Category Archives: SERAT PONCADRIYA

SERAT PONCADRIYA


SERAT PONCADRIYA

PUNIKA SERAT PONCADRIYA

Kekarangan sangking kitab pinangkané

Mawi sekar

¤¤¤¤

Kacapaken dhateng kantor pangecapanipun
Tuwan Ghé, Shé, Té, Pandhorép

Ing nagari Samarang,
Taun 1872

Kasalin saking aksara Jawa
Ing aksara latin dening :

Mas Kumitir

Sidoarjo, 20 April 2017

@@@

PUPUH I
H A R T A T I

  1. Jam sadasa énjing ari Kemis, legi Rajap tanggal ping nembelas, nuju mongsa kawoluné, warsa Daé puniku, sapta naga pandhita théng sipi, sengkala duk manurat, agyama anurun, mangun langening carita, kekarangngan sangking Jeng Iman Nawawi, kinarilan déning Hyang.
  2. Purwaning réh wasita ginupit, caritané Serat Poncadriya, sangking kitab pinangkané, lafalé kang rinacut, sinalinan ing basa Jawi, mangsudé lafal murat, dadya kang ing ngapus, sinawung kalawan tembang, witing raras sajagad samya amuji, ing kanugrahaning Hyang.

PUPUHM II
ASMARADANA

  1. Kang sedya leluri Nabi, ngawruhi sang liring ngalam, panjenengnganira kathong, kang kaumuk ing ngakasa, nagara Poncadriya, ajujuluk Raja Napsu, tuhu Rathu Binathara.
  2. Saluhuré kang pratiwi, sangandhapé ing ngakasa, tanana madha Sang Kathong, kasasra Nungsontara, sadaya kumawula, dhumateng sira Sang Prabu, Raja Napsu tanpa sama.
  3. Ingkang kinarya [4] Pepatih, ing nagari Poncadriya, Arya Budiyah julukké, jatiné sandi upaya, tanana kang uningnga, sekawan niyakanipun, sami prajurit sadaya.
  4. Ngabéhi LuamaH Sekti, salira banglir tembaga, pan ati kedadéhané, lair medal sangking netra, pan kelangngenanira, sasimpen rérasanipun, ing dalu pantaréng siyang.
  5. Lan niyakanipun malih, jujuluk Demang Amarah, lir minangsi sarirané, rémpelu kedadyanira, medal sangking talingngan, déné kelangngenanipun, ngadu adu kekeréngngan.
  6. Mematéni siyang ratri, sadina dina aduka, lawan malih niyakané, jujuluk Rongga Supiyah, jeni kang pasariran, kadadéhané pupusuh, lair medal saking grana.
  7. Siyang ratri pan kuwatir, maras gumeter tan pegat, nanging ta kathah artiné, lan malih niyakanira, kéwani namanira, sarirané ijo iku, sing limpa kadadyanira.
  8. Sangking dubur génya lair, déné kalangngenanira, anggung dhahar lawan saré, kanggep pangawulanira, mila nagara réja, inggih sangking mawénipun, kéwani dhaharané nendra.
  9. Yé[5]n tan dhahara sahari, dadya réngkaning nagara, grahana lindhu temahé, sesalat agring prahara, nagara Poncadriya, permila gemah kalangkung, kéwani tutugas karsa.
  10. Lurah Kajineman sekti, wus tatébedhah nagara, sumurup ing ngajur rajér, pun makruh ing ngaranira, kocapa Sri Naréndra, tinangkil wadya penuh, ing ngarsanira Sang Natha.
  11. Satriya Punggawa Mantri, lelurah manggung pepakkan, andhér sorré tarub gedhé, wus pinarak Sri Naréndra, sitinggil padmasana, pinatikking rétna murub, tinon lir giri kusuma.
  12. Ngandika Sri Narapathi, Bapa Patih kayangapa, ing kuna kelawan mangké, ing nagari Poncadriya, gemah ingkang nagari, Ki Patih nembah umatur, pukulun atur kawula.
  13. Yektos gemah ing mangkin, tinanthing ing kuna-kuna, tan kadi gemahé mangké, murah kang sarwa tunumbas, wong cilik kathah suka, metu kang sarwa tinandur, manggut mésem Sri Naréndra.
  14. Kawula ngaturi uning, dhateng paduka Bathara, kula miréng pawartosé, wonten Satriya utama, tuhu trahé kusuma, tanarsa nungkuling Pra[6]bu, Sanubari padhekahan.
  15. Lalima sami respati, akekasih Radén Iman, anoma ing kawayahané ba-, gusé tanana madha, éstri ingkang satunggal, warnané ayu pinunjul, akekasih Mutmainah.
  16. Kang jalu apekik pekik, Radén Tokit namanira, Radén Makripat wastané, kalawan Rahadén Islam, sami lit Hyang ngasmara, sarta wonten nembanipun, kekasih Nata Agama.
  17. Duk miyarsa Sri Bupati, ing ngaturê Patihira, yata ngandika Sang Kathong, dhateng lurah kajineman, Makruh sira sun duta, anggowaha layangngingsun, katampiya Radén Iman.
  18. Sinung tinampanan aglis, duta pamit awot sekar, sang Nata bibar ngedhaton, ginarêbeg ing wanodya, luwar wadya aséba, kawarnaha kang lumaku amu-,ndhi mundhi nawala.
  19. Datan kawarna ingmargi, ing Sanubari wus prapta, derojog duta lampahé, yata sigra jajar lenggah, kagét Radén Iman, praptané lurah Makruh, kepanggih sami nonoman.

