Category Archives: SERAT PIWULANG SUNAN KALIJAGA

SERAT PIWULANG SUNAN KALIJAGA


SERAT PIWULANG SUNAN KALIJAGA

[1] Punika pethikan buku pèngetan. Primbon kagunganipun ingkang Sinuhun Kalijaga, waliyos ingkang sumaré astana ing dhukuh Kadilangu, bawah Kutha Demak.

Ingkang winulangaken Sinuhun Sultan ingkang ngrenggani karaton Pajang, kala taksih nama Jaka Dhusun Tingkir. Abdhèng nang Kutha Salatiga, nalika pepanggihan wonten Gisik, ing dhusun Butuh.

Winastan èsmu sindhung. Bilih arsa ngagem kapethik satunggal bab, lampahipun mutih pitung dinten pitung dalu, nglowong sadinten sada[2]lu, acegah sahwat. Bilih arsa ngagem dipunsareng sadaya, lampahipun methak kawandasa dinten saha dalu, nglowong pitung dinten miwah dalu. Riyayanipun angsung dhahar Kangjeng Nabi Mukhamat, Rasullullah, sekul wuduk sapirantosipun, ulam ayam pethak mulus tukung cènggèr dlima. Kadonganan memulé :

  1. Bab bilih arsa nuwun-nenuwun Ingkang Murwèng Gesang. Punapa kang sinedya. Winaca saben sakèndelipun wanci jam 12 dalu ping 3 wonten plataran mawi dedupa.

Bismillahhirahmanirrahkim.
Si[3]dhung litung hamba minta tulung ing Tuwan tulungan hamba ing ganjaran wisésa, cumethi ratu sugih, yaiku rajeg wesi purasani, saking swarga. Jalallulah padhang jaya kusuma remek rempu wong sanagara kabèh. Lailahaillellah.

  1. Bab bilih arsa kinédhepan sesamining janma. Kawatek saben medal saking wisma badhé lenggahan, ping 3.

Bismillahhirrahmannirrakim.
Sindhung litung litang litung. Teka wurung sejamu sejaku teka ngremek atiné wong sanagara. Jabarail angremet dagingmu, Mingkail angremet bebalungmu, Israpil a[4]ngremet nyawamu, Ngijrail angremet ngalap patimu. Leburmu remek rempelumu. Remek rempu wong sanagara kabèh. Aku raja lanang juwita. Aku kusuma liwung jati. Remek idhep kédhep wong sanagara kabèh, Lailahailellah.

  1. Bab bilih arsa saged malumpat tebih, nglumpati narmada.

Bismillahhirrahmannirrakim.
Hèh hèh hèh aku si jaran panolèh angemot bumi langit, aku miber amot swarga naraka. Aku miber angemot kursi lawan aras. Aku miber aku Rasullullah lan ana pangayu[5]ning Allah. Lailahailellah.

  1. Bab bilih arsa ngilang raga sampun katingalan janma.

Bismillahhirrahmannirrakim.
Ingsun sindhung patup si jaran panoléh. Ingsun ana ngayunan sipat jalal, pangayunané raga suksma. Ingsun sindhung sèwu, ana pangayunané sipat kamal, pangayunané ora katon. Allah amurba amisésa jagad kabèh, arupa sétu. Jabarail ing ngarepku, Mingkail ing buriku remeng, Katibin kiwa tengenku arupa sasejaku. Allah amurba amsésa ing dharat ing laut, gu[6]nung geni ing dharat, sampurna Allah ora lali ora kumpul kalawan Allah. Lailahabilellah.

  1. Bab bilih arsa warni molah-malih kathah rupi-rupi.

Bismillahhirrahmanirrakim.
Aku sindhung sèwu, adodoti Allah Tangala. Sipat kamal gegelangé Allah, sipat jalal Allah iku wa garba, dèn lungguh ing Manikmaya, dèn lungguh ing sejaku dening Allahé. Tegesé angangnam putihé apa Allah. Lairku salah warna, putih kuning ijo, malah dadi sèwu sakedhèp nétra. Lailaha[7]llellah.

  1. Bab bilih arsa sasuntan santun warna. Sepuh kapyarsa semu nèm, ném kapyarsa semu sepuh. Bagus semu awon, awon semu bagus, ageng semu kéra, kéra semu sedheng, gadhah sereng.

Bismlillahhirrahmannirrokhim.
Ingsun anglindhungan. Sasindhung dadi klambiku. Hakaharuhu si litung, hakamalluhu, sejaku dadi makuthaku. Ya lijalalkuhu si liwung katingala ya hu ha yakamaruhu sisindhung. Rasullulah, Sam kang tengen kang kiwa. Sakathahing nabi lan wali dadi siyungku kiwa tengen. Wujud jagad pra[8]mudita. Tak mut dadi sapulukan. Lailahailellah.

  1. Bab bilih arsa warna salangkung ageng ngedalaken tiwikrama kadi sang Prabu Harjuna Sasrabahu.

Bismillahhirrahmannirrakim.
Liwang liwung kang nguwung. Aku jagad hurana. Mungsuhmu jagad Lallah, jamallullah. Wus nora nana mungsuhmu. Kamallullah kaharlolah, nora nana mungsuhmu. Amasesa wong sajagad kabèh. Lailahailellah.

  1. Bab bilih arsa sakti boten wonten kang nyami.

Bismillahhirrahmannirrohkim.
Li[9]wang liwung kasindhung, kaduwung. Cat ora katon saking karsaning Allah, anuntun badanku. Laillahailellah.

