagari nira / mwang moghong dé nikang agheng panigit ring nusa nusa i bhumi nusāntara // mapan sira padāharep subhika ning  hurip lawan katumbi nira // makādi nikang sang panekākwéh ta sira sakéng,

/52/ calankayanawamça / mwang pallawawamça i bhumi bharatanagari rwa wamça niki ta / atyantākwéh asing tekan riking / lawan mahawan pirang daça prahwāgeng alit ikang ninaya déning sang dewawarman sakéng pallawawamça  tekéng jawa kulwan prathama tawāt lawan prayojana nira yéku / upakriyawikriya / marika nityasa tekan riking / wangçul nirāmawagulaygulayan ring nagara nira // riking sira sang déwawarman wus pamitran mwang janapada i pasisir jawa kulwan apuy nusa mwang swarnadwipa bang kidul / makadi sira sang déwawarman pinaka duta sang maharaja sakéng pallawawamça // sang déwawarman pami-

/53/ tran lawan sang panghulu ning janapada jawa kulwan aneher tamolah riking // çançaya lawas sang déwawarman madeg ratu halit hanéng pasisir bang kulwan i bhumi jawa kulwan / tathapi sira kawalya sinangaskāra déning pasamudaya wadyabala nira // hétunya malar abhiprāya nira yéku upakriyawikriya wastwan ulih ing bhumi sakéng jawa kulwan tan pegat / matangyan kateka nira lawan dhumārana lengkara / hanggonanggon mwang salwirnya wanéh // kumwa jugānung hutama sang déwawarman tekan riking lalawan dhumārana sarwāstrānung sangrabdha // ateher sang dé-

/54/ wawarman atemu tangan lawan putri ning sang panghulu janapadéng déçamandala rikung / ikang istri tumuli winéh namaçidam déwi dhwāni rahayu ngaran nira // matangyan sira sang panghulu tumuluy anganugrahani kacakrawartyan déçamandala ring sang mantu // ring samangkana / ing limang puluh rwa ikang çakakāla / sang déwawarman inabhisékan dumadi raja bhumi jawa kulwan bang kulwan / lawan rājyanya sinebut salakanagara / lawan kitharajanya yatiku kitha rajata / lawan namaçidam sang prabhu dharma lokapala déwawarman haji rakça gapura sagara // rasika madeg raja teka ning sangang puluh ikang çakakāla //

/55/ rasika pinaka sang kawitan ing déwawarmanwamça hanéng jawa kulwan i bhumi jawadwipa / pirang warça ng atita sang déwawarman pinaka duta ning nagara nira lungha ring pirang nagara / pantara ning ya ta ring sanghyang hujung / ateher sophalanagari / yawananagari / ateher syangkanagari /  cinanagari / mwang abbasidnagari lawan abhipraya nira pamitran mwang upakriyawikriya lawan nagara nagarānung tinekani // 15 hana pwa maharaja pallawawamça yatiku kulawandha nirékang kawaka hanéng nagari nira ya ta raja pallawawamça i bhumi bharatawarsa // ngké sang déwawarman dumadi raja pinaka pangrakça sagara kulwan / a-

/56/ pan rikung akwéh prahwa sakéng kulwan (ma)ngétan sakéng wétan mangulwan mandeg sawatara // ateher ikang prahwa kudu mawéh maturatura ring sang raja déwawarman pirang nggwan labuhan prahwa hanéng jawa kulwan rinakça pasisir (nya) déning wadyabala nira / mamakādi pasisir jawa kulwan apuynusa mwang pasisir kidul swarnadwipa // kadācid hana taskara mahawan prahwa / kahyun angrebut kawasan tathapi neher amamerangaken / lawan sang bajo i wekasan pinaribhawa mwang kaparajaya dé nira sang déwawarman ngyuddhakāla // sirna ta sira kabéh sang ta-

/57/ skara sakwéhnya kawulabala nira / pejah tan paçésa // māpan sang déwawarman  hana ta bhimaparakra moraja kim ca yuddhénipuna / ing pasanggaman nira sang déwawarman lawan sang déwi dhwānirahayu /mānak ta pirang siki / sasiki pantara ning sang panuhāneher gumantyaken ayayahnya dumadi raja // ikang rajaputra pramānāran sang prabhu dhigwijayakaça déwa- warmanputra ngaran ira /pinaka déwawarman dwitiya // rasika madeg raja / ing sangang puluh ikang çakakāla / teka ning satus pitu welas ikang çakakāla // satuluynya sang déwawarman dwitiya / mastri lawan kulawandhā ning,

/58/ mahāraja singhalanagari // ing pasanggaman ira lawan iki putri / mānak ta pirang siki / salah tunggal pantara ning 5 sang yuwaraja pramānāran sang prabhu singhasagara bhimayasawirya ngran nira / pinaka déwawarman tritiya // rasika madeg raja / ing satus pitu welas ikang çakakāla tka ning satus nemang puluh jejeg ikang çakakāla // ring samangkana nagara katekan pirang puluh  sang bajo sakéng cinanagari / sakaharep nira sang bajo hana ta rarajabrana pantara ning salwiring lengkara ya ta lengkara ning kanaka / rajata / sarwa manik anggwanan mwang bhojanādi //

/59/ tathapi sang déwawarman pasamudaya wadyabalāgheng / sigra tekan angluputana janapada sakéng mahābhaya sakéng piçuna ning sang taskara //  déça wus sangkep rinaksa déning wadyabalānung kumaliling rumaket / tumuluy wadyabalékang ninaya déning sang prabhu déwawarman ikang sakwéhnya rumasuk kawasa / mwang padanggeghe(h) sarwāstra // ateher wadwa sang déwawarman manalandang pinaka i téki karungnya maseu / dinon ira ta sang bajo durçila karma nira / alah ta ya i wekasan / sakwéhnya sang bajo pejah tan paçésa / sang bajo ikang atangkep sakwéh-

/60/ nya pinatyan / makanimitta kabéh janapada çésa ning mahabhāya // sang déwawarman tritiya mitranan lawan rājya cina / kumwa juga lawan rajyarajya hanéng bharatanagari // ing pasanggaman nira lawan putri sakéng jawa madhya / sang déwawarman makaputra pirang siki / stri lawan jalu / salah tunggal pantara ning sang panuha stri / yatiku déwi tirthalengkara ngaran nira / pinakastri déning sang prabhu dharma satyanagara ngaran nira // sang mantu ning rejeki gumantyaken dumadi sang pangawasa nagara / lawas ira madeg raja / tambaya ning satus nemang puluh ikang çakakāla / tka ning satus pitung puluh punju-

/61/ l pat ikang çakakāla / rasika pinaka déwawarman ikang caturtha // ing pasanggaman ira sang déwi tirthalengkara lawan sang prabhu dharmasatyanagara ratu hujung kulwan mānak ta pirang siki / salah tunggal sang panuha stri yatiku rani mahisāsura mardini warmandéwi ngaran nira // rasika nyakrawati rājya lawan sang swami nira ya ta sang prabhu āmatiya sarwajala dharmasatyajaya warunadéwa ngaran abhiséka nira // rasika madeg raja tumuli / ing satus pitung puluh punjul pat ikang çakakāla / tka ning 20 rwang ngatus sawelas ikang çakakāla / tathapi swami nira kawalya pat likur war-

/62/ ça nyakrawati pasamudaya stri nira // māpan sang prabhu dharmasatyajaya warunadéwa / pejah ta sira i madhya ning samudra / ri kala yuddha lawan sang bajo // ring samangkana sang prabhu pinaka sénapati sarwajala anaya wadyabala / angyuddhani prahwa sang bajo / ikang mahawan prahwāgheng telung siki // i sedeng prahwa rajya patang siki // katon ta marurek ing yuddhakāla // sang prabhu pinanah sakéng wuri déning sang bajo / ateher sang prabhu pinaka sénapati sarwajala samangkana pejah ta sira // i wekasan sang bajo 20 kasoran ta sira lawan akwéh asing pejah kumambang ng wwai / sira çésa ning pe-

/63/ jah atawan ta sakwéhnya // ri huwus ira sang mokténg / samudra ginantyaken déning putra nira ya ta sang prabhu ghanayanadéwa lingga bhumi ngaran nira / madeg raja lawas ira sanga welas warça / yatiku tambaya ning rwang ngatus sawelas ikang çakakāla tka ning rwa ngatus telung puluh ikang çakakāla // sang prabhu ghanayana hana ta pinaka déwawarman ikang sastama // rasika mastri lawan putri sakéng bharatanagari / ing pasanggaman ira manak ta pirang siki jalu lawan stri / pantara ning ya ta / prathama sang  panuha yatiku sang prabhu bhimadigwijaya satyaganapati ngaran nira / dumadi

/64/ raja gumantyaken ayayah nira // sira madeg raja lawas nira telung puluh punjul rwa warça yatiku tambaya ning nyakrawati rājya ing rwa ngatus telung puluh ikang çakakāla tka ning rwa ngatus nemang puluh pujul rwa ikang çakakāla // rasika pinaka déwawarman ikang saptama //dwitya stri yatiku / salaka kencana warmandéwi ngaran ira pinakastri déning sang āmatyaraja ghaudinagari i bhumi bharatawarsa bang wétan / tritiya stri yatiku khārttikacandra warmandéwi ngaran ira / pinakastri déning sang pranaraja sakéng yawananagari // caturtha jalu yatiku / sang ghopala jayéngrana ngaran ira dumadi sang āmatya hanéng rājya cala-

/65/ nkayanawamça i bhumi bharatanagari // pancama stri ya ta çri ghandhari lengkaradéwi ngaran ira / pinakastri déning sang āmatya sénapati sarwajala ning rājya pallawawamça // sasta ya ta putra wungçu mangaran sénapati skandamuka déwawarman jayasatru // satuluyna kinathāken rikala sang prabhu  bhimadigwijaya satyaganapati yata déwawarman ikang sastama pejah ing rwang ngatus nemang puluh rwa / ikang çakakāla / tkan ta sira sang sénapati kang pramānāran khro damaruta pasamudaya pirang atus siki wadyabala nira / lawan mangdhārana sarwāstra sangkep rumebut kawasa ning sadulur nira //

/66/ mangkana sira lumanggahana prāyénglagi / sira tan amituhu ning maryāda / yathābhuta wrtan purwaprastāwa ning sang kawitan / māpan sira karwanya tunggal raputu ning sang prabhu ghanayanadhéwa linggabhumi / nihan ta uccarananya // hana pawa sang prabhu ghanayanadéwā linggabhumi mānak nemang siki jalu lawan stri /putra nirékang prathama jalu ya ta sang prabhu bhimadigwijaya satyaganapati // ateher sang prabhu 15 bhima mānak stri ya ta sang rani çpatikārnāwa warmandéwi ngaran ira // i sedeng putra ning prabhu ghanayana / ikang caturtha sang ghopala jayéngrana 20 dumadi sang āmatya ri rājya calankayanawamça i bhumi bharatawarsa / ateher sang,

/67/ ghopala jayéngrana mānak sang khrodamaruta ngaran ira // amituhu maryāda ning prāyénglagi ning rājya / sang rani çpatikārnawa warmandéwi gumantyaken ayayah nira dumadi raja hanéng rājya salakanagara i bhumi jawa kulwan bang kulwan / tathapi sang sénapati khrodamaruta rumebut singha sana raja // kārana sang khrodamaruta tan paphala dumadi raja / sangka yan ika kabéh janapada mwang kulawāndha / wwang sanak hanéng kadatwan tan suhka ring sira // pirang déça samantāneher pinaribhawa dé nira sang khrodamaruta // tathapyan mangkana sang khrodamaruta tan lawas dumadi raja / kawalya telung candra / māpan sira ri kala maburu hanéng tengah ng wa-

