Karipta dening pujangga ing Surakarta R.Ng. RANGGAWARSITA
“””PUPUH I”””
S I N O M
- Kang hagnya gita Srinata / ing Surakarta nagari / Paku Buwana ping sanga / mangun wasitaning estri / ingkang cinitreng ari / Respati tanggal ping pitu / Jumadil akir wulan / kang nêmbe sangkaleng warsi / miyarsakna trusing kang sabda Narendra.
- Liring kang wiyata harja / ujar ugêring pawestri / kang winayuh dennya krama / yogya ngupakareng dhiri / manjêrnih mardi weni / wewinda ganda rum arum / umarah ngadu warna / winor ing nayana manis / mangesthiya ing reh cumodhong ing karsa.
- Awit jenenging wanodya / pêgat dennya palakrami / nistha nir kadarmanira / wigar denira dumadi / sami lan mangun teki / kang badhar subratanipun / punggêl kasêlan cipta / marma sagunging pawestri / marsudiya wadadaning palakrama.
- Den kadi duk jaman purwa / garwanta Sang Pandhusiwi / kang kocap layang wiwaha / lêlima ayu linuwih / tiga putraning aji / kang kalih atmajeng wiku / pantês dadya tuladha / estri kang kanggep ing krami / winursita dyah lima candraning warna.
- Kang sepuh Wara Sembadra / saking Mandura nagari / atmaja Sri Basudewa / ing warna ngrêsêpkên ati / sumeh kang netra lindri / pasaja ing driya tangguh / sêmu kurang budaya / awijang dedeg rêspati / kuning wênês labate amung kêpama.
- Tan pati ngadi busana / mangu kadung yen lumaris / jatmika arang ngandika / tan rêgu sêmune manis / ririh tanduking angling / lumuh ing wicara sêndhu / amot mêngku aksama / tuhune pribadi pinrih / sêtyeng priya datan lênggana sakarsa.
- Mring maru kadi sudara / rumêsêp tan walang ati / sanadyan kurang budaya / lêgawa anrus ing batin / winowong widadari / labêt kadang ira Wisnu / marma Sang Dananjaya / pamêngkune sêmu ering / maru nira anggêpe sami nyuwita.
- Myang raka Sri Baladewa / miwah Prabu Harimurti / kalangkung ing tresna nira / marang Dyah Banoncinawi / kadang estri satunggil / kapisah panggenanipun / mila tansah anduta / wau Sang narendra kalih / tanya warta mring Sang Rêtna Madubrangta.
“””PUPUH II”””
DHANDHANGGULA
- Garwa ing kang panênggak winarni / apêparab Dewi Manuhara / saking patapan wijile / putranira Sang Wiku / Manikara ingkang palinggih / Wukir Tirtakawama / ing warna pinunjul / kadi gambar wêwangunan / netra jait antêng pamuluna manis / yen paes mimbuh endah.
- Nadyan ngusud yêkti maksih manis / wanda luruh kang bau awijang / maya-maya sawangane / amardapa angunguwung / kuning wênês asêmu wilis / lir myang pudhak sinurat / katon warnanipun / tanpa apêpindhanira / andakara kataweng ing ima nipis / ruma myang amradipta.
- Ayunari ingkang sitarêsmi / kuciwane pan among samatra / dene lugas gêgêlunge / ananging maksih mungguh / sarwa ramping srandunung dhiri / marmanta kurang madya / ing pambayunipun / lir tawon gung kang gumana / lambungnira satata amilagoni / kadya sêkar kintaka.
- Lathi dhamis anggula sathêmlik / rêkta kadya kang manggis karêngat / kengis dening wiragane / waja amiji timun / rêntêt rampak ing pucuk kuning / lumirat wor wicara / wêh kesar kang dulu / sarwa lus sasolahira / yen amesêm iriban arang kaeksi / sinamun pangandika.
- Têmbung arum rumakêt amanis / tandukira angêngayuh driya / bias nuju ing karsane / priya myang marunipun / pina pangkas dennya nglêgani / susila anoraga / sêpi ing piangkuh / anget trahing dwijawara / bêtah nglapa karêm ing bangsa mastuti / asmara mring sasama.
“””PUPUH III”””
ASMARADANA
- Panêngah Dewi Ulupi / atmajanireng pandhita / Bêgawan Kanwa wastane / dhepok wukir Yasarata / endah rêspati warna / liringe anunjung biru / sumorot kadi kartika.
- Dhemês luwês mêrak ati / kadya pratima rinêngga / sarêntêg brambang awake / maweh brangta kang tumingal / liringe pindha wulan / tan pêgat maesmu guyu / kengis kang waja gumêbyar.
