PUPUH I
ASMARADANA
- // Ingsun amimiti amuji / anambut namaning Sukma / kang murah ing dunya reko / ingkang asih ing akerat / maring mumin sadaya / kang rumaksa ing alam iku / kang asih Nabi Muhammad //
- // Purwaning ingsun angawi / duk ana ing Batawiyah / akampung Banjar dhukuhe / ing dina Kemis punika / diweg tanggal ping lima / sasi Sawal wulanipun / ing tahun Jim kang awal //
- // Manira milu angawi / anembagaken carita / tan weruh ing tindha – tandhuke / anembang Asmaradana / sastrane tun aliwat / asala ing wong / minda dugong / balilu tur lewihana //
- // Den sami angawikani / carita istri ginita / marmane ginurit mangko / wong istri bakti nang priya / ayunira kalintang / asmarah sira arungu / tuture istri mulya //
- // Putraning nabi sinelir / wastane Ratu Patimah / endah warnane yekti non / cahyane mancur mamadhang / kadi wulan purnama / kadya widadari turun saking sawarga adi mulya //
- // Abakti maring Yang Widi / sarta ajrih maring priya / nastiti tata sramane / sarta tetep ing agama / yen ratu asambahyang / anyipta ayah lan ibu / iku lampah kang utama //
- // Tatane reke tan dhingin / ayune mangalam dunya / lan baktine ing Yang Manon / Nabi aris angandika / pituturing kang putra / E, Patimah anak ingsun / abaktiya maring priya //
- // Tilawat sira lan dikir / aja pegat anenedha / rahina / alaum reko / tobata sira ja pegat / iku lampah kang utama / ing siyang kalawan dalu / dene tunggala ing karsa //
- // Den bakti sira ing laki / rumasaha yen gancaran / saking asihing Yang Manon / lamun sira lulungguhan / kalawan lakinira / aja ajajar alungguh / mapan agung dosanira //
- // Den ajrih maring Yang Widi / mring laki nira /dongeng / den nastiti awakira / den kadya angawula / ajana ingkang kadulu / anunggala manahira //
- // Aja sira nyannyarengi / yen laki lagi adhahar / atawa andhingin sako / pan sasat sira ta jinah / agung temen dosa nira / cinawisan siksa agung / ing tembe ngari kiyamah //
- // Yen ana ujaring laki / aja sira sambarana / den cawisi pahing pakon / aja angliruksaken ujar / lan aja sira sasaban / lamun arep lunga iku / amita ing laki nira //
- // Manawa tan suka Nyahi / aja surang ing wong lanang / rahina ing wengi reko / cawisa sajia / den kadi angawula / yen ta kaya tatamu / den umanis ulatira //
- // Aja langgana ing laki / pituturing kabecikan / yen sira ing ngundang reka / cawis age sumahura / tumuli sira / prapta / aja sira api tambuh / Manawa laki duhita //
- // manawi wasana kaprapti / adoh sangkane punika / aglis suguhena reka / den arum pangucapira / den lindri ing wacana / sapanen den gupuh-gupuh / iku lampah kang utama //
- // Lampahena dipun yakti / lamun sira jinalukan / yen duwe sungena age / yen tan darbe awakira / den aglis sumahura / kawula anedha ampun / para saben Gusti hamba //
- // Anedha asihing laki / pangampune wong lanang / ing dunya akerat sako / apuranen dosaningwang / panedhaning kawula / dening agung sigug luput / kalangkung ajrih kawula //
- // Lamun ingajaka aguling / aja langgana ing karsa / manawi dadi manahe / pan agung doraka nira / sarehna raganira / angabakti rumuhun / manawi seneng doraka //
- // Karana wong istri iki / ing nembe ari kiyamah / manjing maring sawarga amarga sihing wong lanang / sakehe kang amit arsa / sami weruhena ing tutur / supaya agama Islam //
- // Yen sira sampun aguling / anedha apangapura / ing laki nira amangko sampunira mangkana / wasuhena raganira / sarta angambil toya wulu / ilang ganda kari rasa //
- // Wonten siwi nuwus malih / istri ayun bakti priya / Mutasiyah jujuluke / luwih sanget bakti priya / She Ngarip namanira lewih / sanget tapanipun / bakti Ngalah Rasullulah //