/68/ nācala / sira katiban watwāgheng sakéng giriçikhara / samangkana sang prabhu kodramaruta pejah ta sira // iki kramāng dé kabéh janapada lawan kulawāndha kadatwan atyanta labdha manohara twas nira // lawan mangkana ngké sang rani çpatikārnawa warmandéwi lungguh ratu kawasa / māpan amituhu maryāda ning rājya lawan prayénglagi // ri huwus ika sang rani nyakrawati rājya salawas wwalung warça yatiku / ing rwa ngarus nemang puluh rwa / ikang çakakāla tka ning rwa ngatus pitung puluh ikang çakakāla / aneher sang rani atemu tangan lawan sang prabhu dharmawirya déwawarman sakalabhuwana ngaran nira // witan ikang sang rani nyakrawati rājya n samuda(ya),

/69/ swami nira // hana pwa sang prabhu dharmawirya / putra ning çri ghandhari lengkara warmandéwi ikang atemu tangan lawan sang āmatya sénapati sarwajala sakéng rājya pallawawamça i bhumi bharatawarsa // çri ghandari rayi ning sang prabhu bhimadigwijaya / sang prabhu bhimadigwijaya rama ning sang rani // matangyan sang prabhu dharmawirya lawan sang rani çpatikarnawa / hana ta parenahnya madulur tunggal putu // satuluynya sang prabhu dharmawirya madeg raja / ing rwangatus pitung puluh ikang çakakāla tka ning rwangatus wwalung puluh lima ikang çakakāla // rasika pinaka déwawarman ikang astama // hana pwa sira sang prabhu dharmawirya tekan sakéng bhumi bharata-

/70/ nagari / ing rwangatus nemang puluh wwalu ikang çakakāla / n pasamudaya ramaréna nira mwang soméring nira manigit ing jawa kulwan  kārana nagara nira wus pinaribhawa déning sang mahārāja sakéng mauryawamça / ya ta sang maharaja samudraghupta // ri bharatanagari rwang wamça athawa rwang raja / calankayanawamça mwang pallawawamça / wus  inalahaken ri yuddhakāla dé nira samudraghupta mahārāja maurya // sang  ghuptāneher mahākawaça sira i bhumi bharata // makaswabhawa nira tan kenoh / nistrsnāgalak ring çatru nira yéku sang alah // matangyan sakopāyanya kulawāndha mwang pirang sikyāamatya mwang janapada sakéng karwa wamçanung kaso-

/71/ ran ri yuddhakāla akwéh pantaranya manigit angluru çesa ning pejah //  hana pwa yuddhakāla / ing rwangatus nemang puluh 5 pitu / ikang sakakāla // nistanya rājya nira wus kasoran tathapikang rājya kadatwan tan sirna sakéng bhumi // kawalya sang alah hanādhasta kawaka sang yuddhajaya // sakamantyan janapadéng pallawanagari lawan calankayananagari / ikang tamolah hanéng kana ya ta ing bhumyāgara nirātyanta duhkāntara mwang akwéh n ange masi / mapan sirākwéh asing sangsāra krtasangsāra / ya nityasa kagheman / nika bhéda sangké ng siniwi ya ta sang ghuptanrpa wus akwéh mamuk janapadānung

/72/ nir dosa // sang jayéng yuddha ngalindih / manggandéh ring rwang rãjyékang alah prang // wus akwéh ta wadyabala mwang āmatya ya ta sakéng wadwékang kanistamadyamottamāngemas(s)ing yuddhakala // dadya ring samangkana / akwéh taskara ring kitha sang alah // i sedeng sang rajānung pinaribhawa nagara nira manigit mahas ing wanāntara n pasamudaya katumbi nira / lawan soméringnya / kumwa juga sang tandāmatya nira // anucara nira juga wadwa māstra // hanapwa sang mahāraja maurya pramānāran abhiséka samudragupta mahāprabhawa rājé magadhāgheng kithānya i bharatawarsa // i sedeng calankayana wamça nikang raja pramānāran abhiséka sang,

/73/ mahārāja hastiwarman / mwang pallawawamça nikang rajanya pramānāran abhiséka nira sang maharaja wiçnugopa // rwang rājya pamitra rumaket dumadi sawiji neher anglurug ring nagara çatru / tumuluy sirāprang / pirang wulan lawas nirāprang / dedel janapada kagyat ta sira kabéh déning pangheruk nira mawelet silih matyani / silih dedel silih sumahute / silih maseu / silih tampyal karwanya silih perep lawan musalāyomaya / hanan mamerep hanāsing madwandwayuddha / karwanya samaçura / sama laghawa / çabda çangkha karengeu panglunggan ing yuddhāgeng / sowang sowang amawa dwajanya / pinaka tanda rājyanya // ikang yuddha ça-

/74/ nsaya marurek swara ning sanjata wwang prang karengeu dura // marikāsing yuddha / kabéh rumasuk kawaka mwang padānggegā sarwāstra / pantara ning sira hanānunggangi liman mahawan ratha / mahawan padati / hanānunggangi jaran mwang akwéh manih ikang lumampah // ring samangkana swara ning wwang laga ikang akwéhnya pirang laksa / karengeu pinaka gereh mwang pinaka haba lindu tang prthiwi // karwanya wus akwéh n pejah / sirat ing rudira tiba n prthiwi pinaka tus aneher dumadi rahsāgara / hasrān sang wangkéy i prthiwitala // hana sang wangkéy ikang kawandha lawan çirahnya pegat hanan pegat sikil ira / pegat asta nira / hanāsing adyus rah /

/75/ i wekasnya rājya pallawawamça mwang rājya calankayanawamça kasoran / rājya maurya makolih jaya// matangyan karwa rājya kalindih nagara nira // i sedeng sira sang kasoran ika çésa ning pejah sakopāyanyātambana humeut kasha mapasah / hanan humeut ing wanāntara / hanan humeut ing parwācala / kumwa juga hanékang pareng saparicaranya lungha nyabrang sasagara / ring sang(hyang) hujung / jawadwipa / swarnadwipa / yawananagari / lawan salwir nagarānung lénya // nistānya karwa rājya wus inalahaken tathapikang rājya tan sirna sakéng bhumi // kawalya sang alah hanādhasta kawakan nira sang yuddhajaya // hana,

/76/ pwa salah tunggal sanggha ning pallawawamçānung manigit ring jawadwipa ya ta ninaya déning sirékang ateher makanama sang prabhu  dharmawirya déwawarman sakalabhuwana / yatiku déwawarman ikang aastama mwang atemu tangan lawan sang rani çpatikārnawa warmandéwi // sakamtyan janapadéng pallawanagara lawan calankayananagara hanéng bhumyāgāra mwang akwéh sing duhkāntara mwang akwéh sing  angemasi / māpan sirākwéh sangsāra krtasangsāra / ya nityaséng kageuman / nika bhéda sangké ng siniwi ya ta sang guptanrpa wus akwéh mamuk janapadānung nir dosa // sang jayéng yuddha ngalindih / manggandéh ring wwang sa-

/77/ kéng rwang rājyanung kasoran prang // wus akwéh wadyabala mwang āmatya ya ta sakéng wadwékang kanistamadyamottamā ngemasing yuddhakala // ring samangkana hanéng kithā sang alah akwéh taskara yathāsuka ngrayahi rajabrana mwang sarwa āwastwan ning janapada // i sedeng sang rajānung pinaribhawa nagara nira / wus manigit mahas ing wanāntara pasamudaya lawan katumbi nira mwang sanak kulawandhā lawan pranaraja / parāmatya lawan soméringnya / anucara nira / tandāmatya mwang wadwā/mawāstra // amituhu sang mahakawi nihan ta ucapa / satuluynya putropādana nira / lawan wwang pasanak nira / mwang kulawāndha ning sang hastiwarmanraja //

/78/ sumirat ring pirang nagara / sowang sowang sakahyun nira // sang nira padāharep ing hurip lawan yaça wiryyan pinaka wamça ning kawitan niréng pirang nagari ng atita // mangkana juga sira sang wiçnugoparraja sakéng pallawawamça // tathapi warmanwamça satuluyna akwéh ikang anjeneng raja / yéku ri nusāntara āmwang akwéh juga lén nagari // ing rwangatus pitung puluh ikang çakakāla / hana ta sang siddha mahārsi sakéng calankayananagari lawan soméring sanggha nira pinaka kawulanya // kumwa juga wadyabala juga milu mwang janapada sajalwistri /akwéh atut malayu / manigit ring nusanusa bang kidul / māpan sang çatru nityasārambana manangkepnya // akwéh janapada / yan sayampratar sandéha bu-

/79/ ddhi mwang képwa nimitta wedi tiniban pati / athāwa kaparajaya // mapab sira sang ghupta mahaprabhawa rājākrura / mwang yuddhénipuna // kadācid hana ta kascid karana kaluputan halit ya sumengguh dumadi sang humarāhyun amerep rājya / wwang ikāneher tiniban pati // tambaya ning iniris raga nira ateher tendasnya ginepuk teka ning syuhdrawa / mwang ikang raga nira sowang sowang winéhaken ring satwakrura ya ta  wyahgra / çwana mwang singhāpan suhka ta bhinojanan mamça janma // téna kāléna janapada duhléna mwang tan pamyati / kawalya mangastungkara ring hyang amurbawiçésa // lawan akwéh juga wadwa ning sang kawaça / lawan kedheu nyanggamani kanya kanya,

/80/ pribhumikang linindih lawan tan pinakastri // sira sang kumawaça samyasanya tan pabuddhi // tékwan ikang anan karma nira pinaka taskara // satuluynya kinathāken sang siddhã maharsi lawan sangghanira ring jawa kulwan lawan mahawan pirang daça prahwa // māpan sira pasamudaya pirang atus kawula nira // katekan nira dé janma pribhumi sinungsung suhka // māpan sang maharsi hana ta dang acāryya mwang mahapurusa / naya ting sanggha lawan uttamajanma sakwéh ing rsi / muwah ta ring samangkana yaçawiryya nira pinaka nrpa // kumwa juga ya kulawandha sakéng sang hastiwarman calankayanaraja i bharatanagari // tumuluy marika tamolah hanéng jawa kulwan ginawéha,

/81/ déça ning parek lwah // karana sira sinembawan déning samanta panghulu ning déça déça / ateher madeg ta sira rājya rikung lawan winéh ta ngaran tarumanagara // ikang déça dumadyaken kithāgheng ngaran jayasinghapura // satuluynya kinathaken ikang sang déwawarman ikang astama / mānak ta pirang siki stri lawan jalu // sasiki pantara ningstri / paripurnéng ahayurupa / pinaka candra purnéndu ya ta sang praméçwari içwari tunggal prthiwi warmandéwi athawi déwi minawati ngaran ira wanéh // ateher putri niréka pinakastri dé nira sang maharsi ya  ta sang jayasinghawarman ghuru dharmapurusa ngaran ira wanéh / lawan namaçidam rajadhiraja ghuru,

