Naskah Serat Paras punika anggitanipun Kanjeng Sunan Kalijaga.
Serat paras menika cariyos ingkang nggambaraken pasuryan utawi tindak-tanduk ingkang endah lan patut dipun tuladhani saking Nabi Muhammad. Ananging menawi dipun tinggali inggih namung nyariyosaken Kangjeng Nabi Muhammad nalikanipun cukur rema.
° PUPUH I °
ASMARADANA
- //Ingsun amimiti[1] amuji / anebutna maning sukma, / kang murah ing dunya mengko / tur kang asih ing ngahirat / kang pinuji tan pegat / angganjar kawelas ayun / angapura ing dong dusa//
- //Wonten carita winarni / caritaniya[2] para ngulama / murmane ginurit mengko / carita sinungan tembang / anembang[3] asmaradana / kasmaran ingsun ngrungu / bagindha Ali winarna//
- //Kang sinisiyan ing nyuwang[4] Widi / bagindha Ali miharsa / saking Nabi Rasul mengko / kang sinungraha dengan Yang / ing dunya ing ngahirat / Nabi Rasul mangke muwus / ing sapa kawulaning nyuwang//
- //Kawulane nyuwang[5] kang mu’min / anulisa sipat ing Yang / lamon wis katulis mengko / simpenen ing numah hiro / sawabipun akathah / angedhohaken setan iku / luputa libaning raja//
- //Lawan luput bilahi malih / adoh saking panyakitan / tan kena cilaka mengko / tan kena drengkine jalma / luput teluh tetreganyana / lawan ngedohaken satru / tan kena sesuker ika//
- //Miwah datan kena lali / lawan oleh kabecikan / salawase urip mengko / lan tekan tanggane pisan / lan sing sapa amacaha[6] / gawanen jimat puniku / padha lan wong haji//
- //Lawan malih sami neki / mardikaaken wong satunggal / den dohaken bilahine / lan dosane kang kaliwat / angendika[7] Rasulullah / lamon winacakaken wong iku / ing wong lara agelis[8] waras//
- //Aparanen dosa neki / dening Nyuwang Agung Kang Maha Mulya / saking berkahe[9] rosul mengko / lan anak putu Muhamad / Hasan Husen puniku / kinentujan[10] dening Yang Agung / saking mu’bal mu’tal ika//
- //Lan saking Seh Mahpul puniki / Seh Mahpul ika miharsa / saking Abu Rohoiroh[11] mengko / kang sinung rohmad dening Yang / Abu Roiroh puniku / amiharsa carita puniku / saking Gusti Ali ika//
- //Angendika[12] Bagendha Ali / kang sinung rohmad dening Yang / kang kawikanan to mengko / dening satuhune[13] utusan / Nyuwang[14] Agung Kang Maha Mulya / Nabi Muhamad puniku / kekasihira Nyuwang[15] sukma//
- //Panutan sakehe Nabi / pangulune[16] Nabi sadaya / pangulune Nabi kabeh / kedadiyane[17] Nabi Adam / antarane kang toya / kelawan lebu punika / Nabi Rasul ta mangkono//
- //Anderbeni[18] andika Nabi / ing telaga kalkahosar / kahananira Nyuwang[19] sekabeh / amuji pinuji ika / tan pegat pamujinya / aweh mupangat ing bisuk / ing tembe hari kiyamat//
- //Panutan kang bangsa Hasim / lan bangsa Qures ika / lan kang bangsa Ngarab mengko / lan ihrom punika Mekah / kelawan ing Medinah / lan bangsa Ngarab puniku / kelawan bangsa Istitamah//
- //Lawan malih anderbeni / ing toya air janjam punika / lawan padhukuane[20] mengko / ing Ihjar namine ika / qolbune Nabi hiya / kelawan bangsa rohani puniku / nyawane rohmane ika//
- //Kang ibu namine singgih / Aminah nami ika[21] / kang rama ika westanya / abdulah asal wong Ngarab / anak puntune Nabi Adam / saturu turune iku / saking Nabi Ibrohim ika//
° PUPUH II °