- // Lan bener tokiding ati / marang Kang Maha Mulya / saban enjing karyane / dhateng ing penepenira / yen sore masuka / sira saking dhukuhe puniku / dyata nalikane sira //
- // Seh Ngarip prapta tumuli / gupuh Dara Murtasiyah / ngambil toya amangko / arsa sira masuhana / ing sukunbe kakungira / Nyahi sampun nulya sujud / ing arasing pada nira //
- // Tumulya amatur aris / ature maring kang raka / E, Panutan hamba mangko / ing dunya tekeng akerat / kang amarentah ing hamba / anedha ampura tengsun / sakehe dosa kawula //
- /Seh Ngarip sumahur aris / iya ingsun angapura ing dosa nira sakathah / lamun ora dosa nira / pan sira nora dosa / balikan bakti ing kakung / lawan ing Pangeran //
- // Lan moga sira mas yayi / manjinga ing sawarga / ing bektining dening Yang Manon / lamon moga rinaksa / saking siksa naraka / sampun alamipun iku / Murtasiyah awewerat //
- // Seh Ngarip amuwus aris / sarwi angarasing garwa / dduh mas mirah jiwaning wang / lamon anakira lanang / arananan Kiyamat / puniku wewekas ingsun / lamun mijil istri ika //
- // Aranana Candra Dewi / matur Dara Murtasiyah / hamba ngestokaken / ing sawewekase Tuwan / mapan hamba wanita / ing mangke salaminipun / kaparentah dening priya //
- // Seh Ngarip kesah tumuli / marang ing panepenira / sasampun alami ta mangko / ana ing panepenira / tan pegat bakti nira / maring Yang Kang Maha Luhur / pan sampun alamira nira //
- // Warnanen kang aneng wuri / sampun sira apuputra / estri dahat ayu reke / mapan mangke ing aranan / si Candra Dewi ika / dening ibu nira iku / sawewekase kang raka //
- // Mangke amiyarsa warti / Seh Ngarip yen darbe putra / alipat suka manahe / tumulya mantuk ta sira nyata satinggalira / Dara Murtasiyah iku / lamun kakungira prapta //
- // Tumulya aglis angambil / toya ing kendi saksana / arsa masuhana mangko / ing padane lakinira / sawuse winasuhan / ing ngusapan lawan rambut / tur sarwi ingaras pada //
- // Nulya matur Raden Dewi / ature maring kang raka / E, Panggulu Gusti ningngong / hamba anedha sih Tuwan / hamba pinta punika / ampura Tuwan pukulun / Seh Ngarip alon angucap //
- // Ingsun angapura yayi / lamunan dosanira / mapan nora dosa mangke / balikan yayi maring wang / ing mangsa kakung ta sira / Seh Ngarip aglis tumurun / alam du king puputra nira //
- // Ingkang nama Candra Dewi / ingkang asta punang garwa / annuli den aras mangko / Raden Dewi Murtasiyah / amundhut dhaharan / denaturaken ing kakung / Seh Ngarip nulya dhahar //
- // Dara Murtasiyah cawis / sarta mangke ingkang putra / ing joge iku parnahe / tur sarwi aulah pandam / dyata Tuwan kang pandam / telas mangke sumbunipun / tanpa cahya punang pandam //
- // Dadi osike ing ati / dening sun mangke lungaa / angalap sumbu ing mangko / atemah rare punika / yakti dadia duka / lan malih Seh Ngarip iku / nalikane lagi dhahar //
- // Karana kocaping kadis / sing sapareke wanita / kang atinggal ing lakine / nalikane lagi adhahar / mangka wong wadon ika / antuk bebedon Yang Agung / lan bebedon Rasulullah //
- // Aglis nulya angalap saking / yayi Dara Murtasiyah / arsa nugel rema mangko / tumulya anugel / watara pitung lembar / anulya kinarya sumbu / dadi cahya punang pandam //
- // sampun tutug denya bukti / Seh Ngarip aris ngandika / ika garwa paran mulane / aweha pandam punika / ing wau ayun pejah / garwanira aris matur / karanira ayun pejah //
- // Dening telas sumbu neki / karanipun ayun pejah / hamba nugel rambut mangke / watara pitung-pitung lembar / kathahing punang rema / kang kawula karya sumbu / dadi cahya punang pandam //
