Category Archives: SERAT TAJUSALATIN

SERAT TAJUSALATIN Bag. III


SERAT TAJUSALATIN Bag. III

Pupuh XV

  1. Tegessé iku apa tih, ratu nedya kabecikkan ginnantungngan ganjaranné, lagi ing dunya kéwala, semonno parmanning Hyang, méndah-méndah bésuk embuh, bacik padha amikirra.
  2. Nedya apanggawé becik Kyana Patih matur nembah, witné Gusti Papatihé, Maha Prabu Bahrun Kasan langkung saking prasetya, Patih sabitah rannipun setyéng Gusti prawiréng prang.
  3. Sang Prabu Bahrun Kasanni, laminné datan puputra, malah kasép ing pangantén ing wayah pan sampun tiga, tetep boten puputra, ing lahir samana sampun pratéla gabug ing terka.
  4. Wonten garwanné satunggil sinnarénnan mung sapisan nanging ta garwa pangrembé, punnika lajeng awawrat katur marang Sang Natha, pinnai[186]don mring Sang Prabu, pan ingsun nora puputra.
  5. Iya ingsun  anyarénni, marang ing sira sapisan nanging dadinné mangkénné, pan ingsun  uwis pratéla, nora metonni ing wang, iku dudu antuk ingsun baya ta gonnira jinna.
  6. Annimballi Kyana Patih, garwa kang bobot punnika, kinén bekta mring wismanné, nuli kinnén mejahana, mungéng ing kapatiyan dosanné anjinna iku, sanget dukanné Sang Natha.
  7. Garwa wus binekta mijil sapraptanning kapatiyan sinung kekiwa prennahé, Ki Patih anggung tatanya, yektinné kang wawrattan garwa dalem sahurripun pan ingsun ora angrasa.
  8. Liya saking Sri Bupathi, réwang ingsun sacumbana, durung dulu wong wawennéh. Pinnindi kongsi ping tiga, malah kaping sadasa, sanadyan prapta ing lampus nora sédhéng urip pejah.
  9. Émeng tyassira apatih, mokal yén kakilappan, dénné Sang Prabu kinnaot éwa mangkana mannawa, Sang Prabu kennéng coba, sapisan wataranningsun sayogya ngong sabarrênna.
  10. Lawan kapindhonné iki, ing patinné durung esah, dénné ana wetengnganné, mannawa sun dinnanguwa, sun ningerranné basa, nora dosa mrih rahayu, wennangnging dora sembada.
  11. Yén iku kongsiya mati, kale durung kabennerran ingukum tibéng patinné, Sang Natha misih manungsa, sayekti sipat ngaral dadya punnika kinurung, a[187]pan ora  pinnejahan.
  12. Kyana Patih wus salami, darbé cethi dosa pejah, nulya pinnejahan nagé, kang katur marang Naréndra, céthi kinarya semang, Kyana Patih Nulya gupuh, kalannangnganné tinnigas,
  13. Pinundhes tannana kéri, mung kéri konthol kéwala, dadiya éwuh patutté, mémper wong wadon pan ora, kantaka Kyana Patya, wus sami waluyannipun dénnya sakit pipingittan,
  14. Mangakaha lami-lami, Kyana Patih pinnariksa, mung sakit letet aturré, wau garwanné Sang Natha, wawrattanné wus mongsa, babar putra miyos jalu, apekik kadya Sang Natha.
  15. Pupukirranné angalih, annyithak marang kang putra, akalis doh laranné, ing lama-lama diwasa, apan suka Ki Patya, saya katon warnannipun angebleggi Sri Naréndra.
  16. Lir dinussing bannyu gelis sampun  sinnaossan emban kalih welas ing cacahé, kabéh manungsa pipiliyan karsanné Kiya Patya, ing bénjing yén madeg Prabu, dadiya prabu utama.
  17. Dénné emban kang rumiyin amuruk ing ngélmu tékad wong urip mati  wekassé, apan ginantungngan pejah, ngélmu ingkang prannyata, kang patitis parannipun dunungnging pati punnika.
  18. Marma ginnawé rumiyin sabab wong bakal utama, annyinggahi piawon emban ping kalih punnika, amuruk tatakrama, saré[188]ngat ing tegessipun titi trapsilanning gesang.
  19. Solahé lumaku linggih, angucap kang tibéng mongsa, ngedohkenna kanisthanné, marêkkenna kang ngutama, sarta kalawan tepa, ondhé-ondhé misilliku, dénné emban kaping tiga.
  20. Amurukking ngélmu sekti, keras aberring turongga, rinnéh tan éwuh sanderré, tarampilling wong memadhang, kalawan amamannah, sagung gagaman prang pupuh, sawiji tannana kéwran,
  21. Kang bisa amedhang gusi, medhang untu medhang ilat lambénné nora karémpét kang bisa amannah ika, manuk miber kang liwat sagungnging tingkah pinunjul iku angon-nanggon raja.
  22. Emban kaping pat punniki, muruk anglangi ing toya, bangawan myang samodranné, wruh jaba jronning kang toya, isén-nisén samodra, mannawa n a prangnging laut aywa kongsi dangu bala.
  23. Pasang surudding ngudadi, myang rumpil lawan kawalan dhangngan dénné emban kaping limanné, amuruk ing ngélmu palak tegessé ngélmu palak wruh patutting langittiku, lan patutting bumi ika.
  24. Péncol kepunning kang langngit punniku kang kinnawruhan apan lonjong kadi endhog myang ngisinné kinnawruhan miwah lampahing wulan lan lakunning surya iku, kagebag ing ngélmu palak,
  25. Sendhet rêncang dén kawruhi, lampahing songka baskara, tuwin mawi grahannanné, isinning [189] langit sadaya, miwah bumi isinnya, kéh udan lan kirangngipun karana mongnging sajagad,
  26. Emban kaping nem punniki, amuruk ing ngélmu ditya, ing ngaprang sugih gelarré, miwah lirring kamandaka, trap pantes ana ora, yénna prang kapir kang mungsuh, kalakuhan kamandaka.
  27. Yén kapirré wangtan kenni, yén alaku kamandaka, dénné emban ping pitunné, muruk iladunni badan karana jronning ngaprang, pannora  kenna dén lambung, myang ginnitik saking wuntat,
  28. Emban kaping wolu nenggih, amuruk wetunning ngarta, kang nora rêkasa saréh, dudu arta saking bala, saking nagara liya, dénné emban ping sapuluh, muruk piyapat pirasat,
  29. Yén ratu akarya mantri, sayekti ngélmu pirasat nora ginggang saking konno, dénné emban ping sawelas mruhken bangsanning setya, supaya aywa kaliru, dénné emban kaping rolas,
  30. Iku kang amuruk ngadil tetep sabarang karyan kang adoh maring nisthanné, kunneng wau Kiya Patya, dénnya mong raja putra, wusnya geng kalawun-lawun pekik sangsaya kawang-wang.
  31. Wus winulang ngélmu titi, prawiranné madeg raja, sadaya sampun  ingisén wau Kangjeng Sri Naréndra, gerah tyas wirandhungngan angekes munggeng kadhatun datan kenni sinniwaka.
  32. Kyana Patih manjing puri, tinimballan prapténg ngarsa, Maha Prabu ngandika [190] lon marmanné ingsun sungkawa, iya dénné wis tuwa, ora duwé putra jalu, kaya paran solah ing wang.
  33. Sapa yogya gumatya Ji, iku susahé tyassing wang, Kyana Patih lon aturré, punnika inggih  sawala, yénning menggah kawula, kalamun paduka tuhu, susah dénning tan puputra.
  34. Suwawi kula turri, manjingnging sawiji prennah, kang tebih saking wong ngakéh, kawula matur ing ngrika, sigra wau Naréndra, tedhak Kyana Patih tumut marang gedhong pasamunnan,
  35. Sapraptannira kakalih, Kiya Patih sigra wuda, kinnatonnaken uratté, munggéng ngarsanning Sang Natha, Sang Natha langkung jola, pagénné Si Patih iku, angajak ngiwa wuwuda.
  36. Anjenger Sri Narapathi, mulat Ki Patih tannana, gatranning kalannangnganné, angunandikéng wardaya, Sang Prabu lon ngandika, tingkah kang mengkonno iku, Patih paran karsannira.
  37. Kyana Patih matur aris purwa myang madya wusana, Kiya Patih satingkahé, mangkana wusnya miyarsa, Jeng Sultan Bahrun Kasan Ki Patih rinnangkul gapyuk asru dénnira ngandika.
  38. Kaliwat tarima mami, mengkonno prasetyannira, mengko sapira wayahé, anakkira kaki putra, Kyana Patih turrira, sampun gangsal welas taun wignya salir pangawikan, inggih kawula saossi, emban jangkep kalih welas ingkang juru pamulangngé, sang Na[191]tha alon ngandika, kaliwat sukurring Hyang sira sunnaku sadulur, ing dunnya prapténg ngantaka.
  39. Kanugrahanning Hyang Widdhi, duwé Patih Kaya sira, tur mashur pammariksanné, arjanning praja kalawan  luhur karatonning wang, iku pratingkahiréku, sarta wahyunning Pangéran.
  40. Éh Patih paréntah mami, rahséki aywa kawedhar, misih apingittan baé, dénné iku kaki putra, ngulpulna rare sira, ingkang padha wayahipun iya teka kawan dasa.
  41. Warnanné kang pekik pekik padhannén sabusannya, lan pulasarannev kabéh, tunggallenna kaki putra, bésuk sawijinné dinna, ingsun ameng-ngameng metu, kaki putra saossenna.
  42. Sarta rare kawan dési, Kyana Patih nembah medal sapraptaniréng dalemmé, antu rare kawan dasa, busana sinnasama, samya sami wayahipun myang pekik-pekik sadaya.
  43. Kunneng wus samekténg Patih, ing dalem sawiji dinna, yata wuwusen Sang Kathong, angundhangngi bala kuswa, mijil Sri Maharaja, ameng ngameng lan wadya gung, marang sajawinning kitha.
  44. Annyebar dunnya Narpathi, ya udhikkan dinnar, pinadha tiduk wedallé, miwah wastra pira-pira, dinnar gili sinnarad anutuk suka Sang Prabu, mangkana Rêkyana Patya.
  45. Marêkking Sri Narapathi, ngirid rare kawan dasa, prapta ing ngarsa Sang Kathong, putra malajeng anembah, angaras padéng rama, cinandha[192]k sigra rinnangkul mastaka kinuswa-kuswa.
  46. Sukéng tyang marwata siwi, Sang Natha  mulatting putra, sigra kondur angadhaton kéndel munggéng pannangkillan pra niyaka ngandikan miwah Kayai Pangulu, Ki Mubakda Ki Mubakdan,
  47. Ngandika Sri Narapathi, kang pangulu éstrén nana, miwah pra niyaka kabéh, lamun iku putranning wang, sun adeggaken raja, ingsun adhongkol dhudhukuh, amomong ing putranning wang.
  48. Anjaganni suker batin andodonga ing Hyang Suksma, karahayonning jennengngé, mugita mangkya mulyaha, wus samya ingéstrénnan bisikkannira Sang Prabu, Maha Prabu Jénnal Ngalam,
  49. Sang Prabu Bahrun Kasanni, dhudhukuh jawinning kitha, pan wus tilar karatonné, anutuggaken ibadah, wus dadi pinnanditha, sidik panningngallé terus nadyan kathaha pandhitha.
  50. Mongsa nimbangngana yekti, kadya Sultan Barun Kasan kinnasihanning Hyang Manon pan sampun angraga suksma, lulungsuran Naréndra, saking Bumintara kasub paguronning para raja.
  51. Putranné kang gumantya Ji, pan Rêkyana Patih lama, kang maksih kinnén amomong, ratunné wus ingaturran marêk marang kang rama, pan sarwi nunuwun wuruk dhateng Sang Pandhitha rama.
  52. Dénnira akarya mantri, kang rama alon ngandika, éh putranningsun Sang Kathong, sarat tingkah kang wus kocap wong karya mantri nyawa, [193] pitulikur prakaréku arêp tetep lampahenna.
  53. Dénné tingkah kang rumiyin mantri iku arêppan, kang luwih ing ngibadatté, lawan ingkang pinnaréhtah, pan mantri wong utama, yén kariya parêkkipun iya kang mungguh ing Suksma.
  54. Apan kang mungguh Narpathi, yén lawan kang pinnaréntah, yékti aparêk mantrinné, mengkonno mungguh maring Hyang, iya aywa kasorran sabarang pakaryannipun arêppana luwihira.
  55. Dénné ingkang kaping kalih, arêppan mantri iya, muji sukurring nimatté, saking ratunné punnika, mongka jalarranning Hyang, yén ana malarattipun myang coba bilainnira.
  56. Dén karasa lamun sisip kang terussingtekdirrolah, sarat kaping tiganné, mantri iku arêppan, amikir kaluhuran karatonné ratunnipun lawan karêksanning bala.
  57. Undhakké dunnya Narpathi, aja lawan siya-siya, dén dadi kalawan saréh, iku kang ginnawé ngreksa, pikukuhing nagara, ingonné prajurit agung, aywa kongsi kukurangngan,
  58. Sarat kaping pat anunggil para mantri nekakenna, isinning gedhong Sang Kathong, dén patitis amrih nalar, mongka wedalling arta, sarat kaping gangsallipun mantri arsa ngulattana.
  59. Barang dandannan kang dadi, ingisékken  jronning pura, ingkang adoh pinnangkanné, lirring dandannaning kuda, liman miwah sanjata, miwah dhaharran pu[194]nniku, kang annéh ana ing jaba.
  60. Lan sarat kaping nem mantri, arêp kang sarwa élingngan darapon aja tumpangso, barang karyanning Naréndra, dén wruh ing kukum  ngadat lan kukum saréngattipun iku purwéng kabecikkan,
  61. Sarat kaping pitu mantri, tatkala ningalli iya, ratunné owah karsanné annerekka kukum sarak dén énggal aturrana, kakembang rêngka prajéku, para mantri géndhollana.
  62. Lawan luhurrana pikir, aywa miris bok dinukan iku mantri nistha baé, wedi mati wedi lara, dudu mantri utama, mantri kang angéman ratu, wanni géndholli prakara.
  63. Umatur atalang pati, aywa kongsi tibéng nistha, iya gusthi pratingkahé, yén nistha kakembang rusak sinnandhang wong sajagad kocap mamannissing ngélmu, lan sasepuhing ngagama.
  64. Sarat kaping wolu mantri, aywa tungkul annungkulna, kaprayitnan mring ratunné, aywa na ngugung kéwala, annélakaken gagah, prakosanné ratunnipun iku tondha karusakkan,
  65. Sarat kaping sanga mantri, arêp amikir dén prpata, undhakking arta balanné, miwah pakanning sanjata, becikké kang gegaman myang praptanning turongga gung, kabéh busannaning aprang.
  66. Karana prajéng  Narpathi, enggonné bilahi pitnah, kang tan karuwan sangkanné, praja gagedhénning bala, mantri pakaryannira, pamicara aywa tungkul mring arta be[195]cikki bala.
  67. Karan nengnging artéki, sandyan iya praptaha, sakethi ing sadinnanné kéwala, nora agawé bala, tan wurung tiwan prajéku, lamun wus anandhang tiwas.
  68. Tinebusna artanéki, dén wuwuh tikel sayuta, nora bisa mulihaké, kasusakkanning nagara, kasép sabarang karya, tinugurran sétanniku, ingkang ngajak-ajak rusak,
  69. Wus sah kang para musanni[ yén nana keketting ngarta, sétan kang duwé panggawé, adoh saking malaékat dénné panggawé loma, marêk maring ing Hyang ngagung, arta kang dadi dandannan,
  70. Yén nora ngéman artéki, apan dadi siya-siya, barana datanpa gawé, pan wus kocap jronning kitab ratu maéka bala, utama ingkang angélmu, bérbudi alul micara.
  71. Wong jail aja kinnathik pan niku bangsanning sétan tegessé kurang  ngélmunné, wong pekik-pekik dén kathah, sarta lobannen arta pan wus ana batannipun para ratu ahlul kikmat,
  72. Lamaliku birrajili, walarijalun punnika, lapal mengkonno tegessé, nora ana  ratu uga, anging kalawan iya, lalannangnging nagaréku, lawan ta malih kang lapal,
  73. Larijalul pil baladi, illabil mali punnika, tegessé salapal mengkonno, tan nana lalannang praja, anging kalawan arta, mongka ta wajibbing ratu, miwah la[196]n nayakannira.
  74. Wajib amicara ugi, ing prajurit lawan arta, pikukuhing sayektinné, arta nguwattaken ning prang, sarat kaping sadasa, mantri wajib karya iku, juru wong ngangnglang nagara.
  75. Wruha pakéwuh ing marga, ing praja martanning baya, miwah yén mungsuh dhatengngi, dénné sarat ping sawelas mantri dipun rumeksa, wong miskin jro nagaréku, mannawi kinnanniaya.
  76. Iya marang wong ngasugih, miwah wong ngasor punnika, bok kinnanniaya dénné, wong kang luhur-luhurrika, mantri arêp prayitna, darapon Hyang Maha Luhur, angreksaha ratunnira.
  77. Yén tannangrukténni mantri, wong langip sajronning kitha, milu amrih karasanné, aywa tiggal wismannira, myang ngalih nagri liya, tiwassing ratu punniku, agawé mantru urakkan,
  78. Kang wus kocap jronning kadis agawéya kabecikkan ing wong kang ngasor kulanné, dadi Hyang Suksma rumeksa, maring panganniaya, kang luhur saking siréku, winnales pan tikel sira.
  79. Sarat kaping rolas mantri, barang nindakkaken karya, dén sarta lawan ngélmunné, sarat kaping tiga welas mantri punniku yogya, wruha wiwittanning laku, kalawan ingkang wekasan,
  80. Sarat ping pat belas mantri, arêp abawa leksana, anjorring barang karyanné, sarat kang kaping limalas mantri punniku arsa, nedya kaprawirannipun pasaja sabarang karya.
  81. Ing [197] pikir aja annyingngid wong bakicik iku sétan sarat kaping nem belassé mantri arêp ambobotta, sagung abdinning raja, bekti lahir batinnipun ingkang pantes kinnanthiya.

Pupuh XVI
KINANTHI

  1. Dénné sarat kapingngipun pitulas lakunning mantri, yénnana wong sapocappan durung tutug dén sambungngi, annalabung sarawungngan nuli élingna dénnaglis,
  2. Kabutuh kapatuh rusuh, néng paséban jejemberri, karya nisthanning nagara, lamun nora kenna mari, sayogya bilaén nana, yén cinnegah nora mari.
  3. Jro kitab adabul muluk wong saru srawungngan angling, iku sajus lawan iya, wong ngilang-ngilang prakawis wennang uga sinniasat darapon kenna amari.
  4. Kalawan sarowangngipun ajana  tiru sawiji, dénné sarat ping walulas arsana lakunning mantri, pépéka barang pakarya, mungguh pakéwuhing bumi.
  5. Miwah ing  pangayun-nayun wahyu Risang Maha Sukci, mantri punniku élingnga, ing siyang kalawan latri, dén wruh gung-gungnging karatyan punniku saking Hyang Widdhi.
  6. Miluwa duwé panjaluk prihatin arjanning bumi, dénné sarat ping sangalas mantri punniku dén wingit dén kencengnging bebennerran putus barang pakartinning dasih, apikir wekassing tingkah, aywa tinutuh ing wuri, terangna sarta pa[198]riksa, mannawa atumpang titih.
  7. Dénné sarat ping rong puluh, karana lakunning mantri, arsana angluwihana, mring bala barang pakarti, tuwin luwih pamicara, alembut arum amannis,
  8. Kang benner pratingkahipun kalakuwan kang ngabecik ngadohna panggawé ala, marêkna panggawé becik anniti-nitiya ing bab kumpul pisahing prakawis,
  9. Dénné sarat ping salikur, kang mungguh wajibbing mantri, yén mulatting ratunnira, owah panggawé sawiji, kang ora lawan mupangat mantri dén énggal  ngaturri.
  10. Aywa kongsi nemu dudu, mungguh ing Hyang Maha Luwih, mantri dén banget amalang, umatur lan atur mannis ngaturna sagung sannépa, ondhé-ondhé lan upami.
  11. Mangsanné génnira matur, ing ngenggon ingkang asepi, dén annemen aywa taha, iku ngéman amrih becik dadi sesepuhing iman géndholli ratu kalempit.
  12. Sarat kaping kalih likur, arêp bau rêksa mantri, ing ratu nerak kanisthan miwah sembrana lan vstri, kang ngedohaken sembrana, wuwuh darajattiréki.
  13. Ratu récéh tanpa usul gawé malarat wong cilik kang wennang récéh ing raja, ngénnakki wadya prajurit apan kahannanning raja, dadi wujudding Hyang Widdhi, arêp gawé siya-siya, maring badanné pribadi, [199] apa lumuh dadi raja, nannampik sihing Hyang Widdhi.
  14. Sarat kaping tiga likur, karana wajibbing mantri, aywa pépéka ing tingkah, aywa lali gawé becik pariksa inganniyaya, tutulungnga dipun aglis,
  15. Karana manpangat agung, pakolihing Narapathi, ngéman kawulanning ngalah, amrih tetepping Narpathi, dénnya pinnaring kagungngan kamulyan déra Hyang Widdhi.
  16. Dén énggal dénnira tulung, pariksa mring wong  prihatin asih ing pekir kasiyan apan sakathahing pekir, asring kinnarya warana, pameléh mring para aji.
  17. Wonten kojah ratu agung, Jeng Sultan kaonna énni, nagarinira Turkiyan sinembah para Narpathi, wonten Séh Jalal sring prapta, aséba marang jro puri.
  18. Tinnannya mring mantri tungguk apa karyanné mring puri, Séh sumahur tanpa karya, dadya sagung para mantri, tan ana wanni ngaturna, Ki Séh Jalal nulya mulih.
  19. Prapta malih  pendhak ésuk tinnannyan tan ana kardi, dadya Séh wangsul kéwala, prapta malih pendhak énjing, kongsi jangkep ping sakawan ping gangsal kaping nem prapti.
  20. Salin gilir mantrinipun jro pura kang jaga kori, marêk Ki Séh Jalal prpata, mantri ika anningngalli, maring Séh ulattépethak semunné sanget prihatin,
  21. Ingancaran nulya lungguh, munggéng pipinning kang kori, Ki Séh Jalal alon mojar, annak mantri [200] réyang mriki, wus karêm mannira prapta, wontenning kori ing ngriki.
  22. Ing mangké amit katéngsun inggih anak arsa mulih, mantri sawiji lingngira, Ki Séh sampun agé mulih, kawula atur uningnga, ing Gusti Sri Narapathi.
  23. Mantri sawiji lumebu, prapténg byantara Narpathi, umatur atur unningnga, wonten Séh Jalal sring prapti, ing semu kaprihatinnan Sang natha kagyat nimballi.
  24. Prapténg ngarsannira Prabu, ngandika Sri Narapathi, Ki Séh mannira miyarsa, kang sarira asring prapta, punnapi lampahan dika, kasil kang mungguhing mami.
  25. Ki Séh Jalal aturripun asil marang wong sabumi, wonten Maharaja Jembat sungappan angalih margi, yén kongsi kalampahan, musakat bala pasisir.
  26. Kawulandheg toyannipun taksih meksa kudu ngalih, punnika bubuhan tuwan tobatta maring Hyang Widdhi, yén mungguh  kang ardi gempal miwah ingkang kali ngalih.
  27. Ratunné doséng Hyang Ngagung, Jeng Sultan kaonnang énni, angungun dénnya miyarsa, adres waspannira mijil Ki Séh amba tulungngana, nennedha marang Hyang Widdhi.
  28. Ki Séh Jalal aturripun bok wonten karaos galih, ciptanné manah paduka, annimpang saking agami, duwé niyat anniyaya, maring samanning ngaurip,
  29. Sang Natha émutting kalbu, inggih Ki Séh bok mannawi, wonten nagri sami Islam kaosar inggih mannawi, pu[201]nnika kadarbé atmaja, pawéstri ayu linuwih.
  30. Pan arsa kulambil mantu, Rajéng Kaosar tan apti, rêmbagging mantri sadaya, misésa ginnitik jurit panganjur sampun lumampah, ambahak ing tepis iring.
  31. Lawan kaping kalihipun mantri kawula satunggil punnika kula warongka, awit saking turring mantri ingkang pra samya uningnga, punnika anjajailli.
  32. Matur maring yayai prabu , Kaosar pan kinnén nampik marang ing nganak mannira, mila kula bilaénni, Séh Jalal gumujeng suka, tuwan ratu kurang titi.
  33. Pundi mantri kang wawadul kang sami sagah udanni, mring mantri kang kawarongka, asaba Kaosar nenggih, mantri papat ingandikan prapta ing ngarsannira Ji.
  34. Saksana ngandika asru, Jeng Sultan Kaonna Énni, payo padha umaturra, sira waweruh pribadu, mumpung garsanning pandhitha, aywa umatur silit,
  35. Mantri sun warongka iku , apa sira wruh pribadi, temu lan rajéng Kaosar, mantri papat tan bisa ngling, cangkemmé dén wor sadaya, ilatté sami amuntir.
  36. Suntan konnén nihan dulu, mantrinné ilatté muntir, delolé tiba ing pundhak Sang Pandhitha dén sungkemmi, tuwanku hamba tedhakna, apura maring Hyang Widdhi.
  37. Dé hamba anutting wadul aturré mantri kang jail ingkang nibakaken konca, tetep hamba kurang titi, mantri ngalakaken konca, sayekti kuthanning ngéblis,
  38. [202]Séh Jalal alon amuwus duk kawula manjing puri, kongsi jangkep ping sakawan ping sapta ping wolu prapti, panuju mantri punnika, ingkang ajaga ing kori.
  39. Tan purun matur Sang Prabu, jer sampun ginnéndang ngéblis dupi salin kang ajaga, mila katurring Narpathi, kapat sampun cinnengkalak mantri kang winnarongka glis,
  40. Mantri kawarongka sampun linuwarran dén timballi, prapténg jro ngarsa Naréndra, pinundhut apuranéki, kalih wus jinujung lenggah, lan mantri kang tur upaksi.
  41. Duk lebetté pandhithéku, kakalih wuwuh kang linggih, dénné mantri kang lumampah, mukul Kaosar nagari, ingundurraken sadaya, saha gagamanning jurit,
  42. Séh Jalal alon turripun punnika gambarring wukir, ingkang ngarsa gempil ika, lawan kali kang angalih, punnika tuwan corékka, sarta tobatting Hyang Luwih.
  43. Dén taha mangsulli luput réhning kalipattulahi, nulya cinnorék kang gambar, Sang Pandhitha angéstrénni, sampun tinariméng tobat Jeng Sultan Kaonna Énni.
  44. Mantri jail ukummipun pinnenthang tengahing margi, ilat misih tibéng pundhak pangéwan-néwanning margi, prapténg kawan dasa dinna, cahyanné wus mindha éblis,
  45. Sarat kaping kawan likur, karana lakunning mantri, ngulattana kabecikkan kang dadi luhurriréki, ratunné dunnya ngakérat annyukak[203]enna wadya lit,
  46. Darapon teteppa iku, nongga karyanning Narpathi, suka asih wismannira, miwah kebon-kebonnéki, béda kukupungnging praja, wong tetep sih ing wisméki.
  47. Miwah ngénakkén tyassipun marang kang  para prajurit supaya kuwatting karya, bisa muwuhi upekti, wuwuh kagungnganning raja, yén prajurit becik-becik,
  48. Wuwuh kamulyanning ratu, yén sugih wong becik-becik nebus wong arim punnika, lan asih ing pekir miskin wong becik iku pan nyata, sukanné agawé becik,
  49. Sarat kaping gangsallikur, mantri wajib angulatti, réwang kang putussing wéka, kang sidik ingkang bérbudi, kang wruh ing praja, wruh awekassanning kardi.
  50. Sarat kang kaping nemlikur, mantri iku arêp éling, aja agawé kiyannat niala ya ngapus-apussi, gawé musakatting bala, tan ana sih mung prihatin,
  51. Yén ana mengkonno laku, mantri dén trappenna aglis supaya kabéh wediya, wong karya sebutting budi, talutuh bangetting praja, yén gawé kiyannat mantri.
  52. Sarat kaping pitulikur, yén ana mantri kinathik wedinnen sarta lon coba, mannawa niayéng dasih, arda ing arta pangulah, nulak niyaya ling-ngaling.
  53. Tan kenna amara culu, ing ngarsannira Narpathi, sarattana tetanggungngan ing prakara barang kardi, mantri ingkang wus sinetyan amindiya ingkang kari.
  54. [204]Aywa na kang tumpang surup ing ngarsa Jeng Narapathi, dén aturut barang karya, talajukkanniku éblis kunéng pasal ping sadasa, ping sawelas lumastari.
  55. Panggawé ingkang kawuwus nenggih pakartinning carik karana andikanning Hyang, kang kocap jronning dalil nawal kalamuhwama, yastarunna tegesnéki.
  56. Nawa punniku iwak enun nenggih kang anongga bumi, marma barang kang sinurat ana lahir ana gaib dadya sagungnging rarasan ana lahir ana batin,
  57. Rong prakara kang winengku, anut andikanning widdhi, kadhang dhawuh pra ambiya, ingkang ngagal saking ngunni, ingkang lembut saking serat miwah maring para Nabi.
  58. Wonten dalil ingkang dhawuh, ikram warabbuka nenggih, kalkalamulladi ngalam biannakkalama yekti, insana malamyak-elam tegessé dhawuhing Gusthi.
  59. Rasul kadhawuhan muwus ucapna Pangranniréki, pamuruk sarta kalam sira wurukkena malih.
  60. Maring ingumattéréku, dén sarta kalawan tulis barang tan pantes kawedhar, sayekti kamotting tulis walahu awaluhema, kullikallahul kalammi.
  61. Wiwit kinnarya rumuhun dénné Hyang Kang Maha Tinggi, apanta yekti mung kalam iku kang ginnawé dhingin karana adegging jagad lan adegging bumi-bumi.
  62. Nora ngadeg adeggipun wi[205]wit wekasannéki, yén ora kelawan kalam lumaku sarta lan tulis barang nora kinnawruhan amung sarta lawan tulis,
  63. Jro kitan iksan sinnebut panggawé dunnya punniki, barang saliring pakarya, ngadeg lan kalih prakawis miwah ugerring Naréndra, kang jumenneng rong prakawis,
  64. Yén tan ana roro iku, nora madeg Narapathi, dénné kang kariyin kalam pedhang ingkang kaping kalih, dén agung pamulasara, aja lirwa rong prakawis,
  65. Sayekti dandannan terus pauger adegging bumi, dudu karya tundha béma, prajurit kalawan carik rusak arjanning nagara, mung rong prakara ngawakki.
  66. Carik kang agawé laku, prajurit kang anglakonni, yén ora mengkonno batal nora dadi barang kardi, wus kaennas jronning kitab panggawé rong prakara kang pasthi.
  67. Kanisthan kamulyannipun mungguh adegging Narpathi, sayekti kang rong prakara, tiwas begja angawakki, tiwassé karo kinnarya, tiwas saking narapathi,
  68. Ing prajurit tiwassipun kaungkullan danannéki, tiwassing carik punnika, kurang pracayannira Ji, aja sak barang pakarya, caruik wujudding Narpathi.
  69. Para ratu ingkang mashur, ngatassangin bawah angin kang samyantuk kaluhurran pinunjul samanning Ngaji, kang prawira sugih wadya, samya wit kang dén ugemmi.
  70. Adab saking kitab taju, salati[206]n bustan salatin pipitu salatin muwah, lawan min ajusalatin sirl mulkan barul mulkan miwah itlakul muksinnin,
  71. Mila sagung ratu-ratu, wajib angilingngi-lingngi sagung kang kocap punnika, winnacaha sabennari, yén tan arsa maca dhawakkongkonnan dasihiréki.
  72. Sarat padha dhangngir wahyu, annyiram mring taru semi, kang benggang lawan punnika, wus tetep tiwassing bumi, tan arsa angunnandika, amrih rahmatting Hyang Widdhi.
  73. Rong prakara ratu agung, kang norannana nimbangngi, mung Kangjeng Nabi Suléman  Suléman ratunning bumi, kalawan Prabu Iskandar, Iskandar Dulkarnaénni.
  74. Prandénné wasiyattipun mring para ratu kang kari, sapa ratu ingkang arsa, luhur karatonnira di, aywa ucul saking adab salatin bustam salatin,
  75. Tan sampurna ratu iku, angnging lan bustam salatin laku kang wus kannyatahan wit saking kang Maha Sukci, ginnantyan para ambiya, para wali lan narpathi.
  76. Sultan Iskandar lingngipun Iskandar Dulkarnaénni, apan lalakonning jagad sayekti mung rong prakawis wajib uga binnecikkan carik kalawan prajurit,
  77. Kang sapa doh saking iku, sapolahé tanpa dadi, batal sarta siya-siya, pan nora jumenneng yekti, yén adoh kalawan pedhang, nora mamaéssi bumi.
  78. Sing sapa gujengngan tuhu, liya ing kalih prakawis mongka barang solah[207]ira, nemu kamulyanning dasih, minulya samanning raja, karana kang rong prakawis,
  79. Pusakanning ratu-ratu, kukum amranata bumi, myang sagungngé ing kahannan sajronning dunnya punniki, tan ucul sing rong prakara, luhur kalawan basuki.
  80. Jro kitab  iksan sinnebut nenggih pakaryanning carik iku sajus lawan raja, mungguh karatonniréki, barang sarta lalampahan ingucap kalawan lathi,
  81. Sakéhé rahsanning ratu, kenna nahurri nampanni, kang nora kalawan lésan punniku rahsanning carik lawan sagungnging prakara, wajib kinnawruhan carik,
  82. Liyanning panuruttipun sarat samya angawruhi, darapon dadi sampurna, sampurna barang pakarti, ingkang réh obahing jagad iku kawruhana yekti.
  83. Ing ngenggon wetunning bannyu, jero céthék dennira mrih, wruha becikking talaga, miwah ta becikking kali, lan bisa akira-kira, lakunning rinna lan wengngi.
  84. Lan arêp wruha punniku, ing solah tulungis samsi, tegessé wektunné miwah, lakunné doh parêknéki, mungguh ingkang diwangkara, lan wulan mengkonno malih.
  85. Sendhetté lan rikattipun eurupping suryya lan sasi, kalawan kathahing lintang, karyanné sawiji-wiji, myang wiwilangnganning dinna, taun sarta lawan sasi.
  86. Lan arêp wruha punniku, budi saking amranni, kang teka ing dalem jihad pangarah-arah ing kardi, su[208]paya kang dadi kasab kacandhak wekassing kardi.
  87. Lan sarat alussing tembung, wicaksana améngetti, sampurnéng pétung élingngan wruh ala lakonning ngélmi, lalakonning ngélmu ika, kinnarya sendhon mrih tartip,
  88. Rahabba micara ngélmu, sawungngen kalawan gendhing, lan sarat bisa karyo cap mungguh kang kocapping tapsir, tapsir Ibnu Ngabas nama, yuda kennakanning dalil,

Pupuh XVII
DHANDHANGGULA

  1. Miwah mannissing wadana, sedhep luwes lemes amarananni, lapallé kaol winuwus nenggih onni olkiya, lawan ila kitabin tulis,
  2. Saking Jeng Nabi Suléman serat mulya tembungngé luwes mannis dénné iku ratu agung, ngréh saisinning jagad paran dénné jronning surat tembungngipun aluwes andudut mannah, angesor sedhep prak ati.
  3. Arum aruruh jro layang, layang medhun mengkénné tembung néki, wiryanné gawé kilayu, marma kang raja-raja, wajib ugi gugulang tembung kang ngarum ruruh jetmika wilettan datan kongsi  annyan-nyengit,
  4. Karana Alat tangala, yén utusan panggawé rada wingngit malaékat kang ingutus kinnén amalih warni, kang abagus sarta kang alussing tembung, kang ririh sedhep norraga, ngasih rum amannis,
  5. Lapal turabul kitaba, painnahu rabba mu[209]barakuni, tegessé lamun wus tutug mungguha wong nunurat layang iber séléhna bumi rumuhun mengko ta nuli cappana, yén wus sinnéléh ing bumi.
  6. Sarwi amaca salawat kaping tiga jinupuk saking bumi, séléhna malih ping telu, iku nuli paringna, maring ingkang anggawa layang punniku, Adabul kutub wus kocap carik yén sampun nunulis,
  7. Sarat nulis dén wacaha, dén lalarra manawa kalempitlan sarat tulissan iku, arêp nedhik lapalnya, ingkang kathah maknanné lan malihipun aywa amindhonni basa, lawan aywa na udanni.
  8. Ing ngobahé kalammira, yén wong ngarab andulu wong nunulis wruh obahing kalammipun yékti wruh kang sinurat saunninné kacandhak pan nora luput mila yén layang iberran sinurat ing ngenggén sepi.
  9. Yén wong Ngajam nora bisa, saturutté lamun wong Bawah angin tinulis saha du bathuk yén tan mulat sastranya nora bisa wruh unninné tulis iku, wong Ngarab obahing  kalam unninné pasthi udanni.
  10.  Milanné sami angiwa, lamun nyerat wadi layang kikirim malah dadi wajibbipun mungguhing jam Arab nulis kiwa layang kirim para ratu, nora wennang liya karya wruh sastra layang kikirim,
  11. Pasal Kaping Rowelas nyatakaken utussan kang para Ji jronning kitab wus kawuwus si[210]patu mursalinna, lakunning kang kongkonnan pangucap puguh, aywa ta angungkak ing sawewelingnging Gusti.
  12. Aywa jrih bok pinniala, mring kang kadhawuhan pangandika Ji, kadya dutanning Hyang Ngagung wajibbing duta raja, nanging ana uga  kautamannipun tembung alus awilettan manis sedhep amrak ati.
  13. Arum aruruh mradapa, lawan malih saratting cara kaji, warnanné ingkang abagus  lésanné kang pasékat miwah akéh sagungnging ngibarattipun lan saréh takwillé ika, kang budiman ngélmu néki.
  14. Kang bijaksanéng wicara, ingkang becik barang pakartinnéki, ing ngagama teguh tuhu, karana kang caraka, yekti lésanning Narpathi.
  15. Sayogya duténg naréndra, bebecikké saking antaranéki, pinnilih saking wadya gung, supaya angajérna, tyassing rat awéh tuwungnging wadya gung, adabus rusul wos kocap rong prakara ing Narpathi.
  16. Kang amimbuhi darajat angimbuhi kamulyanning  Narpathi, lakunning duta linnuhung kapindhonné idayat ratu ingkang jatmikan teng cipta terus, samya ngundhaka luhurran mung kalawan cara kaji.
  17. Cinnarita kang wus kocap kitab taréh nengguh Prabu Ardana Sir, ngandika mring Patihipun patih kang luwih ala, prakara kang panggawénning para ratu, ingkang angrusak nagara, lakunning caraka sisib,
  18. Miwah kang agawé aprang, iya iku kong[211]konnan angimbuhi, marmanné wajibbing ratu, amiliha kongkonnan nora kenna sipat uwong baé iku, mulanné Sultan Iskandar, Iskandar Dulkarnaénni.
  19. Nali karsa gitik praja, nandukkakenlayang pangantep jangji, awake dhéwé lumaku, namur ngaku kongkonnan bok manawa angadonni kang ingutus miwah warnanning gagaman bok suda ngundhakken warti.
  20. Karuwan binobotting prang, aja kongsi kurang kadukken nenggih, anggawa prajurittipun apan Sultan Iskandar, ababala para ratu satus éwu, punggawa tanpa wilangngan luwih saking satus kethi.
  21. Sajronning tapsir wus kocap lamun Sulta Iskandar Durkarnénni, lalannangnging bumi tuhu, duwénni paparêngngan sinniwaka ing nalika wuktu subuh, néng wekassing jagad wétanlamunning wektu maherib,
  22. Sinniwakéng para raja, néng watessing jagad kulon syekti, nora paparêngannipun purwanné sok annamar, ngaku-aku dadi  kongkonnanning ratu, anggawa layang pennantang, ratunné sarirannéki.
  23. Duk arsaha papenneddan lawan raja; dara; namanniréki, angutus mring mantrinnipun kang nama Kadarriyan binnektannan serattira ingkang dhawuh, ing Sri Naranathéng Dara, ambekta wawangsul néki.
  24. Katurring Sultan Iskandar, wangsullanné ing Dara Sri Bupathi, winnaos sinukméng kalbu, annamung kalih kecap, lang[212]kungganjel Sultan Iskandar tyassipun andangngu marang utussan sira wus ngrungu sayekti.
  25. Iki saking Raja Dara, ya pagénné ana mangkénné iki, wanni atur basa saru, marangnging jenengnging wang,mantri matur tan wonten purwakannipun lajeng makaten  kéwala, tan wonten ingkang miwitti.
  26. Awit saking prapta amaba boten saréh amba myarsa pribadi, Sultan Iskandar lingnya iya sira muliha, arérénna gonnira mentas lalaku, utussan tur sembah medal Sultan Iskandar nimballi.
  27. Mring sagung nayakannira, para natha praptandé ing ngasra Ji, pangandikannira arum Sultan Iskandar, lah pikirrén Raja Dara wuwussipun kang kagawa ing caraka, Si Kadarriyan kang prapti.
  28. Surat gantya anupiksa, samya matur sumongga ing Narpathi, Sultan Iskandar sru muwus payo pikirên uga, matur nembah nayaka kang pinnisepuh, nama Prabu Sahirriyan pukulun Sri Narapathi.
  29. Dénné saking raja Dara, wawangunnan andadékkaken jurit adén-nadénning wawadul katawis ing ngukara, boten awit saking Raja Dara tuhu, malah talarapping basa, cocorakkan saking ngriki.
  30. Mokal yén Sang Raja Dara, purun-purun dhateng  ing paduka Ji, arsa ngabekti satuhu, apan ta wonten  adat ratu karya dora sasamanning ratu, karatonné sampun ical lan malih  menggah watawis,
  31. Punnapa [213] kang pinurunnan, étung bala siji tandhing sakethi, myang luhurring bangsannipun sayekti luhur tuwan bongsa Nabi pun Raja Dara punniku, pan bong sa wali kéwala, darajatté andhap inggil,
  32. Lan ngunni wus atur surut ing padukaén katampénnan ngabdi,  ngalap manpangat satuhu, pan arsa wruh ing rasa, anunggilla ing ngamparan Sang Ngaprabu.
  33. Aturring nayakannira, angandika iya ingsun  nujonni, kaya pikirrira iku, nanging teka saossa, sarta bala sabusananning prang pupuh, panggawé kang mau ika, ingsun dhéwé kang ngawakki.
  34. Wus pato padha bubarran nembah mijil sagungnging nayaka Ji, Sultan Iskandar agupuh, ngrasuk busana kumpra, wus anganggo cara carakanning ratu, mesat sarwi ninggal surat anbamur lampahé prapti.
  35. Surat katur Raja Dara, duk winaos Raja Dara tanpaksi, yén Sultan Iskandar iku, ingkang mindha caraka, duk miyarsa jronning surat tembungngipun annangis Sang Prabu  Dara, suratté dipun sungkemmi,
  36. Éh duta Prabu Iskandar, umaturra iya ing Kangjeng Gusti, Iskandar ratunning ratu, langkung kagét kalintang, dénné salin tembung atur kawuléku, yén ya kirangnga pariksa, pun dasih  ngaturken pati.
  37. Mesat amit kang mimindha, tan kacatur ing marga sampun prapti, ing prajannira Sang Prabu, mijil ing pannangkillan animballi ing nayaka para ra214]tu, miwah Sultan Sahirriyan pinnisepuh nayaka Ji.
  38. Miwah mantri Kadarriyan kang ingutus mring Raja dara ngunni, wus munggéng ngarsa  Sang Prabu, sigra dénnya ngandika, Kangjeng Sultan Iskandar mring nayaka gung, éh sagungnging pra nayaka, ingsun kalipattullahi.
  39. Wajib ing pakaryanning wang, rumeks ri isinning jagad iki amrih karahayonnipun wennang ngingsun anniksa, mring wong amrih karusakkanning wadya gung, lah iku Si Kadarriyan kang amrih rusakking bumi.
  40. Ingsun kang dé prih perangnga, lawan Raja Dara Raméya jurit mung pikirré dhéwé iku, mamak luwih niyaya, maring kawulanning Allah para ratu, kang padha dipun prih rusak myang manungsa alit-talit, 
  41. Cekellen Si Kadarriyan lan tigassen ilatté saking wuri, dén enték saking mokkipud saksana wus rumagang, Kadarriyan tinnigas ilatté sampun ngundhangngi wong sanagara, winneruhaken prasami.
  42. Mring dosanné Kadarriyan nedya gawé karusakkanning bumi, sasat sétan akukuwu, amrih rusakking bala, wus mangkana Sultan  Iskandar maha gung, wisyatting raja-raja, dén padha apik abecik,
  43. Milih dadi kang dinuta, singgahenna sagungnging mantri jail aywa parêk jro kadhatun tan wus angrusak jagad kuneng wonten winuwus Prabu  ing Mayun ing nalika aputussan mring Sang Ngaprabu Karsanni.
  44. Sarwi ngaturraken serat [215] awit saking Sang Prabu ing Karsanni, amundhut pan narsa weruh, mring kalakuhannira, pratingkahé ngréh praja Prabu ing Mayun sawusnya maos kang surat tatannya mring duta mantri.
  45. Tegessé Sang Prabu Karsan wus ngawruhi kabéh kang munni tulis kalakuhanné ing Mayun kaot sajronning surat pan dangunné anonndha kang dipun utus tuhunné kalawan cidra, dénné mantrinné kang kari.
  46. Raja ing Mayun  punnika, arinnira mring Prabu ing Karsanni, Sultan Karsanni amuwus mantri payo tuturra, sakabéhé ing tingkahé ratunniréku, mantri caraka tur sembah, pukulun Sri Narapathi.
  47. Inggih rayi Jeng Naréndra, kang dénnirib yén Alah amaréngngi, yén arsa mangun prang pupuh, ngirit Sultan Iskandar, kang dén aben ing prang mring rayi pukulun tan wonten kang ngéman nyawa, nedya mati jronning jurit,
  48. Sawab punnika kang wadya, pan ginula wenthah kinulit daging, jronning panangkillan agung, kathah pethetan swarga, ingkang awoh busannan dah marbuk arum miwah sagung dhadhaharan kang ngaraos-raos samo.
  49. Ing nalika sinniwaka, warna mijil kadya samudra mutik anglimputti ing sakayun wadya tan nana kurang, ginnelarken ing wadya sasukannipun menuhi buja busana, myang ngandika anrang gendhis,
  50. Sakadar bobotting praja, cinnithak Iskandar Dulkarnaénni, amulang kinné[216]n angrungu, sagung mantri satriya, myang punggawa prajurit sadayannipun rayi dalem maos kojah, saking min ajuslatin,
  51. Myang sipatusalatinna, sakathahé kang wit panggawé becik kekembang panggawé luhur, adoh saking kannisthan ingucapken satengahiréng wadya gung, lah payo padha tuntunnan sakéhé kawula mami.
  52. Ingsun tinnitah Naréndra, wajib ngreksa rahayunnira sami, sarta sacukuppiréku, apa kang dadi suka, ingsun darmi simpen kamurahan nagung, amarissaken ing sira, kinnén sarta  lawan adil,
  53. Bok ana kalempitting wang, kurang saking pratingkahing Narpathi, padha maturan satuhu, réhning agogotongngan sira annak pan ningsun ginnawé tiyung, dénné mungguh kaya sira, yén luput lakunniréki.
  54. Aywa sak kenna patrappan ingsun darma ing kitab iki munni, sapangkat-pangkat tinnemu angon-nanggon  kawula, lawan iya anggon-anggon para ratu, pan uwis sinung bubuhan kawula kalawan Gusti.
  55. Makaten rayi paduka, mila wadya sumungkem lahir batin wadya kurang budinnipun yén saking pannangkillan dadya wuwuh dhengnger ingkang kumprung-kumprung, kang jail-jaillé ilang, jrih siyasatting Narpathi.
  56. Kang jejerrih ing ngayuda, dadya purun saking sok srah Sang Ngaji, lamun wonten wadyannipun angawonnaken konca, yén tan tobat dinnoha[217]ken ing alas gung, mila abdinipun samya, kantunning kang becik-becik,
  57. Kang rémpeg asih kakancan saréh budi salamet sarta ngélmi, yén masang ngadil pukulun nenggih rayi paduka, kang dén irib Prabu Nusirwan Madayun yén angupaya ing wadya, kang samya nandhang prihatin,
  58. Ngirib Jeng Bagéndha Ngumar, anjalimet mayeng jro praja wengngi, yén niyasat wong wawadul angalakaken rowang kang dén irib nenggih lalampahannipun anninggahaken  rêncana, amarêkken  saréh budi.
  59. Anyithah kang lalampahan Sultan Kbir Mukminnin Sayid Ngali, kalawan pratingkahipun Sri Maha Prabu  Ngesam Kangjeng Sultan Malikul Saléh punniku, mila lila maring dunnya, mirib Sultan Ngabdul Ngajid.
  60. Suka miyarsa Naréndra, Prabu Karsan mring lakonné kang rayi, iya uwis téga ingsun mésem sarwi ngandika, tampan nana séwu ing pangganjarringsun lan pangadeg rong busana, lawanningsun tannya malih.
  61. Ing labetté ratunnira, dénnya mangké ngulah panggawé becik saben-saben para ratu, yén manut kang mangkana, nedya becik ana rahmanning Hyang Ngagung, punnang utussan turrira, inggih  sampun anglebetti,
  62. Ngunni Jeng Ari Naréndra, amung tampi bulu bekti sakethi, saking parmanning Hyang Ngagung, dénnira nedya lila, pan wus kocap wong nedya lila punniku, nora garantessing sunnya, Hyang Su[218]ksma malah muwuhi.
  63. Mangkya Jeng rayi Naréndra, tampi bulu bekti mindhak rong kethi, ratu nedya angguguru, kapéngin kalakuhannipun rayi paduka darajat luhur, tan purun amagut yuda, jring ing tingkah nungkul aris,
  64. Dénnya kongkullan susila, mila éring tan nana magut jurit malah samya angguguru, suka Sang Prabu  karsan layangngingsun aturna gustinniréku, tampi serat nembah mesat ing marga datan winarni
  65. Prapta mring praja gustinnya, lajeng matur surat wangsulannéki, yata Sang Prabu ing Mayun tampi serat sinukma, layangingsun katurra ing Yayi Prabu, ing Mayun kang ambek mulya, lulussa dénnya utami.
  66. Iku matri dutannira, tuhu weca malah kurang kang warti, kéh jronné langangiréku, unggahna dipun énggal Kangjeng Sultan  Iskandar lamun angutus yén becik nuli ginanjar,  yén ala sinniksa nuli.
  67. Kang mengkono mantri duta, panten marang sgung  para Narpathi, yén saru bisa angimur, yén becik nora wewah, dénné sira pangrungu ngong yayi prabu, prawira ulah wicara, kautaman kohanteppi.
  68. Mung kari siji kéwala, kandellira marang Hyang Maha Luwih, yén pinnaringngan sampun ngélmu karatonnira, yén wus sidik pangucap panningngal terus yén wus benner ciptannira, ngélmu karaton wus kinna.
  69. Kuneng Pasal kalih welas kaping tiga welas ingkang [219] lumaris annyatakaken punniku, saratting mantri tama, pratingkahé mantri  kang parêkking ratu, saseliranning manusa, ing ngantara agung ngalit,
  70. Sarat amriha kamulyan kaluhuran myang pirang- pirang warni, ing prakara kang wus mashur, kanggé ing pra raja, angrumeksa iya kaluputtannipun tarikken amrih raharja, kaluhurran saking  mannis.