  1. Bab bilih arsa anulak sadaya bilahi, sarta anyirnakaken sadaya pialaning tiyang. Kadosta tuju, teluh, sesarat sesaminé, asinung wilujeng.

Bismollahhirrahmannirrakim.
Aku sindhung sèwu. Sipat jalal ing ngarepku, sipat kamal ing buriku, sipat jamal ing tengenku, sipat kohar ing kiwaku, Jabarail, Mingkail, Israpil, Ijrail ana dhuwurku. Rasullullah [10] kang masésa marang kahar, kamal, jamal, jalal. Lailahailellah.

  1. Bab bilih arsa nyepeng tiyang ngamuk, éwah napsu, dursila, mangsah prang sasaminipun, murih lereming manah.

Bismillahhirrahmanirrakim.
Aku sindhung sèwu kaliwungan. Aku anèng lawangku, ing rat baniyah. Sipat rahmaniyah miber liwung binekta ratu wisésa. Wuluku Jabarail, Mingkail, Israpil, Ngijrail. Améncok mabur binekta ing widadari. Kinemulan tapihé, klambi ontakusuma. Lailahailellah.

  1. Bab bilih arsa saged mumbul,[11]bilih prang kinepung mengsah.

Bismillahhirrahmanirrakim
Aku sindhung haliwungan, liwang liwung aku ana kéné. Anungku mih sampurnaku. Wisésaku jumeneng ana pulo kencana angratoni rasa kabèh. Rohing banyu, rohing geni, rohing wesi, rohing nabi, rohing walimukmin, rohing Malaikat, rohing sétan, roh ing buwana kabèh. Suyut kèrut angidhep sakèhé dumadi kabèh. Iku ratu amangku Allah, ratu ananingsun kabèh. Kaharuhu Ilellah. Kama[12]luhu, Ilaha Jamaluhu, Allah Jamaluhu. Lailahailellah.

  1. Bab bilih arsa ngancing ngunci sadaya èsmu sindhung. Supados boten ocat tinarima atumanem ing galih kang ngagem.

Bismillahhirrahmanirrakim.
Aku ratu agung lungguh ana wisma. Pager bata mulya mutyara, kuwasané anawung ratu sugih. Nabi ratu agung menga minep tanan kèri sawiji winengku. Lailahailellah. Punika èsmu jejer. Agemipun ingkang Sinuhun Kalijaga, kawasiya[13]taken Kangjeng Panembahan Sénapati ing Ngalaga, kang bawani praja ing Mataram, nalika taksih nama Ngabèhi Loring Pasar. Winulangaken wonten ing dhukuh Wanamarta :

  1. Bab èsmu kawateka bilih siram. Ageming naréndra.

Bismillahhirrahmanirrakim.
Ingsun niyat adus banyu pancuran talaga manik. Adusku mani wisésa. Linenganan binorèhan. Iya ingsun anaké pandhita sekti. Alanang sejati Kelana Jayapurusa. Iya ingsun manungsa kang kinéringan. Katresnan ing wong[14] saumatira Allah kabèh. Lailahailellah.

  1. Bab èsmu bilih badhé uninga kodratira pribadi sarta kodraté janma liya. Anyawanga wewayangané wujud kang kakiki. Saben badhé matek mapana enggèn kang sepi swara. Angeningken pancadriya, anjujuraken tanajul tarkiné. Mindenga paningal kang sajati lenging maripat. Déné lampahipun siram asesuci saben dinten Rebo. Sontenipun mapan mateg punika, ping 7.

Bismillahhirrahmanirrakim.
[15]Kamdil swara lungguhira wewayangan aputih rupané malecit. Malang kamaring jati wisésa. Lailahailellah.

  1. Bab bilih arsa angirup rahsaning manungsa tuwin angirup raos. Dhatengaken sadaya kang kumelip wonten ing dunya. Murih sami suyut tresna sarta panuwun nedya antuk darajad pangkat luhur ngalangkungi kang linampahan. Winastan èsmu cahya 40 lampahipun mutih pitung dinten lan dalu nglowong sadinten sadalu. Patraping raga panggènan miwah riyaya angsung dhahar kados ing nginggil wau.

Bismillahhirrahmanirrakim.
Suksma [16] rasa araningsun. Urip aranira metu. Saking karsaningsun. Ingsun angidhepaken saujaringsun. Guru panutanira ingsun, nabi pangéranira ingsun. Iya ingsun angadeg tengahing jagad, iya ingsun mangku cahyané wong iku kabèh. Rasanira rasaningsun, cahyanira cayaningsun. Ingsun ana karatoning Allah. Retna kumala ingsun medalaken karsaning pangéran saking kadang tuwa padha ngidhep kabèh. Kang mater kang durung lair ingsun weruh. Sakathahé suksma jati suksma kakim. Cahyaku cahya Mukhamat Rasullullah. Sir putih kacekel ing sih dat esahing awakku. Iya ingsun mang[17]ku nyawané wong sajagad kabèh. Padha tutut anut idhep. Kèdhep sujud maring aku padha wedi asih tresna maring aku. Ingsun cahya satilèh murub badan alus minangka retna. Gumilang gilang langgeng uriping cahya wisésa gaib ingsun amisésa cahyané wong sajagad kabèh. Apa ramé-ramé kuwé. Gajah mekta iya ingsun sejatiné. Lailahailellah.

