SERAT SULUK RASA SEJATI
PUPUH I
ASMARADHANA
- │ │[71]Lamun anêmbah amuji │ maring Allah sumêntana │ apan dudu sêsamané │ Allah ingkang amisésa │ ingkang murba mring sira │ dèn wêruh kawitanipun │ kang anêmbah kang sinêmbah││
- ││Lamun ngaturakên puji │ pujiné katur ing sapa │ yèn katura Pangérané │ apan nora warna rupa │ lamun nora katura │ tanpa gawé sêmbahipun │ angur aja amujia││
- ││Pujiné sapa duwèni │ pan puji pujiné Allah │ kawula nora dêduwé │ [72]lawasé nora kuwasa │ sulaya pakaryanya │ miwah badané sêkojur │ iya Allah ingkang murba││
- ││Pundi ingkang aran puji │ têgêsé puji punika │ kanugrahan sêjatiné │ kang tumiba mring kawula │ êndi aran nugraha │ iya urip têgêsipun │ pan urip uripé sapa││
- ││Lamun uripé Hyang Widi │ tan urip kêlawan nyawa │ têgêsé nyawa ta mangké │ kang tumiba mring kawula │ ingaran kanugrahan │ têgêsé nyawa puniku │ iya uripé manungsa││
- ││Ya êndi têgêsé urip │ wong anom padha wruhana │ dèn bêcik ing tarimané │ angèl jênêngé panrima │ têgêsé urip ika │ titipan ingkang têtêlu │ iman tokit lan makripat││
- ││Lamun ora anduwèni │ sisipé tigang prakara │ iman tokit makripaté │ ingaranan sato kéwan │ milané dèn waspada │ iman lawan tokitipun │ kêlawan jênêng makripat││
- ││Têgêsé iman lan tokit │ kang iman pangèstonira │ ngèsto[73]kakên Pangérané │ ajêjuluk ingkang Êsa │ datan wontên kang liya │ tan ana roro têtêlu │ nanging Allah Ingkang Tunggal││
- ││Pundi ingkang aran tokit │ apan sêjatiné tunggal │ palêburan ing roronê │ Gusti kêlawan kawula │ yèn tunggal kaya apa │ yèn béda ndi bédanipun │ apan nora pisah-pisah││
- ││Sêlamêt dènnya ngawruhi │ têgêsé tokit punika │ tunggal lawan kawulané │ apan kawula tan ana │ ya jênêngé kawula │ sêjati-jatiné suwung │ tanpa polah tanpa tingkah││
- ││Katuré sêmbah lan puji │ pan katur ing dhèwèkira │ dhèwèké Allah jatiné │ tan ana sêmbah sinêmbah │ êndi kang aran sêmbah │ aran Dat Wajibul Wujud │ sêjatiné ingkang ana││
- ││Iya kang nêmbah amuji │ kênyataaning Datullah │ pan dudu uniné dhéwé │ mantêp jênêngé panrima │ têgêsé kang panrima │ tanpa polah tanpa wujud │ lir sarah anèng lautan││
- ││[74] Jênêngé sêmbah lan puji │ pasrahé anèng panrima │ kauningan sêlawasé │ dhatêng Pangéran Kang Mulya │ alit dalasan tuwa │ dèn bêcik panrimanipun │ angèl jênêngé panrima││
- ││Padha rasakêna kaki │ sêjarahé ingkang nyêrat │ narimaa sêbarangé │ aja rumangsa yèn bisa │ tingalana badannya │ yèn wus awas tingalipun │ raosé apait kilang││
PUPUH II
DHANDHANGGULA
- ││[74]Angandika Nabi kang sinêlir │ angrasani jênêngé asalat │ arêp wêruh Pangérané │ lamun iku tan wêruh │ siya-siya dènnya nglakoni │ pratingkahé wong salat │ dèn wêruh satuhu │ wêruhé kadi punapa │ yèn wêruha samêloké dadi kapir │ tuduh yèn warna rupa││
- ││Lamun nora wêruh ing Hyang Widi │ yêkti wuta bênjang ing akérat │ arêp wêruh samêngkoné │ yogya sami gêguru │ ing pangawruh ingkang sêjati │ pratingkahé wong salat │ dèn wêruh satuhu │ jê[75]nêngé asalat tunggal │ tunggal wujud kawula kêlawan Gusti │ kang dadi wujud tunggal││