S I N O M
- //Kang bangsa Nabi utusan / kelawan Nabi Ismail / bangsanira Ngarab / punika wuwuse malih / sabda ngandika Nabi / panjenenganira dinulu / apan nurapati andhap / yen jumeneng lan wong kathah luhur dhewe//
- //Cahyanipun kang wedana / melak melak anglir sasi / rema lemes ketelaten / irenge yayah manangsi / saben riyaya haji aparas jenggasti rasul / gumawang cahyanira / pamulunira akuning / yen dinulu kadiya mas tanpa huna//
- //Alise angrerunge ngimba / idepe tumungging ngawit / netrane jahitan raras / aminis yen den tingali / semu belut ya lindri / yen mesem lir pindah curut / madu wus pinesti ika / kang lathi anurut adri / wajanipun gumubyar kadiya mutiyara//
- //Miwah bebrengose ika / sumrebeng tur jularit / miwah jejenggote ika / patang nyari panjang neki / irunge kerana neki / tenggaknya anglunge gadung / bahunya anglir wijang / tengahe amatrem kenges / yen asare kang jaja muji sumbawa//
- //Suwara pan kadiya kumbang / tan pegat pamuji neki / sawungunira anendra / tumulya agelis ngabekti / Nabi Muhamad suci / tan kelawan toya wudhu / Nabi mangke angendika / sare netraning sun iki / nora sare ing jerone atining sun ika//
- //Astane kadya gendhewa / alemes yen den tingali / tulise walikat kanan / lailahailallah iki / walikat ingkang keri keri / tulise mangke puniku / Muhammad Rosulullah / Nabi Muhammad iki / utusane Nyuwang[22] Agung Kang Maha Mulya//
- //Nabi Muhammad punika / apan ika anderbeni / wulu kalih lembar ika / gandane mrabu awengi / mapan kadya kasturi / gandanipun amperi arum / astane kalih pisan / rajahe teka angrawit / jarijine judhun melathi indah//
- //Cahyane kang pusere ika / angebeki ing sabumi / wangkonge lir mas gumawang / asingset yen den tingali / pupunira puniki / lir pudhak sinumpet iku / karone kang delamakan / gamparan pepede singgig / sampeyane medal toya kalis ika//
- //Mowah mangke yen lumampah / agancang utusan singgih / dening Nyuwang[23] Agung Kang Maha Mulya / marang manusa lan jin / lamun kinen amerangi / sakehe kapir puniku / derepun padha Islam / anuta agama suci / yen aperang sekedang kung puruna ika//
- //Den iring iring ing wewayangan / pinayungan mega esri / yen udan ora kodanan / lamun lumampah ing warih / datan teles puniki / sekedhik guyune iku / lamun katekanan sakit / dadi bekti pan serta wuwuh ganjaran//
- //Burok tetunggangan nira / jemparing senjata neki / kucing kekasihira / nanging asu alas nenggih / cecek kasakitaneki / susure waja puniku / bebalunge menyawak / amenging wong susur singgih / yen uluk salam datan kena kadinginan//
- //Adil yen andum jarahan / ing rena kencana rukmin / sesutya lan inten mulya / sekehe wong Islam iki / sabda andika Nabi / anak yatim datan kantun / Kanjeng Nabi punika / datan arsa anggadhuhi / ing sadirham datan arsa anggadhuhana//
- //Kang manah nora kangungan / gandanipun amrit wangi / anerus gandane kalembak / karingetepun awangi / abecik pakertineki / wuwusipun beber alus / wijiling pangendika / arumanis tur anglungit / pangulune mukmin anuntun wong kesasar//
- //Asih ing tetemu ika / anderbeni sarengat singgih / lan amijiaken ing toya / saking selaning jariji / Nabi Muhammad iki / sekelangkung mujijatipun / watu bisa rerasan / wulan aningarsa neki / angelokaken ing gunung hud punika//