Pupuh XVIII
DHANDHANGGULA

  1. Sarat weruh luhurring Narpathi kamulyanning kalawan  kagungngan wruha yén nana kang gawé, Kang Maha Sukci Luhur, ingkang paring kamulyan nadi, mring sagungnging kawula, kang tinnitah ratu, ingkang sinungan nugraha, maréntahken sagung kalipattullahi, ngadil miwah kukumah.
  2. Nora suke karaton kang ngadil mungguhing ratu tan kawajibban liyanné saking ngadillé, punniku parlunnipun dénné sarat kaping kalih, kautamannipun adoha maring kanisthan mulyakkenna barang satingkah mrih becik wuwuhé kang darajad,
  3. Katokenna becikking napathi, darapon kang sami amiyarsa, wuwuha ing pamujinné, lan agungenna iku, ing jenengngé ratunniréki, tuwin paparingngira, nugrahanning ratu, walessen sampékan daya, dénné sarat ingkang kaping tiga nenggih, wong parêkking Naréndra.
  4. Rumeksaha mring kawula alit maring pitnah myang asiya-siya, mring Sang Ngaprabu wadyanné, angaling ngana i[220]ku, kaluputtanning wong akedhik aywa amrih midosa, iku datan arus agawé  rêntengnging  jagad nora ngéman ing jenengngé ratunéki, yéku akondhang sétan,
  5. Kitab taréh kang sampun ginupit Raja Mahmut lawan Dewi Ambar, nalika kasamarranné, garwa lit bangsannipun pan kinnarya luhur déraji, sring dadi tembang rasan mring wadya bala gung, miwah satriya punggawa, pangucappé tiwas temen Sri Bupathi, sengsem garwa wong ala.
  6. Apa gunnané bok Ambarriki, dénné kanggo maring Sri Naréndra, dénné wong asor bangsanné, malah sadalu-dalu, wong rarasan tan mari-mari, lannang wadon angucap nutug ratunnipun dénné kang weruh wekassan pangungunné paran karsanné Sang Ngaji, kulina ing ngapapa.
  7. Kang ngamuwus wus karsanning Widdhi, apan nana kojah jronning dunnya, papat kang sih sinnisihanné, mongsa bodho Sang Prabu, bok manawa ana pinnethik ing kunna ana warta, nenggih Nabi Yusup asih mrih Déwi Jaléka, tannah Arab Séh Majenun langkung asih, mring garwa Nimbok léla.
  8. Ratu agung tannah Ajam siji, raja kasru sanget sih sinnisihan Déwi Osirin garwanné,lah iki  ingkang wadya, nenggih Raja Mahmut jalu éstri sami ngucap agung alit nayaka satriya mantri, samya sengit sadaya.
  9. [221]Malah kabéh sami andrengkénni, Raja Mahmut nanging déréng ginggang, maring Ni Ambar asihé, ing kitab taréh sampun kocap amung kawan prakawis brai binnaraénnan sami kalihipun mashur kang dadi wicara, Nabu Yusup kalawan Jaléka putri, Séh Majun lan Bok Lela.
  10. Raja Kasru lan Déwi Osirin Raja Mahmut lawan Nimbok Ambar, malah dadi prihatinné, wadyanné Raja Mahmut mulat marang Prabunniréki, ingaran kasamarran tyas kennaring tuju, satemah punggawa ngucap apa kurang gusti wannodya kang adi, luwih saking Bok Ambar.
  11. Sarta lawan luhur bongsanéki, angungkulli bangsanné Bok Ambar, kang satemah  pangucappé, wus lagi gustinningsun nora katon Bok Ambarriki, katon cahyanning wulan asalin pandulu, kang satengah ana ngucap noran nana ratu kasamaran nenggih marang kawulannira.
  12. Tangngéh lamun ucappenna sami, pangucapping punggawa sadaya, mantri samya pangucappé, mangkana kang winnuwus nalikanné mongsa  rêngngi, nuju sawiji dinna, sagung punggawa gung, samya ngandikan mring pura, Sri Bupathi winnarêk munggéng patanni, kalawan Nik Ambar.
  13. Wonten nayaka siji ngaturri, timun watang anulya sinnigar, sasigar dhinnahar dhéwé, dénné sasigarripun pinnaringken Bok Ambar nuli, lawan kinnén ngedumma, marang punggawa gung, kang samya munggéng ngayunnan [222] Raj Mahmud dhinnahar timunné pait agédhég gebres-gebres,
  14. Raja Mahmud sigra tatannya ris nayaka gung payo rasakkenna, ing konno apa rasanné, punggawa gung wot santun pandummanné samya binukti, timun sajuwing ngika, rainné jangkerut marêbut agebres-gebres matur nembah gusthi langkung saking pait lerês paduka natha.
  15. Ana lagya andilat sathithik gebres-gebres sinneléhken sigra, sarwi tur sembah aturré, nuwun duka  pukulun amba datan  ambukti malih inggih datan kawasa, langkung paittipun Naranatha angandika, payo Ambar pangannen timunnéréki, apa baya padhaha.
  16. Déwi ambar sandika wot sari, dyan dhinnahar timunné punnika, sajuwing kang bubuhanné, sawusnya  dhahar timun sarwi matur subkannalahi, sang Natha angandika, apa mulannipun sira maca subkannalah, Déwi Ambar umatur sarwi wot sari, dénné kalangkung nikmat,
  17. Paparing dalem timun sjuwing, langkung alegi gurih kalintang, asedhep sarta mannissé, punggawa samya ngrungu, gumarumung ngujar ujarri, éh baddah sira Ambar, cidra nora muput ing ngarsanné Sr Naréndra, timu pait sira dhéwé matur  legi, tuhu wong nora layak,
  18. Awit saking papa sira ugi, bongsa andhap linnuhurken sira, teko dora pamalessé, destun wong nora patut dhasar kabéh [223] punggawa sengngit anuli antuk babah, milanné gumrumung, dénné  kaol kang satengngah, malah-malah punggawa sami nudingngi, marang Ni Déwi  Ambar.
  19. Raja Mahmud  angandika aris kaya apa Ambar artinnira, punggawa ngong kabéh kiyé, kang padha mangan timun nyata pait pan ora legi, mung sira dhéwé iya, legi timu iku, payo mara jarwannana, apa lire ing kayunnira punniki, Déwi Ambar tur sembah.
  20. Ta tuwanku kang asih ing dasih, inggih lerês sagungnging punggawa, kang samya matur paitté, dénné amba pukulun boten kénging maturra pait kawula wit wong papa, andhap bongsa ulun dénné ta sagung punggawa, bongsa luhur lan awit saking bérbudi, mila dadya  punggawa.
  21. Lan karyanné bot répotting nagri, annanggulang sagung satru tuwan mila matur salerêssé, dénné amba pukulun wit wong papa ginnawé becik awit tur bongsa andhap pan kinarya luhur saking geng pasihan tuwan ngitik itik paduka sangkanning ngalit mangké malah diwasa.
  22. Pasihan dalem sampun alami, kannikmatan sagung papangannan kawula angraossaké, kang legi gurih sampun sedhep mannis kula ngraossi, sagung kang tuwan dhahar, kawula pan tumut wruh raossé sedaya, nunten mangké tuwan paparing sajuwing, yé kula umaturra.
  23. Pait inggih  raossé punniki, dadossipun i[224]cal sadayannya, paring dalem salaminné, wennang bubuktinnipun ingkang pait sapisan kedhik yekti inggih kalingngan kang agung karuhun paparing dalem punnika, mannis arum legi gurih wuus salami, punnapa pracumaha.
  24. Yén kawula umaturra pait  dadi pracumah inggih sih tuwan kang wus tetep salaminné, punnapa ta pukulun nénélakken cacad sang ngaji, boten annyimpen amba, ing lingsem Sang Prabu, yén amba matur punnika, legi gurih wuwuh manpangatting dasih, males sih barkat tuwan.
  25. Gumujeng suka Sri Narapathi, samya tumungkul sagung punggawa, mirsa Bok Ambar aturré, ngandika Raja Mahmud  bésuk késuk Rekyana Patih, miwah sagung punggawa, pepekka dén agung, gedhé cilik, pr Dipatya, lannang wadon  ibnu sati pekir muiskin sun arsa nyebar dinnar.
  26. Miwah sosotya nila widuri, inten mirah jumerut ngong sebar, padha dén rêbutta ngakéh, pan ingsun arsa weruh, bekja tegessipun kang tan antuk nora begja, ingkang antuk sathithik bekjanné kedhik iku gonningsun nondha.
  27. Tur sandika Rêkyana Apatih, miwah sagung nayaka punggawa, wot sekar sarêng wedallé, kunnéng warnannen asuk Raja Mahmud paréntah maring, juru gedhong sakawan kinnén bedhah sampun  isi dinnar lan sosotya, myang busana wus samya ingusung miji[225]l mara ing panangkillan,
  28. Sampun naglar wadya ponconiti, sagungnging kang nayaka satriya, sarayat sakucumbinné, lanang wadon akumpul sanagara tan nana kari, Sang Natha arsa dadar, ring wadya lit agung, mijil Sang Sri Maharaja, kerig kabéh kawula sajronning puri, jejel ing panangkillan,
  29. Déwi Ambar milwa datan kari, para putra garwa kinnén samya, angrebutta sasebarré, ngandika Sang Ngaprabu, marang sira Rêkyana Patih, apata uwis pepak iya wadyanningsun sajro nagara kéwala, nembah matur Kyana Patih inggih Sang Ngaji, Sang Natha aparéntah.
  30. Mantri satus kang kinnén Sang Ngaji, payo mantri padha sawurrênna. Dinnar dirham iku kabéh, dimén padha rinnebut myang sosotya busana sami, mantri sigra anyandhak annawurraken sampun sagungnging wong arêbuttan abusekkan tan étung gedhé lan cilik awor arêrêbuttan,
  31. Ramé uleng-ulsngngan wadya Ji, satemah ing wong lagya rêbuttan Sang Natha nitih kudanné, nyander nyongklang Sang Prabutilar bala Bok Ambar unning, Sang Natha nitih kuda, Déwi Ambar gupuh tilar dénnya ngrebutdunnya, anututti lampahé Sri Naranatha, nyandhak ambuntut kuda.
  32. Sarêng noléh kagyat Narapathi, anningalli marang Nimbok Ambar, ambuntut ing turanganné, ngandika Sang Ngaprabu, ya pagénné sira punniki, tan milu [226] rarêbuttan maring dadarringsun  dadi ora duwé begja, sigra kondur Sang Natha mring poncaniti, sampun tedhak alenggah.
  33. Munggéng ngamparran ing mutyara di, wadya gung kang samya rêrêbuttan sirêp telas sasebarré, gumerah samya ngumpul pra dipatya sajalu éstri, wadya lit meksih samya, munggéng ngalun-nalun gumerah samya pocappan ingsun begja akéh oléh-oléh mami, rêtna lawan sosotya.
  34. Umung samya ngitung antuknéki, Sang Ngaprabu alon angandika, ana ta kang ora oléh, sagung punggawa matur, mung satunggil inggih Sang Ngaji, kang boten katémpéllan ing begja pukulun inggih amung Déwi Ambar boten antuk rêtna  sosotya satunggil, miwah dirham lan dinnar.
  35. Myang busana tan antukka sawiji, tandhannipun punnika cilaka, tuhu tan wonten bekjanné, ngandika Sang Ngaprabu, kaya apa Ambar siréki, tan milu dhik-udhikkan doh begjanniréku, tur sembah Ni Déwi Ambar pan kawula kang ngantuk  begja sayekti, luwih saking wong kathah.
  36. Angandika Sang Bumi Palaris kaya apa artinné ta sira, ngaku antuk begja dhéwé, Déwi Ambar wot santun Alah dunnya barana sami, inggih wongngé kang angsal sadaya punniku, pan dados darbék kawula, Alah dunnya dénné manusanné sami, kadarbé ing kawula.
  37. Wau mangsanné rêbattan sami, nunten padu[227]ka nitih turongga, annander tilar wadya kéh, kawula sinung émut ing grahita amba pribadi, satemah dhik-udhikkan tuwan nander mamprung, tuwan dadya dhik-udhikkan ing tegessé sami la kawula tututti, nyandhak turongga tuwan,
  38. Dadya gumujeng Sri Narapathi, amiyarsa aturré Bok Ambar, punggawa tumungkul kabéh, lingsem ping kalihipun kaungkullan sabdanniréki, kondur Sang Nganaréndra, tumaméng kadhatun tulus dénnira kagarwa, Déwi Ambar mring Sultan Kabir Mahmuddin kunneng gantya winarna.
  39. Ratu Ngajam gung karatonnéki, wus sinebut  saking bumintara, luwih sasolah bawanné, sih palimarmaéng wadu, angungkulli ing para Aji, paguron para raja, nenggih raja kawruh, sanget asih maring garwa, kang anama Sang Rêtna Siti Wasirin punjul saking lokking ngrat,
  40. Jronning kitab rikul ulummi, Déwi Wasirin  cahyannira pan apindha wulan gebyarré, nastiti jrih  ing kakung, muri-muri johral karimi, binti Jeng Raullullah, Pathimah linuhung, mangkana Sri Maha Rêtdya, ing nalika pinnarêk lawan kang rayi, munggéng madélangennan,
  41. Wonten wadya ngaturri upaksi, abdi pamancingngan tur ken ulam pan punjul saking sabenné, ingandikan lumebu, prapténg ngarsa kagyat narpathi, dénné dingarén sira, antuk iwak agung, saben-sabenné majana, wus ginn[228]anjar dinnar patang éwuh nenggih, dénnya sukéng tyas mulat.
  42. Pun pancing mundur awot sari, Déwi Wasirin matur tur sembah, sakedhik wonten salahé, pan damel tuwan luput anggaganjar mring wong pamancing, kaya ganjar punggawa, dinnar kawan éwukang taté angnglar jajahan dadossipun saben ganjar wong sawiji, pan patang éwu dinnar.
  43. Dénné angganjar mring wong pamancing, ya semonno pangiranning wadya, Sri Narapathi delingngé, benner lingngira iku, nanging uwis kaliwat ugi, para ratu nora kenna, mindhonnana wuwus Siti Wasirin turrira, tuwan kéndel kawula kang maékanni, darapon kalingngan.
  44. Ing pakarya tuwan narapathi tan katémpél aming kalih sabda, mangké amba pariksanné, ing lanang wadonnipun lamun inggih sumahur éstri, amba mundhut kang lannang, dadya dinnar wangsul, dénné kaliru ing karsa, lamun ngaken lannang kula mundhut éstri, yekti tuwan kalingngan,
  45. Wangsulling dinnar tan anglabetti, saking owah pangandika tuwan mésem Narpathi  wuwussé, iya karsanniréku, sigra kinnén nimballi malih, juru pamancing prapta, ing ngarsa Sang Prabu, Déwi Wasirin tatannya, éh pamancing iwak kang katur Sang Ngaji wadon atawa lannang.
  46. Ki pamancing matur wot sari,ulam kang katur raka paduka, punnika pan ulam annéh, panninggih baga purus dédé jaler pan dédé éstri, Sri Bupathi miyarsa, gumujeng anggung[229]guk Déwi Wasirin kasorran risaksana pamancing ginanjar malih, séwu pan réyal emas,
  47. Manggul kanthong  mundur awot sari,  nulya wonten dirham siji rêntah, marojol saking kanthongngé, Ki Pamancingan luru, dirham ingkang runtuh satunggil prasamya tinningallan dénnira ang Prabu, myang Rêtna Wasirin mulat matur nembah tingkahé pun Juru Mancing, langkung akarya nistha.
  48. Wong wus tampi dirham séwu nenggih, lawan iya patang éwu dinnar, runtuh siji paran dénné, ingupaya kalangkung, janggilengngan anganan ngéring, iku destun wong ngala, arda budinnipun karya nisthanning nagara, kang mengkonno tan arus ngambah nagari, tan niyat karya dana.
  49. Natha ngandika undangngen malih, prapténg ngarsa Wasirin ngandika, sarwi tumuding astanné, éh Pamancing siréku, liwat karya nisthanning bumi, cacak wus pinnaringngan réyal emas séwu, lawan patang ngéwu dinnar, runtuh siji kapati gonmu ngulatti, pan sira tanpa nalar.
  50. Jer kobaya wijilling ngadulit mata dinnar rênda tanpa ngrasa, yén wus sugih maksih akéh, duwékkira kang kantun cicir siji kapati-pati, kekembang ngrusak praja, ngapessaken ratu pantes wong winnesi asat Juru Mancing umatur saha wot sari nuwun duga ratu mas,
  51. Mila dirham kang rêntah satunggil sakalangkung gén kula ngupaya inggih tan saking émanné, [230] kadita temah tuwuk barkattipun raka Sang Ngaji, mongsa kongsi telassa, prapténg anak putu, milamba sanget ngupaya, dirham rêntah punnika ingkang sasisih, kaciri asma Alah.
  52. Dénné ingkang sasisih aciri, namannipun raka padukéndra, mannawi pinnidak dénné abdi tuwan pukulun dénné rêntah wontenning margi, upama kapidakka, namanning Hyang Ngagung, satemah damel duraka, yén midakka namanning raka Sang Ngaji, satemah siya-siya.
  53. Datan ngurmattiratu sayekti, réhanning punnika kalipattullah, pasthi wajib kinnabektén duk miyarsa Sang Prabu, ngakak sarwi angembat wentis kinnén mundhut réyal mas prapta tigang ngéwu, lawan tigang ngéwu dinnar,
  54. Wus ginnanjar Ki Juru Pamancing, tinnampannan pan patang gotongngan saha nimballi carikké, Sri Maharaja Kasru ing sakéthéngngipun kinnén angundhangken samya, bendhé mubeng lan teteg barkattan saking, Kangjeng Sultan Iskandar.
  55. Kendhang Iskandar Dulkarnaénni, yén kongsi mijil  ginnawé undhang, yekti panggawéyan gedhé, undhangngé Sang Ngaprabu, aywa na kang gugu pawéstri, barang lirring prakara, apes kenna siku, upama nedya angéman  réyal siji wekasan kalong kakalih, dénnya messing darajad,
  56. Ngéman roro papat ilang [231] néki, ngéman séwu rong éwu kang ilang, saleksa ing pangémanné, rong leksa ilangngipun nadyan ngéman ingkang sakethi, rong kethi ingkang ilang, sadaya misuwur, sawadyanniréng jro praja, undhang medal mring sagung monca nagari, sanget undhang naréndra.
  57. Wadonniku tinnitahken nenggih apan dadi ganjarran kéwala, nora kenna  dadi gawé, kaennas para jamhur, ingkang nerak arang basuki, wit saking  Nabi Adam amanggih bebendu, ingudhunken saking wiyat purwéng garwa saturutté déréng kenni, sabakda rasullollah.
  58. Malah enték ing rinna lan wengi, nora kenna yén iku tinnerak nedya bilahi aranné, akéh pandhitha wurung, kuwalanné saking pawéstri, wong nedya wicaksana, atemahan kumprung, nedya wirya temah rusak kang anedya rahayu temah bilahi, kaduduk wuluhira.

Pupuh XIX
DUDUK WULUH

  1. Wonten umat sawiji amandeng wahyu, saking sanget dénnya miskin tatapa wus patang taun antuk laélatul kadri, nuli tutur mring kang wadon,
  2. Laélatul kadri rupa watu telu, sasmita kang kapiyarsi, watu tetelu punniku, dén umbulna genti-genti, apa karêppé ing konno.
  3. Pan tinekan paran kang sinnedyéng kalbu, apan nora mindho kardi, jalukka sagunung emas sosotya pan dadi, tinekan sedyanning konno.
  4. Lan ra[232]binné sedyanné arêbut dhucung, kang wadon nedya sugih, ingkang lannang karêppipun dén sugih sarta Bupathi, duwé nagri sugih gedhong.
  5. Ingkang wadon jaluk nagara tan rêmbug nganggur baé dén asugih, maras mennék kinnawayuh payo jaluk sugih-sugih duwéya mas pitung gedhong.
  6. Sadangunné pradondi durung arêmbug watunné tinninggil tinggil arsa dén umbullaken iku, anjalug duwé nagari, sarta dén asugih gedhong.
  7. Méh dén umbullaken kang wadon angrebut ywa jaluk dadi priyayi, dadi sugih baé nganggur, bupathi sugih kuwatir, énnak nganggur baé ing ngong.
  8. Ingkang lannang saurré sarwi asendhu, becik wong duwé nagari, sarta kang sugih kalangkung, anggréh wong rainna wengngi, sugih emas kongkon uwong.
  9. Ingkang éstri nyentak aja anjajaluk sugih sarta duwé nagri, sugiha balaka iku, duwé gedhong séwu sami, kang lannang meksa ambekos,
  10. Amucisil sarwi ngumbullaken watu, lagi watunné sawiji, unninné pan knothol séwu, katlisut nyenthak kang ngéstri, nuli awake bak konthol,
  11. Knothol séwu jejel anéng awakkipun arêbut enggon apipit anéng maka wolulikur, ga janggut bathuk pipi, ambiyet kebak ing kokonthol,
  12. Sarandunning awak jejel sungsun-sungsun ambented tindhih-ti[233]ndih, gumeder pating garandul ingkang ngéstri annangissi, kang lannang gagetun jomblah.
  13. Mau-mau angguguwa rêmbag ingsun, sayektinné nuli sugih, ngarêppaken gedhong séwu, isi mas barana adi, ujer kowen dhéwé wangkot,
  14. Annaurri kang lannang mennengnga iku, watu kari loro iki, kang siji ngong karya jaluk ilangngé saking wak mami, kabéh sarupanning konthol,
  15. Dénné siji ngéngéyan ngong karya jaluk nurut sira jaluk sugih, aduwéya gedhong séwu, ngumbullaken watu malih, sarya sru dénnya miraos,
  16. Konthol kabéh lungngaha saking wakkingsun nora nganggo dén walerri, konthollé kang lawas katut pating barêsat tan kari, konthol lawas milu coplok,
  17. Pan sumubrung tekan dakarré Ki Layu, sawablaélatul kadri, dadi sapangucappipun kalalén konthollé lami, karayut kenna wiraos,
  18. Dén gagappi konthollé dhéwé wus suwung, tekan daharré malencing anniba gumulung ngadhuh, adhuh laé konthol mami, rinnapu maring kang  wadon,
  19. Wis mennengnga pan dilalah durung ontung, noro kudu sugah sugih, muliha baé kontholmu, watu iku kari siji, gawénnen angundang konthol,
  20. Dyan ngumbulken  watunné kang siji kantun konthollé kang kinnén bali, tan asuwé nu[234]li wangsul tetep néng enggonné lami, béniyatta tan kalakon,
  21. Lah punniku lepiyan panggawé luput alanning sih maring rabi, teka dadk tutur-tutur, yén aja tuturra pasthi, sasedyanné pan kalakon,
  22. Mila Sultan Iskandar wasiyattipun kang sapa nutting pawéstri, apanta sajus punniku, ambuka lawang bilahi, andhandhang darajat asor.
  23. Ingsun iki  madeg kalipattullahu, babala ratu sakethi, Prabu Iskandar kinnasub Iskandar Dulkarnaénni, yén anutta mring wong wadon,
  24. Yekti kalong balanningsun para ratu, sayuta punggawa mami, arupak jajahanningsun apes labetting pawéstri, kaya pagagan mengkonno.
  25. Wonten malih caritanning para ratu, nagaranné Bahedanni, nama Ngaliburhan Prabu, langkung sih marangnging rabi, Déwi Tahrin kinnaot,
  26. Putranné kang patuttannira Sang Prabu, sakawan kang sami éstri, satunggil sepuh kang jalu, Radén Karsat namanéki, Kamidolah pekik annom,
  27. Nanging sanget kaugungnging rama ibu, Karsat Kamidolah nenggih, arusuh pambekkannipun nguwus uwus barang kapti, dénnya putranné Sang Kathong.
  28. Ingkang saking garwa pangrembé tetelu, punnika jalu prasami, sadaya kawelas sayun nora pati dén rawatti, sawab ibu sami asor.
  29. Radén Marjan Sasi lawan Radén Markum Radén Drika Asatunggil dénné ka[235]dangngé kang sepuh, nenggih Radén Marjan Sasi, alus ambekkira alon,
  30. Nora antuk papan sawab ibunnipun tan kanggé ing rama aji, Karsat Kamidolah iku, ibunné mengku jro puri, sasuka-suka kalakon,
  31. Akarya sak marang punggawa gung ngagung, apan nora anneteppi, sacara caranning ratu, kalih welas emabnnéki, Karsat Kamidolah towong.
  32. Dadya Aum sagung punggawa gung ngagung, umarêk Rêkyana Patih, umatur kuwatirripun dénné karsanné Sang Ngaji, adil rinusak ing wadon,
  33. Dé karsanné Karsat Kamidolah iku, tinurut sakarsannéki, ibunné samya agungung, bésuk madegga Narpathi, cacah sucah paréntah wong.
  34. Dénnya sanget pangugungngé garwannipun miwah mring putranniréki, apa baya karsannipun wau Rêkyana Apatih, susah ing tyas langkung ngéwoh.
  35. Dé putranné Sang Natha ingkang katelu, rinneksa mring Kyana Patih, sandhang sarta pangannipun Sang Natha tan angrawatti, susahé sakathahing wong.
  36. Samya rêmbag sagung nayaka gung ngagung, samya késah maring wukir, marêk Sang pandhitha Werdun Pandhitha wus prapténg gaib angraga suksma di kaot,
  37. Wus pratéla luhur Sang Pandhitha  Werdun anéng wukir Rabunsari, karilan sasolahipun méngo kawiryan alami, tata pasangkanning ngannom,

Pupuh XX

SINOM

  1. [236]Lampahé Rêkyana Patya, miwah sagungnging Dipathi, sampun prapta wukir radya, ing dhépok Sang Maha Yekti, ngancala Rabunsari, manggih Sang Pandhitha Werdun umatur Kiyapatya, mring Pandhitha sarwi nangngis dhuh tuwanku paduka atutulungnga.
  2. Badhé rêngkanning nagara, susahé wong saprajéki, dénné mangké Sri Naréndra, datan arsa angopénni, nagari Baédanni, ngamungngaken garwannipun kalawan raja putra, Karsat Kamidolah nenggih, sasolahé tan patut amumpangkara.
  3. Arêmen pakarti nistha, méngo barang réh utami, yén punnika kalakonna, bénjing madeg narapathi, karya rusakking bumi, lalabettan kirang wuruk awit ugung ngugungngan lah tuwan sungngana ugi, rahayunné ing bahedanni nagara.
  4. Wenang tuwan anulakka, kang badhé niayéng bumi, Sang Pandhitha alon mojar, putranné Sri Narapathi, apa tannana malih, ingkang liya saking iku, Si Karsat Kamidolah, tannarsa panggawé becik annak karam nora pantes dadi raja.
  5. Éwa mangkana mannira, arsa papanggih pribadi, lawan Sultan Ngaliburhan apa tan dipun walerri solahing garwa siwi, pratingkah karam dén ugung, sira padha kariya, sakedhap sun nuli bali, lawan endi putranné Sri Naranatha.
  6. Liya Karsat Kamidolah, Rêkyana Patih wotsari, [237] pan inggih kawula bekta, nama radén Marjan Sasi, nanging punnika inggih, garwa pangrembé bunnipun Sang Pandhitha duk mulat ing warnanné Marjan Sasi, iya pantes yén iku madegga raja.
  7. Ayemmé kataréng ngulat wus sah ing Bustam Salatin ulatna rajulalattan barang pakarya patitis lumuh panggawé drengki, wong palayon ulattipun iku pakuwon sétan niaya agawé drengki, nora patut kasandhangngan kukumolah.
  8. Aywa sira pedhak-pedhak lungguh lan mata mucicil niaya drengki kiyannat balik amriha kang lindri, liyep iku basuki, sanadyan agawé ratu, aja kang julalatan nora mantep doyan drengki, wong malolo pan iku jinnissing sétan,
  9. Apan nora agagampang, kocapping Bustan Salatin ratu pan erohing jagad marmanné dén ngatiyati, iya mennengngan dhingngin Sang pandhitha tedhak sampun amung sakedhep netra, wus prapta sjronning puri, panggih lawan  Sri Narndra Ngaliburhan,
  10. Pandhitha ngling mring Sang Natha, anata sira tannadil sahurré wallahu Allam sakarsa tuwan ngaranni, Sang Pandhitha udanni, ing karsanné Sang Prabu, méngo kawiryan dunnya, uluk salam sigra pamit mesat saking jro pura prapténg ngaldaka.
  11. Panggih lan Rêkyana Patya, miwah Radén Marjan Sasi, tuwin nayaka kang samya, [238] milwa ing Rêkyana Patih, Sang pandhitha lingnya ris ratu Ngali Burhanniku, méngo pakarti dunnya, mila tannarsa ngopénni, mring solahé kang garwa lawan tannaya.
  12. Wus payo padha mungkurra, kalilan sadinna iki, apan iki dinna akat dhawuh babendunning Widdhi, sigra Sang Maha Yekti, madhep marang kéblattipun dénnya angekep napas cinnipta duk nukat gaib anasirré bumi angin genni toya.
  13. Prapta risang bayu bajra, memes gora awor riris pra samya ambedhol arga, éwon aleksan kang wukir, ngebyukki Baedanni, gégér sanagara kuwur, dénning praptanning ngarga, tanpa sangkan angebekki, tumpes kang wong jro kutha kang lakuala.
  14. Dénné wau  jronning pura, wukir satus kang dhatengngi, Sang Ngaprabu Ngali Burhan pinnarêk lan garwa sami, myang putrannira aglis Karsat Kamidolah rawuh, ing ngarsanné kang rama, tur unningnga lamun wukir, kathah prapta yayah arsa mecah kutha.
  15. Mésem natha  Ngaliburhan sira iku annak mami, iya Karsat Kamidolah, nanging karam sira iki, ing tingkah  nora yekti, balasar digung kumlungkung, lah mengkono iku nyawa, dhawuh bebendunning Widdhi, nora kenna mengko aling-ingalingngan,
  16. Iya pan ungkur-rungkurran miwah ta ibunnéréki, sun mardika sowang-sowang, apan pratingkah ngaurip ya tinemu pribadi, ala lawan becik iku, tan tutug a[230]ngandika, gunung séwu prapta nuli, ingkang satus anubruk ing raja putra.
  17. Mesat dgamparré Sang Natha, tan kenna tinubruk wukir, amung garwa miwah putra, mung sirahé ingkang maksih, annangngis anjrit anjrit sambat sambat Sang Ngaprabu, sangsaya gung kang prapta, wukir; nanging Sri Bupathi, dhadhamparré sinunggi maring ngaldaka.
  18. Muwuh Sang Sri Ngaliburhan mring garwa miwah putréki, sinung wruh sangkanning dosa, pan iki Si Marjan Sasi, tinulung ing Hyang Widdhi, saking niyayanniréku, kang padha junjung iya, punggawa kang sak ing galih, kang prihatin wit saking niayannira.
  19. Garwa putra duk miyarsa, sambat marang Marjan sami, kabéh ingkang kaluputtan dénning nora angrawatti, nagara Baedanni, ri nengkuh  dhéwé nagri, murka sida tutug rusak siya-siya.
  20. Wus prapta sajronning pura, mendhukul kebekking wukir, Radén Karsat Kamidolah, nangngis katindhihan wukir, lawan ibunniréki, samya katindhihan gunung, gesang mung waket jongga, annangis angolang ngaling, kawuwussa kang medhun saking ngaldaka.
  21. Kang ingadeggaken raja, marangnging Sang Maha Yekti, ingiring Rêkyana Patya, Bupati ana sapalih, prapta jronning nagari, anglayatting rama prabu, lawan anuwun prennah, menggah kang dén kadhatonni, prapténg pura lama kang dadi aldaka.
  22. Panggih rama nuwu[240]n prennah, kang badhén dén kadhatonni, sarta enggonné kang rama, winnangun padhukuhnéki, dadya pucakking wukir, Karsat Kamidolah sampun dhinudhuk saking ngarga, mring Narpathi Marjan Sasi, yata lawan ibu pra samya ingentas,
  23. Tinunggilken lan kang rama, dhudhukuh pucukking wukir, Radén Karsat Kamidolah, wurung kasatriyannéki, sabennenjing annenggih, pakaryanné ngon wedhus ibunné matun gaga, tetep Prabu Marjan Sasi, karatonné ing Baedanni nagara.
  24. Kunneng kang wus linnepiyan dosa gung para narpathi,  nanging babakalli raja, nenggih kang winuwus malih, kang pinnarêk Sang Ngaji, sarat ping sakawannipun anaha paliwara, kang ngasih panggawé becik kang pariksa wruh nistha madya utama.
  25. Meruha ing pamicara, ngarsa arsa sih ing Widdhi, wuwuha ingkang kagungngan kamulyan rahmatting Widdhi, wonten ratu sawiji, asih ing kawulannipun apan tan kenna pisah, lan Sang Prabu siyang latri, lagya saré Sang Natha tinnilar salat,
  26. Dupi wungu Sultan Jahar, anningalli mring kakasih, tannana ing pacawissan dukanné yayah sinnipi, lah lunga maring ngendi, Si Munna datan kadulu, dangu tannana prapta, kasok lalu ing panganti, Sultan Jahar jaja bang prapta kang duka.
  27. Praptanné mantri Munnada, sangsaya tan kenna lilih, nulya kinnén annyengkalak nanging sanget turriréki, tan purun dén ta[241]lénni, dénné dudu ukummipun apa tuwan niaya, dédé bangsanning Narpathi, bongsa andhap paduka madeg Naréndra.
  28. Lamun bongsa luhur tuwan yekti wruh ing ngala becik apan amba wau késah, nglampahi karya kakalih, Gusthi ingkang kakiki, lan Gusthi majaji iku, singnga kang dén tilarra, sayekti bonda kalanni, padha-padha karo-karo kasaitta.
  29. Sang Natha asru ngandika, lamun ennengna sayekti, akéh-akéh amicara, Sr Bupathi angedhohi, nuli cekellen naglis lirwa ing timballan ningsun payo cekellen énggal Mantri Munnada annangis iya Allah tuwan kang murah ing jagad,
  30. Mugi tuwan ngadillana, mring ratu kang kirang titi, tannarsa titi pariksa, angukum kang datan sisip tinnariméng Hyang Widdhi, Munnada pandongannipun sigra ing sanalika, dhawuh bebendunning Widdhi, kumarasak angin geng annempuh pura.
  31. Gapuranning jro pura, taterussan tamansari, bedhol sarta tannira, amukul dalem narpathi, pandhapa dén tibanni, gograg ajur rêmak rempu, Sultan Jahar anniba, ing siti tobatting Widdhi, datannarsa malih akarya niaya.
  32. Dén prayitna para raja, kang mengkonno tegesnéki, misih rinneksa dénning Hyang, kang nora dinukan nenggih, agawé ala waris iku jatinning panglulu, ibon-nibon kéwala, dinukannan wus babar Ji, marmannipun déné  aget kang para [242] raja.
  33. Dénné sarat kang kaping lima, kang kinathik nata pathi, arêp takwa ing Hyang Suksma, nalangsakkenna dén wanti, nedhakna apuréki, ing dosanné ratunnipun sarat kaping nem arsa, kang parêk Sri Narapathi, nampurnakna barang karsanné Sang Natha. Pakarti dunnya ngakérat sarat kaping pitu nenggih, arêppana paliwara, lamun nuju anningalli, ratunné salah kardi, dén énggal dénnira matur, parapon mangartiya, ing nistha sikara lalis nora pantes tanwun kenna wawalessan,
  34. Dosanné wong parêk raja, yén salan tindak Sang Ngaji, pasthi milu kenna siksa, kang kinnathik ing narpathi, yén nora angaturri, ing liputté ratunnipun dénné yén nora kenna, aja sira anunggonni, tanpa gawé milu gagedhénning dosa.
  35. Sarat kaping walu ika, ywa matur Sang Ngaji, ngalem luwih ing manungsa, yén nora weruh pribadi, aja kenna mamannis yén cidra milu katempuh, kapisan ing narendra, kapindho maring Hyang Widdhi, nora kenna sélak duméh dudu awak,
  36. Déné sarat kaping sanga, kang parêk ing Sri Bupathi, dénnangon sagung wadyandra, kang susah miwah prihatin dén wruh solahing dasih, sanagara dén kacakup dénnagung sarta lila, pariksa welassing miskin supayanné dadi adillé Sang natha.
  37. Dé sarat kaping sadasa, kang paliwaréng Narpathi, yén ti[243]nnari ing Sang Natha, dén arja tyassira kadi, munthika munggéng warih, kolur sartaning ngingkalbu, miwah sarirannira, dén rêsik  lawan wawangi, dimén néling sabarang karyotama.
  38. Dénné sarat ping sawelas kang pinarêk ing Sang Ngaji, yén nalika tinimballan dén néling ing nukat gaib amrih aywa nekanni, sagungnging pangawé saru, adoh saking piala, nyegah bebendunning Gusthi, iku saru ratu akerêp duduka.
  39. Sarat kaping welas kang pinnarêkken Sang Ngaji, ngedohna pangawé mamak drengki open pati angling, dén nanteng aywa edir, iku kang angrusak laku, yén Prabu angandika, mring liyan  tambuha ugi, amung wruha sabarang kang winnicara.
  40. Nangnging yén ratu ngandika, kang dinnangu tan naurri, lali gugup ing ngayunnan nuli saurrana aglis yén sira tan naurri, nyandhak pandangunning ratu, pan sira milu cacad padha lawan ningkang lami, milu mati tyassira tan nana mengnga.
  41. Sarat kaping tiga welas kang pinnarêk ing Sang Ngaji, aja rongéh aja umbag aja kebat nuli angling, ing pasamuwan ugi, dipun arang cacalathu, aja amegat tindak annyelanni wicaréki, aja larannatén aja puputungngan,
  42. Aja lengngus amicara, ing gawé pan nora kasil aja nglalabetti solah, kang parêkking Sri Bupathi, aja nanacat maring, saréwangngira pu[244]nniku, yekti angrusak praja, wong nannacad koncanéki, ing dadinné wong ngingu amrih duduka.
  43. Yén ratu akerêp duka, ilang kajetmikannéki, yén ratu nora jetmika, pasthi yén angrusak bumi, kocap ing kitab tambih, angrusak nagara iku, yén ratu angangikka, wong drengki jail pan néblis cekak budi wong drengki datanpa nalar.
  44. Nalarré kaworran sétan sarat kawan welas nenggih, yén nana parêk Sang Natha, miyarsa wawarti wingit durung pati patitis aywa umaturring ratu, bok amiroga tompa, anusahaken  wong cilik barang tingkah aywa watak wawadullan,
  45. Sarat kaping limalas kang kinnathik ing Narpathi, arêp sidik ing pangucap atinné kang ajajail barang pangucapnéki, dén ta lanjer dénna dhapur, dén jaman dénna makam aja kongsi nglalabetti, ing tegessé manusa kang wruh ngutama.
  46. Sarat kaping nembelas kang kinnathik ing Narpathi, yén nana wong  amicara, angngundhakki angurangngi, punniku dadi silib yén wong kang ngalem mring ratu, miwah kang amemada, sabennerré dipun naglis yén kawahyon bok wong benner dadi salah.
  47. Sarat kaping pitulas kang parêk Sri Narapathi, dén narima ing pasiyan sihing Gusthi dén kaéksi, barang kang dén lakonni, wawennangngé Sang Prabu, terusna tingngallira, ratu kalipattu[245]llahi, wong duraka ing ratu durakéng Suksma.
  48. Sarat kaping walulas kang pinnarêk ing Sang Ngaji, élingnga marang sarira, ala becik saking takdir, andhap luhurriréki, aywa nguring-uring ratu, wruha yénniku darma, kang dadi jalarranning sih, amrih ayem tyassira aywa angrungsang.
  49. Kalamun tyassa angrungsung, kang kinnathik ing Narpathi, kenna panggawé éblis satemah ambarang wadul dadi rêngkanning praja, ratunné kang dén prih runtik wong mengkono dohenna patang bedahab,
  50. Sarat kang kaping sangalas kang kaparêk ing Sang Ngaji, yén nana gagaman pélag kang yogya dandannan jurit lawan wong kang ngabecik kang ngatecik tékaddipun tur ulah pamicara, sarta wandanné kang becik pirasatté nuli aturna Sang Natha.
  51. Sarat kaping kalih dasa, wong kaparêk narapathi, kalamun jinunjung ngannyar, aywa kagungngan semudir, lwngngus duméh antuk sih, nuli katon cacaddipun dudukanning Hyang Suksma, tan lila paparingnéki, ingkang mijil jalarranning wakillira.
  52. Dilalah énggal pugutnya, sihing Sang Sri Narapathi, lamun darungna wong salah, wong ala solahiréki, yekti anglabetti, karya kannisthanning ratu, lamun pagawé sasar, tan kenna parêk Ngaji, tanpa tékad tan pantes saba jro pura.
  53. [246]Sarat kaping salikur, kang kaparêk narapathi, lamun nana wong kadukan undangngen wismanniréki, ajakken padha bukti, konnen sabar sarta maklum rapunnen pannarima, yén akéh wong aja sandhing, yén sepi wong jujutten tyassé dén kenna.
  54. Kaprihatinné ilangnga, sarta dénnariméng takdir, dadi tyassé nora ngrungsang, ayem sangkanning ngapidih, pangunneg-unneg mari, sarat kaping kalih likur, yén nana wong dinukan yén netep salahiréki, ngularrana dandannan ingkang utama.
  55. Kang longka jronning nagara akokna kancaniréki, katurra ing Sri Naréndra, sira kang  ngamriha lilih, ing pasamuan nenggih, aywa sira sandhing lungguh, kontap pitulungngira, nora mandi mambu angin kang utama tutulung aja kawruhan,
  56. Kaping tiga likur sarat kang kaparêkking Narpathi, dén mituhu barang karya, malah dadiya palupi, mring sagung bangkat kardi, aja léléda ing laku, nanging wawalerrana, kang kilap lawan  saréngi, kukuhana yén ana ambedhah sarak,
  57. Sarat kaping salawé prah, kang kaparêkking Sri Bupathi, amujiya annebutta, ing  nganma Maha Succi, lan asmanning Sang Ngaji, luhurré ratunniréku, simpennen kang santosa, celanné ratunniréki, apan wajib amrih atinnaken jagad,
  58. Karêksa tindakking praja, awit sujana bérbudi, sarat ping salawé arsa [247] kang kaparêk Sri Bupati, wediya dosa cilik miwah ingkang dosa agung, dén mundhak betinnira, supaya terahing  nagri lan maksudda bapa babunnira.
  59. Ratu kekasihing suksma, lamun sira dé kasihi, mring ratu yekti terusna, mungguh ingkang Maha Succi, pan iku dadi wakil wawayangnganning Hyang Ngagung, prihen terahing raja, duryatté kang kari-kari, saupanné kang nedya yu mrih raharja.
  60. Sarat kaping salawé katam wong kaparêk n Sri Bupathi,  asiya marang sadaya, kawulannira Narpathi, lan sihing Narapathi, dén tétéla  ing wadya gung, aywa nora prayoga, dalemok cung pamdumming sih, yén noradil talanjukkan tyassing wadya,
  61. Bakuhing adil pinnongka, kaluhurranning Narpathi, kamulyanning  kang nagara, punnika tan kenna gingsir, ratu amindhonni ngling, ara-uru jagaddipun kawur ingkang darajad mangunnah  sampun dén ambil amung kari darung panglalu kéwala.
  62. Pasal kaping kawan welas annyatakaken pakarti,  amulasara ing nganak karana andika Nabi, Mustapa kang sinnelir, nayakanning ngrat pinunjul sagungnging umatting wang, kang padha amongnging siwi, kinnekahan yén wus  umur pitung dinna.
  63. Cinukur pendhak nem dinna, awéh pangan pekir miskin nalika ngumur nem warsa, winurukking tata krami, ngumurré pitung warsa, pinnisah paturonnipun ngumur telulas war[248]sa, pinukul atinggal krami, ing nalika ngumur gangsal welas warsa.
  64. Pannari kramakken nulya, milih bongsa kang abecik cinnekel astanné nulya, sarwi alonna déra ngling, lah mengko annak mami, mari sun rêksa siréku, ing tékad luputtira, sira titippanning Widdhi, mengko samya anglindhung karsanning suksma.
  65. Jro kitab adabul ada, kaol Jeng Imam Bukari, annak punniku titippan iya saking kakkullahi, bapa punniku wajib rumeksa rahayunnipun suker sucinné ika, kaya ratu lawan dasih, ratu wajib ngreksa rahayunning bala.
  66. Kalawan wajib miliha, bapa maring kang nusonni, kang wennang pinnilih ika, kang becik pakartinnéki, nora anglabetti, kalamun rare anusu, tan wurung katularran sawatekké kang nusonni, wus muktamat sagungnging wong Ahli adab,
  67. Wong innya punniku wennang, mumukul amrih ing krami, marmanné arêp miliha, innya kang rahayu budi, kang becik barang kardi, saréh kalakuwannipun pasthinné kalabettan wawatk barang pakarti, lamun prapta ngumur kawan welas warsa.
  68. Srahenna mring wong ngulama, kang wasi micara ngélmi, yén ngumur pitulas warsa, srahenna wong Ahli jurit kang mantep purba titih, kang ageng wirangngannipun ajeg sabarang karya, nora watak aming kalih, nglabettana wawatak ingkang utama.
  69. [249]Lan wajibbé babu bapa, annannacadda wong sisip ing ngarêppé annakkira, ngalem wong benner patitis darapon rare iki, laketta maring wong putus éwaha mring wong nasar, lan bapa wajibbé malih, anggunggungnga mring ngulama myang sujana.
  70. Ing ngarêppé sutannira, sengngitta maring wong jail darapon putra méngowa, mring wong bodho cekak budi, gethingnga mring wong jail dhemen panggawé rahayu, karana rare uga, kang dadi utamanéki, duk rarénné nyinggahi sagung piala.
  71. Tuwané dadi utama, rahayu barang pakarti, sabar muwuhi darajad kerêng puniku nglongnglongngi lan aja adoh saking, bérbudi sangkanning timur, darapon amurugna, ing krama tindakking bumi, asor unggul pamurwatting gula drawa.