- ││Wêruhipun kawula lan Gusti │ jênêng niyat kang tigang prakara │ kasdu takrul lan takyiné │ wêruha bédanipun │ niyat iku sawiji-wiji │ kasdu ingkang panêdya │ niyat iku mêngku │ dudu basa lan surasa │ ingkang ngadêg arukuh sujud puniki │ ku dudu jênêng niyat││
- ││Ping kalihé takrul kang gumanti │ lungguhipun bédané rêkangat │ papat lawan têtigané │ ngasar tan kêna Subuh │ dipun awas sawiji-wiji │ jênêngé kang rêkangat │ tan kêna kalèru │ tanginé kang kaping tiga │ nyatakakên wêtu Subuh lawan Magrib │ lawan ngisané pisan││@@@
- ││Yèn nganggoa kasdu takrul takyin │ tan sampurna salaté wong ika │ yèn nora nganggo kêpriyé │ pan batal salatipun │ niyat iku jênêngé wajib │ tan kêna tininggala │ iya kang têtêlu │ yèn lamun mêksih nganggoa │ kasdu takrul kêla[76]wan jênêngé takyin │ salaté rung sampurna││
- ││Walêr sangkêr pocapan puniki │ kang satêngah pan nora anduga │ déné éwuh bêbasané │ gêguyu pêksa wêruh │ pangucapé mêgêlkên ati │ tan kêna dèn kalahna │ paduné wong bingung │ kudu ngajak kakêrêngan │ kang sawênèh ngaku bisa ngaji tapsir │ katungkul ngaji sastra││
- ││Atakona ingkang padha mukmin │ jênêng kawruh sêjatiné salat │ dèn wêruh pisah kumpulé │ pundi kang mukmin tuhu │ iya iku ingkang ngawruhi │ sêjatiné wong salat │ pisah tunggalipun │ dudu salaté kawula │ sêjatiné kanugrahaning Hyang Widi │ kang tumiba mring kwula││
- ││Ingkang tinggal salat apan wajib │ wus sampurna ingkang tinggal salat │ yogya apa kawêruhé │ lamun tan kaya iku │ siya-siya dènnya nglampahi │ angèl jênêngé salat │ mênawa kalèru │ dèn malih atinggal pisan │ bêbayani atinggal salat sejati │ pan wajib linakonana ││
- ││[77]Lamun tinggal salat apan kapir │ ora kêna mayité dinusan │ wong mati bangka kukumé │ kêlawan malihipun │ nora kêna tunggalan bukti │ ingkang tinggal asalat │ iku janjanipun │ lan malihé ora êsah │ anêmbêlèh rusak kêlimahé kalih │ yèn mocung tinggal salat│││
PUPUH III
P O C U N G
- ││Uwong kapir kang tinggal salat puniku │ tinggal sarwi angas │ amêmada mring wong mukmin │ apan sarwi ngisin-isin wong kang salat││
- ││Amrêsalat agêguyu Kanjêng Rasul │ dadi ratu duraka │ lir kapiré wong Yahudi │ pêsthi lêbur gêmpur anèng ing nêraka││
- ││Luhuripun kang tinggal salat puniku │ kupur kawruhira │ wajib tinggal salat kaki │ kadi pundi kang dadi margané tinggal││
- ││Lair batin tan nana liyan kang kétung │ kabèh pakartinya │ apan nora anduwèni │ anging Allah polahé ingkang [78]asalat││
- ││Ilang jênêng kawula pan sira lêbur │ ana ananira │ kang gêntèn maring Hyang Widi │ kwula iku jênêngé napi sêdaya││
- ││Lir carêmé punika pralambangipun │ lir lintang krainan │ kasênênaning Hyang Rawi │ lintang ilang kasorotan déning surya││
- ││Wong kang salat atinggal ingkang têtêlu │ kasdu takrul ika │ kêlawan jênêngé takyin │ iya iku kang jênêng salat sampurna││
- ││Kawruhana ing budi lan ati iku │ ati marêngêna │ kasdu takrul lawan takyin │ parêngêna wiwitané lapal Allah││
- ││Aksara tha parêngana salat iku │ wiwitan wêkasan │ alip kabèh kang kakiki │ êlam awal lam akir parêngé niyat││
- ││Apan niyat tibané êhu sawujud │ Allah jênêng êdat │ tibané niyat sayêkti │ lapal akbar jênêngé niyat sampurna││