- // Seh Ngarip amuwus aris / Eni Dara Murtasiyah / sing panggawe nira mangko / ing mangsa kang wus kaliwat / aweh weruh marang wang / mapan sinalinan sampun / rema pinggiring wadana //
PUPUH II
S I N O M
- // Seh Ngarip lingira mojar / Dara Murtasiyah yayi lunggaa sira den inggal / saking wisma isun iki / tan arasipun yayi / kagunan sira puniku / dene andhingin karsa / Murtasiyah nuwun aris / Ya Molana Tuwan panutan hamba //
- // Mapan ngabdi tuwan / She Ngarip amuwus aris / ajana keyan rarasan / lungaa sira den aglis / sira saking dhukuh mami / tan sedhihipun angrungu / maring rarasan nira / Raden Dewi muwus sira / Ya Molana Seh Ngarip Gusti kawula //
- // Ing dunya tekeng akerat / yen kena kawula Gusti / amomongi putra Tuwan / amasuhi uyuh tahi / juru bethek mamatengin / She Ngarip asru amuwus / isun bisa angraksa / isun bisa mamatengin / nulya ngalap Seh Ngarip katekenira //
- // Tineken penjalin tingal / anulyan sira ginitik / Nyahi Dara Murtasiyah / tiba klenger kapati / datan embuh ing dhiri / nyata ing satepinipun / sarwi angusap waspa / nulya matur welas sih / Ya Molana Seh Ngarip Gusti kawula //
- // Ing dunya tekeng akerat / ampuranen dosa sasami / Kyahi Gusti kawula / tan karya lampahing kandhih / punika dosa kawula / Seh Ngarip angandika asru / aja kakeyan rarasan / lungga sira den aglis / ora sudi ngarungu pangucapira //
- // Den warnanen polahira / Dara Murtasiyah / liwat dening kawelas arsa / aglis sira amarani /maring putra nireki / den aras sarwi pinengkul / anulya amemekas / anakipun Candra Dewi / ingsun lunga yen kena bangkit kari ngawula //
- // Lamun rawuh rama nira / saking panepen nireki / gupuh angambila toya / ing sang sira raden aglis / wasuhana tumuli / sukune rama nireku / yen sampun winasuhan / angambila sira nini / dhadhaharan aturana rama nira //
- // Ingsun iki wus den buwang / dening paman nira Kyahi / dening doasningwang / imu mangke karan neki / ingsun den tundhung nini / dening ramaning reku / pon wewekas ingwang / den becik sira / sigra amit sarwi asung kendhi padha //
- // Nyata serat nora medhal lungane sarwa anangis / Raden Dewi Murtasiyah / melang maring putra neki / lampah mandheg anolih / rasa-rasa mandheg dangu / kaya ora tumindaka / katon kang aneng wuri / ampuranen ing pinupuwan dhandhanggula//
PUPUH III
DHANDHANGGULA
- // Murtasiyah lungane anangis / kang den sedya dhukuhe kang rama / ayun apamit karsane / Seh Akbar wastanipun / ibu nira wasta nireki / Rabingah Adawiyah / Seh Akbar punika sadarajat waliyulah / sampun limpad tapane pan sampun dadi / sampun abadan sukma //
- // Ki Seh Akbar wuwuse amanis / ingkang garwa nyahi anakira / semu prihatin tekane / lawan orana rawuh / baya ana sebabe prapti / nyahi inebana lawang / mapan ora arus dulu / anulungin wong doraka / aja sira sungi manjing kori / balikan konen lunga //
- // Satekane sajabaning kori / den tinggali mineb lawangira / dyata anguwuh-uwuh age / E, Tuwan Rama Ibu / hamba nedha winengan kori / karana dhateng hamba / ing tuwan pukulun / dening hamba binedonan / den tinundhung dening mantu tuwan uni / sabab dosa kawula //
- // Ki Seh Akbar angling ismu runtik / awalnya sira isun ora / arsa ngarasake / sira kari sataun / mapan sira wus ucul nini / saking parentah / wong Mekah puniku / amarentah ing sira / Ki Seh Ngarip kang duwe kukuman nini / lah lungaa den enggal //
- // Saking dhukuh isun sira nini / karana isun wedi maring Ngalah / lawan maring Ngutusane / Nyahi Dara amuwus / aturira amelas asih / syarane pegat-pegata / atemahan liput / dening lesu tan adhahar / tan anginum dyata tatkalane angling / matur ing rama nira //