  1. Bab èsmu bilih arsa nenuwun Allahutangala. Punapa ingkang sinedya. Sawawratipun menawi katarima angsal wasita.

[18]Bismillahhirrahmanirrakim.
Lailahailellah. Imanan bilah. Lailahailellah ya kinan bilah. Lailahailellah. Mukamaddur rasullullah kanuh. Lailahailellah. Imanan watasdika. Lailahailellah. Halaupan warijika. Lailahailellah Mukamaddur rasullullah. Wasyallalahu ngalasayidina. Mukamaddin wa alihi wasabihi wasallim.

  1. Bab èsmu agemipun sayidina Ali Asaddollah. Bilih arsa teguh tan pasah kataman gegaman. Sinung kuwawi ngangkat barang kang awrat sanés mer[19]watipun. Lampahipun puwasa salikur dinten. Bilih bibar buka sonten sadalu puwasa malih, dumugi sontenipun dhahar. Nglowong sadinten sadalu cegah sahwat riyayanipun milujengaken bubur surba. Angsung dhahar Sayidina Ali Asadollah.

Bismillahhirrahmanirrakim.
Lakahola wala khuwata Illa Ali Sakhali. Iladulpagholi alaihisalam. Mukamaddan wa alihi aji mangin. Birahmatika ya Arkama Rakimin. Lailahailellah.

  1. [20] Bab èsmu bilih arsa raganira boten kasumerepan manungsa sagetd yuwana boten kènging piala panyidraning janma. Lampah patrapipun kados nginggil sarta saréa sadinten sadalu kalih jam. Riyayanipun angsung dhahar Kangjeng Nabi Mukhamat Rasullullah sekul wuduk ulam ayam putih.

Bismillahhirrahmanirrakim.
Bis kulit, mil daging, lah bebalungku. Bis teguh mil luput, lah kang ora katon.

  1. Bab èsmu patimbulan. Bilih arsa mepes dayaning gegaman. Wesi kawasa, waja landhep pamor ampuh. [21]Lampahipun puwasa tigang dinten. Kawiwitan dinten Senèn, Kemis anglowong sadinten sadalu, boten saré riaya angsung dhahar kados ing nginggil.

Bismillahhirrahmanirrakim.
Cihna nira kayun lawan baka. Sakèhing gegaman wesi waja pamor, tumbak keris, pedhang sapadhané ora nedhasi maring kulit daging balung sungsum otot wuluku. Ingsun sajatiné manungsa. Laillahailellah.

  1. Bab èsmu Brajamusthi bilih arsa yuwana teguh rosa kinawasa lampahipun mutih pitung dinten saha dalu nglolong sadinten sadalu bote[22]n saré sarwi lumampah. Salebetipun anglampahi saré sapisan jam 2 dalu, 5 énjing wungu lajeng siram gebyar ririyaya bubur surba kang gurih angsung dhahar Sayiddinna Ali.

Bismillahhirrahmanirrakim.
Cakban badan otot rantas, balung tigas. Ingsun gegem kacekel pamek rempu remuk dadi banyu. Iya ingsun aji Brajamusthi. Lailahailellah.

  1. Bab èsmu panglèngkètan, bilih arsa para padu sarta nyepeng tiyang sampun saged èbah saking ngenggèn. Lampahipun puwasa tigang dinten [23] nglowong sadinten sadalu boten saré. Salebetipun kawandasa dinten, cegah hawa nepsu miwah sahwat. Riyayanipun angsung dhahar Kangjeng Nabi Mukhamat Rasullullah. Sekul wuduk kang gurih sapirantosipun. Ulam ayam tigan kang anyar cacah miturut neptuning dinten pasaran. Wedalanipun sekar kanthil melathi 5 jodho. Konyoh wangi lajeng kagem.

Bismillahhirrahmanirrakim.
Rasa kang ana pucuking dat arupa ireng. Iya iku kang aran Mukhamat Rasullulah kang sejatiné. Mukammat kelè[24]ta enggonmu lungguh. Allah parèntah ka, ma, ya, a, bin, sin, sot. Bilih sampun angésthi lidhah ira kabekuk manginggil madal cethak.

  1. Bab èsmu bilih arsa rerembagan kang parlu, akaliyan janma murih unggulipun pangandika. Tiyang wau kodhenga sampun angsal pamanggih saged mangsuli lampahé kados nginggil.

Bismillahhirrahmanirrakim.
Barang guntur amuk tanpa tuduh gajah mekta tanpa tujah. Urup geni guntur sirep. Lamun arsa Allah nglebur Sang Hyang Kala. Lailahailellah.

  1. [25] Bab èsmu bilih arsa kèdhep tinurut saparentahé maring janma. Lampahipun wilujengan sami bab 1 .

Bismillahhirrahmanirrakim.
Iku kum iku kukum. Cundhuk suhé sayiddinna Ali Asadolah metu sakku papat anggawa coba séwu. Ah aku sapa katingal balèkna. Kang amèksa patenana. Poma-poma dikareksa. Katap menep cundhuk suhé sayidina Ali Asadolah metu sakku papat kang anggawa ba[26]la nyèwu. Ha. Aku ajine si sabawa sèwu. Lailahailellah.

  1. Bab pangandikané Kangjeng Nabi Mukhamat Rasullullah ngalaihisalam. Sing sapa mawa donga iki lamun arep-repan karo mungsuh kewan galak. Yakti tan bisa ngolahaké sirah suku tangan ragané. Ora saged lawan saranduning jasadé. Lampahipun wilujengan sami bab 1.

Bismillahhirrahmanirrakim.
Yak hayu, ya ngalimu, ya ngaliyu, ya ngapiyu ya ganiyu wassalah ungal[27]hiya. Gahirikelbihi mukhimat waalihi ajimangin. Syummum bukmum ngummyumpahum layarjingun. Syummum bukmum ngummyumpahum layarkilun. Syummum bukmum ngummyumpahum layutlamun. Syummum bukmum ngummyumpahum layasmangun lakahaula kuwata illa bilahil ngalimin ngalim.

