~ PUPUH XIII ~
S I N O M
- Antara mèh bangun rina/ munya dhêdhêt Erawati/ sato wana sêsauran/ umung swaraning kang pêksi/ katon pucaking wukir/ soroting surya manêmpuh/ rêsmining kang pradapa/ wênèh wungu pita wilis/ anrang baya mring sang pinarjayèng rimang//
- Rumrang gandaning puspita/ dahat sinrang dening angin/ têbah [80]tumanduk mring sang dyah/ wimbuh gambuh amranani/ manyura munya dumling/ nyangungkung pindha manguwuh-/ ira Sang Bayuputra/ trênyuh tyas Arimba ari)/ kasangsaya kontab naratab tab-taban//
- Datan kêna sinayutan/ tyasira Dèwi Arimbi/ mijil saking pamêlêngan/ mêsat saking ing wiyati/ wus wignyaning rasêksi/ kang samya trahing aluhur/ bisa ngambah dirgantara/ tanpa lar pang kadya pêksi/ kang sinêdya tumamèng praja Mandura//
- Tan kêna yèn kinirowa/ tikêle ngambah wiyati/ tuwin linakonan dharat/ gêlis angambah wiyati/ gantya ingkang kawarni/ ing Mandura SangAprabu/ Mahraja Baladewa/ iya Basudewa aji/ apêparab Sri KusumaWalikita//
- Mahendra putra surèng rat/ Kakrasana Narapati/ ajêjuluk Jaladara/ ratu titising dewa di/ nênggih Sang Hyang Basuki/ pan jawata nayaka gung/ kacrita gêng wiyoga/ wit murcane ingkang rayi/ Sri Bathara Danardana ing Dwaraka//
- Sadalu anungku puja/ nèng pamêlêngan sêmadi/ antuk sasmitaning dewa/ têrang tyase sribupati/ byar rina surya kèksi/ luwaran gyannya manêkung/ têdhak mring langên tirta/ ujwala rêsmi sarwa sri/ sawusira sang nata umanjing pura//
- Ing sawusira busana/ alênggah srinarapati/ satata lawan kang garwa/ Kusumayu Erawati/ atab kênya ing puri/ kunêng gantya kang winuwus/ Arimbi sang kusuma/ kang anjok saking wiyati/ kang jinujug wurining daturêtnendra//
- Tan taha tu-[81]mamèng pura/ angrangu pipining kori/ prameswarindra tumingal/ tan samar umyat sang dèwi/ matur mring sribupati/ dhuh pukulun sang aprabu/ punika ri paduka/ Arimbi ing Pringgodani/ pramèswari tumêdhak tundhuk sang rêtna//
- Kang rayi nulya cinandhak/ sukèng tyas Dyah Erawati/ dangu-dangu kawistara/ yèn kang rayi marbês mili/ cuwèng tyas sang rêtna ngling/ paran yayi kang dadya gyuh/ alon binakta minggah/ ya ta Kusuma Arimbi/ ambruk lunggwèng pangkoning raka sang nata//
- Alara dènnya karuna/ sêsambate amlas asih/ kadruya srinaranata/sungkawane raja putri/ ya ta srinarapati/ anglêlipur mring sangamongkung/ ngrih-arih ing wacana/ mênênga aywa anangis/ yèn kadurus ing sungkawa tanpa karya//
- Bok ngantên sira pajara/ paran darunaning tangis/ umatur rêtna juwita/miwiti prapta mungkasi/ sirnaning Pandhawa ji/ wong sapraja lirtinulung/ dhahat pan karya eram/ ngandika srinarapati/ satêmêne yayi apan padha-padha//
- Sira kaelangan garwa/ layak akarya tyas atis/ dhuh bok ngantên mung sapira/ gunge susah ingkang ati/ kadangira yayi aji/ sirnane lawan arimu/ Sri Rara Bratajaya/ buh praptane rara pati/ sapiraa yayi rasaning tyasingwang//
- Nanging ana dayaning tyas/ kang ngadhêm-adhêmi ati/ adat yèn lunga barêngan/ lawas gêlis pasthi mulih/ ipemu yayi aji/ lir wangke kentar ing ranu/ iku samangsa-mangsa/ timbule pas-[82]thi barêngi/ wus adate bok ngantên ping pira-pira//
- Marma ywa kadora susah/ mêngko sun kang angulati/ ing sirnane garwanira/ pisah dènjênak atunggu puri/ ana kinarya pilis/ gêguyon kang kakangamu/ lêlungsèn angantia/ ing purnane padha nis/ srinarendra angandika mring kang garwa//
- Yayi Erawati sira/ dèn bisa ngaling-alingi/ sun arsa atinggal praja/ bok wadya tanya mring mami/ sun warahên lagya gring/ lawan tan sinawang wagu/ ywa karya sadayèng tyas/ sigra sang nata umanjing/ pamêlêngan asêmadi karsanira//
- Angêningakên ing driya/ panca waranya kawingkis/ sirna kang rasa pangrasa/ yèn Baladewa sang aji/ agampang dènnya murih/ kumpuling rêncana catur/ binuwang tan kêmrosak/ ya ta wau sribupati/ wus amuwus sirna saking pamêlêngan//
- Tan winarna lampahira/ sakêdhap pan sampun prapti/ ing wanci surya manglayang/ pan eyube sribupati/ jujug sajroning puri/ ing gyan pramèswari sêpuh/ garwa Narendra Krêsna/ kang ngadhaton Dwarawati/ sang rêtnayu Jêmbawati kang panêngran//
- Sang kusuma duk umiyat/ ing rawuhe sribupati/ gurawalan praptanêmbah/ parama radèn timbali/ Sêtyaboma Rukmini/ agupuh wus samya rawuh/ kalih sungkêmi pada/ sang rêtna karuna ririh/ luhira nêlêsi pangkoning raka//
- Sambate amêlas arsa/ adhuh kakang narapati/ mring pundi rayi paduka/ puwara aninggal dasih/ susulna awak [83] mami/ yèn têksih kêng aji njujug/ lamun rayi paduka/ bok wus tan kêna inganti/ gya ngêlalu kawula malbèng pancaka//
- Akathah sêsambatira/ sang dyah pramèswari kalih/ ya ta nata Baladewa/ angrês tyas miyarsa tangis/ surya bang maratani/ kumêmbêng netra kêbakluh/ jangga srêt gung manênggak/ datan bisa angangsuli/ panabdane sang rêtna mung têbah jaja//
- Jêmbawati wlas tumingal/ mring sambate ari kalih/ dadya lon ingkang wacana/ dhuh ariku wong rêspati/ tan beda sira yayi/ wulanguning tyas lan ingsun/ de padha among putra/ kabèh pan durung akrami/ mangka noradrêman tinunggu ing wayah//
- Balik mungguha pawaka/ kang lagyarda hruning hagni/ kang mangka sirêping panas/ ing rawuhe sribupati/ prasasat maosa di/ tirtamaya gungtumanduk/ yayi mring jiwanira/ ilang prabawaning kang gêni/ yènmungguha bantala kataman surya//
- Karya kang bumi bêlah/ prabawaning Sang Hyang Rawi/ mangka nulikawênangan/ ing rawuhe sribupati/ prasasat kang tirtaning/ bun raturatuning bun/ lumaku kapêtêngan/ jêng sinuhun angobori/ wong lumakulunyu srana lêlantran//
- Balik yayi payo padha/ nyawang karsaning sang aji/ paran ta ing karsanira/ dèn mituhu ywa gumingsir/ iku yayi kang pêsthi/ patut tinakon wong têlu/ tanpa karya karuna/ mung mundhak abêbingungi/ pakolihe gugah tyas kang gung rêncana//
- Inguni jêng srinare-[84]ndra/ kang lagya migêning dasih/ wanti-wanti ingpamulang/ mring sira kalawan mami/ dènsabar barang budi/ lantêguh sabarang wuwus/ panyimparing kagetan/ pikukuhing wong dumadi/ ing samêngko wong têlu barêng anyandhang//
- Marma yayi dèn narima/ mring hyang kang misesa kami/ sêranane ing panrima/ saranta lan na ya manis/ barang wêtuning budi/ kudu sarèh ing panêguh/ kang mêlêng ing pamawas/ iku margining patitis/ ywa sinêngguh ingsun mêmulang ing sira//
- Rèhning wong ginawe tuwa/ sapakoleh mituturi/ nahan Prabu Baladewa/angandika mring kang rayi/ Kusuma Jêmbawati/ timbalan sutaningsun/ ing prabu kadipatyan/ ana dayaning kang ati/ watarèngsun pantês yèn padha linakyan//
- Sang rêtna wus mijil sigra/ pawongan kang animbali/ mring putra Rahadèn Samba/ kang liningan wus lumaris/ kang kawarna ing margi/ duta wus panggih sang bagus/ wusnya matur ing karya/ gya kêrit tumamèng puri/ dyan ngabêkti ing uwa srinaranata//
- Ngandika Narpati Bala-/ dewa mring sang narpasiwi/ kulupangkatku sing praja/ karkatingsun mung angungsi/ ngupaya trangingati/ nèng wisma kataman bingung/ katêkan bibekira/ yayi Dèwi Pringgodani/ ambruk pangkon panangise tanpa kira//
- 30. Mêngko ngungsi mring Mandura/ buh sor ungguling tangis/ umatur sangrajaputra/ mring uwa srinarapati/ pukulun jêng wa aji/ paran darunaning muwun/ bibi Arimbi sang dyah/ angandika sribupati/ lir dêdongènging purwa madya wasana// [85]
- Andikane srinarendra/ lir usadaning akingkin/ mring sang rêtna katri samya/ pamuwuse anêlahi/ ngandika sribupati/ saiki ing karsaningsun/ bok ratu katri padha/ sun gawarsa angulati/ usadaning tyas wong kataman cintaka//
- Parandene anèng praja/ ya anggung ngandhut wiyati/ anguran sun gawalunga/ tan nganggo suka prihatin/ sumambung Dyah Rukmini/ gumujênganyablèk jêngku/ luhung yèn makatêna/ aprasasat wus ngêmasi/pintên bêngi ing têmbe manggih raharja//
- Ngandika Sang Baladewa/ sira kulup dènabêcik/ tutupmu mring prapunggawa/ aja nganti akarya tis/ ngandika sribupati/ dènage yayi katêlu/ manjinga garbaning wang/ sigra buka sribupati/ pranajane ngalela katon gapura//
- Maneka warna rêtnendah/ awan sang rêtna umanjing/ kawangwang rêsmining pura/ katiga sênêng ing galih/ wus mentar sribupati/ anggêgananyamut-nyamut/ lir taruka pawanan/ saparan katubing angin/ ya ta kunêng gantya ingkang kawuwusa//
- Satriya Partatênaya/ kang linggar saking jro puri/ purendra Cintakapura/ kacarita pitung ratri/ dènnya ngambah wana dri/ murang margamunggah gunung/ lawan tri kawanira/ yèn lêrêm nèng jurang trêbis/ salin gambuh mari têmbange lêgondhang//
~ PUPUH XIV ~
G A M B U H
- Yèn rina anrang gunung/ lamun sayah lêrêm ing garumbul/ datan ajrih bêbayane ing wana dri/ kèh swara pating galêbrug/ singa barong tinggêlarong//
- Ya ta rahadyan sunu/ aningali rêsmining kang gunung/ tan patya gêngmiwah datan pati inggil/ [86] mung ujwalane ngênguwung/ ruyu-ruyuneingkang ron//
- Sumbaga raning gunung/ ana dhukuhe banjar anglangut/ tinon saking dohkaton wiwaranya sri/ tumrun akêkayon têpung/ tumpang pangngrêmbuyung kang ron//
- Sawetaning dhêdhukuh/ ana pasar swarane wong umung/ padolanemawarna saengga nagri/ kali mili mubêng têpung/ tirta mili tinonnyarong//
- Satêngêning dhêdhukuh/ pasawahan arata kadulu/ ana ingkangmrêkatak miwah mlêndhuti/ kalis ama lêmu-lêmu/ tinon lir jaladangayom//
- Ing ngarsa kang wana gung/ kêkayone akèh manggis dhuku/ jambu jirakpêlêm pakèl myang kuwèni/ pijêtan durywan kapundhung/ rambutan lan gowok dhompyong//
- Tan ana kang buron gung/ naming kidang kancil lan tarwèlu/ sakèh buron ama tan wani ngênggoni/ tikus luwak rase wêrgul/ padha manggon kangdoh-adoh//
- Yèn manuk mung drêkuku/ cocak kuthilang parênjak dêruk/ johan kathiksikatan putêr barênggi/ suwung walang ulêr sêmut/ mung kèndhêla lan kinjêng dom//
- Rêrênggyan jroning wangun/ kêkêmbangan kang samya ganda rum/ warna-warna ana bang kuning myang putih/ nèng jêmbangan gêdhah wungu/ sinêling traping pandokok//
- Dene pinangkanipun/ pisungsunge satriya gung-agung/ kang padha sihmrih puruhita sang yogi/ balumbang binata têpung/ mili swaranegêmrojog//
- Wadêr mas kang dèningu/ turut pinggir amangani lumut/ [87] ana umbulmancur muncar malbèng puri/ wisma lit piranti lamun/ sang wikusiram nèng kono//
- Tan kasêbut ing gunung/ mung dhukuhe pratapan ranipun/ Yêksaratapasebutan wong ngarani/ jêjulukira sang wiku/ Jayawilapa kinaot//
- Tan pêgat amanêkung/ tranging paningal wacana tuhu/ saking deningsinihan ing jawata di/ nèng ana rêsmining wangun/ wuwusên sang andon lamong//
- Tan sinêdya kalamun/ umarêka marang sang awiku/ kadi sakingkarsaning dewa linuwih/ apa sabdaning sang wiku/ lampahe sang prawira nom//
- Kadya wong mêndêm gadhung/ galuyuran tan ngambah dêlanggung/ dhasar sami tan dhahar tanapi guling/ saking sêdyane anglampus/ angupaya tan antuk don//
- Ya ta wau sang wiku/ mijil ing wisma marani gupuh/ ya ta wauKusuma Jahnawisiwi/ duk tumingal ing sang wiku/ lumayu nungkêmigupoh//
- Ing padanya sang wiku/ nulya binekta tumamèng dhukuh/ ingkangana ing wisma Endhang Palupi/ ibunira sang aprabu/ ingrancang Mas Gambiranom//
- Kagyat ing praptanipun/ ingkang rama anganthi Bimanyu/ dyan rinangkul radyan tansah dèntangisi/ Bimanyu manêmbah sampun/ sumungkêm padaibu nom//
- Pamuwune sang bagus/ de warna kathah empêring ibu/ rada widhung Kusuma Dèwi Palupi/ bawane kusumèng gunung/ cahyane padha mancorong//
- Sakêdhap Sang Bimanyu/ winasta-[88]nan kang putra Sang Prabu/ Gambiranom dêdêg pangadêge sami/ kulit angron pisang pupus/ solah tandang bawa kaot//
- Tandang tindaking suku/ solah asta twin obahing lambung/ bawawijiling sabda sora myang ririh/ ganggas bêrgas Sang Aprabu/ Bimanyu luruh pasêmon//
- Wusing purna pamuwus/ Dyah Palupi pangandikanya rum/ KakangSemar saanakira dènanglês/ ngasoa marang ing pungkur/ bok ana bukti ing pawon//
- Sigra-sigra wong têlu/ mring padhangan sumaji kang sêkul/ têlung bodhag jangan bobor rong kuwali/ kuluban nêm panjang munjung/ salayah sambêle lêthok//
- Linadèn cantrik pitu/ kontrang kantring prandene krêp kantu/ sayah muluk jaluk dulang turon miring/ gulu anggung tinalusur/ balêdhèh wadhuk ing oyog//
- Panakawan tri tuwuk/ kamlakarên tan bisa lumaku/ arsa marang kali ginendhong mring cantrik/ prentah adang godhog jagung/ nyambêl kukus kêlan kelor//
- Winuwus Partasunu/ anèng Yêksarata tigang dalu/ esuk sore suka myatlangêning wukir/ nèng botrawi siram kungkum/ mêntas myat puspitèngkêbon//
- Tumingal sêkar gadhung/ agrêronce manduk gandanya rum/ gungwinawang katon mêlok yayah bibi/ gandrung-gandrung myat malêtuk/malathi karya wirangrong//