/82/ yéku raja tarumanāgara mwang dang acāryyāgama // hana juga sasiki putra ning sang déwawarman ikang jalu tamolah hanéng bakulapura // ri kanang rasika pramānāran sang açwawarman / pira ta lawas irān hana ngkana / aneher sang açwawarman mastri lawan anak ing sang 10 panghulu janapada déça ri kanang ya ta sang khudungga ngaran nira // anak ing sang déwawarman ikang lénya wanéh / tamolah hanéng swarnadwipa / satuluynya maputropādana hanéng kana / mwang anurunaken raja raja swarnadwipa tumuli // kulawāndha ning sang déwawarman astama / tamolah hanéng yawananagari / hana jugékang tamolah hanéng hujung mendini // anak ing sang déwawarman ikang lé-

/83/ nya wanéh / dumadi yuwarajāneher / āri huwus ikang sang déwawarman angemasi / ikang yuwaraja / sumilihaken ayayah nira dumadi raja / tathapi déçamandala nira ng séwaka ring rājya tarumanāgara / māpan rājya taruma wus dumadi nagarāgheng /mwang çansaya mahāprabhawo rājya 10 taruma i bhumi jawa kulwan / juga mangkana sang açwawarman dumadi mahāprabawo rājā ng bakulapura // mangkana ta satuluynya putro pādana ning sang déwawarman dlaha dumadi mahāprabhawo rājā hanéng swarnabhumi // tambaya ning sira maputropādana sang pangawaça hanéng swarnadwipa / māpan raputu ning sang déwawarman mastri lawan putri ning sang panghulu ri kanang // mangkana pwa / dlaha pantara ning sang,

/84/ adityawarman hana parenah putropādana ning sang déwawarman ikang astama ya ta prabhu dharmawirya déwawarman sakalabhuwana // rasika rwang siki stri nira sowang sowang pantara ning / prathama paraméçwari rani çpatikarnawa warmandéwi / sakéng stri prathama manurunaken raja raja hanéng jawa kulwan lawan bakulapura // stri dwitiya / sang déwi candra locana ngaran nira putri ning sang brāhmana calankayana i bharata // sakéng striki manurunaken pirang raja sakéng swarnadwipa / sanghyang hujung / mwang jawa madya // hana pwa déwawarmanwamça nyakrawating rājya salakanagara i bhumi jawa kulwan i sedeng kithārājyanya mangaran rajatapura ri tira ning sagara // kithāgheng lénya wanéh agrabhintapura,

/85/ hanéng mandala bang kidul // juga sang déwawarman ikang prathama ya ta sang déwawarman lokapala pinaka sang kawitan ing raja raja i bhumi jawa kulwan ika / stri nira rwang siki / sowang sowang pantara ning / putri sakéng ghaudinagari i bhumi bharata bang wétan / iki stri angemasi hanéng nagara nira // ri kanang hana putropādana nira pirang siki // i sedeng stri nirékang dwitiya ya ta çri pwahaci larasati ngaran ira putri ning sang panghulu janapada ri jawa kulwan ya ta sang aki tirem / hana pwa sang aki tirem putra ning ki çrngga ngaran ira / ki çrngga putra ning nay sariti wara-wiri ngaran nira / nay  sariti putri ning aki bajul pakél / satuluynya kathānya wa-

/86/ néh / ri kala sang déwawarman ikang prathama dumadi raja / rayi nirékang pramānāran sénapati bhahadura harigana jayaçakti déwawarman rinatwaken pinaka pangraksa mandala hujung kulwan / rayi nira wanéh ikang pramānāran sang çwéta liman sakti / pinaka pranarajāneher rinatwaken ri kitha kidul ya téng agrabhintapura // diwasa sang déwawarman asthama nyakrawati i bhumi jawa kulwan ring samangkana prānāh ing janapada rikung // kreta subhika // sanghyang agama nityasa pinujéningu lawan atyanta kenoh dé nira // pantara ning janapada hanan hyang wiçnupuja / tan sapira // hanan hyang çiwapuja / hanan hyang ghanayanapuja / hanan çaiwawiçnu puja / tathapyan mangkana

/87/ hyang ghanayanapuja tikung sangghākwéh kawulanya // i sedeng pakarya ning janapada pantara ning maburu hanéng wanacala / upakriyawikriya / angluru matsya ring madya ning samudra lawan atut tira ning sagarā tut tira ning lwah / juga manupakara satwa mwang nandur huwohuwohan mathani mwang salwirnya wanéh // sang raja gawé ta sira candi lawan pratista ning çiwa mahādéwa mardhacandrakapala // lawan ghanayanadéwa / juga hyang wiçnudéwa anggwa sira sakwéh ing wasnawa // māpan sira kabéh janapada pada harep hurip tulusahayu / matangyan sira dényārambana / yatanyan amintādohaken sakéng durlabha / mwang mahabhaya // kumwa ju-

/88/ ga / awighnam astu ning anak putu / putropādana / sanak kulawandhā / juga katumbi / kawulabala lawan kabéh janapada //henengakna ng kathā sakaréng / ateher gumantyaken ng kathānya wanéh // kahucapa / hanéng bhāratanagari nityasa dumadi harohara / māpan pāntara raja lawan raja silih anglurug silih mandalam nagara sang alah / hanéng pirang mandala karengeu wretta paprang silih mamejahi / sang mating rana / pasamudayanya tan kawilang / janapadékang tapwan panut kaparajayanya // çatru sakéng lén nagara nityasa tekan aneher humara ning nagarékang tinekani / sarwa kārmmādharma tekéng praprawrettikang amédya / tan ha-

/89/ na çarana ning hurip akwéh ta wwang pejah ginantung / kāning citta tan hana manih / iti makanimitta hasrān janapada manigit kalunghālunghā / hanāsing mangétan mangulwan mangidul ngalwar angluru çarana // kārana mawedi ring kasangsāran mwang kapparajaya déning çatru tan karunya buddhi // matangyan sang siddha maharsi jayasinghawarman lawan soméring niratkan jawadwipa / mwang tamolah ing jawa kulwan / riking sira sang maharsi madegaken déça parek tarumanadi // ikang déça mandala i soring kacakrawatyana ning sang prabhu 20 déwawarman ikang astama // ateher sang maharsi dumadi mantu ning sang pangawasa // çansa-

/90/ ya lawas akara sapuluh warça / ikang déça çansayāgheng / māpan akwéh janapada sakéng pirang déça mwang ta molah rikung // pira ta lawas niran tarumadéça makanagara / ikang neher sang maharsi ya ta sang jayasinghawarman nityasa magawāgheng nagara nira dumadi sawiji ning rājya / tumuluy pramānāran tarumanāgara // i sedeng sira sang maharsi dumadi rajadhiraja ghuru nyakrawarttīng rājyéka // rasika prāmānaran sang jayasinghawarman ghuru dharmapurusa / sang maharsi jayadhiraja ghuru raja tarumanāgara / madeg raja lawas ira pat likur warça / sakéng rwangatus wwalung puluh ikang çakakāla / tekéng telungatus punjul pat ikang ça-

/91/ kakāla / rasikāngemasing yuswa nira nemang puluh warça // sang rajadhiraja ghuru sinebut juga sang lumah ri gomati //  satuluynya ginantyaken dening putra nira yatiku pramānāran rajarsid(h)armayawarman ghuru // mangkana winastwan nira / māpan sira nyakrawartti niti kaprabhun tarumanāgara / kumwa juga pinaka hulu ning sakwéhnya dang accāryāgama rikung // tathapyan mangkana janapada hanéng déça déça rat tarumarājya / akwéh tekang pitrepūja ya ta pamujān umārādhana sang pitara // māpan sira matutapadan prayénglagi ning sang kawitan sira sang rajarsi nityasārambāna mawarahmarahaken agama nira ring,

/92/ sang hulu ring décā décā / mwang janapada rat tarumanāgara / matangyan sira sang rajarsi manekanaken bhrāhmana bhrāhmana 5 sakéng bharatanagari // tathapyan mangkana tatan sakwéhjanapada manutiyagama nira / māpan rikung ring samangkana prānāh ing pribhumi dumadi catur warna yéku / tambaya ning prathama sanggha ning bhrāhmana / dwitiya sanggha ning ksatriya / tritiya sanggha ning waiçya / mwang caturtha sanggha ning  çudra // mangkana ta nikang janapada mabhédabhéda pāntara mwang kanista madya mottama // makanimitta janapada sang kanista / atyanta kageuman ring agama ning rajarsi // sira madeg raja tarumanāgara kawalya telu we-

/93/ las warça / yatiku tambaya ning telungatus punjul pat ikang çakakāla / tekéng telung ngatus pitu welas ikang çakakāla // rasika sinebut juga sang lumah ri candrabhāgā // hétunya candhi niréng tira ning candrabhāgānadi / mangkanāyayah nira candhi niréng tira ring ghomatinadi // ri huwus ika rajarsi ginantyaken déning putra nira ya ta sang pūrnawarman ngaran ira // rasika madeg raja mūlat ing tri daça // çuklapaksa cétramasa telungatus pitu welas ikang çakakāla / tekéng telungatus limang puluh nem ikang çakakāla // salawas sirānyakrawartti rājya tarumanāgara / rāsika wus a-

/94/ nduni samanta nrepa rat jawa kulwan ikang tapwan panût / kabéh çatru kasoran sirékang tapwan panūt aneher maguta kaparajaya athāwa rajānung kasoran ri séwakānung kanista // sang pūrnawarman nityasa jayéng yuddhakala // sakwéh ing déça déça hanéng jawa kulwan kawéça dé nira // rasika wiryajanma / prajéng sarwa widya mwang yuddhanipuna / pinaka karmadhāraya bhimaparakrama raja / déning çatru nira sinewyahgra ning tarumanāgara // matangyan alpiyasākāléna rasika dumadi mahāprabhawa rājā i bhumi jawa kulwan / çri maharaja pūrnawarman pinaka sūrya téjāgheng nrepah // lawan tarumanāgara rājya / ring sama-

/95/ ngkana hana ta mahāprabhawa rajyā i bhumi jwadwipa // i nangken warça samanta nrepah ri sawaka ring tarumanāgara / sowang sowang tekéng kit(h)āgheng lawan amawa kawula nira māstra sangkep / hana pwa sakwéh ing rajékang kasoran sowang sowang winéhaken matura tura ring sang mahārāja pūrnawarman lawan sira kabéh angarcca angaturaken pangastuti samanta nrepah ring maharaja pūrnawarman / ing pirang dina sakwéh ing rajékang sawaka lawan wadyabala nira sangkep madharana sarwa yuddha / kumwa juga sakwéh ing soméringnya yatiku pranaraja / rajāmatya / sénapati sénapati / hulu ning mandala / sang juru / tanda mwang lénya wanéh /

/96/ sira kabéh akembalan ing katatwa pratista lawan manembah hanéng suku ning maharaja pūrnawarman ikang lungguh hanéng singhasana kancana / ring samangkana sapinasuk raja i sor ing kawaka ning sang pūrnawarman wus lungguh hanéng pasabhān mangkana juga sakwéh ing rājyāmatya / pranaraja / sang tanda / sang juru / sang sénapati alaga / sang sénapati sarwajala / sang naya mandala / sang hulu ning déça / adhyaksa nagara / sang brahmanarsi / sakwéh ing dwija / sang dharmmadhyaksa ring kawaisnawan sang dharmmadhyaksa ring kaçaiwan sang dharmmadhyaksa ring kasogatan tumuluy sang raja[i]bhāryā sang mahākawi mwang akwéh lénya wanéh / ya ta sānak kulawandha/ sang ka-