Punika èsmu jejer agemipun ingkang Sinuhun Kalijaga, asesilih nama Kiyai Bratasupan. Kawasiyataken Ingkang Sinuhun Kangjeng Susuhunan Pakubuwana kapisan jume[28]jumeneng karaton Kartasura. Nalika taksih nama Kangjeng Pangeran Puger. Pamulangipun wonten karaton Mantaram bilih bibar nglampahi salah satunggallipun. Nunten riaya sekul wuduk sapirantosipun kang pepak. Ulam sawung pethak mulus, tukung cènggèr dlima. Sekar borèh angsung dhahar Kangjeng Nabi Mukhamat Rasullulah Ngalaihissalam.

  1. Bab èsmu bilih rira saben dina sinung kuwawi.

Bismillahhirrahmanirrakim.
Jabadiyah prayacitra. Ingsun dus ngedus si cahya Nurbuwat. Kang tumiba [29]ana ingsun. Teguh timbul ora katon. Bumi ambarkahi jagad ingsung kuwat. Kepyaring ati nyawa nyangking raga. Kang curi-curi pager gunung ratu mulya saisining buwana kabèh. Mendheg preg ing ngarepku. Cahyaku kaya tanggal pat belas mancorong sumorote. Bunder-bunder gilar-gilaré. Iya ingsun urip salawasé. Allahu Akbar.

  1. Bab èsmu bilih mentas saking siram medal ing jawi jamban.

Bismillahhirrahmanirrakim.
Mentas sun adus. Banyu madu pinasthika. Ana gedhang kencana manik. Adegku i[30]man sampurna. Suci maniraga jatimulyaning dad. Iman murup sampurnaning Allah.

  1. Bab èsmu bilih dandos, murih katingal anèm.

Bismillahhirrahmanirrakim.
Kuwung-kuwung ing dhadhaku candra kembar tingalku. Téja murup cahyaku. Keclap-keclap guwayaku. Pupurku ron gandapura. Manis ing pasemonku. Murup mubyar ing raiku, mancorong kadi purnama. Wangala Alihissalam (nunten nyampingngan) sun abusana pepaésaning manungsa, bebetku Allah sabukku Mukha[31]mat. Klambiku Rasullulah, Sang Hyang Wisnu solah sabawaku, sampurku busana kancana, adegku iman sampurna. Sakèh janma mendhek preg ing ngarepku. Lailahailellah.

  1. Bab èsmu bilih tumindak lumampah. Murih kèdhepan sinuyutan, katresnan sakathahing manungsa.

Bismillahhirrahmanirrakim.
Jumenenga imaningsun, Nabi Mukhamat Rasullullah. Jumenenga atiningsun, Sang Hyang Kembar Rupa. Sang Hyang Kamaluwih, jumeneng sir rasaningsun, para malaikatmu. Karep manjing raganingsun. Lintang johar tumance[27]p ing cahyaningsun. Yahu kun paya kun bakin. Lailahailellah.

  1. Bab èsmu bilih sampun lungguh wonten pundi panggènan.

Bismillahhirrahmanirrakim.
Ingsun watek kaya rembulan, badanku srengéngé nur cahya saking cahya luwih. Ya aku paesaning bumi ya aku sekaring jagad. Panduluné wong sajagad kabèh gedhé cilik anom tuwa. Lanang wadon padha welas asih kèdhep lerepa manut mituruta saparéntahku. Meg dheg preg ing ngarepku saking kersaning Allah. Lailahailellah.

  1. [33] Bab èsmu bilih arsa nenuwun ing Allah lamun nuwun darajad winatek wanci jam 4 énjing majeng mangètan, lamun nenuwun rijeki winatek kawanci jam 2 dalu majeng mangalèr, lamun nenuwun garwa winatek kawanci jam 10 sonten majenging pundi wismanipun kang sinedya kawaca kaping 100 wonten palataran.

Bismillahhirrahmanirrakim.
Gedhong suksmaku. Tutup suksmaku kancing suksmaku malbu murup metu murup ya rasa ya Rasullulah.

  1. Bab èsmu bilih panggalih [34]kraos ketir dheg-dhegan maras. Saben badhé sare. Wungu saré kawaca kaping 3.

Bismillahhirrahmanirrakim.
Rupbillah Rasullullah. Metu murup ing dat tolah. Allah mosik jroning rasa. Ya rasa ya Rasullulah. Ya rasa ya Allah, ya panguwasaningsun, ya panguwasaning Allah Lailahailellah.

  1. Bab èsmu palerepan manahing tiyang. Bilih parapaben. Sampun tuwuh napsunipun. Lampahipun nglowong sadinten sadalu. Riyayané jajan pasar. Milujengi sarira.

Bismillahhirrahmanirrakim.
[35]Ingsun wateg ajiku si gajah dhungkul jabang bayi si anu (bilih tiyang wau kathah jabang bayi iku kabèh) dhumungkula ana dhengkulku dhikukul mungkul saka karsaning Allah.

  1. Bab èsmu bilih arsa mamengsahan. Apes saluluha ingkang raga. Liliha manahipun. Bilih nyidra dhawahi gegaman, sampun ngantos pasah. Lampahipun nyirik ulam ambegan. Sarta pala kapendhem. Kawan dasa dinten lan dalu, cegah sahwat saré sapisan, nglowong sadinten sadalu boten saré [36]riyaya jajan pasar milujengi rah.