- Antênge wêkasan keksi / sumeh ing pamulunira / pantês yen amathêt lambe / ngiras mintonakêm waja / wangun tetesing toya / kataman baskara nawung / lir tranggana mrih sasana.
- Jaja wêlar wêwêg isi / gêmuh ingkang payudara / parigêl patrap solahe / kewês wêdaling wicara / tinut liringing netya / tandang tanduke rumêngkuh / mring priya myang marunira.
- Bias cawis amgladeni / kang dadi karêming priya / myang putra cethi sêdene / marma wong sa Madukara / ajrih asih sadaya / suyut tur mawa kayungyun / prabawa wijiling tapa.
“””PUPUH IV”””
M I J I L
- Garwanira Sang parta sumêndhi / ingkang cinariyos / Rêtna Gandawati kêkasihe / Sri Harjunayana kang sêsiwi / nateng Sriwêdari / ing warna pinujul.
- Dêdêg ngrompyoh sarira anglêntrih / amardawa tinon / kuning wênês wingit pasêmone / antêng jatmika ruruh yen angling / ing wiweka titi / kurang gujêngipun.
- Rema mêmak ngêndrawila wilis / rêrompyoh kang sinom / jangga lumung wêlar prajanane / maya-maya lir cêngkir piningit / anggêndewa gadhing / wijang baunipun.
- Wiragane ana nanging brangti / yen lumampah alon / mêmbat madya alêmês lambunge / angler tunjung / lumênggang ing warih / kasilir ing angin / weh gandaning rum.
- Susilengtyas sunawiteng laki / dumulur sapakon / kinawruhan maru sêsikune / winêweka winoran mêmanis / yen rengat pinlimping / ing wicara arum.
- Wasis salir pakaryaning estri / rerates kokonyoh / widadari Sang Dyah pagurone / winulangkên mring marune sami / mrih dadiya kanthi / ngladosi mring kakung.
“””PUPUH V”””
K I N A N T H I
- Garwa kang pamêkasipun / nama Sang Wara Srikandhi / saking nagari Cêmpala / raja ingkang asêsiwi / Sri Maha Prabu Drupada / ing warna tuhu linuwih.
- Jênar pasariranipun / kadi kancana sinangling / wadana nuksmeng sasongka / liringe galak amanis / budiman ingkang umulat / dhemês dêdêge rêspati.
- Gandhang kang wicara tanduk / gandhês kewês ngalayoni / tulus raharja ing driya / kalamun slanggapan angling / datan mawi tininggalan / sinambi ngliling dariji.
- Among lawan kakungipun / kalamun den andikani / patitis saulonira / cumondhong mapanken liring / sumeh asmu guyunira / gumêbyar kang waja kengis.
- Narawang lit thatit tarung / tumêmpyuh sumyur ngênani / curna prananireng priya / marma lamun den ladosi / marang sang putri Cempala / Sang Parta sandeya nangkil.
- Lawan sukaning Sang Ayu / maos sagung srat palupi / kang sekar Wisatikandhah / swara arum tan brêbêgi / kenyut sang gya kang miyarsa / yen sampun den wursitani.
- Bangkit pantes lan memangun / jumbuh ibkabg busanadi / tumrape marang sarira / ing warna tibaning wanci / nyamlênge tan pindha karya / dadya tuladhaning estri.
- Miwah marang para maru / rinasuk dipunslondhohi / nora keguh rinêngonan / gopyak-gapyuk den srowali / dadya nora bisa duka / lêjar lumuntur ingkang sih.
- Puwara momong angungung / marang Sang Rêtna Srikandhi / tuwin rising Danajaya / antuk babah denira sih / nanging Sang Rêtna Cêmpala / tangeh yen agêng kang kalih.
- Awit wus waskitheng tuduh / dadya denira malêsi / bêkti marang maratuwa / gumati mring Dewi Kunthi / pamujunge sabên dina / sakarsane den turuti.
- Yeka caritaning dangu / estri kang kanggep ing krami / nalikaning jaman purwa / wus kawilang yen utami / marma yogya pirinida / pakolehe pinarsudi.
- Pinangkat sakadaripun / kang kanggo ing jaman mangkin / ywa kongsi tanpa tuladhan / buwang caraning dumadi / bokmanawa tibeng papa / ina lupute pribadiyat.
- Tatas titising pangapus / gita wiyataning estri / saha maha prameng lukita / sarta tanggung ingastuti / waranta sri naranata / winastan srat Candrarini.