- Ya ta sang kusumèng rum/ myat ing putra tansah amangunkung/ pinarpêkan pamuwuse nga-[89]rih-arih/ rinangkul binakta kondur/ praptèng dhepok arawat loh//
- Radyan salaminipun/ nèng pratapan tan kongsi umatur/ lêlakoning Pandawa sampun udani/ sang pandhita gung pitutur/ ing purwa madya praptèng don//
- Winulang wantu-wantu/ ing kadibyan pamunahing satru/ mibêr tan lar garing yèn angambah warih/ tan gèsang lamun katunu/ prabawane linuwih wong//
- Ngandika sang awiku/ sun pitutur kulup mring sirèku/ kalamun trahSaptarêngga iku pasthi/ lamun kataman rubiru/ sinikara padhaning wong//
- Walêse tikêl gulung/ tan ngamungkên kang sikara iku/ ing satêrah sumungkêm padaning sikil/ mring trah Saptarêngga suyut/ mangkaganjaran Hyang Manon//
- Kaya ta sang aprabu/ ing Ngastina lali mring sadulur/ asikara nyuraya para narpati/ tan kinêcêng walêsipun/ jêr Ngastina sasat rumpon//
- Ratune kadang satus/ minangka ram wadya lir bêkatul/ SribupatiBaladewa Si Sapwani/ ing Mandraka Sang Aprabu/ Dewabrata rêsi katong//
- Pagêr wiwide brukut/ Durna panggiringe kang mina gung/ ingkang mangka mina sagung pra narpati/ ing sabrang kabèh ngalumpuk/ mringPraja Ngastina rumpon//
- Yèn wus mina ngalumpuk/ sang narpati Pandhawa kang ngirup/ darahira ing têmbe ingkang ambukti/ tumêrah turun-temurun/ tan kasêlan jêr wis manggon//
- Paran margane luput/ Jêng Hyang Soman kang mong Pandhusunu/ Sang Hyang Soman mustikaning pra dewa di/ nuli kinanthèn [90]wakamu/ Badranaya dewa katon//
- Panyimpar pra karya dur/ panawa wisaning Hyang Naga gung/ marmakulup turutên pitutur mami/ mringa sukolima dhukuh/ pasanggrahan sabrang kono//
- Ana putrine ayu/ Suryadiwati rupa pinunjul/ iki pan mèh timbuleArya Pamadi/ ambilên putrine iku/ sira mulih sakaloron//
- Sapira bae kulup/ pangudange ing ramanta besuk/ kesthi têmên ayoga bisa nêtêpi/ kêkudangane ramèku/ watak Arjuna kang dènnggo//
- Sigra Sang Abimanyu/ ngabêkti mring eyang sang awiku/ lan ngabêkti mring ibu Dèwi Palupi/ sang rêtna ngaras ing êmbun/ anggung drês waspanya miyos//
- Wus lèngsèr sang bagus/ prapta jawining sanggar pra glitung/ ting jêrawil mangayubagya sang pêkik/ endhang ngadhang ing dêlanggung/ anyaoskên gantèn rokok//
- Sakèh ingkang pisungsung/ para endhang tinulak sêdarum/ nangismarang pra endhang gumulung siti/ ana lulur-lulur suku/ tan ngeman jaja ginablok//
- Sêmar saanakipun/ gurawalan anusul sang bagus/ ana endhang têlu samya anututi/ gujèk mring Ki Lurah Petruk/ nagih utange bêrondong//
- Kêcandhak pinggir lurung/ ginagewèng Pretruk salah ambruk/ anênapuk jêjak dugang anggabloki/ bêbêt kathok ora ngukup/ ting saluwir jendral katon//
- 46. Garèng dènnya lumayu/ malbèng pasawahan tan kadulu/ ingkang potangsaking doh samya balangi/ sirah Garèng nora luput/ kêna balang cêplascêplos// [91]
- Ya ta sang among gandrung/ sirna pêpêtêng ruwêting kalbu/ kunêng wontên ingkang kawuwusa malih/ sinimpên têmbange gambuh/ durmarangsang kang gumantos//
~ PUPUH XV ~
D U R M A
- Kawarnaa sribupati ing Gumiwang/ sakundurira saking/ Batanakawarsa/ sangêt cuwaning driya/ cinarita tigang ari/ kadya kantaka/ atajin dhahar guling//
- Ingkang mangka sandeyaning driyanira/ ing karsa bok tinampik/ de sirnaning mêngsah/ tan mawi sarana prang/ marmanggung sumpêking galih/ mung Dahyang Druna/ kang anggung bêbolèhi//
- Ya ta wau wusing sirna duka cipta/ enjing miyos tinangkil/ anèng pasanggrahan/ pêpak punggawèng ngarsa/ kang cakêt kya patih kalih/ tan lyan sinabda/ mung dènnya cuwèng galih//
- Tan pantara ing jawi swara gumêrah/ praptaning catur mantri/ kang pinatah têngga/ kutha Cintakapura/ sigra tinimbalan aglis/ kapat wus prapta/ ngarsaning sribupati//
- Angandika Sang Prabu Suryaanggana/ mring punggawa kang prapti/ hèh pagene sira/ mulih dudu karsèngwang/ tan karana sun timbali/ manawa ana/ karya kang angluwihi//
- Ya ta matur manêmbah catur bupatya/ pukulun sribupati/ pramila kawula/ mundur saking pajagan/ wontên sinatriya prapti/ saking aldaka/ Kelasawarna giri//
- Ingkang apanêngran Bambang Partadewa/ atmajaning maharsi/ Sang Kilatarupa/ prapta jujug jro pura/ kawula dipuntimbali/ kang abdi sowan/ sakanca malbèng puri//
- 8)Amba lawan kanca sami dhinawuhan/ makatên kang wê-[92]wêling/ wis padha muliha/ ingsun kang ngrêksa praja/ sun iki mitra sapati/ lawan Pandhawa/ dudu karyamu yêkti//
- Matura mring gustimu Si Suryanggana/ dene kongsi mungkasi/ aturing punggawa/ sigra narik musala/ kapat punggawa binabit/ dening musala/ kapat sirah gumlinting//
- Sinampar ing suku sirah kapat mêsat/ tibèng glundhung tiba têbih/sigra Satrutama/ nyandhak gêmbung punggawa/ ginèrèt mêdal ing jawi/ ya ta sang nata/ dukane tan sinipi//
- Angandika marang Gajah Antisura/ sira dangdana aglis/ lawan anggawaa/ prajurit sawatara/ kêpungên Cintakapuri/ lawan miliha/ bocah buta kang bêcik//
- Buta mangka pangarêping lakunira/ nanging sira ywa kongsi/ wani malbèng praja/ dene ing karyanira/ bok Si Partadewa mijil/ têka jro pura/ iku sun kuwayani//
- Lakunira yèn kapranggul trah Pandhawa/ aja nganti sumingkir/ bandanên awya wal/ yèn budi patènana/ mrênaha papan kang bêcik/ sun dhewe seba/ mring rama sribupati//
- Sigra mundur Gajah Antisura/ sapraptanirèng jawi/ miji kang punggawa/ buta wusnya siyaga/ mangkat buta andhisiki/ sang nata budhal/sumiwa ing rama ji//
- Duk satêngah dina lampahe ki patya/ panganjur ingkang yêksi/ myatingkang sujanma/ lèrèn ngisor mandera/ buta gêbayan nulya glis/marpêki arsa/ têtanya kang lumaris//
- Kunêng ditya wuwusen Partatênaya/ lèrèn sor man-[93]dera sri/ lankawan têtiga/ myarsa swara kêmrêsêg/ lan mambu gandaning yêksi/18)sigra rahadyan/ jêjagan abêbiting//
- Abêborang nglumpukkên prajuritira/ têpung ngalang ngubêngi/ngisor myang gêgana/ Bimanyu wus kajiwa/ mring Hyang kangmisesèng bumi/ nahên saksana/ yêksa kèh andhatêngi//
- Pangarêpe yaksa pun Kala Prêmeya/ kang akèh jagèng wuri/ sang yaksatêtanya/ babo sapa ranira/ lan apa karyamu dening/ liwat nglêngkara/ lumaku marang margi//
- Anauri Bimanyu sun Partasuta/ sira buta ing ngendi/ lan sapa ranira/ tingkahmu gora godha/ kang tinanya anauri/ sun buta dêmang/ ayer ngiras pulisi//
- Sira apa sêntananing wong Pandhawa/ ngakua aja mukir/ yèn sirabêlaka/ dak-ganjar lungguh dêmang/ ngiras dadia gêlidhig/ Bimanyunabda/ sun putra Pandhusiwi//
- Kaponakan dening narpati Pandhawa/ arêp apa siranjing/ wil Prameyalatah/ kalingane ta sira/ bêburone gusti mami/ andadak minggat/ mring êndi gonmu ngungsi//
- Angungsia mring têlaking sang nagendra/ tuwin ing Suranadi/ mangsa ta wurunga/ kêcanthil nyawanira/ lah nuruta sun talèni/ Bimanyu mojar/ sira buta pêkathik//
- Kewan alas padhaning jêjinisira/ tan mawang myat sujanmi/ sun baguswarata/ sakojur tanpa cacat/ rupamu pating bêsasik/ pantês mung mangan/ bê-[94]buron ukur cacing//
- Krodha nyandhak suligi Kala Prameya/ Bimanyu kang binabit/ sumêbut akebat/ Partatanaya oncat/ kinayang dènira babit/ antuk landhêsan/ yêksa lir ginalintir//
- Tiba klumah yaksa sru angathang-athang/ Petruk kêbat nututi/ mripate Premeya/ cinocok ori carang/ yaksa anggung gobag-gabig/ tangi narajang/ tumandang mung andèrpati//
- Netra wuta anggung numbuk gora rupa/ ginuyu dening yaksi/ yêksa wira mangsah/ têlu barêng tumandang/ kinarubut Partasiwi/ dening tri yaksa/ tinubruk nganan ngering//
- Radèn Jayênggati tan kewran ing solah/ kinarubut ing yaksi/ anapuk andugang/ nampiling nêbak jêjak/ saya kèh yaksa ngêmbuli/ sigra rahadyan/ trêngginas anarik kris//
- Ditya ingkang ngarubut sinrang gumlimpang/ kagarut ganja mati/ Bimanyu malumpat/ mamrih papan kang padhang/ sigra amusthi jêmparing/ kang narawantah/ lumêpas mring wiyati//
- Kêthèn wendran bêlêg sumawur ngawiyat/ tibane lir garimis/ sêrsêg tumpa-tumpa/ nibani kang raseksa/ ting gulimpang bangkening wil/ atumpa-tumpa/ kang mlayu dèntututi//
- Sayêkti doh de rosaning kang [95] panawa/ wuwusên kyana patih/ têtindhih ing wuntat/ senapati manungsa/ manggala pangirit baris/ Sang Antisura/ kanggêg dènnya lumaris//
- Buta ndhêlik ing êrong tinuding panah/ ting talêsêp ngulati/ kacandhak tinanam/ mung busêk gumalimpang/ panah baut mandi-mandi/ upama udan/ binuncang dening angin//
- Sayêkti doh de rosaning kang [95] panawa/ wuwusên kyana patih/ têtindhih ing wuntat/ senapati manungsa/ manggala pangirit baris/ Sang Antisura/ kanggêg dènnya lumaris//
- Myarsa swara gumuruh gora gurnita/ kadya manêngkêr langit/ sumiyuting wrêksa/ ron kabur kamarutan/ tan dangu udan jêmparing/ adrês ing wiyat/ nibani kang prajurit//
- Wus anyakra Patih Gajah Antisura/ yèn wadya wil ing ngarsi/apranggulan kang/ satêmah wawan ing prang/ garjita rêkyana patih/ sigra amênthang/ panulaking jêmparing//
- Musthi ingkang bramastra nyandhak wisesa/ minantra wus umijil/ dahana angalad/ sungsun atumpa-tumpa/ dalêdêg wijiling hakni/ kumantar-kantar/ wrêksa wana kabêsmi//
- Kang sanjatanira wantah sirna gêmpang/ pinangan sanjata hagni/ kagyat Partasuta/ myat prabawa dahana/ sukèng Dyah Jahnawisiwi/ èngêt kataman/ cobaning sang maharsi//
- Ingkang eyang Begawan Jayawilapa/ tambah sudirèng galih/ sigra-sigra nyandhak laras/ ingkang panah warayang/ mênthang langkapnya gumêrit/ tumêngèng wiyat/ sanjata mijil angin//
- Gumaludhug prahara gora sinêrang/ bayu bajra tumindhih/ kèh patih sulaya/ wrêksa rubuh kaharah/ bramastra kabuncang angin/ hruning warayang/ sumêbut mobat-mabit//
- Sumpêk nampêk kapalêpêk wadya sabrang/ gègèr lumayu ngisis/ ngungsi senapatya/ Ki Patih Antisura/ têtêg tan nêdya gumingsir/ Bi-[96]manyu sigra/ marpêki senopati//
- Asta kiwa wiraga ngasta kang langkap/ têngên Hardhadhedhali/ alon atêtanya/ hèh sabrang ranmu sapa/ sikara nyidra ing jurit/ apa wus adat/ tan parikramèng jurit//
- Kagyat mulat mring bagusing radyan putra/ gèdhèk-gèdhèk ki patih/ gung angunjal napas/ nyakra dudu manusa/ groyok dènira nauri/ yèn tambuh mring wang/ ing sabrang sun pêpatih//
- Raningsun Patih Gajah Antisura/ taliti sutèng patih/ marmèngsun labuh prang/ jêr buta kancaning wang/ sapa aranmu wong sigit/ manawa sira/ jawata pindha janmi//
- Anauri ingsun putra Madukara/ satriya Plangkawati/ Bimanyu raningwang/ ya Arya Partasuta/ atmaja surayèng widhi/ Hendratanaya/ Badra siswa ya mami//
- Apèparab kyatingrat Jahnawisuta/ Pamadyasuta mami/ Sang Arjuna Weka/ Tenaya Widasmara/ atmaja Prabu Kalithi/ prawinaning prang/ Suraya andon rêsmi//
- Kadangingsun putra waranggana Surendra/ kabêh nêmbah ing mami/ Patih Antisura/ malongo duk miyarsa/ nauri gumuyu ngikik/ asugih aran/ tumpuk atumpang tindhih//
- Lah nututa wong bagus sira sun gawa/ milih mring praja mami/ ywa nganti kawêngan/ ing gusti srinarendra/ rabènana anak mami/ punjul sapraja/ têmbe dadia patih//
- Lurah Sêmar matur mamrih tumulia/ matêmpuh ing ajurit/ nyêmpal pang mandera/ pinanduk kêning jaja/ kagyat Antisu-[97]ra narik/ curiga nrajang/ Bimanyu pinrang kêris//
- Wanti-wanti panggocone kyana patya/ Bimanyu datan busik/ gigir lambung jaja/ jimpe rêkyana patya/ kang curiga gurèwèli/ akon malêsa/rahadyan narik kêris//
- Kalanadhah ki patih jaja kataman/ gumêbruk wus ngêmasi/ sigra pra punggawa/ wruh lurahe palastra/ gumrubyuk têmbang ginanti/ durma sinimpar/ pangkur ingkang gumanti//
~ PUPUH XVI ~
P A N G K U R
- Nêngna untabing kang bala/ kawuwusa Rahadèn Bimasiwi/ lalu pangupayanipun/ ngêmbara ing awiyat/ tyas kumêpyur myat lêbu mulêg lir lesus/ gumrah alas kaêbêgan/ garjita Sang Bimasiwi//
- Sangsaya niyub mangandhap/ kawistara kang udrêg ing ajurit/ tan samarpaningalipun/ kang rayi Partasuta/ kinarubut kang mungsuh langkung sèwu/ dyan wong agung Pringgacala/ mangkrak krodhanya mawrêdi//
- Nguwuh sêsumbaring ima/ prabawa gung kumêlun gung kukus mijil/ dalêdêg wêtuning tutuk/ lir mêndhung kamarutan/ tinumpa ing prahara tumamèng mugsuh/ gumlêgêr swara gurnita/ rug kontrak kang bumi gonjing//
- Hèh kodhik sun tan pêpeka/ sapa ingkang sikara ing ajurit/ tadhahana wêwalêsku/ sun putra ing Pawênang/ Prabu Anom Têtuka jêjulukingsun/ iya Arya Bimasuta/ wong agung ing Pringgadani//
- Bêbayaning jumantara/ andhanu lar Arimbatmaja mami/ sun atmaja Bayusunu/ kapitra anrang têngah/ dènprayitna sigra Bimaputra niyub/ narajang têngahing [98] mêngsah/ dhupak napuk anêmpiling//
