PUPUH I
SINOM
1. // Kang agnya gita sri nata / ing Surakarta nagari / Pakubuwana ping sanga / mangun wasitaning estri / ingkang cinitreng ari / Respati tanggal ping pitu / Jumadilakir wulan / kanem Be sangkaleng warsi / piyarsakna trusing kang sabda narendra //
2. // Liring kang wiyata arja / ujar ugering pawestri / kang winayuh dennya krama / yogya ngupakareng dhiri / majrenih mardiweni / wiwida gônda rum-arum / rumarah ngadi warna / winoring naya memanis / mangesthia ing reh cumondhonging karsa //
3. // Awit jenenging wanodya / pegat dennya palakrami / nistha nir kadarmanira / wigar denira dumadi / sami lan mangunteki / kang badhar subratanipun / punggel kaselan cipta / marma sagunging pawestri / marsudia widadaning palakrama //
4. // Den kadi duk jaman purwa / garwanta Sang Pandhusiwi / kang kocap layang wiwaha / lelima ayu linuwih / tiga putrining aji / kang kalih atmajeng wiku / pantes dadya tuladha / estri kang kanggeping krami / winursita dyah lima candraning warna //
5. //Kang sepuh Wara Sumbadra / saking Mandura nagari / atmaja Sri Basudewa / ing warna ngresepken ati / sumeh kang netra lindri / pasaja ing driya tangguh / semu kurang budaya / awijang dedeg respati / kuning wenes labete amung kepama //
6. // Tan pati ngadi busana / mangu kadung yen lumaris / jetmika arang ngandika / tan regu semune manis / lirih tanduking angling / lumuh ing wicara sendhu / amot mengku aksama / tuhune pribadi pinrih / setyeng priya datan lenggana sakarsa //
7. // Mring maru kadi sudara / rumesep tan walang-ati / sanadyan kurang budaya / legawa anrusing batin /winongwong widadari / labet kadangira Wisnu / marma Sang Dananjaya / pamengkune semu ering / marunira anggepe sami nyuwita //
8. //. Myang raka Sri Baladewa / miwah Prabu Harimurti / kalangkung ing tresnanira / marang Dyah Banoncinawi / kadang estri satunggil / kapisah panggenanipun / mila tansah anduta / wau sang narendra kalih / tanya warta mring Sang Retna Madubrônta //
PUPUH II
DHANDHANGGULA
1. // Garwa ingkang panenggak winarni / apeparab Dewi Manohara / saking pratapan wijile / putranira sang wiku / Manikhara ingkang palinggih / wukir tirta kawama / ing warna pinunjul / kadi gambar wewangunan / netra jait anteng pamulune manis / yen paes wimbuh endah //
2. // Nadyan ngusut yekti maksih manis / wônda luruh kang bau awijang / maya-maya sawangane / amardapa ngenguwung / kuning wenes masemu wilis / lir Hyang pudhak sinurat /katon warnanipun / tan pae pepindhanira / ôndakara kataweng ima manipis / rumamyang amradipta //
3. //Anyunari ingkang sitaresmi / kuciwane pan namung samatra / dene lugas gegelunge / ananging maksih mungguh / sarwa ramping sranduning dhiri / marmanta kurang madya / ing pambayunipun / lir tawon gung kang gumana / lambungira satata amilangoni / kadya sekar kintaka //
4. // Lathi dhamis anggula sathemplik / rekta kadya kang manggis karengat / kengis dening wiragane / waja amiji timun / rentet rampak ing pucuk kuning / kumilat wor wicara / weh kesar kang dulu / sarwalus sasolahira / yen amesem iriban arang kaeksi / sinamun pangandika //
5. // Tembung arum rumaket amanis / tandukira angengayuh driya / bisa nuju ing karsane / priya myang marunipun / pinapangkat dennya ngladeni / susila anoraga / sepi ing piyangkuh / enget trahing dwijawara /betah nglapa kareming bôngsa ngastuti / asmara mring sasmita //
PUPUH III
ASMARADANA