Pupuh XXI
DHANDHANGGULA

  1. Pasal kaping gangsal welas nenggih, sayogyanné bapa maring annak amerdi kalakuwanné, solah linggih lumaku, ana nistha madya utami, lan tepa ing sarira, purwa dadi luhur, norraga witting utama, sabar maklum anjunjung darajad adi, trus terahing tumitah.
  2. Cinnarita Amiril Mukminnin Ngumar Paruk nalika sinnéba, mring punggawa sakabatté, ngandikéng mantrinnipun élingnga mring awakkiréki, aja agawé cacad mring awakkiréku, balikkan gawéya mulya, awallakir; matur sabat para mantri, Gusti kadi punnapa.
  3. Dhawuhi[250]pun pangandika nenggih, tegessipun agawé kang cacad lawan akarya  mulyanné, ngandika Ngumar Paruk wong tan gawé cacad punniki, sabarang linnakonnan ingkang sarwa patut kalawan budi wicara, ingkang lawan pakarti kalawan ngélmi, mungguhing jaman makam,
  4. Apa dénné kang para Narpathi, upamanné émutté santosa, béda lan manungsa kabéh, ratu iku rahayu, ora kena ngarti sisip amrihaprécéttan yekti dudu ratu, rêngka prajanné sangsaya, kang wus kocap ing kitab sipatulsaltin Kangjeng Sultan Iskandar.
  5. Iskandar Awaldunnal Kasanni, kala sinnéba ing para raja, agung ngagung punggawanné, wonten prihatinnipun nulya prapta Kaliluskakim pandhitha  wicaksana, wus sinnebut punjul prapta lajeng uluk salam angandika nalika Kaliluskakim paran prihatin tuwan,
  6. Sultan Iskandar alon naurri, inggih Ki Séh milanné mannira, duka cipta sayektinné, dénné karaton ulun ngawulakken para narpathi, agung kaliwat-liwat ing karaton ulun teka ing dunnya kéwala, nora kénna ing bénjing ginnawa mati, sagung kagungnganning wang.
  7. Kamulyanning dunnya luwih iki, déné nora lawas nuli rusak dunnya tan dawa nguburré, punniku susah ingsun angandika Kaliyuskakim lerês grai[251]ta tuwan rusak dunnya iku, yén luput pratikellira, dadi satru ing dunnya sajronning pati, pan boten dadi réwang.
  8. Nanging lamun sabar ngati-ati, ing kalipah nora kalaputtan dénnya ngréh ing wadya kabéh, adil ajegging kukum sapisan tannana kang sisip punniku wonten kojah, karaton dunnyéku, sapira kamukténnira, maksih luhur karaton sajronning pati, langgeng tan kenna owah.
  9. Miwah dipun amrih aja sisip darapon tulus nugrahanning Hyang, ing dunnya prapténg kapatén langgeng karatonnipun aywa ngathik mantri kang jail lan aja annya-nyambat ing manusa iku, ratu lamun  ana karsa, nennedhaha pribadi maring Hyang Widdhi, sayekti tinnarima.
  10. Yén tumemen maring Hyang Widdhi, réhning inggih kinnarya kalipah, temen iku tan salédér, maring adil lan kukum tegessipun  punggawa jail ikupakonning sétan iya kang tinurut mangkana Sultan Iskandar, amiyarsa kojahé Kaliluskakim ilang prihatinnira.
  11. Pan sajati-jatinning pakarti, ratu ingkang nedhakken ngapura, mring sagung wadya balanné, durakanning Hyang Ngagung, sampurnanné dadi basuki, nenggih ratu welassa ing bala wadya gung, yén uga kapatiraga, kadi rayat kang ana sajronning puri, anggung pinulsara.
  12. Kawruhing wong sami angulatti, ing kagungngan kalawan kamulya[252]n iku kanggo ing sakabéh, amung jennengnging ratu, nora kenna ngulatti pokil amungta ngulattana, ajegging kang kukum lawan adil palimarma, ing wadya kéh pangupa jiwéng narpathi, imah lan kabecikkan,
  13. Wonten ratu sawiji aparing, maring bala limangatus dinnar,  Jeng Sultan Narum Rasiddé, saben mijil Sang Prabu, apa paring maring  mantri, pan limangatus dinnar éwu, sapungawannipun mantri Yahya turri sarat angejéppi kondurré maring jro puri, Yahyayagé ingandikan,
  14. Prapténg ngarsa ngandika narpathi, apa lire mau kejéppira, mantri Yahya lon aturré, pukulun Sang Ngaprabu, amba mirêng yén ratu nenggih, tan kénging annebutta, kirang saking séwu, lan sarat maringngibala, ajeng wonten inggih kasabbé pribadi, nadyan saparatussan,
  15. Ajinning saking dinnar sawiji, dadi sarat kancing kabecikkan dadya Hyang Gung pamalessé, mantri Yahya rinangkul ngandika lon Sri Harun Rasid mung sira mantrinning wang, kang ngéman maringsun punniku ratu tinula, ing nugraha jro kitab sipatul mulki, raja Saturwa Siyat,
  16. Mring kang putra Sri Kabir Mahmudin annakkingsun sira madeg natha, aja kaliru ing gawé, yén sira rêmen iku, laku dagang kang amrih bathi, nuli karatonnira, srahenna punniku, iya maring ngarinnira, Tartunada; yén sira remenna grami, aja ngiras naréndra.
  17. [253]n arêmen sira dadi aji, aja angiras laku sudagar, pan iku larangngan gedhé, ing kinna ana ratu, laku dagang Sultan Armanni, dupi wus kapiyarsa, marang ratu-ratu, ing ngantep tinnonjok ing srat ratu patang ngéwu samya ngirit baris ngepung Prabu  Arasman,
  18. Sultan Arasman amapag tulis marang sagung ratu kang angepang, mapag padu jro suratté, marmanné dagangngingsun iya dénné amrih basuki, marang kawulanning wang, aywa kongsi mundhut sabarang karêp mannira, aja kongsi dadi gawénning wong cilik iku milanné dagang.
  19. Dadya ratu kawannéwu sami, amungsulli layangngira prapta, Sultan Arasmanni agé, tampi srat kawan éwu, tembungngipun kang ponang tulis éh Sang Ratu Arasman tetep sira iku, dadi satruning nagara, lan satrunné sagung kang para narpathi, sira angrusak jagad,
  20. Pakennira angawakki grami, nora nganggo juru pisan-pisan dudu ratu sayektinné, angrusak sira  iku, ing Jennengngé para narpathi, yén sira laku dagang, misih madeg prabu, sapa kang dadi sudagar, ratu dagang pasthi nora angumanni, mring wong kang laku dagang.
  21. Dadi sira diayéng nagari, angrusak upa jiwanning kathah, niaya sira jatinné, yén tan tobat siréku, aja sambat pasthi sun gitik sun ukummaken sira, saukumming ratu, nulya Jeng Sultan Arasman atur toba[254]t mring sagung para narpathi, kang samya ngirid bala.
  22. Dadya ratu kawan éwu sami, prapta ing kithanné Sang Prabu Arasman pan sampun dén ukummaké, ing saukumming ratu, dénné datan sabarring budi, apanta sampun kannas cipta kang pinunjul cipta nora kawoworran apan niya mung ciptanné kang para Ji, madhep maring utama.
  23. Mila kokum Arasman narpathi, dénné ciptanné asaléwéngngan angrusak ing karatonné, lali marang Hyang Ngagung, dénnya dagang annyipta bathi, kunneng malih winnarna, ratu sabar maklum ing Mesir dénnya kukutha, bisikkannya Maha Prabu Ngabdul karim nalika akikirab,
  24. Angiderri nagariniréki, sarta ingiring sagung dipatya, kalawan sagagamanné, nuju kendel Sang Prabu munggéng kursi tepinning margi, wonten annakking rondha, punniku cinneluk maring biyungngé punnika, annakkipun aran Jaka Ngabdul Karim éh Dul karim muliha.
  25. Aja parêk Sri Bupathi lagi, ameng-ngameng kéndel pinggir marga, saya sru ing pangundangngé, annakké tan sumaur, kapiyarsa déra narpathi, éh juru gedhong énggal mundhut dinnar séwu, paringna wong wadonnika, iya ingkang annebut ing nama mami, sigra wonten tur sembah.
  26. Dhuh pukulun punnika Sang Ngaji, boten annebutting nama tuwan tiyang angundang annakké, Dul Karim namannipun annya-nyami nama Sang Ngaji, Sang Natha angandika, nadya[255]n mangkonnéku, jer annebut namanning wang lah dén énggal dinnar séwu paringna glis aja akéh micara.
  27. Apanningsun tinnitahken sugih, pinrih éling mring sagung kawula, kang padha kaprihatinné, wajib marékken ningsun milannéku anakké nenggih, namanné pinna padha, lawan namanningsun amrih aja kamlarattan wuwuhana iya dinnar séwu malih, payo lah paringngenna.
  28. Dinnar kalih éwu wus ingambil pinnaringken marang nini rondha, ingkang Dul Karim annakké, kalangkung sukannipun kunneng wonten kawuwus malih, Pasal kaping nem belas  punnika cinnatur, ing kaol toréh kitabnya, annyatakken kaol kalawan bérbudi, karo punniku nama.
  29. Apan wonten kang kocapping dalil patakulla ayaolil albab lapal punniku tegessé, padha jriha siréku, sagungnging kang samo bérbudi, marang Kang Maha Mulya, pan siréku sinung, akal karana nugraha, basa Ngarab Ngakal punniku pan budi, akéh-akéh ingaran,
  30. Anging kang mashur ngakal pan ugi, iya saking sakéh ingkang ngaran mungguh kang ngélmu tegessé, ngakal punniku kukuh, barang ana bennerring budi, yén ana kaluputtan  durung budinipun lagi ngakal bubuwuhan karana Jeng Rasul sampun anjarwanni, marang sagung sakabat,
  31. Makala kayalail ngakelling, tegessipun; barang kang kinnarya, déning Hyang [256] kang dhingngin dhéwé, ngakal ingkang rumuhun sawussira ngakal kang dadi, Hyang Suksma angandika, mring ngakal punniku, éh budi sira lungaha, wusnya obah punniku ingaran budi, késah nulya ngandikan,
  32. Éh ya budi marénéya malih, budi prapta Hyang Suksma ngandika, éh budi wruhanniréka, andadékaken ningsun kang sun karya gedhé pribadi, tan nana kaya sira, gagawéyanningsun kang luwih sakingnging sira, nora nana mung budi luhur pribadi, gedhé datan patimbang.
  33. Luwih mulya anannira iki, bésuk ana siksa lan ganjarran wit saking sira karonné, ala lan becik iku, saking budi enggonné mijil pakon lawan pannyegah, budi gon tartamtu, begja lawan cilaka, yén baimah ana antaranning budi, bédanné lan manungsa.
  34. Jronning kitab sipatul ngukléki, tandhanning wong tan kirang budinya, ana pratandha ngawakké, solah pangucappipun kang kanggénnan tulénning budi, ana ngalanni ika, mring sarirannipun pan winales binecikkan sarta nyukakaken marangnging sasami, wong luput ingapura.
  35. Nenggih purwa kapalanning budi, kaping kalih idhep mantep marang, ingkang becikki awake, lan wruh sarirannipun yén kang luhur dipun andhappi, nora na  pala cidra, ing wong sannakkipun dénné tondha kaping tiga, iya rêmen wong ngiku agawé becik nyi[257]mpang panggawé ala.
  36. Tondha kaping pat jatmika ririh, momot ujar tondha kaping lima, ngucap barang pangucappé, sarta kalawan ngélmu, tondha ping nem akerêp dhikir, kerêp astagpirrullah, kaping pitu kalamun nandhang prihatin panrimanning nugraha.
  37. Nuli ilang dénnira prihatin dénné linnimputting pannarima, sarta lus andhap ambekké, wus jangkep kaping pitu, budi ala ginnonjing ngéblis iya pitung prakara, dénné kang rumuhun karêmenné nganniaya, yén angucap punniku adoh lan ngélmi, sembrana amrih cacad,
  38. Kapindho dir gumungnging dhiri, nora montra gelem pawong sannak angrasa kasor kulanné, dénné kang kaping telu, tatakrama dén orak arik dénné kang kaping pat  akerêng alengngus ping lima jail wadullan kaping nemmé nyunyuwé pengawaé becik dénnv kang kaping sapta.
  39. Nora sabar marangnging bilahi, wusnya jangkep kasapta winnarna, wonten Naréndra dibyanné, prawirambeg rahayu, wus sinnembah ing para Aji, jro sipatungukala, kitan kang amuwus Sang Prabu Dildaritama, amumuruk ing putra kang madeg Aji, apan nagari Ngimbran,
  40. Raha Kasru puputrannira Ji, lingnya Prabu marang putrannira, éh annakkingsun lirring réh, rêksannen sadayéku, bala tantrannira kang [258] becik darapon karêksaha, budinnira iku, kang tulén tan kawoworran awit saking runtikkira sring mring dasih, yéku békanning raja.
  41. Yén tan suka kang sira ratonni, ing nagara wongngé akéh susah, ratu kang ilang budinné, nora wekassan luhur, asor nistha karatonnéki, wong bérbudi tan nana, karasan néng ngriku, dadi nagri siya-siya, pan saéstu sagungnging bérbudi pikir, ing wekassanning mulya.
  42. Lamun akéh suka jro projaki, kadi karêksa budinning raja, nagri luhur wekasanné, karana sira kukum apan ana carita ngunni, ing jamannira raja, Nusirwan Ngadilun anata kukum satunggal mashur sagung para kakim kirim tulis mring Sri Ngadil Nusirwan,
  43. Tembungnging srat sagung pandhitéki, éh Sang Prabu kang pinaring mulya, angadilli ing jagaddé, Pandhita Samo Agung, anjurungngi palal Hyang Widdhi, utawi budinnira, wruhanta Sang Prabu, ana awakking manungsa, iya budi lirring srengngéngé punniki,  anéng luhur ngawiyat,
  44. Amdhangngi ing jagad sakalir, iya sabab prabanning baskara, nora kaliwattan kabéh watara padhangngipun kadi warna abang lan putih, irêng sarta lan pita, pan nyata punniku, saking cahyanning baskara, mongka sagung ala becikking prajéki, papa kalawan arja.
  45. Awit pangréhing wong kang bérbudi, mila wajib sagung [259] para raja, amulyakna ing prajanné, darapon sampurnéku, anglabetti praja basuki, riwusnya maos surat Nusirwan Ngadil amangsulli sih pracaya, pannarima ing sagung palimarméki, marang para pandhita.
  46. Entyarsannira Nusirwan Ngadil anggung kurmat pangabektinnira, mring pandhita salaminné, sigra nimballi sagung, wadyannira ingkang bérbudi, sinung pawarta samya dénnira Sang Prabu, angrojongngi pra pandhita, samya sira ngaturna ing pangabekti, wantuwa ing pandonga.
  47. Ngandika lon Sri Nusirwan Ngadil nor kenna yén sira adoha, iya saking pagéstunné, pandhita agung-ngagung, wit sirahing sagung  bérbudi, sira ingkang minongka, paéssing praja Yu, upama sagung pandhita, kayu agung pakantuk yén dén naubbi, wohé seger pinangngan,
  48. Iku nora nana bisa methik miwah ngajak ajak angaubba, lamun dudu bérbudinné, norana bisa ngaub nora nana kang bisa methik yén tan nana nuntunna, norannantuk ngaub miwah amriha kaharjan mangan uwon tan bisa methik pribadi, yén nora  lawan sira.
  49. Léléjemmé nagara yén sepi, wong bérbudi lir kakayon gurda, ragas tan nana godhongngé, apa sillé punniku, pinrih aub nor ngaubbi pinrih wohé pinnangan tan énnak punniku, norana kayungyun mulat tanpa ga[260]wé nyenyengit annennesekki, akéh kudu negorra.
  50. Pandulunné ing manungsa yekti, kakayon kang tan kenna ngaubban tan énnak pinangan wohé, apa gawénné iku, mung sawiji dén go metengngi, sapalé tanpa karya, nistha sajeggipun nuli awekassan rusak iku lire yén praja agung bérbudi, angrengga ing kaharjan,
  51. Praja suwung ing pakarti becik iku awit bérbudi tan nana, sangsaya praja tindakké, ratunné dadi kojur, noran nana kang mamalangngi, gugubras sarta nistha, rusak temahipun karana kang pra pandhita, suminggahé emar mring praja kang sepi, kang tan nana budiman,
  52. Dadi akéh angathik wong jail ngalamatté praja siya-siya, kéh wawadul ing ratunné, amrih alanning batur, iya iku kanggo pribadi, yéku sétan nyuriga, mrih mrih tindak anguthuh, bérbudi adoh angiwa, mung kang ana  kang nora wruh ing sayekti, nora sampé utama.
  53. Nulwa wau Sri Nusirwan Ngadil angaturri marang gurunnira, Kakimbi jamjahurranné, punniku pandhita gung, ingaturran déra narpathi, sami angraossika, surat ingkang rawuh, kang saking para pandhita, sung kaharjan imbuh sukanning bérbudi, pangrojongnging pandhita.
  54. Kakimbu Jarjamhur matur aris kalih prakawis  inggih Sang Natha, kang ngénnak rinnaossaké, wonten bérbudi matur, ingkang éwet pundi Ki[261]yai, Bujarjamhur ngandika, yén nana wong iku, liwat saking amicara, nanging kang dén ucap adoh lawan budi, éwa tanpa pédaha.
  55. Tegessé budi iku sayekti, barang gawé kang nedya raharja, kang tan nedya rahayunné, dudu budi punniku, sétan katon anganggo arit rêrêgedding nagara, talutuh aletuh, latah-alatah awéh prennah, géndéng éblis dén ajak pikara maring, manungsa nganniaya.
  56. Nora ana ing ngalam  donnyéki, luwih gedhé miwah luwih mulya, mung budi kang ngagung dhéwé, mangkana Bujarjamhur, pituturring ngarsa Narpathi, wong bérbudi utama, damar ingkang murub anéng sajronning kaluwat ora ana prihatin sabab lan kardi, ing ngréh kang siya-siya.
  57. Karan wus ngandika Jeng Nabi, utawi Hyang aparing nugraha, mring sagung kawula kabéh, budi nugraha agung, naning ana bedanné kedhik  mung nugrahanning raja, kathah warninnipun tumpa-tumpanning nugraha, sawab ratu sinungngan kinnarya wakil angréh saprajannira.
  58. Angadilli angukum ukummi, dénné kang wong nora dadi raja, nglakokaken polah wadya lit marmannipun tan kenna, iya ratu iku, yén kurangnga budinnira, nora kenna yén anganggo cekak budi, tan darbé pangapura.
  59. [262]Jro sipatul ngukalakitabin ana sawiji mantri utama, Nusirwan Ngadil kang darbé, mongka papatihipun kadi lintang cahyanniréki, saking tan nana kéwran barang prakara wus dén epak anéng tyassira, iya saking tyas kadi musthika mannik dénnya mrih kautaman,
  60. Katon sagung pakaryanning budi, kabéh sadurungngé linampahan Patih Yunnan pangésthinné, karêm panggawé ayu, kuneng Prabu Nusirwan Ngadil ngandika mring gurunya, Kakimbu Jarjamhur, éh bapa sabab punnapa, ing kakasih kathah dadi satrunnéki, arang tulus becikka.
  61. Satruha arang kang dadya kakasih, Kakimbu Jarjamhur aturrira, éh Sang Prabu upamanné, enggén kang ramé iku, yekti kenna rusakka aglis dénné gon dhasar rusak arang kenninnipun yénta dadiya raharja, pan makaten ing ngunni caritanéki, Kangjeng Sultan Iskandar.
  62. Langkung bekti ing ramébunnéki, lawan bekti ing guru Sang Natha, luwih saking wong tuwanné, ageng bektinning guru, wonten mantri kapracayéng sih, umatur paran marma, tuwan sihing guru, anglangkungngi saking rama, Kangjeng Sultan Iskandar Dulkarnaénni, alon dénnya ngandika.
  63. Iya ingsun bekti rama kalih, sabab iya kaurippan ningwang, saking rama ing purwanné, dénné ta guru iku, ambukaken dadalan pati, mring jaman kalanggengngan manpangatting guru, [263] nora kenna tinimbangngan nadyan gunung sagara ing Mesir iki, kabéh dadi emas,
  64. Nora timbang guru sayekti, iya ingkang asung karaharjan ing jaman tanpa wangenné, kalawan malihipun aja gempil sihé ring mami, bapa kenna ngapura, wong durakéng guru, norana kang ngapura, lan malihé pratingkahé donnya punniki, witté nglmu kababar.
  65. Iya saking para pandhitéki, purwanné ana nistha utama, pandhita anggelarraké, dadi wajib siréku, kabéh mantrinningsun bérbudi, wajib padha ambapa, mring pandhita gung, marmanné ana sujana, lan ngulama pandhita ingkang jarwanni, kadya upamannira.
  66. Pandhita sotya sira liya li, yén sosotya tan mawi embannan nora pira digdayanné, miwah embannanniku, lamun datan mawi sotyéki, apan uwis tétéla, tan nana jinnipun Alngulama olkukuma, iya ing wasiyat andikanning Nabi, ngulama lan sujana.
  67. Iya iku pusakanning bumi, marma sagung para raja-raja, sungnga wewennangngé kabéh, marang wawengkonnipun kang wus kocap jronning kitabbin ing sipatul ngukala, wujud manungséku, dadi upama nagara, ingkang ramé kang mongka ratunning budi, dénné mantri utama.
  68. Suku bau pangucap punniki, angujarken ngalang ngakennika, tulis mongka utusanné, yekti wajib ginugu, tulis iku apurwa beci[264]k Kangjeng Bukari iman ing wasiyattipun pasal kang kaping pitulas nyatakaken saratting karatonadi, pan sapupuh praka.
  69. Lamun nana sagung kang para Ji, angliwatti ingkang sarat punika, siya-siya karatonné, miwah ngurangngi iku, dadi pitnah kang karatonnéki, kang kocap sajronning kang, ing sipatul muluk élingnga maring sarira, yénna sisip barang  kang dhawuh ing dasih, kukum angira-ira.
  70. Supayanné annarima nenggih, kang katimbang adillé Sang Natha, aja luwih saking kadté, tepa-tepa punniku, yén ginnadhang pati upami, aja malah nalongsa, annibanni kukum iku ngadilling Naréndra, kaping kalih sarat arêppa Sang Aji , mengnga lawang binuka.
  71. Ing pintunné Sang Sri Narapathi, karanané sakathahing umat aywa mamang pakéwuhé, aywa kadharran wadul aturring wong enggonné drengki, iku agawé salah, graitanni ratu, ratu kang nedya  ngapura, lagi niyat ganjarran wus dén tulissi, padha adegging salat,
  72. Kaol Nabi iblaku sururin wikanmi mukminnin kérun ika, yuwaji akmalalanné, min ngibadatti iku, sakalaén tegessé nenggih, Jeng Rasul angandika, amanjingken-ningsun kasukanning jro punnika, ing ngatinné wong mukmin kang luwih becik saking salatté ika.
  73. Manungsa bodho lan salatting jim salat kaping tiga arêppa[265]na, para ratu pratingkahé, pratingkah kang tinurut saking ratu ing nguni-unni, kang tulus tur budiman kang mannising tembung, legawa kang pari marma, piyangkuhé kang sedhep amerak ati, aja nganggo sarwa mas,
  74. Karana duk amiril mukminnin Sayi Ngali Sultan Kabirring Rat Mahmudin ning wadya kabéh, ing nalika kautus sinnéwaka ing para mantri, sakabat munggéng ngarsa, ngulama dibya nung, anganggé rasukkan luwas kulu-kulu tan montra busannéng ngaji, sabat samya turrira.
  75. Mila Gusti Jeng Nabi Mukminnin abusana tan pantes Naréndra, keluwuk saru tingallé, boten pantes punniku, ing busana kalipah ugi, pan papantessing kompra, nganggéya punniku, paduka kalipattullah, angandika Jeng Sultan Kabir Mahmudin éh sabat wruhannira.
  76. Marmanningsun  iki andhinginni, nganggé kulambi kang lulungsettan darapon punggawa kabéh, aywa lingsem punniku, nganggé lungset pratondha succi, amung satengahing prang, punggawa gung ngagung, sadaya mantri prawira, anganggowa abra murub sarta rukmi, mubyar kang igemassan,
  77. Miwah papangannan kang apait kang sepet sengel kang ngingsun dhahar, darapon punggawa kabéh, aja na kang kumlungkung, angéronni budi lestari, yén anrappaken karya, mring wadya bala gung, aywa arêget maring ing tyas bokmenawa nibanni kang karya sisip tumada [266] sinursila.
  78. Karana kang tumindak prajéki, nistha sedheng kalawan utama, awit saking punggawanné, kurang luwihing laku, ratu iku darma neksénni, nalika nrapken karya, ing wadya lit agung, dén prayitna kang nayaka, ing tibanné aja kongsi kurang luwih, bobotting wawangennan,
  79. Barang karya sajronning prajéki, kang pinnongka papaés punnika, punggawa  ing pakaryanné, dadi seratting ratu, yén nagara patutté becik rêseppa kang angambah, dadi misillipun kaluhurranning Naréndra, luhur iku aparêk kalawan adil pan ana jronning kitab,
  80. Akbarul Muluk kang améngetti, subkannahu ingkang kinasiyan ratu kang asih prajanné, asih ing praja iku, ambecikki sarta lan kitri, rêseppa dén karasan kang awisma iku, aywa tinggal pakebonnan yén wus becik prajanné isinnen malih, bau rêksannen samya.
  81. Ratu ingkang asih mring wadya lit kinnasiyan marang kang amurba, tinnarima ngalamatté, yén kalipattullahu, wakaérun ngankumulladin waummayakitunna, yukibun nanakum  sarrun ngankumulladinna, yabgilunnanakum ing jarwanniréki, kang luwih becik ika.
  82. Para ratu kang asih ing dasih, kinnalulut ing wadya samuha, dénné kang luwih alanné, kang para ratu-ratu, siya-siya maring wadya lit tangéh lamun dadiya, kautamanni[167]pun nistha kaol mantala bawaril wanallahi, éwa pakatanaswa.
  83. Waraliyallahu nganhu nenggih, waarlanasa nganhu punnika, punnika pan sadayanné, kang para ratu-ratu, ingkang amrih rilanning Widdhi, yekti padha rilaha, mring wadyanning réku, assakiyu kabibullah, walbakilu ngaduwullah tegesnéki,  para ratu  kang loma.
  84. Lahir batin kakasihing Widdhi, para ratu kang kumet punnika, satrunning Hyang sayektinné, éh sagung ratu-ratu, kaol saking Imam Bukari, aywa na tinggal nama, ing karatonnipun ratu wakilling Hyang Suksma, ingkang dadi panulakking kang pamuji, ratu kumetting arta.
  85. Sakéhing pamuji tanpa dadi, nadyan ana pandhita saleksa yén asih maring ngartanné, loma iku nununtun pujinning wong tinekan sami, katamanning utama, pinuji pinunjul sanggyanning kang para raja, ingkang loma nang bumi tegessé éling, lamun dadi kalipah.
  86. Kinén andum murah ing Hyang Widdhi, n andum murah ing Hyang Widdhi, yén nana ratu ciptanné murah, nagara benner tatanné, wonten ratu kawuwus kitab sitrul muluk naméki, nama Jeng Sultan Bahram ing Ngajam prajqa gung, méh sédannira wasiyat maring putra kang badhé madeg narpathi, éh bésuk putranning wang.
  87. Lamun sira  madeg narapathi dén angrasa katempuhing wadya, kang sira ratonni kabéh, sandhang lan pangan iku, ka[268]wruhana  saben wong siji, yén wus asimpen dinnar, salawé punniku, mari dadi gawénnara,yén ta durung sira kang wajib ngingonni, yén sira atambuha.
  88. Liwat duraka maring Hyang Luwih, angur sira ra dadi naréndra, nora gégéndhong dosanné, wong sanagara iku, lamun misih sira ratonni, lan becik angapura, ing bala kang luput dénnawas namakken karya, witting gempil wahyunné keraton ugi, tiwas namakken karya,
  89. Dairul muluk kitab méngetti, telung prakara luwih sangetnya, ing praja kacacaddanné, kang para ratu-ratu, karusakkan kaprabonnéki, dhingin ratu kakéyan pangandikannipun kaping kaliyé anggugat ing wawadul wong jail angrusak bumi, lawan ratu yén mimba.
  90. Saking ing jro kitha maring jawi, nora nganggo pusakanning praja, apan kang dadi cacaddé, apa adatting ratu, lamun tannah ing ngatassangin lamun ratu cangkrama, barang karsannipun yén nora nganggo makutha, nora kenna iku sinebut narpathi, darajatté wus sirna.
  91. Lamun ratu-ratu bawah angin ana babadhong ana jajamang, kang wus tambuh ing tuwuhé, barang pratandhanipun ingkang dadi kaprabon  aji, kunneng wonten naréndra, abibisik Kangjeng Sultan Munnurasin ing nalika sinnéba.
  92. Yata wonten abdinné satunggil gawéng [269] dosa mejahi  manungsa, katurring prabu dosanné, kinnén annyekel gupuh, sadhérékké kang dadi mantri, kadangngé kinnén késah, minggat ngilang nglangut kadangngé mantri katempah, wus cinnekel katur ing Jeng Narapathi, wus kinnén amarongka.
  93. Antaranning tri ratri anuli, ingucullan katur ing naréndra, katempuh nora praptanné, kadangngé kang dosa gung, nora bisa dénnya ngulatti, tita dénnya ngupaya, katur ing Sang Prabu, mantri kang  munggéng warongka, badhé katrap katempuh kinnén mejahi, nambelli kadangngira.
  94. Sinnaossaken ngabah annuli, mantri ika kinnén angaturna, mring Sang Narpathi aturré, kawula arsa ngujung, nuhun pamit ing Sri Bupathi, sigra dénnira bekta, ing ngarsa Sang Prabu nulya dénnira ngandika, Sri Naréndra lah apa kayunniréki, kedah prapténg ngarséng wang.
  95. Matur nembah pukulun narpathi, amba punnika ngaturken kojah, ing tuwan kula yektinné, punnapa tuwan sampun pinnaringngan dénning Hyang Widdhi, ing kukum tatambellan anambelli  lampus amung pamirsa kawula, ingkang sampun  kesah paduka tampénni, sagung kawulanning Hyang.
  96. Sanagara paduka adilli, ing satuhu lawan ukummolah, kang dosa pati pinnatén liyan saking punniku, amba déréng myarsa sayekti, dhawuhipun kang ngayat saking Hyang Kang Agung, kawula miyarsa ayat kadi-kadi kalintu paduka a[270]ji, kukum tuwan kalipah.
  97. Latajiru wajiratu nenggih, wijra ukraha pan kang punnika, tan kenna nambelli ing réh, menggah tanggung tinanggung, tutunggangngan liya jesmanni, yén tuwan angetrapna, ing ngamba pukulun punnapa boten duraka, sru gumujeng Jeng Sultan Makmunurrasid si kojah luwarrana.
  98. Mila kang sagung para narpathi wajib akarya jaksa prawira, luwe mannis wicaranné, darapon para padu aja esak katiban adil sarat kang kaping lima, ratu aja bendu, anrappaken kukum sarak aja kongsi angliwatti anglaranni, sajronning patang dinna.
  99. Lamun katrap-katrappa tumuli, lamun nora nuli linuwarran sajronning patang dinnanné, sarat kaping nemmipun ratu wajib ngilangna  aglis sagung kang nganniaya, nganniaya atur  iku talutuhing praja, wong pannastén pati opén iku jail rêrêgedding nagara.
  100. Kitab palailus sayatinni, saben-saben Hyng Suksma annitah, ing para ratu sakéhé, ala lan becikkipun saben ari ngaturken tulis sagung kang malaékat juru kutubatun miwah wongngé juru karya, para raja kang kinnén namakken kardi sadaya sinurattan,
  101. Lirring ratu musthikanning bumi, yén abecik; yén rati niaya, sirah ingkang dosa gedhé miwah punggawannipun kang nurutti panggawé lalis iya sirah ing dosa, miwah kang nununtu[271]n mring ratu mrih kabecikkan iya iku punggawa munpangat dadi, sirahing kabecikkan,
  102. Cincacahken kang dipun ratonni, lamun kang akéh kang ala kuala, kedhik kang becik  lakunné, iku tiwassing ratu, ginnéndhongngan durakanéki, yén arang wong duraka, ratu kang ginunggung, mila ratu kuwajibban anglaranni matvnni marang wong drengki, mring kang laku dursila.
  103. Karanannv sagungnging wadya lit kang kalebu ing karatonnira, kang akéh salah lakunné, sagungnging para ratu, wawalessé mélu nampanni, yén ala melu ala, ya ing kukummipun yvn becik ya mélu tompa, ganjarranné agung tan kenna winilis lan turun kawirêjan,
  104. Sarat kapitu ingkang para ji, angsungnga wennan mring pra pandhitha, andhatengngaken kojahé, lawan winnennangngipun ing satata gonné alinggih, welassa ngurmattan, sagung para ratu, marang pandhitha ngulama, iku ingkang karya sampurnanning bumi, wonten ratu kinonndha.
  105. Nagri Karsan Jeng Sultan Ismangil saben-saben tamiyan pandhitha, yén pamit angeterraké, ing pitung kaki wangsul wus mangkana kuthanné arsa dén nambil mring para ratu liya.
  106. Kinnarubut arsa dén perangngi, kinnepung wakul nagarannira samya ratu gedhé-gedhé, tur [272] ratu punjul-punjul nora bedhah Karsan Nagari, wadya sjronning kitha, tan nana kang metu, wong siji tan nana owah, sinung ngayen tan nana ingkang kuwatir, nglawan saking kutha.
  107.  Mungsuhira Sultan Ngabdul Majid pangedhénné pan Sultan Bukahar, tampa wilangngan balanné, samya kaku tyassipun dénné mungsuh nora ngladénni, maksih angéca-éca, munggéng jro kithéku, lawan sagung balannira, nulya ratu panggadhé ingkang kakalih, nenedha ing Hyang Suksma.
  108. Kasorrênna nagri Karsanniki, Sultan Ismangil nuli  telukka, wonten swara kang saking éb éh wurungngenna iku, sira mungkuk Karsan nagari, mongsa kenaa kalah, nagri Karsanniku, Sultan Ismangil katrima, turun pitu tan kenna yén dén selanni, karaton nagri Karsan,
  109. Iya dénning Sang Prabu Ismangil kurmat asih mring para pandhitha, iya iku pamalessé, nulya ngundhangngi gupuh, ratu ingkang panggedhé kalih, ambubarrakenbala, kebut kang angepung,  samya mundur séséwangngan kang mengkona mila para ratu wajib sih mélu mring ngulama.
  110. Déné wenangna satata alinggih, aywa kadi punggawa amonca, ngulama saselirranné, mungguh kang Maha Luhur, iku sor-sorranné para ji, sabab ginnawé mulya, déra Hyang Kang Ngagung, mangkona malih kinnojah, ing ngakirré turassé Sultan I[273]smangil wusnya turun kasapta.
  111. Nagrinnira wus kenna dén nambil mring turunné Sultan Abu Bakar ing turun pitu kennanné, nagri Karsan punniku, dénné Sultan Ngabdullah Tahir, lami dénnira aprang, karana punniku, Sultan Bubakar ing kinna, annenedha ing Hyang kennaa angngambil ambuwah nagri Karsan,
  112. Nalika Jeng Sultan Ngabdul tahir, antuk karan nagari Karsan mantrinné sumuyud kabéh, suméwa sadaya wus agung ngalit Karsan Nagari, amung ta wong papat kang, tannarsa punniku, aséba ing Sultan annyar, mantri roro lawan ulama kakalih, tannarsa papanggihan,
  113. Sultan Ngabdul Tahir sinniwi, angandika mring mantri panuwa, sapa wong kénné aranné, kang durung sumiwéng sun kang dinnangngu matur wotsari, inggih amung sakawan ingkang déréng rawuh, ing ngarsa paduka natha, mantri kalih lawan pandhita kakalih, maksih kéndel kéwala.
  114. Angandika Sultan Ngadul Tahir, lamun mantri sira timballana, yén ulama sakarsanné, ingsun manggihi bésuk mring wismanné apan ta wajib kurmat asih pandhitha, sagung ratu-ragu, nanging mantrinné kéwala, timballana praptaa ing ngarsa mami, pan ingsun arsa mulat,
  115. Tinnimballan mantri loro prapti, Nawir Katib lawan Darisalam sungkawa pasang semunné, ngandika Sang Ngaprabu, é pagénné mantri kakalih, sira tannarsa séba, mring nga[274]yunnanning sun mengko sira iku prapta, sun timballu ulatmu banget prihatin lah apa karannira.
  116. Nora ngimannaken sira iki, iya  marang ingkang karatonning wang, mantri kalih aturré, mila tan prapta ulun dédé tuwan kang damel mantri, ingkang amulasara, ing kawiryan nagung, pan inggih ratu kawula, saturunné inggih Jeng Sultan Ismangit kasor prang saking tuwan,
  117. Nagri Karsan paduka kang ngambil yén kawula nuli sumawita, ing tuwan dadi munnapék kawula pan déréng wruh, inggih tuwan  déréng becikki, dhateng ngawak kawula, milanné pukulun yén amba sumawitaha, punnapa ta ilang wong agawé becik pan ratu anom Karsan.