- Ngancik pundhak muntir sirah/ gulu jêbol jêrohan katut mijil/ kèh sinawatakên mungsuh/ mati ingkang katiban/ bubar kuwur ting salêbar kawur mawur/ wênèh ngungsi malbèng jurang/ dhrêsêl garumbul ori//
- Wuwusên Partatênaya/ Garèng Petruk miyat sirnaning baris/ lan akèh sirah gumlundhung/ gêmbung kèh gumalimpang/ wus anyakra yèn kangraka kang têtulung/ sigra Sang Partatenaya/ nguwuh sarta amrêpêki//
- Wus tundhuk lawan kang raka/ samya lênggah anèng soring waringin/ kalihe rangkul-rinangkul/ tanya Arya Têtuka/ witing aprang lawansangkaning kang mungsuh/ satriya Jahnawisuta/ matur purwa amungkasi//
- Lan matur wêlinging eyang/ Rêsi Jayawilapa andhawahi/ kinèn manjing purèng mungsuh/ pinriha manuhara/ lan putrining Suryanggana sangaprabu/ nuladha adate bapa/ jayaning prang olèh putri//
- Gathutkaca ngandika/ yèn mangkono ingsun milu sirèki/ nadyan tumêka ing lampus/ aja pisah lan sira/ kasok têmên bok kaya kang wis kapungkur/ Bimanyu alon aturira/ mrih Rahadèn Bimasiwi//
- Kakang sih paduka mring wang/ sakêlangkung tumanêm pulung ati/ kalingga têlênging êmbun/ mugi sampun dêduka/ wit kawula lênggana yèn tinut pungkur/ bantu wuwus Lurah Sêmar/ ngaturke wêlinging kaki//
- Ing karyane rayi dika/ mangka pikat [99] rama dika kang anis/ timbalane sang awiku/ benjing prang pasanggrahan/ ing timbule rama dika radènbagus/ miwah rama jêngandika/ rahadèn ing Jodhipati//
- Ya ta Radèn Gathutkaca/ duk miyarsa aturing Saronsari/ kalangkung trusthaning kalbu/ lêsah-lêsuning ilang/ angandika mring kang ari Sang Bimanyu/ wis yayi payo binagya/ ing karya dimèn tumuli//
- Yayi maring pasanggrahan/ ingsun ingkang sumiwi Parta rêsi/ Gathutkaca sigra mumbul/ dêdêl ajumantara/ lamat-lamat lir kaendra nggayuh mêndhung/ jalada malang tinrajang/ buyar mawur katut angin//
- Partatênaya umangkat/ alon-lonan anggung nyilip ing margi/ kunêng gantya kang winuwus/ Sang Prabu Duryudana/ risêdhêngnya tinangkil pêpak pra wadu/ miwah para kamituwa/ Kurawa samya sumiwi//
- Karsane srinaranata/ mung anggunêm sirnaning Pandhusiwi/ eloke barang kadulu/ sabarang kari wadhah/ tan antara praptanira sang aprabu/ ing Gumiwang Suryanggana/ tan palarapan sumiwi//
- Ngarsaning Sri Duryudana/ rêrênggosan kadya soring ajurit/ angling Duryudana prabu/ mring Prabu Suryanggana/ hèh ki prabu dene agita praptamu/ kaya kang anêmu karya/ umatur sang narpasiwi//
- Pukulun srinaranata/ kawula tur uninga jêng rama ji/ abdi paduka kang tunggu/ Praja Cintakapura/ jinudhag mring satriya sajuga rawuh/ wasta Bambang Partadewa/ pinangkane saking [100] wukir//
- Pratapan Kelasawarna/ yoganira Sang Kilatrupa rêsi/ sêsumbare mila purun/ gusah catur punggawa/ pun Pandhawa ingakên mitra satuhu/ alabuh sabaya pêjah/ mêkatên gènira angling//
- Sira dudu mungsuh ingwang/ gustinira dènage konên prapti/ mantri jagi samya mantuk/ gita sanjang ing kula/ kamipurun lumancang karsa pukulun/ mantri pangrêksa sakawan/ sami kawula pêjahi//
- Pukulun jêng srinarendra/ sowan kula nyuwun pangèstu mugi/ kaèstrèna para sêpuh/ nyêpêng pun Partadewa/ kalilanana kawula amale ukum/ lan kadhaton ing Ngamarta/ yèn parêng kawula bêsmi//
- Ngandika narpa Kurawa/ mring Sang Wiku Dahyang Durna maharsi/ bapa paranta ing kayun/ karêpe putranira/ kudu-kudu anyêkêl kang anèng kadhatun/ matur Baratmadyaputra/ dhuh pukulun sribupati//
- Yèn putra paduka nata/ kang umangkat nyêpêng kang anèng puri/ kabaranang ing bêbêndu/ kang nama Partadewa/ kawula jrih ngarokos ingkang saèstu/ yèn karsa karaya-raya/ bok mênawi nêniwasi//
- Pun bapa botên angina/ kadibyane putranta sribupati/ prayogi sarèh ing kalbu/ waspada ing paningal/ kêdah ingkang sagêd matawis ing wangun/ ngandika Sri Duryudana/ manira bodho sirèki//
- Kang prayoga anyêktèkna/ Dhahyang Druna umatur mring sang aji/ raka paduka Sang Prabu/ Ngawangga Basusena/ kados bo-[101]tên dêdugining kalbu/ waskitha ing panggrahita/ lêbda mawang ing tyas lantip/
- Yèn pamawrate pun bapa/ Partadewa langkung saming janmi/ wondene sumanggèng kayun/ ing karsa Srinarendra/ Duryudana alon angandikanipun/ ring raka Dipati Karna/ nêdha kakang adipati//
- Jêngandika lumakua/ marang datulaya Cintakapuri/ yêktining jroning kadhatun/ ing mêngko ana ingkang/ wani ngrêngkuh wijiling wong têka gunung/ aran Bambang Partadewa/ ngaku sinudara dening//
- Rayi andika kang muksa/ yèku kakang jêngandika timbali/ paran sêdyane satuhu/ bangga rinampungana/ Bapa Suman pakênira dèn sabyantu/ lan kakang Dipati Karna/ Kurawa kang gantung kardi//
- Trusthèng tyas Dipati Karna/ piniji mring rayi jêng narapati/ dhêku sarwi lon umatur/ yayi srinaradipa/ dènsakeca ing galih pun kakang sanggup/ anggèndhèng pun Partadewa/ dènnya muwus Suryasiwi//
- Goyang jêngku sru sêsumbar/ mèsêm- mèsêm mangkana dènira ngling/ dhuh yayi ingwang sinuhun/ lamun benjing pun kakang/ botên bêkta mustakane wong ing gunung/ tan sumiwi ing paduka/ wirang miyat ing sujanmi//
- Eman alungguh dhêdhampar/ pêpantêse nguni awor pêngarit/ Rêsi Bisma lon amuwus/ Dipati Basusena/ yèn cêlathu ilang parikramèng ratu/ pêpantêse binalika/ Partadewa ingkang nyangking//
- Murdaning radetyatmaja/ ora patut ka-[102]soran ing ajurit/ Karna kucêm sigra mundur/ datan kongsi nyamêkta/ praptèng jawi nyengklak kudhanira mamprung/ pangkur kari panangkilan/ pucung têmbange gumanti//
~ PUPUH XVII ~
P U C U N G
- Kawarnaa kang nèng jroning têmbang pucung/ Bambang Partadewa/ lawan garwa wranggana di/ tuwin putra Sang Prabu Anom Têtuka//
- Partadewa ngandika mring garwanipun/ ingsun iki bakal/ dhayohan dhutèng narpati/ kang dinuta adipati ing Ngawangga//
- Sira iku mirantia ing sêsuguh/ ing jro miwah jaba/ ywa nganti ngisin-isini/ Kandhiraras mijil angrukti sugata//
- Partadewa angandika maring sunu/ Arya Gathutkaca/ kulup sira sun tuturi/ ingsun katêkan ing dhayoh anangsara//
- Poma kulup dèn mituhu lêkasingsun/ lamun duta nata/ arêp sikara mring mami/ sira aja wani têtulung maring wang//
- Aja ngaton sira dhêlika ing pungkur/ sigra Bimasuta/ mentar dhêlik ngintip-intip/ ing tyas kudu wêtu atarap ing karya//
- Ya ta wau Bambang Partadewa sampun/ mijil saking pura/ jumênêng soring taritis/ kawuwusa Adipati Basusena//
- Tanpa kanthi manjing palataran wong agung/ Sêngkuni nèng wuntat/ nusul napas kêmpis-kêmpis / jinaganan Kurawa angunjal napas//
- Bambang Partadewa mêndhak lon umatur/ nêdha carakendra/ paduka manjing puri/ kula ingkang nglêladosi ing paduka//
- Sribupati Karna bêngis ngandika sru/ apa sira ing-[103]kang/ jênêng Partadewa rêsi/ gya umatur tan kalih naming kawula//
- Nama Partadewa mung kawula tuhu/ miwah kang Pandhawa/ yêkti tan liya kang abdi/ ingkang rusak kang rinusak mung kawula//
- Adipati Karna mèsêm nolih pungkur/ angling mring kang paman/ nêdha paman dika pikir/ punapi ta wontên wong angrangkêp karya//
- Gèbès-gèbès kyana patih lon umatur/ bêbasan ngalêntar/ bok gih sampun dipungalih/ gya tumuntên dhawuhna kang pangandika//
- Partadewa ngrumiyini manabda rum/ bok inggih sumangga/ lajêng umanjing jro puri/ ing sakarsa supadi nuntên kalakyan//
- Sigra wau wus manjing pura wong agung/ tata dènnya lênggah/ atembokparêkan cèthi/ ingkang samya ngrakit samya ajuning sugata//
- Ingkang rasa sêgêr lêgi myang rum-arum/ Sang Narpati Karna/ durung nganti dèncarani/ ting karompyang Kurawa dènira nadhah//
- Partadewa alon panêmbramanipun/ dhuh sang adipatya/ kawula atur basuki/ duk nèng praja ing marga praptèng wusana//
- Anauri Karna mring atmaja wiku/ ya Ki Partadewa/ bangêt panarima mami/ ingsun malês pambagya marang ing sira//
- Hèh Ki Partadewa ing karya sun cancut/ wit ing praptaningwang/ dinutaing sribupati/ amaringakên sabda pangèstu mring sira//
- Gya andhêku wiku putra lon umatur/ sabdaning rayinta/ asih pama ing basuki/ sakalangkung kapundhi kalingga murda//
- Mung mênawi wontên karsa kang mrih ayu/ Narapati Kar-[104]na/ pangandikanira bêngis/ hèh Ki Parta timbalane Srinarendra//
- Sapa ingkang nyuraya marang sirèku/ apa karêpira/ dene liwatkumawani/ anrang baya kuwanènmu tanpa taha//
- Praptaningsun animbali ing sirèku/ yèn nuntut dak banda/ sira bangga sun patèni/ mèsêm-mèsêm wiku putra lon turira//
- Dhuh sang prabu mila amba kamipurun/ tingkah kang mangkana/ anrang baya kumawani/ anjudhag ming mantri kang rumêksèng praja//
- Awit pun Pandhawa pawong mitra ulun/ tan mantra mêmitra/ lir nunggal sayayah wibi/ liya saking mêkatên tyasing pandhita//
- Pakartining têtulung ing kawlas ayun/ sami lan narendra/ wajib angrêksa kaswasih/ yèn narendra têtulung sarana aprang//
- Yèn pra wiku mung puja miwah pitutur/ mangka pun Pandhawa/ tan dosa dhahat pinurih/ sinangsara marma kawula sumêngka//
- Sapikantuk nanggulang pakaryan pra dur/ lan pamyarsa kula/ Sri Duryudana Narpati/ nak ing dulur lan narpati Ngamarta//
- Datan eman têka kolu murih lêbur/ nanging dhatêng layak/ awrate rêbut nagari/ pantês supe rinewangan mèt suraya//
- Jêr wadyane sadaya pan êmpuk-êmpuk/ arêp mêngku praja/ wêdi ananggulang jurit/ golèk sraya olèh ratu atos jênang//
- Malih dipun têrang tan nyambut pangrungu/ paduka punika/ sadulur anunggal bibi/ gumrahing wong dadi têka aji mulya//
- Duk winatêk Kunthi wêtêng-[105]e malêmbung/ liwat dora cara/ aji bisa dadi bayi/ congèr-congèr linabuh marang samodra//
- Wontên malih mêdal saking adatipun/ lair ingkang jabang/ marmane mijil sing kuping/ saparane kinelenan gagang lanang//
- Sadèrènging dewasa gorohe ngumbuk/ mangka rahsaning hyang/ dumunung ingkang prakawis/ kenging uga kinaryan rahsa sêkawan//
- Tutuk grana karna parji cangkêm catur/ manggone kang rahsa/ nanging parah kang umanjing/ lêgi gurih ning tutuk manggoning rahsa//
- Rahsèng grana bangêr bacin wangi arum/ mung rahsa nèng karna/ mèh padha kang nèng parêji/ yèn kêlêbon kêkilar rahsaning nikmat//
- Yèn parêji mung salumrahing winuwus/ wit punika mangka/ kaelokaningHyang Widhi/ yèn kataman lêgi gurih tanpa rasa//
- Kula sirêping atur bok kajalungup/ kados yèn kolua/ mring Pandhawa wus tanpa sih/ jêr paduka kadadosaning sukêrta//
- Sadangune sang wikuputra dhoreng wuwus/ Narpati Ngawangga/ miwah Ki Patih Sêngkuni/ pra Kurawa ngantuk ngorok sêsênggoran//
- Ing wêkasan wiku putra dènnya muwus/ Sri Karna anyêntak/ gêbyak asta asru runtik/ tan saranta sinikêp Sang Partadewa//
- Pan gumapruk lir sidhakêp udrêg kukuh/ nanging tanpa lawan/ mêksa wanti-wanti banting/ Patih Soman jumbuh susure malêsat//
- Kawuwusa Bimaputra kang nèng pungkur/ myarsa swara gita/ [106] sigra dènira umanjing/ pinapakên ing rama Sang Partadewa//
- Rinarapu dènira arsa têtulung/ nahan wiku putra/ Kurawa wus dènsabdani/ padudona Kurawa lan sanakira//
- Mung Sri Karna kang inguja karsanipun/ riwusnya sinabdan/ Kurawa lir turu nglilir/ barêng ngêbyak barêng surak barêng mêngsah//
- Niba tangi ing palataran padha gêlut/ kang jambak jinambak/ dhupak nyongkol anampiling/ gêgamane kabèh padha kapalêsat//
- Kang dènidak gulune ilate mêtu/ kèh mripat kasipat/ irung buntus kuping suwir/ Arya Soman binuru ubêng-ubêngan//
- Kaku tyase manjing urung-urung banyu/ kalèn nuju matang/ mukanggung kasaban warih/ nglangak sundhul bali mundur sinogokan//
- Kawuwusa nata Karna langkung bêndu/ nyandhak kang sanjata/ narawantah wus kapusthi/ duk lumêpas wiku putra tangkis asta//
- Kang sanjata prabawa tinulak wangsul/ nibani Sri Karna/ kumarutuk lir garimis/ wusnya ambruk Karna karoban ing panah//
- Kakuning tyas têmah kantaka sang prabu/ Kurawa ting glimpang/ ting galêrêng ting karêmpis/ Patih Soman mundur saking marga toya//
- Duk umiyat Kurawa pating galuntung/ sigra Partadewa/ marpêki Patih Sengkuni/ alon nabda hèh palibaya dènenggal//
- Pra Kurawa dènmota ing ngekrak gupuh/ [107] Narpati Ngawangga/ tinumpangna ing turanggi/ rinompoha tumuli sami mundura//
- Palibaya umatura ing sang prabu/ manira suwuna/ pangaksama mring sang aji/ dene para Kurawa manggih sangsara//
- Nanging dede saking manira satuhu/ wit karsa priyangga/ dhêndhaning sikaring janmi/ lan katura kawula asung yu bagya//
- Kawuwusa Sangkuni sawadyanipun/ sabên saonjotan/ lèrèn kang samya lumaris/ mêmêtèki Kurawa kang munggèng ikrak//
- Nata Karna ing samarga-marga kantu/ kondur mring Ngawangga/ ning marga têmbange salin/ mari pucung kang gumanti maskumambang//
~ PUPUH XVIII ~
MASKUMAMBANG