- ││Jênêng niyat palêburan kalih iku │ Gusti lan kawula │ têgêsé [79]kawula Gusti │ apan dèrèng utami yèn dèrèng wruha││
- ││Dipun tuhu pagurokna ingkang tuhu │ éwuh jênêng gêsang │ lamun nora wruh ing urip │ yèn tan wêruh pêsthi sirna mati bangka││@@@
- ││Pangawruhé kawula lan Gusti iku │ parêng lé sêmbahyang │ lamun tan tunggala abdi │ datan ana ngarani nêmbah Hyang Sukma││
- ││Datan ana liyané kawulanipun │ nyata ing Pangéran │ kang anêmbah kang amuji │ pan kawula ingkang kinarya lantaran││
- ││Pan kawula ênggoné nyata sawujud │ kahananing sukma │ datan ana malih malih │ kêkasihé Hyang Agung amung manungsa││
- ││Nora nana mung manungsa ingkang putus │ êndi ran manungsa │ ingkang têrus lair batin │ kang narima sakarsané ing Hyang Sukma││
- ││Nora duwé kawula solah lan wujud │ mung Allah kang polah │ ingkang angsung marga lungid │ pan kawula nora nana liyan liyan││
- ││Liyan jênêng Pangéran Kang Ma[80]ha Luhur │ yèn nrima ing titah │ kanugrahané Hyang Widi │ mung manungsa sinomé rasané sukma││
PUPUH IV
S I N O M
- ││Wadiné jênêngé salat │ lêlima nênggih winarni │ kang dhingin salat Jumungah │ kang kawêtu sangking lathi │ pakumpulané janmi │ salat Jumungah ranipun │ singa dèn ucapêna │ kang kêlair sangking lathi │ pakumpulané janmi │ salat Jumungah ranipun │ singa dèn ucapêna │ kang kêlair sangking lathi │ iya iku lakuné salat Jumungah││
- ││Pan singa dèn ucapêna │ nadyan lair lawan batin │ aja tinggal lan panutan │ Kanjêng Nabi kang Sinêlir │ kêkasihé Hyang Widi │ pan iku lêlakonipun │ yogya sami wruhana │ bangsa lair bangsa batin │ iya iku kang aran salat Jumungah││
- ││Ping kalihé salat Wustha │ angêningakên kang ati │ têgêsé kang nora pêgat │ satingalira kang ati │ sapatêmoning Hyang Widi │ kados pundi ta trapipun │ kêlamun atêmua │ apan nora warna rupi │ têgêsira sapatêmon lan Pangêran││
- ││[81]Aja angroro ing tingal │ kawula jênêng napi │ pan nora nana kawula │ amung anané Hyang Widi │ ingkang olah pribadi │ jênêngé kawula suwung │ wus kagêntèn ing sukma │ wêruhé maring Hyang Widi │ polah tingkah tingkahé Allah kang murba││
- ││Salat Kaji kaping tiga │ tan nana tingal kêkalih │ roh jasad pan kawicara │ jasad tan roh kadi pundi │ apan dadi kagênti │ dhumatêng Hyang Maha Luhur │ pan sejatiné tunggal │ tunggalé kadi punapi │ iya jasad iya êroh iya Allah││
- ││Iku pan dudu rêrasan │ pan éwuh dènnya ngawruhi │ bênêr luput winicara │ luputé pan kadi pundi │ luput kang dèrèng dugi │ bênêré kang sampun wêruh │ yogya padha wruhana │ pan iku jênêngé ngèlmi │ kawruhana salat Kaji aranira││
- ││Walêr sangkêr kang satêngah │ yèn lamun arêbut ngèlmi │ nora nêdya ngupakatan │ sêtêngah pating barêkis │ olèh[82]é rêbut ngèlmi │ tan gêlêm kasoran kawruh │ ngêgungkên yèn ngulama │ lamun asor pêsthi isin │ kaluputan kawruhé apan dadi sasar││
- ││Dadiné wong kuma bisa │ ing rasa bisa pribadi │ nora ngrasa yèn kapurba │ ujaré ngèlmu sêjati │ yogya sami ngawruhi │ pan akèh ujaré ngèlmu │ dadiné wong punika │ wêruhé ngèlmu sêjati │ andhap asor aywa sira ngrasa bisa││