- // Ya Molana Rama Ibu mami / lawan Tuwan tan sudi ing hamba / hamba nedha toya bae / sawa lesung pukulun / tigang dina lan tigang wengi / kawula tan adhahar / tan anginum / banyu kaliwat kasatan / lesu lupa dening mentas anusoni / ing putra jengandika //
- // Ibu nira sahure aririh / ismu tangis wijiling wacana / tan kena den tambak luhe / dhuh Gusti anak ingsun / Nyahi rara sawiting kami / awelas maring sira / babu anak ingsun / dening sun ajrih kaliwat / maring rama sira isun Gusti Nyahi / lungaa sira den enggal //
- // Nyahi Dara nulya asung bakti / Rama Ibu lah Tuwan kantuna / hamba atur amit mangke / aris lampahnya durung / lunga nira sarwi anangis / manjing ing wana priga / durgamba tan ketung / tansah anutuh sarira / den jejaluk sarirane den ubangi / doraka temen para //
- // Manjing alas metu las singgih / pring abaya reke tan ketung / ning wus lampus manahe /pahnya lon ndarung / pan lumampah rahina wengi / tansah amangwang raga / sarirane iku / tan liyan kakatingalan / anging Allah tingale dening kesinggih / sampun anyipta pejah //
- // Buron alas akeh padha prapti / aneng ngarsa aneng wuri nira / kadya ngateraken mangko / ing ayun kadya tuduh / marga sampun jurang angawit / sela nungkuli marga / kaliwat asingup / merak menyat asahuran / pangidepe kadya reke mituruti / kadya aken wangsula //
- // Pring adhapur munggeng kanan keri / kadya napa wuluh pang kapinancu / aren ababanjaran / mendhungin asingup / awor lawan ampak-ampak / gerebege sawaraning ampu wana prapti / kadya nempuhing sira //
- // Kalunta-lunta lampahnya lumaris / jurang sengkan lebak kedalanan / semu kalesun lampahe / mapan salaminipun / kesahira datan abukti / datan anginum toya / sarirane lesu / tan kandheg denya lumampah / nulya reren ing sela denya alinggih / sasoring kayu teja //
- // Waktu Luhur mangke sampun lingsir / nulya turunira alolonan / ayun asalat karsane / anging nora banyu / kang kinarya abdas susuci / lor kulon adoh wetan / ora nemu banyu / dyata nulya maca dunga / anenedha sarta jujung tangan kalih / matur Ingkang Wisesa //
- // Ya Ilahi Molana Gusti / Ya Tuwan kang Purba Wisesa / Angawruhi Jagat Kabeh / Tuwan sungena banyu / kawulane kang ina lewih / hamba ayun asalat / tan amanggih banyu / dungane pasthi narima / dening Ngalah nulya kinekan tumuli / mangguh ing Ngarsa nira //
- // Maligene sarta toya wening / aneng arsa Nyahi Murtasiyah / nulya ngambila abdasa age / angucap jeroning kalbu / paran baya sun karyanya maping / pan najisnya maping ingwang / dening uyuhipun / Candra Dewi anak ingwang / nyata Ngalah aken Jabarail / manjinga ing Sawarga //
- // Angambila nyamping den aglis / pan sungena ing kawulaningwang / kang bakti maring lakine / konen anganggo iku / lan usapen rarahine / ika lawan elarira / Jabarail gupuh / nulya manjing ing Syaga / nyata ngambil panganggo / kang adi lewih / sinunga dening sira //
- // Nyahi Dara mangke nambut aglis / nulya nganggo wastra saking Syaga / nulya ngakat salate / pareng lan takbiripun / ngalam papat kang dipun rincik / sarengat lan tarekat / lan hakekat tan ketung / maripat mapan sampurna / wus kawayang sembahe nora kalingling / angling anak kang purba //
- // Nulya tutug salate lumaris / aweh salam maring jin malekat / miwah mukmin sakabeh / sasampunira tutug / denya salat Raden Dewi / Jabarail angucap / lawan elaripun / sarta karsaning Pangeran / wadanane Murtasiyah nulya asalin / kadi sasi purnama //
- // Sarirane nir emas sinangring / gilanging dunya kadya lilidah / lindri jaide karane lir lintang asusun / rema / panjang memek awilis / lathi manggis karengat / sapolahe nguyu / kaya dudu jroning dunya / ing warnane Jabarail //