- Kawarnaa kang tapa gupita giri/ pratapan Sumarma/ kiwaning pinggir jaladri/ adoh dhukuh mung prak alas//
- Kèh bêburon banthèng andanu mêraki/ singabarong warak/ tuwin kang buron jaladri/ gung saba midêr pratapan//
- Garudha gung mibêr midêr anganglangi/ tan ana tanduran/ kêpoh randhu alas wringin/ pinggir samodra siwalan//
- Dhuwur-dhuwur jajar tan kêna winilis/ padha sinusuhan/ garudha munya ting krêlik/ marga sinaba ing janma//
- Kang martapa pandhita awarna yêksi/ adêdêg pidêksa/ têgêse sêdhêng gêng inggil/ netra apindha baskara//
- Grananya gung tutuk cawak waja ngrungih/ siyung ngapurancang/ karnanya apindha hèsthi/ jaja gêblak sêmu wijang//
- Gumbala gêng godhèg wok simbar jaja brit/ asta meng-[108]kol cêndhak/ dariji gêng sakurahi/ kênaka gèpèng lir bêndha//
- Susu kopèk wêtêng jêmbluk bokong nyênthing/ suku penthong cêkak/ kêbak wulu klangsrah siti/ dlamakan pindha pêpisan//
- Ajêjuluk Kesawa sang maharêsi/ lawan cinarita/ arine sajuga èstri/ warna sor wrangganèng swarga//
- Kang panêngran Kusuma Humandadari/ wus tan kêna ngucap/ candraning sang ruming sari/ sabarang bêcik kang tinrap//
- Kabèh-kabèh sakojur rêtuning bêcik/ tapaning sang rêtna/ lan kang raka anyarêngi/ arêpa nadhahana//
- Lamun dalu dêdamar ujwalèng sasi/ mangkya sang pandhita/ lagya amêsu sêmèdi/ tapa mati jroning gêsang//
- Anyirnakkên pancadriyanya sang rêsi/ tan myat tan miyarsa/ rasa pangganda piningit/ cipta osik kabèh sirna//
- Mung angêmpêl kumpule ywa kongsi gêmpil/ lan angga priyangga/ lamun panêmbahe milih-/ milih kang êndi sinêmbah//
- Yèn nêmbaha ing sêsamaning dumadi/ dene tanpa ngrasa/ yèn nêmbah ing dewa luwih/ dewane sapirang-pirang//
- Lawan dewa yinoga Hyang Ujwala tri/ iya Sang Hyang Jagad/ mêngku wiji misesani/ bantala miwah akasa//
- Wujude kang dènrasani/ marma kasangsaya/ subratane sang maharsi/ waspadaa warnaning Hyang//
- Marma wus samadya candra sang maharsi/ dènnya tapa pêjah/ datan obah datan mosik/ anglir tugu sinukarta//
- Mêmpêng dènnya mrih sampurnaning du-[109]madi/ pamoring Hyang nunggal/ ywa nganti silih-sumilih/ sanalika sang atapa//
- Adrêng mêrdêng jiwa linggar saking jisim/ marma ingaranan/ jisim wus koncatan dening/ Hyang Suksma linggar sing angga//
- Duk maksihe dumunung ingaranan jalmi/ cuwèng tyas Kesawa/ miwah Dyah Uman Dadari/ myat ing raga karigana//
- Panuruning caritaning dhalang ringgit/ pêcating kang nyawa/ suwe yitma anunggoni/ sru dènnya anguman-uman//
- Gumarunggung ngundhamana yitma kalih/ marang raganira/ duk tinurun sastra warih/ nuju têmbang maskumambang//
- Kang mangkono nora dèntulisi/ mrih bok tinuladha/ têka yitma muringmuring/ saiba duk aran janma//
- Wusing purna yitma dènnya muring-muring/ tumulya lêlampah/ kèh dinulu amarnani/ yèku pan uga tiningal//
- Hyang wisesa yèn wis lingga saking gaib/ paran nganggo marga/ têka nganggo amêmilih/ rêp mring wisma sangka ngomah//
- Arêp lunga mêntas ingkang dènparani/ mêngkono ing rasa/ antêpe kang mardi tulis/ ing driya tan sêmang-sêmang//
- Parandene isih ana kang pinêthik)/ jêr ginawe sêpa/ tuladha sasmitèng pati/ mangkana kang cinarita//
- Sang Kesawa lan Kusuma Mandadari/ anon pakarangan/ saking doh dinulu asri/ katon munggul gapuranya//
- Gapura mas pinathik-pathik rêtna di/ tuwuhan têmruna/ ya ta wau Mandadari/ kèndêl dènira lumampah//
- Lon matur mring kang raka ngasih-asih/ iku kakang sa-[110]pa/ kang dumunung katon iki/ Kesawa lon lingira//
- Iku rara pêpancèning pra maharsi/ tuwin para raja/ sanadyan wiyahing janmi/ bisa dumunung ing kana//
- Yèn pandhita kang tansah muja sêmèdi/ tan lyan kêring kanan/ mungkul ing tyas anêtêpi/ sapakartining pandhita//
- Yèn narendra uga padha lan pra rêsi/ mung sejening patrap/ pandhita alul sêmèdi/ betah luwe cêgah nendra//
- Ora mêngêng pangèsthine marang dewa di/ gêlising pangucap/ tuladhane wus mrêpêki/ narpati miwah pandhita//
- Ingkang padha ngantêpi karsaning widhi/ kaya ta pandhita/ sang Begawan Wrahaspati/ Bagaspati kalaludra//
- Iku padha tinitah sipat rasêksi/ tan mung iku rara/ yèn kang jumênêngnarpati/ Mantili Prabu Janaka//
- Srinarendra ya padha raja narpati/ kang padha ginanjar/ suwargane kêna milih/ padha aloka sawarga//
- Kang siranon iku tan kêna pinilih/ ujêr wis pinacang/ ing wêca pinanci-panci/ kang bakal duwe sawarga//
- Lamun ana satriya lêbda sêmèdi/ têranging paningal/ luwih kang para maharsi/ sinuraya ing jawata//
- Yeku ingkang pancèn kêna angênggoni/ siniwi wranggana/ umaturUmandadari/ ngêndi araning sawarga//
- Angandika yaksa Kesawa maharsi/ araning sawarga/ gapura kang dinomêri/ ran sawarga Tejamaya//
- Ya ing Tinjomaya swarga dènarani/ ya ta ngandika/ Kusuma Mandadari/ bok aku iki lan sira//
- Ginanjara sawarga ingkang kadyèki/ lah saiba kakang/ mêthangkrusku angênggoni/ angling Bêgawan Kesawa//
- Seje têmên lan karêpku iki yayi/ sèwu no-[111]ra sêdya/ tinikêle ping sakêthi/ rupendah kang luwih ika//
- Lo kapriye kakang ujarmu nyalindhit/ kakang kaya ngapa/ pangarêparêping ati/ mêtua ingkang mangkana//
- Sang Kesawa ngujiwat alon dènnya ngling/ yayi kadangingwang/ pindha karya ing pamikir/ winanti-wanti pinajar//
- Wèwuruke priyangga marang pribadi/ minangka pusaka/ tan ngalèwèng sun antêpi/ tan rêna lamun ginanjar//
- Sapa ingkang ginanjar sapa ingkang paring/ malah agawea/ kang dadi sênênging ati/ jêr ika kabèh ya ingwang//
- Mangka têmbe ana kang suka pinaring/ swarga Tejamaya/ sun tarka kurang patitis/ kêna sinamuring dewa//
- Basa teja wêwayangan kang sayêkti/ mayèku ujwala/ têgêsing ujwala yayi/ cahya kang gumilang-gilang//
- Matur malih sang raka lirih/ sun kêpingin kakang/ lumêbu sawargan iki/ saiba endahing warna//
- Nulya laju lampahe kang yitma kalih/ kunêng kawuwusa/ kang nèng jroning mandragini/ salin têmbang dhandhanggula//
~ PUPUH IXX ~
DHANDHANGGULA
- Cinarita kang nèng jroning puri/ puranira Sang Hendratanaya/ jawata nata lungguhe/ anênggih ajêjuluk/ Sang Bathara Prabu Karithi/ siniwèng para garwa/ pangarsanya catur/ jêjuluk Rêtna Supraba/ putra Hendra Wilutama ingkang rayi/ Sambu ingkang pêputra//
- Lêng-lêng Mandanu ingkang sumendhi/ Lêsmanantaka jangkêp sêkawan/ Brama ingkang ngyogakake/ punika kinawayuh/ lawan Drê-[112]sanala kang rayi/ kang anèng jroning garbanira Pandhusunu/ akathah garwa ampeyan/ cinarita tiga ingkang wus sêsiwi/ kapat Wara Supraba//
- Supraba wus pêputra kêkalih/ ingkang sêpuh Sang Bimawicara/ luruh jatmika solahe/ nunggil watêkanipun/ lan kang rama Prabu Karithi/ karêm mring kasatriyan/ kondhang linalancur/ kêkêmbange Surantaka/ kèh pra widodari brangta mring sang pêkik/ sumêngka tur pralina//
- Ingkang rayi Dyah Minangkawati/ nunggil ibu lan Bismawicara/ lan kang ibu kèh èmpêre/ muka kulit amulu/ tindak-tanduk sabawa sami/ marma dadya laela/ kèh jawata gandrung/ Rêsi Wilutamaputra/ mèh sawarna lanraka Suprabasiwi/ Nayamurdhama atrang//
- Tyas ngumalaa mustika manik/ angluri mring pambêkaning eyang/ lumuh mring pakaryan rame/ karêm puja manêkung/ ingkang rayi Radèn Wisagni/ Tenaya Drêsanala/ miwah arinipun/ nama Rêsi Wisangkatha/ ambêranyak bawa tênagane nyami/ cahya andiwangkara//
- Cinarita Sang Prabu Karithi/ kang siniwi pra garwa wranggana/ salami tan kadi mangke/ netya kucêm mawêlu/ lir purnama ingkang mangsa tri/kataman ing jalada/ ing satêmah kusut/ dadya tyasing kang pra garwa/ samya labuh kamigênaning prihati-[113]n/ rêrêp sirêp nir bawa//
- Datan ana kang girang ing galih/ ting palongo kèh ngalalar jangga/ anguwêt-uwêt drijine/ ngunjal napase ngangsur/ kèh bêbisik rowange linggih/ duk nèng gupita rêtna/ bok kèh tan sinarju/ ya ta dyah Hendratanaya/ anrangbaya nir weka umatur ririh/ asrêt kadya karuna//
- Dhuh pukulun Hyang Bathara mami/ sampun dhahat akarya sandeya/ rêngu paran darunane/ taha kawulanipun/ yèn ajriha kataman runtik/ nadyan praptèng pralina/ kawula umangguh/ sumêlaning manah amba/ yèn paduka tan kawuryan duk sumiwi/ ing ngabyantara nata//
- Lêpating atur kawula mugi/ tinrapana tikêl ing patrapan/ kumawawakawulane/ atanapi kalamun/ giyuhing tyas èngêt kang rayi/ rumêksèng Madukara/ adhuh paran sampun/ rikuh têmah karya rimang/ myang paduka kawula rêksa sayêkti/ lulusing tyas kawuryan//
- Yèn kadurus sungkawaning galih/ botên wande karya rênguning rat/ kèh gara-gara têmahe/ dhuh wêlasa sinuhun/ kayangane pra widodari/ kapanduk ing blêkdaba/ kawah lir katunu/ dhaharên atur kawula/ angowêla pukulun panutan mami/ têmbe praptèng wasana//
- Nahan tuwuh wêlasing kang galih/ dadya arum ing waca-[114]nanira/ kabèh kêkasihku dhewe/ aywa na salah surup/ taha lamun dinukanan dening/ sang hyang siniwèng dewa/ miwah panangguhmu/ yèn kangên mring garwa putra/ iku luput satêmêne iku yayi/ kataman ing pawarta//
- Wus kawêntar dewa kang anangkil/ yèn dewaji ing Cintakapura/ lumèngsèr saka prajane/ kajudhag dening mungsuh/ têka sabrang prawira sakti/ prajane ing Gumiwang/ jêjuluking ratu/ Maha Prabu Suryanggana/ abêbala bacingah guna ing jurit/ marga bêdhahing praja//
- Katuwone yayi awak mami/ anèng Tejamaya wus wibawa/ siniwi wranggana akèh/ tan eling mring sadulur/ pijêr rinob pra widadari/ gabug têmên mring kadang/ kalingan linuhur/ nèng sawarga mong asmara/ iku yayi kang dadi susahing ati/ saiba loking dewa//
- Ênêngna Sang Prabu Karithi/ kawuwusa yitmaning Kesawa/ lan Mandadari yitmane/ wus tumamèng kadhatun/ tyas kumêpyur Umadadari/ miyat sang awibawa/ mèsêm jroning kalbu/ sang dyah matur ing raka/ sapa iki kang pinarêk widadari/ ngêdhèngkrèng lir jamita//
- Sang Kesawa alon nauri/ aja baribin pangucapira/ yèn karungu lalar gawe/ sêmune kaya wêruh/ marang sira tuwin mring mami/ angling kusuma yitma/ patute wong iku/ [115] maripate kabuwanan/ calinguke budhêge ingkang ngranuhi/ kêtara ing lêledha//
- Apa iku kang sira arani/ satriya kang katrimèng panêdha/ sapa kakang ta wong kuwe/ Kesawa alon muwus/ iku yayi Prabu Karithi/ satriya Dananjaya/ ya Tenaya Pandhu/ pamadyaning kang Pandhawa/ ya mulane tinarinan widadari/ mukti nèng Tejamaya//
- Pinutra mring Sang Hyang Surapati/ nalikane katêkan prangmuka/ ing Imantaka prajane/ nanging arupa diyu/ Sang Nirbita araning aji/ iya Prabu Newata-/ kawaca jêjuluk/ tapa ning wukir Drakila/ sinuraya amunah sang narpa yaksi/ margane katarima//
- Anauri yitma Mandadari/ iku jawane kang aran Parta/ eman têmên ing baguse/ sêkti prawira punjul/ linuwih lan samining janmi/ nganti pinutra marang/ sang jawata prabu/ jawane wong iku kakang/ ora ana wong bagus têrusing ati/ akèh bagus nyênyêlang//
- Topèng kayu ginawe nutupi/ nadyan gruwung picak tan kawangwang/ sok katona dhèngklèh-dhèngklèh/ Kesawa jawil muwus/ ah lo sibèng aja baribin/ mêngko rak kapiyarsa/ nolih sang rêtnayu/ sangsaya sru dènnya mojar/ sira kakang maido pitutur mami/ iku wong yèn mungguha//
- Woh-woh-[116]an kang sinawang wêrna di/ wohing bolu tuwin wohing ingas/ dinulu ngêpengenake/ tanpa rasa woh bolu/ yèn woh ingas têmah gatêli/ bagus jaba jro wisa/ èmpêre wong iku/ watêkke goroh lalenan/ rada dhêndhêng imul bêcike sathithik/ maido rada cupar//
- Marmaningsun gêlêm angarani/ goroh lalèn saèn dhêndhêng cupar/ wis ubaya lan bojone/ sinêksèn ing dewa gung/ melik mukti rabi habsari/ lali ing pangrêncana/ gampang binalilu/ prajane kênèng sangsara/ ora wêlas bungah myat brana hapsari/ kinasih ing jawata//
- Ya ta sadangunira samya ngling/ yitma loro narpa Hendraputra/ datan samar satêmêne/ rinasan trang pangrungu/ langkung krodha Prabu Karithi/ nalikarsa tumandang/ yitma sang don wuwus/ kang rayi binêkta mlajar/ Sri Karithi tan ngandika anututi/ saparan tinut wuntat//
- Lamun rikat dènira nututi/ yitma loro umêsat lir kilat/ sayah kêndho pamburune/ yitma tamban lumaku/ Sang Arjuna sangsaya runtik/ wuwusên waranggana/ sadaya wulangun/ têmah matur Batharendra/ tan winarna gunême Hyang Surapati/ ya ta Hendratanaya//
- Sinêngka dènira anututi/ yitma kêbat umêsat lir kilat/ tan antara ing praptane/ inggyan raga sih lungguh/ datan owah ra-[117]kit sêmadi/ ya ta ing praptanira/ yitma ing tyas ngungu/ mangkana andikaning tyas/ hèh rubaya paranta karêpirèki/ de karêm amigêna//
- Sun kapati asih mring sirèki/ sun rewangi têkên-têkên jaja/ suku janggut pocapane/ ênggonku) analusur/ marang sira supaya bêcik/ sumuk sira sun guyang/ sukêrta lumuntur/ gung sun trapi gandawida/ supayane rêsêpa kang myat sirèki/ mèmpêra ran manusa//