Bersambung Pupuh XXII

SERAT TAJUSALATIN Bag. II


SERAT TAJUSALATIN Bag. II
Pupuh XIII

DHANDHANGGULA

  1. Kang sinebut ing Ngimam Bukari, aja ucul sagung para raja, ambahu rêksa  prajanné, miwah saisinnipun pira-pira pangkat winnarni, ana ing dalem nuskah, Imam Bukari wus  angrusak sagung kaharjan karahayon kamulyanning ngawallakir, myang wuwuh ing darajat,
  2. Kang sampurna  kang nikmatting ngakir, nugrahanning marang wadya-wadya, praptanning daulat kabéh, tur agung wantu-wantu, ing sarira sihing Hyang prapti, mashurring pramudita, sagung ratu-ratu, rahayu prajannira, ngatasangin miwah nagri bawah angin wahyu kang wruh ing tulad,
  3. Tumuladding réh Imam Bukari, kang kasebut jronning kakarangngan Imam Bukari anggitté, kakasihing Hyang Luhur, pandhitha gung karilan saking, babonning para raja, terahing pitutur, sagung sagung kawulanning Ngallah, uma[125]t rasul kang tinnitah gung para Ji, tan kenna sumimpangngan.
  4. Sakinh kaoling Imam Bukari, kang wus kanggo dénning para raja, kang ngaluhur darajatté, wingit karatonnipun tumpa-tumpa sihing Hyang prapti, nedya ambuwang arta,  wekassanné wuwuh, bulu bekti pirang praja, kang anganggé pratingkah Imam Bukari, mulya dunnya ngakérat,
  5. Nadyan sagung para ratu kapir, kang miyarsa ing kojah punnika, Imam Bukari kitabbé, ing nganggé ratu-ratu, bawah angin ing ngatas angin nadyan wit ratu nistha, nganggé dadya luhur, pannagung dénnya munpangat supangatté ngangé réh Imam Bukari, nagari temah arja.
  6. Santo sarja ing karaton-nadi, wonten malih kitab ginupit, palilatul ayam ranné, saking kang para ratu, nora nana kang dén wajibbi, amung ngadil lan murah, mung parlunning ratu, sampurnanning para raja, sarta bala sampurnanning bala nenggih, sarta kalawan dana.
  7. Ing tarikul umum kocap sami, kang wus mashur ing karatonnira, Jeng Nabi sapiyullahé, putra gumtya Prabu, sasédanné putranaméki, bagéndha Kayumarat karatonné punjul anrus adil palamarta, pan limangngatus warsa.
  8. Sasédanné Jeng Sri Narapathi, Kayumarat kang madeg Naréndra, Sultan Wusngaha namanné, ing tigang ngatus taun arja nagrinnipun Narpathi, angréh ing [126] para raja, pira-pira ratu, sédanné Prabu Wusngaha, kang jumenneng Sultan Tuhmurah naméki, pan sangangngatus warsa.
  9. Dadi pipintonning para Aji, Prabu Tuhmurah agung wisésa, ajeg adil tur martanné, pakartinnira punjul widagda gung amangun jurit pratingkah luwih éndah, rumekséng wadya gung, purwanné ana senjata, warna-warna Prabu Tuhmurah kang kardi, wignya pakartinning prang.
  10. Sasédanya nenggih kang gumanti, Sultan Nujam pitungngatus warsa, raja taréh paparab néki, purwanné ana jaran kakambilan iku, miwah palananning gajah, sarupanné sato kenna dén titahi, awit saking Sultan Jam,
  11. Kang ngakarya palananning ngésthi, miwah abah-abahing turongga, Sang Jam kang duwé panggawé, lawan panganggittipun wuwuh ingkang gagaman jurit saking Prabu Tuhmurah, kathah wuwuhipun warnanning prang, ratu punjul sampurna karatonnéki, lir wananning busana.
  12. Pélag-pélag tur ngébattébatti, saking Masrik lan mahrip punnika, kang tinulad pakartinné, sédanné Jam punniku, ginannti kang madeg Narpathi, nama Sang Prabu Lakak Dawi Kusén niku, laminné madeg Narédra, Prabu Lakak Dawil Kusén  laminnéki, pan patang ngatus warsa.
  13. Kirang karo tengah dinna nenggih, saking patang ngatus taunnira, Raja Lakak Dawil Kusén wawe[127]kking praja gung, lalakonné kang bumi-bumi, wus karsanning Pangéran adeggipun ratu, Lakak Dawil Kusén nika, purwannipun ana racun darubeksi, bubuk lan lengnga tedhas.
  14. Raja Lakak Dawil Kusén  nenggih, kang akarya purwanning wong cidra, wit kamandaka ananné, kalawan tuju teluh, Lakak Dawil Kusén kang kardi, gung ngulah parécéttan tannana kadyéku, babaonning ratu niaya, Raja Lakak Dawil Kusén miwitti lir, tinurut sapangandhap,
  15. Wiwittan angapus-sapuissi, ambubujuk sagung laku cidra, Raja Lakak Dawil Kusén langkung gegedheg cukup Islam katon upamnéki, lamun tan nganniyaya, awake alesu, dadi sirahing duraka, marmanipun sagung kang para Narpathi, aywa cidra niyaya.
  16. Tinunggilken siksannipunbénjing, sakathahing ratu nganniyaya, lawan Lakak Dawil Kusén sésanné ratu iku, namannipun kang gumantya Ji, Prabu Apradunnika, limang ngatus taun jennengngé winangun ingkang, kabecikkan pala cidra dén cuwangngi, jagad salin wasiyat,
  17. Amangsulli pratingkah kang becik karahayon kamulyanning praja, adil kang winangun maléh, Maha Prabu  Apradun angulihi panggawé suci, anggung abondayuda, lawan ingkang manut sagungnging kang raja-raja, kang ngatulad Lakak Dawil Kusén ngunni, ramé ginnitikking prang.
  18. Dadya arja praja –praja malih, para ra[128]tu kang anganggo ika, tingkah Lakak Dawil Kusén anggung sinatru-satru, dénning para ratu kang becik marma kathah paperang, awit saking iku, sami rêbat kaluhurran sasédanné Ratu Jam ingkang gumanti, Sang Prabu Manujahar.
  19. Laminnipun madeg narapathi, satus lan tri dasa warsa, Sri Manujahar jennengngé, karahayon winnangun angluluri panggawé becik marang pandhita mulya, rinnaket sakayun sagung ngulah pamicara, wong bérbudi kang kinathik siyang latri, mring Sultan Manujahar.
  20. Angnglahirken gungnging pakarti, solah bawanné éndah-éndah, Sri Manujahar jennengngé, sédanné ratu iku, kang gumanti Sri Nudaruwin laminné madeg natha, Nudaruwin Prabu, patang taun tigang  condra, langkung arja nenggih Sultan Nudaruwin sédanné kang gumantya.
  21. Prabu Aprisiyan laminnéki, jennengngira kalih welas warsa, Raja Katkala parabbé, luhur darajattipun kaprawiran amangun jurit anggung kurmatting wadya, kang prawiréng kéwuh, miwah bérbudi wicara, kang kinnathik anggithik praja lan pikir, arang katekan ing prang.
  22. Akéh nungkul sagung kang para Ji, saking kaluhurranning susila, bérbawa gung leksananné, sédanné ratu iku, kang gumantya namannira Ji, Nurabbab Nutiamah, antuk tigang taun lawan punjul wolung condra, ing jennengngé annyukakaken wadya [129] lit nagarannira arja.
  23. Sasédanné Tiamah Narpathi, kang gumatya Sang Prabu Kistagab Ibnu Sulthan Jat laminné, ing wolulikur taun lalakonné murahing bukti, agung annyebar dana, karatonné punjul sasédanné kang gumantya, Sulthan Ngabat satus taun laminnéki, lan kalih dasa warsa.
  24. Lalakonné karatonniréki, anduduga samoanning wadya, ingundhakkaken nikmatté, rumeksa sabiyantu, lawan sagung mantri Bupathi, parayitna rumekséng rat myang saisinnipun angatuttaken wong tukar, nagri arja sasédanné kang gumanti, Sri Kawus namannira.
  25. Karo belah warsa laminnéki, ing jennengngé raja Kawus ika, ing karaton lalakonné, amat ginawé luhur, trah wong ngagung ginnawé cilik trah wong papa kinnarya, punggawa gung ngagung, akéh rêtunning kangjagad sasédanné Raja  Kawus gumanti, Sang Prabu Kikhasrawa.
  26. Sawidak warsa laminniréki, ing jennengngé Prabu Kikasrawa, winnangun karahayonné, asih ing pandhitha gung lulut marang sagungnging dasih, pulih nagari arja, sasédanné iku, gumanti Raja Lahrasab lalakonné angulihaken ning-ngunni, wit ala mulih ala.
  27. Wit wong cilik mulih maring cilik rêmbessing madu kang trah kusuma, wiji gedhé mulih gedhé, madeg rong puluh taun rêmen ambubungah wadya lit [130] nugrahanning kang wadya, arja prajannipun sasédanné kang gumantya, Ratu Agung satus taun jenneng néki, lan kalih welas warsa.
  28. Bisikkannira Sri Narapathi, Sulthan Bahman Ibnu Asngadaya, ana dnné lalakonné, anggung mangun prang pupuh, sih ing wadya kinnati kati, langkung binnau rêksa, sandhang buktinnipun sadaya ginula wenthah, prajuritté miwah punggawa bébudi, kang ngulah pamicara.
  29. Pinnasrahan tur kinulit daging, tuwin para manggalanning ngaprang, sinung saparibawanné, tetep prawirannipun kathah para ratu sumiwi, mring Sulthan Asngadaya, sugih bala ratu, saking bér prawiratama, paramarta sanget baurêkséng ngalit Sang prabu Asngadaya.
  30. Putranné mung pawéstri satunggil Sulthan Bahman Prabu Asngadaya, Umanné Sumar Maranné, sédannira  Sang Prabu, putra éstri madeg Narpathi, Prabu Dewi Umannéka, Sumar Marannipun medeg tigang dasa warsa, langkung ngarja tannarsa summimpang ngidin ngluluri ingkang rama.
  31. Kalabettan kang rama ing ngunni, Sulthan Bahman Ibnu Asngadaya, sinnebut kaluhurranné, mashur sampun pinunjul Prabu Déwi madeg Narpathi, wusnira tigang dasa, warsa jennengngipun Sang Prabu Déwi akrama, sampunnipun sacumbana Prabu Déwi, nenggih lagya sapisan,
  32. Nulya kakungngé pinnetak aglis Rêtna Prabu Umanné Sumarma, madeg Prabu wadon baé, lajeng wawrat Sang Prabu, mung [131] sapisan dénnya karonsih, lan pekir angumbara, kramannipun wau, wawrattan sepuh ambabar, miyos jalu diwasa madeg Narpathi, nama Sang Natha Darab,
  33. Ingkang ibu maksih anengganni, Rêtna Prabu Umanné Sumarma, bawanni ing putranné, Prabu Darab punniku, karatonné prawiréng budi, anggung amrep nagara, kang pinrih anungkul atur bulu bektinnira, mung jennengngé pat belas taun ngemassi, nanging sampun puputra.
  34. Wus diwasa adeggé Narpathi, apaparab Prabu darénusa, Dara Ibnu Radat ranné, akéh nagari nungkul ingkang Ngéyang misih nengganni, Prabu Déwi Umannéka, sumarma punniku, sawussira rolas warsa, karatonné sédanné; kang gumantya Ji, apan wong liyan bongsa.
  35. Nama Kaum Ki Muluk TawaiF karatonné mung telulas warsa, ing ngambil wong liya maléh Askanniyan punniku, kang angendhih Muluk Tawaif Sang Prabu Askanniyan mung sapuluh taun nulya ingendhih punnika, nama Yusak Ibnu Urmazan gumanti, telah Kaling Galiyan,
  36. Ingambil malih karatonnéki, saking liyan Yaddzakir namanya, sirna wau satedhakké, Omanné marméku, kabéh samya dadya wong cilik sawiji datannana, pantes madeg Prabu, tedahak Omanné Sumarma, awit saking kethaha Sang Prabu Déwi, Sang Umanné Sumarma.
  37. Mila dipun-némut kang para Ji, yén wanudya apeksa cumang[132]kah, ngalamat sirna wijinné, wiji karatonniku, nora kenna dipun nisthanni, samongsa nindakkana, ing kanisthannipun wus pasthi dadi ngalamat karusakkan sirna wijinning Narpathi, satemah dadi papa.
  38. Ratu ikuméh jisim rokhanni, nora kenna gawé tindak nistha, ngapeské marang tedhakké, tan kenna dadi ratu, wus kinnebat maring Hyang Widdhi, wahyu karatonnira, punniku rinnacut yén anggung tindak utama, saturunné malah wahyu dén wuwuhi, luhurré kang darajat,
  39. Éling-ngéling sagungnging bérbudi, sagung wong ngolah pamicara, dén samya rumeksa kabéh, maring kannisthannipun dén angéman marang para Ji, sujana kang minnongka, sasakanning ratu, yogya wruh nistha utama, yén wong bingngung kumprung angrusak nagari, tan wruh nistha utama.
  40. Lan malihé sagung kang para Ji, aywa ana kang atinggal nama, Imam Bukari welingngé, wong nama becik iku, agawéya pratingkah becik yén wong atinggal nama, amikul dosa gung, dosanné pan rong prakara, kang sawiji kang tinggal namanné becik kang ngadho ing kutubah.
  41. Pan wong nedya nganggo nama becik miwah dénné anggluri munpangat sinukup becik niyatté, yén ala tindakkkipun langkung sanget dukanning Widdhi, yén wong anama ala, becik tindakkipun wong ical nama utama, kang mangkono agung nugrahanning Wi[133]ddhi, padha sidkah sirsira.
  42. Upamanné yén binnasan Jawi, yénnana wong nama Kertisuta, teka nuli wadat baé, apan ta nama iku, sayektinné kerêb arabi, iku wong tinggal nama, abecik tinnemu, yén wong tinggal nama ala, yénnana wong  anama Ki Salim Musliman nuli laku durjana.
  43. Iku tinggal nama kenna sarik sbanjurré wong iku keparat musibat dén karêppaké, kayata pamannipun nganggo nama Rahman lan Rakim nuli alaku siya, kumet artannipun iku kang ngatinggal nama, luwih ala pan Rahman Kala;wan Rakim asih kalawan murah.
  44. Dosanné wong tinggal nama nenggih, tinunggilken ratunning duraka, Raja Lakak Dawil Kusén pan lapal kang wus mashur, yé lajayaka ismihi, wong ngiku nora owah, kadya namannipun nama kang ngabecik uga, agawéya pratingkah ingkang ngabecik aja atinggal nama.
  45. Siksanning wong tinggal nama becik ilang urippé sajronning pejah, sikara marang badanné, kaya namanning ratu, nora kenna yén dén sasami, anganggé Ngadurrahman yekti murahipun wong cilik tan bisa murah, yén mumetta nama kang bonda kalanni, dosa atinggal nama.
  46. Nama iku yekti pratandhanni, pakumpullan rasa lan nugraha, kang nguwuh dadi pujinné, marma Sang Pandhitha  gung, apaparab Imam Bukarai, Pandhitha wicaksana,  lulungsurranné [134] duk anom dadi Naréndra, tuwa-tuwa dadi Pandhitha linuwih, walios wahyu kobra.
  47. Basa Imam budinning narpathi basa Bukari iku sagara, amengku réh sakabéhé, ala becik kacakup kang minulya Imam Bukari, apan pasemonning Hyang, musakanning ratu, rumekséng réh sabuwana, katartanton ratu sakurêbbing langit salumahing bantala.
  48. Teteppa karya Imam Bukari, kunneng pasal ingkang kaping sanga, wonten gupita artinné, mungguh para ratu, kang ngatinggal ing nama becik Aspahanni nagara, bisikkanning ratu, Sang Prabu Dilkarim Kobra, luwih agung luhur karatonnira di, tuwin gungnging kagungngan,
  49. Kéh pra natha sasaminning ngaji, asok bulu bekti pira-pira, nagri munggéng sor kukummé, tur ratu agung ngagung, kang kasabban dhadhamparnéki, Sulthan Dilkarim Kobra, ana semunnipun ing praja kirang pariksa, duksaman Narpathi mijil tinnangkil ngundhangngi wadyannira.
  50. Karya maligé jaban nagari, kang polattan kidul kulon wétan miwah lor adoh bulakké, maligé kang ngaluhur, karsannira Sri naraphathi, angirabbaken bala,kang ngadoh kadulu, sagung pramonca Dipatya, tri gumuruh jawi kitha nambut kardi, maligé sasaossan,
  51. Kannan kéring miwah ngarsa wuri, rinnejekkan samya rinnakittan minnongka lalatar ka[135]béh, myang kang mongka lun-nalun pasamohan wadya para Ji, maligé rinnarêngga, abratulya murub winnarna ing pupulassan langkung jembar kang badhé panggénnan baris mangkana cinnarita.
  52. Wonten omahé wong nini-nini, luwih nistha malarat kaliwat tannana anak putunné, ingkang yogya tutulung, ing pangnganné sadinna ugi, miwah ambennerrênna, ing wisma méh rubuh, tarocoh dhoyongngé ika, tanpa lawang yé dalu mung dén sangkrahi, ing kayu réréncékkan,
  53. Binubrahan dinnohaken sami, dénning wadya kang ngannambut karya, rêmek sagung dadannanné, kaprennah sandhingngipun lan maligé kang dénnadeggi, asaru yén misiha, milanné ginempur, wusnya dadya maligéndah, tur uningnga Sang Natha siyaga mijil lawan sagarwa putra.
  54. Myang sagungngé prawira abaris tan pétungngan gungnging bala kuswa, sarta warnanning pangnganggé, ujwala méh sumaput Sang Hyang diwangkara méh agring, karobbanning busana, sumunnar andaru, Sang Natha minggah sagarwa, saha putra mring panggung; gung maligya di, mulatting baris samya.
  55. Osikking tyas Naténg Aspahanni, tuhu agung ing karatonning wang, sapa ratu kang sawennéh, anongga bobottingsun saking gungngé prawira mami, wus akéh para raja, kang nembah maringsun mangkana kang kawuwussa, nini-nini omahé kang dén bu[136]brahi, kang késah ngambil pangan,
  56. Karsanning Hyang sakit anéng margi, lagi sakéca nenggih sednyanya, mantuk anggawa berassé, awake misih lesu, berassira binutel jarik lan kayu réréncékkan kang cinnangking wau, lan buntellan jangannan prapténg wisma sedya nuli mamatengngi, dupi prapta ing prennah.
  57. Wismannira tannana kaéksi, katon baris ageng ambarannang, lan malih ana maligé, punnika kang jinujug pan prennahé awismanné ngunni, wong kang jajarri mulat annyentak anundhung, éh nini sira lungaha, aja parêk lawan gonning Narapathi, nini tan mojar.
  58. Awor sayah pangungunniréki, dyan jinnoroggaken mring wong kathah, rubuh kagulung awake, kenna récékkan kayu, babak bundhas awak wor getih, tannantuk asasambat pan ginulung gulung, nangis nenedha maring Hyang, ya ilahi kang ngagung Kang Maha Suci, kawula tulungngana.
  59. Ing kawula tuwan kawassasih, dénniyaya mring kawula tuwan Sultan Dilkarim Kodranné, kang niyaya kalangkung, sapa sinten amba sambatti, liyanné saking tuwan kang ngakarya iku, suker gampangnging kawula, lah walessen  ratu tan parikséng cilik niyaya Karim Kobra.
  60. Tangngéh ucappén dénnya kaswasih, nini-nini misih gugulungngan gugubras rah sariranné, ana swara karungu, nini tuwa tangngiya aglis [137]  Hyang Suksma apannarsa, dhawuhken bebendu, mring Sultan Dilkarim Kobra, samantrinné sawadya punggawannéki, awit dosanning raja.
  61. Nini tuwa kagyat nulya tangngi, dyan lumaku rikat sebuttira, ana jumegur swaranné, lemah winnalik sampun enggonnipun wadya kang baris miwah gén Sang Naréndra, kinurêpken sampun sarta tinniban dahana, abusekkan gégér tan kenna sumingkir, kinnepungnging dahana.
  62. Tanpa rungyan sasambatting tangngis ngétan genni angidul pawaka, angulon pepet kukussé, angalor muntab murub mumbul-mumbul kasabban bumi, ana swara kapyarsa, éh-éh Sang Ngaprabu, Aspahanni Karim Kobra, lah sandhangngen iku dudukanning Widdhi,awit wong tinggal nama.
  63. Lan niyaya tanpa rinekséng cilik léléda sira dadi kalipah, mengko samonno dhawuhé, bebendunning Hyang Ngagung, awit saking wong nini-nini, Sultan Dil Karim Kobra, annangis anguwuh, bumi ingsun nungkabban, ingsun tibat sun nandil parikséng cilik lah agé ungkabbana.
  64. Ana Pandhitha nujum satunggil patarénné Sultan Karim Kobra, amba nuwun ngapunten nuli, kalangkung tan kawawa, tinubruk ing kukus amba boten tumut dosa, sapolahé kang wulang gung mamalangngi, mring Sultan Karim Kobra.
  65. Nanging ngawis ginni a[138]wak mami, wanti pitutur kawula, nyegah salah dadadénné, swara iku sumahur, ya pagénné sira tunggonni, Sultan Dil Karim Kobra, niyaya kalangkung, nora kanggo tuturira, nora lunga tekan nagri Aspahanni, sira Pandhitha delap,
  66. Ratu niyaya sira tunggonni, mengko sira kuduha sasambat malah wuwuh musibatté, sira Pandhitha bingngung, gelem tunggu ratu tan yukti, lah mengko rasakenna,  duduka kang dhawuh, kukus lan genni kang ngrebda, bumi geseng wus sirêp swaranning tangis tumpes wong sanagara.
  67. Ingkang sami ngiring Narapathi, wong sawiji tan nana waluya, pinnangnganning kukus kabéh, cinnatur malih dalu, sasambatté wadya kang nangngis kalawan tigang siyang, sirêp tumpes tumpur,wadya kang kari jro kitha. Misih wutuh karatonné wus ingambil mring pekir angumbara.
  68. Malah ing mangké misih katawis nagri Aspahanni jawi kitha, krowok winnalik labétté, lan misih ana kukus ingkang mijil saking jro bumi,  malah dadi lepiyan ratu kantun-kantun ing Aspahanni nagara, ratu kenna bebendunnira Hyang Widdhi, Sulthan Dil Karim Kobra.
  69. Jronning kitab tanjoh wus kawarni, lamun niyaya iku kawilang, sajus  ngapisarakanné, mongka naraka iku, ngendi ana naraka nenggih, basa aran naraka, cilaka kang marganning cilaka iku wiwittira,  iya saking panganniayan-[139]niréki, iya iku naraka.
  70. Wong kang kurang pamicaranéki, yéku ingkang kanggonnan naraka, tan wruh benner lan luputté, basa niyaya iku, ingkang nama naraka yekti, gegedhénning cilaka, wong nganniayéku, ing ngunni duk bumi ajam ana ratu prakoswa gung wadyannéki, nanging liwat niaya.
  71. Ing ngadilli Sang Raja Dakir, Ibnu Sahir karêmmingcilaka, rêmenniaya tegessé, wor sagung ratu-ratu, bawah angin akéh kajodhi, anuju sinniwaka, Sang Prabu Yaddakur, ana kang turongga prapta, jaran-nijo gégér cingak kang annangkil kinnén anyekel samya.
  72. Marang para mantri kang annangkil ing ngadhangngan kidul minger ngétan cinnegat kulonna ngalér, kabéh gawog andulu, léléwenné turongga wilis sarta bagussing warna,  jonné amirut meleng-meleng kadi kaca, suwé-suwé kuda mrepekki Sang Ngaji, dhépés anéng dhadhampar.
  73. Suka ngakak gumujeng Narpathi, sru ngandika kasarwi nyandhak kuda, ing ngelus-selus jompongngé, dulunnén solah ingsun awit saking pangngwasa mami, cinnekel nora kenna, marang mantrinningsun paran dénné mara dhawak pan andhepés néng sorring dhadhampar mami, malaku tinunggangngan,
  74. Payo gamel mundhutta kakambal kambil dhahar kang dinut amesat datannantara praptanné, ngandika Sang Prabu, kamba[140]l lan ingsun jennengngi, lamun iku adoha, lawan jenneng ingsun sayekti iku lumajar, amung ingsun gustinné turongga iki, saking gaib duk prapta.
  75. Ngendi ana ratu kaya mami, lagi niyat amukul nagara, sun arsa aperang ramé, nulya na kuda rawuh, saking gaibpélak kang warni, wadya sadaya nembah, lerêsSang Ngaprabu, tan wonten kadi paduka, sawussira kinnapan tedhak Sang Ngaji, arsa anyéngklak kusa.
  76. Lagi nyandhah apussé sisih, dyan sinnépak jarannira pecah, niba galadrahan baé, dhinupak sirahipun andaladak rah ira mijil turongga sampun musna, kakambillé kantun kuda iku malaékat pan gumuruh géghérré wadya kang nangkil retune sampun pejah.
  77. Jro kadhatun sampun dénnisénni, ratu saking wong pekir ngumbara, kabéh nora wruh jamanné, ratunné salin sampun liwat adil pekik kang warni, Yaddakir ratu lawas patinné akuthuh, sarta mati siya-siya, wus mangkana ratu kang nganyar gumanti, Sultan Saépurijal,
  78. Angundhangken paparéntah salin ambuwangngi wasiyat kang kunna, kala Yatdakir jennengngé, mengkonno artinnipun éling-ngéling samya dénnéling sagungnging para raja, ing saoungkurripun yénnana ratu nalaya, lawan adat pikirré nganyar-ranyarri, bakal mijilanna rusak,
  79. Tinungkulken iku maring ibis [141] ambubungah lawan kaluwihan sirik sikir kang dénnanggé, sakéhé wong kang luput kang sumimpang wasiyat Nabi, iku padha ginarap andhendhami runggul yén mengkonno para raja, nora arus ngémanna wiji kang kari, rahayu maklumming tyas.
  80. Kaping sadasa pasal winarni, anyataken ratu akarya, kahannanning ratu kabéh, awit kamulyannagung, lamun ratu asugih mantri, bérbudi wicaksana, pamicara alus lan ratu nora sampurna, lamun nora sugih mantri kang ngabecik mongka busanéng praja.
  81. Jroning kitab sipatusalatin wus sinnebut lamunnana raja , tan jumenneng karatonné, ing karaton satuhu, lamun datan adarbé mantri, bérbudi wicaksana,pamicara alus karana mulyanning praja, kaluhurran darajadding ratu pasthi, wit saking pamicara.
  82. Wajib akarya mantri bérbudi, pamicara sagung para raja, polattan ing pakartinné, kadya caritannipun Nabiyulah Musa linuwih, duk kinarya kalipah, nenedhéng Hyang Luhur, lapal wadngali wajiran jronning Kuran  min ahli harunna aki, tegessé kang punnika.
  83. É; ya gusti kang ngamaha suci, tuwan dadossenna kadang amba, pun Harun mantri papatéh, tinnariméng Hyang Ngagung, iya Harun mantri Papatih, kadangngé Nabi Musa, pamicara alul marta paribawa tama, bijaksana na[142]nging wicaranning ririh, béda lan Nabi Musa.
  84. Nabi Musa keras miyatanni, tatag tanggon prawiréng ngayuda, gedhag-gedhig pambekkanné, harun kaliwat alus marma kadhang géséha kedhik yén ta sampunna kadang, kaping kalihipun wus tinnedha mring Hyang Suksma, lamun Harun dadiya mantri Papatih dadya mupus kalihnya.
  85. Aywa mungguh ratu ngunni-unni, lamun nora miliha manungsa kang kinnanthi karatonné, jronning kitab adabul wijro sagung para Narpathi, wajib angupayaha, mantri kang panuju, bérbudi ulah wicara, sampurnanning ratu pakartinning mantri, tan kenna anggagampang.
  86. Lan sing sapa sagungnging para Ji, annindakkaken barang pakaryan kalawan karsanné dhéwé siya-siya satuhu, lamun nora sarta lan mantri, kang putus para mantya, myang nayakannipun nadyan Kangjeng Rasullullah, ratu luwih barang karya misih tari, mring kang  para sakabat,
  87. Miwah liyanné samya tinnari,kang nayaka datan kaliwattan  nadyan dhayoh upamanné, tinnari prakaréku, ambarêngngi iya tinnari, marmannipun mangkana, nenggih Kangjeng Rasul sampun kadhawuhan-nayat kinnén samya musawarat barang kardi, marmanné linnampahan,
  88. Rasullullah punniku linuwih, karatonné apan wus sampurna, tanpa timbang sayektinné, duk ayat dhawuhipun wasawirhum kulupi amin pangandi[143]kanning suksma, yata kaish ingsun tatarénna barang karya, nadyan sira wus bijaksana bérbudi, sun sungngi wahyu kobra.
  89. Aywa nora tari barang kardi, anicara kalawan sakabat miwah umat saananné, annimpenni takabur, mila para ratu ing wuri, wajib angupayaha, mantri ingkang ngalul pamicara bérbudiman wruh ing ngélmu karaton nulag praja di, sayekti nora kenna.
  90. Ratu kalipahé ngréh ing bumi, lamunnora ana wong micara, sétanné ngadhep tegessé, mengnging tatarén iku, angulurri pikir abecik ing wiwittan kéwala, amimindha wahyu, aja kudu tatarénna, ingsun ratu wus sinung akal pribadi, apa gawé nyanyambat,
  91. Apa gawé ngathik wong bérbudi, sun angathik wong bodho kéwala, ingsun bisa minterraké, mengkono pamrihipun yén sampun nampik sujana, myang pandhita atinné karêmming singkir pasthi ngalamat rusak,
  92. Untungngi sétan godha para Ji, tiwas sétan anggodha, ratu bakuh agamanné, apanten kenna banjur, lalakonné prja  basuki, liyanné dén lakokna, mrih bérbudi alul micara nagara krama, sandi praja ninnitik ing ngunni-unni, réh mulya kaunningngan,
  93. Pangréhing kitab adabul  amrih, jennengngé ratu sannépannira, wistha [144] gung miwahmaligé, sayekti adeggipun lawan saka papat kang pasthi, sunnatté saka kathah,pangngrembé punniku, yogyannen kang saka papat akarya amantri tuwa kang bérbudi, putussing pamicara.
  94. Supayanné sakéhing pakarti, sampurna atiti lan pariksa, myangnging coba kéh sabarré, busannaning kaprabun dénné saka kang kaping kalih wadya gagah prakosa, prawireng prang pupuh, apolat bandhu sentana, bongsa luhur utama trahing prajurit papaéssing nagara.
  95. Ingkang manis barang solah néki, réhning ambau rêksa sadaya , Sri Naréndra prajuritté, sung péling sabiyantu, kongang miwah ing juru tamping, yénning kula wisudha, lok sudiréng kéwuh, anrang sahagyannira Sang, Sri Naréndra tumanggah atalang pati, patitissing  wiwéka.
  96. Wiwéka pan ugerring prajurit nadyan sakti ya mondra prawira, yén tannagung wiwékanné, nistha prajurit kuthuh, nora panten kanggé para Ji, utama mawiwéka, sumimpang karya dur, kang mengkonno lamunna, sayektinné pinulasara kang becik papagerring nagara.
  97. Nawengnging réh bahyanning nagari, karêksanné tan kontapping lawan myang talutuh kasirnanné, kawasan dohken niku, sagungnging kang dursila juti, annawung kukumming Sang Naréndra kacakup dénné sasaka kaping tiga, arêp ana juru gedhong kang prayogi, sampurnéng bebennerra[145]n,
  98. Wiranginné tur amracayanni, supayanné kang kinnon rumeksa, karêksa ing kagungnganné, karana ratu iku, gumantungnging kahannan nenggih, wajib annimpen arta, sasaosannipun dadar sagungnging prawira, miwah karya becikké prajanniréki, gumantung lawan arta.
  99. Lan sasaka kaping pat winnarni, arêppana mantri kang ngagunna, kang ahli carita kabéh, kang akéh misillipun misil iku tepa palupi, kang wruh nistha utama, ondhé-ondhé kang wus miwah samya tuhunnira, amartakken ing wadya kang tepis wiring, annapu ing piyala.
  100. Angatuttaken cengngil-cinengngil wong ngagunna wus ambeg sagara, nedya rahayunning kabéh, amarassaken kumprung, kang annarik bingung mring ngéling, yéku dadi sasaka, mungguhing praja yu, rumekséng wadya samuha, yén ana kang marêdeng barang karyéki, dudu kalawan sarak,
  101. Tan mungguhi ngondhé-ondhé misil adoh agama amurang sarak yén punniku wussé séléh, nuli dohna dén gupuh, parakenna jabanning tamping, yén waras tinnimballan ingapura sagung, kadédén kang wus kaliwat nahan lamun sasaka papat wus olih, dén becik  mulasara.
  102. Ratu iku yogya rumeksanni, gumatya sih mring sasaka papat supaya tetepping tyassé, mrih sampurnanning laku, nindakkaken ning praja titi, tata titih santosa, ing kawigyannipun a[146]muletting palimarma, ing wadya kéh tangéh yénna mrih asilib mung annarik kaharjan.
  103. Watekking kurang rongéh ing budi, watekking penuh antengnging nalar, wisa tawa marsudinné, supangya anteppipun anindakken sgung pakarti, pakartinning utama, ing darajad luhur, lumaku lan suka bungah, rahayu barang karya.
  104. Ririh iku amongsa kalanni, lawan yogyanning prakara, iku wus anéng sasajén wijan wijinning laku, wiwékanning wadya bérbudi, anindakkaken karya, patitis panuju, panuju yéku utama, yén utama darajaddé amuwuhi, tindak tinnariméng Hyang.
  105. Yén tan nana saka papat yekti, kuwurring tindak rubuhing wisma, wurungnga pasthi dhoyongngé, dhoyongngé praja iku, akéh ingkang panggawé juti, angrebda wong duraka, tetepping laku dur, apa marganné raharja, ngorak karik ambuwang saréngat Nabi, anganggo jajal lannat,
  106. Wonten ratu Prabu Amardasir, bawa rasa lan samanning raja, mungguh ingerring panggawé, kang nibanni rahayu, pundi ingkang pantes kinnanthi, réhning annawung praja, mrih amotting kukum kang tinnari wong punnapa, angandika Sang Ngaprabu Amardasir, sayekti kang sayogya.
  107. Ratu iku wus pinaring kanthi, lamun éstu kinnarya kalipah, pasthi pinnaring kanthinné, kanthinning ratu iku, kartin nitahake[147]n bérbudi, kenna ahli micara, wruh ing ngajér-rajur, wruh nistha madya utama, wruh ing kukum kang inganggé para Nabi, myang para ratu mulya.
  108. Karana wong tinnitah bérbudi, wong kagedhong rahsanning Naréndra, ulah pamicara kabéh kang sarga lawan ngélmu, ing pakarti barang pakarti, supayanné dadiya, kautamannipun amrih undakking darajad kamulyanning ratu ing ngawal lan nakir, aywa kongsi sangsaya.
  109. Lamunnara mengkonnowa yekti, ratu iku ginnawé duraka, didohken wong bérbudinné, pinnarêngken wong kumprung, pinrih agung  dosanné iku, punniku dén prayitna, sagung ratu-ratu, aywa mungguh kaya ingwang, nadyan rasul iku pinnaringngan kanthi, tur wus nayakanning ngrat,
  110. Wus sonnebut ing carita ngunni, sajronning kitab: tuhpatul wijra, adegging ratu pasthinné, sarta lan mantrinipun pinnaringken déra Hyang Widdhi, kang ngulah pamicara, bérbudiman alul yén badhé ginnawé rusak lan duraka yekti larang wong bérbudi, wong cekak budi samya.
  111. Kang kinannathik dénnira Narpathi, dhasar nagara ginnawé kumpra, tangéh pinriha mulyanné, kang ginnawé rahayu, wus sumaji pinnaring kanthi, wadya kéh wicaksana, kang ngadhep sang ratu, mangkana pangréhing kitab arêppana ratunné kalawan mantri, nganggé kang nem prakara.
  112. Ingkang tigang prakara winnarni, arêppana angge[148]ppé Sang Natha, kangmungguh marang mantrinné, kang tigang prakaréku, maring mantri kang dadi patih, ayunna ngarsakkenna, mring papatihipun tegessé kang saprakara, yénna karya iya panggawé sawiji, barang anggepok salah.
  113. Iya aja nuli andukanni, dén émuttenna ingkang ngaprana, nanging dén samar dhawuhé, wruhé kadudonnipun ingapura yén kaping kalih, utawi kaping tiga, tinnatrappan nalus aywa anennandho disa, dudukanné dén banget dipunna ririh, dén abot walerrira.
  114. Nanging tyassé aywa kongsi lirib maiya éca dipun karasa, dénna ngraos kadudonné, dénné ping kalihipun aywa mélik dunyanning patih, iku apan kagungngan nira Sang Ngaprabu, kang wus pinnaringken nira, nora kenna yén kinnarsakkenna malih, nistha tan kenna ngambah.
  115. Kaping tiga yén mantri papatih, duwé atmaja éstri utama, aywa ta dén karsakaké, balik ingambil sunu, pinnaringken wong juru tamping, mongka atatariman kang ngreksa pakéwuh, yénnana ratu karêppa, mring artanné papatih nayaka mantri, kannassing dalem kitab,
  116. Miwah yénnana mantri ngaturri, ing ratunné mrih mundhut ngaturna, marang dunnyanné mantrinné, dudu wong bongsa luhur, bongsa nadhap pan dadi aji, kang mamarahi ika, mantri bongsa asu, lamun bongsaha manungsa sayektinné wruh  kanisthanning Narpathi, datan kennna i[149]ngambah.
  117. Ing laokil mahpul dén walerri, ratu iku apan nora kenna, yén nistha dén lakokaké, ngalamat rusakkipun myang tedhakké ing wuri-wuri, turun ping kalih nora, kenna dadi ratu, pan ratu abongsa mulya, rohé beda badanné pan méh rohkanni, pagenné laku nistha.
  118. Kitab nasaih sampun winnarni, kang ngingucap artanning punggawa, tuwin artanning mantrinné,  pan kagunganning ratu, kang wus sinnungken-ningngunni, mongka kinnarsakakenna, sanget nisthannipun upamanné wong ngamutah, suker metu nuli dén nuntalla malih, apata nora nistha.
  119. Wonten kaol saking Jeng Musannip Ki Séh Ngatar jronning kitab asral ratu nanggappi artanné, saking kawulanipun anglir mutah dhinnahar malih, tegessé nora kenna, kapungkurring catur, angasorraken darajad iku dudu lalakonné kang para Ji, wajibbé sininninggahan,
  120. Kaping tiga lamun Kyana Patih, ngaturraken anjungjung punika, marang nging konca mantrinné, iku wajib sang ratu, anuturtta padha tumuli, yén Papatih ngaturna, ing mantri anglungsur, rungunnen nanging dén sabar, aywa agé Sang Natha nuli nurutti, angantiya pariksa.
  121. Sarat dumeling alanning mantri, akaryaha mantri panalika, kang setya juru panginté, tinunggal rasannipun wennangngenna tatakén yekti, angaturri prakara, agal gaibbipun wu[150]s kocap i dalem kitab ratu iku maring mantrinné kang becik tan wenang nyingiddenna.
  122. Barang tindak rahsanning nagari, mantri ingkang wruh nistha utama, kang terus sarta ngélmunné, mantri kang becik iku, bisa narik panggawé becik angundakken darajad bia gawé luhur, ing praja kalawan mulya, iya dénné wus micara ing pakarti, misil kalawan duryat,
  123. Mongka gedhong rahsanning Narpathi, mantri utama iku pinongka, mamannissing praja kabéh, sung misra ing praja yu, mannis mardu ngénnakki ati, mring wadya sanagara, titi sabar maklum rêkasa antara mongsa, mongsa kala wéh pakaryanning wadya lit nora lawan rêkasa.
  124. Ngénakken tyassing wadya gung ngalit angatutken ning wadya Sang Natha, kang sasatron lan kancanné, mantri kang mangkonnonéku, bisa tur kang pinnongka jampi, marang wong sanagara, wigya trussing ngélmu, iku gedhong panennerang, barang rahsa ing kaprabon dadi pasthi, dadi bandhanning praja.
  125. Bisa awéh antepping prajurit awéh bobot mring gung punggawa, dénné anrus pituturé, mingkis dadalan ngélmu, trangnging karya wanni ngemassi, kenceng rêmpeg ing tingkah, ing praja mrih luhur, mulyanné kang dadi raja, kuwat saking pambau rêksanning mantri, sarta trussing punggawa.
  126. Wonten ratu rêbat sami pikir, samya raja mrih karya punggawa, miwah karya mantri kabéh, Sang Raja Bahru[151]m Guru, tinnakonnan mring Raja Mardin inggih ta wong punnapa, pinnét kang panuju, nenggih kang pantes dan-dannan Raja Bahrum Guru annahurri aris iya kang nem prakara.
  127. Wajib ngupaya wong nem prakawis supayanné dadiya sampurna, ing praja barang tindakké, kaluhurranning ratu, mulya nikmat ing para aji, kang dhihin arêppan, mantri ingkang alul micara sarta kang kenna, mati rahsa mungguh rasanning Narpathi, bakuh maring ngubaya.
  128. Kaping kalih turongga kang becik rikat sanderré nora bendana, tur cukat becik atinné, darapon kenna iku, maning maring mungsuh lestari, ginnawéya wong bala, satengah prang ngagung, metu maring pasamuan gonné mungsuh norabi gatur lestari, iku kudanning raja.
  129. Kaping tiga curiga kang becik titih akas wesi pipiliyan ampuh ingkang pantes kanggé, misah caruk lan mungsuh, tog-tinnoggan panten tan lirip jronning amangun yuda, curiganning ratu, dénné ta ingkang kaping pat arêp simpen arta mas dipun gedhongngi, saossa prawira dya.
  130. Anggung paparingngan mring wadyéki, darapon sagung padha élingnga, maring nging panggawéhanné, sarinna wengnginnipun anggung saos karya gung ngalit miwah sabusanéng prang, angreksa pakéwuh, ing praja tampingngan miwah, gedhong kebek sakaprabonning ngajurit dénné kang kaping lima.
  131. Arêp simpen bondha kang ngarê[152]mpit sosotya mirah widuri nila, pakajalan sabangsanné, miwah pérud jumerut tuwin inten jumanten adi, dénné kaping nemmika, jro kadhatonnipun arêppana ngulpullenna, wanodyan dah utama ingkang ngawingit kang akéh wong jetmika.
  132. Ingkang nganteng ruruh sedhep mannis annom-mannom dén jero pinnarnah, ing dalem kannan wurinné, nenggih éstri punniku, gegebengngan panggawé becik supayanné Naréndra, birai ing kayun amrih wasana [angrepa, angedohken punniku panggawé runtik alejar alussing tyas,
  133. Alus iku apanna mepekki, panggawé adil lan palamarta, kekembang gung darajaddé, supayanné Sang Prabu, amanggiha tyassing rêspati, pama gandanning sekar, turssing tyasmé arum mongka pupujinning darajad ratu sabar maklum amarêggi bumi, gedhé pamalessing Hyang.
  134. Kaol saking Jeng Imam Bukari, jronning kitab mapaid punnika, para ratu sakathahé, ngupaya adén antuk wong wadon kang jetmika sami, amuwuhi darajat wanodya kang ruruh, wanodya rongéh punnika, angelongngi darajad ing saben ari, wanodyan dah punnika.
  135. Anguripken sakéhing kang mati, anyukakken tyassing raja-raja, awéh ayem jronné, wonten malih  winuwus nenggih ratu nama Ardasih, pitutur ing turusnya, kang umadeg prabu, [153] wajib ratu ngupayaha, wong kang patang prakara lamun wus olih, aja dén buwang-buwang.
  136. Kang rumiyin mantri ingkang ngalim kapindho kang bisa prebanthahar, gedhong kang benner-bennerré, dénné kang kaping telu, dénna manggon mantri bérbudi, prawira wicaksana, kang kaping pattipun setya tuhu prawiréng prang, iku ingkang nampurnakaken pakarti, datan karana siya.
  137. Kocap jro kitab: ahkamulkaki, datan kenna panggih linampahan karaton iku ingerré, wong jail ambibingung, amung wadya ingkang bérbudi, birai ing ngagama, lan wong ahli ngélmu, kalawan mantri élingngan bongsa luhur lan kang ngrata tata krami, lan tuhu i ngupaya.
  138. Yénnantukka iku dadi luwih, pan sajati-jatinning nagara, iku akéh bebecikké, tumindak lawannarum ingkang pana sagung pakarti, lawan kang rada tuwa, sedheng wayahipun lamunna mantri mudha, anyudakken ujwala sabarang kardi, kurang cayaning praja.
  139. Agung coba rêncananning bumi, tangéh dadi manggala kawiryan sring anyandhu darajaddé, lan arêp mantri iku, lahir batin dipun lestari, karana mantri tama, busannaning ratu, lawan ulessing nagara, ing karaton lumaku kalawan kanthi, mantri kang bijaksana.
  140. Yénna becik ulessing nagari, lan busana ing praja karêksa, pakéwuh kang wetu kabéh, nulak bayanning laku, yén wong kurang budi tan ba[154]bakit basa trus iku limpad pambarêpping wahyu, tumindak aran nugraha, basa kakim wicaksana barang kardi, liwat saking nommira.