/97/ tumbi / mwang pasanak juga sang duta duta sakéng nagarānung pamitra lawan rājya tarumanagara // sakwéh ira wus lungguh 5 angjajar / sang binihaji lawan réna ning sang pūrnawarman wus hana rikang // katon ta wadyabala rumaksa lawang jajar ngadeg mawa sarwa yuddha / lawang jero rinaksa wadya wwang rwa / salawanglawang wirya rinaksa déning wadyabala // adipatyadipati mwa(ng) bopatin nayamandala juga wus hanéng pasabhān / rikung atyanta katon sang maharaja pūrnawarman lawan sang binihaji / athawa rajabhāryā tunggang singghasana / sanya sanya sang mahārāja tarumanāgara lawan sang binihaji / hana ta sāksāt bhātara wiçnu lawan déwi,

/98/ laksmi // rasika pinaka çihna sang pūrnawarman jayéng sakala bhumi jawa kulwan cakrawartti maharaja tarumanaga // katon pwa sang pūrnawarman asinang çariranyātanta rāmya / māpan kasenwan déning bhūsananya manik / kancana lawan sphatika // sāksāt bātara wiçnu manurun sakéng swargaloka / mwang i bhūmyawatāra pinaka sang pūrnawarman mahaprabhawa raja / bhima parakrama / apica yuddhénipuna lawan sarwa jitaçatru nira // mangkana ri huwusnya raja raja nung pinaribhawa mwang pranata maturatura kinwanaken ring sang maharaja // matangyan ing rājya manghanaken utsawakarma // sakwéh ira sinwagatan lawan sarwa bhogopabhogādi// rikung katon ta,

/99/ sarwa bhoga wésaléhyamadhupānādi bhinukti dé nira // ing utsawakarma katon atyanta ghūrnita // hétunya nikang ginawé nupakara ya ta hana dhwāni ning gending mwang pirang siki nārtakyahayu / juga paricāriki ning rājyānung atyanta mangapuhanaken sakwéh ing sang jalu / mwang rāgiwaça // pirang sang pinakadi i tarumanāgara sakwéhnya hana rikung // katon angikihan suhka tyas ira sang mahāmentri / sang sénapati sarwajala / sang sénapati yuddhalaga ya ta sang baladhika / sang naya mandala bopati / pirang yuwamentri / sang purohita ning dwija mwang akwéh naya déçaantara / pirang sanak kulawandha sang maharaja / juga ksatra nāga-

/100/ ra lawan akwéh wanéh / pada harsa tyas nira // samangkana i çabha patnighara sirānung pinaribhawa dening sang pūrnawaman / ikang raja sangkep lawan someringnya // hana juga raja lawan sang binihaji nira sangkep lawan pariwara paçarika nira // ikang katekan nira sang raja / hana nunggang liman hana nunggang jaran hanan mahawan ratha / hanan mahawan prahwa mwang hana jugan lumampah // hana pwa sakwéh ing rajānung séwaka ning sang pūrnawarman tekan ring kithāgheng tarumanāgara lawan mawehaken maturatura nangken warça / ing ékadaça çuklapaksa cétramasa // ateher sakéng tri daça tekéng daça çuklapaksa / cétramasa ya ta / sira kabéh akembalan mapulungrahi mwang,

/101/ utsawakarma suhka // sang pūrnawarman ri kala tambaya ning ri huwusnya sinangaskara dumadi natha gumantyaken ayayah nira / ateher kithāgeng tarumanāgara / inalihaken ring kapernah lwar // rikung sang pūrnawarman magawé sanghyang hajipraçasti munggu ring watu sinerat de nira / sakwéhnya telung siki pinaka lingga ning yasawirya tinanddha sanghyang tapak lawan sira mung gwing pathnighāra hanyar lawan sang bi(ni)haji mwang sakwéh ikang somering nira // ring samangkana sang rajarsi 15 ya tāyayah ning sang pūrnawarman tatan angemasi // tathapyan mangkana rajasinghasana wus kinawaçaken déning sang pūrnawarman tumuluy dumadi raja tarumanāgara // hétutunya tumama ta rasika i dalem patapan mapan sira wus limpad sunyata // rwang warça tumuluy raja-

/102/ rsi // ri huwus ika sang rajarsisutah ya ta sang pūrnawarman dlaha magawé serat i lingga watu / lawan winangun ta pratista rajarsi athawa sang lumah ri candrabhāgā sakarupa nira // mangkana juga ri tira ning ghomatinadi / pinaka lingga ning sang mahāpurusa rajadirajaghuru / athawānu(ng) lumah ri tiraning ikang lwah // katontātyanta rāmyanya sang brāhmana siddhimantra rupa sakéng kadohan katon ta sāksāt sobhékang pratistha // muwah sira sang tarumanrepah / magaway homa / magawayāsthāpanaséwana ri tira ning candrabhāgānadi lawan makéring sakabéhan ira sang purohita / sang amatya / sang naya mandala / samanta raja / sakwéh ira sénapati  wadyabala / hana rikung / kulawandha lawan somering nira / mwang,

/103/ akwéh muwah janapada tekan rikung / sakabéhan nirékang mangastungkara ring yaçawirya nira sang rajarsi brāhmana siddhimantrānung wus angemasi / jugāyayah tuha sang rajadhirajaghuru pinaka sang kawitan ing raja raja tarumanāgara // māpan iti kadi lai kawitan ing bhūmi purwaprastiwa nira ya ta bhāratanagari // hana pwa sang binihaji ning sang pūrnawarmanika / hana ta putri ning raja i sor nira // ikang binihaji / sira stri paripurnang ahayu pinaka purnendu çubhéng caturdaça çukaplaksa // i sedeng stri nirékang lénya / ya ta sakéng swarnabhumi / putri ning raja rikang // ateher hana juga tri nira sakéng baku(la)pura / juga stri nira wanéh sakéng ja-

/104/ wa wétan ikang stri ning sang mahārāja hana ta putri ning raja // muwah ta pirang siki stri nira tan pānak / 5 sakéng sang binihaji mānak ta pirang siki jalu lawan stri // praptā yauwana rajasutah ikang dlaha sumilihaken ayayah nira pramānāran sang wiçnuwarman rajānwam tarumanāgara // atyanta sihnya çri maharaja pūrnawarman / maputra ri sira sang wiçnuwarman / arinya stri paripurnéng ahayu pinakastri déning sang raja swarnabhumi // dlaha çri jayanaça rajāgheng i swarnabhumi kawilang putropādana nira // pantara ning sakwéh nira warmanwamça  i jawadwipa / sang pūrnawarman hana ta anyamtarékang wamsa // rasika mahaprabhāwa raja //

/105/ i sedeng raja raja i nusa wali / juga kawilang putropādana ning sang pūrnawarman / kumwa juga warmanwamsa sumar i bhumi nusantāra // sang pūrnawarman hana ta jamottama ring samangkana // māpan yaçawirya nira gumawé tarumanāgara dumadi rājyagheng / santoça / janapadanya swasténg prānāh nira / magaway salwir ing pakaryāgheng hanéng pirang enggwan i jawa kulwan ikang wreddhi prethiwi // matangyan / kāghengan nira sinerat ing pirang praçasti pinaka lingga ning yaçawirya nira // lawan pirang nagara sira pamitrān pantara ning / cinarājya wus pakenak mitrānung satata // kumwa juga 20 lawan pirang rājya hanéng bharatawarsa / yawana / baku(la)pura / syangka / saimwang / singhala / gha-

/106/ udirājya / pirang rājya hanéng bhumi sophala / pilisti(n) / çibti / abasiéd ngarab rājya rājya jawa madya / jawa wétan / barus[a]nagari / pirang rājya i bhumi swarnadwipa / hujung mendini / hujung masarik / campa / dharmanagari / rājya i nusa wali rājya i ghurun tanjung nagara / naçor / cambay rājya i bhumi langkasuka / b(h)aratanagari / rājya rājya i bhumi hujung ngarabi / mahasin singhanagari / mwang akwéh wanéh / ikang mitra lawan rājya taruma / sira satata // sowang sowang hana duta nira riking // mwang duta ning rājya taruma hana ri kanang //sang mahārāja pūrnawarman pamuja bhatāra wiçnu / juga hanan pamuja bhatāra çankara / brahma[na]puja mwang hana juga bhudapuja tan sa-

/107/ pira // i sedeng janapada pribhumi akwéh ta sira n pitrepuja yathābhuta ning sang kawitan nira lawan prāyéng lagi déning lén nagara ring samangkana bhumi tarumanāgara pramāna wreddhi prethiwinya tang jawadwipa / lawan prānāh ing janapada khreta subhika // iti prabhreti janapada n kanista madhya mottama sajalwistri makabéhan nira // akwéh ta janapada suhka hurip riking / mangkana jugékang tekan hanyar sakéng nusa-nusa sakala nusāntara mwang lén nagari sabrang // ing telung warça ri sampun ira dumadi raja / sang pūrnawarman magaway labuhan anggwa pangandegan ning prahwa // ikang labuhan hanéng tira ning sagara / pratidinātyantākwéh prahwa tekang pirang siki / sakéng,

/108/ pirang nagara // ikang labuhan prahwa telas ginawaynya ya ta prabhretting sapta çuklapaksa / margasira tekéng catur daça kresnapaksa /  posyamasa // hana pwa ari nira sang pūrnawarman yatiku pramânâran sang cakrawarman dumadi sénapati ng yuddhalaga // i  sedeng wwang pasanak nira ya ta / ari ning ayayah nira pramānāran sang nagawarman dumadi sénapati sarwajala // sira nityasa lungha ring sabrang pinaka duta ning sang pūrnawarman maharaja tarumanāgara lawan abhiprāya nira magaway amitran / huwus ta sira lungha ring sanghyang hujung / wus ta  ring syangkanagari / wus ta sira ring yawananagari / wus ta sira ring cambay i bhāratanagari / wu,

/109/ s ta sira lungha ring sophalanagari / wus ta sira lungha ring bakulapura / cinanagari / wus ring swarnabhumi /mwang akwéh wanéh salwir ing nusa nusa //māpan sira hana ta sang pinakadi ing rājya taruma // sang nagawarman yuddhénipuna / wus agheng yaçawirya nira ring nagara / sang nagawarman lawan pirang siki tanda mwang amatya ning rājya / adhyaksa pinaka duta ning tarumanāgara // lungha ring cinanagari lawan amawa wastwan hulih ing bhumi / ateher byasa magawé nira janapada / gulaygulayan mwang wastwan ulih maburu lawan salwirnya waneh // sakwéhnya winéhaken ring maharaja cina // māpan rājya cina mitra lawan rājya tarumanāgara // tumuluy sang mahārāja cina,

/110/ winéh ta ring sang duta ning tarumanāgara / pāntaranya ya ta hanggonanggon ateher sarwa lengkara / kancana / rajata /manik mwang sarwa wastwan lénya wanéh / kumwa juga silih mawéh pasawalan / ring samangkana / ing dwa daça çuklapaksa jéstamasa telungatus limang puluh pitu / ikang çakakāla // sawarça tumuli lungha ta sira sang duta tarumanāgara ring sanghyang hujung / limang candra tumuli lungha ta sira sang duta tarumanāgara ring pirang rājya hanéng swarnabhumi // hana pwa rwang rājya yatiku tarumanāgara mwang bakulapura rumaket hatut madulur / nityasātuntunan tangan sira sowangsowang amitra lawan rājya cina / lawan sira sowang so-