- // Marmaning Yang maring sira iki / akon mulih maring laki nira / amuktiya sira mangke / nyata tumulya wangsul / tan kawarna sira ing margi / aglisa ing lampahira / anulya anjujuk / ing dhukuhe rama nira / Ki Seh Akbar pan sampun derajat wali / kepanggih eneng Langgar //
- // Murtasiyah satekaniki / ing dhukuhe rama ibu nira / sami alinggih karone / ing masjid denya lungguh / Nyahi Dara amuwus aris / Ya Tuwan hamba tanya / pundi dhukuhipun / Ki Seh Ngarip namanipun / I Seh Akbar tumuli sumahur aris / babu wong ngendi sira //
- // Warnanira reke ayu lewih / paran alakoning marana / kon aken anak ingngong / ASeh Ngarip dhukuhipun / Nyahi Dara sumahur aris / hamba andhatengena wewekasipun / Nyahi Dara Murtasiyah / dhateng Tuwan lawan maring Ki Seh Ngarip / Ki Akbar ngandika //
- // Murtasiyah mangke muwus aris / Ya Molana pundi putra Tuwan / ing paran karsa lakune / tanana kang dedunung / panabdane dhateng Seh Ngarip / kalawan dhateng Tuwan / ampuranen tengsun / sakehe dosa kawula / dening Ngalah Seh Akbar amuwus aris / lah pened teka pena //
- // Wewekas anak ingsun nini / nulya amit Dara Murtasiyah / lumaris ika lampahe / tan kawarnaa lampahipun / aglis prapta ing dhukuh neki / Ki Seh Ngarip kepanggih saweg alinggih / lagi angaji Kur’an //
- // Syarane arum amanis / ing sorambi enggonya tilawat / Nyi Dara alon lampahe / prapta sarwi tumungkul / pan kagugu sajroning ati / polahe kakangira / Murtasiyah muwus / aris wijiling wacana / E, Kyahi mandheg sasawang ta angaji / hamba atanya Tuwan //
- // Ing pundi dhukuhe Seh Ngarip / parnahira Seh Ngarip tumingkul / lajer ana ing dadayohe / den lingkep Kur’annipun / Ki Seh Ngarip muwus aris / paran mula atanya / maring dhukuh ingsun / Seh Ngarip inggih kawula / paran karsa anakok-kaken Seh Ngarip / punika aran hamba //
- // Nyahi Rara wuwuse amanis / karana hamba dhumateng ing Tuwan / awiyos hamba kinengken garwa jengpukulun / Murtasiyah wewekas neki / nedha pangapura / dhateng Tuwanipun / sakehe dosa ika / apuranen lan Tuwan akena rabi / dunya tekeng akerat //
- // Ki Seh Ngarip wuwuse amanis / Nyahi Rara andika linggiha / kawula ajeng tataken pundi pernahipun / rabi hamba puniku / Murtasiyah angucap / tanana kang den dunung / anut paran suku nira / Ki Seh Ngarip kajaran dadayoh iki / tambuh-tambuh polahira //
- // Murtasiyah pan mesem ing ati / aningali maring laki nira / Seh Ngarip alon ujare / amanis raharum / sesemune angalap ati / maring tatamu nira / awor tindak – tanduk / mas sang garwawong / ayu muda akon mas yayi dadya ganti / yen patut karsa dika //
- // Murtasiyah nulya muwus aris / E, Kyahi punapa karsa ndika / Tuwan angucap mangkono / angucap ingkang dudu / dudu randa wulanjar mami / mapan dudu wuwujang / wulanjar katengsun / darbe anak laki hamba / maksih gesang Seh Ngarip tumungkul arip / rada anembuh merang //
- // Murtasiyah wuwuse amanis / hamba taken maring jengandika / punapa paran mulane / dosane sun ing wau / garwanira tinundhung uni / hamba ayun wikana / ing wiwitanipun / Seh Ngarip alon angucap / hamba tutur dhateng jengandika Nyahi / tatkala hamba dhahar //
- // Rabi hamba pan alaladeni / aneng arsa sarwi mangku anak / Candra Dewi jujuluke / angraksa pandam murub / ayun pejah pandangu – dangu / pandan akulirepan / telas sumbunipun / anulya aglis angalap / rabi hamba saking anugel tumuli / remane pitung lembar //
- // Pan kinarya sumbu pandam aglis / datan weruh maring kawula / punika reke mulane / gupuh kawula tundhung / nulya kesah ika lumaris / Murtasiyah angucap / yen mangkana iku / maksih bekti dhateng Tuwan / arisipun Seh Ngarip amuwus aris / rada salah kawula //