Kalatidha Wali Rasa
Gubahanipun Sang Pujangga Ageng
R.Ng. Ranggawarsita

Ingkang nyuplik:
R. Tanoyo
Pambuka
Serat Kalatidha ingkang kaiket mawi sekar Sinom 12 pada punika karanganipun R.Ng. Ranggawarsita nalika tahun 1769 Kawi, alamipun Sri Pakubuwono VII.
Suraosipun serat Kalatidha punika, minangka panyandra kawontenan obah-osik utawi galagating praja, duk panjenengan dalem Sri Pakubuwono VII, papatih dalem Raden Adipati Sasradiningrat ingkang sumare Imagiri.
Nalika tahun ± 1780 Jawi, serat Kalatidha kapendhet suraosipun namung ingkang dados panyandra kawontenaning praja kemawon, kagubah mawi sekar Pucung, kalebetaken ing Jangka Jayabaya, kangge mungkasi kawontenanipun jaman Kalabendu, ingkang kaseselaken wonten ing serat Cebolang, inggih punika gegubahan panjaturing purwakanipun serat Centhini, dening R.Ng. Ranggawarsita; dene suraosipun serat Kalatidha ingkang namung dados panyandra raos-pangraosipun Sang Pujangga piyambak, katilar boten kalebetaken ing Jangka Jayabaya. Kajawi saking punika suraosipun serat Kalatidha, ingkang dados panyandra kawontenaning praja, ugi lajeng kagubah kawali-rasa, lestantun sekar Sinom, minangka panyandra kawontenanipun jaman Mataram duk panjenengan dalem Sri Sultan Agung, ugi kaseselaken wonteng ing serat Cebolang, dening R.Ng. Ranggawarsita.
Ing ngriki kula cuplikaken:
-
Suraosipun serat Kalatidha, gubahan sekar Pucung, ingkang kalebetaken ing Jangka Jayabaya, ingkang kawrat ing serat Cebolang, minangka panyandra kawontenanipun jaman Surakarta, alamipun Sri Pakubuwono VII.
-
Suraosipun serat Kalatidha, sekar Sinom, ingkang namung dados panyandra raos-pangraosipun Sang Pujangga piyambak.
-
Suraosipun serat Kalatidha, ingkang kagubah kawali-rasa, taksih lestantun sekar Sinom, minangka panyandra kawontenanipun jaman Mataram, alamipun Sri Sultan Agung.