Pupuh XIV
SINOM

  1. Jro kitab sipatul wijra, punnika winuwus malih, tegessé sipatul wijra, punniku warnanning mantri, limang praka pasthi, ngupayaha ratu-ratu, darapon sampurnaha, enggonné ngingerken bumi, ing karaton amrih rahayunning jagad,
  2. Tinnarima éng Hyang Suksma, réhningréhning kinarya wawakil nyinggahana luputtan aywa ta kongsi amanggih, dudukanning Hyang Widdhi, amriha kanthi panuju, nenggih limang prakara, mantri kang pantes kinnathik ingkang ngawas sregep anggusthi wicara.
  3. Wruh sukur gampangnging tindak awas wekasanning kardi, panjing wetunning prakara, wus ginebag jronning ngati, kendho myang rikatnéki, ing prakara wus cinukup kacap barang ingucap wiwékanné mracayanni, dadi tumbal mantri kang nawung ngutama.
  4. Lan kapindho arêppan, mantri julig kang ngawegig awas barang kira-kira, marêkken ngedohken bakit agal miwah kang rêmpit ing réh tannana kaliru, dén wus ginnawé kasab ginulangnging ngari ratri, kabéh nyata pangréh ingkang bijaksana.
  5. Kaping tiga arêppan, mantri graiténg pakarti, saking kéhing pamicara, mertakken kalawan sidik rahayu nora jail supaya sa[155]gung wadyéku, ambek bapa ambiyang, maring ratunniréki, kang mangkono labetting mantri utama.
  6. Nora dahwén maring arta, nora irén nora jail mring kancané angabdi, nora watek awadul angalakaken konca, sabarang tingkahé asuci, kang mangkonno mantri tutumballing praja.
  7. Kaping lima arêppan, mantri kasab angawruhi, marang tingkahing nagara, solah bawanning Narpathi, barang rahsanning mantri, tuwin ta rahsanning ratu, barang ngobahing jagad dénnebuk lamun kang becik lamun nala ing pangréh énggal binuwang.
  8. Lawan sarat arêppana, mantri kang ngarsa kinnathik Sang Rat angulah praja, warnanné ingkang ngapekik kalawan mannis rai, dén sarta alussing tembung, atinné ingkang sabar, bubudén kang angénnakki, nora montra karya sakking sama-sama.
  9. Apik sarta palimarma, yénna muwus dénnanteppi, kang panggah mawi prakara, labuhan nrus maring ngélmi, prawira ing ngajurit ing ngagama bérbudya gung, ngadohaken wacana, ing cipta kang tanpa kardi, kanel ati watak sidik ing panyipta.
  10. Yénnana mengkonno sarat yén niku mati ngajurit Sang Ratu angiringngenna, pametakké maring bumi, sarta punggawa mantri, samya ngringna mring kubur, kabéh annyur tannaha, nelung dinna pitung ngari, sabanjurré si[156]dekah samya tumutta.
  11.  Muwuhi kuwungnging praja, mantri bér alussing budi, lan sarat mantri pinnedhak sayekti namanning mantri, kang panten dénnira ngling, mennengnga yénnora patut pannana gegebengngan samuhan pamicaréki, ing ngarungngan ana pantes ana ora.
  12. Ing nalika para yogya, ingucap pakenning mantri, ngabya dur kang ngana ora, pantes ingucapkken mantri, mantri-mantri sayekti, dénnawas ros-rossing ngujur, yén malang dén kawang-wang, seling sambutting pakarti, yén wus mujur tan kenna ginnawé malang.
  13. Yén nana ingkang kinnarsan mring ratu ginnawé becik mantri sadu arêppana, angira-ngira pakarti, pakéwuh dén-nangenting, endi luwihing biyantu, lirringngen kang waspada, niaya apuranéki, angin toya ondhé-ondhé lan upama.
  14. Burhannen karsanning raja, suda undhakking prakawis sawangngen obahing praja, iku kang dadi uwit titikkan dipun kenni, ing pangréh karsanning ratu, sawangngen kang lumakya, apa kéh kinna sengitti, apa akéh kinna tujonning ngakathak.
  15. Timbangngen kéhé awong suka, lan ningkang nemu prihatin lamunna kathan wong suka, piala sinningkir pasthi, lamun akéh wong sengngit piala dénnambah iku, rêksannen dipun énggal pitutur sarta lan ngélmi, adhangngana piyalanné dén buwangnga.
  16. Kekembang nisthanning praja, nistha pantes dén singgahi, nistha kakembangnging rusak mantri nistha ing pa[157]karti, sayekti amuwuhi, cowongnging nagara sebut becik kalawan ala, solah bawa kang pinanggih, énggal nuli ngaturna pitutur mulya.
  17. Aywa jrih lamun dinukan dupéh kinnarsan déraji, réhning bau rêkséng kathah, dén panggah atalang pati, sasat anglawan néblis sanadyan  karsanning ratu, lamun pakarti nistha, iku tinuntunning  ngéblis singgahenna éblissé dipun utama.
  18. Annyegah ing kasalahan mantri utama aywa jrih, dadi mamannissing iman sesepuhing ngélmu gaib anrang marganning pathi, yéku mantri bongsa luhur, nadyan bangsanning andhap iku tondha amiwitti, saturassé yekti mangun kaluhurran,
  19. Yogyanning mantri priwira, alon alus tanpa kibir, riyanné tan katempéllan saha tumindak norraki, tumitah lawan nadil anulak piala bakuh, alussing pamicara, manissing ngulat kinnardi, dadi adon andingkik padhangnging cipta.
  20. Watekké wicara keras sumukking pamungcap bingngis gelis nagékaken napas sétanné nuli kikindhil pangucap alus mannis nora tangi napassipun ayemming pamicara, sétanné lumayu ngendhir, pan wus kocap wong sabar ngunjara sétan,
  21. Dénnaling mantri utama, mring pakéwuhing nagari, suker gampangnging Naréndra, miwah mrih sukanning ngalit énakk wong [158] sabumi, mantri tama karyannipun lirring mantri prawira, upama mendhung néng langit dadi udan annibanni tatandurran,
  22. Kang minongka tutuwuhan iya manusa sabumi, yén nanggung katiban udan wit seger uwohé dadi, wus pratéla sayekti, ing kinna duk ratu agung, ing nagari Madiyan Sang Prabu Nusirwan ngadil bawa rasa lan raja punggawannira.
  23. Prabu Nusirwan ngandika, éh yunnan pratingkah yekti, yén praja iku sepiya, saking mantri kang bérbudi, wignya pamicaréki, amung mantri kéh balilu, kaprabonning karajan milu kumprung tanpa kardi, nora wurung nagri ana kang ambawah.
  24. Wurungnga dadi boyongngan pasthi asok bulu bekti, dadi ratu siya-siya, nembah sasamanning ngaji, saing tiwas kang ngapit punggawanné padha kumprung, kumpra mantrinné samya, wong cilik akéh prihatin prabawanné praja tannana dandannan,
  25. Nagara kéh mantri kumpra, upama tandurran aking, lawas nora kajawahan godhong rug uwohé kedhik yén akéh mantri becik taru krep katiban jawuh, oyot mannak kumannak pang kathah woh pasthi dadi, iya iku purwa arjanning nagara.
  26. Kang sinnebut ratu éndah, asugih mantri bérbebudi, trussing ngélmu bijaksana, luhur karatonné pasthi, sang yunnan awotsari, kasinggihan sang ngaulun ta[159]wonten ingkang lepat Sang Prabu ngandika malih, caritakna asor ungguling nagara.
  27. Nistha utamanning praja, gemah rusakking nagari, endi ingkang dadi sabab, patih yunnan matur aris pinten tuwan karsanni, réh nistha miwah mulyéku, Sri Maha ngadil Nusirwan iya kang telung prakara, lah payo ucapna dhingin Sri Yunnan matur tur sembah, yén ratu annedya adil sampun nedya ngilonni, sentana kramannira dur, miwah mantri punggawa, yén luput wus mindakanni, dipun énggal trappenna ing pamisaya.
  28. Aywa ngugung wong dursila, buwangngen jabanning tamping, pinnarnah sinungngan arta, dimén ambubak wanadri, lamun dursila malih, pinnatén dipunna gupuh, lawan sabarang karya, obah osikking nagari, aja dadi lawan bodonné punnika.
  29. Balik praja tumidakka, lan bijaksana bérbudi, punnika kaping kalihnya, dénné kaping tiga nenggih, sagung ratu mrih adil sampun angatahken bendu, dén réréh dén pariksa, bok wong ngala ngaku becik lawan mandheg manguwa panggawé ala.
  30. Sri Maha Prabu Nurirwan angandika rum mring patih, éh Yunnan payo ucapna, ingkang saprakara malih, Yunnan umaturra ris sayekti-yektining rathu, dénnanggung annalongsa, réhning kalipah ing bumi, aywa cipta lamun sugih kabecikkan,
  31. Angrasaha [160] kaluputtan prayitna barang pakarti, angénnakénna sarira, réhning kalipattullahi, salah wong ngrasa becik ginnantungan lan bebendu, lamun angrasa slah, nanging panggawénné becik ginnantungngan wong ngiku lawan ganjaran,
  32. Ngandika malih Naréndra, payo saprakara malih, Yunnan endi ucapenna, Patih Yunnan matur aris mungguh kang para aji, gegebengnganné dén émut siyasat lan ngilalah, kukumah ansap punniki, sampun kénging owah ing kawan prakara.
  33. Yén wonten bala kang katrap saukummé annibanni, lan Ansap punniku warna, dosanné kan  bilik-bilik lamun dosanné cilik aja gungsiyasattipun yén dosa gedhé ika, siyasatté aywa cilik nadyan putra sentana aja binnéda.
  34. Jér putra sentana garwa, punnika boten jakawi, ing sorring karaton tuwan tan wonten esap kang miji, dhateng Alah pribadi, punnika lepatting kukum yén tuwan nganggallenna, ing putra awrat doséki, pan pinnecat ilang kaluhurran tuwan,
  35. Myang santana mawi dosa, yénnagung ginnawé cilik punniku ambucal ansap tan kenna yén dén ping kalih, tanpa damel narpathi, amopo ing karyannipun luhung inggih nganggurra, prandénné dadi narpathi, nanggung dosa cinnirén tiwassing karya.
  36. Angguguk Sri Maha Raja, gujengngé Nusirwan ngadil énnak temen i[161]ku Yunnan lamun wong dadi narpathi, iya nora kasahit dénné kalong-longngan kukum benner angngur nganggurra, dosaha dosa wong cilik nora kenna dosanné wong dadi raja.
  37. Yén mengkonnp iku Yunnan ingsun ingkang anglakonni, mugita kinuwattenna, supaya ing wuri-wuri, sagung para narpathi, kang kaduhi sarta wahyu, sayektinné kuwawa, tulada panggawé kang becik kang tan sinung ing wahyu nora kaduha.
  38. Ngandika malih Naréndra, Sri Maha Nusirwan Ngadil utama endi bubuka, ing keras lawan kang ririh, Patih Yunnan wotsari, utama kang sabar maklum santosa ing  kukumah, nging sampunya barri ngadil sannés tindak santosa lawan sagara.
  39. Milamba matur punnika, Jeng Nabi Musa rumiyin mila katenannan ayat madeg Prabu Banni Srail saking keras tan sipi, gedhag-gedhik watekkipun pan boten talaténnan budi ririh ringngak-ringngik kang punnika nunten katurunnan ayat,
  40. Pakulu lahu kaolan layinna tegessé nenggih, pangandikanning Hyang Suksma, éh Musa harus siréki, padha élingna ugi, Si Pingngon lan basa alus kang lemes ing wacana, tembung ririh ulat mannis utamanné sabar uger-uger ayat,
  41. Yata malih angandika, Sri Maha Nusirwan Ngadil éh Yunnan payo tuturra, kalakuwan kang [162] ngabecik ratu kang dhingin-dhingngin kang utama kang wus luhur, tur sembah Patih Yunnan kang luhur para narpathi, émut marang karyanné datan pépéka.
  42. Asabar sarta santosa, dédé lan sagara néki, utama ngalap upama, ondhé-ondhé kang rumiyin gemah rusakking nagri, awit ing punggawannipun yén punggawa dhadhangkan nora sabiyantu ngudi, datan wandé  karusakkan ing praja.
  43. Yén tannanaha dhadhangkan punggawa satriya mantri, impeg sabiyantu barang, obah-osikking nagari, iku arja prajéki lawan pangwasanning ratu, tannana panasténnan tannana cengngil-cinengngil pan salamet samantri punggawannira.
  44. Yata malih angandika, Sri Maha Nusirwan Ngadil éh Yunnan pirang prakara, kabecikkan maring dasih, Patih Yunnan wotsari, kawan prakawis pukulun ngadil ingkang kapisan Ansap ingkang kaping kalih, dénné ingkang kaping tiganné welassan,
  45. Dénné ta kaping sakawan  sarat inggih ambendonni, marang kang sungkanning karya, barang pakaryanniréki, yata ngandika malih, Sri Ngadil Nusirwan Prabu, benner payo banurna, kojah panggawé kang becik ingkang dadi sarat arjanning nagara.
  46. Miwah ingkang dadi sabab karusakkanning nagari, Patih Yunnan matur nembah, sampun kathah anyakitti, balik agungna asring, turassé wong bongsa luhur, lamun wong [163] bongsa andhap nanging prayoga kinnanthi, dén pratéla lamunna ngula wisudha.
  47. Yén ana katingngallan kaprawirannéki, punjul ing sasama-sama, jinunung tan anglingsemmi, yén durung anglabetti, gunna kaprawirannipun upama jinunjungnga, yektinné kocapping bumi, makandarah anjunjung durung prayoga.
  48. Lan sampun agawé lurah, punggawa mantri kang jail opénna sring ngrasnni, luputté réwangngannipun néng ngarsanning Naréndra, punniku jembarring bumi, sasat ngingu racun lan upas baruwang.
  49. Lan aja wong nganniaya, pinnarêkaken narpathi, aja wong barurut dunnya, lan wong ngrusak nagaréki kadya papatih néki, Raja Kistasab rumuhun kalakuwanné ala, Sang Prabu Nusirwan Ngadil angandika éh apatih kadi ngapa.
  50. Patihé Raha Kistasab para kaluwannéki, Patih Yunnan matur nembah, wonten Naréndra linuwih , agung karatonnéki, prawira kamulyannipun arja ingkang nagara, Sang Natha nyukakken dasih, martanning tyas wus kasubbing bumintara.
  51. Papatihipun pralinna, wadya kistasab amilih, mantri satunggil kinnarya, ingkang jinennengken patih, Rastarosan naméki, ing ngandel dénning Sang Prabu, bang-bang lum-malum kasrah, éca tyassé wong nagari, dénné nama Kyana [164] Patih Rastarosan,
  52. Yén mungguhing basa ajam Rastarosan tegesnéki, apan benner ingkang nyata, mila samya éca tyasnéki, mongsa bisaha gingsir, kalawan tanamannipun pan wus adatting nama, nora na kang dén gingsirri, nama ala wong kunna tingkahé ala.
  53. Yén nama  becik wong kunna, sayekti tingkahé becik mila wadyanné Sang Natha, pra samya suka ing galih , Rastarosan punniki, benner nyata tegessipun mangkana Kyana Patya, mangun padalemannéki, panedyanné ngluwihi kang kunna-kunna.
  54. Akarya babata warna, umatur marang narpathi, marang gedhong pasamunnan aturré Rêkyana Patih, kawula nuhun idin amrih ajriha pukulun abdi dalem sadaya, punggawa nayaka mantri, tuwin sagung para Dipathi amonca.
  55. Darapon inggih ajriha,  ing kawula anglampahi, sagungnging pakaryan tuwan kawula ajrihné kedhik Sang Natha anurutti, Kya Patih saha turripun mongsa nedyaha ala, pangrasanné Sang Narpathi, prasténg jaba angundhangngi pra Dipatya.
  56. Monca nagara sadaya, miwah sagung para mantri, Kyana Patih Rastarosan mojarring para dipathi, padha nulakka sami, ing duduka Sang Ngaji, milannipun kabéh sami bebektiya.
  57. Réhning kinnarya dipatya, sinung kamuktén wus lami, punnapi kang [165] dén walesna, ageng sihé Sri Bupathi, matur sandika sami, lajeng prasamya angutus amundhut guru daya, pénni-pénni raja pénni, wus katampan sadaya mring Kiyapatya.
  58. Mashurring manca nagara, myang nagari kanan kéri, lamun Sang Prabu Kistasab lalabuhanné asalin mangké ngannyar-rannyarri, teka amrih atur-ratur, marang pungawannira, dadya ratu kannan kéring, samya narka yén wus éndhéng bobottira.
  59. Rêmpeg siyaga ngayuda, apan sami angluruggi, nagrinné Raja Kistab kinnepung ngarsa dénnambil kagyat Sri Narapathi, dénné atamiyan mungsuh, endi kang dadi sabab ambedhah gedhong Sang Ngaji, wus ginanjar sagung mantri hulubalang.
  60. Warata sagung prawira, kang badhé nadhahi jurit Kyana Patih Rastarosan putussana mawi tulis mring wong manca nagari, sagung juru tampingngipun kinnerig asiyaga, annadhahi mungsuh prapti, pan sawiji tannana Bupathi prapta.
  61. Sambat apanggawé prapta, jer wis pinundhuttan bekti, apa gawé ajurit wus kenna babektén iku, apa prang siya-siya, kenna réyal imbuh pati, réyal iku kabéh dénné duwa parang.
  62. Mangkana Prabu Kistasab kagagas lingsemming malih, dénné tan angrasa salah, teka ana mungsuh prapti, mijil Sri Narapathi, saking kadha[166]ton annamur, datannana mawi bala, llédhang amung pribadi, wus kalunta kawetu jabanning praja.
  63. Ana wong anitih kuda, wruh ratunné namur nyilib wong siji medhun sakala, angiring maring narpathi, dadya mung wong kakalih, prapténg tegal duk andulu, gubug ageng ing tengah, pagagan tur dén pagerri, Sri Bupathi sayah mampir ing pagagan,
  64. Duk manjing gubug Sang Natha, ningali asu kakalih, rinnanté pinggirring lawang, kang darbé gubug udanni, tamu dén ancaranni, wus lenggah kang darbé gubug ngundhuh timun semongka, negor tebu dén oncékki, sinnaosken kiyai daweg kasattan,
  65. Prabu Kistasab ngandika, nora sun pangan punniki, kabéh pasugatannira, yén nora sira tuturri, dosanné asukalih, pagenné padha ginnantung, rinnanté pinggir lawang, yén uwis sira tuturri, iya nuli sun pangan susuguhira.
  66. Kang darbé gubug turrira, dosanné asu kakalih, kula kén angreksa dumba, kacang sacempénné sami, wedhus wiwinih sami, akathah babarnakkipun kang dados upa jiwa, annipkahi annak rabi, salaminné wetah tannana kalongngan,
  67. Dupi alami kiyannat pitnah mring rarêksannéki, cacempé kathah kang ngilang, saben dinten kalih-kalih, kula boten kadugi, cempé kalong sabén ésuk asu kalih punnika, kang rumeksa [167] sabennari, nunten kula intip solahépun sona.
  68. Yén kala angonning ménda, wonten buron loro prapti, garga namanné punnika, sajodho mamongsa sami, pun asu anningalli, éca-éca boten jugug malah aprasannakkan guguyon lan garga sami, sahantukké bekta cempé siji sowang.
  69. Dupi mangké wus pratéla, tékaddé asu kakalih, nunten kawula cengkalak kawula gantung néng kori, mésem Sri Narapathi, anulya adhahar timun salak miwah samongka, Sri Bupathi ngandika ris ya pagénné nora kopaténni pisan,
  70. Kang darbé gubug turrira, wus kathah karyanné ngunni, mila linnaran kéwala, boten kawula pejahi, bénjing yén boten mari, punnika sedheng linnampus sigra kondur Naréndra, sarwi ngartikéng jro galih, wedhus iki kaya upamanné bala.
  71. Asu kang loro punnika, kaya upama Si Patih, kang ingsun kon rumeksaha, ala becikking nagari, mengko tiwas punniki, dénné katekanning mungsuh, apa kang dadi sabab ingsun pracaya Si Patih, baya-baya Si Patih polahé ala.
  72. Pan jenengngingsun Naréndra, wus kasebut angluwihi, saking kamurahanning wang, lawan kasabarran mami, myang kaprawiran mami, kaonningnging para ratu, mengko kaparéng tiwas ana wanni maring mami, baya kadi si asu  lan wedhus dumba.
  73. Prapténg [168] pura Sri Naréndra, nimballi mantri sinnelir, sakawan kinnén mariksa, mring sagung monca nagari, apa mulanné sami, kang pra Dipathi tan magut dénné ta mungguh prapta, kongsi ngambah praja mami, wus lumampah duta mantri kang cundaka.
  74. Praptanné monca nagara, sagungnging kang pra dipathi, aturré kawratting serat pakaryannéki ya Patih, anggung amumundhutti, babekténning saben taun lawan nasring angemban dudukanné Sri Bupathi, pundhuttanné awat kinnarya panulak,
  75. Wus karat sajronning serat kang saking monca nagari, mantri sadu kang nyundaka, wus katur marang Narpathi, ngungun ngandika aris duk nupiksa serat sagung, tan lidok ujarring wang, dénné teka angebleggi, kaya asu kalawan si wedhus dumba.
  76. Sang Natha mijilling jaba, annyekel marang Ki Patih, Rastarosan cinnengkalak pinnenthang lawang sademi, lan serat mas pinnatik kayu pinggir lurung-lurung, kalawan ingundhangngan lamun pakaryanning patih, kang dursila dudu karsanning Sang Natha.
  77. Misuwur undhang Sang Natha, miwah wong monca nagari, sadaya sampun miyarsa, Ki Patih dén bilaénni, lawang sakéthéng jawi, pinnenthang pangénnipun sadaya wus graita, sagung wong manca nagari, yén ratunné tannowah kamulyannira.
  78. Tetep Ki Patih sadaya, panggawé owah  punniki, pratondha wus cinengkalak pinnenthang sakéthéng  jawi, da[169]dya sagung Bupathi, sannéga amagut mungsuh, ngamuk samya mbek pejah, arsa males sihing Gusti, mungsuh dhadhal bubar barissé loroddan,
  79. Angguguk dénnya miyarsa, Sri Maha Nusirwan Ngadil ing kojahé Patih Yunnan nora kaya iku Patih, tétéla  lamun luwih, Raja Kistasab punniku, pangartinné kabuka, annéng gubug anningalli, asu roro ginantung anéng ing lawang.
  80. Tulus kannyatahannira, Prabu Kistasab sayekti, tur sembah Kya Patih Yunnan mila sagungnging Narpathi, sampun supé ing tamsil ondhé-ondhé kang rumuhun sagungnging raja-raja, titika kang anneteppi, supayanné aywa lali ing pratingkah.
  81. Kang becik kalawan ala, tartamtu sawiji-wiji, yén boten  sami ngebukka, satemah miraga budi, lirring miraga nenggih, para wali pandhita gung, tan kenna katémpellan saking pangipukking ngblis yén wong jamak tan wun katénpéllan sétan,
  82. Laku pakaryanning praja, aja ucul saking tamsil empanné nistha utama, kaluhurranning Narpathi, sayekti lawan tamsil pan tegessé ajar ruhun tulad ing kunna-kunna, Sri Maha Nusirwan Ngadil atatannya malih mring Kya Patih Yunnan,
  83. Éh apatih kaya ngapa, mungguh katartanton yekti, tata titikanning praja, Kyana Patih awotsari, jennengnging wong ngaurip lalabettan kang [170] tinnemu, ing mangsanné wus pejah, labet becik kocap becik labet ala kang kaocap inggih ala.
  84. Ingkang sinnebutting nama, pratingkahing ngunni-ngunni, apan kathah para raja, ingkang ngala ngabecik kang tinninggal yén mati, amung lalabettannipun ing kinna wonten raja, nama Prabu Amardasir, sasolahé kang ngabdi sajronning praja.
  85. Apan sami kaunningngan solahé sajronning wengi, yén punggawa tinimballan praptanné ngarsannira Ji, ngandika angésemmi, sira ta ing wau dalu, wayah pukul sadasa, sira mangan puwan roti, apan sarwi duduka ing rabinnira.
  86. Lan malih ana tinnarka, sira ta ing mau bengngi, anuronni selirrira, ing jungut ing pukul kalih, barang solahing dasih, yén tinnarka nora luput nengguh nyata sadaya, mangkana kang pra dipathi, parêmbaggan apa wadinné Sang Natha.
  87. Satengah bupathi mojar, Sri Bupathi ngingu ejim kang ingutus amét kabar, anginjen wisméng dipathi, sawennéh annahurri, nora mengkonno Sang Prabu, angadhuh ngélmu kasap tegessé pambuka warti, Kyana Patih ngaturri ing raja [utra.
  88. Kang nama Radén Iskandar, putranné Prabu  Mardasir, ingaturran mring jro pura, prapta ngarsanning raméki, lawan Rêkyana Patih, Prabu Amardasir muwus anaha karsannira, iya Patih kang nahurri, atur sembah umatur marang Naréndra.
  89. Pukulun putra [171] paduka, punnika tuwan paringngi, ngélmi kang kadi punnika, wruh solahing bala wengi, Sang Prabu amardasir, ngandika kasru gujengngipun éh suténgsun Iskandar, apa dénné sira Patih, ngélmu iku apan nora nganggo japa.
  90. Éh sutanningsun Iskandar, duk ingsun madeg narpathi, pan gurunningsun Pandhitha, ingkang memekassing yekti, wong dadi Narapathi, aja kalong-longngan kukum adil aja kalongngan dén pethel kasabbiréki, kasab iku éling pangawéyannira.
  91. Panggawéyanné Naréndra, dén éling kinnarya wakil ciptannen kaya amangan aja pépéka ing kardi, karyanné kang para Ji, pariksa adil lan kukum mariksanni ing bala, mrih basuki wong sabumi, lawan aja agoroh maring rahinna.
  92. Kapindhonné iya aja, angorohi maring wengi, apan nana dhunning ngayat pangandikanning Hyang Widhi, ya takmur bil ngadilli, lawan bilkasanni iku, wapinnahari ika, iya lawan pillaéli, tegessipun : pangandikanning Hyang Suksma.
  93. Éh ratu padha gawéya, pikukuh lawan adil sarta lawan kabecikkan sajronning rinna lan wengngi, yén nora anglakonni, adil kabecikkan iku, wengngi kalawan rinna, iku bésuk dadi seksi, milannipun prayitna nora pépéka.
  94. Wewekassé gurunning wang, dén pengel karyéng Narpathi, nora pépéka sadinna nora ka[172]long-longngan adil karêksa kukum néki, amriha kandel siréku, endi kandelling raja, yén ngélmu karaton uwis pinnaringken babo marang jennengngira.
  95. Tandhanné yén pinaringngan ing ngélmu karaton ugi, miwah sidik ing pangucap nyata sapanerkanéki, nora kenna kasilib sabarang pannarkannipun éh suténgsun Iskandar, yén wus kandel ing Hyang Widhi, pasthi lamun pinnaring ngélmu karatyan,
  96. Obah osikking kawula, ing rahinna lawan wengngi, ratu nora kikilappan solah sanagaréng wengngi, jronning kan dén ratonni, sanagara pan kadulu, putraningsun Iskandar, botté wong dadi narpathi, nora kenna pépéka saparon dinna.
  97. Nuli sétan jajarannan kang tumempel maring dasih, angojok-ojok niyaya, matu saking turring mantri, anniyaya sayekti, lamun mantri sok wadul épéh barang prakara, iku sétan kang népélli, dén kawang-wang ling-lingngen lan adillira.
  98. Wonten ratu raja Kabad pinujul karatonnéki, punnika abawa rasa lan Sultan Iman Basari, Raja Kabad tur néki, pinten ta prakarannipun kang angrusak nagara, ngilangken karaton adi, ing kararton  kang temah papa duraka.
  99. Alon wijilling ngandika, Jeng Sultan Imam Basari, yayi Prabu nem prakara, dénné ta ingkang rumiyin anggunggung sari[173]réki, sugih lan pangwasannipun ananging dalem dunnya, lan anggampangken pati, mring kawula tanpa dosa wutahing rah.
  100. Lawan kapindhonné ika, yén karya mantri papatih, wong datanpa ngélmu ika, sanadya bisaha ngélmi,lamun durung angaji, marang pandhitha gung ngagung, dénné kang kaping tiga, asrah pakartinning nagri, marang kang wong balilu kurang wicara.
  101. Lawan ta kaping sakawan anyu-nyuwé ing prakawis barang prakaréng nagara, pépéka nora tumuli, angantak kantak lami, dénné kaping limannipun nora nurutti ika, panjalukké wong prihatin kang kaping nem nagara kéh getih wutah.
  102. Wutahé durung sayogya, dudu wong kang dosa pati, sayekti jagaddé rêka, nora kenna dén tambanni, Raja Kabad tur bekti, kasinggihan kang punniku, wau pamirsannira, Sri Maha Nusirwan Ngadil langkung suka ing kojahé Patih Yunnan,
  103. Matur malih Patih Yunnan nenggih wajibbing narpathi, arsa inggih anglampahana, panggawé ingkang pinuji, anggung maés-maéssi, marangnging sarirannipun lan aja ngambah ika, panggawé kang dén sengitti, maring bala amriha ruruh ing ngucap.
  104. Karana wajibbing raja, sedheppa amrih prak ati, mannis ulat saben dinna, aywa ta bengis angincih, susukerring narpathi, angedohaken bebendu, lungset nagarannira, aclum kumuwungnging bumi, ratu iku kaya ku[174]mara musthika.
  105. Lamunné dadi musthika, mulanné dadi musthika, luluwihanning jasmanni, abongsa roh sayektinya, mulanné cahyanné becik milanné kang jasmanni, tanpa cahya sabab nepsu, gugubras lan luamah, tegessé cahya punniki, ingkang adoh saking enggonning luamah.
  106. Dén kerêp tur panalongsa, mring kang karya bumi langit subkanaka hutangala, Astagpirrullaha ngalamin punniku aywa lali, panalongsa tegessipun angesorraken ongga, pakolih maring Hyang Widdhi, lawan walakaola walakuwatta.
  107. Punniku dén kerêp maca, ing rahinna miwah wengngi, angrasa lamun tiwas dennira kinnarya wakil dadi suka sayekti, kang nuduh karya  tutulung, yénnagung parmanning Hyang, sira dadi ratu luwih, ginnampangken sagungnging susukerrira.
  108. Matur malih Patih Yunnan wonten dalil kang sayekti, kanggé ratu kina-kina, pinnongka tampil para Ji, makaten dhawuh néki, pan Alahu yugayiru, mabika omikatta, yugayiru pan wamabi, Anpusihim tegessé lapal punnika.
  109. Satuhunné Allah uga, nenggih datan angowahi, ingkang pinnacak Naréndra, angréh ing ptajanniréki, balik kang angowahi, lan awake dhéwé iku, pangandika kang ala, ing ratu kang angowahi, ing prakara wit saking atur wong ala.
  110. Endi tegessé wong ala, mantri kang wadul mrih becik [175] awake: alanning liyan tinuturraken Sang Ngaji, pannastén awor drengki, pati opén niayéku, iku mantri niyaya, punniku jemberring bumi, pasthi lamun angowah owahken jagad,
  111. Panggawé kang luwih ala, ingkang angrusak praja di, yén nana mantri ginnarap umatur ngojok-kojokki, amrih aprang merangngi, padha Islam mungsuhipun liyanné kapir mengsah, kapirré wong datan kenni, kang mengkonno mantri abongsa drubiksa.
  112. Karana panggawé aprang, yén uga kenna pinnikir, tennebas kalawan arta, aywa kongsi dadi jurit mannawa ngrusak bumi, panggawé abot punniku, karan jronning ngaprang, séjé lakunning pakardi, lan tan aprang béda wajibbing Naréndra.
  113. Amatnni tanpa dosa, ratu sajronning jurit nora dadi ngrusak praja nadyan dudu dosa pati, endi tegesnéki, tan dosa pati linampus wewennangnging Naréndra, kaya wong lumayu jurit lan amisah jronning ngaprang lan Sang Natha.
  114. Iku wennang pinnaténnan tur dudu wong dosa pati, karana iku duraka, wong ngucira ing  ngajurit tanpa tékad yén mati, ambuwang takdir punniku, ginnéndéng maring sétan mila kinnén amaténni, sasat kéwan tanpa ngélmu lumayu prang.
  115. Nanging ana kang kang winnennang, yén ratu lumayu jurit anglawan padha naréndra, nanging yén balanné kedhik mengsah samya [176] Naréndra, kuciwa kalanné agung, pannora dadi cacad lumayu balanné kedhik yén mopoha dadi aprang siya-siya.
  116. Wajibbing ratu ayuda, rong prakara aywa gingsir, kang dhingin aywa angléla, kinubengnga munggéng wuri, aywa nuli ngawakki, nyekel gagaman prang pupuh, lan wajib paparéntah, amatah kang mengsah jurit bupatinné sawang sawung bobotting prang.
  117. Aywa duméh sok waniya, yén kari kéh wadyanéki, lamun karobban tandhing, tumpessing bala punniku, ratu kang nemu dosa, duraka nanggung papati, sabobotté angangsahaken punggawa.
  118. Lan arêp mangun ardaya, ratu sajronning ngajurit ngenningken tingal wisésa, mungguh ingkang Maha Sukci, aja susah ing galih, sabab agung wadyannipun aja suka ing mannah, sabab prajuritté kedhik mung nglindhungnga baé karsanning Hyang  Suksma.
  119. Karan panggawé aprang, susah kang para musannip duduka lawan ihtiyar, kalah mennangnging jurit wus takdirring Hyang Widdhi, kang agawe asor unggul bubuhanning kawula, ratu kang jenneng jurit mung rahayu kalah mennang aywa rusak,
  120. Kalawan dipun rayatta, satengngahé manngun jurit sagungnging wadya paperang, aywa susah dénning bukti, katempuh ing Narpathi, yén prajurit lupa lesu, dén nangsahaken aprang, ratunné duraka [177] pasthi lah dén bisa amét tyassing wadya-wadya.
  121. Wajibbing ratu mangun prang, angénnakki tyassing dasih, dén wanni ambuwang arta, pannebussing lara pati, utamanning ngajurit yén mennang aja amburu, yén annyandhak ing mengsah, ing raja aja maténni, saduwérakka kang kacandhak paringngenna.
  122. Aja maténni kong konnan liwan nisthanning Narpathi, balik ganjarên dén kathah, utamanné kang para Ji, kongkonnén dén becikki, ginnanjarra dipun kaduk karana panggawé prang, gagedhé pakéwuh nenggih, nora kenna para ratu anggampangna.
  123. Wonten kaol kang satengah, mutamad para musannip yén ratu sinambat aprang, aja ngawakki pribadi, wajib akarya wakil pandhitha lulkikmat muwus, yén nyekel uler sira, wajib anganggo ling-aling, iya aywa lawan astannira dhawak,
  124. Wonten ratu dadi kojah, Jeng Sultan Kasruwar Wiji, dibya ring kang paramarta, prawira wasis ing jurit, Sultan Kasruwar Wiji, nalika ta miyat mungsuh, pinukul prajannira, marang Raja Bahram Jobin léngsér saking kitha tannarsa anglawan,
  125. Punggawa samya turrira, mila paduka léngsérri, kawula déréng sasambat sagungnging konca bupathi, miwah mantri prajurit sadaya pan misih wutuh, owel yén tan kabenna, arsa males sihing Gusti, déréng ulap nadyan wuwuha kang mengsah.
  126. Alon dénni[178]ra ngandika, Jeng Sultan Kasrupar Wiji, éh sagung punggawanniwang, sun tarima sira sami, setyannira mring mami, marmanné nora sun pagut karana panggawé prang, iku gegebengngan mami, wus sun embat yén ningsun ora kabangkat,
  127. Tiwas rusak balanningwang, kang kenna duraka mami, gawé aprang siya-siya, satemenné mungsuh iki, Sang Prabu Bahram Jobin mentas pinnaring punniku, Istijrat kaluhurran yén ningsun magut ta jurit dadi ingsun mungkir karsanning Hyang Suksma.
  128. Ingsun nora antuk cacad mundur prang lan raja iki, dénning sun karobban bala, lan iku kang ingsun kéring, mungguh tingalling batin nora kalah maring ingsun bésuk sapungkur ingwang, karsanning Kang Maha Sukci, sinung tandhing satriya wewetong Ngarab,
  129. Ing mengko pan nora kenna, yén ningsun lawan ajurit sasengkerranning Pangéran ing bésuk sinungngan tandhing, dadya sagung prajurit sadaya menneng tumungkul suka dennya moyarsa, Sang Prabu Nusirwan Ngadil angandika marang Kyana Patih Yunnan,
  130. Angguguk sarwi ngandika, tegessékang para Aji, wajib uga yén amriha, sisidik ing tingal batin aja amuta tuli, sasolahé rêmak rêmpu, nora angemban jagad lan nora rumekséng dasih, atur sembah mastuti Kyana Patih Yunnan,\
  131. Langkung saking kawajibban ratu amrih tingal batin wong cilik darmi lumampah, ratunné kang ngundha [179] génni, kawon mennangnging jurit batin bubuhanning ratu, yén bala karusakkan witting prang kurangngan budi, apan ratu kang nanggung dosanning kathah.
  132. Wajib kang wus cinnarita, yén ratu mrannata bumi, apanning satus prakara, kalawan punjul satunggil pipirattan kang siji, iku bubuhanning ratu, dénning satus prakara, bubuhanning wong bérbudi, pra punggawa bérngélmu ulah wicara.
  133. Bubuhanning para raja, saprakara kang piningngit pang mung ngadegganning ngaprang,kang mungguhing tingal batin amung ratu pribadi, dénné masalahing laku, amrih rumekséng bala, ing papan enggonné baris lan prayoga anggitik ginnitikking prang.
  134. Amrih luhurring ngayuda, ingmarga angsah ing baris iku bubuhan punggawa, tegessé prabutaméki, aywa ngangsahken  dasih, yén badhé unggulling jurit tindakkenna lakunné prajurittira.
  135. Punggawa kang amrayoga, metu kannan metu kéri, lakunning dhadhalan sirah, miwah ingkang angawatti, manggala miwah wuri, buntut kalawan papatuk srehenna ing punggawa.
  136. Éwa mangkana punggawa, ana kadhang kawignyéki, ana bisa gawé suka, angilangngaken prihatin sajronning aprang sami, amamanning tyassing wadu, sawennéh ana ingkang, bisa amrih sorring titih, [180] kapessanning mungsuh rusuhé barisnya.
  137. Ana pamurukking tingkah, lekassing mengsah ajurit ana tutulung wicara, solahé wong mati jurit ana mannéh nulungngi, lan arta busannanipun akéh lirring punggawa, salebetté sawiji-wiji, pan rumagang punggawa pakaryanning prang.
  138. Pan wus kocap jronning kitab upama mantri kang becik iku kang minongka awak ratu minongka nyawéki, yén rusak badannéki, nyawanné pan kari mabur, yén awak tanpa nyawa, pasthi nora nana jisim nora nana jumenneng yén tanpa nyawa.
  139. Alon dénnya angandika, Sang Prabu Nusirwan Ngadil payo malih atuturra, ratu ingkang ngadil-ladil Patih Yunnan wotsari, wonten ratu pinnisepuh, saking sakéhing raja, ing Ngajam kang mituwanni, abibisik Maharaja Bahrun Kasan,
  140. Pinnardikéng lokking jonna, Sang Prabu Bahrun Kasanni, Ki Mubakdaki Mubakdan nama pangulunné réki, saben-saben benenerri, ing panangkillan  Sang Prabu, sasaman lang sang natha, lenggah ing kannannira Ji, punggawa kang mradata kéri Naréndra.
  141. Ya apan sinung antara, sanagara gedhé cilik yén nana gugat-ginugad sinungngan dinna sawiji, iku dénnira prapti, sagungnging kang para padu, apanning wektu pajar, lawang panangkillan jawi, wus binuka tan tinnaha panjingngira.
  142. Pepah ing tabuh sadasa, wong gugat-ginugat sami, tuwin kang para punggawa, kang sumiwéng [181] Naréndra, jurundhang papat mantri, punniku kang nguwuh-uwuh, payo sapa mradata, dén parêk ngarsannira Ji, lan pangulu Ki Mubakda Ki Mubakdan,
  143. Sang Prabu Bahrun Kasan amecat makuthanéki,  sinéléh munggéng ngamparran sagung busannéng narpathi, sadaya dén racutti, nulya nganggé sampun cara bala kéwala, mudhun saking dénnya linggih, pan sakala tunggil lenggah sarta wadya.
  144. Umatur cara kawula, mring pangulu Mubakdéki, Mubakdan : lingngira natha, kakang pangulu wak mami, yén nana gugat mangkin anyerêg ing raganningsun anuli adillana, sabenner-bennerring ngadil aywa ta ayénningsun ginnawé raja.
  145. Ing pangulu nulya undhang, lah payo sagung kang prapti, bok ana kang duwé gugat iya marang Sri Bupathi, ingsun ingkang ngadilli, lawan sacethanning kukum mongsa ingsun wediya, angadilli Sri Bupathi, ing lulutté yén ingsun  agadillana.
  146. Dadi ingsun ora ngéman ing jenengngé Sri Bupathi, Alah kang asipat murah, nora kenna dén alingngi, saosik wus udanni, gaib lair kawula wus kawruhan samudaya, wadya tan ananandukki, Sang Ngaprabu Bahrun Kasan wus antara.
  147. Tan ana ingkang anggugat wangsul panggénnanné malih, munggéng ngamparran mutyara, sinuji nila basuki, sarwi angrasuk malih, sagung busannaning ratu, parma tatondha nama, amakutha binu[182]ka Sri, apinggang jus abatétara tétundha.
  148. Nulya malih mantri papat  kang juru ngundhang-undhangngi, payo wong gugat-ginugat dén padha mengsah agenti, pangulu Mubakdéki, Mubakdan agagem calung, wangunnaning wirasat lapli kalawan maknawi, duk sinnawang lirringngé kang mengsah gugat,
  149. Benner luputté waspada, wong agawé lawan yekti, tan kongsi mindho kardi, pamedhotté sarta kukum yén sampun abubarran pangulu lawan Sang Ngaji, manjing kalwat wong loro mikul karanjang.
  150. Dénné wau Sri Naréndra, amundhut kang timbangngan lit kinnait lawan mastaka, mrih rubed kawratan sedhih, anéng kalwat kinunci, umatur anangis asru, ya Pangéran Kang Mulya Kang Ngagung Kang Maha Sukci, amba tuwan karya wakil  ing kalipah.
  151. Sagungngé kawula tuwan ingkang kawula ratonni, sampun sami kapariksa, suker kula mrih basuki, miwah ingkang prihatin tuwin ingkang para padu, inggih pangraos amba, boten kalong-longngan adil wah punnika amba nunuwun ngapura.
  152. Bilih wonten kalangkungngan tuwan kang luwih udanni, sukerré karaton amba, tiwassé kinnarya wakil mannawi kéh  kalempit kang wonten jronning prajéku, miwah jabanning praja, saking gungngé kang wadya lit nulya wonten sami ta awarni [183] kilat,
  153. Nanging kendho lampahira, kadya mutyara nelahi, tibanné wus tinniténnan pagerré dipun bundhelli, nulya  mundur Sang Ngaji, lawan Kiyai Pangulu, Mubakdaki Mubakdan ing wengngi prapténg jro puri, rahinnanné Sri Bupathi namur késah.
  154. Pan sarwi angandhut dinnar, satus: oangulu tan kari, Ki Mubakda Ki Mubakdan iya sarwi dén kandhutti,, dinnar satus anuli, praptanné prénnah ing dalu, pager kang binundhellan punnika sampun katitik uluk salam sampunning ngancarran lenggag.
  155. Kang darbé wisma wong dhudha, kaponnakkanné kakalih, tinnilar ramanné pejah, lan papat putunné sami, tinnilar bapa mati, angéngér kaki punniku, wayah lagi sumega, putu lan pulunnannéki, kuwalahen angingonni ya Ki Dhudha.
  156. Upa jiwanné tan nana, amung buburuh amindi, jujud wulu wedhus dumba, ingkang ginnawé jajarit sangkelat apan sami, tatangganné wong punniku, pan ora kacukuppan opahé pan amung kedhik abuburuh rêkasa nora kuwawa.
  157. Suda karya sabab tuwa, kaponnakkan putu sami, anggalibet jaluk sega, si kaki nora nahurri, dénné lagi nemonni, dhadhayoh loro punniku, Sang Natha atatannya, éh kaki dénné asepi, wismannira tannana asimpennan sega.
  158. Putunnira iki padha, anggujeg anjaluk nasi [184] tumungkul si kaki dhudha, saking tiwas kawuléki, inggih déréng atampi, ojrat kawula anjujut inggih wulunning menda, badhé sangkelat punniki, kang annamur arum wijilling wacana.
  159. Pagénné tan duwé nalar, kaki dhudha sira iki, iya nora apopoyan juru gedhong Sang Ngaji, pasthi sira pinnanci, yén katurra Sangnga Prabu, pan wajibbing Naréndra, angingonni annak yatim kaki dhudha sahurré kadi punnapa.
  160. Awak kawula kaduga, umarêk wong ngagung ngajrih, mannawi tan karawattan tan warni wong langkung ajrih, datan pangrasa yekti, yén marêkka ing wong ngagung, dénné tan warni janma, sasandhangngan ting saluwir, mila datan saged amlémbarring jaba.
  161. Gumujeng Sri Maharaja, dinnarré dipun uculli, enya iki kaki dinnar, rong ngatus ingsun ingonni, mring sira miwah kaki, pulunnan putunniréku, kaki Dhudha wus tompa, medhak sarwi turrira ris kalingnganné paduka punniku raja.
  162. Ingkang ngratonni kawula, dénya wruh dasih kawlasih, saking kaluhurran tuwan ginnanjar ing ngélmu sidik mong Ki Dhudha aglis sujud ing ngarsa Sang Prabu, sarwi madhepping kéblat ya Alah kang luwih Sukci, wuwuhana cahyanné ratu punnika.
  163. Maha Prabu Bahrun Kasan kang ngadil parikséng ngalit nulya jumegur swaranya, tinnarima pandongéki, sakala Sri Bupathi, sinungngan cahyanné wuwuh, Sang Natha anga[185]ndika, liwat tarima ngong kaki, dénné sira anedhakken ning Hyang Suksma.
  164. Mring wuwuhé cahyanning wang, iya aja bisik-bisik lan malih wewekassing wang, yén wus enték dinnar iki, nulya tuturra aglis marang Si Kakang Pangulu, dimén matur maring wang, wus pamit Sri Narapathi, lan pangulu kondur prapténg dalem pura.
  165. Samya pangling wong jro pura, Sang Prabu cahyanné salin wuwuh kadya lék purnama, Sang Prabu Nusirwan Ngadil langkung suka miyarsi, Kyana Patih kojahipun angguguk gujengngira, énak temen niku Pathih, sun tetedha: katuladda amrih dana.

BERSAMBUNG Pupuh XV

SERAT TAJUSALATIN Bag. I


SERAT TAJUSALATIN Bag. I

Anyariyosaken Bab : Nistha; Madya;
utamining lampahanipun para rathu,
tuwin lampahanipun para pandhitha,
kakarangnganipun Imam Bukari.

Jarwa sekar macapat

Ingkang ngedalaken Radén : Darma Atmaja,
Rêdhakturing serat kabar Jawi Kandha
Ing Surakarta.

TWEEDE DRUK

Kawedalaken ing pangecapanipun tuwan
V. ALBERT RUSCHE. & Co
Soerakarta

1922

Kasalin saking aksara Jawa
Ing aksara latin dening :
Mas Kumitir

Sidoarjo, 9 Mei 2018

@@@

TAJUSALATIN

Pupuh I
DHANDHANGGULA

  1. [1]Sandinning don mardawéng mamannis tan sinnebut asmanya Jeng Pangran Karya Sudarsananningréh, mangarah ring tyasséstu, kang supadya dadiya tamsil salsilah silar jyéng ngrat mangkya marmannipun manularra wiyotama, pangiketting kataséh Imam Bukari, ing Johar Darusalam,
  2. Ngunni ngaran srat tajusalatin lirnya makuthanning para raja, jinnejer dadya wulangréh, wirayat kang rahayu, cinnitra ing radhité mannis wimbanning lék sapta wlas sawal kang sitangsu, jimmakir sangkaléng warsa, karya trustha sabdanning natha marêngi, mara kéhing kasanga.
  3. Purwanning réh wasita ginupit carita di kang ing ela-ela, saking kitab pinangkanné, lapallé kang rinanacut sinnalinnan ing basa Jawi, maksuddé lawan murad dadya kang ing, gita sinnawung ing tembang, witning raras kang mongka padé[2]nning puji, tan lyan nugrahanning Hyang.
  4. Kang murah ing dunya sih ing ngakir, kang mengku samuhanning pujya, kang mulya gung karathoné, tannana kang nyakuthu, kang ngakarya ing pitung lapis bantala lan akasa, kang ngamurwéng kukum kakim sipatting kagungngan tur ambagi karaton mring kang sinung sih,manungsa kang kinnarsan,
  5. Kang manjingken rahina lan wengi, ametokken wengi lan rahinna, miwah ingkang medallaké, urip saking ing lampus lawan pati saking ing ngurip tuwin kang bagi boga,nning dasih sawegung, kadim baka sipat rahman risampunning pupujya Kang Maha Sukci, gantya Sang Nayakéng rat,
  6. Kangjeng rasul kang mongka duta di, kang rinnilan ambadanna tunggal yé kang asipat kalihé, ubni wahyunning wahyu, amartanni ing wong sabumi, dahat kakasihing Hyang, kinnarya panutup tan lyanning Nabi pamungkas nayakanning bawana badan rohkanni, parab akyan sabita.
  7. Ri wusnya ring sakabattiréki, catur menggala wus sinung mulya, myang sagung dasih warganné, ingkang nora winengku, ing sapangat awal lannakir, sakawan paliwarannira Kangjeng Rasul mangkana duk purwéng nulad nagaraja anenggih pandhitha siwi, jimmakir sinnengkalan,
  8. Ping sangalikur sapar kang sasi, wuku pahang isnénning nalika nenggih kapitu mangsanné, salawé bab winuwus ingkang asma Imam Bukari, maha pandhitha tama musannip dibya [3] nung, Imam Bukari amarna, pira-pira carita kang mupangatti, mulyanning saka paran,
  9. Purwaning tuwuh wusana pati, salirring réh kasidanning arja, Imam Bukari dénnya mréh, sung tuwassing tumuwuh, kang waskithéng dursila juti, kang tambuh tibéng nistha, papatemahipun ing dunnya prapténg ngantaka, pan mulyéndah sorah ing kitab puniki, kusus ing para yogya.
  10. Wusnya rumekséng wekassing pati, rahayunning tumuwuh wusana, marna sakéhing tingkahé, kang para rathu-rathu, kang kinnaryya wakil Hyang Widdhi, rumekséng jagad traya, myang saisinnipun rathu ingkang kawajibban lan amarna yogyanning kang para mantri, prawira kang suraya.
  11. Annyatakken solahing wadya lit kang gumantung pakarti samoha, saréhning nata parbunné, lan ibarat kang luhung, kang santosa Imam Bukari, harjanning pramudita, kasidanning laku, tumuwuh prapténg ngantaka, mring rahayu mila ran Tajusalatin basa taju makutha.
  12. Basa salatin iku narapathi, sayektinné minongka makutha, pan rathu anggon-nanggonné, mila kang para rathu, kawajibban nimpen darbénni, amasa miyarsakna, ing surasannipun sayekti antuk kamulyan dénnya saking supangatting Kangjeng Nabi, tembé manggih sampurna.
  13. Hijrah ingkang saking Kangjeng Nabi, séwu satus tigang dasa sanga, lumampah mangkya tahunné, kuneng kitab winuwu[4]s kang kariyan Tajusalatin kaping kalih ingaranan pan kitab min aju, salatin kang kaping tiga, ingarannan kang kitab balakul muhsin ping pat sipatul wijra.
  14. Kaping lima mikrajul muslimin kaping nemmé sipatul ngukala, hadabul ngumur malihé, lawan ahbarul muluk lawan malih bustan salatin sipatu salatinna,kitab sirul buluk lan palail muluk lawan kitab taréh; lawan kayatul mulki, thupatu salatinna.
  15. Najatul muluk marngatul ngalin sitrul muluk sipatul kukuma, tarikul umum kitabbé, utawa sadayéku, pangarangngé Imam Bukari, ngumpullaken carita, kang sampun linuhung, upama warninning kembang, éndah-éndah pinnarnah sagung wawangngi, munggéngnging pakebonnan,
  16. Dén sahaken mring sagung musannip upama lir bau rêkséng sekar, dénnya rumeksa isinné, buwan mrih rahayu, pamintanné Imam Bukari, nugraha saking tapa; k tanganné ngapunggung, pinnanjingken ning kang makna, myang suras mring tyasnya sagung wong ngakil balék kang kinnawruhan.
  17. Dénné pasallé ingkang rumiyin annyatakken tingkahing manungsa, angawruhi ing ngawakké, darapon wruha iku, saking apa mulanné ngunni, kahananné kayapa, kaping kalihipun anyatakaken punnika, pratingkahé angawruhi ing Hyang Widdhi, ingkang akarya jagad,
  18. Lawan ingkang akarya ing [5] Nabi, Adam sarta lawan Ibu Kawa, miwah sadaya dayanné, pasal kang kaping telu, anyatakken dunnya puniki, lan uripping manungsa, pasal kaping catur, annyatakaken punika, wekasanné wong ngurip manjingnging pati, pasal kang kaping lima.
  19. Annyatakken tingkahing para Ji, ingkang samya mong rumekséng bala, kukumah ing karatonné, pasal kaping nemmipun annyatakken panggawé ngadil wadya lit miwah ingkang, para ratu-ratu, dénné pasal kaping sapta, annyatakken pangngréhing ratu mring mantri, sarta lan bebennerran,
  20. Pasal kaping wolu angyekténni, ratu kapir kang ngadil sadaya, pasal kaping sanganné, annyatakaken niku, wong niyaya panggawenéki, pasal kaping sadasa, angyekténni sagung, para mantri kang sampurna, darajatté kamulyan tindak nastiti, babbé kaping sawelas,
  21. Annyataken pratingkahing carik dénné pasallé kang kaping rolas annyatakken pratingkahé, prakara wong ing ngutus babbé kaping telulas néki, amratélakaken adat ingkang para ratu, babbé kang kaping pat belas nyatakaken amulasara ing siwi, bab kaping gangsal welas,
  22. Annyatakken angen-nagen sidik kaping nembelas annyatakken akal kang ngiman kang bérbudinné, kaping pitulassipun annyatakken pasarat nenggih, rumeksa ing Naréndra, myang sa[6]wadyannipun babbé kang kaping wolulas annyatakken ing ngélmu wirasat,
  23. Lan nurbuwah miwah wahyu adi, kaping sangalas annyatakken samya, wirasat manungsa kabéh, pasal kaping rong puluh, annalika wong sapraja di, kang kawengku ing natha, pasal ping salikur, mratékken isining ngrat ratu siji abala warni kakalih, kapir kalawan Islam,
  24. Ping rolikur pasal angyekténni, lomaku met becik lawan ala, pasal ping tigalikurré, annyatakkakenniku aprakara nuhonni jangji, jangkep ping salawé prah, wekassanning tutur, amrih katujon harjéng ngrat sakathahé wartanné kitab punniki, mrih mulyanning ngasmara.

Pupuh II
ASMARADANA

  1. Ingkang kinondha rumiyin pasallé ingkang wiwittan ameruhaken solahé, wong tumitah ngalam dunnya, asallé saking ngapa, andikanné Kangjeng Rasul kang sapa wruh ing sarira.
  2. Sayekti wruh ing Hyang Widdhi, pasthi ananning manungsa, kadis iku paréntahé, pan nora kawasa ora, manungsa ngawruhana, iya kang tan nedya weruh, tan wruh babarring kamulyan,
  3. Lirring kitab ahkammudin mengkana yén nana tannya, perlu endi upamanné, angawruhi ing sarira, lan ngawruhi Hyang Suksma, sayekti wajib rumuhun angawruhi ing sarira.
  4. Ingkang wus kasebut dalil purwa ananning ma[7]nungsa, saking kodratting Hyang Mannon katartantonning kukum, dinnadékken manungsa, saking toya ingkang nganduk kang metu ing ngiga wekas,
  5. Lawan iya ping kalih, mijil saking tulang dhadha, kang wus kocap ing wartanné, kang kitab hijadullibad subkana watangala, anitahken manungswéku duk tétéssing sacumbana.
  6. Purwa tibanné kang manni, telannakkanni manungsa, ing patang puluh dinnanné, manni owah dadi erah, kempel anéng panggonnan prapténg malih patang puluh, dinnanné kodratting Pangéran,
  7. Ing kawan dasa ri malih, dadi daging kempel nulya, patang puluh dina mannéh, saking kodratting Pangéran saksana pinnanjingngan eroh kalawan babalung, otot kulit sarta nikmat,
  8. Ginnatra samya mepekki, sarat sipatting manungsa, miwah katartantohanné, lannang lan wadon ginnatra, anulya tinulissan nenggih wawatessing ngumur, cendhak dawa wus kinnarya.
  9. Nulya tinulissan malih, rêjekinné ginnantungngan cilaka miwah begjanné, mulus ina ginnantungngan néng jro garbanning biyang, sapraptanning mangsannipun sangang wulan myang sadasa.
  10. Miwah wolun sami, dandannan kang sinnaossan kang kocap ing kitab tassréh, sirah iku kang sinungngan saubengngé tengngah, babalung kang patang puluh, dénné kang munggéng talingngan,
  11. Kang jaga ngerténni [8] budi, anampanni pamiyarsa, sinung pipitu ballungngé, miwah saubengnging grana, lan sapangisorrira sarta saluhurring gulu, sinung babalung cacahnya.
  12. Nenggih tigang dasa kalih, sasaka gulu sinungngan apan pipitu balungngé, kang ingaran balung ngilam wujud namanné ika, cacah babalung pat likur, munggéng geger ula-ula.
  13. Lan sakéhé badanniki, ginnebag babalungngira, rongngatus wolu cacahé , pinnaringngan otot samya, ingkang datanpa erah, pitungngatus telung puluh, roro kawengku jro badan,
  14. Otot ingkang metu getih, wolungngatus pitung dasa, dénné ta cacahé kabéh, kang kawengku jronning badan ngasibé tarngi lalat otot kalawan babalung, cacahé jronning sarira.
  15. Séwu sangangngatus nenggih, sangang puluh lan titiga, punniku gagebagganné, ing saben-saben satunggal tinnengga malaékat dadya séwu sagangngatus malaékat jronning badan,
  16. Lawan sangang puluh katri, dénné kaol kang satengah, mung siji malaékatté, punnika kang kabubuhan rumekséng ing dandannan jro badanning manungséku, mangkana sawussing mongsa.
  17. Metu saking ibynéki, tumurun mring ngalam dunnya, sinungngan nugraha dénné, paningal lan pamiyarsa, budi miwah wicara, pinnepekkan sadaya wus pinnaé[9]s paésan nikmat,
  18. Pira-pira yén kawilis kannikmattanning manungsa, umadeg lawan nurippé, pinunjulling sasamanya, kang tumitah ing dunnya, mila undhangnging Jeng Rasul padha sukurra ing nikmat,
  19. Amung kebo lawan sapi, unta kuldi kudandaka, iku kang kedhik nikmatté, pantes nora micaraha, dokur nikmatting dunnya, paparing ngira Hyang Luhur, yén manungsa wajib uga.
  20. Éwa mangkana tan kenni, lamun pepesthénné ala, dilalah nir ihtiyarré, milanné tinnéda béda, sami-sami manungsa, kang kirang ihtiyarripun yékti kélangngan darajad,
  21. Upama teles lan aking, pannas adhem peteng padhang, osik menneng upamanné, iku rupanné ihtiyar, kang pannas iku iya, ngilangngaken nadhemmipun pannadhem ngilangken pannas,
  22. Menneng ngilangngan nosik osik ngilangngaken ala, ingkang ala punnika, ngilangngaken becikkipun marmanné ana ihtiyar.
  23. Iktiyar iku pamilih, kalamun miliha ala, yekti sato papadhanné,nora kenna winnicara, marmanné pra manungsa, angimanna kang pitutur, aywa dadi satu kéwan,
  24. Rungokna ujarring dalil yekti kapanggih sadaya, jro dalil konno rasanné, aywa pépéka dalu ya, pasthi amanggih sasar, barang solah tindak-tanduk dipun amrih karahar[10]jan,
  25. Éh sagungngé wong bérbudi dipunnawas ing sarira, iku kannyatahan kabéh, apan pira-pira polah, kang munggéng ing manungsa, wicarannen dipun émut dén prayitna ingt sarira.
  26. Yén wong bodho tan ngawruhi, cacahé kang malaékat kang nganéng jro sariranné, kiraman katibinnira, amung kang kinnawruhan Jeng Rasul undhang guguru, aywa tan wruh ronning kamal.