- Lamun atis sira sun kêmuli/ arêp tumindak sun tuntun sira/ arsa myat sun tuduhake/ arêp myarsa ing wuwus/ sabdaningsun kang anggung mêtik/ arsaa sapocapan/ padhaning tumuwuh/ ingsun kang paring sarana/ arsa lêbda ing ganda kang arum bacin/ supaya wignya wijang//
- Tumraping tutuk bisaa milih/ rahsaningsun gumadhuh ing sira/ têmah mangkene dadine/ paranta wêwalêsmu/ gonsun asih mring sira iki/ sun saguh tarubaya/ tuhu prasêtyamu/ ujare tan gêlêm pisah/ mulya papa wêkasana karsa pribadi/ angêmbari maring wang//
- Dhuh rubaya tan roro sun iki/ tan bisa lamun sirarsa nimbang/ sira ing êndi sangkane/ sirarsa ngudi tuwuh/ ulihira marang ing êndi/ ananira saking wang/ ulihmu maringsun/ sinigêg wuwuse yitma/ ri kang jisim tumênga kadya ningali/ Kesawa anggarjita//
- Apan yitma karo wis umanjing/ marang raga ka-[118]gèt wus waluya/ lir supêna sakarone/ lênggah apungun-pungun/ Mandadari angêjum weni/ wênga nanggung ing ucap/ pinaripurna wus/ ujwala pindha purnama/ gya sumandhing ing raka sang yaksa rêsi/ sêsèndhèn bau kiwa//
- Tan antara Sang Prabu Karithi/ dumarojog ngarsane sang dwija/ ing tyas arda dêdukane/ de kang garwa kadulu/ lèyèh-lèyèh bauning yaksi/ dadya sru angandika/ marang rêsi diyu/ hèh sirèku buta apa/ dene wani alungguh lan garwa mami/ baya bosên myat ing rat//
- Sang Kesawa gumuyu sarwa ngling/ hèh ko janma mojar nora pakra/ yèn kang sabênêr-bênêre/ rak aku sing cêlathu/ wèh pambage marang kang prapti/ mangsa kayaa sira/ wuwuh ngaku-aku/ sira ngakua ranira/ Sang Arjuna nauri sun iki/ narendra Hendraputra//
- Sun Pandaming rat surayèng bumi/ winênang ganjar nyiksa pra dewa/ Arjuna iya Pamade/ Parta Palguna ingsun/ Dananjaya Wira Jahnawi/ Janaka ya Pamadya/ Arya Pandhusunu/ mlengeh Bêgawan Kesawa/ asru mojar olèhmu kulak nèng êndi/ ing sajinahe pira//
- Wis ping pira sun mring pasar ngiri/ golèk jênêng satu tidhak angsal/ bok ya nêmpil têlu bae/ pilihna sing radampuk/ angling malih sang yaksa rêsi/ hèh biyêt apa ingkang/ kok sêja praptamu/ yèn mung nguyangake aran/ Sang Arjuna nauri [119] wacana wêngis/ hèh buta praptaningwang//
- Duk ing mau sun lagi alinggih/ nèng suwarga anèng wong kang prapta/ sun sêngguh dewa têkane/ bok arsa banjêl wahyu/ kari-kari anganggo kanthi/ kanthine kang ginawa/ iku pan garwaku/ tur garwaku sing pêng-pêngan/ jaka lara atmaja Basudewa ji/ panêngran Dyah Sêmbadra//
- Nusul sun sêngguh kangên mring mami/ mung sadhela kalepat alunga/ wong lanang bêbarêngane/ sun nut saiki jêbul/ malbèng kene iku kang linggih/ sun jaluk garwaningwang/ Kesawa sumaur/ aku tan wruh garwanira/ nanging iki mau ana wong kang prapti/ aran Sang Jatilingga//
- Prapta banjur angwènèhkên rabi/ iya bênêr arane Sêmbadra/ jare wis bosên ujare/ Sêmbadra sinrah mringsun/ ewadene tarinên dhisik/ lamun Sêmbara arsa/ milu ing sirèku/ yèn tan gêlêm bae aja/ sira pêksa sun rewangi takêr gêtih/ singa ingkang tiwasa//
- Sang Arjuna dumadak nuruti/ angrêrintih patanyaning garwa/ biyung kulup ayo muleh/ pagênê ta sirèku/ kadingarèn têkonmu salin/ gêlêm winêngku ing lyan/ tur asipat diyu/ lali mring ubayanira/ apa ora wêlas mring sutanirèki/ sapa ingkang momonga//
- Sang rètna sumaur cumalêkit/ sapa ingkang tan wêlas ing putra/ dhuh sintên ingkang kasupèn/ sintên ingkang salin kalbu/ yêkti kula botên mijèni/ mung manut ing sakarsa/ mituhu mring [120] guru/ wong wadon atine rupak/ tininggal ing bojo lawas nora mulih/ yêkti ngupaya garwa//
- Nadyan warnaa diyu rasêksi/ lamun rêsêp amêngku mring kula/ sun ngèngèri têkèng têmbe/ yèn putrane si kulup/ sugih biyung tur widadari/ wangsul badan kawula/ sintên ta kang masgul/ pun lêrês rupane ala/ apêsing wong wadon ginonjak ing janma/ sintên kang mrinanana//
- Tansah lêndhotan sang ruming sari/ tumênga myat mukaning kang garwa/ dènira ngling sasuwene/ mangkana Pandhusunu/ sumung-sumung mawinga wêngis/ mijil krodhaning driya/ pamuwusira sru/ hèh Sêmbadra bêcik sira/ lah sadhangên sigra jumênêng sang pêkik/ salin têmbanging durma//
~ PUPUH XX ~
D U R M A
- Arjunarsa nyandhak astane sang rêtna/ Kesawa nyandhak aglis/ astaning Arjuna/ binabit kapalêsat/ têbih tibanya kêbanting/ ngêjum busana/ nyandhak gandhewa aglis//
- Musthi ingkang jêmparing gêng narawantah/ prabawane linuwih/ pinanthêng minantram/ mêtu maneka warna/ gêgaman sarwa mêpêki/ dalêdêg mêdal/ saking pucuk jêmparing//
- Pira-pira kèhing gêgaman lumêpas/ Kesawa mituruti/ kilaping Arjuna/ sigra nyandhak sanjata/ Nagastra raning jêmparing/ pinanthêng sigra/ sarpa lar kadya pêksi//
- Kang sarpa lar mijil ing bedhoring panah/ naga gêng gêgirisi/ lahèng a-[121]lap-alap/ nyambêr cucak kuthilang/ rangkêp satus èwu tapis/ nguntali panah/ sirna ingkang jêmparing//
- Ting kulamêt naga kurang kang minangsa/ jawata kèh ningali/ suka myat ing sarpa/ kang samya gacar panah/ gada bindhi dènuntali/ limpung myang watang/ lag lêg datan mindhoni//
- Akèh dewa sangu alu lumpang gantar/ ginawe mêmakani/ kurang alu gantar/ dewa binuru ula/ tumbukan lumayu gêndring/ ngungsi Kaendran/ ya ta Sang Pandhusiwi//
- Sigra nyandhak risang sanjata Bramastra/ wisesa wus kapusthi/ ingangkat minantram/ Parta tumêngèng tawang/ dalêdêg dahana mijil/ kumantarkantar/ kumêlun mring wiyati//
- Lir jalada kabuncang ing samirana/ sumêbar ngêbar abir/ gumolonggolongan/ ambujung sarpa naga/ kunêng gantya kang winarni/ Narpati Bala-/ dewa kang gung lumaris//
- Ing nalika angkate saking Mandura/ nalika têngah wêngi/ tansah rêrikatan/ praptaning jaban kutha/ tan arsa anut ing margi/ alas jêjurang/ gunung kèh dènunggahi//
- Kèh pratapan wasi ajar tinakonan/ datan wani mangsuli/ angungak samodra/ ujwala tan kawangwang/ ribèng tyas Baladewa Ji/ kèndêl sakala/ osik sajroning galih//
- 11. Kaya paran anggoningsun angupaya/ kalamun tan na panggih/ lawan ariningwang/ tan mulih ing Mandura/ nèng paran suka ngêmasi/ wiring umiyat/ warnaning kang sujanmi// [122]
- Katalika Baladewa myat ing wiyat/ ana ingkang kaèksi/ dahana gêng mubal/ lir sundhul jumantara/ wagu gêng tyasnya sang aji/ miyat dahana/ kumêlap angêlêbi//
- Ciptaning tyas bok giri mijil dahana/ mangkana sribupati/ arsa mrêpêkana/ cipta ge) waspadaa/ têlêng ulading kang agni/ sigra umangkat/ tigang tindak lumaris//
- Kang winangwang têlêng urubing pawaka/ ya ta ana sujanmi/ ngadêg ngasta langkap/ kumêlun kukus ingkang/ mijil pucuking jêmparing/ dahana mubal/ garjita sribupati//
- Pinarpêkan tan samar paningalira/ kalamun ingkang rayi/ pamadya Pandhawa/ Sang Arya Dananjaya/ gitaning tyas sribupati/ arsa tulunga/kanggêg èngêt ing wêling//
- Ing prang nora kêna tulung tinulungan/ anjaba dènsambati/ ya ta Baladewa/ mêmêt gon mrih kawangwang/ lan waspada mrih pinurih/ pranging Arjuna/ kasor jayaning jurit//
- Lamun unggul wus tan kêna winicara/ kalamun soring jurit/ barênga pralina/ mangkana èsthining tyas/ kawuwusa kang umjil/ Bramastranira/ Sang Arya Pandhusiwi//
- Mubal-mubal gumulung agêgolongan/ tinundha wanti-wanti/ angêbyuki kirang/ prabawa kang nagastra/ sarpa sirna tumpês tapis/ brastha minangsa/ dening prabawa gêni//
- Sigra Rêsi Kesawa musthi sanjata/ Barunastra linuwih/ langkapnya pinênthang/ Kesawa nêngèng wiyat/ jalada dhêdhêt nglimputi/ mijil kang suba/ manggala drês niba-[123]ni//
- Sirêp ingkang prabawa panah Bramastra/ Arjuna sru prihatin/ sigra dènnya nyandhak/ Pasopati nèng langkap/ saha sru dènira angling/ hèh yaksa sira/ tan wurung angêmasi//
- Pucuking jêmparing mawa ujwala/ muncar sakonang cilik/ wijiling sanjata/ siyunging Hyang Birawa/ rambut binêthot sawiji/ dadi wisesa/ marma ampuh ngliwati//
- Wus lumêpas sanjata kang pasopatya/ tumanduk angemasi/ sirnaning Kesawa/ katon Bathara Krêsna/ wuwuse Baladewa ji/ tan samar umyat/ mring ari Sri Rimurti//
- Gya lumumpat sumêbut pan kadya kilat/ prapta ngarsa sang ari/ Narapati Krêsna/ sigra arêrangkulan/ Baladewa sru anangis/ kalara-lara/kèh sambat kang mlas asih//
- Sang Arjuna ngênthir mring gyaning Sêmbadra/ sinambut sang rêtna di/ pan anggung mêminta/ ing rèh kang pangaksama/ sang rêtna luluh ing galih/ sarêng praptanya/ ngarsaning Sang Rimurti//
- Sri Kusuma Walikita) apêpajar/ sangsaraning kang rayi/ nata ing Cintakapura/ pura kèngsêr ning praja/ kawit prapta amungkasi/ kadya caritane/ saha waspa umijil//
- Dyan lon-lonan wong agung tiga lumampah/ katiga gênti-gênti/ dènira carita/ lêlakon kang linakyan/ sarwi têmbange sinalin/ lèrèn durmanya/ asmaradana ganti//
~ PUPUH XXI ~
ASMARADANA
- Sri Baladewa lingnya ris/ mring ari Narendra Krêsna/ kaya paran wekasane/ tanya [124] tur bêdhahing praja/ lan jêngkare rinira/ ing Pandhawa kang wus murut/ puluh-puluh kaya ngapa//
- Sun iki tuntunên yayi/ dènkaya bocah tratèan/ prayogane kang linakon/ trêsnèngsun maring Pandhawa/ ubayaning wardaya/ jagad nêksèni wuwusku/ yèn kongsi cidrèng ubaya//
- Pandhawa kataman janji/ mulih kabèh mring kamulyan/ sun mung binarêngna bae/ mangka pura ing Cintaka/ ana trêsna Nangkula/ ngungsir wong sabrang kang ngrêngkuh/ papat bupati miruda//
- Lo mung iku yayi aji/ kang dadi kodhênging driya/ ya saking tyasingsun bodho/ mung kang aran Partadewa/ sih têmên amêmitra/sêmono anggone labuh/ sokur kalamun lulusa//
- Bok loro-loro ing pikir/ luru êncik olèh babah/ anêlabung pamurihe/ lêgine wong ngêmut gula/ eman yèn linêpeha/ lan mênawa yayi prabu/ wus wruh gone amêmitra//
- Yayi ing Cintakapuri/ lan kang aran Partadewa/ ngong durung wruh salawase/ umatur Sri Padmanaba/ lamun ari paduka/ ing Cintakapura prabu/ arêmit sabarang karsa//
- Sang Arjuna anambungi/ umatur mring Padmanaba/ mung sakêdhik ing lepate/ saking pamanah kawula/ dadak nis tilar praja/ punapa inggih ta sampun/ kantenan sor ungguling prang//
- Pocapane dèrèng busik/ têka lajêng tilar praja/ dahat damêl bingunging wong/ Sêmbadra nolih ing garwa/ sarwi lon aturira/ sintên kang wit damêl bingung/ dadak anutuh mring [125] kadang//
- Milane kula kapati/ anrangbaya nêmpuh ing byat/ kang minihi gih slirane/ kang raka masa bedaa/ mila nis tilar praja/ nglalu tinilar sadulur/ nglawana prang mêsthi kalah//
- Kêrêngan seje pinikir/ duwea aji sagrobag/ parak yêktine kêlalèn/ pundi margane jayèng prang/ aluwung ngocatana/ kêdhungsangan sing anusul/ sing disusul ngenak-enak//
- Kok baut têmên ngarani/ wong slirane ingkang murwa/ gawe bingunge wong akèh/ Krêsna nolih mring Sêmbadra/ sarwi nyalênthik pundhak/ ngandika sarwi mrêngut/ kok sing-sing kang winicara//
- Arjuna gumujêng ngikik/ sarwi bêksa lincak-lincak/ ngiwi-iwi melatmelot/ sang rêtna rêngu mring garwa/ nyuklèk pang kayu pilang/ ginêpyok pungkuranipun/ Parta dèngkèng sarwi milar//
- Pungkuran kathah tatu ri/ ngêsas-ngêsês Sang Arjuna/ mingkar nêbih ing lampahe/ kunêng gantya kawuwusa/ kang nèng Nagri Ngastina/ Duryudana sang aprabu/ enjing wus miyarsa warta//
- Praptaning Arya Sangkuni/ sang nata mijil mandhapa/ nulya mijil pawongane/ ingkang kinon nimbalana/ mring Dahyang Kumbayana/ lawan Arya Sangkuni wus/ kalihe praptèng ngarsendra//
- Cakêt dènira alinggih/ sang nata lon angandika/ paman matura dènage/ paran laku pakênira/ lan kakang ing Ngawangga/ têka tan barêng sirèku/ lan apa margane pisah//
- Umatur Arya Sangkuni/ [126] anggèr sang srimaharaja/ lampah kawula wiyose/ dinuta mangka kêkondhang/ ing raka jêng paduka/ Basusena sang aprabu/ mring Nagri Cintakapura//
- Sayêkti sampun pinanggih/ lan kang nama Partadewa/ pinanggihan jro kadhaton/ sinugata warna-warna/ sangkêp kang sêsêgêran/ dhatêng kawula pukulun/ sampun miranti sugata//
- Duk raka paduka prapti/ panêmbramane prayoga/ andhap alus wicarane/ nor raga amêlas arsa/ dènira amèt prana/ kadi nilakramèng wiku/ amanis wijiling sabda//
- Sawusnya sami pambagi/ raka paduka Sri Karna/ dhawuhkên timbalan katong/ sabda paduka tan gethang/ malah gung pamriyoga/ têlas wijiling pamuwus/ tumuntên Sang Partadewa//
- Ngangsuli timbalan aji/ amanis wijiling sabda/ rèrèh netya sumèh/ sinuhun kawula eram/ pan botên gung-gung mêngsah/ umatur sayêktosipun/ ing naya tan mantra-mantra//
- Tampi dêdukèng narpati/ srêng sabdaning kang dinut/ yêktining pratingkah awon/ bok inggih mawi kwatgata/ ing netya cêlum miwah/ kabranang hardaning kalbu/ têtêg tanggon ing pangucap//