Bismillahhirrahmannirrakim.
Girang-girang manugirang sampurna wis jaya. Ya aku kang sampurna luput jayaning nung. Ya aku Allah kang kawasa. Eh aku kang kawasa ya Allah. Lailahailellah.

  1. Bab èsmu Brajamusthi. Bilih arsa nebak tiyang yakti pejah. Bilih kagegem yekti luluh tanpa bayu. Lampahipun mutih dhahar ketan kawan dasa dinten. Nglowong sadinten sadalu anggegem ketan boten saré, énjing dhahar riyayanipun bubur surba kang gu[37]rih. Angsung dhahar Sayidina Ngali kadonganan piyambak punika dongané

Bismillahhirrahmannirrakim.
Allahumma raja Suléman tulak tanggul, raja Suléman panudhung, raja Suléman kiri kara sang galeger putih. Tulak sang raja Suléman dat suleman cahyané tunggal cahyaku. Cahya kang wisésa. Aranku jalalluhu. Pati-pati Pangéran. Saba Suléman sabat Suléman sabat Sulèman sabat Suléman, sabat Suléman, byar Suléman, byar Suléman byar Suléman ragaku raja Sulèman ragaku raja Sulé[38]man ragaku raja Suléman. Birahmatika ya arkama rokimin.

Bismillahhirrahmannirrakim.
Tarip tiraping dhadhaku. Kala cakra ing gigirku. Barat prahara ing napasku. Gelap ngampar ing swaraku. Pukul wesi èpèk èpèkku, kepelaku watu. Buta kang sun trajang remak rempu. Éh ya aku Brajamusthi. Lailahailellah.

  1. Bab èsmu Candhabirawa. Murih kéringan sesama. Lampahipun mutih pitung dinten saha dalu nglowong sadinten sadalu. Boten saré mepet pangandika

[39]Bismillahhirrahmannirrakim.
Sollalahu ngalaihi wasalam. Alhuma ulis amba angucap amba. Angrungu suwarané. Kun payakun mujijad sipatolah. Eh ingsun sejatiné manungsa. Sarwi jejeg siti ping 3, megeng napas tuwin nyirik sogok waja kenaka.

  1. Bab èsmunipun paksi berkutut. Bilih arsa kuwat ingkang sarira. Tebih lumampah panjang kang yuswa. Kawaca saben énjing ping 7 sonten ping 7, manawi badhé nglampahi nglowong sadinten sadalu riaya ja[40]jan pasar.

Bismillahhirrahmannirrakim.
Allahumma husawisun. Sudu risnasi. Minaljinnati wanassi. Lailahailellah.

Punika èsmu pamiraos agemipun Ingkang Sinuhun Kalijaga lumantar saking Pangèran Wijil kaping 3, kapundhut wasiyat winulangaken ingkang Sinuhun Kangjeng Susuhunan Pakubuwana suwargi kaping 3 ing Surakarta.

  1. Bab bilih arsa nglampahi siram sesuci sadinten Senèn Pon Jumungah Legi, Akad Wagé. Siramipu[41]n para wali ing pulo Jawa. Kénging kagem ing Panjenengan Dalem Sri Narèndra sarat wonten tirta mili punapa pancuran.

Bismillahhirrahmannirrakim.
Ingsun adus ing talaga Kalkausar amancur saka tuk putih, ancik-ancikku watu gilang. Dinusan kinramasan, dinusaké ing guna, kinramasaken sakèh supata. Ya ingsun anané pandhita sekti alanang sajati. Ingsun tan kena tuwa salawasé. Kang amurba jagad iki kabèh. Allahhu Akbar.

  1. Bab èsmu bilih mentas sa[42]king siram medal ing jawi.

Bismillahhirrahmannirrakim.
Salallahu ngalaihi wasalam. Mentasku adus katurunan cahya Nurbawat Nabi Mukhamat Rasullulah. Gumilang gilang kadi wulan purnama amadhangi jagad iki kabèh. Telesing hèrnawa ora mung angedusi raga. Ngulihaken kamané si bapa si biyung miwah nyiram ngayemi sadulurku papat. Bumi miwah langit kang neksèni sallalahu ngalaihi wasalam. Lakahaula wala kuwata Illabirabil ngalaihil ngalim.

  1. [43] Bab èsmu bilih badhé mriksa warnanira pribadi. Kawawasa saking pangawasaning gaib. Datan mawi carmin.

Bismillahhirrahmannirrakim.
Allahuma walkamdulilahilladi sawélkas kiwangalallahu. Wasydi warasyuratang raja hira wakasanaha. Waja ngalni minalmukmina. Allahumma kamalaksanta kalkhi pakasinkalki. Lailahailellah.

  1. Bab èsmu bilih busana wiwit seratan sarampungipun.

Bismillahhirrahmannirrakim.
[44] Allahumma alkamdulilahi kadi kasani hada sawabbi warajakani mingèlyi kowtimina walakhuwata bilah. Lailahailellah.

  1. Bab èsmu anpal bilih lumampah saged rikat. Saged anututi kuda nyongklang. Betah kados saged mabur. Tapané puwasa 40 dinten, nglowong tigang dina lan dalu.

Bismillahhirrahmannirrakim.
Layak lilkasana. Ila anta waleysya rangpal sayingati Illa Antawa. Lakahaula wala kuwatahillabillahi ngalaihimngalim. Sarta bilih arsa sampun kasumerepan tiyang macaha lan lumakuwa sampun kèndel. Bismillahhi antaraku.