1. // Panengah Dewi Ulupi / atmajanireng pandhita / Bagawan Kanwa wastane / dhepok wukir Yasarata / endah respati warna / liringe anunjung biru / sumorot kadi kartika //
2. // Dhemes sedhep merak ati / kadi pratima rinengga / sarenteg bang-bang awake / maweh brônta kang tumingal / liringe pindha wulan / tan pegat maesmu guyu / kengis kang waja gumebyar //
3. // Antenge wekasan keksi / sumeh ing pamulunira / pantes yen amathet lambe / ngiras mintokaken waja / wangun tetesing toya / kataman baskara nawung / lir tranggana mrih sasana //
4. // Jaja welar weweg isi / gemuh ingkang payudara / parigel patrap solahe / kewes wedaling wicara / tinut liringing nitya / tandang tanduke rumengkuh / mring priya myang marunira //
5. // Bisa cawis angladeni / kang dadi kareming priya / myang putra cethi sedene / marma wong sa-Madukara / ajrih asih sadaya / suyut tur mawa kayungyun / prabawa wijiling tapa //
PUPUH IV
MIJIL
1. // Garwanira Sang Partasumendhi / ingkang cinariyos / Retna Gôndawati kekasihe / Sri Arjunayana kang sesiwi / nateng Sriwadari / ing warna pinunjul //
2. // Dedeg ngropoh sarira anglentrih / tur mardapa tinon / kuning wenes wingit pasemone / anteng jatmika ruruh yen angling / ing wiweka titi / kurang gujengipun //
3. // Rema memak ngendra wila wilis / ngrarompyoh kang sinom / jôngga lumung welar pranajane / maya-maya lir cengkir piningit / anggandhewa gadhing / wijang baunipun //
4. // Wiragane anenangi branti / yen lumampah alon / ngembat madya alemes lambunge / anglir tunjung lumengganging warih / kasiliring angin /wah gandanirarum //
5. // Susileng tyas sumawiteng laki / dumulur sapakon / kinawruhan maru sesikune / winaweka winoran memanis / yen rengat pinlimping / ing wicara arum //
6. // Wasis saliring karyaning estri / reratus kekonyoh / widadari sang dyah pagurone / winulangken mring marune sami / mrih dadia kanthi / ngladeni ing kakung //
PUPUH V
KINANTHI
1. // Garwa kang pamekasipun / nama Sang Wara Srikandhi / saking nagari Cempala / reja ingkang asesiwi / Sri Maha Prabu Drupada / ing warna tuhu linuwih //
2. // Jenar pasariranipun / kadi kancana sinangling / wadana nuksmeng sasôngka / liringe galak amanis / budiman ingkang umulat / sedhet dedege respati //
3. // Gandhang kang wicara tanduk / gandes kewes anglayoni / tulus raharjaning driya / kalamun slanggatan angling / datan mawi tiningalan / sinambi ngliring dariji //
4. // Amung lawan kakungipun / kalamun den andikani / patitis saulonira / cumondhong mapanken liring / sumeh esmu guyunira / gumebyar kang waja kengis //
5. // Narawung lir thathit barung / tumempuh sumyur ngenani / curna prananireng priya / marma lamun den ladosi / marang Sang Putri Cempala / Sang Parta sande anangkil //
6. // Lawan sukane sang ayu / maos sagung srat palupi / kang sekar Wisatikandhah / swara arum tan brebegi / kenyut sanggyaning miyarsa / yen sampun den wursitani //
7. // Bakit mantes lan memangun / jumbuh ingkang busanadi / tumrape marang sarira / ing warna tibaning wanci / nyamlenge tan mindho karya / dadya tuladaning estri //
8. // Miwah marang para maru / rinasuk dipun slondhohi / nora keguh rinengonan / gapyak-gapyuk den srowoli / dadya nora bisa duka / lejar lumunturing kang sih //
9. // Puwara momong angugung / marang Sang Retna Srikandhi / tuwin Risang Dananjaya / antuk babah denirasih / nanging Sang Retna Cempala / tangeh yen ageng kang galih //