Pupuh III
SINOM

  1. Wawassen sarirannira, pan punniku nglam sahir, pakumpullan sipattolah, suméndhé ing ngalam kabir, apan tarik-tinnarik tetep-tinneteppan iku, barang saisinnira, gaib karsanning Hyang Widdhi, lamun awas sayekti manggih kamulyan,
  2. Amung yén sampun pratéla, pangandikanné Jeng Nabi, Mukammaddinnil Mustapa, aywa cipta riya kibir, manggih sisiku pasthi, yéku tan kenna winuwus yén sira annyiptaha, punjul samanning dumadi, nerak sipat linnalékken purwannira.
  3. Pan sira wijilling kama, lemah daging lawan getih, liwat asor liwat andhap pan sampun kocapping dalil barang kang mojud iki, kabéh kannyatahan tuhu, sennenning jamallolah, aywa ta sira mungkirri, lamunnora nastiti kaserêng sasar.
  4. Apan ta sampun muktamad musannip Imam Bukari, tan karana siya-siya, Hyang Suksma anda[11]dosken dasih, apan ambabarêppi, ananning manungsa iku, lan sakéhing tumitah, manungsa luhur pribadi, yén dénnaku kajarah tur siya-siya.
  5. Upama sarirannira, mannikem ing saraknéki, mulyanning manikemmira, saking cahya kang nyartanni, jroning mannikem iki, kang nora kenna winuwus jronning manikem nyata, mung cahya nrus anglimputti, jaba jero kannan kéring kasorottan,
  6. Ing luhur miwah ing ngandhap cahya tan luput nyartanni, endi tan lamun bédaha, mung paénné manuswéki, dénné mennang madhahi, maring cahya kang angnglimput apanniku sannépa, yén mannikem iku sepi, tampa gawé dadi cangkokkingngibarat,
  7. Saéngga dadi paéssan lingngira Imam Bukari, cahya kang anéng jro kaca, dudu kaca kang darbénni, sayekti kang ningalli, kang kang duwé cahya punniku, nanging yén tannanaha, paéssan tan wruh cahyéki, tundha béma yénna mada angalemma.
  8. Kabéh iki kang katingal tanpaésaking purwéki,marma dadi kannyatahan yén sira yun anningngalli, ing dat kang Maha Sukci, lékkenna nétranniréku, supaya tan kasasar, aja gumingsirring yekti, pan manungsa dén émut ing telung pangkat,
  9. Purwa Adam saking lemah sira iki saking manni, saking getih kempel lawan daging kempel ingkang dadi, liwat andhappiréki, i[12]ku pangkat kang rumuhun nuli sira tumitah, sinung nikmatting ngaurip dipun émut saking ngasor dadinnira.
  10. Lan pira-pira kalilan daulat sajronning ngurip yén sira nora émutta, siya-siya ing ngaurip pangkat kang tengah nenggih, iku gegedhénning ngéwuh, dénné pangkat wekassan pan sira dén lebur mala, yén tan bisa ngulihken titippan,
  11. Lamun nora sasanguwa, patinnira tanpa kardi, marmaduk maksih néng dunnya, angrakitta gawé becik yén nora duwé rakit dadi sato patinnipun cegahen nganniaya, aja drengki aja sisip dunnya iki mung sacelérétting kilat,
  12. Imam Bukari ngandika, kempong pérot wus barindhil nanging dén busananni, ing busana abra murup lan dén balonnyo atal sakedhap lirra rasundhi, tinemennan rasanné sepa ké
  13. Samongsa cucul busana, tanpa gawé nini-nini, sinnandhing kaliwat nistha, tanpa kusur kang ngrabénni, wong ngasih dunnya yekti, kakandhangngan tanpa kusur, dén bobodho ing sétan dénné gelem anglakonni, wruh yén dunnya aglis rusak tanpa karya.
  14. Bonggan gawé tinnemennan ingkang pantes dén temenni, amung sampurnanning pejah, dénné gung tan dé watessi, dinnawulan warséki, langgeng tan kenna ing [13] ngétung, ora kethéna leksan tan unning sajronning pati, aywa kadi kang kocap rathu titiga.
  15. Raja Pirngon Raja Sadat Namrud kaping tiganéki, Sang Raja Sadat punnika, dénnira madeg narpathi, agung karatonnéki, laminné rongngéwu taun langkung dénnya misésa, wibawa tan mawa éling, pangngrasanné dudu kadadéyan kama.
  16. Angrusak ing pirang praja, ingkang pinrah bulubekti, gedhongngé tanpa wilangngan pirang leksa pirang kethi, isi mas sosotyadi, kang samya di adi luhung, pan ratu pira-pira, annekakaken ubekti, ing patinné ajiku raga garangngan,
  17. Dunnyanné nora dén gawa, karatonné wus dénnambil dénning pekir papariman annak putunné tan dadi, dadya wong kési-ési, malah sami amimikut ngulatti upajiwa, iku tambanné wong lali, nora montra nedya karya kabecikkan,
  18. Imam Bukari ngandika, mertaken sojarring dalil waman yak emal miskala, daratin kaéran nenggih, ywa rathu tegesnéki, kang sapa wongngé punniku, agawé kabecik satimbangngé pan pinnanggih, nadyan semut kang cilik pinnanggih uga.
  19. Lan malih waman yak emal nenggih miskaladaratin saranyarah tegessira, sing sapa wongngé akardi, panggawé ala bénjing, satimbangngé pan tinnemu, semut cili[14]k punnika, agawéya pan kapanggih, pan mangkonno lire para raja.
  20. Kang sapa ngegungken raga, dénnya paraéntahing dasih, kurang ngadil kurang marta, lali yén dadinning manni, tan prabéda purwéki, kalawan kawulannipun jer dudu malaékat yén manungsa gedhé cilik, ratu sikep apan padha saking kama.
  21. Mangsanné ya rinnadamah, winnalik karsanning Widdhi, ratu-ratu ingkang samya, siya-siya marangdasih, sedheng jagad winnalik ratuha kéh dadi semut kawula kang ngutama, tan wennéh dadinné ugi, semut dadya anjoroganning kawula.
  22. Tinnagih maring sadaya,manungsa kang dén ratonni, miwah kang dén kanniaya, pan nana ujarring dalil nenggih punniku dupi, wé lakumma ahlandukum éh sagung para raja, kabéha gawéya becik aywa gawé kaprihatinnaning bala.
  23. Annemu weweléh sira, dadi piték iwén ugi, ayya nunutuh ing bénjang, manawi sira kapéngin marang sagung para Ji, kang samya dil marténg wadu, pira-pira daulat kannikmattan kang pinanggih, ambawonni kanikmattan wong sapraja.
  24. Pan punniku istingarah, saking gungngé mulyannéki, upama manungsa rucah, kang padha agawé becik béda pamalesnéki, pan namung tikel sapuluh, yén rathu kalerêssan dénnira akarya ngadil pamalessé tikel satus kang pinanggya.
  25. Mi[15]la Kangjeng Rasullulah, nalika sinniwéng dasih, angrakit karatonadya, sagung sakabat para Ji, samya sumiwéng ngarsi, tuwin sakabat gegedhug kang sakawan tan tebah, pan sarwi ngukum-ukummi, tanpa wilis umat kang nangkil sadaya.
  26. Sabubarré sinnéwaka, Jeng Rasul mring kebon naglis dénna angundhuh sekar, sarwi dén kandhut pribadi, lawan kurmanniréki, pinnaringken garwannipun ingkang minongka nipkah, turriku wakil sayekti, nora montra ngegungngaken kang sarira.
  27. Utawi kang para natha, lilullai pilngalami, wawayanganning Pangéran sajroning ngalam punniki, lilulahi pilarli, wawayangnganning Hyang Ngagung, sajronning bumi ika, yén sikara nora adil sayektinné dadi wawayangnganné sétan,
  28. Éh sagungnging para raja, kang mashur Imam Bukari, dén padha sukurring suksma, réhning kinarya sisilih, malah teteppa ugi, paparing ngira Hyang Ngagung, kamulyan lan kagungngan lawan ayywa anglakonni, ingkang dudu laku lalakonning raja.
  29. Utawi panggawé ika, dinum ing tigang prakawis saprakara para raja, saprakara para mantri, tan kenna liru kardi, sadumman marang wadya gung, dénné karyaning raja, sarupa lan para nabi, angadilli asung mupangat sadaya.
  30. Aywo wah sipatting rahman lawan aywa malatti, marang kawulanning Ngalah, ratu marmanné sinulih, rumeksa karyannéki, aywa kaliru ing pandum dursila ywa ginannanjar, tinatrappan lawan adil dén pariksa ala becikking kawula.
  31. Kang akéh karyanné mapan ganjaranné dén kadukki, kang kedhik karyannéki, ywa kaduk ganjarannéki, temah angrusak adil yénna ngungungnging ngapunggung, yén putus sinnangkirna, iku panggawenning ngéblis kang dipun prih ratu padha kasasarra.
  32. Laliya ing karyannira, aja parêksi bérbudi, wruh ingkang panggawé sétan sipunggung kang anjurungngi, ratu lilussayatin tegessé lapal punniku, ratu iku dadiya, iya wawayangngané éblis aywa kongsi dadi wawayangnganning ngalah.
  33. Mengkonno karêpping sétan lan karyanning ratu nenggih, angreksa arta bétakmal lan angngreksa annak yatin lawan aja ngrasanni, dunnya kurang saking séwu, dénning bobotting ngemas aja kurang patang tail yén micara sorring patang tail nistha.
  34. Yén nistha dén mindengngenna, kekembangnging ngapes nenggih, suda darajatté mapan ilang mulyaning Narpathi, pan ratu wus pinnilih, ing samasa méng tumuwuh, utama ngundhakkenna, darajat aywa mlonglongngi, sidhang siring tannah ajam tannah Ngarab,
  35. Ngatassangin tanah Ngarab tanah ajam bawah angin aywa tinggal ing watara, sa[17]pa tut pantes dén kokki, barang pakartinnéki, saulah bawanning ratu, ratu ing tannah Arab lan ratu ing bawah angin yén lisningnga nir supangat rasullolah.
  36. Nanging wajib udamamah, ing pitung kalawan sipir, ngélmu palak palakiyah, sagungnging para narpathi, wruha salirring kardi, wirasat punniku perlu, kagungngan para raja, ri sedhengngira sinniwi, milih wadya nyiptaha ngélmu wirasat,
  37. Kalawan ngélmu wiyapat aywa mang-mang maring dasih, mamantes bobotting karya, sayekti yogya tinnarik sang kang para musannip wisarasat ngélmunning ratu, ingkang wus kalampahan Imam Sapingi ngyekténni, nora kenna gothang kang manjing wirasat.
  38. Karyanné mantri punnika, ing sabennari ywa lali, wruha pakéwuhing praja, salirring kang menneng osik wruha purwanning osik lan purwanning menneng iku, apa kang dadi sarat upama panassing genni, saéngganné ratu malaratti praja.
  39. Para mantri apikirra, katurring Sri Narapathi, sayogya angrarapuwa, kalawan atur kang mannis supaya nutting kapti; nnira kang ngamrih rahayu, asreppé sanagara, aywa keras turriréki, atur keras iku nangékaken napas,
  40. Yén tan kenna ingaturran kang wus tétéla yén sisip para mantri samadaya, dén rêmpeg tinggallen aglis aywa sira tunggonni, ratu kang mangkono iku, wus la[18]batin sétan nora kenna dén parêkki, anadénné sadumman karyanning wadya.
  41. Angabekti ing Naréndra, wediya ing para mantri, sumingkir panggawé salah, marêkki panggawé becik aywa ngadonna-donni, adonna-don mring wong ngagung, gawé rêksanning praja, kunneng pasal kang winnarni, kaping kalih dén awas babbé kang wuntat.

Pupuh IV
PANGKUR

  1. Réh kapindo kang ing ngucap kang muktamad dénning Imam Bukari, wusnya wruh ing badannipun énggal angawruhana, ing Pangéran kadim baka sipattipun haka arjallapangaja, kagungngan Kang Maha Suci.
  2. Kang andadékaken marang, Nabi Adam mongka angulbasarri, bapakkanning manungséku, sayekti Nabi Adam angulroki sayektinné Kangjeng Rasul bapakkanning roh sadaya, murwéng ngalam sahir kabir.
  3. Mongka toh jalinning rahsa, kang waskitha mukmin kang sampun mukmin mongka toh jalinning rasul wingit ingkang mangkana, dénné pekir  Bokari pamintannipun kayapa yén pinnanggiya, pinnardi lan akal langip,
  4. Éh sayogyaha mardiya, ampuhing tyas aywa kalawan langngip supayannira annemu, sampurnanning kasidan mongka sapa kang nora wruh badannipun,
  5. Sayekti nora tumeka, aywa ngamungngaken akal kang langip dattira pa[19]ttiréku, wawassen gonning nyata, yén wus nemu dennajrih titining rasul pekir Bokari wasiyat dén éling ing dalil kadis,
  6. Ingkang minongka balabar, man ngarapa napsahu bil panai, wakad ngarapa rabbahu, bil bakai punnika, tegessipun sapa wruh ing ngawakkipun yén bénjing punnika sirna, sayekti wruh ing Hyang Widdhi.
  7. Lamun langgeng datan rusak kadim ajal miwah kadil abadi, purwanning roh duk winnangun mijil saking dattolah, roh ing Kangjeng Mustapa pan babonnipun nulya kang Nabi sadaya, saking rasul gonning mijil,
  8. Nulya rohing para raja, nulya kang roh sagungnging para wali, kabéh saking cahya rasul nulya kang roh sadaya, marma dipun éling sagung ratu-ratu, mulya luhur purwannira, éman lamun nora adil,
  9. Élingnga purwanning kana, wus pinnilih rohé ginnawé dhingin kinarya mulya ing dangu, béda lan rohing tumat sabongsa lan rohing Nabi aruruntung, kayapa yén malébékka, dadi nampik sihing Widdhi.
  10. Ing pati nora sumringah, lamun ratu tan émut karyannéki, kang émutting karyannipun luwih saking ing dunnya, kannikmattan kamulyan kagungngannipun ratu iku pan rinneksa, saking purwanning dumadi.
  11. Yén annyambat amiminta, annedya anutuggi karsanéki, mring ngumat kang dudu ratu, ingkang pinrih si[20]nnambat iku ratu lali yén tinnitah ratu, pannedyanné jaluk arja, sajatinné jaluk miskin,
  12. Imam Bukari ngandika, ratu iku tinnitah anéng bumi, padha abekti yéng ratu, éh sakéhé wong dunnya, ratu iku apan minnongka dhudhukun sabarang kang nandhang lara, kabéh prihatinning ngati.
  13. Wajib gubella ing raja, iku bisa nampurnaken prihatin ujer wus bubuwannipun among isinning jagad ujer parêk iku lan Kang Maha Luhur, lirring badal kang sarira, sinnambattanning prihatin,
  14. Yén ratu anyanyambatta, wring wong cilik dadi buwana balik ingkang ngasor dadi luhur, yekti sira duraka, lan ratunné lali yén tinnitah ratu, angajarraken malarat nyangkrahi dadalan pati.
  15. Yogya sami amardiya, ing ngaurip pan wus pacangngan pati, dénnya wus nampanni wahyu, ing budi gonning nyata, budi iku ihtiyar busannanipun yén sira milih kang ngala, pan dadi wahyunning ngéblis,
  16. Apansitting Pangéran nor adoh date kalawan budi, wruha yén Alahmukitun anglimputti sadaya, ing kawula ngélmunné lan kodrattipun kadya upamanning iwak kang anéng sajronning warih.
  17. Ujudding minna apana, ingkang pisah metu jabanning warih, kang sayekti minna iku, anéng sajronning toya, lamunnana kang metu jabanning bannyu i[21]ku pépéka balasar, kasasar kenna bilahi.
  18. Wus dadi bojanning sétan saking nora weruh sarirannéki, lan nora weruh ing bannyu,marma dadi mangkana, kurang pamituhu andikanning rasul miwah dalil kang muktamat padha agawéya becik,
  19. Nyegaha panggawé ala, pan mangkonno andikanné Jang Nabi, iku dadalan rahayu, urippé prapténg pejah, nora ana sangsayannira tumuwuh, dunnya iku pan dadarran papasar upamanné
  20. Kang adol atuku samya, maring pasar kang tunna lan kang bathi, ing pati adoh tinnemu, marma aywa pépéka, nedya bathi supayanné nemu luput wong bérbudi wong bériman lumuh tunna kudu bathi.
  21. Pamituhunning wawarta, ingkang dhawuh saking andika Nabi, paréntah Samyang guguru, miwah angliwattana, tata sarak sakarêppé aywa luput kang marsudi mrih tumeka, Kangjeng Rasul anjurungngi.
  22. Purwéng duta Nabi Adam wekasanning duta pan Kangjeng Nabi, tur pinnilih Jennengngipun sami-sami kalipah, luhur dhéwé menggah ing serajattipun.
  23. Kang luhur darajattira, Abu Bakar Ngumar Ngusman lan Ngali, apan mung papat puniku, gegedhug waliyollah, nora mulya suminggaha saking iku, kang amrih wruh ing kasidan mumuriya kang sayekti.
  24. Pekir Bokari wawarta, sa[22]mana kitab tatan biul hapilin tannah ajam ana ratu, aran Prabu Sahriya, langkung dénning gagah prakosa dibya nung, angngréh para raja-raja, tanpa lawanning ngajurit.
  25. Sri Maha Prabu Sahriya, sugih wadya agung karatonnéki, langkung dénning kumalungkung, asih karêp mring dunnya pira-pira bulu bekti ingkang rawuh, sektinné Prabu Sahriya, anging pépéka ing batin,
  26. Dénnya angréh para raja, supé marang sama saméng dumadi, dénnya gung karatonnipun nuju sawiji dinna, Sang Ngaprabu Sahriya ngundhangngi sampun wadya sakuswa wahana, mring jawi kitha abaris,
  27. Undhang samya papaéssan nganggé anggé kaprabonning ngajurit kikirap arsa andulu, untabbing bala kuswa, jalu éstri sagung punggawa gung ngagung, untabbé tanpa wilangngan kawula bala ngadili.
  28. Tedhak Sang Prabu Sahriya, tan pétungngan kadya robbing jaladri, atata kang baris sagung, jejel ing ngara-ara, busannaning wadya lir prawata tunu, praptanné Prabu Sahriya, sukéng  tyas mulatting dasih.
  29. Kannan kéring wuri ngarsa, sarta ingkang busannaning wadya Sri, gagaman sajuru-juru, wau Prabu Sahriya, ginnarêbeg ing punggawa agung ngagung, Sang Natha munggéng turongga, anggung mawanggungnging baris,
  30. Ngandika marang punggawa, ngendi ana para ratu nimbangngi, gedhénné karatonningsun lan gungngé wa[23]dyanning wang, sapa wanni angalap karatonningsun ing samengko sapanongga, bobotting prang lawan mami.
  31. Sang Prabu arsa tumedhak mring tatarub ing ngayap pra dipathi, ana pekir miskin rawuh, busana tatamballan kulu-kulu keluwuk ulatté sebut praptanné ngulukki salam nanging nora dén sahurri.
  32. Nyandhak kendhalinning kuda, pan ing ngandheg lampahé sang Narpathi, punggawa cingak andulu, kéré ngendi marganya, ala temen batur kang baris punniku, wong mengkono kongsi prapta, ing ngarsanning Narapathi.
  33. Dénné nora dén babayang, iku akéh prawira para mantri, kang nindhihi barissipun éh iya pijer apa, Sri Bupathi langkung duka sarwi muwus éh sidir wis tanpa ngrasa, wanni parêk lawan mami.
  34. Lah ta apa karyannira, punang derwis alon dénnya nahurri, sarwi nyandhak bahunnipun tinnelungken Sang Natha, binnisikkan asung warta karyannipun malakul maot panningwang, amundhut nyawanniré
  35. Dupi miyarsa Naréndra, pan gumeter dharodhok matur aris yén kénging amba umatur, mangké yén mantuk ingwang, mring kadhatonsakarsannira ing ngriku, kawula arsa memekas maring annak amba é
  36. Kalawan narsa nannedha, apurané sagungnging bala sami, kang wonten sak mannahipun margi saking kawula, pan kongsiya annedha apurannipun [24] malakul maot angngucap éh tan kenna kosambatti.
  37. Ing mengko iki kéwala, pijer apa sira duk wingngi uni, liwat saking kumprung pengngung, cubluk datanpa nalar, lagi mengkono éling salawas lawasmu, katungkul ulah wibawa, lali lamun ana pati.
  38. Wus tinnarik nulya tiba, saking kuda sang Prabu wus ngemasi, gégér oter kang wadya gung, lamun ratunné pejah, bilulungngan swaranning tangis gumuruh, tanbuh-tanbuh solahira, baris bubar anglut tangis,
  39. Pan kadi kiyamat suhra, samya tunjang tinunjang langkung ngajrih, musna tannana kadulu, wau kang mindha-mindha, Sang Ngaprabu Sahriya karatonnipun nagaranné wus dénnalap maring pekir liyan nagri.
  40. Marma rasul undhang ngundhang, dén prayitna tan wurung nemu pati, yén éling manungsa iku, ing pati pan utama, sinung mulya ing Hyang sabab élingngipun kang sinung pakéwuhira, iya sabab saking lali.
  41. Aywa na mungkirring warta, wonten dalil pakngalun limayurid utawi Alah Maha Gung, gawé sakarsannira, sayogyanné manungsa samya mituhu, barang karsanning Pangéran kang wus kocap jronning dalil,
  42. Miwah kadis rasulollah, poma-poma mituhuwa sayekti, karana sagungnging ngélmu, kang sah catur makripat noranana liya marga saking rasul kang nedya mulya kamulyan waspada prapténg sayekti.

Pupuh V
KINANTHI

  1. [25]Kinanthi bab kaping telu, annyatakken sayekti, tingkah kang ngawassing dunnya, uripping manungsa iki, wruha panujunning nugraha, kang awas wruh ing pamilih.
  2. Kang urippanning dunnyéku, tan kenna yén ginugonni, sapa ingkang nedya waras sapisan ning dunnya iki, tan wandé amanggih papa, karan dunnya puniki.
  3. Lir wisma munggéng marga gung, palérénnan wong lumaris nanging ta pinajang pajang, rinna rênga ing sarwadi, miwah gungnging pasugata, kang darbé wisma naossi.
  4. Destun temen kumprung pengngung, karasan lérénning margi, tur iku duwékking liyan dudu sira kang duwénni, pijer karasannéng marga, tinundhung tan wurung mulih.
  5. Yén mulih nora sesangngu, kayapa solahiréki, wekassanné duka cipta, sayektinné sothal-sathil sedih tinnagih ing ngutang, pan sira duk sinung urip,
  6. Sinung kamurahan agung, titippan dén rumakti, durjana ing badannira, tinungkullaken ing ngéblis linnaléken saking hawa, nepsunné kang dén ubungngi.
  7. Aywan ati balilu, pan dadi kuthanning éblis dunnya iku pan jalarran mungguh manungsa bérbudi, gonning ngarip lawan makrup kaollé Imam Bukari, gonning wong agawé ngamal gedhé cilik ala becik utama kang margi dunnya, ka[26]wruhing dandanan pasthi.
  8. Kang datan margéng dunnyéku, malaékat lawan ejim nora katémpéllan coba, darajattipunning bénjing, sayekti luhur manungsa, miwah pahalanniré
  9. Ingkang kya wus jisimmalus marma tan mindhak ing bénjing, ing mangké kang misih wadhag nenggih alussé ing bénjing, luwih saking malaékat mulyané pan luhur jalmi.
  10. Karana kang dunnya mashur, mungguh wong kang ahli budi, dadi pancaddan kamulyan dadi pancaddan bilahi, mungguh kang cekak budinya, dunnya iku bilaé
  11. Éh éling ngéling dén émut kaollé Imam Bukari, dunnya iku kadi rahsanning bapa kang munggéng sulbi, lan rasa kang munggéng biyang, duk misih annéng rahmanni.
  12. Mongsa ta wandéya metu, pacampuhing rahsa kalih, ing nalika dadi warna, lairring kang jabang bayi, prapta ing jaman wasitah, tan wus awekassan kubri.
  13. Anapon kang bijaksanung, kakin saéngga bérbudi, annelassaken dadalan kang luwih adohdén rukti, kang luwih éwuh dén jongka, supaya dadi lestari.
  14. Wong ngurip prihatin sangu, sangu kang ginnawa mulih, nora tolih dukking marga, daulat dén ati-yati, titippan umur dén rêksa, kang yogya sangunné
  15. Upama wong kenna pengngung, kerasanning datteng margi, tontonnen kéhing daulat tan mikir dangu[27]nné mulih, sengsem abotté mrih arta, nepsunné dén karatonni.
  16. Sétanné kang ambibingngung, ambubungah narik sisip karêm kamulyanning dunnya, aywa kongsi sangu mulih, katungkul anutting hawa, dadiya kanthinning ngéblis,
  17. Kutama kang ngamrih luhur, méngotan karêmming margi, kang pinrihatinken mapan jagad kang tang owah gingsir, langgeng kang parlu rinnasa, titinné angennya puri.
  18. Aywa ta kenna ing kumprung, pépéka tan wruh ing wésthi, nutting sasar ambelasar, mangsanné nikmat winniris wong bingngung nora kadumman kariha ngemut dariji.
  19. Nunutuh pijer katungkul kadunnyan kang dén karêmmi, kasép nora ngalap warta, duk anéng dunnyanniréki, temah ageng duka cipta, dadi réréwangngannéblis,
  20. Sayekti dunnya punniku, lir wong wadon sundellanjing, yén wong bérbudi tannarsa, amengku wong sundellanji, kang dén bobodho kéwala, si penggung kudu ngawin,
  21. Sawusnya denningkah bésuk nora wurung balénjanni, wonglodhog kang balasarran nora kenna dén tambanni, destun pengungngé kang ningkah, kaya norana pinilih.
  22. Apan manungsa sawus sinung, ihtiyar dénning Hyang Widdhi, pagénné amilih ala, tan welas badanniréki, éh éling éling wong dunnya pan samya angati-yati.
  23. Pasal kaping pat winuwus nyatakken wekassing ngurip myang nalika maottira, [28] wonten dalil kulunapsin daikatul maottira, sagung wak-kawakkanniki.
  24. Kabéh angrasanni lampus miwah ta ing kaol malih, pan kulumman ngalaé pan miwah wayabkaan nenggih, lawan wajahu rabbika, lawan malih taduljalali.
  25. Walikram panjawabbipun sagungnging sawiji-wiji, iku kabéh padha rusak amung dattira Hyang Widdhi, langgeng datan kenna rusak sipat jalal kang duwé
  26. Miwah kang mulya Maha Gung, apan ing dunnya punniki, dhinnapur kang rong prakara, sawiji manungsa nenggih, kang bodho iku cilaka, paparingngira Hyang Widdhi.
  27. Tambuh mring ihtiyarripun sihing dunnya nora éling, kapindho manungsa ingkang, bérbudi begja sayekti, dénnya wruh kang batal rusak wruh kang langgeng nora gingsir.
  28. Dadya wan ing tindakkipun lawan tindakking sayekti, awéwéka barangkarya, ana pantes dén karêmmi, ana ora kang binuwang, pan wahyu punniku budi.
  29. Ihtiyar busannanipun lamun tan busana pesthi, barang karya tanpa dadya, kang musannip wanti-wanti, dén wruh satrunning ngakérat lawan kanthinning ngaurip,
  30. Pan innama amwalakum waoladukum anenggih, ngaduwullakum punnika, tegessé artanniréki, tuwin lawan annakkira, pan dadi satru ing ngakir.
  31. Dadi witnah yén tan wruh, ing tindak nampik amilih, dadi kanthi yén waspada, rakit pannampik pamilih, mila sagungnging kukuma, semu[29]t dénnya masiyatti.
  32. Wisarannen kang satuhu, dénnawas nampik amilih, kang yogya dadya dandannan ing ngawal kang prapténg ngakir, supayanné sampurnaha, wéh mulya tindak kang mannis.

Pupuh VI
DHANDHANGGULA

  1. Saking kitab tanbihul hapilin pasal kaping lima winnarnaha, nyatakaken darajatté, kang para ratu-ratu, purwannipun kang Maha Sukci, akarya Nabi Adam siti kang cinnampur, lolokongngé bumi mekah, lan ing taip dadya tapel kang kinnardi, sisilihing kalipah.
  2. Malaékat samya amaonni, aturrira pannangur kawula, kang dadya kalipahé asor Adam punniku, asallipun saking nging siti, pan luhur asal amba, kinnarsakna patit babadal kalipattolah, purwa luhur pan tuwan karsakken dhingin pun Adam sepuh amba.
  3. Kodratting Hyang tan kenna pinanci, tapel adam pinnanjingngan nyawa, nurbuwahing karatonné, cendhakké kang winuwus roroncénné datan pinnikir, wedallé babu kawa, maksih néng swarga gung, kinnarya rupak kéwala, muhung gunnénéng kusniya malébérri, dénnira madheg natha.
  4. Nenggih séwu limangngatus warsi, jronning kitab kisasul ambiya, Jeng Nabi Adam jenengngé, cacahing annak putu, amung ingkang dipun ratonni. Sadaya pitung leksa, babarring nak putu, buyut canggah saturunnya, wewengkonnya ing kusniya ma[30]lébarri, nagri wus sinung rahmat,
  5. Samya suka kang dipun ratonni, wadya anak putunné sadaya, kéh suka saking artanné, nikmat daulattagung,lan penggawé kang becik-becik drajat lan papangannan sadaya rahayu, wong sawiji nora nana, duka cipta; ingukummaken lannadil tannana kasangsaya.
  6. Kangjeng Nabi pan apandhé wesi, angambillapi saking naraka, tinnawa ping séwu kéhé, kang mongka dhaharripun saking tapak asta pribadi, ajeggé anéng dunnya, déréng dhahar tuwuk lan déréng micara suka, ing nalika mangkana jengngira Nabi, angngangé kukumellan,
  7. Yén pinnarêk enggonné kang sepi, wadya anak putunné sadaya, ing sabennari praptanné, prasamya atur-ratur, dhadhaharran kalawan malih, busana adi mulya, warna-warna katur, nanging kang rama tannarsa, éca kéndel nalika iku prihatin, putra samya turrira.
  8. Rama Prabu paran karsannéki, punnapa kang ardayanning cipta amba yun wruha artinné, kang rama ngandika rum wruhannira sunniki dhingngin duk kinnarya kalipak, néng langit kapitu, nuju ana dosanning wang, tinurunken neng kusniya malabérri, dadi wong ngalam dunnya.
  9. Angratonni anak putu mami, marmanningsun nora duwé suka, ingsun cegah sapatutté, bok thompa karyanningsun angratonni ing sira iki, yén kaluputtanning wang, tan pariksa ingsu[31]n yakti annemu duduka, baya-baya ingsun dén dhunnaken malih, maring bumi kasapta.
  10. Kaya apa yén kongsi ya mami, angekéhenna suka ing driya, miwah pamicara juwéh, ilang sennenning ratu, murwattipun tannana kari, mangkana nabi Adam, milihi prasunu, kang pantes dadi kalipah, piniliyan pannamung antuk kakalih, putra kang bijaksana.
  11. Kang ngatuwa nenggih Nabi Esis pinarinngngan nurbuwah sinrahan darajat kannabéhanné, kang anom Kayumutu, Nabi Esis kang dén paringngi, kitan amurukkenna, marang manuswéku, Kayumutu pinnaringngan pan sinrahan karaton baurêkséki, marang isinné jagad,
  12. Nabi Adam angangkat putréki, Kayumutu ingadegken raja, sinrahan adil kukummé rumeksa isinnipun kang tinnatahan ing bumi, pangarêpan manungsa, Prabu Kayumutu, éh éling ngéling wong dunnya, nora nana gedhénné pakéwuhiku, nurbuwah lan kukumah.
  13. Nurbuwah pan witting para Nabi, mituturri mring sakéhing ngumat murih sah lan pakéwuhé, lawan kukumah iku, karyanning kang para Narpathi, para Nabi kang ngiras samya madeg rathu, Nabi Adam Nabi Musa, Nabi Yusup Nabi Dawud lan putréki, nenggih Nabi Suléman,
  14. Miwah Jeng Nabi Mukammadinnil Mustapa ngiras karaton nadya, rong prakara ing karyanné, dhihin kannabénnipun, anekakken pitutur wa[32]jib pindha karatonnira, iya samya perlu, pituturring wadya samya, supayanné para rathu wuri-wuri, padha anuttiruwa.
  15. Para nabi lan para Narpathi,undha usukké pakaryannira, sotya roro upamanné, malih samya jininnipun luwih akéh reganné kalih, karo wajib rinneksa, éh kang para ratu, Imam Bukari wasiyat dén prayitna luwih gung pakéwuh iki, Nabi lan para Natha.
  16. Tedhakking ngayat mashurring dalil éling ngéling sagungnging wong dunnya, poma abektiya dénné, marang kang Maha Luhur, kapindhonné mring Kangjeng Nabi, kaping tiga bektiya, maring para ratu, kalipahing rasullullah, bekti ratu prasasat sira ngabekti, ing Kangjeng Rasullullah.
  17. Éh wong dunnya wajibbing ngaurip anurutta paréntahing raja, nurut rasul papadhanné, antuk supangattipun nanging aja sira lakonni, yén ratu ngannihaya, lali tindakkipun sayekti sira mungkirra, nora dosa naming metuha dénnaglis saking nagrinné
  18. Nanging wenang uga anurutti, ngandikanné ratu ngannihaya, aja nurut penggawénné, yén uga nota turut medhottaken sirah sayekti, yén tinnitah kalipah, pakéwuh tinurut iku rusakking nagara, lamun ratu tan kandel ing balanéki, pindha barang pakarya.
  19. Karantonné nenggih, kang tinurut saking para iman pinnaido pandulunné, dudu karyaning ratu, lali lamun wakil Hyang Widdhi, mutahken getihira, tan nujonni kukum iku ratu satrunning Hyang nora arus pasthi nemu nora becik rusak jagaddé rêngka.
  20. Yén getih wutah kelawan adil nora dadi rêngkanning praja, yén wutah luput adillé, pan gegedhénning ngéwuh, lawan gegedhénning bilahi, anggerré getih wutah, pan ora dén étung, wong ngagung lan wong urakkan wutahing rah pasthi annyarangngi bumi, utama sinninggahan,
  21. Lamun ora ambédken nenggih, antaranné becik lawan ala, duraka karo karonné, dosa gung pangréh luput ingkang rinnéh doso gung sami, marma Bukari Imam amredi pitutur, kang wong bérbudi sadaya, ngawruhana pakartinning para Nabi, myang pakartinning raja.
  22. Miwah pakartinning para wali, ingkang samya angiras Naréndra, yogya kinnawruhan kabéh, supayanné annemu, pari polah ingkang lestari, pan iku sadarajat ing réh kang tiniru, tutular murwat darajat nadyan rasul punniku Nabi sinnelir, yén ana tindak yogya.
  23. Ingkang sami kaliwat ing ngunni, ngunni- unni sakéhing saréngat kang pantes dén misihaké, kunneng malih winuwus malar dadi ngibarat sami, duk Kangjeng Nabi Musa, ingadekken ratu, anéng ing Mesir nagara, kinumpulke[34]n manungsa jro nagri Mesir, tinniban ing paré
  24. Pan rong pangkat paréntahiréki, kang sapangkat kannabéyannira, kang sapangkat karatonné, apanning jaman iku, nagri bétal Mukadas nenggih, kang tinut dadi kéblating saréngattipun nenggih Masjiddilakessa, ing punniku méh rinusak ing wong kapir, nama Sang Ngamalakah.
  25. Prabu Nabi Musa angundhangngi, umat siyaga kaprabonning prang, éh wong Mesir sadayanné, rong prakara lakumu, karo wajib sira  lakonni, dhingin kannabénning wang, lan karatonningsun wong bongga karatonning wang, lawan mungkir ing Nabi saréngat mami, iku sah pinaténnan,
  26. Tan pitungngan balané Jeng Nabi, ngadeggaken sénapathi rolas binubuwan kang sijinné, wadya rong ngatus séwu lan rong puluh éwu wong siji, sénapathi rowelas sami balannipun siji sénapathi tuwa, pamungkassing bicara sor-sorran Patih, Séh Nakit namannira.
  27. Iku ingkang angembanni jangji, ing ganjaran kalawan siyasat Séh Nakib pamugarinné, Yusak Papatihipun budhallira wadya Jeng Nabi, kadi jagad prakempa, gonjing prabatarug nglurug mring Betal Mukadas saha bala lannang wadon gedhé cilik tumut magutting ngaprang.
  28. Ing punniku lampahé Jeng Nabi, datannarsa amawi wahana, dharat salami la[35]mine, lamun kalanning dalu, punggawanné samya naossi, pasanggrahan tannarsa, pangandikannipun éh wong pekir aja susah, luwih gedhé ing panggawénnira iki, angarêppakennaprang.
  29. Ingsun datannarsa ngérégonni, angingiras panggawéyannira, kang maring ingngingsun dhéwé, mannawa sudabésuk otottira tempuhing jurit akéh karinget medal saking karsanningsun, sok agawé pasanggrahan dukking marga ingsun tan bisa nengngerri, sudanné ing prangngira.
  30. Ingsun néndra kalanné ing margi, lan santosanné ing tyas kéwala, aja kongsi dadi gawé, malah dhadhamparringsun iya ora arsa nglungguhi, yén durung tempuhing para raja.
  31. Ing rong prakara timbangngé sami obahing pedhang; obahing kalam yéku gunggungngin panggawé, mungguhing ratu-ratu, nora ana ingkang ngluwihi, saking oabhing pedhang, lawan kalammipun nanging pedhangngipun nora, bisa ngobahaken ing kalampunniki, amung kalam kang bisa.
  32. Ngobahaken ing pedhang sayekti, panggawénning pedhang saking kalam anglakokaken lakunné, pedhang darma lumaku, saking kalam purwa lumaris kalam bisa lumampah, lan pribadinnipun Imam Bukari wasiyat éling [36] ngéling para ratu dipun éling, dén wruh gawénning karya.
  33. Kalannira Nabi Musa nenggih, karatonné tigang dasa warsa, lan sangang warsa punjullé, Kangjeng Nabi tannayun angliwatti wong bani Srail pungawa sabendinna dhaharran sarêng lan abdi, sajeggé pan mangkana.
  34. Imam Bukari pitutur malih, Nabi Yusup duk madeg Naréndra, iya Mesir kadhatonné, nanging jaman kang kantun Nabi Musa; Yusup rumiyin antara pira-pira, kang jumeneng ratu, nabi Yusup jenengngira, ing nalika sinniwéng kang pra Dipathi, munggéng dhampar mutyara.
  35. Munggéng ngarsa para kukumadi, lan ngulama pungawa kinnarya, kadang sawelas cacahé, kanan kéring génnipun pan sadaya wus dadya Nabi, angiras hulu balang, ngira Nabi Yusup saben anggitik nagara, kapir mungsuh para kadang kang nindakki, syuh sagung kapir bongga.
  36. Sawelas pisan kadang Jeng Nabi, kadigdayanné sami apetak lir gunung guntur swaranné, ya dénné prennah buyut iku saking Nabi Ibrahim sadaya sinnarita, lamun bébéttipun Nabi Brahim pinnaringngan bisa petak kadi angrubuhna langit tannana nimbangngana.
  37. Ing nalika iku Kangjeng Nabi, gerah wonda tinnom imbuh warna, lir wulan prapténg bangunné, ora kenna cinnatur, ing pekikké Jengngira Nabi, sapa[37]ro ngalam donnya, kabagussannipun Nabi Yusup kang ginnanjar, saparonné dinum sagung manungséki, marma kalintang-lintang.
  38. Wadya balanné tannana agring, samangsané séwaka tumingngal marang cahyanné ratunné, waluya sakittipun miwah rama ibunniréki, dahat tan saged pisah, ing saharinnipun tuhu kakasihing suksma, duk punniku pungawa samya wot sari, gusti punnapa marma.
  39. Sarira dalem langkung angnglentih, punnapa kang wiyadinning driya, gung wadya onneng driyanné, yun wruh purwakannipun Kangjeng Nabi ngandika aris éh sagung balanning wang, wruhannira iku, kang dadi kuwatirring wang, iya saking gedhénné ing karya mami, dadi kalipattolah.
  40. Pitulas warsa ngong madeg aji, durung ingsun amarêggi pangan iya saking sadinnanné, mannawa kang katempuh, kabéh wong kang ngratu ing mami, siji anaha kang sak katempuhan ingsun mannawa na kurang mangngan wong sawiji sajronning karaton mami, tiwas ingsun katempuh.
  41. Manungsa jro nagri Mesir iki, yén sun ora ngawakki priyongga, mariksa ing sadinnanné, mung ngandellaken ingsun pangayunnan bésuk éh Yusup karatonnira, dukking dunnya apa wus sira lakonni, tata titi pariksa.
  42. Endi silih kang sira kawruhi, suker gampangngé ka[38]ratonnira, paran sahurringsun tembé, dénné ta raganningsun iya ora mider pribadi, bok ana tan kawruhan jro karaton ingsun marma sun bélanni lapa, amung roti gandum sadinna sawiji, wadya dheku sadaya.
  43. Ika yakti ratat kala nabi, Dawud pinnarêk pangkat karatyan sinniwaka ing wadyanné, paréntahé awéh kukum mring sakéhé balanniréki, sarwi madhepping kéblat ngadheg Nabi Dawud ing madyanning pangimannan salat kalig rêkangat salam anuli, nenedha ing Pangéran,
  44. Ya ilaihi kang ngamaha succi, kang aparing ing karaton amba, kinnon bau rêksa kabéh, marang kawulannipun amba nedha kalalna malih, rijeki saking tuwan ing sadintennipun darapon ingkang katedha, sampun kongsi pamedalling kang nagari, mannawa siya-siya.
  45. Tinarima pandonganning Nabi, katedhakkan pinnaringngan ayat mukjijat ing pakartinné, dhawuh ingkang pamuruk tangannira iku, wesi iku dadi malam ing nalika sawissé dadi kulambi, pulih malih wesinya.
  46. Wus mangkana pakartinning Nabi, kasubbu mintara pirang praja, jabirah dawud lokanné, jabirah iku uruh, uruh wesi dadi kulambi, kathah kang amilala, sagung para ratu, miwab balanné kang samya, kinnalambén wesi karyanné priba[39]di, prajurit hulu balang.
  47. Pan punnika dadi dhaharnéki, wonten malih ika yakti kitab Ihlakul Mursalin ranné, duk kala jennengngipun Kangjeng Nabi Sulémannadi, karatonné misésa, ing saisinnipun bantala miwah akasa, sorring langit kang ana luhurring bumi, kawengku sadayanya.
  48. Nadyan mégamendhung lawan angin pan angratu Jeng Nabi Suléman mangkana ing nalikanné, sinniwéng para ratu, ratunning kang sarwa kumelip sakutu walang taga, sumiwi tan kantun miwah kang bala manungsa, tan pétungngan Jeng Nabi akon akardi, kendhil gedhé
  49. Kira-kira kendhil kang sawiji, amotta beras sapuluh unta, aywa kurang satakerré, angliwet saben ésuk, Bupati pra ratu, undhang samya bekta pinggan emas kang mongka ajangngé bukti, munggéng ing pannangkillan,
  50. Kendhillé séwu sadinna ping kalih, kang kinarya ingonning wong séba, pametunné nagaranné, kinnarya ingonnipun dénné dhaharripun pribadi, pan saking tapak tangan gonning ngannam wakul ing ngutus adol mring pasar, sapa yunné kang dadi dhahar Jeng Nabi, yén dhahar angupaya.
  51. Pekir miskin ingngajakkan bukti, nora dhahar yén ora manggiya, pekir miskin pambukanné, antara siyammipun ing nalika malih Jeng Nabi, Sulé[40]man duk pinnarak dhadhampar jumerut sarwi sinnongsongngan méga, dhadhamparré rinnarom padénning ngangin luhurré
  52. Ingayapping ratu-ratunning jin miwah sagung lelembat sadaya, tuwin bala manungsanné, kinnalang dénning mendhung, rinna wengi mega mayungngi, wadya kang anéng dharat sadaya samya hub wong sawiji nora kenna, dénning panas ameng-ngameng Kangjeng Nabi, ngambah ing tanah Arab,
  53. Praténg paminggir Mekah nagari, ana pekir satunggal kang mulat sarwi alon pangungunné, oalah Kang Maha Gung, luwih temen kang dén paringngi, kagungngan lan kamulyan mring putranné Dawud Nabi Suléman miyarsa, sru ngandika éh angin udhunna mami, sun temonnanné
  54. Pekir miskin angrasanni mami, dyan lumarap sengkudding maruta, dhadhampar binnekta ngémpér, uluk salam Sang Prabu, sinnahurran Jeng Nabi aris éh pekir miskin sapa ingkang, sira wuwus mau, pekir alon wuwussira, amba muwus kagungannira Hyang Widdhi, nikmat lawan kagungngan,
  55. Kang sinungken ing tuwan punniki, angluwihi ing karaton tuwan Nabi aris timballanné, éh pekir sira iku, yén ngucappa subkannalahi, lailaha ilelah, prapténg tegessipun ing jaman kapaténnira, tikel séwu lan kamukténnira bénjing, sayekti mukti sira.
  56. Tinimbang lan muktinningsun i[41]ki, nanging dunnya iki nuli rusak yén tan benner pratikellé, ing jaman langgeng tutug gitik terus mukmin kang mukmin kunneng kang cinnarita, kalipah kang ngagung, ratunning para ambiya, kang nurring ngrat lalakonné Kangjeng Nabi, rasul karatonnira.
  57. Pira-pira karatonné réki, mashur saking pirang-pirang pangkat kang kawengku karatonné, sinung wisésa umum wakilling Hyang pupuh, badhéndhali kang sapontha, sapanthanné sakabat nama Ki Kalid prawira wijilling prang.

Pupuh VII
MIJIL

  1. Duk papara nalika Kajeng Nabi, amangun kaprabon saha wadya sawég ing gawé, tapa wilis balannira Nabi, Kalid lawan Ngali. Sénapathinnipun,
  2. Yénna pisah wadya umat Nabi, saking panthan roro, kinnarsakaken sagung barissé, sowang sowang pan samantri-mantri, mangkana Jeng Nabi, wau budhallipun,
  3. Angluruggi mring kapir kang mungkir, ing ngagama kaot kadya robbing hérnawa balanné, busana sri kadya parwatagni, mangkana Jeng Nabi, nyimpang lampahipun,
  4. Mung Bagéndha Ngumar kang tutwuri, kang putra tinninjo, Sithi Pathimah wonten gerahé, wadya gung tannana ngudannenni, lampahé Jeng Nabi, prapténg wismannipun,
  5. Ingkang putra tinnebah kang kori, wruh umatur alo[42]n tuwan tedhak wontentarécéngngé, rasul ngandika iya mung siji, pamannira iki, Ngumar ingkang milu.
  6. Iya apata sira idinni, miluwa maring jro, Sithi Pathimah alon aturré, kadi punnapa kéngingnga manjing, paman Numar ugi, dé amba pukulun,
  7. Botenna nganggé wastra kakalih, pan namung sawiyos éwed angén kula nutuppaké, katutupna sirah ngandhap kéksi, ngandhap dén tutuppi, ing nginggil kadulu.
  8. Kangjeng Rasul serbanné nulya glis nguncalken maring jro, iku nini tutuppena agé, wus cinnandhak mring putra nulya glis sigra ngancaranni, kang rama tumaduk,
  9. Lawan Bagéndha Ngumar tan kari, sapraptanniréng jro, Kangjeng Rasul lon timballanné, éh putréngsun Yakur rétungénni, amratupu adi, pagénné siré
  10. Tanpa lémék dénnira aguling, kang putra wot sinnom saking boten darbé lélémékké, marma amba sakit kang dadya wit saking tan ambukti, sampun tigang dalu.
  11. Miwah rama tan anginum warih, nipkahipun towong, putra tuwan inggih pangluruggé, Kangjeng Rasul mésem ngandika ris iya annak mami, dermi Hyang Kang Ngagung.
  12. Angasihi wong sabar bilahi, lanning coba momot laku iku tannana timbangngé, ingsun iki pan tinnitah Nabi, kalipahing bumi, ingutus pitutur.
  13. Sayektinné [43] ingsun kang ngakardi, nak ingsun darapon sinungngan sabar ing dunnyanné, iku nini kapatén dadi wit malarat saiki, bésuk tikel sé
  14. Yainnallaha amangassabirin lapal kang mangkono, pan kakullah sarta lan sabarré, dénnarila ing kukummullahi, duka cipta mangkin manggih tikel sé
  15. Ngawruhana wong kang sinung urip ing sabar darapon amanggiha kamulyan ing tembé, lulurinnen lalakonning Nabi, tuwin para wali, miwah ratu-ratu.
  16. Cacak rasul kang jisim rokanni, prandénné mengkono, ngati-yati barang pratingkahé, kunnvng ingkang tinnepéng palupi, sédanné Jeng Nabi, kang gumantya Prabu.
  17. Amir Mukminnin Bubakar Sidik kalipah kaprabon anglestarékaken paréntahé, Kangjeng Nabi kang Muhkamaddinnil Mustapa sakéhing, nabi ratu-ratu.
  18. Ing nalika angukum-ukummi, wasiyat kaprabon lungguh annéng pangkat kalipahé, sagung nayaka aglar sumiwi, tuwin mantri-mantri, kang geppé lestantun,
  19. Sawussira Abubakar Sidik sinniwéng kaprabon sabubarré annamur lampahé, adol sinjang mring pasar pribadi, nipkah dén luluri,marang garwannipun,
  20. Kaunningan marang para mantri, yén laku mangkono, samya matur éh sangga gentinné, rasullulah nayakanning bumi, la[44]mpah tuwan ugi punnika tanpa tut,
  21. Tan santosa kramanning Narpathi, dol sinjang ngamomor, ing kalipah asor darajatté, Sultan Bubakar Didik nahurri, benner sira sami, ing karatonningsun,
  22. Ingkang wajib panningsun lakonni, réh maring kaprabon nipkah iki pan padha wajibbé, pan duraka yén tinggallen siji, sapa kang nempuhi, mungguh nipkah ingsun,
  23. Dadya sagung nayaka ngruktenni, nipkah kang maring jro, saben ari agilir lebunné, saking arta bétakmal kang manjing, Sultan Bukakarri, ing pakon kalakon yén nistha atindakké prabunné, yekti nora santosa nglampahi, barang pakartinning, kang mungguh ing ratu.
  24. Ing nalika méh sédanniréki, Abubakar kathong, wawasiyat nimballi putranné, putra nama Ngabdul Rahman prapti, kinén sadéya glis pakebonnannipun,
  25. Anggénnipun annannem pribadi, kurma kang sakebon, kinnén angreksa nenggih putranné, marma kinnén annebasna aglis bétakmal artéki, punnika sinnahur.
  26. Kunnvng ika yatduk sédannéki, Abubakar kathong, kang gumantya kalipahhollahé, Sayit Ngumar Amirul Mukminnin lalakonné sami, punnika cinnatur.
  27. Bagéndha Ngumar nalika minggih, ing pangkat karaton sakabat kang ma[45]ntri prawirandhér, apan sarwi angukum ukummi, balannira pikir, atur nipkahipun,
  28. Ing Bagéndha Ngumar tanna tampi, angandika alon ingsun iki dadya kalipahé, angratonni Madinnah nagari, myang sakanan kéring, kang praja gung ngagung.
  29. Myang sakéhé kang manutting Nabi, sagung para kathong, nanging ingsun aminta sukanné, skabéhé bala-bala mami, nipkah ingsun mangkin maring garwanningsun,
  30. Iku ingsun awakki pribadi, tapak astanning ngong, aja dadi karyanning wadya kéh, sawussingsun sinniwakéng dasih, angukum ukummi, lunga andonningsun,
  31. Ing kubur baka ngiring ing wukir, ing kana saenggon adoh kiwa iya pangonnanné, ngong gawé bata ing saben ari, aywa na kuwatir, ingsun lérén wektu.
  32. Sadadinné winadé kang dadi, nipkah mring wadon pan mangkana Ngumar lalakonné, kunneng sédanné Ngusma gumanti, kalipattollahi, wasiyatting rasul,
  33. Sayit Ngusman Amiril Mukminnin kalipah kaprabon ing nalika sinniwéng balanné, ing pangkat prabu amaréntahi, sakéhing pakarti, ing kratonnipun,
  34. Ing nalika Jumungah ngunggahi, néng mimbar amaos muji ing Hyang Suksma lan Rasullé, sasampunné sarwi angundhangngi, wong kang  anéng masjid dasih ing Hyang Luhur.
  35. Padha kawruhana ing sréki, ingkang luwih abot pang[46]gawé loro abot kabéhé, kang sawiji pangawé Narpathi, lan nipkahing rabi, karo luwih é
  36. Nora kenna gothang kang sawiji, mungguhing kaprabon amicara kabéh pratingkahé, suker gampangngé pakéwuh sami, liruwa prakawis liwat duraka gung.
  37. Nipkahé rabi yén tan nglakonni, pan iya mangkonno, kadi ngapasun angrangkep gawé, endi nipkah endi paréntahi, liwat saking langip dé ing ngong wus sepuh.
  38. Sayidinna Ngali miyarsa glis andika mangkonno, wus dénnalar sarta pungawanné, saben ari punggawa ngrukténni, lawan Bagéndha Li, sarêng katurripun,
  39. Nipkahipun ahli bét Sang Ngaji, umatur darapon nungkul lan ing réh karatonné, aywa ta mikir nipkahing rabi, asung sun pakarti, ing karatonné
  40. Saking arta bétakmal kang manjing. Supaya ywa éwoh, santosa abarang pakartinné, ing kalipah angukum ukummi, wisayanning bumi, pan ing Ngusman Prabu.
  41. Wus mangkana nalika parêkking, ngajalling Sang Kathong, pakebonnan tanduranné dhéwé, tinnebasken kinnarya nahuri, nipkah dukking ngunni,kang ngagung kapungkur.