PUPUH III
S  I  N  O  M

  1. Ngandika Rahadén Iman, ing pundi ngayun kawingking, pu[7]napa ingkang sinedya, lan sinten sinambat wangngi, kang tinakon nauri, aran kawula pun Makruh, titiyang Poncadriya, dinuta déra Nerpathi, amaringken layangngé Sri Naranatha.
  2. Dhumateng andika uga, sigra ing ngelungken nuli, tinampanan gya winaca, sinukma sajroning galih, tan katara ing lathi, winaca ing purwanipun, prapteng titi wekasan, aksara sampun atiti, pan mangkana ungelé jroning layang.
  3. Pénget layangé Sang Natha, Poncadriya Sri Bupathi, Raja Napsu dhumatengnga, Radén Iman Sanubari, mangkana lingnging tulis, yén tan sébaha sun gempur, sira Radén Iman, malékat amalik bumi, lah antinen sandhangngen gurdakaning wang.
  4. Kang layang sinebit sigra, pun Makruh medal tan pamit, datan kawarna ing marga, ing Poncadriya wus prapti, ngarsané Sri Bupathi, sapolahé sampun katur, Raja Napsu Bramatya, tebah jaja nétra andik, pan gumeter kumejut padoné lésan.
  5. Wedana Bang wingnga-wingnga, talingan kadya sinebit, ngandika Sri Naranatha, dhumawuh dhateng Ki Patih, éh undhangngana sami, sarupa[8]né wadyaningsun, sigra wusing ngundhangngan, sadaya sampun miranti, sasikepé ngayuda sampun sumekta.
  6. Lir péndah sasapu wedhi, wadya bala angajrihi, panganggo abang asinang, pan sampun misihur sami, wadya bala miharsi, yén Sang Natha arsa gempur, dhumateng Radén Iman, kang dhadhekah Sanubari, sigra budhal wadya bala tan pétungngan.
  7. Sang Natha nitih Dipongga, pan Ujub wastané ésthi, palana pinasang riya, angkusé cegah ngabekti, wus angembanan giri, busananira Sang Prabu, arasukkan sumengngah, akampuh langgeng tan muji, lancingngané kuma-kuma kang dén angsar.
  8. Amakutha karam mutlak, paningsetira jinail, adhuwung dhapur kiyanat, pan kemat ingkang jemparing, gendhéwanipun kidib, keparat wastané busur, kakenthengnya pitenah, giyuné ngumpeting janmi, wadya bala lir péndah sagara bena.
  9. Sami anitih turongga, sumekta sikeping jurit, wau ta Si Brubah Niyat, watangngé laku tan yekti, wegig linali-lali, gagodhég maha dalurung, sopalé anguwawa, tueongga pengkuh tan éling, ke[9]ndhaliné sampun taté pala cidra.
  10. Ganggong amrih ken duduka, apus cidraniréng jangji, apus gulu peksa iya, apus buntuté tan éling, kekapa manah serik, sungkanan pan rarabinipun, ébék alem maleman, kendhaliné peksa drengki, wus dén cangking cemethi susuring tingal.
  11. Neng ngakenati seksana, winarna ing Sanubari, akekasih Radén Iman, duk bakda salatnya rambi, cahyané anelahi, pan sampun miarsa tutur, ing mangké linurugan, pepekkan wong Sanubari, Radén Iman kang manah langkung sungkawa.