- 22. Makatên dènnya mangsuli/ rubaya dhatêng katêdha/ pangandikane sang katong/ paring pangèstu mring amba/ kang murih ing kamulyan/ kawula sangêt pangêmbun/ matamaning jiwa angga// [127]
- Namung sabdaning ing wuri/ kawula kataman tarka/ darbe manah melik ing don/ mêngku nagri ing Ngamarta/ punika amangkana/ êmbok inggih sang aprabu/ sampun mawi hardalepa//
- Rubaya pangraos mami/ sang nata tan kêkilapan/ saobah osiking kang wong/ wondene saking kumêdah/ minihi ing dêduka/ punika mêdal ing catur/ adrênging manah kawula//
- Milamba purun ngêkahi/ praja ing Cintakapura/ wit Puntadewa sang katong/ tuwin sagotra Pandhawa/ mitra sae kalayan/ tanpa dosa mitra ulun/ sinikara mring wong ing sabrang//
- Marmamba tan nulungi/ pikajêng srinaranata/ Ngastina jêr sadhèrèke/ pantês lamun mrinanana/ satêmah tinêmaha/ awrating arsa amêngku rat Jawa siniwèng raja//
- Sinuhun dènnya ngangsuli/ mring sang dipati Ngawangga/ dadak mèsêm pamuwuse/ ngrêrogoh kang jroning guwa/ tan mawi winaranan/ tumanduk ing tyas cumlêkut/ raka paduka sru duka//
- Duk arsa ngasta nak aji/ kumlawe lêngên cinandhak/ kang katuju gêlugêle/ kinipat malêsat têbah/ enggaling tur kawula/ raka paduka sangprabu/ mêdalkên sudiraning tyas//
- Krodha wangkingan tinarik/ wanti-wanti panggoconya/ wangkingan malêndho mleyot/ Parta atadhah lêgawa/ sarwi mèsêm ngujiwat/ Kurawa ambyuk têtulung/ kenging ing pa-[128]ngaribawa//
- Têmah salah ing pangaksi/ udrêg ulêng sami rowang/ sami liwung ing krodhane/ dangu samyambruk ing papan/ anak Dipati Karna/ kantaka satêngah lampus/ mundur sarwi rinarampa//
- Marma pun kakang dipati/ ing Ngawangga tan sumiwa/ wit sangêt ing kantakane/ ing mangke kula sumangga/ pun bapa tadhah duka/ lêgêg ing tyas sang aprabu/ ngandika mring Dahyang Durna//
- Nêdha bapa kadi pundi/ sintênta ingkang prayoga/ anutugna ing karyane/ kakang Narapati Karna/ umatur Dahyang Durna/ anjawi karsa sang prabu/ yèn pamanggihe pun bapa//
- Lamun linawan ing jurit/ dènbyuka tiyang sapraja/ tanpa damêl sayêktine/ ing ngajêng sampun nuladha/ kasore pra Kurawa/ padudon lan rowangipun/ ing wingking mangsa sandeya//
- Wong lêksan banting-binanting/ prasasat karya klangênan/ tuwas ngunggar tyasing mungsoh/ ngandika srimaharaja/ bapa mangsa bodhoa/ prayogane kang tumanduk/ lêlawan lan Partadewa//
- Lumawana ing ajurit/ awya nganti mindho karya/ punapi wayahe dhewe/ anak prabu ing Gumiwang/ gumuyu Dahyang Durna/ sarwi lon dènnya umatur/ dhuh-dhuh adhuh prabuningwang//
- Pun bapa botên ngilani/ dibyane pun Suryanggana/ têmên langkung lan pra katong/ ananging linêbêtêna/ ing duking Partadewa/ prasasat rêncêk katunu/ sulung malêbèng tumangan//
- Kawula myarsa pawart-[129]i/ sêsumbaring Partadewa/ ing manah kathah karaos/ dhukuhe Kilasawarna/ putra Kilatarupa/ punika pêtênging kalbu/ twin pangintêne pun bapa//
- Awrat sinanggi ing jurit/ marma yèn parênging karsa/ klilana kawula mangke/ badhe yêktoskên kewala/ warana myang solahbawa/ upami tiyang dêdumuk/ latu kang munggèng tumangan//
- Miwah anyabrang bênawi/ pun bapa anjajag-jajag/ cêthèk utawi lêbête/ yèn saupami pun bapa/ èstu sagêd lumawan/ kawula mrih saking alus/ punika manawi pasah//
- Angandika sribupati/ hèh bapa ing Sokalima/ ing pratingkah mangsa borong/ manira pan wis pitaya/ bapa mring pakênira/ miwah marang kaki prabu/ mung sauga kêlakona//
- Umatur Durna maharsi/ pukulun srinaranata/ mung pangèstu paduka nggèr/ mugi pun bapa sagêda/ malês sih jêng paduka/ Dahyang Durna sigra mundur/ sang prabu kondur ngadhatyan//
- Laju sowan nata rêsi/ umatur karyaning Karna/ ing sasolah-solahing wong/ ngungun Prabu Dhêstarata/ nahên lampahing Durna/ saking panangkilan mundur/ praptèng Dhukuh Sokalima//
- Lan kang garwa wus kapanggih/ Rêtna Karpini lan Arya/ Karpa Swatama rowange/ awit kang surya giniwang/ sadalu pagunêman/ ya ta ing wanci mèh bangun/ gumrah swaraning kang sata//
- Kumrusuk swaraning paksi/ Dahyang Durna wus umangkat/ mung Aswatama rowange/ eling tyase [130] Kumbayana/ aji jaya maruta/ winatak sakala mamprung/ ing lampah kadya pawaka//
- Mung sawatara wus prapti ngambah jajahan Ngamarta/ linêrêm-lêrêm lampahe/ samarga awirandhungan/ lumampah lawan muja/ pujane maruta sunu/ muga hyang miji misesa//
- Anglilanana pun patik/ buwang wong murka candhala/ sagung titah ing hyang manon/ byar rahina kawatgata / myat srining pasawahan / kèhing wong padesan mêtu / gawa pirantining karya//
- Baskara lumampah wukir /sakala ana maruta / umung gumuruh swarane/ barat angirit jalada/ pêtêng ing sanalika/ prapta udan awor lesus/ kèh wrêksa kombul kabucang//
- Durna saliranya atis/ anggung dhêrodhog wel-welan/ monyor-monyor sêsambate/ kinêkêp dening Swatama/ lumaku taruntunan/ lir wong dhèmpèt èsthinipun/ rikuh dènira lumampah//
- Kèndêl dènira lumaris/ anèng Dhukuh Kadêmangan/ antara sirêp udane/ kèndêl sami abêdhiyan/ ngiras ngêpe busana/ malêm-malêm sang awiku/ lajêng dènira lumampah//
- Sinêrang lampahing prapti/ sabêt sapuning Ngamarta/ winangwang sêpi ing wonge/ tan tumingal raja kaya/ ana wisma jênggarang/ tinon saking jaba suwung/ tan ana bawaning janma//
- Ribèng Baratmadyasiwi/ anggung dènnya ngunandika/ bayèki biyèn tuture/ Ki Prabu Suryaanggana/ tan ana ingkang wing [131] wang/ kunêng gantya kang winuwus/ kinanthi salining têmbang//
~ PUPUH XXII ~
K I N A N T H I
- Ya ta ingkang pindha wiku/ lawan Arya Bimasiwi/ miwah garwa sang wranggana/ Partadewa ngandika ris/ mring garwa dyah waranggana/ hèh yayi dènamiranti//
- Sun bakal katêkan tamu/ pandhita ing Ngatasangin/ nutugkên lakuning Karna/ saiki pan wus mèh prapti/ sira sadhiyaa dupa/ ratus worên wangiwangi//
- Nyêbara kêmbang rum-arum/ sang dyah mundur nyadhiani/ adan Partadewa mêdal/ duk prapta ing srimanganti/ myarsa panguwuhing Durna/ Partadewa marêpêki//
- Tundhuk asta sarêng ngrangkul/ Partadewa ngacarani/ sumangga lajêng kewala/ tumamèng sajroning puri/ kinanthi astaning Durna/ aywa ta manggung kêkinthil//
- Ing sapraptanira dhatu/ wus tata dènira linggih/ ning babut kinêmbangkêmbang/ sinêbaran puspita di/ kinêpyuran ganda wida/ kumêlun kukusing hagni//
- Bêlêg mulêg jro kadhatun/ ganda lir ngayuh wiyati/ matur Bambang Partadewa/ mring Durna sang maharêsi/ pukulun sang dwijawara/ dahat langkung kumawani//
- Anilakrama pukulun/ pêpuja puji basuki/ ing marga praptèng wusana/ Dahyang Durna anauri/ bangêt panrima manira/ palibaya wèh pambagi//
- Katampan ing asta kumpul/ ngalingga pulunging ati/ ing panyarwe pakênira/ paranta palibaya nggih/ basuki rumêksèng praja/ hèh sang sih mêmitra yêkti//
- Parta ngling sakêlangkung nuwun/ wusana umatur malih/ rubaya sintên sina-[132]mbat/ miwah sasana ing pundi/ paran ing karsa paduka/ katêmbèn manira panggih//
- Dahyang Druna lon sumaur/ hèh palibaya sun iki/ Pandhita Sokalima/ binapa srinarapati/ Ngastina Sri Duryudana/ kang ginuru-guru nadi//
- Rubaya ing praptaningsun/ ingutus mring sribupati/ Ngastina Sri Duryudana/ kang dhihin paring bêsuki/ pindho manira dinuta/ ngyêktèkkên kang wus kawuri//
- Punapi ta gih sirèku/ kang aran Partadewa di/ dènawalèh aturira/ sang apindha lon nauri/ rubaya inggih manira/ Partadewa akêkasih//
- Durna bêngis ing pamuwus/ yèn mangkonoa sirèki/ kang wani karya sangsara/ mring dutane sribupati/ tur iku duta narendra/ ing karya mung mamrih bêcik//
- Unduring Kurawa saru/ lir mêntas kasoran jurit/ Narpati Karna kantaka/ paran pakênira wani/ akarya pangewan-ewan/ Partadewa matur aris//
- Rubaya ingkang saèstu/ manira tan kumawani/ sarta yèn mamrihsangsara/ niaya dutèng narpati/ saking karsaning priyangga/ padudon samining kanthi//
- Dene Sang Radeyasunu/ wêtawis kakuning galih/ ningali para Kurawa/ sami rowang rame jurit/ rubaya lamun manira/ tan sumêdya akarya tis//
- Guguk gujênge sang wiku/ têkêm sirah ngolang-aling/ ngandika hèh Partadewa/ samêngko padha wong bêcik/ manirarsa cêcangkriman/ rubaya ingkang mêrdèni//
- Tih among tugêling gulu/ yèn pakênira ta-[133]n bangkit/ narbuka ing cêcangkriman/ sun karya pangewan benjing/ nèng alun-alun Ngastina/ Partadewa matur aris//
- Dhuh sang siniswa pra ratu/ prayogi ingkang tumuli/ amêdhar kang cêcangkriman/ ing karya dimèn tumuli/ jatining pangarsa-arsa/ rawuh ing sang maharêsi//
- Dahyang Durna sigra muwus/ hèh rubaya dènatampi/ ywa kaliru ing tarbuka/ ing satêmah mêmirangi/ cangkriman sinawung têmbang/ gurisa dèn ngati-ati//
~ PUPUH XXIII ~
G I R I S A
- Durna sigra ura-ura/ cangkriman têmbang gurisa/ swara rênyah gêtêr êrak/ jangga bêdodong ngêlangak/ yèn ngêlik uwang sinangga/ mêcicil idu ting ciprat/ apêrak dènnya pinarak/ sigra dènnya narbuka//
- Rupa swara pawakarda/ jodho pisah tan wangênan/ kang pêrak nora gêpokan/ wujud tan ngranuhi warna/ dumadi sangkaning apa/ ngucap tan kêna sulaya/ ana urip gung migêna/ yèn pisah aji waluya//
- Guthaka pringga sinamur/ isining jro luwih samar/ purna mijil kaya gita/ tan kêna yèn tinuladha/ lan ana kinêmbar rupa/ yèn liningga têmah oncat/ pinarpêkan lir sumiwa/ rinasuk seje kang kêna//
- Hèh ta palibaya nêdha/ kang cangkriman jinawaba/ taha punggêle kang murda/ yèn pakênira tan bisa/ narbuka kang cêcangkriman/ ginawe pangewan-ewan/ mèsêm Bambang Partadewa/ sigra dènnya anarbuka//
~ PUPUH XXIV ~
K I N A N T H I
- Dhuh Rubaya sang awiku/ [134] kalilana amêrdèni/ cangkriman kang sapta lingga/ ing jangji manira tampi/ rinanjama wor lan kisma/ yèn lêpata ing pamêrdi//
- Dene kang sampun sinêbut/ ing ngarsa punika gampil/ tan wontên brojol sing badan/ tan pisah ing siyang ratri/ manggèn salira paduka/ marmamba umatur gampil//
- Lan sawiyah lare dhukuh/ tan pêgat ing sabên latri/ sring kadamêl dêdolanan/ pamancat arsa aguling/ ing sabda punika kirang/ kêkalih tutup satunggil//
- Dene rupa kang winuwus/ kang ni swara tan kapyarsi/ punika karsa paduka/ nèng jalada ing pamêrdi/ dumunung wontên paningal/ purnama tanapi warih//
- Sadaya prabawa ayu/ nglêrêmkên sadaya runtik/ lir tyang kataman ing wulan/ dhasare purnamasidhi/ dora yèn botên karênan/ aras-arasên ngoncati//
- Toya tan kenging winuwus/ dhasare prabawa atis/ baboning akèh sanepa/ mripat sinêpakkên warih/ kadi panêmbahan duka/ asring sandeya ing runtik//
- Mangka kang kataman bêndu/ kawistara ing pangaksi/ rubaya dora kewala/ kang sèstu dukane lilih/ ping kalih ingkang suwara/ wujude datan kaèksi//
- Rubaya ucap ing punggung/ punika winastan angin/ sintênta ingkang wuninga/ warna wujud ingkang angin/ anjawi mung kapiyarsa/ suwara gora ngajrihi//
- Rosa kaprawiranipun/ gurda gung katêmpuh angin/ punggêl sol [135] sêmpal kaprapal/ yèn mulêg barang kapuntir/ bisa kumbul ngantariksa/ katon cilik kêthip-kêthip//
- Gronangin dènnya dumunung/ prawirane dènbubuhi/ sabarang kang mawa ganda/ amêmijang arum wangi/ yèn ing lyan pan baya bisa/ amastani arum bacin//
- Pawakarda malihipun/ pawaka wêrdining gêni/ harda bangêt tanpa mêndha/ anggèn kawula mêrdèni/ dumunung dhatêng talingan/ surya nêpsuning sujanmi//
- Mangka wong lamun ngarungu/ ujar kang boya prayogi/ prabawaning kang talingan/ bêrbabak salira gêni/ krodhane boya sakira/ ing purwa tan dènkawruhi//
- Tan samar akarya lampus/ anut pamyarsaning kuping/ nanging sor prabaweng netra/ cihnane yèn wus kaèksi/ lilih duka têmah mêndha/ sor lan pigunaning warih//
- Jodho pisah doh anglangut/ rubaya bumi lan langit/ dumunung tutuking janma/ pangwasane angawruhi/ sabarang kang rasa-rasa/ yèn ing lyan boya nitèni//
- Mung tutuk ingkang kadunung/ mijang rahsa pêdhês asin/ rubaya catur prakara/ mangka wakiling Hyang Widhi/ kadunungan sowangsowang/ pangwasane andhèwèki//
- Kang pêrak tanpa dinumuk/ punika tan wontên malih/ mung Hyang jagad amisesa/ sintên kang sagêt mêstani/ doh pêrak Hyang Wisesa/ lan warnane kadi pundi//
- Yèn prak dene pan kadumuk/ lamu-[136]n têbiha Hyang Widhi/ yêkti lir pring tanpa rosan/ ngêlowong kita puniki/ myarsa obah osik tanpa/yèn wontêna kang mêstani//
- Hyang Suksma wontêna wujud/ dora têmên kang mêstani/ iba kèhing tyang sumewa/ yèn sonya pan kadi pundi/ dumadi saking punapa/ rubaya kita puniki//
- Badan tan ngawruhi wujud/ lo ing agêsang puniki/ kêdah wruhe sihing badan/ prayoga miwah bêbêrsih/ nanging pilih tiyang ingkang/ angrêksa badanirèki//
- Durna sadangunya wau/ saure mung inggih-inggih/ mung sumaur alahiya/ Partadewa angling malih/ dumadine ing agêsang/ miwah sabarang kumêlip//