- //Awirang ing pangeranira / Nabi Muhammad iki / agung penangisira / ing siyang kalawan latri / angkung sholating wengi / tan pegat pamujinipun / puwasa yen rahina / isnen kemis bel puniki / siyang ndalu datan pegat pamujinira//
- //Kekasihe jeng Nabi ika / tetiga kabehe singgih / ingkang rumiyin ika / wewangi kang suci / kaping kalih pawestri / nenggih kaping tiganipun / kang tansah ing wedaya / tan nana pamada neki / amung sholat kang dadi telenging nala//
- //Kang umur nabi panutan / sewidak tahun puniki / punjul tigang tahun ika / anulya ngandika nabi / mapan pan Kangjeng Nabi / garwa putra samiya muhun / ing wulan rabingul awal / ing tahun dal puniki / ing dina Isnen tanggalipun kalih welas//
- //Putra nabi panutan / wewolu cacahe singgih / ingkang pembayute ika / Dewi fatimah puniki / panggulune ta singgih / Dewi Hafsah Jenab iku / lawan Mahemunah / Suwiyah Sodah puniki / kang kekasih awesta Dewi Rukiyah//
- //Putra ingkang jalu ika / anama Rahaden Qosim / sumandene puniki / Raden Berahim nama neki / lan malih sumande neki / Raden Toyib namanipun / putra ingkang taruna / Raden Tohir nama neki / garwanipun Jeng Nabi ika sesanga//
- //Garwane kang sepuh dewe / Dewi Khatijah nenggih / panggulune Dewi Hangisah / kang panengah nama neki / Umi Habibah iki / Dewi Hafsah jengeng ika / lawan Mahemunah / Suwiyah Sodah puniki / kang pamekas awesta Umi Selamah//
- //Anenuhun ingkang wewenang / umat tuwan ingkang anulis / angrumpaka sipat tuwan / ing kirang langkunge singgih / amung tuwan puniki / yen wonten salahe tanduk / tuwan ingkang ngapuntena / marang tuwan ingkang anulis / muga-muga angsal supangat tuwan//
- //Panedhane ingkang anurat / tetepana ing iman neki / ing donya rawuh ngahirat / antuka sihe nyuwang[24] widi / lan malih supangat nabi / punika panedhanipun / den dohaken ing marga sasar / bidengah wilalat singgih / muga-muga antuka sihe nyuwang[25] sukma//
- //Luputa ing ila-ila / liputa lan sarik / amba nedha pangapura / marang nyuwang[26] kang maha suci / kaping kalih jeng nabi / rosulullah kang linuhung / nedha berkah supangat / ing dunya tekan ngahirat / muga-muga angsal sih pangapura//
- //Allah tangala ngandika / dateng nabi kang sinelir / duk kalanira aparas / ana perapta wong sawiji / atakan mara jeng nabi / Abu Bakar delingipun / tuwan kadiya punapa / tetkala paras jeng nabi / aparas ambatangan dateng tuwan//
- //Sapa siten kang amaras / dateng tuwan kangjeng nabi / jeng nabi ngandika alon / lah iya kekasih mami / kang aran Jabarail / serta ndikane nyuwang[27] agung / iku kang amaras / angendika Jabarail / Allah tuwan rosulullah jumenenga//
- //Nabi sinten ingkang uninga / ten kala[28] paras jeng nabi / sinten ingkang maras ika / kekuluke saking pundi / miwah dintene singgih / lan punapa tahunipun / lawan pinten tanggalnya / sasine sasi kang pundi / lawan pinten umure tetkala paras//
- //Lah tuwan carita kena / bagindha Abu Bakar angling / du’ kala nira aparas / Muhamad ingkang linuwih / kala andika nabi / kala perang wulanipun / amungsuh lan Raja Lahad / ing bumi Mekah go neki / malem Isnen wektune Mekah punika//