  1. Bab bilih arsa reruba Kangjeng Nabi Mukhamat Rasullullah utawi katur para Nabi sadaya agung paédahé kadumugen punapa kang sinedya kawaca saben malem Jumungah ping 3 sarta sampun saré sadalu lenggah.

Bismillahhirrahmannirrakim.Yaman ala haroljamila wasarara ngalèl kabiki labiljarirati wa lamyuh tiki sitraya ngalima [46]ngapawiyaka sunata jawijiya wasingalmak piratih, wayabasital yadéyana birahmati yasahidda kulinna jwaya muntahél, kullisukra ya minnal amriya karima. Subki walamuptadi ainnahu miklablaistikka piha ya rabbi hu ya rabah, ya rabah ya sayiddah ya sayiddah. ya sayiddah ya muntaha, yaralbita. Ya Alahu, ya Alahu Ya Allahu. Innab katus sadngiya Kalkibinnari. Abada abada.

  1. Bab bilih arsa pinanggih Kangjeng Nabi Mukhamat Rasullullah bilih mapan saré mapana majeng mane[47]ngen ngeningken panggalih. Ngraosaken ébahing sanubari. Sarta bantalan asta tengen, maringi napas kawaca kaping 3. Bismillahhi ainasaluka bijalalika wajahikalkarim.
  1. Bab èsmu ubatil. Bilih winaca rina lawan dalu nyapisan kasinungan yuwana wilujeng tebih pandamelipun tiyang utawi dinugèn sedyané. Ingkang leres.

Bismillahhirrahmannirrakim.
Kalakowana bikayat rawéyan annabi salalahu ngaléyahisalam [48]ainnahu kaya sayiddin alkhari. Annawal ngabada. Angudubilahi minnannari wa minsari wa minsaril kakira salabil wa barig garikailtahi la wakidil kabarri. Hialla anta rabbi haillahailla anta kalaka hani walana. Ngabduka wa anna ngala ngahdika wawandika mastatangla wa angudubika minsarima sanabtu wa abuwu laka biningmatika ngaléya wa abidandi wakpirli painnaka antalapupur rakim.

  1. Bab èsmu bilih peteng ing galih murih binuka raosipun. [49]Nuhoni padhanging panggalih. Turta kinéringan janma saben dalu lawan siyang kawaca kaping 10.

Bismillahhi yamuhaninu, bismillahhi ya rahmannu. Bismillahhi ya Allahhu.

  1. Bab èsmu mabubah bilih arsa awèt ném panjang kang yuswa. Kuwawi kang sarira. Lampahhipun nglowong sadinten sadalu. Kawaca saben tanggal sapisan lan ping 15, ping 30.

Bismillahirrahmannirrakim.
Ajngalni mahbubah pihulu bil almukmini. Nawalmukminnati, wéyasir liwa baligni miah ing wangi sang rinasa dah [50]tang wangi. Sangrinasa dah angwallahu kérung kapilawahu warahmannurahim.

  1. Bab èsmu bilih kapengkok manggih pakèwet. Ponca bayaning lelampahan, mardi sarira boten kapyarsa janma. Lampahipun puwasa saha mutih 40 dina nglowong sadinten sadalu riyayanipun angsung dhahar Kangjeng Nabi Rasullulah, sekul wuduk sapirantosipun kang pepak, ulam sawung pethak mulus, kalem barang manawi kanggé kawaca kaping 3, megeng napas ngeniken cipta

Bismillahhirrahmannirrakim
[45]Kulayu sibana illa makataballa hulana, huwa maulana wangalamlahi palmayata walkalis yatawakilun.

  1. Bab èsmu rasa bat putih. Bilih arsa nulak wisayaning tiyang kadosta tenung sasaminipun. Pangangkah saé miwah awon pandamel kasar tuwin halus lawan murih lereming angindah ana tirta. Ingkang ageng anggigirisi. Lampahipun puwasa tigang dina. Nglowong sadinten sadalu riyayanipun sekul golong, 5 supit pecel pitik, jangan menir sekar ko[52]nyoh amemulé bumi langit saisinipun. Patrapipun kedah manggèn pyambak, kawaca kaping 15 slawat ping 7.

Bismillahhirrahmannirrakim.
Ping 3, bismillahhissapi, bismillahilsapi, bismillailkapi, bismillahhilwappi, bismillahilladi. Layatluru saiinma lalil aril, wala pissamal, masal hiwahuwal samiul alim. Lailahailellah

Punika tarèkipun angudi rahsaning sukenya. Asmaranipun ingkang Sinuhun Kalijaga. Kang sampun kapundhu[53]t batuwah ingkang Sinuhun Kangjeng Susuhunan suwargi Pakubuwana kaping 4, ing Surakarta piwulang saking Pangèran Wijil ping 3.

  1. Bab èsmu panawangan bilih arsa pariksa kodratira manungsa. Badhé kados pundi ing tembé kang linampahan. Raganira pribadi tuwin janma sanèsipun. Tapanipun sabar rila, narima, énget. Yakti sinungan waspada, sarta ing dalu sampun saré bilih dèrèng baliyut.

Bismillahhirrahmannirrakim.
Ing tingalingsun terus bumi sapitu. Amara [54]pitu terus maring karsaningsun. Ingkang adoh katon, ingkang parek katon. Panggawéné ingkang ala ingkang becik. Ati raganira si anu (aku) sajroning paningaling Allah. Ingsun Sang Manik maya putih, lenging maripat suci duwé cahya saking Pangéran, yahu Allah yahu Allah yahu Allah. Lailahailellah.