- Tuwuhan sêsaminipun/ punika saking ing pundi/ kados tan mêdal Hyang jagad/ kang misesa ing dumadi/ marma amba kêdah wruha/ maring kang akarya urip//
- Kang tan sulaya ing wuwus/ sabda sabarang dêra ngling/ têgêse sabda pan nyata/ kang ingaranan sayêkti/ irêng ingaranan seta/ yêkti mêmplêg dadi putih//
- Marma yèn kang para wiku/ tan samar karêping janmi/ paitan tuhu wêcana/ mirsa sadèrènging lahir/ urip anggung amigêna/ yèn pisah kadi tan mikir//
- Lupa badane ngalumpruk/ nir pangupajiwa ênting/ maligi madhêp sajuga/ punika kang dènwastani/ kasêbut Sang Hyang Pramana/ dumunung pranaja kering//
- Uriping pramana iku/ tan lyan amung anê-[137]nêmpil/ lir simbar munggèng ing wrêksa/ pramila dipunwastani/ gêsang manggung amigêna/ dene karêm bêbarungi//
- Anyênyiwo angrubiru/ ananggulang tyas kang bêning/ ngubungi panggawe ala/ sok karya gitaning ati/ dununge kang ingaranan/ pinisah raga ngalinthing//
- Rubaya tiyang puniku/ dènpramana angoncati/ dahat katungkul ing gêsang/ tan darbe cipta mêmilih/ mèh kadi têkoning kewan/ pangupanyaning sirnanting//
- Lan wus pinasthi dewa gung/ gèsanging manungsa nènggih/ pae lan gèsanging kewan/ manungsa anandhing milih/ adhêm bisa gawe panas/ kêcut bisa dadi lêgi//
- Yèn kewan sêsaminipun/ êndi kang pêrak binukti/ lan tan sagêd ngreka daya/ sawontêna kang binukti/ botên andarbèni akal/ mila pinangan ing janmi//
- Guthaka pringga sinamun/ punika kawula wêrdèni/ guthaka wrêdine guwa/ rong lèng babahan kang sami/ pringga têgêsipun samar/ sinamun ing aling-aling//
- Naming karsaning sang wiku/ dumunung tiyang garbini/ awit babahan ing jabang/ sinamun miwah piningit/ lan duk ning garbaning biyang/ sintên ta ingkang udani//
- Mijil karya gitèng kalbu/ luwar saking ing kuwatir/ ilang kang rasa sumêlang/ tinuladha pan tan kêni/ têgêse sintên kang bisa/ ngèmpêr eloking Hyang Widhi//
- Lan ana kinêmbar wujud/ yèn lininggar) ango-[138]ncati/ pinarpêkan lir sumiwa/ rinasuk seje kang kèni/ rubaya pambatang kula/ tiyangamawang ing cêrmin//
- Kados pundi ta sang wiku/ pambatang kula puniki/ lêrês lêpat kêkêncêngan/ ing karsane sang ayogi/ punapa sampun atêlas/ ing wingking mênawi tasih//
- Yèn tan sampun wontên kantun/ karsa paduka pêparing/ ambêbadhe coba-coba/ rubaya kawula pundi/ Dahyang Druna tan ngandika/ lingak-linguk salira tis//
- Naya aclum kusut amêsum/ aputih tan darbe gêtih/ tan miyarsa turing Parta/ yèn tan tinanya krêp angling/ pamuwuse tan na liyan/ mung hêm sandika lo inggih//
- Rahadèn Tênaya wiku/ nèng wuri kêrêp anjawil/ sinauran gih sandika/ Partadewa duk miyarsi/ pangucaping Dhanghyang Durna/ dahat wlasira ing galih//
- Wusana alon umatur/ saengga angarih-arih/ rubaya jêng panêmbahan/ manira matur sayêkti/ sampun dhahat sandèyèng tyas/ kabatang ingkang cêcangkrim//
- Manira tan ngrasa unggul/ mung rumangsa kataman sih/ wêwulang jêng panêmbahan/ ing toh tan nêdya katampi/ linirua ing panabda/ jaya wusanèng dumadi//
- Raosing tyas kang satuhu/ yèn lawan rênaning galih/ manira arsa jêjanggan/ supadi kapanduk ing sih/ ing mangke wus salin têmbang/ kang kangge sinom [139] pangrawit//
~ PUPUH XXV ~
S I N O M
- Ya ta Dhanghyang Kumbayana/ myarsa tur kang wor mêmanis/ prênthul-prênthul tuwuh ing tyas/ wusana ngandika aris/ êlo anak bokinggih/ awon jamurên ning wadhuk/ lamun pakênirarsa/ tadhahana nêm pêdhati/ ing kadibyan manira mangsa têlasa//
- Kunêng lingnya Kumbayana/ obah jêngku amalangkrik/ Partadewa matur sigra/ mugi dènsih anjatèni/ manira nalika lit/ myarsa linge kang pra wiku/ lamun laladan sabrang/ prajane ing Atasangin/ kang jumênêng narendra ngiras pandhita//
- Jêjulukirèng narendra/ Sri Maruta maha rêsi/ têdhaking Bayu bathara/ saking Sang Rêtna Maruti/ ingkang kagarwa dening/ Hyang Karaba asêsunu/ Prabu Rêsi Maruta/ kangsaning Hyang Odipati/ kinarsakkên ambaboni pra pandhita//
- Ing sabrang suyud sadaya/ sungkême anggurunadi/ Rêsi Maruta pêputra/ Baratmadya kang wêwangi/ sumilih ing rama ji/ pandhita mêngku kaprabun/ tan pae lan kang rama/ ambêg santamartèng dasih/ Baratmadya yoga Bambang Kumbayana//
- 5. Gumujêng Maharsi Durna/ anyêndhu dènnya nauri/ lo gih kula niki kula/ palibaya kang de angling/ Partadewa ngling malih/ Kumbayana tyas pinunjul/ langkung lan bapa eyang/ ing karsane angêjawi/ wit miyarsa ing tanah Jawa ing benjang// [140]
- Wontên prang ran Bratayuda/ Kurawa lan Pandhusiwi/ pandhita maharsi dewa/ pamêcane pêsthi-pêsthi/ sapa kang anglabuhi/ ing Pandhawa karyanipun/ pasthi nêmu suwarga/ saundhausuking panci/ Sri Bathara Krêsna kang minta nênimbang//
- Duk samantên wiku putra/ kasmaran miyarsa warti/ matrênyuh tyas tilarpraja/ ing tyas sumêdya nglabuhi/ ing Pandhawa karyèki/ duk praptaning muhara gung/ kramantuk admajendra/ kawit kêna ing pangingling/ tan cinatur ing lêlakon tan prayoga//
- Sapraptaning tanah Jawa/ kêna ing sangsara luwih/ anèng nagri ing Cêmpala/ sang wiku putra ubanggi/ sapa bisa matrapi/ ing sikaraning wong iku/ pratignya kinawulan/ lan wontên kinandha malih/ Pandhawa lan Kurawa nèng Jalatundha//
- Angupaya astagina/ kang arupa cupumanik/ pusaka Sang Parikènan/ tumrah Palasarasiwi/ Kurawa adrêng mamrih/ aminta pusaka cupu/ nanging Sri Dipayana/ ing batos datan marêngi/ astagina sinabdan mêsat gêgana//
- Dhumawah ing Jalatundha/ jumêgur lir ruging giri/ Kumbayana nulya prapta/ tulung nglêpaskên jêmparing/ Sang kaliardadali/ sêlulup jroning kang sumur/ jêmparing tanpa guna/ jêr sampun katampan dening/ dewa penyu parab Begawan Nala//
- Gumuning manah kawula/ sabdaning dipa maharsi/ tyas rilane mring Pandhawa/ dumadakan Madrimsiwi/ kramantuk widadari/ ananging arupa kêbul/ astagina katampèn/ de wruju Pandhu narpati/ [141] lan sêmantên wikuputra agawe glar//
- Nraju Pandhawa Kurawa/ sing abot dènsuwitani/ kang mêkatên lah rubaya/ gumliwange dèn katawis/ mangka pun Pandhusiwi/ gangsal Kurawane satus/ pasthi satus kang awrat/ Kurawa minggah rumiyin/ nuntên pun Pandhawa kantun dènnya minggah//
- Nalika minggah sêkawan/ rampak nanging dawêg silir/ nuntên Bima tumut minggah/ taraju jomplang ajênthir/ Kurawa ingkang sami/ nèng traju tiba kumrutug/ Kumbayana kataman/ ing ubaya karya malih/ Duryudhana ingkang karya amiliha//
- Narpati sèwu nagara/ lan sang prabu Dwarawati/ wikuputra manjing marang/ ing raja kang sèwu nagri/ Duryudhana narpati/ milih ingkang ratu sèwu/ inggih botên kadosa/ dora têmên kang sung warti/ dene maksih darbe milik kawibawan//
- Nanging layak makatêna/ nalika nyabrang jaladri/ kawêkèn tan angsal palwa/ nuntên wotên ingkang prapti/ awarni kapal wilis/ èstri cahyane umancur/ turangga tinumpakan/ bisane nyabrang jaladri/ langkung rêmên lampahing ingkang turangga//
- Ingkang nitih duk umiyat/ parjine ingkang turanggi/ krodha liwung anêmpuh byat/ turangga nulya garbini/ sarêng praptaning jangji/ mijil jalma warna bagus/ suku kiwa taracak/ soring karna mawi suri/ wus ingaran sira Bambang Aswatama//
- Dhahyang Durna duk mi-[142]yarsa/ Partadewa dènira ngling/ krodharsa angrangsang sirah/ karo tiba gumalinting/ gumlundhung praptèng jawi/ kabucang ing maruta gung/ karo lêpas lir panah/ anèng tawang jêlih-jêlih/ sang pandhita tiba jro pura Ngastina//
- Wuwusên dyah waranggana/ lan Gathutkaca nulya glis/ karone marpêgi sigra/ winartan karyaning tami/ purwa prapta mungkasi/ sang rêtna kalangkung ngungun/ ya ta Sang Partadewa/ angandika marang sori/ wruhanira bakal ana dhayoh prapta//
- Ananging dhayoh pamungkas/ garjita sang ruming sari/ ya ta sampun aluwaran/ kunêng kawuwusa malih/ Sang Parbu Arimurti/ jawi pamêngkang wus rawuh/ lan Nata Baladewa/ Sêmbadra myang Pandhusiwi/ lon umatur Sri Kresna mring Baladewa//
- Yèn parêng karsa paduka/ kula ingkang ngrumiyini/ nandangi pun Partadewa/ kula ujane ajurit/ angling Baladewa ji/ mung dèn prayitna ing pupuh/ yèn kongsi kasuwèn prang/ lilanana anusuli/ adan mangsah Narapati Danardana//
- Sapraptaning palataran/ sêsumbar srinarapati/ ndi rupaning Partadewa/ dulunên iki Kresna ji/ iki Sri Arimurti/ Danardana iya ingsun/ pêparab Narayana/ Kesawa anrang ing jurit/ iya ingsun Mahaprabu Padmanaba//
- Ya Bathara Narasinga/ kang mong si kalima siki/ gugup bungah nêmu praja/ yèn Si Basudewa siwi/ isih mong Pandhawa ji/ mangsa kênaa rinêbu-[143]t/ mêkatên nguyang warta/ aja ngucira ing jurit/ lah dènage mêtua tandhing sudira//
- Angêtog prawiraning prang/ angrok bandawalapati/ gathuk bau têpung jaja/ ukêl kol aliru kêris/ Partadewa miyarsi/ nyandhak samir sutra wungu/ sumampir ing wijangan/ gandrung-gandrung amarpêki/ Kandhiraras ambondhèti munggèng wuntat//
- Esthane pan kadi arsa/ anêmbrama mring dyah adi/ mrih rêsmi ge lumuntura/ Krêsna gita amalangkrik/ waspada myat kang mijil/ mungkur kukur-kukur pupu/ Kusuma Kandhiraras/ anggêtak saking ing wuri/ Krêsna jola niba ngrangkul Partadewa//
- Sakamantyan sukaning tyas/ Partadewa lan sang aji/ matur Rêsi Kamajaya/ lan kang rayi sribupati/ pukulun yayi aji/ ing lêpat kawula katur/ de sangêt kumawawa/ lumancang tan tur udani/ ing pangrêksa mring arinta pun Pandhawa//
- Sinêmbadaa paduka/ mêmêling winanti-wanti/ kasangsaya gitaning tyas/ gumujêng srinarapati/ dhuh kakang maharêsi/ sabda paduka kalintu/ lêrêse rak manira/ kang minta aksama yêkti/ dene kapilare têmah damêl susah//
- Umatur Hyang Kamajaya/ dhuh yayi jêng sribupati/ kados manira tan susah/ matur purwa amungkasi/ kados yayi wus ngèksi/ sadaya lampahanipun/ angling Bathara Krêsna/ manirarsa mêdal jawi/ asêsandi kasor prang lan Partadewa//
- Nahan Sri Bathara Krêsna/ mè-[144]yèg-mèyèg mêdal jawi/ saloyoran ngayang-ayang/ dupi praptane ing jawi/ panggih lan Pandhusiwi/ tinanya datan sinaur/ pijêr ngêsês angayang/ pamuwuse ringik-ringik/ Sang Arjuna gupuh mlajêng malbèng pura//
- Sêmbadra tansah tut wuntat/ prasasat tan ngambah siti/ wuwusên kang anèng pura/ Kamajaya lawan Ratih/ duk miyat yèn kang rayi/ sigra amarani gupuh/ tundhuk wus rêrangkulan/ lir kêkupu amrih rêsmi/ Dèwi Ratih wus panggih ngrangkul Sêmbadra//
- Wuwusên srinaranata/ Krêsna Baladewa maksih/ anèng jawining pamêkang/ tan darana angêntèni/ nusul wong agung kalih/ sapraptanirèng kadhatun/ myat kang rayi wus lênggah/ kapat Sêmbadra lan Ratih/ cuwa ing tyas angadu tan kadadeyan//
- Sigra Sang Arya Têtuka/ ngabêkti ing sribupati/ Mandura nulya manêmbah/ ing Bathara Arimurti/ nulya ngabêkti maring/ kang paman Sang Pandhusunu/ saha sru karunanya/ dangu anyungkêmi wêntis/ Sri Bathara Krêsna umatur ing raka//
- Sang Bathara Kamajaya/ pukulun sang maharêsi/ wus wancine anguculna/ mring ingkang sami piningit/ nahên angandika ris/ mring sang ari Pandhusunu/ kinèn manèh gêlagah/ kang tuwuh udyana warih/ dyan Sang Parta umangkat malbèng udyana//
- Winawas wus kasat mata/ kang warna galagah langking/ Arjuna sigra anyandhak/ jêmparing Ayahsêngkani/ lumêpas wus ngênèni/ purna sirna glagah wulung/ kawangwang Yudhistira/ tu-[145]win tiga kang para ri/ Bayuputra lumumpat nyandhak Arjuna//
- Ingumbulakên mring wiyat/ tibane katampan dening/ astanggung winangwang-wangwang/ gêdrug-gêdrug Bayusiwi/ lir bêlah kang pratiwi/ gêrêng swara gumaludhug/ lir gurnitèng ancala/ mangkana sang purnèng jati/ saisining kadathon sadaya mulya//
- Kusuma Dayita nata/ lan sagung kang para cèthi/ wus purna lan kadi saban/ isin pulih kadi nguni/ bêburon samya prapti/ paksi munya ting balêkur/ mina kèh samya polah/ wrêksa wohe dadi- dadi/ sinang-sinang ting gêrandhul dhêdhompolan//
- Kunêng mulyane sadaya/ Hyang Kamajaya bêbisik/ mring kang rayi Sang Arjuna/ yayi sira sun tuturi/ sutanira saiki/ manjing mring wismaning mungsuh/ karêpe manuhara/ sadulure ratu prapti/ anglakoni tuduhe martuwanira//
- Sri Rêsi Jayawilapa/ dèrèng dumugi dènira ngling/ Arjuna galêlês mentar/ Bima sigra anututi/ Sang Prabu Arimurti/ tanpa pamit nuli nusul/ sarêng Sang Gathutkaca/ Kamajaya wusnya pamit/ adan mentar lan garwa ajumantara//
- Nêngna Sang Hyang Kamajaya/ wuwusên kang anèng puri/ Drupadi lan Wilantênan/ tiga Kusumayu Kunthi/ cipta lir wong angimpi/ umyat rêsmining kêdhatun/ tambah endah ing warna/ kêbon-kêbon ngudyana sri/ puspitanjrah mawarna wangine tambah//