- //Nabi kala maca qur’an / mangke prapta Jabarail / ambekta ayate ika / mangkono unine singgih / iki andikane nyuwang[29] widi / pinesthi andika rosul / nabi nulya angendika / ataken ing Jabarail / nulya matur Jabarail marang Muhamad//
- //Eh nabi yuwang[30] kang mulya / iki andikane nyuwang[31] widi / ingkang aning qur’an ika / amesthi ing tuwan singgih / tuwan kinen paras ugi / Nabi Muhamad amuwus / dateng Jabarail alon / Jabarail sanak mami / mangsa apa duk ingsun manke pinaras//
° PUPUH III °
K I N A N T H I
- //Jabarail mangke amuwus[32] /mangke sun matur yang widi / tan na suwe nulya prapta / ing ngarsane nyuwang[33] widi / Jabarail matur inggal / dateng wahu ing nyuwang[34] widi//
- //Lan punapa sasinipun / angendika nira nywang[35] widi / ing wulan ramedhon ika / kekasih ingsun paras nenggih / Jabarail wangsul inggal / perapta[36] ngarsane jeng nabi//
- //Jabarail nulya matur / dateng nabi kang sinelir / andikanira nyuwang[37] sukma / tuwan kinen paras nenggih / ing wulan romedhon ika / matur aris kangekjng nabi//
- //Dateng Jabarail wahu / tetkala paras jeng nabi / ing ngarsane sapa hiya / Jabarail kesah gipih / matur marang Allah tangala / sesangat anulya bali//
- //Kang weruh namane[38] nywang[39] agung / Jabarail mangkat agelis / patera kastuba salembar / awilis ing werna neki / wernane tuhune indah / pan tan ana ing dunya iki//
- //Awerna kadiya[40] puniki / agelis binekta tumuli / tan na dangu nulya perapta[41] / ing ngarsane jeng nabi / Jabarail aris amujur / dateng wahu kangjeng nabi//
- //Ngambil kastuba iku / kinen denira yang widi / angangge yaiku iya / kekuluke dateng tuwan singgih / yen sampun paras tuwan / kinen nganggiya puniki//
- //Godhonge kastuba iku / ing dunya dereng amanggih / ing werna kadiya punika / angendika jeng nabi kang sinelir / dateng Jabarail ika / sinten kang maras iki//
- //Jabarail mangke amuwus / wus matur ing nyuwang[42] widi / kawula kang kinen maras / dateng tuwan kangjeng nabi / atan perentahe nyuwang[43] sukma / angendika kanjeng nabi//
- //Inggih punapa kasraha nyuwang agung / kasraha ing nyuwang widi / inggih punapa kasraha nyuwang sukma / Jabarail muwus aris / kawula ingkang amaras / nabi kekasih nyuwang widi//
- //Manira kang maras iku / pangendika nira nyuwang widi / kawula kang kinen maras / dateng tuwan kanjeng nabi / tetkala nabi pinaras ika / jeng nabi ing Jabarail//
° PUPUH IV °
S I N O M
- //Tetkala nabi pinaras / dateng wahu Jabarail / ing tanggal sawelas ika / ing wulan romadhon singgih / ing dina Isnen nenggih / sedaya sahabatipun / mangu sakehe tumingal / tetkala paras jeng nabi / pan sedaya pepek aning ngarsa//
- //Rema kapupu sedaya / tan nana tumibing siti / malah sami rerebutan / sekathahe widadari / jeng nabi alon ngendika aris / pira kehe remaning sun / Jabarail aris mujur[44] / kehe rema tuwan singgih / pan sakethi tigang laksa tigang nambang//
- //Tigang atus tigang dasa / tiga welas punjul neki / kelawan langkung tetiga / punika cacahe singgih / sekathahe widadari / sedaya sami ngrebut / uman salembar-lembar sewang / sekathahe widadari / angendika nyuwang agung kang maha mulya//