10. // Awit wus waskitheng tuduh / dadya denira males sih / bekti marang maratuwa / gumati mring Dewi Kunthi / pamunjunge saben dina / sakarsane den turuti //
11. // Yeka ta cariteng dangu / estri kang kanggep ing laki / nalikane jaman purwa / wus kawilang yen utami / marma yogya pinirita / pakolehe pinarsudi //
12. // Pinangkat sakadaripun / kang kanggo ing jaman mangkin / ywa kongsi tanpa tuladan / buwang caraning dumadi / bokmenawa tibeng nistha / ina lupute pribadi //
13. // Tatas titising pangapus / gita wiyataning estri / sang maha prameng lukita / satetanggung ingastuti / waranta sri naranata / winastan srat Côndrarini //
PUPUH VI
POCUNG
1. // Dyan pinucung mastuti rehing pitutur / esthining wardaya / memudhar wedharing budi / braminteng tyas taman kendhat analôngsa //
2. //Ruwiyanung amarna reh garwanipun / Arya Dananjaya / maksih sakawan winarni / padmi kalih kekalih pangrembenira //
3. // Kang tinutur rumuhun dyah kang jejuluk / Dewi Manikarja / putrane jawateng warih / ajejuluk Pukulun Sang Hyang Baruna //
4. // Tuhu punjul warnanta sang kusumayu / prasajeng lelewa / jenar pasariran gilig / maya-maya tinon lir sarpakenaka //
5. // Dedeg ngrangkung yen lumampah lengkung-lengkung / amucang kanginan / netra jait naya lindri /imba layu malengkung kadi wangkawa //
6. // Pindha juruh eseme winor lan tanduk / arum ngarah-arah / rumaket resep tarampil / liringira lir thathit barung lan kilat //
7. // Ambek sadu jatmika ing driya tangguh / bekti marang priya / susila anut sakapti / kinawruhan rengune maru lan garwa //
8. // Lir sadulur rumengkuh atut aruntut / tan ana rinengat / mring maru nir walang-ati / bisa karya gambuhing wardayanira //
PUPUH VII
GAMBUH
1. // Garwa ingkang kapitu / Dyah Maeswara panenggakipun / sang sudewi putri saking Argadani / yoganing sang maha wiku / Sidhi Wacana kinaot //
2. // Sama-samaning wiku / sang retna tuhu warna pinunjul / anyunari tinon lir pratima gadhing / lekering wadana mancur / kuning mawenes cumlorot //
3. // Wandanira sang ayu / dedeg pidegsa sarira pupuk / weweg musup turut saranduning dhiri / amardapa sri ngenguwung / pindha sasôngka mancorong //
4. // Balerah netra cancut / idep rampak rentet nengeng luhur / roning imba alisnya ketel tur langking / kang athi-athi malengkung / mring karna ngrompyoh kang sinom //
5. // Waja tetesing ranu / sumorot pindha kartika nawung / kengis lamun wicara linuding liring / saengga kilat mrih dunung / weh kesaring tyas kang tumon //
6. // Tanduk atuntung guyu / luwes wilet sasolahe patut / lelewane satata amilangoni / beksanta susileng kakung / jatmika anut sapakon //
7. // Miwah mring para maru / rumaket resep tan darbe rengu / sih-sinihan wus kadi kadang pribadi / suka pirena sadarum / marang ing dyah garwa anom //
8. // Sumungku mring marsepuh / marang garwa pangrembe sih mengku / dadya runtut runtungan saeka kapti / padmi pangrembe aguyub / tan pegat tyaseagolong //
PUPUH VIII
MEGATRUH
1. // Sampating kang cariteng garwa pepitu / ingkang minôngka pademi / garwa pangrembe winuwus / lire pangrembe pan selir / kekasihe kang sawiyos //
2. // Retna Rarasati parabe sang ayu / niken sutane patinggi / Ki Ontagopa pepangul / bawahing Mandura nagri / Widarakandhang ran dhukoh //
3. // Warna punjul kadi lepiyan winangun / dadya angebat-ebati / labet tinggal bapa biyung / ambesat citranta luwih / kadi sasôngka duk miyos //