  12. Tumuli asalat khajat, pancering tingngal kang ening, sawusé salat nenedha, dhumateng Hyang Maha Suci, anjunjung asta kalih, Pangéran amba kang Ngagung, Tuwan kang luwih wikan, kang dadékakén ing sekalir, Tuwan uga atulungnga ing kawula.
  13. Panedhané tinarima, déning Hyang Kang Maha Suci, Rahadén Iman wus dandan, busana sikeping jurit, miwah Rahadén Tokit, Makripat sampun angrasuk, Radén Iman samekta, Nata Agama tan kari, samawana Sang Rêtnayu Mutmainah.
  14. Wong Sanubari pepekkan, tengngara dhikir pamuji, tengarané [10] maju ngrana, madhep ing kéblat kang baris, binudhalaken sami, tan tilar ing tartipipun, Radén Iman punika, lumaris miwiti muji, sarwi sira asikep watang tuwekal.
  15. Sampun anitih turongga, siniriggaken tumuli, awasta sabar derana, siriggé nebut mring Widi, rinakit kang kendhali, cipta rasa westanipun, gegiwang tingal tunggal, wus buntut percaya puji, sinutrénan puji datanpa pegatan.
  16. Songgo wedhi wani kalih, amben pikukuh ing dalil, apus guluné tan pegat, pan ébék saréhing ngati, nugraha rarabnéki, kadhal wangkong iklas iku, muncéné sukurring Allah, carangngan pasrah ing Widi, wus cinangking cemethi awasing tingngal.
  17. Pan emban nata agama, kang kinarya sénapati, sikep watangngé istigpar, siriggé dhikir tan lali, dhahu pupuji jati, wegiggé lampah rahayu, sinerêk tobatira, tindakké tasbéh lumaris, nguwuh lawan sesumbar maca istigfar.
  18. Rêtna Ayu Mutmainah, punika tan kena kari, dhasaré ayu utama, angrasuk busana adi, ngimbuhi ayu manis, cahya guwiwang sumunu, ara[11]sukkan saréngat, sinjangngé tarékhat jati, kekembené khakhékhat tepi makrifat.
  19. Sinampuran sahadat, asengkang brongta Hyang Widi, panunggul ngamal jariyah lampahé tinandhu yakin, Radén Iman neng ngarsi, para kadang anéng pungkur, datan kawarnéng marga, prapténg payudan abaris, Radén Iman tunggul payung angléla.
  20. Binabar bandéra kurmat, tunggulé nginggil pan tasdik, taklim tabuhanira, pan asri tanbéh ngerangngin, bandérané kumitir, kangnginan asi dinulu, anginé rahmatollah, wus ayun-nayunan sami, barising prang tinata tata tilawat.
  21. Busanané Radén Iman, rasukanira tubadil, kampuhé cinitréng ikhram, paningset mikraj Ing ngati, lancinganipun kadis, pan wiri babentingipun, dhuwungngé Amarollah, wrongka kayu mawdanahi, wus rinasuk makutha munajat Akah.
  22. Asikep panah sirrollah, gendhéwa sabiling ngati, busuré laku supangat, mujadah kakentheng néki, tandangngé ati éling, lembahé kang manah kulur, éndhong tan tilar kojah, kakéjék pitutur [12] jati, sigra mara sabar nebut nama Allah.
  23. Ngagem cakra rukyattollah, Raja Napsu aningali, ngandika ing wadyanira, Demang Amarah tinuding, sira mapagga jurit, kang kinon sigra umagut, Radén Iman tumingal, Nata Agama tinuding, sarêng mara tanana arsa mundura.