- //Allah tangala angandika / mangke dateng widadari / padha mangkata sira den inggal / maringa kekasih mami / kebeh sira puniki / padha mupuha rambet / padha gawenen jimat / remane kekasih mami / talekena marang jariji nira//
- //Supaya nira sadaya / sun luputaken ing benjing / ing sakehe dusa nira / miwah ingkang animpeni / ing carita puniki / kekasih ingsun acukur / saking enggon punika / perapta[45] anggone kang suci / sekathahe kang miharsa angetokena//
- //Sekathahe umat sedaya / para soleh para mukmin / sedaya sun wehi rahmat / umat ingsun kang nimpuni / ing carita puniki / kakasih ingsun acukur / ingsun lebaraken ika / sekathahe dosa neki / sun apura ing tembe hari kiyamat//
° PUPUH V °
ASMARADANA
- //Sun luputaken ing benjing / ing nalikane sekarat / lagi den ambil nyawane / benjing sun wehi rahmat / lan sing sapa amacaha / miwah sekehe kang angrungu / sipat nabi caritanya//
- //Miwah ta ingkang anulis / atwa simpena ika / senejan nyiliha bahe / miwah ingkang anggawaha / atawa muru kapisan / miwah sekehe kang angrungu / caritane jeng nabi paras//
- //Ingsung wehi selamet[46] benjing / ing dunya tekan ngahirat / sun dohaken bilahine / ing benjing hari kiyamah / kerun wana kerun ika / sekathahe siksa kubur / miwah ing dina kiyamah//
- //Lan tan pegat sun tingali / tan pegat sun wehi rohmat / lan sun reksa rencanane / jim lawan iblis laknat / lan ora simpena ika / caritane jeng nabi rosul / miwah yen ora macaha//
- //Wiwah yen ora ngajeni / lan sing ora arsa maca / sanak-sanak ingsun sakabeh / amung aja wong satunggal / wong munapek punika / aja den kon maca iku / miwah lamon andelenga//
- //Aja den kon maca tulis / aja den wehi miharsa / kerana ta mangkene / sejatine nora arsa / lamun yen angrungu / aja den wehi pitutur / tuwa mahido ing saatar//
- //Utawi carita iki / simpenen ing umahira / ingsun reksa sak isine / ing umahira sedaya / adoh ing bilahinya / ing dunya ngahirat iku / miwah kang panggawe ala//
- //Caritane kanjeng nabi / lamun den gawe lampahan / marang pekir upamane / iku lamon den gawaha / yen arep anganggawe / anenedha mangke iku / pesthi kathah ingkang welas//
- //Upami arta sademik / den ileni pitung dosa / ingkang aweh iku mangko / saking momane nyuwang[47] sukma / marang wong Islam ika / pesthine iku rahayu / kang siji mulih sedasa//
- //Lan antuk supangat nabi / lan sinung kanugrahan / saking brekahe nyuwang manon / pan sekehe umat ing wang / lan sing sapa arep begja / amacaha ta ping pitu / saweni aja nendra//
- //Dateng carita puniki / tetkala nabi pinaras / katurunan iku mangko / rohmating wong tunggal dina / lan rijenike perapta[48] / esuk sore ora surud-surud / peraptane[49] teka ya gampang//
° PUPUH VI °
K I N A N T H I
- //Nabi Muhamad mangke amuwus / ataken ing Jabarail / Jabarail aturira / paduka sampelen gusti / kala dhohir paduka tuwan / ingkang mongmong kawula gusti//
- //Angendika kanjeng rasul / ataken ing Jabarail / ingkang ana iku apa / matur malaikat Jabarail / bumi langit durung ana / loh kalam sampun dadi//
- //Ngaras kursi dereng andulu / suwarga naraka pan sampun dadi / dhindhing jalal pan sampun dumadi / Nabi Muhamad angendika / ingsun taken kang seyekti//