4. // Dedeg sedheng pidegsa sarira lurus / wonda jenar anyunari / anglir kancana ginangsur / wadana lancap aresmi / ujwalanira sumorot //
5. // Netra jait baranyak sumeh pamulu / gandhang kang swararum manis / sasolahe teka patut / dhemes pantes merak ati / gandes luwes yen miraos //
6. // Liringira lir siring ingkangkilat pyuh / sembada utameng budi / susila anuting kakung / myang maru tan walang-ati / resep rumaket sumlondhoh //
7. // Tepung rukun tan ana kang darbe rengu / karana waskitheng budi / tan kewran ing agal alus / sanadyan wijiling alit / tan pae atmajeng katong //
8. // Amumpuni kretarta ing driya tangguh / pasanging graita lantip / sang retna pakaryanipun / bawani sagung sesaji / dhadharaning priya among //
9. // Sarwa wasis masalah pangolahipun / dhadharan kang adi-adi / cara Suralaya patut / wulanganing widadari / mawarna-warna kinaot //
10. // Sumawana sang retna rikaleng dangu / parekanira sang dewi / Wara Sumbadra sih lulut / nyuwita saeka kapti / myang kadang tunggil pasuson //
11. // Marma marunira sadaya tumutur / tresna lir sayayah bibi / Sang Parta kasok sihipun / sira dyah sumungku bekti / tan kumambang lair batos //
PUPUH IX
MASKUMAMBANG
1. // Pamekase garwa pangrembe winarni / putri beboyongan / saking pulo Rajapethi / putri Sri Sasrakusuma //
2. // Apeparab Sang Retna Dewi Sulastri / tuhu yu utama / legawa anrusing budi / susila solah pasaja //
3. // Wônda jenar semu wilis netra lindri / jatmika nuraga / tanggon pamulune manis / wenes ijo amardapa //
4. // Dedeg ngronje awija kang buja gilig / turut lumung jôngga / madya pambayunnya kadi / gadhing tinon maya-maya //
5. // Rema memak lemes ngendra wila wilis / imba lir wangkawa / wiragane ngincang alis / binar myang esem nyarkara //
6. // Maweh brônta kang tumingal sang retnadi / kadi singa lupa / lampahing pada tanduking / amembat lambung lir beksa //
7. // Pambuncanging asta anggandhewa gadhing / amanyura kontal /satindak mangu manolih / kadi rebah kabaratan //
8. // Ambeksanta setya tuhu marang gusti / dumulur saprentah / sumala marmanta asih / sang arya myang para garwa //
9. // Dhasar nguni minôngka patiba sampir / sang dyah lan curiga / wasiyat ran Pulanggeni / dadya srananing pangantyan //
10. // Tan pepeka pra maru sadaya asih / saben sinusupan / karsane sawiji-wiji / wijahing budi raharja //
11. // Pakaryanta sang kusuma ambawani / busaneng sang arya / tuwin Dyah Banoncinawi / myang Raja Putri Cempala //
12. // Katiganya Retna Dewi Gôndawati / marma dyah katiga / rumesep sengseming asih / rahap-rumahap sadaya //
13. // Pangrengkuhe mring Retna Dewi Sulastri / rumaket lir kadang / kang anunggal yayah bibi / tan kaba-kaba ing driya //
14. // Ing pamarah pamuruke kang kranaris / samatra tan môntra / yen maru maroning laki / tangeh rengu rengating tyas //
15. // Mandar panyiptane pra garwa pangarsi / mring Sulastri Retna / ingaken kadang wuragil / linaela pinilala //
16. // Nanging ciptanira putri Rajapethi / tanna pisan-pisan / ugungan agunging galih / malah susila ngawula //
17. // Sungku sungkemira kamantyan jrih asih / mring maru kang wredha / pan samya inganggep gusti / kinawruhan sowang-sowang //
18. // Bisa mangkat ing parikrama basaris / rumeseping prana / nadyan antenging patitis / netes rumanti ing driya //
19. // Tan kumendel kumandel kendeling budi / nyenyama utama / yen sam atmajeng aji / malejeri ing prajarja //