/111/ wang makon tāmitra duta nira ring cinarājya / mangkana juga sang duta cinarājya lungha ring tarumanāgara mwang bakulanagari lawan satuluynya tamolah riking // yathābuthā ring samangkana / akwéh ta rājya ri nusa nusa i bhumi dwipāntara / athawa nusāntara ngaranya wanéh silih amitra pantara ning rājya rājya ya ta samanta nrepah nira // kahanān nira salwir ing rupa / hanan samānggéhnya / hanan halit ikang rājyanya / hanan agheng kawaça nira / hanan silih pratibandha pantaranya // ring samangkana / akrak ta prahwa i sagara nusa nusa sakéng salwir ing nagara / lawan hidep nira ya ta / upakriya wikriya sarwa wastwan / panta-

/112/ ra ning rajékang hanéng nusāntara ring samangkana sang pūrnawarman ya ta raja tarumanāgara tekang atyantāgheng swabhawa nira // tan hana sawiji ning astrānung lumuda ring awandha ning sang pūrnawarman / māpan sira sang pūrnawarman nityasa rumasuk kawaça hanggwanan sakéng wsi sakulawandha nira / saking tendas teka ning suku nira // lawan mahawan liman / ya ta sang érawata ngaran ira // iti yan harep maseu ring yuddhalaga // matangyan sira sinebut çaktipurusa // ring dangu dangu tambaya ning mangadegnya tarumanāgara / kawalya halit ikang rājya i bhumi jawa kulwan / çansaya lawas pakanagarāgheng // luwih sakéng rwa welas mandalaraja teher ri séwaka,

/113/ ring rājya tarumanāgara // sakwéh ing çatru nira kageuman ring sang pūrnawarman ikang gahan kadhīrān ira / sangapānung masyang / amogha sira kaparajaya // sang pūrnawarman hana ta mahāpurusa / sira sang pinakadi kretayasapurusa ri nagara nira // hana pwa sang pūrnawarman hanéng patnīghara ning rajakitha sundapura hanéng tira ning ghomati nadi // rikung katon layu layu i tunggang patnīghara dhwajatanda ning tarumarājya / ya ta padma tunggang hulu ning érawata limandhwajarupa / rajatanda i dala dala sakéng kancana bhrahmanarupa // i sedeng nagadhwajarupa pinaka dhwajatanda akçohini ning sarwajala rājya tarumanāgara / katon layu layu tunggang yuddhaprahwa,

/114/ hanéng tira ning sagara / rikung katon tākwéh prahwa sedeng jajar malabuh // i sedeng dhwaja lényéka yéku / singhadhwajarupa / juga wyaghradhwajarupa / kumwa juga warāhadhwajarupa / ateher açwadhwajarupa / çwanadhwajarupa / sarpadhwajarupa / widāladhwajarupa / gharudadhwajarupa / rksadhwajarupa / mahisadhwajarupa / matsyadhwajarupa / wresa(ba)dhwajarupa / mregadhwajarupa / ghohdhwajarupa / hamçadhwajarupa / wānaradhwajarupa / mwang akwéh lénya wanéh // makabéhan ika dhwaja ning mandalaraja halit agheng ri sawaka ning tarumanāgara // hana pwa indraprahastarājya yéku rājya bang wétan ikang singhadhwajarupanya ing indraprahastarājya hana,

/115/ lwah gangga ngaranya / ring muharanya çubanadi wastanya // i sedeng dhwaja ning wadyabala tarumanagara sowang sowang sarwwâ  yuddharupa // salawas ira nyakrawartti tarumanāgara / sang pūrnawarman wus kasiddhaken karyāgheng ya ta / amateguh tut tira ning nadi / māghengaken ikang lwah / muwah ta jerohaken pirang lwah rat jawa kulwan ikang sapinasuk tarumanāgara // iti pakarya yéku kinaryan déning janapada sakéng déçāntara i tarumanāgara // māpan sira bhaktikarya ning raja nira // pirang hasra janapada masulungsulung umaréng ikang lwah // hanāsing anwam hanāsing atuha / sajalwistri manut kabéh / sakéng janapada,

/116/ kanista madya mottama / juga wadyabala / ikang pakarya pantaranya yéku ghangganadi / māpan ikang lwah pinaka patirthan ning sanghyang agama nira janapada kabéh rat jawa kulwan ing nangken warça // akwéh ta wwang maradyus ring ghangganadi wenangan panghilangaken kléça ning saparikrama nira salawas ing hurip / iti pinakéng bharatanagari yéku matutapadan maryāda i nagari kawitan ning sang mahārāja pūrnawarman / hana ta nikang pakarya kang mateguh mwang gumaway rāmyā tut tira ning lwah / ing dwa daça kresnapakça margaçiramasa teka ning pānca daça çuklapakça / posyamasa / ing telung ngatus telung puluh rwa / ikang,

/117/ çakakāla // ateher sang pūrnawarman magaway sangaskārārthadaksina ring bhrahmana brahmana mwang kapwājti // ikang daksina sakéng sang mahārāja / prasyékanya ya ta / ghoh limang atus anggwanan açwa rwang puluh / liman sasiki winéh ring mandalaraja riking / mwang sarwa bhojanādi // ikang pagawayan kadamel déning pira hasra janapada sajalwistri sakéng déçantara // sirékang wus sumiddhakena nikang pagawayan sakwéh nira winéh tan daksina / yatanyan suhka twas nira // ateher rwang warça tumuluy pakāryékang amateguh mwang gumaway rāmyā tut tira ning cupunadi / ikang lwah i cupunagara / mwang wwainya / umili,

/118/ tekéng kadatwan rājya // iti pagawayan kadamel ing catur çuklapaksa / çrawanamasa / teka ning tri daça kresnapa 5 kça çrawanamasa / telungatus telung puluh pat ikang çakakāla // tumuluy sang pūrnawarman magaway sangaskarārthadaksina ring brahmana brahmana mwang kapwājti rikung /  lawan winéh ghoh patang atus anggwanan mwang sarwa bhojanādi // sakwéh ira janapada sajalwistri / atuhānwam hasrān pasamudayan sakéng 15 déçantara // ikang wus sumiddhaken pagawayan juga winéh daksina sakéng sang mahārāja // hanéng tira ning ghangganadi i mandala indraprahasta lawan ing  tira ning cupunadi i mandala cupunagara / sakéng mahārāja pūrnawarman angwa-

/119/ ngun praçasti serat ing watu pinaka lingga ning wus telas ikang pagawayan lawan sarwa bhasana mangené kamahātmyan sang purnawarman ikang makaswabhawanya pinaka bhātara wiçnu / ikang pamaritrāna sarwabhuta i bhuwana lawan awasāna dlaha // ring praçasti tinanda tapak asta nira // matangya wwang thani suhka ta tyas nira / mangkana juga sira wwang doltuku lawan mahawan prahwa / sakéng muhara ring déça déça hanéng atut tira ning lwah // mangkana juga / ing ékadaça kresnapaksa / kartikamasa tka ning catur çuklapaksa margaçiramasa telung atus telung puluh lima / ikang çakakāla ya ta / angwagusi lawan amateguh atut tira ning sārasahna-

/120/ di / athawa manuk rawanadi ngaranya wanéh // ring samangkana sang mahārāja sedeng ira gering / matangyan sang pūrnawarman motusing sang mahāmentri lawan pirang siki rājyāmatya / sang sénapati sarwajala / sang tanda /sang juru / sang adhyaksa lawan sangkep somering nira / tekan mahawan prahwāgheng / māpan sira mangawaki sang maharaja magaway sangaskāra mwang kapwājti // ikang daksina pracékanya / goh patang atus mahisa wwalung puluh / anggwanan brahmana / sasiki dhwajatanda tarumanāgara / turangga sapuluh / ateher sasiki hyang wiçnupratiwimba / wastwan bhojanādi // sakwéh ing janapadekang umilu sumiddhakena pagawayan juga makolih daksina // sira wwang thāni suhka ta tyas nira / tapan tegal drewya nira kretabhumi,

/121/ hétunya nikang pategalan kawwayan sakéng kwah ika // matangyan ri kala ning lahru / tan kakingan / ring samangkana yan hana taskara mwang sang bajo / yan atangkep sira tiniban pati / akwéh janapada seçāhurip nira / kumwa jugākwéh duhkantara // māpan hana ning catur warna / pantara ning janapada sakala bhumi jawa kulwan / akwéh ta janapada mekul mwang bhātara wiçnupuja / bhātara çangkharapuja lawan pitrepuja pinaka prāyénglagi / matutapadan sang kawitan nira // sira brāhmana mwang kapyājti nityasa mangasirwāda ring sang mahārāja mwang rajabhāryā / kumwa juga katumbi nira // i sedeng budapu ja tan sapira / tathāpi ring swarna bhumi janapadākwéh ikang mekul agaméka // wus dumadyaken maryāda ning tarumanāgara ring sa-

/122/ mangkana / yāwad wus siddhaken anyamtara ning sawiji pakaryāgheng ikang brahmana brahmana sakwéh ira labdhawara mwang sang brahmana mangasirwada ring sang mahārājéng ikang énggyan / iti mabhprāya luputa dényābhicarika mwang yatanyan janapada subhika // ri huwus ika sang pūrnawarman angwagusi mwang rāmyanaken lawan a(ma)teguh atut tira ning ghomatinadi lawan candrabhāgānadi // hana pwa candrabhāgānadi pirang puluh warça ng atita / déning sang rajadhirajaghuru ya ta / ayayah tuha ning sang pūrnawarman wus kinaryaken wagus rāya mwang amateguh ikang atut tira ning lwah / i sedeng sang pūrnawarman malakwaken pakaryéki pirwanya // mangké ghomatinadi mwang candrabhāgā linekas tambaya ning asta kresnapaksa / phalgunamasa / tka ning,

/123/ telas ikang pagawayan ing trayodaça / çuklapaksa (cétramasa) telung atus telung puluh sanga / ikang çakakāla // hana pwa pakaryan ghomatinadi kadamel dé pirang hasra janapada sajalwistri sakéng déçantara / sakwéh ira sowang sowang padāmawa perang perang / perkul patuk luké mwang lénya wanéh // māpan sira bhaktikarya ring sang mahārāja / katon ta marika / ing rahina kulem makarya nira tumap[p]umlar ing pinggir lwah / hémedeng tan pgat / yatanyan tan pratibandha // satuluynya sang pūrnawarman manghanaken purnahuti lawan ngaskārārthadaksina ring brahmana brahmana pracékanya yéku / ghoh sahasra / anggwanan towi sarwa bhogopabhogādi // i sedeng ira naya mandala / hanékang di-

/124/ naksinan mahisa / hanékang dinaksinan lengkara kancana / rajata / hanékang dinaksinan açwa / mwang salwirnya wanéh / ateher sang brahmana mangasirwada ring sang pūrnawarman / rikung sang mahārāja magaway praçasti serat hanéng watu / mangkana juga hanéng lén déça / sang pūrnawarman nityasa gumaway praçasti lawan serat ing watu / aneher pratiwimba swaçarira nira / pādatala sira / padatala wahana nira / ya ta liman sang érawata / kwacid hanékang tinanda sang brahmararupa / hanékang sanghyang tapak hanékang padmakusuma / wyaghrarupa mwang akwéh wanéh lawan winéh serat ing watwika // kumwa juga ing panggwanan pretakkāryam ikang wus siniddhaken winéh dwajatanda tarumanāgara / yaçawirya ning sang mahārāja mwang lénya wanéh / ika sa-