- //Anegendika kanjeng rosul / ataken ing Jabarail / ingkang aran lintang johar / iku ngendi surupe sayekti / Jabarail aturira / amba nan dereng ningali//
- //Inggih leres tuwan ingkang sepuh / angendika kanjeng nabi / Jabarail aturira / sumungkem ing kanjeng nabi / Nabi Muhamad angendika / Jabarail sanak mami//
° PUPUH VII °
DHANDHANGGULA
- //Wonten kidung rumeksa ing wengi / teguh rahayu[50] luputa ing lara / luputa bilahi kabeh / jim setan datan purun / paneluhan tan nana wani / miwah panggawe ala / gunane wong ngaluput[51] / geni temahe[52] tirta / maling adoh datan[53] ana ngarahing kami / guna tutupan sirna//
- Sekathahe[54] lara padha bali / sekehe ngama pan saminya[55] miruda / kawelas asih pandulune / sekehe braja luput / kadiya kapuk tibane reki / sekehe wisa tawa / satru galak samiya tutu / kayu agung lemah sangar / siyunge landhak guwaning wang silemah[56] miring / miwah pangipone merak//
- //Paguyangane warak sekalir / den winaca ing segara asat / pan bisa ngambah telenge / mapan sari rahayu / ingiderane widadari / rineksa ing malaikat / sekathahe rasul / nabi temahe tunggal / ati Adam uteke Bagendha Esis / pangucapku Nabi Musa//
- //Napasku Nabi Isa kang linuwih / Nabi Yakub pamirsaning wong / Yusup rupaku mangke / Nabi Dawud suwaraku / miwah Sulaiman kasekten mami / Ibrahim nyawaning wang / Idris ing rambutku / Bagindha Ngali kuliting wang / Abu Bakar getih daging Umar singgih / bebalung Begendha Usman//
- //Ya sungsumku Fatimah kang linuwih / kang minangka rahayuning badan / Ayub minangka ususe / sekehe wudhu tuhu / mapan tunggal kelawan nabi / netraku ya Muhamad / pangulune rasul / pinayungan adam sarap / sampun pepek sekathahe para nabi / pan dadi sarira tunggal//
- //Wonten wiji sawiji / mulane pan dadi pan pinencar dadi saisine jagad / kesembadan dening date / sekathahe kang angrungu / kang amaca kang nimpeni iku / iku dadi rahayuning segara / pan ginariya sesembur / lamun winacakaken ing tuya / kinariya aduse rare tuwa pan gelis laki / kinariya tambane wong edan waras//
- //Lamun sira arep nandur pari / puwasaha sawengi sadina / iderana galengane / wacanen kidung iku / pesthi adoh ama bilahine iki / lamun sira arep lunga perang / wacanen ing sekul / antuka tigang pulukan / mungsuhira rep sirep tan nana wani / andulu marang sira//
- //Lamun sira ayun teguh sekti / lakonono pateng puluh dina / pati geni wekasane / amutiha karuhun / yen wus tutugira ngelampahi / mutih patang puluh dina / iku wus jangjine yang agung / yen udan ora kodanan / datan lara katibanan pukul wesi / miwah wesining gorenda//
[1] amiwiti
[2] carita
[3] nembang
[4] ywang
[5] ywang
[6] macaha
[7] ngendika
[8] gelis
[9] berkah
[10] pinentu
[11] roiroh
[12] ngendika
[13] satuhu
[14] ywang
[15] ywang
[16] pangulu
[17] kedadiyan
[18] ndarbeni
[19] ywang
[20] padhukuan
[21] punika
[22] ywang
[23] ywang
[24] ywang
[25] ywang
[26] ywang
[27] ywang
[28] tetkala
[29] ywang
[30] ywang
[31] ywang
[32] muwus
[33] ywang
[34] ywang
[35] ywang
[36] prapta
[37] ywang
[38] nama
[39] ywang
[40] kadya
[41] prapta
[42] ywang
[43] ywang
[44] matur
[45] prapta
[46] slamet
[47] ywang
[48] prapta
[49] praptane
[50] ayu
[51] luput
[52] atemagan
[53] tan
[54] sakehe
[55] samya
[56] lemah