20. // Ing sarambut aran nora anglabeti / cipta kang mangkana / mung kumawula anggusti / cumadhong cadhanging karsa //
21. // Siyang dalu mung nedya rumagang kardi / sumurup rumahab / sumusup rumesep ngati / atetes satiti tata //
22. // Dene marang samane garwa taruni / mring Ken Rarasatya / rumemen dennya nglumuhi / atut runtut tan kena sah //
23. // Tan kemeron yen maron maru sinelir / pangrehing pangarah / sakaroron nunggal kapti / lerem rehing pasudaran //
24. // Mong-ingemong tan semang-semang salami / sama parimarma / narima kadarman kalih / amot memet ing utama //
25. // Dadya Sang Dyah Sulastri ing siyang ratri / katrem sinagotra / pinitresna sang suputri / putrine Sang Pandhuputra //
26. // Ganti-ganti denira angrumanteni / mematah pakirtyan / sangkep ikating pangrakit / tuhu tyas pasthika maya //
27. // Marma sagung cethi parekan ban sami / yam-yamen umiyat / ambeking Retna Sulastri / setya legawa ing karsa //
28. // Maring dasih tansah mangangsungi ing sih / ing karsa arsaya / marma pra dasih jrih asih / sumusup samya rumeksa //
29. // Amemudya karaharjaning dumadi / dumadining sedya / sedyaning wong gurunadi / nadi sudiya rumabda //
30. // Para maru memeruha ing pangarih / nuruh manohara / aruma lir sari-sari / rumaras rehing sarira //
31. // Kinaruha dera Sang Wara Apsari / memurih nyudara / rem-rema rehing aurip / iswara kowaraningrat //
32. // Papas papal palupi kang rinarepi / panjurung wuwuhan / garwanta Sang Pandhusiwi / sanggyaning para wanodya //
33. // Ngastutia tata-tataning pawestri / rehing palakrama / ngemu malaku utami / telada kang kacarita //
34. // Den asabar sadu darana ing budi / ngawula ing priya / suprihen waluya jati / aja ngegungken wanodya //
35. // Sayektine kudu surti ngati-ati / nastiti ing tata / ngawruhi ambeking laki / lakonana tarak brata //
36. // Aja kurang samapta tataning kapti / rumanti ing patrap / pinataha kang patitis / pantesen pangruktinira //
37. // Lawan kudu den bisa nuju ing laki / apa kang sinedya / lamun ora bilaeni / iya kalaren kewala //
38. // Nadyan kina marua ing sanga sisih / aja pisan-pisan / nganti sakseriking laki / terusnadaleming driya //
39. // Aywa cipta panas mring marunireki / mandar surupana / supaya lulus lestari / utama panemunira //
40. // Sawatara den bisa angirib-irib / nelad labuhannya / garwane Sang Pandhusiwi / widadaning palakrama //
41. // Mongka iku putrane para narpati / myang suteng pandhita / tan pae darahing luwih / tapa lan amengku praja //
42. // Suprandene tan môntra-môntra nglabeti / yen darahing tapa / miwah darahing narpati / sungku sungkeming ngawula //
43. // Maring laki pangrengkuhing batharadi / ngudi kawidadan / jrih teruse lair batin / cundhuk cumondhong ing karsa //
44. // Marma para kenya eling den aeling / ngelingana nulad / laladaning wanodyadi / sedya angudi widada //
45. // Yekti abot pratikele wong akrami / aywa anggegampang / amiyagah ing pambudi / luput pisan kena pisan //
46. // Lamun gampang sayektine luwih gampil / yen angel kangelan / tan kena tinambak warni / myang tinambak rajabrana //
47. // Titi tamat panitranireng ratyadi / kang mongka pralambang / palupining pra kenyadi / raharjaning palakrama //
48. // Amarengi ing ari Anggara Kasih / candrama sutresna / pralikan Rabingulakir / kayuman warsa Jimawal //
49. // Sayogyane kenya mangesthia jati / lambanging sangkala / rikala manurat jari / mangayubagyeng wasita //@@@