- ││Salat Daim kang kaping pat │ têgêsé sira ngawruhi │ nyatané maring Pangéran │ nora lali sangking ati │ awasé aningali │ marang Pangéran Kang Agung │ jênêngé kang makripat │ tan ana Pangéran kalih │ kang kasêbut ing ati Allah kang tunggal││@@@
- ││Aja ing roro ing tingal │ ing awal kêlawan akir │ awalé kang dèrèng ana │ jênêngé akir kang kèri │ kang akir jênêngé jisim │ kang awal jênêngé rohipun │ pan dadi kênyata[83]an │ minangka paèsan jati │ iya iku kang minangka katunggalan││
- ││Têgêsé kang kaping lima │ kanugrahan kang sêjati │ salat Èsmu Ngalim ika │ jênêng roh lawan jisim │ yogya samya ngawruhi │ têgêsé maring Hyang Agung │ namané Allah kang pêgat │ olihé Allah ningali │ apan jagad ingkang dadya kênyataan││
- ││Tan pêgat ing tingalira │ dadiné kang bumi langit │ iya iku kênyataan │ kang dadi ayat sayêkti │ kukuh jênêngé ngèlmi │ tan ana roro têtêlu │ jênêng ing kênyatahan │ wajah jati ingkang suci │ iya êroh manisé kang jênêng wajah││
PUPUH V
DHANDHANGGULA
- ││[83]Angandika nabi kang sinêlir │ ingkang suci jênêngé saréngat │ tarékat lan kakékat │ miwah makripatipun │ apan tunggal dadi sawiji │ kêlamun yèn pisaha │ batal la[84]mpahipun │ saréngat nora tarékat │ apan batal saréngaté nora dadi │ lamun nora tarékat││
- ││Kang tarékat iya nora dadi │ lamun nora kêlawan kakékat │ apan batal ing karoné │ kang kakékat winuwus │ apan batal dènnya ngawruhi │ yèn tan nganggo makripat │ batal kawruhipun │ yogya sami ngawruhana │ sakathahé ingkang amiyarsa sami │ aja sira pêpéka││@
- ││Aja sira tungkul bisa ngaji │ kang satêngah dèn gawé kabisan │ amrih kuncara ngèlmuné │ sêjatiné durung wruh │ kang satêngah dèn gawé pokil │ agung wayang wuyungan │ pijêr ajêjaluk │ ngèlmuné dèn gawé bandha │ agung gawé asaba omah priyayi │ mila ku winéwèhan││
- ││Apan cêgah jênêngé kang ngèlmi │ yèna saba omahé nangkoda │ miwah mantri apa déné │ i[85]ya ujaré ngèlmu │ nora wênang saba wong sugih │ asor jênêng ulama │ ujaré pitutur │ ngulama kang sampun wignya │ apan adoh wong sugih dipun lumuhi │ tan arsa kalèpètan││
- ││Iya wênang sobèng wis mèng pyayi │ miwah saba omahé nangkoda │ lamun bêcik pituturé │ lamun datan kadyèku │ tanpa gawê dènira ngaji │ ngèlmu digawé bandha │ têmah sasar susur │ wêkasan agawé sasar │ ing wong bodho béda wong kang sampun luwih │ datan ngrasa yèn bisa││
- ││Yèna ngrasani sané pribadi │ kadari tah ngèlmuné pandhita │ angrasani sané dhéwé │ apan ujaré ngèlmu │ nora nana ingkang duwèni │ nanging Allah kang tunggal │ tan roro têtêlu │ ingkang murba amisésa │ mring ngulama kinarya lantaran ngèlmi │ kang kinarya tunggalan││
- ││Tunggal wujud tunggal dadi siji │ yèn atunggal dadi wujud tunggal │ kadi [86]pundi pêngarahé │ yèn datan wêruh kupur │ ngangka angka dèn sidhêp tunggil │ saya wuwuh kêsasar │ saujaré nglèmu │ Gusti tan dadi kawula │ pan kawula iya ora dadi Gusti │ tan kumpul datan pisah││
- ││Lamun béda mangké kadi pundi │ lamun tunggal lah kadi punapa │ rêp wêruh pisah kumpulé │ lamun nora kayèku │ angawruhi jênêngé ngèlmi │ hya ngakèhkên rêrasan │ tan ana kang mangsud │ ngèlmuné dèn gawé bandha │ bêbayané ngèlmuné dèn gawé pokil │ lan ginawé sugihan││