Pupuh VIII
PANGKUR

  1. Sédanné Narpathi Ngusman Sayiddinna Ngali kang gumantya Ji, lestari wasiyattipun Rasul nayakanning ngrat Bagéndha Li mituhu karatonnipun pangréhé [47] ing raja-raja, neteppi saréngat Nabi.
  2. Langkung ngardayanning driya, saking luwih éwuh karyanning ngaji, dénné tan kenna kaliru, tinempuhan sajagad Prabu Sayiddina Ngali gung mangun kung.
  3. Barubuh ing tyas wiyoga, Sang Ngamiril Mukminnin Sayid Ngali, dénnya gunggungnging pakéwuh, réhning kalipattollah, dadya Sultan Ngali mung galepung jagung, sagegem ing saben siyang, kang dhinnahar datan luwih.
  4. Ngunni jenenggé kang rama, wus kinnarya surayanning ngajurit karbu prakosa dibya nung, marma Ibnu Suraya, dukking ngriku déréng gering nganning kalbu. Ing mangkya madeg kalipah, gengnging tyas ngunnandikanni.
  5. Ing nalika sinniwaka Sultan Kabir Mukminnin Sayid Ngali, ing pangkat kaprabonnipun aglar para suraya, kukuma gungngulama jamhur ing ngayun ahli abat lan kutabah, datan sah ngabyantara Ji.
  6. Anuduh kretinning jagad Sultan Kabir Mukminnin Sayid Ngali, agung papantarran Prabu, kaprabon kang minulya, tanbihul pilin pakartinning rasul kusus tan kontapping wadya, tur kabir ingkang mahmudin,
  7. Legawa tur parimarma,ing ngling Sultan Mahmudin Johral Karim Tabingut sahagyannipun kapihim sannityasa, subkanalah rahmanni kagungngannipun marma mumuritan rawat Sultan Sayiddinna Ngali.
  8. [48]Tan hér kang pekir tahniya, kawotting tyas busana angebekki, sumaringah sabiyantu, bayanning morring sabda, sangsayanning wiwéka taman kacukup lok midagdéng bumintara, Sultan Sayiddinna Ngali.
  9. Ing saben ari Jumungah, kang galepung jagung sagegem nenggih, munggéngnging tabut jumerut kinunci cinnirénnan munggéng natarring masjid langkung ngakukuh, para sakabat turrira, tuwan kalipattollahi.
  10. Punnapa pakarya tuwan kang galepung jagung sakojong iki, tuwan wadhahi barukut kinunci cinnirénnan ingkang tabut jumerut langkung ngakukuh, sinten kang purun nyolongnga, ing kagungngan
  11. Lan sinten kang kapénginna, dhahar dalem punnika tan marêggi, Sayiddinna Ngali Prabu, alon wijilling sabda, nora nana manpangat kang ngambil iku, nanging ingsun wedi uga, mring atmajanningsun kalih.
  12. Kasan Kusén bokmannawa, angungkabbi isinné dén salinni, kang ngana rahsanné iku, palimarma maring wang, pan mangkana dhaharré salaminnipun saéngga prapténg ngantaka, kaollé Imam Bukari.
  13. Éh wong dunnya kawruhana, lalakonné Narpathi para wali,pakaryanning ratu-ratu, kang ngamayu ing jagad mangkonno pan luluri saking rahayu, kuneng malih winursita, ika yatting Narapathi.
  14. Ingkang kadhaton Bahkedad Sultan Ngumar Ibbenu Ngabdul Ngajid ing mongka kataman rahayu, nga[49]dil saha legawa, luwih luhur darajatté ratu iku, kang sinniwi ing Bahgedah marmanné dadi palupi.
  15. Narpathi Ibnu Suléman Sultan Ngumar Ibbenu Ngabdul Ngajid ing nalika madeg prabu, anggenténni kang rama, miwah éyang titilar dunnyannira gung, awit saking buyut canggah, dunnya kang anéng jro puri.
  16. Mangkana duk paparéntah Sultan Ngumar Ibbenu Ngabdul Ngajid amepak wadya bala gung, pekir miskin kasiyan pan pinnarnah saenggonning prenahipun Sang Prabu miyossing jaba, lan sagarwa putrané
  17. Wontenning prenah satunggal garwa putra wisma jawinning puri, mangkana paréntahipun pekir miskin sadaya, kinnén jarah saisinning jro kadhaton nulya wadya sanagara, kinnén jarah jronning puri.
  18. Nanging pedhang lan musakap sarwa niji mung iku dén wangenni, gumuruh maring kadhatun ngambil sasuka-suka,pekir miskin sasukanné mondhong mikul angindhit amanggul samya, tuwin wadya sanagari.
  19. Sadinna-dinna gumerah, angusungngi dunnya sadalem puri, wus mangkana telassipun para mantri turrira, paran marma pratingkah tuwan punniku, ambuwang arta sosotya, punnapa boten mubadir.
  20. Ing jaman wit urip tuwan lanning jaman pati tuwan ning bénjing, dénnya garwa putra putu, dunnya suwung jro pura, boten sepen sakadar watawissipun [50] caossanné kang dinnahar, rayat sajronning puri.
  21. Patih Akmak aturrira, déréng wonten kadi tuwan punniki, éyang paduka myang buyut samya asimpen arta, Sultan Ngumar Ngabdul Ngajid ngandika rum éh Patih Ahmak kayapa, sira kuwatir ing mami.
  22. Ingsun kinnarya kalipah, temen-temen kakasihing Hyang Widdhi, yén maksih ginnanjar umur, misih maeg Naréndra, mokal nora dénningonnana punniku, sapa ngan panganning raja, saking rahmanning Hyang Widdhi.
  23. Yénning ngong kurang wicara, iya ana kang ingsun kawedénni, rong prakara ratu iku, ingkang sawiji mulya, kang sawiji cilaka adeggé ratu, iku dén pasangngi dosa, sinungkwo durakané
  24. Apan karsanning Hyang Suksma, ing pangéwannéwan kang gegedhiggi, ing jaman kapaténnipun pinnasang raja-raja, kéhing ngala lan sakéh duraka muput kinnarya sirahing bala, kapalanning dubilahi.
  25. Iku pinnasangnging raja, apan nora pinnasangngi wong cilik pangébattébat wong dulu, iya siksanning raja, dénné ingkang kinnarya luwih mulya gung, pangéram-méram wong mulat iya pinnasang narpathi.
  26. Ganjarranné ana-ana, timbangnganné liyanning para Nabi, amung ganjaranning ratu, éram kang wong umiyat ngapénginni ing jaman kapaténnipun nora kenna tinniruwa, yén nora para Nrapathi.
  27. I[51]ku kang ginnawé mulya, mila ingsun ajrih kapati-pati, nora bisa tiruwéngsun karatonniréng bapa, miwah karatonné éyang lawan buyut wus padha trah pamicara, ingsun niki misih langip,
  28. Pan ratu-ratunning ngala, kang kapindho ratu-ratunning becik pan panggawé ala iku, awit kirang wicara, saking bodho kang narik panggawé luput saking bérbudi wicara, annarik panggawé becik,
  29. Andheku Kya Patih Ahmak wus mangkana antara lami-lami, suka sugih wadyannipun tan ana kukurangngan wong sawiji apan nora ana iku, miwah ingkang duka cipta, mutabar dunnya jro puri.
  30. Dadya sagung wadyannira, amicara lan sagung mantri-mantri, tuwin punggawa gung ngagung, saking saking bathinné kathah, awit saking wedallé dunnya kadhatun wong cilik luwih sadaya, kang sinandhang kang binukti.
  31. Samya kakarya sidekah, angingonni kang séba ing Narpathi, Ki Patih nampanni iku, sadinna patang dirham ingaturken marang wau Sang Ngaprabu, ingolah sajronning pura, padharanné Sri Bupathi.
  32. Winnolan sidekahira, lawan tapak astannira Narpathi, saking dénnira nanandur, angiras saben dinna, dhahar lawan mantri punggawa gung-ngagung, tan kirang wong sajro pura, rayatté Sang Nathéng Ngajid,
  33. Imam Bukari wasiyat éh wong dunnya éling-ngéling dénnéling, tuwin sa[52]gung ratu-ratu, dén samya ngawruhana, saking lila darajatté dadi luhur, narima purwanning mulya, kaollé Imam Bukari.
  34. Éh umat ingkang tinnitah, anénning dunnya kakasihinh Hyang Widdhi, tegessé wong dadi ratu, iku kakasihing Hyang, kang wus kocap ing kitab adakul muluk arêp ana makna sarak ing sapuluh prakaré
  35. Darapon padha manggiha, ratu ing iku kamulyanning dumadi, salamet saking rahayu, ing dunnya ing ngakérat supayanné dadiya ratu satuhu, aywo wah prapténg antaka, dénné ta ingkang rumiyin,
  36. Ratu iku arêppana, akil balék lawan kang bisa malih, ambédakaken punniku, ing becik lawan ala, ing karaton supaya nemu rahayu, kapindhonné arêppana, ratu iku ingkang ngalim,
  37. Kang luhur bangsanning ika, ingkang saged mamaca anunulis lan ngulatti ahli ngélmu, supaya kang winnaca, bisa nimba lakunning carita iku, wruha rasanning carita, kang dadi tepa palupi.
  38. Pan polah wong kunna-kunna, iku dadi pitutur wuri-wuri, dadi misilling pamuwus, dénné kang kaping tiga, arêp bisa milih wadya punggawa gung, ingkang bisa pamicara, micarakaken pakarti.
  39. Pakarti karatonning kang, pang ngréh ingkang tumiba wong sabumi, dénné ping sakawannipun arêp alussing sabda, sarta ingkang apekik suwarta[53]nnipun kang sedhep ing pamicara, aywa kongsi annyenyengit,
  40. Sarta wasis ing ngasmara, pan kalebu iku panggawé becik aywa saradag sarudug ing kamulyanning raja, aja rongéh solah pamicarannipun anglungsurraken darajat wong rongéh iku nyenyengngit,
  41. Yén ratu anyenyengngitta, ngilangngaken iya cahyaning bumi, padédésan padha kusut yekti dadi ngalam dadi ayat saulah pratingkahipun éh wong dunnya aywa karya, ratu ingkang anyenyenggngit,
  42. Ngupayaha ratu ingkang, parêk ati wuwuh kuwungnging bumi, tulus kang sarwa tinnandur, bumi pan nora sarang, lamun ratu kinnasihan ing wadya gung, bumi pan ayem sadaya, kalikang mili lestari.
  43. Nora gempal pipinggiran jurang gunung tan ana angngléngsérri, pan ratu upaminnipun roh annéng jronning badan yén rongéha yekti rusak badannipun mila tan kenna pépéka, pan ratu erohing bumi.
  44. Lawan sarat kaping lima, ratu iku aywa péndhék astéki, arêp luhur astannipun tegessé péndhék asta, aywa kumet dadi péndhék astannipun ratu kang loma balaba, iku luhur astané
  45. Aywa ngunnek-unnek driya, ing wektunné pangunnek-unnek sirik kasarimpet karyannipun temah tumindak nistha, apan dadi ngalamat tiwassing ratu, tiwas iku [54] karusakkan ilang sinnommé.

Pupuh IX
SINOM

  1. Sarat kaping nem punnika, éh sagung para Narpathi, anglulusna kabecikkan ing wadya kang gawé becik aywa ngowah-owahi, sayekti jaman pakéwuh, yén sugih wadya bisa, ngluluri agawé becik iku dadi tondho agungnging karatyan,
  2. Dénné sarat kaping sapta, ratu arêp pasthi, prawiraha ing ngayuda, saulah bawanning jurit apan kang para mantri, aturut bawanning ratu, yén ratu sabarring tyas balanné datan pakardi, dénné sarat kaping wolu winursita.
  3. Angira-ira ing dhahar sudannen kasukannéki, adoh wahyunné wong suka, kagubet prayétnanéki, lawan dén sawatawis yén asaré aywa kaduk punnika gawé suda, kawaskitanning Narpathi, wong ngubungngi annédra iku pépé
  4. Lawan sarat kaping sanga, aywa juwéh ing pawéstri, aja kerêp amicara, iya kalawan pawéstri, pan lulus kang sayekti, sakéhé wong wadon iku, tetep budinné kurang, nora kenna dadi misil aywa angung lulungguhan lan wano=nodya.
  5. Lan awya kusut punnika, papaéssan saben ari, lawan aja ararasan nalikannira abukti, sayekti anglebetti, lamun kurang budinnipun sarat kaping sadasa, aywa gawé ratu éstri, utamanné ratu iku ingkang [55]
  6. Nanging ana wennang uga, yén ana ratu ngemassi, tan darbé atmaja lannang, atmajanné mung pawéstri, yén ora duwé ahli, satengngah kang bongsa luhur, karana nora kenna, asor bébétting Narpathi, marmannipun wadon-wadon ginnawé
  7. Aywa kongsi kasusahan rayatté wong sanagari, nanging ratu wadon iya, nora kenna yén sinniwi, pangarêppanning mantri, saéngga kalawan tutup wadana lan sarura, mung astanné kakalih, yén wadana mung sangandhapping plarabban,
  8. Nalika ari Jumungah, ratu wajib angimanni, lawan wajibbé malih, ing kala mongsa akumpul lan sagung wadyannira, kikirap rakitting jurit ratu wadon nora kenna akikirap.
  9. Pan akathak nisthannira, adeggé ratu pawéstri, nora kenna yén parétah, karungngu wong lannang siji, sarat padha pawéstri, kang ngundha timballannipun apa lamun becikka, agawé ratu pawéstri, Allah ora gawé bébétting wong ala.
  10. Payanbaian yakunna, Imam lan lairran nenggih, wamukapiyan punnika, tegessé yogéng Narpathi, kerêppa dén tingalli, mring mantri punggawannipun aywa anggung annamar, surêm prabanning nagari, utamanné ratu ngédhéng ngénggar-ré
  11. Papaés sarta lan bala, ki[56]kirap angrakit jurit miwah kakerappan kuda, lan ameng ngameng jemparing, amrih pedhang mrih bangkit lan amrih sukéng wadya gung, lawan ari Jumungah, papaéssé sawadyéki, mémba salat dén amrih anut saréngat,
  12. Pasal kaping nem winnarna, annyataken kukum ngadil tegessé ngadil punnika, benner sabarang pakarti, benner sabarang angling, benner barang tindakkipun lan annutting paréntah, kang saking andika Nabi, ratu ngadil ngamallé ngebekki jagad,
  13. Wonten Pandhita satunggal prihati kapati-pati, nenedha ing Hyang Widdhi, asanget panekungngipun supé ing dhahar néndra, amung pannedhanniréki, para ratu kabéh kang padha adilla.
  14. Aywa na kang nganniaya, emannen ganjarannéki, pupunjul lan ngalam donnya ratu badalling Hyang Widdhi owella liya nenggih, ing jagad kinnarya pupunjul bésuk yén kabennerran ing jaman patinniréki, buh tikellé lan mulyanning ngalam dunnya.
  15. Mila Séh Pulél punnika,ing saben ari annangis nennedhakken para raja, dén weruh dén padha adil yén kalipattollahi, méh rohkanni jisimmipun nikmat miwah kagungngan ing ngawal kalawan nakir, wus kinumpullaken dénning para raja.
  16. Saratting ratu utama, kukuh marang para mantri, punggawa prawirannira, tan kenna ing [57] songga runggi, temen-temen sayekti, aywa anglinnyokki wadu,kang ngamrih kaluluttan dudu karyanning Narpathi, ratu yogya amarasenna wong ngédan,
  17. Yén ana wadya kang ala, supaya manggih becik waluya sektinning raja, lamun ora dosa pathi, lan ora angrusuhi, ing ing paréntah amrih bingngung, yén ana kang mangkana, dohna antaranning bumi, lawan aja lumaku kang sinnengngittan,
  18. Sinnengngittan marang bala, sangratu iku nglakonni,kang mengkonno nora kenna, ratu pan namongnging dasih, pantaran kang mrih budi, darajat ingkang linuhur, maklum kalawan sabar, nanging ywa nyabarri ngadil nistha madya utama dipun waskitha.
  19. Pan prakosanning Naréndra, punniku kalawan-nadil mapan-napessing naréndra, punniku atinggal-ladil tannarséng para budi, tan mulya karatonnipun ratu kang satrunning Hyang, iya lilussayatinni, nora arus yén nerak adilling praja.
  20. Ratu adoh saking ngiya, antarannira Hyang Widdhi, ratu parêk saking ngiya, iku antaranning ngéblis pan ora angukuhi, supangat saking rahayu, adil punniku mulya, ing kaprabon kang sayekti, poma-poma dén énget kang para raja.
  21. Pan wajib akarya ihsan sagung kang para Narpathi, ihsanniku kabecikkan angger-anggerring ngaurip adil lan gawé becik ing manungsa teteppipu[58]n yén ora mengkonnowa, sayekti punniku iblis lamun ratu annerakking rong prakara.
  22. Iya pan dudu Naréndra, ratu gagawéyan éblis suker papawong sapraja, awit aberring Narpathi,kennabinné gung ngéblis benggang susilanning ratu, dén mémélik ing sétan akéh ingkang dén karêmmi, nagri arja kawarassan sanagara.
  23. Awit darajatting raja, mangkana Imam Bukari, wiyat wonten Naréndra, pari paksa minggah kaji, tan kénging dénnaturri, mantri punggawa gung, marmanné minggah, kapéngin ganjarran kaji, prapténg marga kapethuk maring Pandhitha.
  24. Sang Pandhita atatannya, éh Sang Prabu maring pundi, Sang Naréndra lon sahurnya, kawularsa munggah kaji, ambalangkung kapéngin wong kaji ganjarrannipun Sang Pandhitha lingngira, punnapa boten ngawruhi, pakennira ing panggawéhanning raja.
  25. Pakennira wus pamittan punnapi wus dén lilanni, maring wadya sanagara, kabéh kang sira ratonni, lamun durung ngapamit sayekti atinggal perlu, pijer amburu iya, kautamannira urip lamun durung karêksa ing wajibbira.
  26. Duraka manggih duduka, pan sira wakilling Widdhi, lan ratu eroh ing jagad nagara iku pan jisim lamun eroh punniku, benggang ngalan jisimmipun punnapi boya rusak yén eroh atinggal jisim lah dén éng[59]gal muliya kadhatonnira.
  27. Yén sira amrih ganjaran ingkang luwih saking kaji, kabéh kaduwék ing sira, yén benner karatonnéki, yén sira angadilli, marang kang wadya bala gung miwah n sira angadilli, marang kang wadya bala gung miwah yén angapura, maring bala kang asisip mung sapisan padha kaji ping sawidak,
  28. Wus kocap ing dalem kitab sembayangnging ratu : ngadil iya lagi sarêkangat punniku wus angluwihi, lan salatté wong cilik rêkangat ta kaping séwu, kongkullan kang sapisan luwih ganjaranning kaji, lamun ratu agawéya kabecikkan,
  29. Iya ing dalem sadinnané, iku pan uwus madhanni, lan ngamallé wong sajagad kabéh ingkang dén ratonni, isiya para wali, sajronning karatonnipun pan wus ginnawé padha, lan ratu agawé becik mung sadinna méndah silamun mindengnga.
  30. Pan ujarring para imam pandhita ingkang musannip nora kudu kajat jakat ratu iku lamunnadil pan ratu nora wajib jakat wajib adillipun yén wong asimpen arta, yén benner amupangatti, ngawal-lakir yén benner karya santosa.
  31. Yén luput pratikellira, iku inbgkang bilaénni, marmanné wong karêm arta, dén becik dén ngati-yati, supaya dadi kanthi, aywa kongsi dadi satru, éh sagung para raja, dén wruh kamulanniréki, lamun ratu akarya adil sapisan,
  32. Sami lan wong salat sunna[60]t sawidak rêkangatnéki, yén mungguh kocapping sarak ing tembé tannana malih, ing bale ngaras nenggih, samohanning para rathu, nadyan silih mukminna, yén wong kang dudu Narpathi, nora kenna marêpekki bale ngaras,
  33. Tannana ingkang winnennang,lenggah mimbar mutyaradi, papatiking nawa rêtna, liyanné para Narpathi, tannana kang ngungkulli, gonning nikmat rasullahu, éh sagung raja-raja, dén samya neteppi ngadil singgahana panganniayanning wadya.
  34. Dadi niayéng sarira, ambuwang karatonnadi, yén ora asih ing bala, lawang nikmat anginnebbi, rêksannen kang sayekti, tan kenna pépéka ratu, aywa ngugung dursila, wesiasatten lan adil ana lire ingkang panten tinambannan,
  35. Supaya wong sugih ika, aywa ngungkulli wong miskin kang dadi wong ngagung samya, aywa niyat angungkulli, marang para wong cilik dén ajrih adilling ratu, kabéh padha éngetta, marang sarira pribadi, pan mangkonno labetté ratu utama.
  36. Kang kocap ing dalem kitab ila hilakussalatin wong mamakedah punnika, awit saking kurang budi, tinutup benner néki, dénning Hyang dadya akumprung, sinnandhingngan cilaka, lan nepsu sumimpang ngidin kang mangkana mongka talutuh ing praja.
  37. Lawan malih kang mupakat kitab adangus salatin pan ora kuwasa ora, [61] para ratu angawruhi, pratingkah jro nagari, ing saulah bawannipun para mantri prawira, ing rêmpit miwah prajurit ing punggawa gemah rusakking praja.
  38. Imam Bukari mupakat lan sagung para musanip ingkang angrusak nagara, telung prakara winnarni, dénné ingkiang sawiji, amepetti pawarta yu,kang mungguh raja-raja, dénné ta kang kaping kalih, gedhékaken marang bébétting wong ala.
  39. Yén durung kalawan burhan yén wong ngandhap wijil néki, yén ora putussing wéka, trus pamicara bérbudi, yén ora mengkonéki, aywa géginnawé agung, lamun durung prawira, bébét iku anglabetti,pan wong ala durung wruh ing becik ala.
  40. Dénné warna kaping tiga, yén bulu cumbu Narpathi, apitenah nora katrap punniku angrusak bumi, ngéman dén sihi, kongsul wahyunning Hyang Ngagung, wong siji kang dén éman ambuwang wong sanagari, ora lila subkannahu watangala.
  41. Imam Bukari anggubah, tri prakara dén maksuddi, kang dhingin nyimpenni arta,kang yogya katur Narpathi, pan ratu tan udanni, inggih jronning nagaréku, yén tan saking punggawa, pira-pira jro nagari, wong ngabekti dursila lawan maksiyat,
  42. Wong bidengngah lan duraka, pasék mungkir wong bilahi, yén ora dén aturri [62] pawarta ratu tan weruh, iya sapa maturra, apura dadi bilahi, pan tétéla wong pitenah iku dadra.
  43. Dénné ping kalih punnika, wau kang ngakarya mantri, lamun bébétté wong ala, bongsa andhap saking cilik sayektinné ing wésthi, dadi saluman-salumun sabab kirang wicara, mila mamak andeng kénni, durung ngreti pratingkah batal lan karam,
  44. Nadyan silih angretiya, luamah dén karatonni, sabab duryatting wong ala, kurang pamicaranéki, yén dén kathik sang ngaji, kéh susah kang bongsa luhur, kang putus émengnging tyas nimpen daya upayéki, nagri rusak kaollé para Pandhitha.
  45. Jawalut duryati ika, biirti pangissawilin tegessé lapal punnika, kontal begjanning Narpathi, lawan daulatnéki, sabab angagungkenniku, karya nayakéng praja, wong ngasor kawijilnéki, saiyatté tanpa ngélmu konthong sétan,
  46. Kaping tiga kang ginubah, tegessé ratu nurutti, paliwara kang niyaya, punniku dén karêmenni, tur cekak kurang budi, temah kecit wahyunnipun yén kotrah witaradya sayektinné anglabetti, trahing ala sayekti labetté
  47. Kasugihanning Naréndra, apan sugih wong ngabecik bérbudi alus wicara, pangupaya lawan suci, wruhing bab dalil kadis sayekti nora kaliru, ing panggawénning sétan ambubungah lawan sing[63]kir, singkir iku pindha mujijat karamat.
  48. Yén wong tanpa ngélmu tapa, apuwasa pati genni, mongka duwé panguwasa, iku kuwasanning ngéblis iku dadi lan singkir, karamat mangunnah dudu, ngedohken wahyunning Hyang, yén ratu karêmming singkir, nora wurung lamunna garanné
  49. Kunneng pasal kaping sapta, anyatekaken pakarti, adilling kang para raja, kitab sipatusalatin ingucappaken nenggih, parlunning kang para ratu, agunem lan pandhitha, hudamamah ahli ngélmi, supayanné musawarat wadya-wadya.
  50. Karana sagung pandhitha, yén mungguh kang ahli batin yekti sasakanning jagad yén mungguh kang ahli lahir, sasakanning nagari, kakimmiku tegessipun sagungnging wicaksana, sujana miwah bérbudi, wong micara iku sasakanning praja.
  51. Yén tannana kang mangkana, sajronning nagara abis pan iku nagara cela, inna pamicaranéki, sayekti kang kinnathik wong loba mamak tur punggung, bidengah lan maksiyat wong ngasor bangsanné sami, sayektinné cacah cucah.
  52. Tindakké acela wendhah, ajeggé samennir, adillé pating barisak sarang derajatting bumi, tannanangi sik-isik wisma kebon kebonnipun nangkoda kang sasanga, tannana sudagar kedhik sapanedya ngambah praja tanpa marta.
  53. Bokmannawa gung pitennah, tannana pamicaréki, dé[64]nning sawungnging nagara, tannana kang ahli budi, ahli nalar bérbudi, kang trus pamicarannipun asring kang mawa tindak wruhing ngala lawan becik yén tannana mangkono kuthanning sétan,
  54. Akéh-akéh wong babarang, kaluwihan lawan singkir, dhangngan tur dénnela-ela, tan wruh pakartinning ngéblis mila Imam Bukari, éh sagungnging ratu-ratu, dén wruh panggawé nistha, iku mengakaken sisib panggawé kang utama mengakken rahmat,
  55. Apan undhakking darajat ing wahyu kang dadi margi, sagung panggawé utama, kaluhurranning Narpathi, panggawé nistha nenggih, darajat wahyu linungsur, apes wekassan rusak tunna bet pan ora bathi, ngajarraken malarat tinnagih utang.
  56. Utangngé mungguhing raja, iya kang kocapping dalil tinnagih  ing wong sajagad ing jaman kapaténnéki, papa naraka nenggih, tindak nistha tegessipun swarga tindak utama, awit pamicaranéki, laku nistha awit kirang pamicara.
  57. Muktamat kang para imam pan wahyu punniku budi, budi busana ihtiyar, kalamun condhong mring becik tetep wahyunniréki, yén condhong mring ala mumuk dadi wahyunning sétan awit budinné pribadi, ala becik badanné dhéwé kang murwa.
  58. Yogya sagung raja raja, mardiya ing ahli budi, baurêksa ahlul imam karana wong saganari, katempuh ing Narpathi, [65] supaya wadya bala gung, aywa na manggih sasar, pamardinning Narapathi, marma wajib ratu angathik pandhitha.
  59. Kang sidik ing pamicara, mring wadya kang mantri-mantri, nayaka malah sami, mamalangngan punniku, mamak loba myang ngedak kalamun tan ana nagri, wong mangkana yekti rêged adillira.
  60. Dadi wadya sanagara, tindakking réh saha pait dennya lumuh amicara, lan sagung kang ahli budi, myang sagung pandhithéki, sétan kang samya nununtun marang ing nepsu hawa, sasarré wong sanagari, wonten imam ginupit mongka lepiyan,
  61. Wonten ratu parawira, ahlulliman tur bérbudi, prayitna ing saniskara, nama Prabu Harum Rasid apanning saben ari, annimballi punggawa gung, angaturri pandhitha, wonten pandhitha satunggil lagi prapta winnisudhéng Naranatha.
  62. Pangandikanné ngrarêpa, Maha Prabu Harun Rasid pan O… Ah.. éya Séh Kinna, amba amiminta kang sih, pamuruk saking awit pangulah mungguhing ratu, barang sagadug amba, nedha barkat sangngayogi, aturripun sarwi mésem Sang pandhitha.
  63. Éh Sang Prabu kadi apa, tuwan jumenneng Narpathi, apan sampun pinnaringngan dénnira kang Maha Suci, apanning ratu pasthi, duk déréng diwasannipun ngangkat kinnarya raja, punniku pinnaring ngélmi, ngélmu siidik kadi Sayid Abubakar.
  64. [66]Malah amba kang nenedha, ing barkat tuwan Sang Ngaji, ngélmu ingkang kawaskitham lan tuwan dunurraénni, ngélmu pangrupa nenggih, pan wus sinnaringken ratu, kang kadi Sayid Ngumar, lan kula nenedha malih ngélmu ihsan kadi Sayiddinna Ngusman,
  65. Lan amba malih nenedha, ing paduka Sri Bupathi, ngélmu ngadil lan prawira, suraya amangun jurit kang kadi Sayid Ngali, apan sagung para ratu, dukmisih roh binnakal sampun dénnisénni-sénni, lamun datan makatenna Sri Naré
  66. Lamun boten makatenna, punnapa ginnawé ngéblis alon aturré Naréndra, saking sawab sang ngayogi, nanging barkat sang yogi, kawula aminta wuwuh, mugi-mugi wontenna, supangat tuwan sayekti, sigra matur wau Sang Maha Pandhitha.
  67. Inggih ing tigang prakara, katur ing tuwan Sang Ngaji, kang dhingin nartabét takmal pedhang ingkang kaping kalih, eréh ingkang kaping tri, wasiyat amba punniku, dénné artabét takmal wéwéhenna mring wong miskin dimén aywa amamaling ambébégal,
  68. Karana tembé ngayunnan yén ratu kéh wadyanéki, kang samya manjing naraka, iku tiwassing Narpathi, ratu kinnén bélanni, yén ana kawula matur, mila samya kasasar, amba tiwas nyandhang bukti, inggih dénning Sang Ratu kirang pariksa.
  69. Saking kurang ngupa jiwa, nipkah dhateng annak rabi, lamun ana kang mangkana, awit cukengnging Narpa[67]thi, dénné pedhang punniki, pedhangngenna doséng lampus lan manungsa kang bongga, jronning karatonniréki, kaping katri nenggih punniku saréngat,
  70. Yén ana mopo ing sarak ratu kang tinundhes bénjing, yén ana bedhah ngagama, liwar amrih ngélmu gaip yén sarak dén wudanni, nuli pedhangngen dén gupuh, éh aywa na pépéka, botté kang para Narpathi, ratu iku upama udan lan toya.
  71. Sagungnging para nayaka, punniku upama kali, klamun sirahé buthak ilinné kali tan wenning, yén sirahipun wenning, kang kali mili punniku, yékti wenning sadaya, dénné sagungnging wong cilik kang angombé kang adus anut sadaya.
  72. Yén ratu wenning punnika, sajagad kang dén ratonni, sayekti wenning sadaya, ratu babonning sabumi, yén ana jro nagari, akéh wong ala punniku, pasthi retune ala, lamun akéh wong ngabecik sayektinné punniku ratunné
  73. Nora kenna pépérangngan sajronning kang dén ratonni, ratu ala mélu ala, ratu becik mélu becik tan kenna muring-muring ngruntikki sarirannipun saking tanpa micara, iku tiwassing Narpathi, angungungngi ing nepsunné kang luamah.
  74. Lan aja amburu ingkang, lirikken dén amatitis nadyan ketek jro puri, lamuna garanné letuh, wong [68] cilik salang tunjang, nipkahé kurang mring rabi, sayektinné akéh wong agawé
  75. Karana kéh upa jiwa, binnendung dénning narpathi, amrih kebekking jro pura, punniku ratunning ngéblis dunhya tan dadi kanthi, kang mangkonno dadi satru, ratu lali Pangéran poma-poma Sri Bupathi, dén waskitha panungkulling iblis lannat,
  76. Sawussira cacarita, dadya musna Sang Maha Yekti, kari dénnya bawa rasa, sira Prabu Harun Rasid lan sagung para mantri,nayaka punggawannipun lawan patih satunggal ngubasa namanniréki, kang ginnunnem lestarinning guladrawa.