- Wrêksa wohe tuwa-tuwa/ rampa-[146]k tumpuk tumpang tindhih/ tuwin kang ngêning balumbang/ toyanya tambah awêning/ mina kang taksih alit/ muncul gêdhe ting calêbung/ banyak arak-arakan/ akarya langêning ati/ urang watang mangan lumut ting salengkrang//
- Kunêng gantya kawuwusa/ ingkang lêlana don jurit/ narendra gung ing Gumiwang/ kang anggung among wiyadi/ kasangsaya ngranuhi/ kapirangu amalatkung/ Prabu Suryaanggana/ supe maring pasanggiri/ mung Lêksmanawati kang katon gumawang//
- Kêna ing sêsandi karya/ bisane Rêtna Gêndari/ asêsandi ingkang wayah/ kêkintun rimong palangi/ pinanduk ing ganda mrik/ lan pratandha srat winangun/ têmbunge amlas arsa/ nor roga mêmulêt ati/ pangarahe supaya mêmpêng ing yuda//
- Nanging malah dadi wisa/ wisaning wong mangun jurit/ lali gawe sung kawangwang/ kang paring rimong pêlangi/ kadi katon sumandhing/ sasmita ywa anrang pupuh/ supe dhahar myang nendra/ tan arsa siniwèng abdi/ guramean ngudrasa nèng pasarean//
- Gêguling karya sumêlang/ kang anggung liniling-liling/ sinepa kusumaning dyah/ sinabda rum angrêrêmih/ dhuh mirah jiwa mami/ asih têmên ing apunggung/ sidhat gung mawa karna/ wisma tan ingambah janmi/ dèntulusa asih mring wong kawlas arsa//
- Kagendra suwiwi pagas/ ayam kuncung taya rêsmi/ mina mananduk ing saya/ ayu gêgêg mêrak ati/ pêksi kang grana èsthi/ dêdalan tumanduk ngranu/ tan kondur ma-[147]rang sabrang/ sinangkala naya manis/ jênak têmên gusti anèng pamondhokan//
- Rêkatha lit ing udaya/ rambatan dèntaratagi/ wong ayu salina sinjang/ ing kene wus amiranti/ panêngran[sira manjing/ pêpantêsên busanamu/ aywa kapati abra/ eman rêsmining sotya di/ mêsum kasor ujwalane mukanira//
- Kunêng kang anggung migêna/ wuwusên Arya Pamadi/ patêmon lan Badranaya/ Sêmar lara dènnya nangis/ wus sirêp kang prihatin/ Arjuna alon andangu/ dhuh kakang anakira/ ing mêngko ana ing ngêndi/ alon matur Saronsari mring Palguna//
- Turene têng pasanggrahan/ karêpe angincim-incim/ têng adhine Suryanggana/ Arjuna sigra nututi/ ing wanci bangun enjing/ wuwusên kusumaningrum/ lagyarsa asêsotya/ ingiring pawongan kalih/ bêkta nampan isi sabuk lan pêsatan//
- Sang rêtna manjing patirtan/ Bimanyu prapta ing wuri/ wor pawongan bêkta nampan/ tan nyana lamun sinandi/ narka abdi kinasih/ pasatan tanapi sabun/ ngulungkên wus tinampan/ ya ta kusumaning puri/ saking jamban nguwuh amundhut kosokan//
- Bimanyu malbèng patirtan/ sang rêtna ngandika aris/ age simah kosokana/ wus lawas ora babêrsih/ sigra dènnya ngosoki/ sariranggung linalulur/ jaja gigir padharan/ bocong wêlakang myang wêntis/ nora gêlêm dikon wi-[148]s bok lara simah//
- Baskara mèh kawatgata/ ujwalane mananduki/ wus purna dènira siram/ mundhut pasatan sang dèwi/ ingaturakên nuli/ plengas-plengos Sang Bimanyu/ dangu-dangu kawangwang/ katon brêngose jlekithit/ sang kusuma arsa jrit nanging tan bisa//
- Lathi tinutupan asta/ ginèrèt mêdal ing jawi/ arikuh dènnya lumampah/ pijèr kasrimpèt pang garing/ satèmah minggrang-minggring/ asta ro anggung anyut/ ya ta abdi ro ingkang/ satêngga jawining kori/ pandulune mring sang dyah lir pinalara//
- Pawongan jrit lumaksana/ arsa tur uningèng gusti/ wuwusên Sang Hendraputra/ kagèt duk miyarsa panjrit/ linuru wus kapanggih/ ing putra Risang Bimanyu/ ngèwèng-èwèng wanodya/ kreyaban lumaku miring/ pinarpêkan tinanya saking ing wuntat//
- Bimanyu kagyat anjola/ ucul ngasta mring sang dèwi/ arsa mlayu dyan cinandhak/ ujunging pasatan kêni/ tèmah dheprok sang dèwi/ Arjuna tanya mring sunu/ paran purwaning arsa/ Bimanyu matur mungkasi/ angandika wong agung Hendraatmaja//
- Wis kulup nuli uculna/ tuwin kalamun sira sih/ gampang yèn wis sampurnèng prang/ kalamun unggul ing jurit/ tan wurung yèn sirambil/ parikramaning prang pupuh/ brana mangka jarahan/ panungkul para bupati/ sakèh ingkang putri minangka têtawan//
- Payo malbèng pasanggrahan/ wruh-[149]a rupane sang aji/ ing sabrang Sri Suryanggana/ kaniayane kêpati/ angiras sun tuntuni/ pakartining prang rahayu/ tan amigênèng guna/ wus manjing satriya kalih/ kawuwusa wus salin têmbange durma//
~ PUPUH XXVI ~
D U R M A
- Suryanggana tan pêgat amriyêmbada/ guling gung linaliling/ dhuh pêpujaningwang/ aja tumuli nendra/ sapanên dasihmu gusti/ paran ta mirah/ dhahat tan nabèng dasih//
- Larang têmên biyadane wong Ngastina/ baya durung bisa ngling/ wuwusên kang prapta/ pawongan tur uninga/ yèn pura kataman dening/ satriya endah/ misesa ing sang putri//
- Gusti ari paduka linarak-larak/ kilap dadosing wuri/ ya ta srinarendra/ duk myat pawongan prapta/ gregah nulya amrêpêki/ sarwi mêndhapan/ wuwuse angrês-rêsi//
- Dhuh gustiku ing mangke kawulanira/ layak wurung ngêmasi/ yèn sirawus prapta/ mirah paring husada/ parêkan mundur sarya ngling/ gusti kawula/ dede sang raja putri//
- Kunêng ingkang anggung kandhuhan kung rimang/ wuwusên Pandhusiwi/ nèng jaban purendra/ arsa anêtêpana/ lungguhing satriya luwih/ utamaning prang/ yêkti nganggo tinari//
- Wani ora tinakon lawan prayoga/ dadi tan ngucirani/ yèn liyaning praja/ nganggo ambuwang layang/ ya ta Risang Hendrasiwi/ adan sêsumbar/ swara lir muksèng wyati//
- Aprabawa yayah kapilêng-[150]kang myarsa/ mangkana dènira ngling/ kèh Suryaanggana/ yèn sira tambuh mring wang/ sun wirèng rat wignyèng jurit/ samya Pandhawa/ trah Rêsi Bramamani//
- Sun atmaja Surapatindra Suraya/ ya Sang Prabu Karithi/ siniwèng wranggana/ lêlancuring surendra/ kinarya lananging bumi/ winênang ngrunah/ wil diyu myang rasêksi//
- Nadyan janma kang ambêg murka candhala/ tan parikramèng jurit/ kaya têkonira/ mukul prang murang dalan/ nir parikramèng aji/ kasusu arsa/ tampa putrining aji//
- Bungah-bungah panarkamu kadangingwang/ murut wêdi ing jurit/ hèh Suryaanggana/ rêbutên ing ayuda/ sotyèng rat ingsun Jahnawi/ ya Dananjaya/ ya iki Si Pamadi//
- Ya Arjuna ya Janaka ya Pamadya/ ya Parta Pandhusiwi/ ya Arya Palguna/ dènage Suryanggana/ mêtua sun kang anadhahi/ yèn nyata lanang/ sagêndhingmu ing jurit//
- Ya ta wau Sang Prabu Suryaanggana/ karna kadi pinêthik/ sirna brangtanira/ mring putri ing Ngastina/ gêgamaning prang cinangking/ mijil ing jaba/ wusnya myat kang nyumbari//
- Amêrpêki Parta cinandhak lambungnya/ nanging tyas datan gigrig/ singgan-singgun nora/ ya ta Sri Suryanggana/ angling hèh Parta dèn aglis/ apa nèng sira/ tibakna sun tadhahi//
- Anauri satriya Adananjaya/ langka ujarmu iki/ dudu watakingwang/ yèn aprang dhinginana/ kapindhone yèn sirèki/ sun dhinginana/ bok tan nga-[151]nti malêsi//
- Muring-muring sang nata narik curiga/ anggoco wanti-wanti/ Arjuna tan obah/ eca ngadêk ing ngarsa/ rusuh trape dènira mrih/ marjayèng Parta/ Arjuna mèsêm angling//
- Hèh sang nata aja kêsusu ing aprang/ sun tan nêdya ngoncati/ salina gêgaman/ anggonên marjayèngwang/ sang nata sugal nauri/ hèh Pandhuputra/ malêsa sun tadhahi//
- Sigra narik curiga Ki Kalanadhah/ pusaka Hyang Pramèsthi/ duk sinurayèng prang/ lan yaksendra Newata/ barêng panah Pasopati/ siyunging Kala/ loro pinuja dadi//
- Siyung ngisor dadi kêris Kalanadhah/ kang dhuwur Pasopati/ Arjuna ngandika/ hèh Sang Nata Suryanggana/ iki wêkasanmu urip/ age umyata/ ujwalaning hyang rawi//
- Ewadene sirarsa urip dènkêbat/ ambungên sikil mami/ anjrit Suryanggana/ sarwi amrang curiga/ tan sira dhewe pinaring/ jaya kadibyan/ pagene sun ngabêkti//
- Wus jamake wong bêcik lawanan aprang/ sapa sor angêmasi/ sang Padmèng Surendra/ mantukkên Kalanadhah/ pêcating yitma barêngi/ Sri Suryanggana/ gumlimpang wus ngêmasi//
- Surêm-sirêm gêgana alimêngan/ pracihna ratu mati/ jalada mangubyat/ gumlêgêr kang prabata/ gurnitaning jalanidhi/ bantala obah/ munya dhêdhêt rawati//
- Ing sadangunira wong agung dènnya prang/ Bimanyu ngintip-intip/ tuwin sang lir rêtna/ [152] anggung ngungak cêndhela/ duk rak kang ngêmasi/ anjrit karuna/ lumayu dèntututi//
- Cinandhak rikmane sang rêtna kalumah/ karuna dènlik-elik/ Sang Arjuna sigra/ sirahe Suryanggana/ pinagas murda gumlinting/ adana nyandhak/ sanjata Dadedali//
- Linêpaskên sinangên wus buncang sirah/ tiba ngarsaning Patih/ Gajah Satrutapa/ bubar ing panangkilan/ gumuruh kang pra dipati/ sadaya arsa/ bela patining Gusti//
- Gumarubuk lumêbêt ing pasanggrahan/ wuwusên Bayusiwi/ lawan Gathutkaca/ kèndêl ning soring wrêksa/ tan antara ingkang prapti/ narendra Krêsna/ prapta sru dènira ngling//
- Yayi Werkudara age têtulunga/ lan sira Bimasiwi/ ingkang rinêbut prang/ kaipe Madukara/ nèng jro kinêmbulan dening/ prajurit sabrang/ rajane wus ngêmasi//
- Bima Gathutkaca marang pasanggrahan/ sinambi turut margi/ anjèthoti sirah/ Sang Arya Wêrkudara/ mung gada kinarya babit/ rangkêp pat lima/ gélasah angémasi//
- Kang katênggêl gada ajur datan kalap/ suh ajur ting saluwir/ kêna tinêngêran/ tilas Bima Têtuka/ kang tugêl sirahe pêsthi/ sisa Têtuka ting saluwir//
- Kang sayêkti ginada ing Arya Bima/ wong sabrang kêkês wingwrin52)/ ya ta kawuwusa/ Sang Gajah Satrutapa/ umiyat Radèn Pamadi/ lumayu sigra/ prapta nungkêmi sikil//
- * Bima Krêsna Gathutkaca samya prapta/ miyat54) kang anyungkêmi/ ya ta Sa-[153]trutapa/ umatur wor karuna/ dhuh gusti sang jayèng jurit/ mugi pyarsakna/ ing ature pun patik//
- Yèn paduka anglajêngna ing dêduka/ tan wande tumpês tapis/ dhuh gusti ngemana/ mring kawula Gumiwang/ kawula ingkang kadugi/ nyirêp ing wadya/ kang sami labuh pati//
- Lawan botên adamêl sukaning driya/ mrih pêjahing cêcindhil/ ing prang tan linawas/ angling Sang Hendraputra/ pangucapmu lir garimis/ sun durung wikan/ aranmu kang sayêkti//
- Lawan apa lungguhmu ana ing sabrang/ paran karêpmu iki/ dene sira têka/ nungkêmi padaningwang/ matur Satrutapa Hèsthi/ gusti kawula/ ing sabrang lênggah patih//
- Kaparingan nama Gajah Satrutapa/ wondene ingkang abdi/ kamipurun nyêlak61)/ ing ngarsa jêng paduka/ yèn kaparêng karsèng gusti/ rèhne ing mangkya/ raja kawula lalis//
- Kaparênga kêng abdi ngaturkên praja/ Gumiwang mring Jêng Gusti/ minangka62) têtawan/ putrine srinarendra/ panunggul brana sotya di/ dêdamêling prang/ pratandha jayèng jurit//
- Pintên banggi kang abdi pinarêng gêsang/ sok sampuna ngabêkti/ lan ngaturkên praja/ saisine Gumiwang/ owêl tuwuh glagah grinting/ luhung têksiha/ sumiwi ing Jêng Gusti//
- Matur nêmbah Arjuna mring nata Krêsna/ pukulun sribupati/ kawula sumangga/ turipun Satrutapa/ sang aprabu ngandika ris/ ingkang prayoga/ Si Satrutapa patih//
- Dhawuhêna ngratoni [154] Praja Gumiwang/ angrèha pra bupati/ miwah manca praja/ kabèh padha renea/ ya ta Sang Arjuna aglis/ dhawuhkên marang/ sirèng rêkyana patih//
- He ta Gajah Satrutapa tampanana/ dhawuhing bathara ji/ yèn ing mêngko sira/ ginanjar mêngku praja/ ing Gumiwang angratoni/ labête lawas/ kawêngkuwèng sireki//
- Aja owah jenênge Sang Prabu Gajah/ Satrutapa narpati/ sira manèmbaha/ mring prabuku Ngamarta/ sira muliha dènaglis/ sakèhing brana/ kapraboning narpati//
- Lan sakèhe pusaka gêgamaning prang/ kadarbe ing sirèki/ mung bêndaranira/ Si Lara kang sun gawa/ cèthine aja na kari/ Sang Prabu Gajah/ sumungkêm sru anangis//
- Angrêrêpa ature Sri Satrutapa/ sumungkêm ing pratiwi/ dhuh gusti kawula/ lilanana atut wuntat/ Arjuna ngandika aris/ dènage sira/ muliha aja kari//
- Marma sira yèn ngantia lawas-lawas/ sadeyaning wong cilik/ tan wurung akarya/ rêtu rusaking praja/ sang nata manêmbah aglis/ sumungkêm pada-/ nira Sang Arimurti//
- Nulya nêmbah mring wong agung ing Pamênang/ nulya mring Sang Pamadi/ riwusnya mangkana/ sang nata agya budhal/ kêbut ing sisaning pati/ sang prabu anyar/ ing lampah mandhêg nolih//
- Kadya priya kasmaran ing wanodyendah/ samarga tawang tangis/ wuwusên Sri Krêsna/ angling mring Dananjaya/ yayi pasanggrahan iki/ sira basmia/ kabèh dimèn barêsih//
- Yèn wis tunu sira buncanga ing barat/ bangke dimèn barêsih/ [155] sigra Dananjaya/ musthi kang Bramastra/ kumêlun dahana mijil/ kumantarkantar/ wisma gung kang dènbyuki//
- Gumarubug saengga wana kawêlagar/ ngêbyuki nganan ngering/ sigra Hendraputra/ mênthang sanjata wrayang/ lumêpas nêmpuh ing agni/ mubal sumêbar/ sumyur sumawur mamrih//
- Bangkening wong kabuncang tibèng samodra/ kumrutug lir garimis/ minangsa ing mina/ kêmroyok ting kalobak/ kunêng wuwusên Sang Aji/ Krêsna lan kadang/ wus bubar kundur maring//
- Ing Cintakapura bêkta putri tawan/ punggêl kang dènsêrati/ lakon Partadewa/ ing Dhukuh Tejamaya/ sangalas Besar Dal warsi/ sastraningangka/ 9 9 7 1 mungkasi//