  1. Bab èsmu patigengan. Tegesipun bilih arsa nitik awon saéning tindak kalakuwanipun wanodya. Manawi darbé wateg awon sirnaa, kang saé lastaria

[55] Bismillahhirrahmannirrakim.
Si langkir anak jungung. Teka bingung ceg geng ceg geng tigeng anaké si yara. Ayu lelaku diiring wali. Pinayungan para nabi ateken Allah. Seja ayu salakuku ayu saking karsaning Allah.

  1. Bab èsmu bilih arsa mendhet kayuwanané. Murih tentrem awak repé wanodya lutut tumuntur rasa karsaning priya. Tinebihna para padu lestari ya salama.

Bismillahhirrahmannirrakim.
Sariraning rasa rasa olah dat tolah lagi apa sira. Aja lali tapa pandeleng[56]ngé wong urip, dhengkèk guluning wong wadon, ingsun angadeg lanang sajati. Datan nana kang memadha.

  1. Bab èsmu bilih arsa wayuh. Garwa kekalih arsa pinardi rukun runtut, datan brawala, sulayèng karsa. Punika winatek kalamun nuju saré, èpèk-èpèk astanira kekepna sanubariné. Kaprenah ngandhap susuné garwa ingkang kiwa amurih runtuting karsa

Bismillahhirrahmannirrakim.
Hu ana ingsun hu ana nira, akadiyat ing aranan khadil, ajali abadi. Ah dhengkul, ah dhengkul, ah dheng[57]kul tumungkula sadina aja tumenga, tilikana tetunggalan nira. Ya ingsun katunggalan nira. Ya ingsun weruh ing bakalira. Lanang musthika yekti jagi tan kena mosik. Allah amurba amisésa. Sapa kang masésa marang sira, ya ingsun kang masésa marang sira. Teka welas teka asih atiné si anu maring ingsun (lawan maring si anu) saking karsaning Allah. Lailahailellah.

  1. Bab èsmu Kebo Cepaka murih salaki rabi runtuta sampun benggang katresnané ing salaminé. Lampahipun mutih gangsal dinten lawan dalu, nglowong sadinten sadalu. Bilih arsa ngang[58]kah tiyang sageda sarujuk sadalu dalu sampun saré sadalu. Ngèsthi ya warnanira kang kaangkah darbé ya èling.

Bismillahhirrahmannirrakim.
Bismillahi ingsun kembang cepaka. Awit baka ron kaya mega, kembang kaya lintang, sekar kaya srengéngé, tirem kaya rembulan. Teka welas teka asih. Si anu marang ingsun. Lailahailelah.

  1. Bab ésmu bilih arsa saresmi kaliyan sukenya. Murih hawaning dyah rumasuking draya. Supados mewahi kiyating raga.

Bismillahhirrahmannirrakim.
[59]Bismillahhi telas sasariné. Sikama dhesthi anakku sigana kumara. Sok dikon jupuk sariné wong wadon iki, ilang ngararasé kariya karsané. Ingsun kuwat lanang sajati.

Bilih neres rahsané sukenya murih suka datan cuwa. Bismillahhi warkamnun waréykanun, waljana tunnangin. Lailahailellah.

  1. Bab èsmu bilih kénging wisaya kacidra pawèstri. Murih sampun tumama kemba. Gelawa dhateng janma sanèsing kang sarira. Mila kabèrata saking aji gineng priya, saged dasirna walu[60]ya jati. Sarta rinuwataken tambah raosing tresna.

Sollalahu ngalaihi wasalam. Sun wateg ajiku si Bandung gineng Bondawasa. Kulit ingsun tembaga ototingsun kawat, balung ingsun wesi, sungsumingsun timah pratola : cemethèt gemerèt alot kélot kélot kélot. Aih ya iki ajiningsun Bandung Bandawasa. Kawateg bilih arsa saresmi.

  1. Bab isarat wanodya. Bilih arsa nuwuna darbé putra. Sandhinging pasaréyan kasajénana waloh bokor satunggal. Ingkang warni taksih seger. [61]Kawiwitan amasang dinten malem Jumungah Kliwon. Dumugi dinten malem Jumungah malih. Kapundhudipun kepungna tiyang gangsal kaum. Ugi lajeng kastunan malih ingkang anyar. Patrapipun ugi makaten, dumugi pitung malem jumungah, menggah ujubipun memulé Sayid Abu Bakar Sidik, Sakabat Rasullulah, kadonganan memulé. Sadérèngipun kadonganan kaum, dipunwacakna piyambak ingkang kagungan karsa. Methik surat Ibrahim punika.

Bismillahhirrahmannirrakim.
Wakalayu supali abihi. daayatti enni araèytu kaot kaban wal sa[62]m sawal kamara raaéytu humkisajidin, bismilkalirabbana. Innaka takkamu, sirriya nuh piwamanu. Nglinuwama yakhup angaallahimin séyriin layangkaba wa jangalnalaku. Rabbi raliya .0. kawaca kaping 3 saha bilih arsa saré saben dalu. Wungu saré énjing kaping 3 lajeng nenuwuna.

Ya Allah ya Mukhamat, ya Rasullullah. Kula nyuwun gesanging nutpah. Wiji kula sageda tumuwuh dados raré lanang. Minangka ngamal kula kang sajati wonten dunya dumugi ngakhirat.

Anyambeti bilih arsa saré dalu [63]sasampuning nginggil wau maca apatékah. Kalak binasa pisan. Kulhu ping 3.

Bismillahhirrahmannirrakim.
Alkamdulillahhirambil ngalammin. Arahmannirrakim. Malikiyaumiddin Iykanakbudu waiykanastangin. Ihdinas siratalmustakim. Siratalladina Anngamta ngalaihim, géirilmahlubbi ngalaihim waladlalin. Amin.