NCHA

  1. Cinarita wau Sang Patih Budiyah, sayekti lair batin, kelahiranira, milu ing Poncadriya, batin milu Sanubari, tengahing rana, milu ing Sanubari.
  2. Yata sampun sinalinan tatunggangngan, bleggedaba ngajrihi, wasta pun Kalimah, sikeping sinalinan, pedhangngé tuturing dalil, taméng tilawat, tandangngé ati éling.
  3. Raja Napsu kalintang bramantyanira, pegat lir bumi gonjing, kasekténé medal, buta lawan wenara, sangking nétra sangking kuping, wendran ayutan, tandangngé angajrihi.
  4. Wadya bala kathah kabur déné buta, wenara anauti, malih kawarnaha, wau Demantg Amarah, acampuh ruketing jurit, mungsuh kelawan, emban Nata Agami.
  5. Demang Amarah numbak barubah niyat, panggah Nata Agami, a[13]males pan éklas, puji jati kang tumbak, Amarah jajané kanin, terus walikat, Amarah dén gongsongngi.
  6. Radén Tokit pinedhang déning Luamah, pedhangngé srik kepati, yata tinamsiran, Radén Tokit apanggah, taméngngé cegahing Nabi, amales sira, Radén Tokit anitir.
  7. Dhuwungngipun pangéstu kasduning manah, Luamah lambung kanin, kiri terus kanan, wus mundur ginosongngan, lurah kajineman prapti, ayun nayunan, mungsuh lawan Sang Déwi.
  8. Mutmainah arsa cinekel kéwala, Sang Déwi anggati, sarwi nabet sira, sampuring mushadat, pun Makruh niba kuwalik, amales sigra, towokké angajrihi.
  9. Ageng wiyar towokké aran was uwas, rasukan Sang Dyah keni, saréngaté suka, Sang Déwi males lawan, pinjungngé tuturing kadis, pinabet sigra, Makruh pilingngan keni.
  10. Buntayangngan pun Makruh kajengkang jengkang, Raja Napsu marani, anitih dhipangga, liman pun ujub meta, dénira akupur kapir, sigra angada, Radén Iman ngingati.
  11. Yata ke[14]bat amales panah sirrollah, gendhéwanira sabil, busuré saréngat, gandhéwa wus pinenthang, lumepas kena kang ésthi, rubuh kang liman, Raja Napsu malesi.
  12. Menthang sigra pun kidip gandhéwanira, kiyanat kang jemparing, busuré keparat, jemparingngé lumepas, Radén Iman ambeneri, kudané kena, meksih éca sasirig.
  13. Radén Iman tan pisah lawan Makripat mungsuh lawan Kéwani, agebang ginebang, Kéwani katriwandhan, lumayu dipun gongsongngi, Sang Natha sira, yudané silih ukih.
  14. Reméning prang Sang Natha lan Radén Iman, sami sudiréng jurit, tanana kasoran, surak ambal ambalan, Rahadén Iman tumuli, angagem cakra, rahmattollah ngajrihi.
  15. Dyan lumepas kebaté cakra kumilat, Sang Natha ambeneri, kang makutha pecah, terus dhateng ing sirah, muncar rahira dres mijil, Sang Natha niba, kantak Sri Bupathi.
  16. Wadya bala Punggawa ing Poncadriya, rêbut arsa gongsongngi, dhateng Sri Naréndra, gumuruh awurahan, anglir rêbah ingkang langit, tunjung tinunjung, wadya kang ngungsi urip.
  17. Samya [15] nangis sambaté ngaru-ara, wadya bala kang mati, sarwi tumpangan, ludira ambelabar, lir pindah segara getih, Sang Natha sigra, binekta malbéng puri.
  18. Raja Napsu sadhatengngé Poncadriya, gumuruh ponang tangis, lir gabah nginteran, tanbuh ing polahira, wong sanubari nututi,ing Poncadriya, sinamber dhandhang putih.

PUPUH IV
DHANDHANGGULA

  1. Wusing ngalap kuthané Narpathi, Poncadriya kinukut jinarah, giniring raja kayané, Raja Napsu anungkul, atur pati kelawan urip, anenggih Radén Iman, kang jumeneng Ratu, Sanubari amakutha, Sri Naréndra juluk Raja Iman Suci, lir Ratu Waliyollah.
  2. Wus jumeneng Rathu Sanubari, Raja Iman tansah anéng pura, tan winarna ing tiyasé, anekakakén sampun, nyatakakén ingkang sajati, ing Sanubari pura, wangunira unggul, ginapura kutha rêtna, lapis sapta bata pan rinakit adi, tinon asri korinya.
  3. Lawan malih kalangenanéki, maliki mas binatur sosotya, nila widuri wastané, sinirab ing mas murub, akik mirah jumanten wi[16]wilis, pucukking ngaras sinungngan, mustaka jumerut, ingkang nétra munggéng toya, sinawuran sosotya lan mirah adi, kasturi gonda nganbar.
  4. Awibawa panjenengngan aji, Maha Raja Iman aparintah, kang kinarya pepatihé, Arya Budiyah wau, tinarima Sang Rêtna Déwi, Mutmainah kinarya, Patihé Sang Prabu, kang ngimpuni ing parintah, wus pinatah ing jawi Rahadén Tokit, kang nanggel kinarya.
  5. Kang kinarya pakartining jawi, ing wijeksan Rahadén Makripat, ngawruhi salah beneré, sakéhé kang doséku, angawruhi nata nagari, Rahadén Islam Punggawa Modinira Kukum, Pangulu nata agama, déné ingkang negara ing Sanubari, kerta gemah raharja.

Tamat Serat Poncadriya.
Walahu Aklam.