/125/ kwéhnya sinurat ing praçasti watu hanéng atut tira ning lwah / ing pirang déça // hana pwa / ari ning sang pūrnawarman yéku / stri harinawarmandéwi ngaran nira pinakastri déning wwang rajabrana sangkéng bharatanagari / ikang mangdrewya pirang déça prahwāgheng // i sedeng ari nira jalu pirang siki / sowang sowang hanékang dumadi duta ring cinarājya lawan tamolah ri kanang / hanékang dlaha / dumadi duta ring swarnabhumi / syangkanagari / rayi nira lénlénanya mwang / hanékang dumadi sénapati sarwajala / hanékang dumadi sang adhyaksa // i sedeng putra nirékang panuha dumadi sang kumara ya ta rajânwam sira pramānāran sang wiçnuwarman / satuluynya i tri kresnapaksa / yésthamasa te-

/126/ ka ning dwa daça / çuklapaksa // asadhamasa telungatus patang puluh siji / ikang çakakāla / sang pūrnawarman amangun mwang angwagusi lawan mateguh atut pinggir ing lwah malar dumadi ramya // kumwa jugang jerohaken ikang lwah / tarumanadi wastanya // atyantāgheng ikang lwah ri tarumarājya i bhumi jawa kulwan / ri huwus telas ikang pagaway an sang pūrnawarman manghanaken purnahuti lawan sangaskārārthadaksina ring brahmana bramana yéku goh wwalungatus anggwanan towi sarwa bhogopabhogādi / towi rwang puluh mahésa mwang lénya wanéh //ateher sakwéh ing brahmana mangasirwada ring mahārāja tarumanāgara // ng atita kala tambaya ning taruma makanagara sang,

/127/ maharsi dumadi rajadhiraja ghuru nyakrawarti rājya taruma / tekéng rajarsi darmayawarman ghuru / amagehing rājyéka / tan sapira // tathapi ri huwus ikang sang pūrnawarman dumadi raja tarumanāgara // akçohininya dumadyagheng lawan sangkep sarwastranya / juga wadya sarwajala ginawyāgheng mwang santosa // matangyan wadyabala ring tarumanāgara nityasa makolih jajayéng yuddhakala luwih pin pitu makasopana rājya rājya sakala jawa kulwan ri séwaka ring sang pūrnawarman mahārāja tarumanāgara // hana pwa sang pūrnawarman ika / mijil ing 20 kithāgheng jayasinghapura ri kadatwan rājya taruma / ing asta kresnapaksa / phalgunama-

/128/ sa rwangatus sangang puluh pat ikang çakakāla / tambaya ning dumadi raja / ing tri daça çuklapaksa çétramasa telungatus pitu welas ikang çakakāla / ing yuswa nira telu likur warça // mwang angemasi / ing panca çuklapaksa posyamasa telungatus limang puluh nem ikang çakakāla / ing yuswa nira nemang puluh rwa warça // rasika sinebut juga sang lumah ri tarumanadi // i sedeng ri kala tambaya ning dumadi raja tarumanāgari / ateher rājya dumadi rājagheng i bhumi jawa kulwan / tumuluy sang pūrnawarman inabhisekan dumadi mahārāja / lawan namaçidam çri mahārāja pūrnawarman sang içwara digwijaya bhimaparakrama surya mahāpurusa jagatpati // witan ikang çri mahārāja ri mani ra-

/129/ tna singhāsanānung çoba seungnya saksat bhātara wiçnu mangjanma i bhumi jawa kulwan mwang umaritrāna bhuwanatala mwang sarwabhuta // kumwa juga rasikāmuja bhātara indra // yapwan harep anduni çatru nira // matangyan rasika sinangguh sang purandra çaktipurusa // ri kala maprang lawan sang bajo ri madya ning samudra / wadya sarwaja la tarumanāgara ninaya déning raja pūrnawarman / ikang yuddha hanéng sagara hujung kulwan kabéh sang bajo pejah nirawaçésa / kārana sang pūrnawarman atyanta kroda ring sang bajo ikang wus mejahi // sang amātya ning tarumanāgara pareng saparicāra nira pitung siki wadyabala tarumanāgarānung 20 atawan déning sang bajo // matangyan sakwéhnya sang bajo / ikang pasamudaya wwalung puluh,

/130/ siki hanéng rwang prahwa // ing madya ning samudra / akrak ta nikang yuddha // ring samangkana pirang puluh prahwa yuddha ning tarumanāgara kumalilingi prahwa sang bajo // arnawa hibek déning prahwāgheng tarumanāgara / akwéh ta sang bajo pejah ing yudhdhakala / sira çesa ning pejah ateher atawan limang (puluh) rwa siki // tumuluy sasikisiki sang bajo hiniris pinejahan mwang wangkay nikang bajo binalangaken ring sagara // kabéh pejah tan paçésa // ring samangkana wway ning sagara wus atemahan dumadi rah sagara / tan hana ksamak anggwa sang bajo / sang mahārāja tan karunya buddhi ring sang bajo / māpan makaswabhawa nira pinaka satwakrura // ring samangkana / ing tri kresnapaksa / māghamasa / telung,

/131/ atus salikur ikang çakakāla // witan ikang tka ning telung atus limalikur ikang çakakāla / pūrnawarman angyuddhani / sakwéh ira sang bajo // kahucapa kathanya wanéh // wus lawas samudrāntaranung kumaliling jawadwipa bang lwar / bang kulwan lawan bang wétan kakawaça 10 ning sang bajo / pasamudaya tan wilang mwang kasawus ing sagara // sakwéh ing prahwa nityasénawara / mwang sakabéh wastwan ikang hanéng prahwa pinalaku rinajah déning sang bajo krurākāra / ateher sira suhkāmamejahi // akwéh prahwāsingbhinna déning sang bajo i tengah samudra // ikang atyantākwéh prahwa sang bajo ya ta / ing sagara jawa kulwan / matangyan akwéh wwang mawedi teka-

/132/ n ring jawa kulwan / hétunya sagara jawa kulwan kaheban déning sang bajo ya ta sang taskarānung krurakāra // ri huwusnya sang pūrnawarman siddhāngilangaken saweh ing sang bajo kaparajaya / sabhāgya ta ngké janapada tarumanāgara i bhumi jawa kulwan / kumwa juga / atut tira ning sagara jawadwipa bang lwar / tan hana sang bajo // māpan sakabéh sang bajo kageuman ring sang pūrnawarman / hétunya / yan maprang athawa matawan sira sang bajo tan hanāsing hurip sakwéhnya pinejahan déning sang pūrnawarman / sagarāntarānung hana sang bajo / ateher kasan mwang sang bajo lumuda déning sang pūrnawarman / wus pirang atus sang bajo ya ta taskara krurakara kaparajaya dé-

/133/ ning sang pūrnawarman / ikang atawan ateher tinalyan hiniris asta mwang sikil nira sang bajo / hanāsing binalangaken ring apuy an dumlah /  hanāsing pinanganaken ring wyaghra / hana sang  bajo n dumadi pangan ning singhakrura / çwana / hanāsing ginantung / hanāsing tinikela n asta mwang suku tka ning syhudrawāteher liniwet tumuli sang bajo lénya kinon mangan ikang mamsanya / kumwa juga / hansing pinalu çariranyāneher sinahutaken ring ula / hanāsing pinalu lawan perkul patuk hanāsing binalangaken sakéng giri mwang salwirnya wanéh //  wus tan wilang sang bajo tinangkep ateher tiniban pati déning sang mahārāja pūr-

/134/ nawarman / rasika gumaway mwang manusun nitipustaka rājya tarumanagara / nitipustaka ning akçohini / nitipustaka yuddhawarnana / nitipustaka déçāntara i bhumi jawa kulwan pustaka warmanwamsatilakāteher pustaka ghosanājnāraja mwang akwéh lénya wanéh // satuluynya ginantyaken kathanya sakareng // ateher gumantyaken kathanya wanéh // kahucapa / sira hulu ning pribhumi bakulapura i bhumi tanjung nagara yatiku 15 sang kudungga ngaran ira / sang kudungga putra ning sang attawangga ngaran ira / sang attawangga putra ning sang mitrongga lugubhumi // wamsa niréka wus pirang puluh putro pādana nira tamolah hanéng riking / dumadi hulu ning pribhumi // huwus pirang atus warça,

/135/ ng atita / kawita iti wamça sakéng bharatanagari // ikang sang kawitan nira sang pusyamitra ya ta janmottama jayéng yuddha / hana ta sang kawitan / çunggawamsari magadha i bharatawamsa // tumuluy witan wamsa niki pina(ri)bhawa déning kuçanawamsa witan ikang katumbi mwang kulawandhā sajalwistri çunggawamsa sama manigit sumirat ring pirang nagari / hana ng ngalwar / mangidul mangétan mwang mangulwan / salah tunggal watek katumbining iti wamsa lawan kulawandhā nira / pareng saparicara nira / tekéng sawiji dwipa i nusāntara // lawan panggwan ika tumuluy sinebut bakulapura i bhumi tanjung nagara // tambaya ning mangadeg ikang déça kutanagara wastanya / ateher dumadi rajyāhali-

/136/ t ingaranan bakulapura // satuluynya cinaritan putri ning sang kudungga pinakastri déning sang açwawarman putrékang dwitya sakéng prabhu dharmawirya déwawarman salakabhuwana lawan rani çpatikārnawa warmandéwi / rakéstri ning sang açwawarman ya ta déwi minawati lawan namaçidam paraméçwari içwari tunggal perthiwi warmandéwi pinakastri déning raja tarumanāgara sang maharsi rajadhiraja ghuru athawa jayasingawarman ghuru dharmapurusa ngaran ira wanéh / i sedeng rayi ning sang açwawarman ikang jalu dumadi yuwaraja athawa rajakumara / ateher dumadi sira raja hanéng rājya salakanagara pinaka déwawarman ikang nawama // tathapi rājya salakanagara wus ri séwaka ring tarumanāgara // hana pwa rājya,

/137/ salakanāgara wus lawas amitra lawan sang kudungga raja bakulapura / sang kudungga lawan sang déwawarman astama ya ta prabhu  dharmawiryāmitranan ira wus rumaket silih asih atuntunan tangan / matangyan putra ning sang déwawarman ya ta sang açwawarman witan raray déning sang kudungga pinaka swaputra nira / ya ta dumadyarpākanak / satuluynya praptā yauwana rajāsutah açwawarman pinaka mantu dé sang kudungga raja bakulapura // sabyaktanya sang açwawarman lawan stri nira hana ta kulawandhā / sadulur tunggal puyut ira // hétunya ya ta / ibu nira sang kudungga hana ta rakéstri ibu sang rani çpatikārnawa warmandéwi / i se-

/138/ deng sang rani hana ta ibu ning sang açwawarman / mwang stri ning açwawarman putu ning sang kudungga // ri huwusnya sang kudunggāngemasi / tumuluy sang açwawarman sinangguhan rājya / ateher abhisékan ta dumadi raja ri bakulapura / manggantyaken sang kudungga // hana pwa panigrahana nira sang açwawarman lawan anak ing sang kudungga / mānak ta sira telung siki / salah tunggal pantara ning ya ta sang mulawarman / witan sang açwawarman rājaya bakulapura matemahan dumadi nagarāgheng / prānāh ing 15 janapada prasiddha swastha // sajalwistri kaba(i)han subhika hurip nira // tan hana janapadānung lumanggahanan maryāda ning nagari mwang raja / kumwa juga prayénglagi / tan hanāsing lumanggahana yathābhutāwita kawitan / sang açwawarman tuhu magaway agheng mwang,