Bismillahhirrahmannirrakim.
Khulangu dubirabinnassi. Malikinnassi. Ilahinnassi. minsaril waswa [64]ssialkannas. Illaladi yuwaswassu wissudurinnassi. Minal jinwati wanas.

Bismillahhirrahmannirrakim.Kulangudubirabil palaki. Minsari makhalakha. Wamin sari kasiinidawakhop. Wamin sari napassati pil ngukadi. Waminsari khasidin widakasat. Kawaca      ping 3.

Bismillahhirrahmannirrakim.
Kulhuallahuakat. Allahusamat. Lamyalit walam yulat walayakullahukupuanahat.

Salawat ping 3.
Allahumma shalli wasalim ngala sayidinna Mukamaddin wanga[65]la Ali Mukhammat. Ngadadama pingilmi lasalatan daimattan bidawammi mulkillahhi.

  1. Bab ingkang kakung kedah anambadani sedyanira ingkang putri. Tapanipun anyegah pulang raras kaliyan sanésing wanodya kang sinedya. Salebetipun 29 dinten. Kakung putri samiya murih seneng. Sampun ngantos sulaya ing karsa, murih tentrem, angeningaken panggalih. Dados boten angèbahaken pamanthenging cipta maya. Sageda pikantuk saking sasmitaning ingkang suci sajati. [66]Bilih arsa saré maos ayat kusi sapisan.

Bismillahhirrahmannirrakim.
Wailahukun ilahum wakidun, lailahailahu. walkayulkayumu. Layattakudu husilahum walla notmultahu mapissamawatti walimandaladi yasmangu illa illeyhi wamayukitu nabi séyin ngèlmihi. Illabimasa awasi ngakursi. Yunus samawati wal ali. Wakuduhu kibluhumawahu. wal ngaliyulngalim Tasbéh ping 3, astakpirlah hangalim. Waladiwalkayumu waatubublalaihi. Talil ping 3 [67] Ya laillahailelah. Yamahdut ya laillahaillelah. Yamahbut ya laillahaillelah. Ya maahujud. Takbir sapisan .0. Subkana Allah walkamdulilah. Wallaillaha illelah Allahu Akbar. Lakahaula walakuwatta. Laillabirabbil ngalaihil ngalim. Salawat ping 3. Allahumma Syalliwasalim ngalasayiddinna Mukhamaddisayiati.

  1. Bab bilih lajeng arsa asmara.

Allahumma jabaléha duryatan illa inkanta. Kondartali Allah [68] ruju. Dalikal sulbi adahra allahumma janipna séytana wajanibna sèltanu marajaknahu rabbi awuwubi kasanyah nuruni. Kang kakung uluk salam kang putri. Assalammu ya Patimah, kang putri mangsuli : wangalaéhum salam ya Rasullullah. Lailahailellah.

  1. Bab bili sampun tumanem ing asmara. Kawateka, bismillahhi ingsun waranané kang kawasa. Andadékaké ing saciptaningsun. Anekakaké karsaningsun seka ing kodratolah yahu A[69]llah yahu Allah yahu Allah sarwi ngaras galikun illa wajwah. Punika tanceping Nur Mukhamat. Lan ing gesang, kaprenah tengahing ngimba kaapit kiwa tengen.
  1. Bab bilih sampun angandheg titis sawulan ngagema isarat jimat rajah. Tungkatipun kangjeng Nabi Musa ngalaihissalam. Kaserat ing dalanjang pethak. Kabuntel mori sinungan tampar kagem sang sangan tumèmplèk ténggok jongga leres malakullayat punika keketeg billih siram sarta wonten parlu. Kénging dipu[70]n sèlèhaken amung sesampuning parlu sampun kasupèn kaagema malih dumugi babaring jabang bayi. Kang awit punika ambarkahi nulak sakathahing wisaya murih. Piala tumraping rare, wedada sulistyèng warni, lantiping panggrahita, prawira santosa …………RAJAH………………… Utawi panitiking sacumbana bilih arsa tumatèsing nutpah ingkang darbèni grengseng sengsem ingkang wanita. Badhé kedadosan weka priya bilih ingkang andarbèni grengseng sengsem ingkang kakung. Badhé angewontenaken sutapa[71]wèstri. Sabab pawèstri kanggénan roh rahmani kawasèng priya. Kang priya kanggènan roh jasmani, kawaséng kakung. Mila wonten babasan sajatining lanang lawan wadon karaosing swataga wiwit ngantos narik remreming swatyana tumètèsing nutpah katadhahan uritaning dyah. Kang amekar pindha puspita. Mancorong lir retna rentah tibèng telanakan, ngantos dumugi getering sekar kastuba. Saking karaos asrep ces narik getering malakulkayat. Ing jongga tenggok. geteripun ngantos satus dinten. [72] Kawiwahan cowong ngiluwa kanétra sumilaking wadana mekaring raga. Ananging sarira wau kang raos lesu saking kengkeng sadaya. Amargi rahsa kacitra kang murwèng gaib. Saranduning sarira mila kakung putri tuwuhing papénginan. Winastan idham-midham kaworan. Kasebut raos dayaning roh wau. Tamat. Wallahu Aklam.

Sampurnanipun anurat nurun pralampitèng wasita. Ing dinten malem Kemis Legi. Tanggal kaping 21, wulan Rabingulakir warsa Dal 1863 Wégé Punarya Hanggadiningrat

=== ѺѺѺ ===