- ││Kang tumêka ngèlmu kang sêjati │ apitutur lumuh winèwèhan │ amrih jêjêg agamané │ amuruk wong bêlilu │ amrih bisa dhumatêng ngèlmi │ mariné yèn wus bisa │ olihé pitutur │ tuduhé kang sampun wikan │ pan ngulama kinarya lantaran ngèlmi │ ngulama kang tan bisa││
- ││Yèna ngaji aja sak lan sêrik │ yèna muruk mring para sêkabat │ [87]amrih lunturé asihé │ pan ngulama kang tuhu │ amêmulé mring para santri │ walêr ingkang satêngah │ lamun amêmuruk │ gawé angas mring sêkabat │ datana mrih linulutan dhatêng santri │ angêgungkên yèn bisa││
- ││Yêkti bakal jênêngé kang nglèmi │ pêksa bisa kudu sumêntana │ tur dudu uniné dhéwé │ uniné Pangéran Gung │ ujub riya sumingah kibir │ riya-riyané Allah │ kawula pan suwung │ lan kibir kibiré sapa │ lawan sumbar iya sumbaré Hyang Widi │ pangucapé mring kwula││
- ││Lamun arêp sampurna ing kibir │ lakonana jênêngé kawula │ kaya paran pratingkahé │ jênêngé kawulèku │ upamané lir sarah kèli │ katut obahé tirta │ saparané alun │ iya iku kawruhana │ saparané tan bisa polah pribadi │ iku jênêng kawula││
- ││Pan jênêngé kawula puniki │ tunggal wujud kêlawan Pangéran │ [88]palêburan ing roroné │ lakola wala katu │ apan ilang jênêngé Gusti │ apan sampun têtèla │ jênêng manungsa ku │ pandènakên katunggalan │ pan wus sirna tan wonten wujud kêkalih │ dat sipat iku tunggal││
- ││Lan angapêngal iya tan kêkalih │ pan wus nyata wau ing manungsa │ punika êndi wujudé │ têgêsé manungsèku │ ingaranan manungsa jati │ yaiku Rasulullah │ panutup satuhu │ sêjagad bumi akasa │ samya anut ing kajêng Nabi sinêlir │ samya nut gama Islam││
- ││Kawruhan jênêngé wong urip │ wajib anut ing Nabi Muhammad │ dadi urip sêlawasé │ tan béda uripipun │ lamun sira anut sayêkti │ lakuné Rasulullah │ jênêngé lumaku │ saréngat lawan tarékat │ lan kakékat makripat ngawruhi dhiri │ pakaryanya mring Muhammad││
- ││Êndi ingkang aran sréngat jati │ lan tarékat [89]kakékat punika │ kêlawan ing makripaté │ nêng êndi lungguhipun │ pan saréngat badalé ati │ klawan ingkang kakékat │ êndi lungguhipun │ lungguhé ing sipat kayat │ mukayaté punika jênêngé urip │ roh iku Rasulullah││
- ││Têgêsira makripat ngawruhi │ lungguhipun jênêngé makripat │ iya iku ing rasané │ kêkasihé rasul ku │ sampun têmu dènnya ngawruhi │ pan sami gêgurua │ aja sakaliru │ ingaranan badan ika │ pikukuhé badan dènnya ngawruhi │ lailahaillallah││
- ││Iya iku sahadat sêjati │ ingaranan kalimah kang tunggal │ dèn wêruh siji-sijiné │ têgêsé ati lulut │ wus sampurna jênêngé ati │ diati kang sampurna │ iya ingkang anut │ anêbut ilallah ika │ pikukuhé ing ati tan kêna gingsir │ pangucapé ilallah││
- ││Apan iku jênêngira urip │ pikukuhé [90]yaiku Pangéran │ êdat urip sêlawasé │ yèku pikukuhipun │ jênêngé roh tan kêna gingsir │ yogya sami ngèstokna │ anêdyaa tulus │ êndi pikukuhé rasa │ ya Muhammad kahanané kang kêkalih │ jêjuluk Rasulullah││
- ││Mila ana kalimah kêkalih │ jênêngé Kanjêng Nabi Muhammad │ anyatakakên sipaté │ lamun tan kaya iku │ nora kaya jênêngé Gusti │ kang muji kang anêmbah │ maring Gusténipun │ yogya sami mancènana │ ing pangawruh wêruha yèn bênêr sisip │ sinomé kitab baka││
@@@