/139/ jaya santosa nagara nira //matangyan sang kudungga ta sine(bu)t wamsakarta hétunya / anak ira stri // makanimitta sang açwawarman pinaka wamsakarta ning raja raja bakulapura // dlaha ri huwusnya sang açwawarman angemasi / ateher ginantyaken déning putra nirékang panuha sang mulawarman / déçāntara rat bakulapura sapi(na)suk samanta raja pranata ri sor nira // sang mulawarman hana ta mahāhprabhāwa raja // kumwa juga karmadhāraya bhimaparakrama raja wang yuddhanipuna // lawan rājya taruma sirāmitra rumaket ta pegat nityasātuntunan tangan silih asih // duta bakulapura haneng tarumanāgara mangkana duta bakulapura hana ri kanang // māpan hatut madulur // satuluynya gumantyaken kathanya mangené rājya ta-

/140/ rumanāgara // ri huwusnya sang pūrnawarman angemasi / tumuluy sang nrepasutah putra panuha ya ta sang wiçnuwarman ngaran ira / sumilihaken ayayah nira dumadi raja tarumanāgara i bhumi jawa kulwan / hanapwa / ikang praptā ya(u)wana rājāputra / swabhāwa nira dé nirāçabda mwang sira tan hana kurang ing laksana sarupāyayah nira // rasika karmadhāraya bhimaparakramoraja / makadi i samara ri yuddhakāla / kim ca rasika yuddhénipuna // sang wiçnuwarman inabhisékan dumadi raja tarumanāgara / ri kala purnéndwing catur daça / çuklapaksa / posyamasa / telungatus limang puluh nem ikang çakakāla // téna kāléna sang māhāraja wiçnuwarman manghanaken utçawakarmāgheng sayampratar salawas ing telung dina / telung wengi // rājya,

/141/ patnighara hinyasan lawan sarwarum kusuma // kabéhan nira raja kasoran sakéng rājyāhalit rat jawa kulwan hana rikung / pirang sang duta sakéng mitra nāgara / sang pinakadi ri soring raja // ya ta sang mahāmantri / pirang rājyāmatya ning tarumanāgara hanéng riku / aneher sang brahmana / sang purohita /kapwājti / sang sénapati sarwajala / sang baladhika pirang sénapati mandala / ateher rajakutumbi / mwang akwéh lénya wanéh / ikang makabéhan tinamuy mwang amukti sarwa bhogopabhogādi // mapan sarwa bhoga mwang wésaléhyamadhupānādi hanéng riku // kumwa juga / gumawé nupakāra nikang utsawakarmāgheng hana gending lawan nārtaki rupawiçésa // tuminghal nārtakyahayu / sira sakwéh,

/142/ sang jalu kapūhan rāgiwāsa / i sedeng sarwabhoga mwang wésaléhyamadhupānādi / inateraken déning pāricarikā ning 5 patnighara lawan rupāhayu // atyanta ghurnitékang utsawa // ateher sakwéh nira mangaçirwada ring sang mahārāja tarumanāgara // ateher ing dwa çuklapaksa / māghamasa / telungatuslimang puluh pitu / ikang çakakāla / maharaja tarumanāgara motus duta nira ring cinanagari / bharatanagari / syangkanagari / campanagari / yawananagara / swarnabhumi / bakulapura / singhanagari / dharmmanagari mwang kabéhan nira pamitra nagara / juga sakwéhnya rajahanéng dwipāntara // kunang tékang duta / konaken mawéh wruh yan mahārāja wiçnuwarman dumadi raja i tarumanāgara gumantya-

/143/ ken sang pūrnawarman / kumwa juga pamitra ring lagi tan pegat haywa ta kita kāsah mapasah / wus sadhakala ta kita rumaket silih asih / silih atutunan tangan haywa ta silih pratibanda mwang silih mangādarahi lawan tresna ring nagara sāmanya // telung warça tumuli telas ira sang wiçnuwarman madeg mahārāja tarumanāgara / hana krama lindhu tang prethiwi / tathapyahalit mwang tan sowé / swarça tumuluy hana krama ning candragahrana / tathapi tan sowé tumuli purnéndu // ikang karma pirwa / déning sang mahārāja pinaka lingga ning bhaya // yatanyan awighna mwang luputa sakéng mahabhaya ring nagara nira / mahārāja mamituhujaring sang brahmana siddhi mantra / lumaku ta mahā-

/144/ rāja matirtha ring ghangganadi / hanéng indraprahasta mandala // rwang rātri tumuli sang wiçnuwarman ri kala sedeng maturu mangipi tumon wyaghra atuha / waraha / garuda / rekça mwang pirang siki sattwalénya wanéh / kabéh ikang krurasattwa / padā=âkarep lumuda sang mahārājānung mahawan karabha / sang mahārāja méh tiban lemah / tathapi sang karabha maniwi mwang luputaken sakéng mahabhaya // sakareng tekan ta bra(h)mara nunggang sang liman érawata / neher lumuda sakwéh ing krurasattwékang umaseu / pejah ta sira dumadi sang wangkai / tathapi sang gharuda dwamuka tan pinaribhawa / mapan waluy waluy ing akaça / tumuluy sang gharuda nityasa manututi sang raja lawan yātnarambana lumuda sang purnawarmansutah // ri kala sang gharuda,

/145/ lawan krurākāra tekānduni / neher sang liman érawata tumuluy amaguta / i sedeng sang brahmara sumengka manangkep i wekasan sang gharuda kaparajaya déning sang raja / tumiba ta sira neher pejah // karana ngipika / sang wiçnuwarman calāmbeknya // matangyan akwéh ing inuddhéça mwang ujaran ring sang brahmana purohita hinajengan mwang siniddhaken / telung dina tumuli sang wiçnuwarman lawan someringnya juga brahmana brahmana / kapwājti mangkat umaréng ngétan ring indraprahastarājya // riking sang mahārāja sinungsung suhka déning indraprahastaraja ya ta sang wiryabanyu salah siki ngaranya // ri sakatambayanya kala sanghyang rawi tatan hanéng tunggang indraprahasta kadatwan çri nrepa-

/146/ ti npasamudaya sang wiryabanyu lawan sang brahmana / kapwājti mwang kaula nira wus hana tira ning ghangganadi / çri nrepati mwang sang wiryabanyu / sang brahmana / kapwājti / mwang rajāmatya mwang pirang siki samanta raja sang tanda / sang juru / sang naya mandala sakwéhnya neher adyus ing patirthan ing ghang ganadi // atut tira ning lwah rinaksa déning wadyabala mawa sarwāstra sangrabda sangkep ya ta tomara / musala / çara kadga / cis curik / mwang salwirnya wanéh / katon sakéng kadohan ikang wadwā padānggéhwastra mwang rumasuk kawaça // ri huwus çri nrepatya agheng mahawan umarang patapan tumuli manembah ring pratistha ning bhatara wiçnu mwang bhatara çangkhara kang hanéng riku // sawarça tumuli ri hu-

/147/ wus ikang sang wiçnuwarman adyus ing ghangganadi / hana ta sawiji krama ning jero kadatwan yéku ri kala çri nrepati lawan rajabharya sedeng maturu / ing rahiné kulem hana mwang humeut aneher lumaku ing paturwan çri nrepati / lawan amawa kadga tiksna mwang curik / tumuluy wwang ika / angayati kadga nira ring sang nrepati // ri kala sirāmatyan sang nrepati / jariji nira kumeter / aringeten tangan nira / marucut alwan ikang kadga 15 ri ngisor / çri nrepati kagyat tanghi juga sang binihaji // wwang ika tumuli tinangkep mwang tinalyan / sang nrepata kroda ta wekasan wadyabala sakwéhnya tekan rikung // hana pwa hétunya sang mahabhaya tangan jariji nira kumeter aringete-

/148/ n gati nira sang mahabhaya wus lawas tan sanggama lawan stri niran (m)wang sira kasaktan ing sanggama lawan akwéh wanoja // rikung sira katon sang binihaji tan rumasuk anggwan tan inambeng ring wedihan sawiji // karana tuminghal sang binihaji turu tan rumasuk anggwanan dadi sirāhyuna nyanggamani // matangyan karmolaha nira tan paphala // nguniwéh ikang binihaji / atyanta dibya ning rupa rasika / tan hana rwanya / ri jawadwipa //rasika hana ta rayistri bakulapuraraja // sang binihaji ya ta çuklawarmandéwi ngaran ira / téja sulaksana rupa rasika / sira stri paripurnéng hayu / kadi widyādhari turun tang prethiwi / sangapa,

/149/ mulat sang hayu sattwika ta karenan twas ira // i sedeng sang swami ya ta sang wiçnuwarman hana ta makaswabhāwaraja mwang mārdawa lawan darmika // rasika makagunéng nita caturangga // lén swabhāwāyayah nira / gheng kroda / galak mawedihaken mwang sukha ta sira maprang lawan çatru nira // pirang siki stri nira sang pūrnawarman ng atita / sakwéh stri nira sowang sowang maputra // saking rajabhārya / sang pūrnawarman manak ikang sang wiçnuwarman rajānung nityasa makadrewya / kārunya ning citta ring janma samanya // tumuluy sakatambesuk ri kala sanghyang rawi hanéng tunggang kadatwan / ring samangkana / ing catur daça kresnapaksa / asujimasa / telungatus limang,

/150/ puluh sanga / ikang çakakāla // sang mahārāja wiçnuwarman lungguh hanéng madhya ning pasaban / pirang siki rājyāmatya / sang adhyaksa / sang brahmana / sang tanda / sang juru / i sedeng kapwaheumheum winéh séwaka déning sang mahārāja // nika bhéda sangké çri nrepati wiçnuwarman manangkilaken sang pamejah ikang ta n padhala / tangan suku nira tinalyan mwang rinaksa déning wadya bhayangkara ning raja // tumuluy ujar ing çri nrepati ring sang pamejah / matangyan kumwāhyun matyani ngku / mwang sangapānung kumonmu mangkana // sang pamejah tan wenang maujar / māpan sedeng ira tumangis i pākarma nira / katon ta anarawata luh nira // ateher sang,

/151/ salah tumibā manembah / karengeu tangis nira // ri huwus ikang çri nrepati mojar manih ring sang salah // pahaleba ta tāmbekmu / isun ahyun mojar ring sira // héko / mahāpāpa temen prawretti mwang ulah nira // hana karih kenoha pangrahata // saparikrama mwang swabhāwa nira / tan hana pati nikā / kadi satwakrurā / arddhāgheng dosamu sakéng dosa sang bajo // manangis ta sang salah sawéh ning irang nira / sedeng banyu mata nira nityasa marabas / tumuluy çri nrepati majar malih ring sang salah / yan sira mujaraken ngaran wwang ikang kumonmu matyanisun sun masamaya angluputakenmu lawan sira winéh labdhawara sakéng isun / pira,

/152/ harsa twasku / yan ujarku tinut dé nira // tathapyan umancana mwang tan anut kaharepku / kanyu tiniban pati // mangrengwaken ujar ing çri nrepati / ang dé kawandha ning sang salah aneher mahatis mwang kumeter // ikang alpiyasa kāléna / sang pamejah ya ta sang salah aneher amulat manathyatāman sira kaharep matyani sira mahārāja wiçnuwarman ika / hana ta kinon déning mandalamantri sang cakrawarman ngaranira / yata wwang sanak ira sang wiçnuwarman tarumaraja // hana pwa sang cakrawarman ari nira sang pūrnawarman / witan raka nirāngemasi // sang cakrawarman kaharep dumadi raja hanéng tarumanāgara // kaula ning sang cakrawarman ikâ-

/153/ akwéh pantara ning pirang sénapating raja mandala lawan pirang siki wadyabalānung tan suhka ring sang wiçnuwarman tathapi sira tan wantun amerep hétunya çri mahārāja nityasa rinaksa lawan pariwaranya tan wilang akwéhnya / sirātakut tan pantuk malawaken citta nira / yathābhuta pirang candra ng atita / sang mamuk tinangkep ri kalāhyun anduni çri mahrārāja ri kala maburu hanéng wana / tumuli sang amuk amrih lumayu humeut tathapyan mangkana sira katututan déning wadya bhayangkara ning raja / ateher sirékang kaharep mamejahi çri nrepati sakwéhnya patang wwang tinangkep tumuluy sira tiniban pati ginantung / kawula ning sang cakrawarman,

/154/ yéku dwitya ning sénapati tarumanāgara ya ta sang dhéwaraja ngaran ira / aneher hulu ning bhayangkara ya ta sang hastabahu ngaran ira / ateher pangawak sénapati sarwajala ya ta sang kudaçindu ngaran ira / aneher sang juru kadatwan ya ta sang bayutala ngaran ira / lawan akwéh wanéh kaula nira sangga ning wadyabala tarumanāgara // rumengeu ujaring sang salah mangkana / sang mahārāja wiçnuwarman kagyat ta sira / mangkana juga sakwéh ing rājyāmatya mwang sakwéh irékang kapwaheumheum ri pasabhan / ring samangkana sang cakrawarman tan tekan ring pasabhan / rasika lawan akwéh ing kaula nira lumayu mahas ring wana / angayam alas tumuli sayampra-

/155/ tar lumampah ngétan tekan ring tira ring tarumanadi // sang cakrawarman npasamudaya kaula nira manikesnikes hangas ring cupurājya / hanéng cupunagaranadi mandalanya // ikang cupuraja ya ta sang satyaguna ngaran ira tan ahyun pamaritrāna nira // lawan marika kinonaken lungha sakéng cupunagara // māpan sang cupuraja / kageuman ring mahārāja taruma // sang cakrawarman kawengan tambek nira kinon agyan lungha / tan wenang tamolah ing kithāgheng cupurājya // yadyapin kalāntara wus samaya mwang pamitran pantara ning sang cakrawarman lawan sang cupuraja / muwah ta harep winéh çarana // satuluynya sang cakrawarman sakawula nira lungha mangéta-

/156/ n kalunghalungha / mahas ring wanādri sakwéhnya wus kahasan aneher kasingsal hana madhya ning wanāgheng // tamolah ngriku sawatara // 5 mapan marikang padāharep hurip tulusahayu / matangyan sirāmrih humeut ing wanawāsa // ring samangkana sakwéh ing raja / hanéng sakala bhumi jawa kulwan dé nira çri mahārāja wiçnuwarman inajnān lumuda sang cakrawarman sakawula bala nira // sakopāyanya kabéhan nira raja raja i bhumi jawa kulwan sowang sowang angluru telampakan ning sang cakrawarman sakawula nira // tan lawas pantara ning indraprahastaraja wruh ta telampak ning sang cakrawarman i sedeng humeut ing wanamandala kidul ning indraprahastarājya // matangyan sang raja indraprahasta ghinositan lumampah ring çatruwana // sakwéh ira wadyaba-

/157/ la indraprahsatarājya rumasuk kawaca mwang padānggéghe(h) sarwāstra// katon ta sira / hanan nunggang açwa / hanan nunggang liman hanan mahawan ratha / mwang jugākwéh wadya padāti / akwéh pasamudaya nira // sang cakrawarman mangké wus makadrewyākwéh wadyabala nira // ikang wadyabala / inulih sakéng déça déça // matangyan tan wedi lawan wadyabala ning indraprahastarājya // katon ta wadyāgheng lungha ta mangidul makéring umawastra sangkep mwang sakwéh ing koça kumwa juga sekul samatsyanya / banyu nginum wastwan mwang sarwa bojanādi / hanéng jero wahana // lumamphah ngarep wadwāmawa dhwaja ning indraprahastarājya / yéku singhadhwajarupa katon ta layu layu ring kadohan / hana pwa sakwéhnya wadyabala,

/158/ ninaya déning sang baladhika ya ta sang sénapati ragabélawa ngaran ira / nunggang liman sang dungkul ngarannya // ikang liman dinaksinan sakéng sang mahārāja banggal(a) kālāntaranya // i sedeng sang sénapati ning wadya padāti ya ta sang sénapati bonggolbhumi / ngaran ira // rasika hulu ning janapada déça sindang jero // salawas ing palamphan ning wadyabala mahas ring wanāgheng lawan wanādri hanéng mandala kidul ateher ngulwan tumuli mandeg sawatara māpan sandhyahorātrakala wus tekan rikung ang dé sakwéh ing satwakrura layu kageuman / ing rahiné kulem katon ta kresna wanāntara / kawalya karengeu swara ning dok satwakrura sakéng kadohan swara ning çwanāngalup swara ning wānara / hana juga swara ning wyaghra / mwang swa-

/159/ ra ning wāhyāngikik / tumuluy ri katambesuk ri sanghyang adya wus katon ing wétan / sakwéh nira sénapati wadyabala mawiwéka / samangkana pinaka pratipadya ya ta amerep humaraken anggepuk lawan lumudaken sang çatru // tan sowé pantara ning wadyāgheng mangkat rampak anjugjug lawan anduni çatru // māpan déça ning sang çatru tan adoh sakéng riku // wadyabala indraprahastarājyānung ninaya déning sang baladhika // sénapating yuddha sang ragabélawa / manalandang i kadi téki karu(ng)nya maseu // i sedeng wadayabala ning sang salah ninaya déning sénapati déwaraja / sang kudaçindu / sang hastabahu mwang sang bayutala / manungsung çatru kang tekan angrangsang ika / amaguta wadyaba-

/160/ lānung anglurug / marurek ta nikang yuddha / katon wadyabala amrang anuduk lawan silih arug hanan mawilet silih bhedel silih tampyal / ateher apuy cinakraken ring humah kabwang tumuli / sang apuy an dumilah // sakwéh ing umah hanéng déça hanyar ika kabwang / déning deres ning pawana yan aghāsa tan pegat / wadyabala nira cakrawarman dumilah kāsah mapasah / hanékang silih anglurug kalunghalungha / hanékang silih mawelit silih tampyal karwa nira pejah / hanékang kasingsal / yuddha çansaya marurek hanékang alayu manututi çatru nira // hanéng samara katinghal hārohara / rangsang rinangsang / silih anuduk / akrak tekang yuddha / pantara karwa nira sang maprang / hanékang mapulang rah butiren mwang lampus / akwéh ta sang wangkai hanéng samara / akrak swara ning sanjata mwang wadwa sahāgheng kroda nira // hanékang masambat māpan akingking wét ning lara / sedeng rudira nira anarawat // mangké samara wus atemahan dumadi rahsagara mwang wangkaisagara // i wekasan akçohini ning indraprahastarājya makolih jayéng yuddha // hana pwa wadyabala ning sang cakrawarman alah ta sira / akwéh ikang pejah / pirang puluh siki çésa ning pejah mwang butiren / i sedeng ira sang cakrawarman lawan sakwéh ing sénapati wadyabala nira pejah ri yuddhakala sang çésa ning pejah sakwéh,

/162/ nirātangkep aneher ginawa ring kithāgheng tarumanagaa // ri kanang sakwéh nira sa(ng) salah tiniban pati // ri huwus ika / sakwéh nira sang sénapati mwang wadyabala dhanamjayéng yuddha // mangkana juga sira indraprahastaraja / ya ta sang wiryabanyu / dinaksinan kancana / rajata / manik mwang wastwan / lén tasmāt sang wiçnuwarman mastri lawan putri nira indraprahastaraja / ya ta çuklawatidéwi ngaran nira // sakéng rajabhāryā sang wiçnuwarman tan pānak māpan sang rajabhāryāngemasi ri kala yuswa nirānwam karana gering weteng nonjok / matang(yan) stri nira çuklawatidéwi dinadyaken rajabhāryā // sakéng iking stri sang wiçnuwarman (ma)putra pirang siki / jalu,

/163/ mwang stri // salah siki putra panuha ya ta sang indrawarman ngaran ira // dlaha sang indrawarman sumilihaken ayayah nira // wus ta / tekan riking rumuhun pustaka pararatwan i bhumi jawadwipa / prathama sargah / ing prathama parwa // hétunya / hana malih parwa lawan sargah lénya wanéh // iti pustakāmituhu serat saking sarwapustaka / serat serat ringkunānung kawiçésa / kumwa juga katha sakéng sang mahākawi / makādi pirang pustaka drewya ning rājya rājya lawan pirang ratu mandala i jawadwipa // iti pustaka wus sinembawan mwang inastwaken déning sultan sultan carbon sultan banten susuhunan mataram pangéran pangéra-

/164/ n ya ta ratu mandala ning bhumi jawa kulwan makādi ratu ratu sundamandala / wus mamisinggih pasusun ikang pustaka // yan hanékang kāri tatan sinerat riking / ateher sinerat ing lén pustaka // iti pustaka hana ta kālap sakéng // 1 // pustaka nagara nusāntara // 102 // pararatwan sundawamsatilaka // 3 // serat galuh i bhumi sagandhu // 4 // pustaka tarumarājyaparwawarnana // 5 // pustaka mangené / warmanwamsatilaka i bhumi dwipāntara // 6 // pustaka serat raja raja jawadwipa // 20 7 // serat purnawamanah mahāprabhāwo rājā i tarumanagara // mwang / ikang astama ya ta pustaka sang resi ghuru / nihan ta nguni iti pustaka //

/165/ isya iti pustaka yatiku / yuga ning purwakāla tka ning rājya rājya // tambaya ning ya ta / // sayuta tka ning limang keti warça sadurung ing prathama çakakāla / yuga ning satwapurusa / lumaku kadi satwa // pitung keti limang laksa tka ning rwang keti limang laksa / yuga ning satwapurusa lumaku kadi janma // ]/ limang ketitka ning telung keti / yuga ning yaksāpurusa // telung keti tka ning limang laksa / yuga ning saparwa yaksāpurusa / yatiku kadi denawapurusa // ]/ limang laksa t[a]ka ning rwang laksa panca sahasrani / yuga ning wāmanapurusa // ]/ rwang laksa panca sahasrani tka ning salaksa / yuga ning purwapurusa ya ta janma purwakāla // // salaksa tka ning panca sahasrani / yuga ning purwapurusa wus maprajna // ]/ panca sahasrani tka ning sahasra / yuga ning purwapurusa / ya ta janma purwa-

/166/ kāla // salaksa tka ning panca sahasrani / yuga ning purwapurusa wus maprajna // panca sahasrani tka ning sahasra / yuga ning purwapurusa / ya ta janma purwakā(la) wus luwih maprajna // tumuluy juga ning purwakāla wwang wwang paneka hanyar sakéng pirang nagara ing lwar // athawa nagara nagara sawétan ning bharatanagari // pantara salaksa tka ning prathama çakawarça hana ta ping lima panigitan agheng mogha akwéh ta sira dumadi sawiji // satuluynya / mangené rājya salakanagara sangkep salwir ing kathanya lawan raja raja déwawarman prathama tka ning nawama / lawan sarwa kramanya hanéng rajéka // satuluynya mangené rājya tarumanāgara sangkep salwir ing kathanya / rajarajanya mwang sarwa kramanya lawan akwéh malih salwiring kathanya / pun telas sinerat ing carbon çakakāla ri / pandawa çuddha rasa ning bhumi / ing nawa çuklapaksa / maghamasa //

@@@