Pupuh X
DHANDHANGGULA

  1. Tannantara Sultan Harun Rasid sawussira dénnya pagunnemman lawan sagung nayakanné, lunga kalanning dalu, lawan patihira tutwuri, umaturring Pandhitha, Séh Pullé punniku, putranné Pandhitha Hiyal Ki Séh ika siyang ratri ngabekti, ing dalu atilawat,
  2. Dupi prapta Prabu Harus Rasid jawinning gedhong duk amiyarsa, tilawatté Ki Séh Pulél kang winaca anuju, pakartinné ala lan becik Sang Natha angandika, mring Papatihipun éh Patih ingkang winnaca, Ki Séh ika wus miwurukken ing mami, ingsun isih kémuttan,
  3. Payo manjing nyuwun wuruk malih, kiya Patih nulya nembah lawang, kéndel tannya Ki Séh Pulél sapa kang ngarsa masuk lawanna pakaryanniré[69]ki, Kya Patih aturrira, mangsuk nuwun wuruk Séh nulya matenni damar, apan sarwi amengakaken ing kori, Prabu dyan gurawallan,
  4. Menjing gedhong lawan Kyana Patih, jawab asta Ki Séh sarwi maca, Subkannalahi wiyossé, patannyannira arum iya apa pratingkahiki, réwang ngong sasalamman tangannya lus empuk tatkala manjing nagara, liwat pannas pan pakéwuh angluwihi, Séh Pulél malih mojar.
  5. Éh Sang Ratu sampun tuwan pikir, suker gampangngé karaton tuwan tan wandé annempuh tembé, kabéh wadya bala gung, pira-pira éwu lan kethi, miwah saleksa dhuta, kang kekel punniku, ing ngisorré kraton tuwan ing bennerré luputté kang dén ratonni, tan wurung pinnariksa.
  6. Sultan Harun Rasid sru angangngis anungkemmi padanning Pandhitha, sarta Kya Patih aturré, Séh Kinna tuwanningsun putra tuwan Sri Narapathi, sumongga ing paduka, lerêssing ngawiku, Séh Pulél anulya duka, anudingngi éh aman baya siréki, lawan wong sanagara.
  7. Kang maténni ratu Harus Rasid Kyana Patih langkung tangissira, Sang Prabu pangadikanné, mennengnga ta karuhun apa sira Patih wus ngarti, pangandikanné ika, nganggo amanniku, Kyana Patih matur nembah, déréng dugi rapa paduka dénnya ngling, nganggo aman punnika.
  8. Angling malih Prabu Harun Rasi[70]d tegessé Patih aman punnika, Raja Pirngon Papatihé, dadinné sira iku, kaya Patihing Banni Srail ingsunniki minnongka, Raja Pirngonnipun Rêkyana Patih anjola, sarwi mantuk tanna dangu prapta malih, sarwi anggotong emas,
  9. Kathahipun nenggih séwu tail angrarêpa matur Sang Pandhitha, punniku donnya kawitté, mas kawinné pun biyung, Nyai Kalwan tatkala laki, sri kawinnipun emas tail kaping séwu, punika mangké katurra, ing paduka Séh Pulél ngandika aris aturna ratunnira.
  10. Éh Sang Ratu andika tampanni, wonten warissé malih sungngenna, marang kang ahli warissé, luwihé saking iku, balanjakna maring wong miskin Sri Naréndra gya tedhak jawat asta kondur, lawan Rêkya Apatya, prapténg pura karya tindak ngati-yati, titi pangréhing jagad,
  11. Wonten hikayatting ratu malih, Sultan Bahgedad nama Suléman Ibnu Ngabdul Malik ranné, mashur karatonnipun ahlul iman neteppi adil agung karatonnira, bumintara kasub kaonnang-ngonangnging jagad bondha bandhu para surayanning jurit tangngéh kang
  12. Sri Soléman Ibnu Ngabdul Malik ing nalika asaré supenna, awor para Pandhitha kéh, adhadharran anutug miwah para ngulama sami, kukam ahlul iman pandhitha gung ngagung, tur sarwi abawa ra[71]sa, sawungunné Sang Prabu nulya prihatin asiyam tigang dinna.
  13. Apan wonten pandhitha satunggil jro nagrinné ika pinundhuttan dhadharran adi-yadinné, dhaharring pandhitéku, ing ngaturran galepung sangir, praptanning patang dinna, pati genninnipun sanget luwénning Naréndra, nulya buka riyaya galepung sangngir, Sang Natha ngungunning tyas,
  14. Pan tannana rasanning kang sangir, gawok marang sabarring pandhitha, dénné salami-laminné, kang dhinnahar mung ngiku, datan montra-montra nyegerri, sigra wau Naréndra, sacumbana lulut nutug lawan sorinnira, wus mangkana pan wawrat sang raja putri, wusnya ngalaman lama.
  15. Babar putra jalu turra pekik kalis lara sawusnya diwasa, Ngumar Ngadul Ngajid ranné, alus pambekkannipun anglabetti galepung sangir, kang saking Sang Pandhitha, mangkana winuwus sasédannira kang rama, madeg Prabu Ngumar Ibnu Ngabdul Ngajid luwih karatonnira.
  16. Kang wus kocap ing Bahdad rumiyin ratu kang buwang arta jro pura, binnalén malih tuturré, duk saking ramannipun purwa saking galepung sangir, tuturré kang pinanjang, darajatté luhur, tannana kang nimbangngana, Sultan Ngumar ya Ibnu Ngabdul Ngajid solah parêkking suksma.
  17. Wus tétéla Sultan Ngabdul Ngajid ambek santa paramarténg wadya, santosa doh kadunnyanné, kaollé param gung, Sultan Ngumar Ibnu Dul Ngajid cahyanné ka[72]dya surya, tengngangé dinulu, angebekki sabuwana, satengngahé kitab nama ngumarsanni, ngumar kapindho ika.
  18. Ngumar sabat maninnah prajéki, ngumar punniku nagri Bahgedad Ibnu Ngabdul Ngajud ranné,mangkya malih winuwus lalakonné jennengngiréki, mangkana duk utussan mawi surattipun katurring natha Pandhitha, kang paparab Sultan Séh Kasan Basarri, anuwun pamejang.
  19. Pratingkah kang utaméng Narpathi, supayanné kéngingnga angulah, ing praja mrih kamulyanné, darapon wuwuh-wuwuh, arjannipun kang buji-bumi, supaya supangatta, wulang-wulangngipun riwunnya nupikséng serat amangsulli Sultan Séh Kasan Basarri, prapténg nagri, bahgedad,
  20. Annak Prabu wruhanta sayekti, kang sarira dudu Sayid Ngumar, langkung awrat karatonné, mannawi tan kacakup tutuladda pangréhing bumi, éwa mangkana uga, lamun annak prabu, temen-temen angarsakna, pan sun bapa aminnarabal ngalamin mugi kalampahan.
  21. Wus mangkana Sultan Ngabdul Ngajid Bagéndha Ngumar ingkang tinulad pangréhing kaprabon dénné, saulah bawannipun anninnitik ngayeng-ngayengngi, bok ana kukurangngan jro karatonnipun siyang dalu Naranatha, andalenjet siyang dalu angulatti, wong kurang sandhang pangan,
  22. Nanging rahayu kaprabonnéki, nora ana wadya kukurangngan su[73]ka sugih sawadyanné, mangkana duk winuwus Sultan Ngumar Ibnu Dul Ngajid ing nalika sinnéba, ing punggawannipun nuju jagaddé paillan sinnagotrah wadya sajronning prajéki, barêng warêg lan kurang.
  23. Bulu bekti pira-pira nagri, kang binnagi munggéng pannangkillan Sang Pandhitha sakadarré, iku ginnawé sangu, angingonni sagung kang nangkil mangkana katamuwan pekir anjajaluk nanging derwis saking Ngarab langkung dénnya angurmatti dén pasrahi, milu ambagi arta.
  24. Tur mualap rad ahli budi, mila Naréndra langkung pracaya, timut sabarang pangréhé, datan sawaléng kayun sakarsanné darma nginggahi, lair batinné rênna, tan méngéng sarambut legawa trussing wardaya, ing nalika Ki Pekir duk arsa mulih, pamit marang Naré
  25. Angandika Sultan Ngabdul Ngajid éh Sang Pekir Ngarab sakayunta, branamba ing skayunné, punnapa karsannipun sinungngenna wong pekir miskin ingkang liyan nagara, pan sakatoggipun mungguh kawulanning Ngalah, ingkang wonten ing ngriki kula ratonni, kadi-kadi tan ana.
  26. Kukurangngan ing sandhang lan bukti, yén wontenna ingkang duka cipta, kula bélanni solahé, pasrahna mring Hyang Ngagung, amba darmi juru ambagi, Sang pekir aturrira, punnika satuhu, angandika nara dipa, boten lamis padatan karana rai, kawula wus annondha.
  27. [74]Angandika malih Sri Bupathi, lamun tuwan Sang Pekir pracaya, kawula nedha donganné, tulussa sih Hyang Ngagung, ing sarayat wong sanagari, kang kawajibban amba, amongnging sakayun kang mungguh sor-sorré ika, kukumming Hyang kamotting karaton mami, mugi dén apuraha.
  28. Saking bidengngah pasék lan sirik sigra pekir ika junjung asta, mendhuwur lan andonganné, nangis panjeléhipun sarwi mulat pingirring langit madhep maring ing kéblat wijilling pamuwus ya Allah rahmanudunya, ya ilahi kang ngagung kang Maha Suci, kawula annenedha.
  29. Mulyakenna Sultan Ngabdul Ngajid kang nuhonni ing paréntah tuwan tur kang ngasih ing balanné, tétéla boten amung, buru alem karana rai, tuwan sungnga nugraha, ing ratu punniku, déréng tutug pujinnira, gumeledheg méga agung agungkulli, saluhurring wong sé
  30. Tedhak aging gumaleger riris genjotting kang bantala asmara. Kilat abarêng jumebrét dhedhet sakala tedhuh, byar sumilak padhang wus prapti, wadya gung kang séwaka, kagyat duk andulu, wedananné ratunnira, pindha surya sirnanning pepeteng ngunni, sarêng tinganning cahya.
  31. Sarta wau tiba ngarsanéki, nulya pecah ing jro isi surat apan mengkonno unninné, nenggih adasiréAU, minnallahi ngajijilkarim il Sultanu Ngumar, neng[75]gih Ibnu Ngabdul Ngajiji Bahdaddi balad ya innahu nenggih kuruminnannarri, tegessé kang punnika.
  32. Surat dhawuh saking Hyang Kang Luwih, maring Sultan dil baladdi Bahdad Ngumar Ibnu Dul Ngajiddé, pinnaring mardika wus saking ngapi naraka nenggih, mulya karatonnira, ing dunnya ing lampus suka tyassing wadya-wadya, sarêng sujud ing ngarsanning Narapathi, kang pindha pekir musna.
  33. Kunnengnging kang wus dadya palupi, lepiyanning para  raja-raja myang jaman-najam wus dénné, kunneng malih winuwus wonten ratu nagri Saburi, Sri Abu Ngali Ilyas bisikkanning ratu, bérbudi prawira tama, langkung titi ing tata alinggih, wiréng prang wicaksana.
  34. Sih ing wadya myang kadang warga sih, miwah sama-samanning Naréndra, legawéng pari bawanné, tyas rêmbugnya lus-tulus annorraga ing sami-sami, lan ana jronning praja, ing Saburi agung, pandhitha wankithéng tindak lepas budi méngo kamulyanning margi, éh Abu Ngali Dipak,
  35. Ing ngaturran marang Narapathi, Séh Abu Ngali Dipak wus prapta, jronning pura byantaranné, prabu naossi babut prang wadanni umési sari, Sang Natha angrerêpa, mring Sang Pandhithéku, éh ya tuwan Séhé Kinna, amba ayun nunuhun pamulang yekti, ing sapa manggih tuwan,
  36. Séh Bu Ngali Dipak ngandika ris éh Sang Ratu Abu Ngali Ilyas punnapa tuwan  sayektén jawab pata[76]kén ulun kang punnika tan-nangéndranni, lamun tuwan anjawab ing sual satuhu, yekti kawula sung warta, ingkang sidik tur kanggo ngawal lan ngakir, Sang Prabu angandika.
  37. Inggih sa Allah ta mugi-mugi, amba kongangnga anglampahana, pawarta yu sakathahé, Sang Pandhitha amuwus punnapa ta tuwan sayekti, asih maringnging arta, lan éstri punniku, Sultan Abu Ngali Ilyas angandika sarwi dres waspanné mijil ya tuwan Séhé
  38. Inggih amba satuhuné asih, amarang éstri miwah marang arta, Maha Pandhitha delingngé, tuwan asih punniku, dénné boten ambangkat kardi, menggahing satru tuwan tan neggulang kéwuh, ing jaman kepaténnira, miwah inggih ing jaman uni punniki, tetep tan dadi ré
  39. Punndi marganning tuwan kasihi, boten pisan yén bangkatta karya, mindhak angrubeddi baé, sajronning ngaprang ngamuk miwah sajronning sakaratil maot sampun tétéla, malah dadi satru, Sang Natha Bu Ngali Ilyas asru nangis tobatting kang Maha Suci, sampun kadawan-dawan,
  40. Sapunika apura rumiyin inggih saking déréng amicara, ing bab kang punnika dénné, cekak budi satuhu, Sang Pandhitha wuwusnya malih, ambuwang sihing suksma, embuh dén palaur, sanadyan silih asiha, sawetara aywa kongsi lali maring, wajibbé ing karatyan,
  41. Pan waji[77]bbé ratu anuhonni, pakonning Hyang nutting rasullullah, nagri Saburiki gedhé, lali karyanning ratu, pijer asih tengu kemerki, gurêm tan dadi bahan amumurung laku, angogodha mring kamulyan yata obah bumi genjot-genjong ganjing, dé natha sru udrasa.
  42. Tinnarima niyatté kang becik wus mangkana malih wonten kojah, saking ratu gedhé-gedhé, wus tétéla luhur, darajaddé kang wus ngungkulli, ing para raja-raja, iku kang winuwus kang kocap sajronning kitab sakathahé kahanan panggawé becik awit saking Pandhitha.
  43. Lepassing tindak mulyanning pati, iya awit saking ingkang ing pandhitha myang ratu kaluhurranné, mangkana kang cinatur, wonten ratu Prabu Ismangil Ibnu Jeng Sultan Ahmad Saépurijallun ajeg adil palimarma, saben wulan nagaranné dén ubengngi, wajib kang linampahan,
  44. Saking pracaya wiwéka kapti, datan namung ngaturri niyaka, miwah ing mantri-mantriné, mannawa jrihiréku, bottinaken jronning pati, paranta sahurring wang, tinudingnga ingsun sikil kiwa mring malékat dénné ingsun ambahu rêksa ing bumi, tan wruh pijer pépé
  45. Dadya saben miyos angubengngi, ing nagara sarwi undhang-ngundhang, nora towang sawulanné, mangkana undhangngipun Sultannadi PrabuIsmangil wadya kang kamot samya, jro ka[78]dhatonning sing sapa anganniyaya, mring siji wong sasat anniyayéng mami, sayekti satrunning wang.
  46. Lan sapa kang denniyayi sami, wong sawiji nora tur unningnga, marang jennengngingsun dhéwé, pan iku satrunningsun iya nganniyaya ing mami, warata saben wulan undhang dhawuhipun paréng miyossan Naréndra, duk samana wong gamelling Sri Bupathi, mampirring pakebonnan,
  47. Sanget kasattan ngambil kerai, mung sawiji tanna tembungngira, iya marang kang ngaduwé, dadyéwuh manahipun yén katurra mung timun siji, lamun nora katurra, ajrih undhangngipun nadyan timun siji pama, yén tan nembung sayekti niyaya ugi, yénnora umaturra.
  48. Sembrana undhang yekti bilai, dadya kumpul wong sapakarangngan miwah pinnituwanné, rêmbug katur Sang Prabu, dadya medal jalu lan éstri,manjer ing sinjang pethak pinggirring lulurung, wongngé pan sujud sadaya dadya kéndel baris kang lumakyéng ngrsi, punggawa tur unningnga.
  49. Wonten darbéatur ing Narpathi, wus ingirid marang ing punggawa binekta katur prabunné, dennangu atirripun abdi dalem gamel satunggil manjing kebon kawula, sarwi ngambil timun satinggil lajeng pinnangan tanpa tembung milamba matur ing gusti, kakandhang nganniaya.
  50. Mundhut aparran kéndel Sang Ngaji, tedhak saking ing panggénnannira, akubeng magersarinné, andhendheng ba[79]ris tepung, sagungnging kang nayaka mantri, ngandika mring ngayunnan atémbak supenuh, gamel siji tinnimballan kenna terka ngandika Prabu Ismangil éh gamel apa sira.
  51. Tan katekan marang ngundhang mami, kang wus mashur iya saben tanggal kang kalebu karaton mami, kabéh yekti misrawas ing paréntah ingsun ponnang gamel siji turnya, inggih myarsa ing pangundhang Narapathi, saking kasattan amba.
  52. Mila mendhet ing timun satunggil langkung dukannira Sri Naréndra, bang latu-latu jajanné, pagénné ya si kumprung, pengngung cubluk tan duwé budi, dé wus wruh lamun ingwang, kalipattullahu, tur kang kabubuhanning wang, bau rêksa marang isinning sabumi, mung sira kang gagampang.
  53. Juru gedhong tinnimballan prapti, Sultan Nadi Ismangil ngandika, marang juru gedhong kabéh, apata sira durung, iya saben wiyossan mami, annedhakken balonja, mring wong gamel iku, ponnang gedhong matur nembah, inggih saben pitung dinna wong satunggil inggih saben nangkattan,
  54. Duka malih Kangjeng Nadi, Malikul Karim Pannata Dinnan Séh Purijal andikanné, apata nora ingsun annyampetti tur anutuggi, ing kakarêppannira, dinnar kaping pitu, iya ing dalem sadinna, wong sawiji wong sapuluh malah luwih, pagénné
  55. Teka ngrusak ing naga[80]ra mami, lanna ngrusak ing kaprabonning wang, kang mashur ing salawassé, mungguh karatonningsun sira wanni-wanni ngrégonni, kang munni jronning ngundhang, amecat siréku, marangnging karatonning wang, dyan cinnekel darijinné dén gecekki,  wong gamel pinendhangngan,
  56. Sakancanné salurahé sami, dosanné ora éling sung warah, kumprung pengngungngé kancanné, jirap pinggir marga gung, papenthangngan wong gamel sami, Sang Natha bayar dinnar, séwu ingkang sinung, kang nambelli karyannira, wadya gamel sajronning papara nenggih, ngayengngi kuthannira.
  57. Jronning kitab ahbarus salatin wajibbing ratu anuhonnana, ing sarak rasul pasthinné, lan aja tinggal iku, sakathahé sunatting Nabi, daraponna wuwuha, mannis madana anderajatti, wring wadya sanagara.
  58. Wadya asih pasamohan jurit angasorraken ratu kang ana, jronning aprang lawannanné, saking supangat rasul temen-temen kang anglabetti, yén nana jro nagara, bibngah ing sila dur, angrusa agama sarak glis tundhungngen wetokna jabanning tamping, yén mopo paté
  59. Kang mangkonno iku pan sayekti, kang ngrusak kaprabonning natha, tétéla nganniyayanné, mring nagara kang mashur, ratu-ratu iku pan wakil kang mangkonno wong mamak songar ing Hyang Luhur, sayogyanné pa[81]ra raja, kudu asih marang wong ngulah saréngi, papagerring nagara.
  60. Apan ratu iku wus pinnasthi, jinnennengngaken dadi kalipah, amongnging wadya sakabéh, ing darajat wus sinung, kaluhurranning kang para Ji, sinungngan wicaksana, ébah pan wus sinung, nora na andhedhepaha, mrih dén alem marang samanning ngaurip yén mangkonnoha rusak.
  61. Lawan sayogya ing ratu adil marang bala kinu lawisudha, dén sarta tata kramanné, kang annom balannipun ingkang pantes binnasan adhi, ingkang panten kinnakang, kakang basannipun uwa kaki apa paman pan wus kocap kitab sipatusalatin iku luhurring raja.
  62. Kukuhing praja kalawan taklim gonjingnging praja ngéndhangken sarak ambakuha kenna sihé, pira-pira praja gung, ingkang ana ing bawah angin prawira tur kéringngan kekes kang makéwuh, saking supangatting sarak, kunneng wonten kojah ngujar jamhur kakim pandhitha ngraga suksma.
  63. Wonten ratu tatakén satunggil ya Séh Kinna punnapa wontenna, ratu ingkang luwih dhéwé, saking samanning ratu, ujar jamhur kakim naurri, ratu kang luwih ika, kang agawé laku, kabecikkan ing ngawakkan apa dénné akonning balanniréki, saréh annata praja.
  64. Para ratu ingkang mamak sami, nora pariksa mring wong niaya, iku kang luwih mamakké, nora amicaré[82]ku, lamun praja ing ngala becik saking titahing raja, rusak arjannipun solahé dadi ngalamat saisinning bumi tan lyan nora pathi, bawanning becik ala.
  65. Pan wonten Séh pariksa ing ngunni, nama Turap Ibnu Ngabdis Salam duk Sayid Ngumar lakunné, ingkang sipatulahu, mijil saking kadhatonnéki, ing wingngi karsannira, namar ing wadya gung, lajeng maring jawi kitha, anningngalli sorring kayon ana genni, punniku pinnarannan,
  66. Wong papasar marang jro nagari, kawengngen maksih jaban nagara, wong wadon telu annakké, annangis jaluk sekulkakendhillé pinnajer genni, nanging tan darbé beras ingisénnan watu, annakké nangis katiga, pan kaluwén menneng dénnarêmmi, dénnya ngaliwet padhas,
  67. Wong wadon ngucap sarwi annangis éya Allah tuwan amalessa, ing ratu ingkang mengkonné, amukti ing kadhatun dénné iya nora ngawruhi, mring kawulanning Ngallah, kang lingip kalangkung, lali lamun kawajibban ratu iku angreksa isinning bumi, ywa kongsi duka cipta.
  68. Sultan Ngumar ing Madinah iki, dénnya ngenggonni karatonnéya, Kangjeng Rasul wasiyatté, teka téga kalangkung, amung gugu ujarring mantri, tan wruh ing becik ala, ing ngarinnipun Bagéndha Ngumar miyarsa, uluk salam pangandikannira aris wong ngendi sira baya.
  69. Annauhurri wong padésan ma[83]mi, apa pasar mring jronning Madinnah, mila néng ngriki kapengngén annak mannira telu, padha nangis anjaluk nasi, malah-malah mannira, aluwé kalangkung, mennengngé annak mannira, dénné ingsun katon angedhukka kendhil tur ing jro isi padhas,
  70. Bagéndha Ngumar ngandika malih, apa sira ngidénni maring wang, sun arsa maronno dhéwé, wong wadon ika muwus lamun ana agawé becik yekti ngidénni ingwang, Sayid Ngumar muwus arsa wruh tennayannira, dupi parêk pawéstri ika ngingsirri, kumapyarring tyassira.
  71. Apa tuwan punniki Sang Ngaji, dénné kumepyar mannah kawula, duk tuwan parêk ing ngenggén punniya Ngumar téngsun kalipatu Madinnah mami, wong wadon aturrira, kawula duk wau, mring tuwan angundhat-tundhat saking sanget duka cipta luwé mami, lawan annak kawula.
  72. Sayid Ngumar angandika malih, lah mennengnga ing kénné sadhéla, nulya kondur sapraptanné, kadhaton ngambil gandum wus galepung kalawan daging, winadhahan sakala, Sayid Ngumar wangsul kalawan dirham sadasa, annéng marga ingkang nganglang aningalli, yén retune gagawa.
  73. Gineténnan amba gentossanné, milanné dalu-dalu, Sayid Ngumar ngandika malih, lah aja sira gawaha pan ningsun durung, kabottan lagyana karya, supayanné énggala do[84]sa mami, luputtingsun sirnaha.
  74. Luputtingsun niki kurang titi, pariksa marang isinning praja, kawulanning Ngallah kabéh, jronning jajahanningsun ingkang ana karaton mami, ingsun kang kawajibban among ing sakayun aywa kurang nyandhang mangan yén anaha wong duka cipta prihatin sun tiwas kennéng dosa.
  75. Wong kang luwé asanget prihatin ajéng jéréh matur ing Hyang Suksma, ingsun kang dénnaryrraké, di gung karatonningsun nora montra-montra ngrawatti, mring kawulanning Ngallah, kang langip punniku, wus lajeng Bagéndha Ngumar, wong kang ngangnglang sadaya wus kinnon bali, marang sajronning kitha.
  76. Sultan Ngumar prapta gén pawéstri, sinungngaken daging lan gandumnya, miwah mas limang taillé, wong ngika langkung ngungun annak samya dipun gugahi, katiga parêng nedha, sami tuwuhkkipun sakawan lan biyangngira, sami tuwuk lan tampi mas limang tail andonga mring Pangéran,
  77. Ya ilahi kang ngamaha suci, tuwan apuraha Sang Sultan Ngumar, ingkang mulya karatonné, pariksa ing wadya gung, angawakki parikséng dasih, lah tuwan angganjarra, kalipattullahu, kang ngasih marma ing bala, ya rahmanu aminnarabil ngalamin lah tuwan tarimaha.
  78. Lah punniku sagung kang para Ji, lalakonné Jeng Bagéndha Ngumar, kang utama kaprabonné, mumuri Kangjeng Rasul wonten malih ratu utami, [85] nagarinnipun Ngsam dibya ambek sadu, santamarta sih ing wadya, dénnya amrih lulussé karatonnéki, ing dunnya iing ngakérat,
  79. Kannikmatannira nora gempil prapténg jaman langgeng kang sinnedya, Sang Prabu Maliyul Saléh, lampahé datan namung, ngatur ingkang nayaka mantri, dénnya rumekséng praja, ngawakki annamur, ing siyang dalu lélédhang, malah-malah wus karêksa prajanéki, suka sugih gung wadya.
  80. Wong ngumbara kang kadi punnapanni kang ngadagang layar marang Ngesam miwah kang musapir kabéh, Sang Natha saben dalu, pan wuhara kang dén ngangnglangngi, gonning baita dagang, bok tinlagung laku, lajeng marang pakuburran bok manawa ana wong sanget prihatin dadagan mring ngastana.
  81. Nulya lajeng angangnglang mring masjid pekir ingkang samya angumbara, pasthi ing masjid jujuggé, méh jam satengngah telu, Prabu ing Sam anjogging masjid ana wong angumbara, ajrih anjaluk saking nagara Basarah, turu masjid ing Ngesam langkung amiskin adhem krukup kalasa.
  82. Saking sanget miskin tanpa jarik kaku tyassé mulat masjid Ngesam luwih pélag rêrênggané, yén dénnétung ngalangkung, ajénnajén sapuluh kethi, jronning masjid kéwala, si miskin angungun dunnya méh tanpa ajiya, suwé-suwé si miskin amurung-muring, dénné nora kayaha.
  83. Sugih ing Hyang dén paringken iki, [86] maru ratu Ngerum kliwat liwat kagungngan lan darajatté, kang kaya awakkingsun liwat miskin kapati-pati, parandénné tannana, ngawruhi maringsun éh Allah boten kadiya, yénna paring kaluhurran angliwatti, éya rahmanu dunnya.
  84. Kasih tuwan ratu sak punniki, dénné boten anganggé pariksa, maring isinning jagaddé, wonten kang wong jangjaluk teka boten dipun kawruhi, kambah wong duka cipta, jro nagarinnipun nora ngarah dén lalarra, pijer mukti wibawa anéng jro puri,lan sagung parisuka.
  85. Apan ratu kang mangkéné iki, bésuk dadak pinnaringngan swarga, dénné nora wruh gawénné, pijer kumprung adigung, sarwi ngrintih dénnira nangngis kekemullé kalasa, asrep tanpa kantuk Sultanning Sam duk miyarsa, sadangunné solahé kang dipun intip tyasnya kadisinnendhal,
  86. Mring jro pura angambil jajarik telung kebar lan angambil emas patang ngatus tail kéhé, medal saking kadhatun amranggulli kang ngangnglang sami, wruh lamun ratunnira, ambopong amanggul wadya kang ngangnglang tur sembah, lah punnapa kang tuwan panggul punniki, kawula gentossannya.
  87. Prabu ing Sam angandika aris teka sira tutugna angangnglang, iki karyanningsun dhéwé, nadyan nabotsun puwung, dimén ilang ing dosa mami, supayanné mayarsa, kaluputtanning[87]sun dénné kongsi angresula, wong musapir masjid ing nagara mami, suwé nora kawruhan,
  88. Iya iku kang ingsun paranni, Sang Natha prapta lampahé nulya, mas jarik dénnuncullaken si miskin gyat jumbul lagya sanget dénnira angrintih, ulon-ulon katiban ing sinjang kumabrug ana buntelanné emas ginnappan si miskin adhem kang ngati, menneng pangrintihira.
  89. Wus barukut kemullé si miskin sarwi emassé ginnaweé bantal telung kanthong gedhé-gedhé, Sang Natha prapta uluk salam kagyat pekir nahurri, tuwan punniku raja, saéstu pinunjul mugi Allah amalessa, ing pakarti tuwan kang parikséng cilik utama kawajibban,
  90. Angandika aris Sri Bupathi, pawong sannak mannira ngumbara, ngunni ngong pirsa kojahé, lalakonné Jeng Rasul ana uga asih ing pekir, asih wong mara désa, ngumbara jajaluk ingajak lenggah satata, sepinning wong ingajak sarêngngan bukti, lan rasul undhang-ngundhang.
  91. Para ratu ing sawuri mami, sapa nedya tulus dadi raja, ing ngurip prapténg kapatén iki lalakonnipun rumeksa amarang wong miskin anuli wéwéhana, dimén nuli cukup mariya papariman kacukuppan kang sinnandhang kang binukti, agung pamalessing Hyang.
  92. Yén awéwéh marang wong kang sugih, tur katrinni malah uju[88]bbriya, luamah ing panggawénné, nora dadi pitulung, wong wus kelar kang dén wéwéhi lan kawulanning Ngallah, kang nemu pakéwuh kang annandhang akang annandhang duka cipta, warassenna piyarannen wong prihatin barang kaprihatinnan,
  93. Nemu wales nikmat kang linuwih, wong kang nora simpen sandhang pangan tinulung asru donganné, tinnarima méng Hyang Luhur, lawan aja sikaréng budi, yén wong kinnanniaya, kabul dongannipun akéh pekir béla raja, wong malarat abéla nayaka mantri, malah béla nagara.
  94. Wonten ratu Basarah linuwih, gagah prakosa kuwanénning prang, nanging akedhig adillé, akéh kasukannipun duk semana Sri Narapathi, akénning kajinnemman prasamya atugur, ing lawang sakéthéng papat angundhangngi wong liwat awira-wiri, kang maring jronning kitha.
  95. Wong kang manjing pinundhuttan sami, pada sadirham yénnora sok-sokkan ingandheg paturranné, datan sinung malebu, yén wong medal saking nagari, amung satengah dirham pupundhuttannipun mangkana nagri Basarah, ana uwong malarat kaworran miskin Ki Emong naminnira.
  96. Borah-baréhé mungkul dadi siji, kang ginnawé buburuh mring pasar, sabarang dén worottaké, salaminné mung iku, ingkang dadi wetunning bukti, mangkana katowaongngan Ki Emong punniku, arêmbag lan rabinni[80]ra, lunga andon duburuh lakunning kuldi, maeing wijinning kitha.
  97. Rabinnipun kinnén nunggang kuldi, Ki Mong nuntun lumaku néng ngarsa, prapta ing patugurranné, kajinnemman punniku, kang makuwon lawang sademi, Ki Emong pinundhuttan undhang saking ratu, wong metu satengah dirham pan Ki Emong sasambatté ander willi, tutur malarattira.
  98. Annak luruh alim dika linggih, kula boten mangan kalih dinna, datan wonten patukonné, milakésah buburuh, anuttaken lakunning kuldi, marang jawinning kitha, sugal kang ngatugur, nora kenna asasambat sira ngrungu banget undhangngé Sang Ngaji, endi satengngah dirham,
  99. Angrarêpa Ki Mong kudu bali, mulih marang sajronning nagara, wong tugur samya ujarré, yén sira iku wangsul pan wus ngancik lawang sademi, dadi kenna sadirham Ki Emong angrungu, dheleg-dheleg tanpa ngucapmileg-mileg langkung dénnira prihatin apa dén nesokkenna.
  100. Banjur satengah dirham yén bali,mring nagara pan kenna sadirham dadi ngungun joto baé, kasaru kéh langkung, wong ngadagang mring jro nagari, padha sok-sokkan dirham wong tugur agugup dénnira nampanni dirham pan Ki Emong suwé tan dén talikurri, katungkul kéh wong dagang.
  101. Lunga nurut wangsul mring nagari, kang ngatugur tannana unningnga, nora antara suwénné, wusnya wong dagang laju, pan kélingngan wong tugur [90] sami, Ki Emong katingallan lampahira wangsul binuru sigra kacandhak kuldinnira sinnendhal Ki Mong ginnitik wanni-wanni annerak,
  102. Ingkang wus dhawuh undhang Sang Ngaji, ingarannan wong wanni paréntah, kuldinné dipunréréwéng, tinugel buntuttipun kuldi jolani mong kang ngéstri, tiba ginnawé jola, wetengnganné runtuh, Nyai Mong nangis alara, miwah anon lakinné dipun gitikki, langkung prihatinnira.
  103. Kajinnemman sadaya abengngis lah lunga aluluruwa dirham bojomu iku sun gadhé, iya tebussen bésuk ingsun wedi undhang Sang Ngaji, Ki Emong sigra késah,mring nagara wangsul marêkki para nayaka, nedha kukum tinutur solahiréki, duk anéng patugurran,
  104. Ginnebuggan néng lawang sademi, nanging khukummé sagung punggawa, Basarah mupakat kabéh, pan nora kukum ingarannan doséng narpathi, wanni nerak paréntah, malah sira perung, kongsi ya  katur Sang Natha, nora antuk malah nemuwa bilai, jer sira nerak undhang.
  105. Nanging Ki Mong anglabuhi pati, nadyan katurra marang Naréndra, matiya sarta rabinné, dadya kang punggawa gung, hulu balang nayaka mantri, Ki Emong tinuruttan katurring Sang Prabu, Sulthan Basarah sinnéba, wus dinnangu katur sasolahiréki, annari mring nayaka.
  106. Aturripun kang nayaka mantri, yén punniku dipun apuntenna, a[91]ber sawingkingngé, préntah kang wus dhumawuh, kathah purumin mikan bénjing, dadya wau Naréndra, nurut aturripun Ki Mong sampun dhinnawuhan wus lungaha nora pinnerung siréki, pan uwis nemu begja.
  107. Yata Ki Mong kalangkung prihatin angupaya dinnar nora bisa, ginnawé nebus rabinné, prihatin kangennipun marang rabi tur wangngati, langkungnging duka cipta, tambuh solahipun annangngis gya junjung asta, ya ilahi kang ngakarya bumi langit kang nora kikilappan,
  108. Tingkah jro munni jabanning munni, kaunningan pakartinning jagad wonten rathu kang mengkéné, siya-siya kalangkung, datan kenna dén prasabenni, pan namung buru arta, makan darahipun ngadeggaken patugurran ngalap darah marang wadyanné pribadi, lah tuwan adillana.
  109. Niyayanné narpathi punniki, sapa sinten amba jalukkana, liya saking tuwab dhéwé, wakil tuwan punniku, boten pantes angreksa sabumi, malah angalap darah, saking wadyannipun anjeléh pannangngissira, lah walessen ratthu sikara punniki, ajur ing tyas kawula.
  110. Dyan Ki Emong miyarsa swara ris saking éba: Emong énggal metuwa, saking jro nagara kénné, tinnarima sira wus pandongan ta mring Hyang Kang Luwih, samengko iki iya, dhawuhken babendhu, marang Sang Rajéng Basarah, samantrinné kabéh sanagara iki, katut tingkahing ra[92]
  111. Dyan lumayu Ki Emong wus prapti, jawi kitha miyarsa kang swara, amung sapisan jumebrét nolih Ki Emong sampun jronning kitha sampun winnalik tumpes wong sajro kitha, kinnelem ing bannyu, irêng ingkang katingngallan ngombak kombak umobbé ngijab-bijabbi, luluh wong sajro kitha.
  112. Malah ing mangké taksih katawis patilassan kitha ing Basarah, nadya rawi rêng bannyunné, duk ratu kenna bendu, anggagawa wong sanagari, mila Jeng rasullullah, sanget undhangngipun kaol ittaku donga An Almalumi; walaoka nakafirin tegessé kang punnika.
  113. Padha wediya éh umat mami, mring donganné wong kinnanniaya, nadyan wong kapir yektinné, tinnarima punniku, nora nganggo gedhé lan cilik sipat aduwé endhas jagul lawan rathu, sajronning pitennah padha, ing kukummé mila dénna ngatiyati, kaol Bukari Imam,
  114. Pratandhanné sagung para Ji, nora kenna sélak saking bala, sabarang ing pakartinné, tan kenna api sadu, sasolhé kudu ngawruhi, niyasat ing dursila, angganjar kang anut barang réh ing kabecikkan nora wruha katempun ingkang para Ji, tan kenna ngungkurrênna.

Pupuh XI
JURU DEMUNG

  1. Wonten gantyanning nalirah, kaol saking Kiyai Jeng Musannip Imam Bukari kang sinung, iklas kawicaksannan wo[93]nten nagri agung kéh jajahannipun apanjang-punjung prayoga, nagri loh pasir awukir.
  2. Anengguh nagari Ngérak nanging manggih cilaka wussalami, singa ingkang madeg Prabu, anéng nagari Ngérak sedhih saking dursilanné kang wadya gung, yén rahinna kéh bébégal yén dalu prahara maling.
  3. Sebrot tan nutil-lutillan seselerran nadyan sajronning masjid ing ngari Jumungahipun kéh bodhik-bodhik ilang, nadyan tasbéh pan nora kenna katungkul yén dalu anggung wurahan tannana wong metu ngising.
  4. Maling satus barêngngira, tigangngatus malah ana kang luwih, kongsi jangkep gangsallatus ratunné sedhih dénnua, nora kanggo paréntah miwah pitutur, dadya patinning Naréndra, saking sangetté
  5. Nalika iku Madinnah, kang jumenneng pan kalipattullahi, Bagéndha Ngusman punniku, mentas sédanné Ngumar, dadya kang pranayaka Ngérak samya tur, unninga marang Jeng Ngusman Bagéndha Ngusman anuding.
  6. Putranné Bagéndha Ngumar, kang tinnannem anéng Ngerak nulya glis ingaterraken wadya gung, saking nagri Madinnah, putra Ngumar néng Ngérak wus madeg Rathu, suyut kang para nayaka, punggawa satriya mantri.
  7. Prawira ném putra Ngumar, bagus sarta putus sakéhing ngélmi, kramanning wiwéka putus pasang graihita limpad, wus micara ing ngélmu wong made[94]ga Prabu, nanging nagara ing Ngérak déréng mantun dursilé
  8. Putra Ngumar Sultan Jiyad ing nalika énjing miyos tinnangkil anglar nayaka gung-ngagung, punggawa hulu balabang, andhér penuh tébak ngarsanniréng Prabu, Sri Bupathi paparétah, angelar jembarring masjid,
  9. Ingkang kinnarya Jumungah, kira-kira amotta wong sakethi, malah dén kapara langkung, tanna lami wus dadya, ing ngundhangngan keriggan jumungahipun ajana wong kari wisma, jinnarah tur dén paté
  10. Tatkalannira jumungah, Sultan Jiyad akudbah angimanni, mangkana salaminnipun prandénné jro nagara, durung mari dursila bégal mamandung, nanging yén nari Jumungah, jro kitha pepak néng masjid,
  11. Sultan Jiyad amariksa, mring punggawa aturripun pan maksih, dursila wadya mamandung, nuju ari Jumungah, Sultan Jiyad sawussing kudbah tumurun angimanni bakda salat lawangnging masjid kinunci.
  12. Wong siji tan sinung medal paparétah mring pra nayaka mantri, tuwin kang wadya bala gung, Sultan Jiyad ngandika, éh wong Ngérak rungunnen parétah ingsun sira wus ngiman ken  padha, saking jronning pitung dinna punniki, aywa na wong  metu dalu, sawussing bakda ngisa, yén anaha kang annerak undhangngingsun paté
  13. Sanadyan lanang wado[95]nna, gedhé cilik aywa na temu bengngi, wus pasthi paréntah ingsun iku sun gawé lunnas gumarumung kang matur sandikannipun nulya dén wenganni lawang, sadaya wus kinnén mijil,
  14. Wuwusen ing dalunnira, Sultan Jiyad ngrasuk kaprabon jurit milih wadyannira amung, ingkang ginnawa ngangnglang, kawan dasa dharat amung Sang Ngaprabu, nitih turongga paperang, lor kitha kang dén ngangnglangngi.
  15. Kapethuk wong ngamamara, tigangatus lagi arsa mamaling, tinnakon wong ngapa iku, wong maling nora nyana, lamun ingkang ngangnglang iku Sangnga Prabu, ingandheg kéndel sadaya, pagénné sira mamaling.
  16. Yén sira kurang pangan dénné nora nunuwunning Sang Ngaji, pan arta béttakmal agung, saossan wong malarat sira arsa angambil kratonningsun wanni annerak paréntah, wong limangatus samya jrih.
  17. Kawruhan yén rathunnira, langkung ngungun tannana bisa angling, Sutan Jiyad langkung bendu, sebrak annarik pedhang,pinnedhangngan tumpes maling limangngatus tinnigassan murdannira, sawiji tannana kari.
  18. Gembungngé sinéléh samya, praptanning margi sirahé nanging, binnekta mring ngalun-nalun, nulya kalangan rinna, ing dalunné malih SangNatha angidul manggih wong nedya mamara, tigangngatus dén tumpessi.
  19. Gegembung tinnilar marga, anggalasah sirah binnekta sami, sadaya mring ngalun-nalun mangkana wu[96]sé abekkan Sultan Jiyad anggung angangnglangngi dalu sanadyan dudu malingnga, miwah wong nguyuh angising.
  20. Yén katemu anéng jaba, pinggir lurung pinnedhang dén paténni, kekes ajrih wong mamandung, dénnira Sultan Jiyad yénna ngikal pedhangngé angin-nagung, keras tarampil acukat tatag trangginnas tur wanni.
  21. Dhasarré weweton Ngarab wus wiwéka utama ing ngajurit anom prakoswa dibya nung, pekik sampun kaorjat prawiréng prang saking jumantara kasun kerêng tan kenna tinnerak wawalerré amaté
  22. Prapténg dalu kaping tiga, lunga ngétan Sang Prabu amranggulli, wonten kang wong adol wedhus kadalon samiyarsa, undhang sanget tan kenna wong metu dalu, dadya kéndel anéng marga, sipeng sangandhap waringngin,
  23. Kaunningngan mring Sang Natha, wus dinnangu aturré wong ngagrimi, saking dhusun sadé wedhus mila sipengnging marga, mirsa undhang dadya sipeng ing lulurung, sajabanning pager dhadhah, énjing lajeng mring nagari.
  24. Sang Prabu Jiyad ngandika, iya benner aturrira ing mami, nanging ingsun iki ratu, tan kenna mindho sabda, koluhul kak wakalamuhu sadikun tegessé dalil punnika, pangandikanning Hyang Widdhi.
  25. Temen lamun angandika, lan wus benner pangandikanning Hyang Widdhi, ratu iku wakillipun pan dadi wawayangngan ing Pangéran sagung para ratu-ratu, yénnana mindhonni sabda, [97] rêngka darajatting bumi.
  26. Méndah wong nagara Ngérak pannacaddé mring ingsun angennénni, kang wus ngrungu undhangngingsun wruh toggé ing tyassing wang, dadi padha gagampang paréntah ingsun yén kenna dén gagampang, ing tembé paréntah mami.
  27. Tannana dén rungu ika yekti rusak iya karaton mami, yén rusak kaprabonningsun panningsun nemu dosa, iya dénné gawé jagad ara-uru, bawur saébahing praja, yekti nora dén gugonni.
  28. Padha lemu wong dursila, dadi gagah; wong benner kuru aking, padha sedhih mannahipun sagung wong amicara, kang durjana kang kumprung pengngung andarung, milanné dadi surjana, iku saking kurang budi.
  29. Yén nulaha pamicara, pagénné ya teka kudu mamaling, bok iya sasawah iku, adagang angawula, nora kurang kamurahan kang dhumawah, upa jiwa kang kipkah, sipenggung dén dhadhung ngidlis,
  30. Sawussira ngunnandika, Sultan Jiyad ngejeppi amaténni, sakéhé kang adhol wedhus sirahé tinnigassan wus binnekta sadaya mring ngalun-nalun gagembung maksih dén tilar, tunggil lan wedhussiré
  31. Sangsaya sru lékking praja, Sultan Jiyad tannarsa angoncatti, pangandika kang wus dhawuh, kerêng amara asta, kekes kabéh akéh maling padha sukur, kalung tasbéh dinna-dinna, ajerih wingwrin lan sepi.
  32. Praptannira tigang dinna, patang dinna cinna[98]cah kang ngemassi, séwu sawidak gungngipun wewah dinna awewah, sanggén enggén gagembung pinggir marga gung, pan sirah pating kalarah, undhang tan kenna dén ambil,
  33. Mring sanak wong tuwannira, yekti dén lud sadaya wedi giris gagembung pating galundhung, papathah ting galéthak éstu lamun pangéwan-néwan satuhu, dadi tamsilling durjana, mangkana Sr Narapathi.
  34. Nuju ing ngari Jumungah, minggah mimbar akudbah angimanni, sabakdannira agupuh, kinnon angunci lawang, wong sawiji tannana sinungngen metu, kethén aleksana samana, sipat lannang gedhé cilik,
  35. Sagung nayaka ngabdikan hulu balang satriya para mantri, jejel ing ngarsa Sang Prabu, atap kang wadya bala, Sultan Jiyad minggah ing mimbar aluhur, dénnira arsa paréntah, mrih kapyarsa wawadyé
  36. Éh éh kawulanning Ngallah, wong ing Ngérak kabéh kang sun karatonni, rungunnen paréntahingsun iku panggawénning wang, apa kurang sajronning siyasattingsun yén padha wanni nerakka, wuwuh luwih saking iki.
  37. Karana ngedohken ningwang, ingkang ngala marêkkaken kang becik yén ta mari kang ngamanggih dosa ingsun tiwas kinnarya kalipah, ginéndhongngan dosa mami.
  38. Dosanné waong sanagara, kurang saking pambaurêksa mami, ing mangko paréntah ingsun poma-poma pa[99]cuwan sarupanné kang manuk karatonningsun dén sayékti piyarsakna, éh éling-ngéling dénné
  39. Aja na wongkancing lawang, lawang jaba aja na dén innebbi, aja na kang ngunci iku, sakéhé sisimpennan kang arupa kothak pethi, kepék tumbu, garobog gedhong sadaya, kabéh aywa na dén kunci.
  40. Yén nana wong kamalingngan pira jinné panningsun kang ngilénni, malah sun tikel telu, lan duwékké kang ngilang, ingsun robbi sajronning tetempuh ingsun éh poma wong nagri Ngérak aywa na kang maling sari.
  41. Kang wus dhawuh kang wus dhawuh undhangnging wang, sapa nerak angajarraken pati, lan kapindho warung-warung, aja na kukut padha, ing dodollan kabéh maksih ya néng warung, sadaya kang wadya-wadya, gumer sandika turné
  42. Minnengngan kori gya medal sarupanné dénné ta Sri Bupathi, parêng nayak gung ngagung, angiring mring jro pura, adhadharran sarêng tunggil Sang Ngaprabu, mangkana ing pitung dinna, antara dhawuhiré
  43. Undhangngé Sang Nganaréndra, saben pitung dinna atur upaksi, ing punniku tannana prakarannipun rahayu wong sanagara, tannana wartanning maling.
  44. Ngutil annyeler annayap ing punniku rahayu jro nagari, samya kekes ajrihipun dénné ta Sang Naréndta, tuju janji tannarsa ngoncatti wu[100]wus pan wus pirang-pirang dinna, tannana walang ngasisik.
  45. Dodollan dalu dén tilar tannana kang suda cacahé sami, sore wutuh ésuk wutuh, siji tannana ilang, wus mangkana sagung nayaka gung ngagung, saben sapta ri tur priksa, mulyanné ingkang nagari.
  46. Tannana warta kang ngala, saben-saben punggawatur upaksi, amung pawarta rahayu, katur ing ratunnira, Sultan Jiyad asrep duk miyarsa atur, mulyanné nagarinnira, medallaken dana mintir.
  47. Mangkana kang cinnarita, wonten anakking rondha éstri yatin ni rondho arsa mamantu, annak éstri punnika, suwengngi pun cinolong ing sanakkipun tur tunggal tatongga wisma, ni rondha langkung prihatin,
  48. Sengkang pangaji rong samas wolung ngatus réyal gungnging pangaji, angundang santanannipun kang samya tuwa-tuwa, nedha rêmbag apa katur Sang Ngaprabu ajrih yénnora katurra, sanget undhangnging Narpathi.
  49. Dadya katurring Naréndra, sinupatan temenné pinnét maling, sumonggéng karsa satuhu, tan purun matur dora, Sultan Jiyad sigra dénnira amundhut tikel telu tinempuhan sukéng tyas kang anampé
  50. Mangkana ari Jumungah, Sultan Jiyad minggah mimbar, sarwi pedhangngé tinnarik,
  51. Asru dénnya undhang-undhang, éh [101] wong Ngérak kabéh kang sun ratonni, wetokkenna maling iku, ingkang malingngi marang, bibi rondha suweng rêga wolungngatus lamunnora pinnanggiha, iku ing adinna iki.
  52. Éh éh wong nagara Ngérak apa arêp mati sadinna iki, sinamberring pedhang ingsun wong kethén leksana sira, nora gawer pedhang siji bapé gempur, sagungnging wadya miyarsa, kekes samya wedi giris,
  53. Dadi tatonga punnika, kang unningnga samya jawil jinnawil katurring punggawannipun lajeng katur Sang Natha, wus cinnekel kang nyolong suweng punniku, winnesi asta sakala, tinnatrappan lawan adil,
  54. Wusnnya mangkana binuka, lawang masjid sadaya kinnén mijil lestari arja praja gung, Sultan Jiyad sinnéba, dangu marang pra nayaka gung ngagung, aturring punggawannira, pukulun Sri Narapathi.
  55. Wonten bumi kang tampingngan tapel wates siti Basarah gusti, punnika dadya marga gung, saking wong dagang dharat ing pawarti kathah songga runggénnipun Sultan Jiyad angandika, payo cacakken tumuli.
  56. Nyebarra brana wastra, ingkang samya pépénni raja pénni, miwah ma rêtna di luhung, tinggalen ing dalan wong sawiji poma aywa na kang tunggu, watessan bumi Basarah, sigra lampahira nuli.
  57. Punggawa annyebar dunnya, prapténg marga kagungngan Narapathi, binuwang ing pinggir marga gung, wunnya lajeng [102] dén tilar, rêtna wastra sotya mas tinnilar mantuk antara ing pitung dinna, pinariksa wutuk maksih.
  58. Tannana cicir satunggal ing nganténken ing pitung dinna malih pinnariksa misih wutuh, tetep sampun kaojat Sultan Jiyad aluhur darajattipun takut pra monca Naréndra, dursila doh wedi giris,
  59. Ajar padha kapelajar, wong kang nembah genni padha angili, sagung bobotoh kabutuh, asukur dadi salat limang waktu ajrih kawistarê Prabu, durjana sagung dursila akéh manjing marbot modin,
  60. Wus mangkana paparéntah, Sultan Jiyad ambedhah gedhong aglis tinnampénning punggawa gung, ingkang mong kaprabéya, wana gunung kang kinnén akarya dhukuh, prabéya saking jro pura, arta bétakmal kang mijil,
  61. Anggili andinna-dinna, pra Dipati kang samya anninitik alas-salas gunung-gunung, kang pantes dadi désa, kang sayogya kenna kaunggahan bannyu, kang pakolih wong sasawah, sigra dénnira ngyasanni.
  62. Prabéyanné ginnantungngan dadya kapiyarsa liyan nagari, akathah kang samya rawuh, ingkang ngamilih papan ana pantes dadi dhukuh isi satus rongatus isi wong samas kawot sabobotting bumi.
  63. Kang pantes kawot wong dhomas miwah séwuhan boboting bumi, ingkang séket pitung puluh, papantessé binubak amisu[103]wur mring monca nagri gung ngagung,kang prapta nagari Ngérak kang miskin anedya sugih.
  64. Wong kang kurang sandhang pangan adhudhukuh wana ing Ngérak dadi, cukup sandhang pangannipun anak putu tumangkar, tangkar samya awisma dadya sadhukuh, marmanné dadi raharja, nagara Ngérak mewahi.
  65. Dadinning mulya raharja, Sultan Jiyad pinunjul ing para Ji, kekes parang muka takut dénnya jrih kaungkullan ing susila sudibya kaprabonnipun utama agelar dana, siyasatté
  66. Sawussira lama-lama, kathah dadi dhukuh pinggir wanadri, lan tepinning gunung-gunung, tannana kang maluwa, ing wana gung dadi désa agung-agung, mangkana kang cinnarita, Sultan Jiyad nandhang sakit,
  67. Sakit lumpuh sukunnira, pra nayakannira samya prihatin annekakken dhukun-dhukun prapta samya turrira, gerah dalem yén amrih waluyannipun karyaha wadhah inumman saking siti dén seseppi.
  68. Katur ing Sri Maharaja, Sultan Jiyad nulya kén angulatti, manawa na désa suwung, amendhet sitinnira, kang kinnarya wadhah inumman Sang Prabu, téko lamun amanggiha, ing lemah désa kang sepi.
  69. Dadya sagungnging punggawa, ngutus samya ngulatti désa sepi, darapon énggalla iku, waluyanné Sang Natha, dénnya gerah lumpuh wus dungkap sataun nanging dutanning punggawa, lami ngupaya tan manggih.
  70. [104]Ing désa kang suwung ika, dadya katur marang Rêkyana Patih, dhusun samya wutuh-wutuh, gemah-gemah raharja, dyan umarêk sagung nayaka gung-ngagung la apatih mring jro pura, umatur ring Sri Bupathi.
  71. Prapténg byantara Naréndra, aturrira nayaka lan apatih, tannana tuk dhusun kang suwung, ingkang badhé usadha, yén wontenna lilah paduka pukulun inggih akarya sakedhap anyuwungken désa siji.
  72. Amrih énggal waluyaha, gerah dalem duk miyarsa Sang Ngaji, Kyana Patih aturipun asru dénnya ngandika, yén mengkoné iku ujarring kang dhukun nora waras laranning wang, yénnara usada siti.
  73. Lemah désa sasuwung ngika, dadak gawé nyuwungken désa siji, yekti sun palaur lampus lawan nyuwungken désa, nora kudu waras nging kaprabonningsun aja kongsi dadi nistha, lingsem tinudingngan mami.
  74. Sikil kiwa mring malékat sawussira ngandika Sri Bupathi, lan sagung nayakannipun waras dadak sakala parmanning Hyang usada antepping kalbu, sukéng tyas sagung nayaka, mulyanné Sang Bupathi.
  75. Amiyossaken sidekah, saking pura andinna-dinna mintir, bingngar kuwungnging praja gung, duk gerahing Naréndra, nagri Ngérak béla lir kang pradapa lum ing mangkya Natha waluya, kadya sinnom rinengga sri.

Pupuh XII
SINOM

  1. Mangkana Sri Maharaja, Sultan Jiyad angundhangngi, marang sa[105]gung hulubalang, punggawa satriya mantri, kinnén nglampahken sami, caraka mring dhusun-dhusun désa kang dadi annyar, miwah désa kang wus lami, akarya alulurung nyawidak cengkal,
  2. Lawan samya akaryaha, made geng tepinning margi,lawan lurung terussan marang désa kang sawiji, padha karyaha kali, satirahing lurung-lurung, sadaya pinnaringngan prabéya saking jro puri, saben-saben iya lalakon sadinna.
  3. Sinnungngan wade sannépa, pura siji angiderri, hér kembang ing kéring kannan jembang-jembangngan marapit wisma doh magersari, rinnakit sakuwu-kuwu, lajurran babanjengngan ing ngadeggan masjid alit linnimputtan piranti tunggal warastra.
  4. Sawussira lama-lama, samekta rêngganning margi,undhang Sang Sri Maharaja, arsa wruh untabbing dasih, mring jawi kitha mijil lajeng mring wana buburu, dinnar pirang gotonngan balonja wong turut mami, ingkang samya kamarganninglampahira.
  5. Budhallé saking jro kitha, wadya gung datanpa wilis wadya kang wahana kuda, tigang leksa munggéng ngarsi, ingkang wahana ésthi, saleksa ing wurinnipun sanuk mémréng blegdaba, unta kuldi lan karêndhi, kang ngadharat akethén yutan aleksan,
  6. Yén tinonton busana bra, lir wimbuh ingkang wiyatti, sirêp suratting baskara, kawistaréng lintang riris Sultan Jiyad nupéksi, kanan kéring ngarsa pung[106]kur, untabbé wadyanira, sukéng tyas sukurring Widdhi, agung maos subkanahu watangala.
  7. Sanget undhangnging mring bala, siyasat sajronning janji, sapa kang ngrampas wong désa, cangkem karut pala dadi, yén ora lawan idin ingundhangken ukummipun tanganné kang ginnecak pinrih ajur kang dariji, wus musuwur sadaya kang wadya-wadya.
  8. Sapraptannira ing wana, masanggrahan Sru Bupathi, tan cinnatur laminnira, Sultan Jiyad néng wanadri, suka dénnya ningalli, arjanning kang dhusun-dhusun beberêg dinna-dinna, wonten panguncangnging Widdhi, Sultan Jiyad kapisah lan wadyannira.
  9. Amung lan turanggannira, amikul towok pribadi, kalautting pagunungngan wonten désa geng satunggil ing kana kéring kali, ing ngarsa babawanna gung, wukir ing wurinnira, arêsik sitinné wedhi, gunungngipun isi pajatén punnika.
  10. Wisma séwu luwih malah, isinné désa sawiji, anurut kali sarwéndah, dhukuh iku annyar dadi, saking papan prayogi, mila kathah wismannipun tegal pomahan wiyar, tinnannemman sebu sami, satanjengngé katéla timun semongka.
  11. Samya jati wismannira, payon jati pager jati, ginnebyog dhadhah ing jaba, sawisma salawang kori, saben wisma wong siji, lumrah samya ngrangkep lumbung, lesung pawon gedhoggan kandhangngé pra samya jati, Sri Naréndra ka[107]sasar kasaryan mulat,
  12. Ésmu salah manjing désa, nuju wismanning patinggi, pinanggihan bale jaba, Sang Natha tatannya aris sinten-ningkang darbénni, désa langkung arjannipun naurri kang tinnannyan tumut dhateng Kiyapatih, pamedallé mung kélang tebu sarêmbat, Sang Natha ngungun miyarsa, pangunandikanning malih, Si Apatih iki cidra, kurang tumemenning mami, désa seménné iki, ana dinnar patangngatus patut pametunnira, mongsa rêkasaha ugi, maksih énnak apajegga dinnar samas,
  13. Sang Natha mundhut inumman pinnerêsken tebu nuli, kang duwé omah tannyana,lamunniku Sri Bupathi, dénné datanpa kanthi, pinnanggiyan cara senuk ngatak malih Sang Natha, dénné suwé Ki Patinggi, dénnira sasuguh perêssan rossan,
  14. Ki Patinggi nolih wisma, éh rubiyah dénnagelis génnira amerês rossan kasattan Ki Bagus iki, kasasar semunéki, pisah lan bendarannipun Jeng Gusti Prabu Ngérak ameng-ngamengnging wanadri, Ni Rubiyah saurré
  15. Ki omah wonten punnapa, gonningsun merês punniki, tebu limang lonjor telas pan durung ngoléh sacangkir, saben-sabenné iki, amerês salonjor iku, tadhahé limang gelas tebu limang lonjor iki, ingsun perês suwé tannantuk sagelas,
  16. Bok ki dayoh ingkang mawa [108] daulattira akedhik saben kang katurring kitha, ing gusti Rêkyana Patih, saben tebu sawiji, limang gelas antukkipun iki tebu lilima, sagelas pan nora oleh, Sultan Jiyad miyarsa graiténg driya.
  17. Mangkana andikannira, tegessé ingsun punniki, tetep cegahing Naréndra, nora santosa mring Patih, lawan cegah tan sipi, nedya ngundhakken pametu, suda ingkang maonah, darajatté kocar-kacir, dénné iki ingsun surung paparé
  18. Lagiacipta kéwala, semunné dhendhanning Widdhi, méndah baya kalakonna, Sultan Jiyad lajeng pamit pan nora angenté
  19. Maring kang amerês tebu, mérang marang Pangéran nyéngklak kuda cinnamethi, Sultan Jiyad pannyanderré tilar bala.
  20. Tan kongsi mring pasanggrahan lajeng kondur mring nagari, praptanning kadhatonnira, lajeng mring gedhong pannepin tobattira tan sipi, marang Hyang Kang Maha Luhur nora malih cuiptaha, maido wetunning bumi, lawannora nedya ngundhakken pamedal,
  21. Wadya gung kang anéng wana, srang-srangngan samya prihatin icallé Sri Maharaja, wus wus lami nora prapti, mantri kang tengga puri, mring Patih ngaturri weruh, kalamun Sri Naréndra, pribadi kondur mring puri, sarawuhé manjing gedhong pamidakkan,
  22. Sigra Kya Patih tengngara, budhallé sagung kang baris sigra-sigra lampahira, sajronning kitha wus prapta, la[109]jeng Rêkyana Patih, makajeng ngalun-nalun cipta manggih duduka, apa wadinné Sang Ngaji, kondur marang nagara atilar bala.
  23. Lan sagung mantri nayaka, praptanné saking wanadri, kukuwu poncaniti, makajengngan boten mantuk mring wisma sowang-sowang, Sultan Jiyad sigra mijil saking kalwat annimballi Kiyapatya.
  24. Lan sagung kang pranayaka, keridding Rêkyana Patih, prapténg byantara Naréndra, mésem ngandika Narpathi, wruhannira Apatih, sayektiné raganningsun karêngon sawatara, marang Hyang Kang Maha Sukci, witté ingsun maido ing lakunnira.
  25. Maido wetunning désa, tinutur solahing ngunni, duk kasasarring padésan nuju désanné Ki Patih, purwa malah mekassi, Kyana Patih langkung ngungun Sang Natha sru ngandika éling-ngélingnga dénnaling, aja sira kuwatir sudanning arta.
  26. Lawan aja bungah sira, undhakké artanniréki, nora kenna pépékaha, mungguh jenengnging Narpathi, apa dénné Papatih, sawahyu kalawan ratu, sagung mantri nayaka, sawahyu kalawan Patih, sayogyanné wruha ing wau punnika.
  27. Sajronning karatonnira, rahayu isinning bumi,lan saisinné sadaya, tinnempuhaken Narpathi, yén ratu duwé pikir, tan saréh ing ngundhakkipun arta kang manjing pura, iku niyaya ing bumi, [110] lanniyaya marang manungsa sadaya.
  28. Teteppé kang para raja, aja aturut wong cilik kuwatir sudanning arta, suda wahyunning Narpathi, ilang darajatnéki, sihing Hyang satengah kongsul batin wus ingucullan, pangandellira Hyang Widdhi pan mengkono dén prayitna para raja.
  29. Kuneng kang sampun utama, Sultan Jiyad angungkulli, darajatting para raja, kang kadi tepa palupi, ratu sawuri-wuri, wonten malih kang winuwus ratu agung utama, ing kitab adangul amri, ratu luwih nama Sultan Abu Jakpar.
  30. Ing nalika sinniwaka, ing sagung wadya para Ji, tuwin wadya pra nayaka, punggawa satriya mantri, pannarsa amaténni, mring siji kawulannipun nulya waonten soprapta, Mubarah naminniréki, Séh Mubarak Séh Pulél kang darbé
  31. Sultan Bu Jakpar ngandika, punnapa aturriréki Séh Mubarak aturrira, tuwan-narsa manténni, yén déréng apa titis sedheng saking tatrappipun sanadyan wus katrappa, utama apuranéki, wonten kadis kautamanning Naré
  32. Ing bénjing néng pangayunnan wonten swara saking gaib kang dadi gegedhé ika, mulya nikmatting para Ji, ngapura dosa pati, angesokki niyattipun maring kang duwé gugat liwat pamalessing Widdhi, yata mésem ngandika Sultan Bu Jakpar.
  33. Inggih manira, punika kang dosa pati nanging mannira nenedha, pitutur ingkang sayekti, utamanning para Ji, Ki Séh Mubara[111]k turripun inggih ta Sang Naréndra, singgahana amaténni, dipun-némut yén badan jasmanni tuwan,
  34. Apan dédé rasullullah, baanné badan rokanni, paran dénné yén binnéka, momot boten andukanni, éling yén manungséki, wong kang serêngngen punniku, yekti manggih duduka, awake marang Hyang Widdhi, barang tingkah solah iku wawalessan.
  35. Wonten kitab kang amarah, najatul muluk naméki, duk jamanné Nabi Musa, wonten iblis kang sumiwi, maring ing Kangjeng Nambi, pun-niblis nembah umatu, éh nabining Pangéran punnapa tuwan karsanni, ngélmunning Hyang kang ginnadhuh dénning sétan,
  36. Anenggih tigang prakara, kang ginnadhuh dénning ngiblis gumujeng Jeng Nabi Musa, sun-narsa angrungu ugi, nembah matur pun-niblis punnika pan agemmipun sampun tuwan duduka, nenggih maring wang sawiji, najan benner lamun kakathahen duka.
  37. Kawula kang angsal papan nadyan benner dadi sipip dipun nedya angapura, punnika kawula ajrih, dén kedhik tur patitis sabobot lan dosannipun utama kang apura, sétan konca kula sami, wong kang sabar punnika ingkang ngunjara.
  38. Lan malih dipun prayitna, sampun nedya mindakanni, maring wong wadon punnika, dénné kaping tigannéki, sampun tuwan ngukuhi, luluwihanning ngartéku, tegessé kumettika, kang dadi kuthanning ngblis ngéca-éca séta[122]n sami babarissan,
  39. Tigang prakawis puunika, kang dadi agemming ngiblis kapanggih pundi-pundiya, punik adi, mésem Sri Narapathi, Sultan Bu Jakpar angrungu, kojahé Séh Mubarak Séh Mubarak matur malih, lan malihé utamanning para raja.
  40. Arêp saolaha gagah, anrappaken ukummadil yén kennaha dén bat-tembat anggrog kaprabonnéki, ratu anrappi adil akathah ganjarannipun lagi niyat kéwala, nedya ngadilli mring dasih, ganjarrané sami lan adegging salat,
  41. Wonten kojah ratu dibya, kinnasiyanning Hyang Widdhi, kasub lokking pramudita, Sultan Ibnu Ngabdul Ngajid cinnatur wali-wali, dadi lepiyanning ratu, ing nalika sinnéba, ing wadya para Narpathi, miwah sagung nayaka pramonca radya.
  42. Sadangunné sinniwaka, Sang Ngaprabu anjennengngi, nayaka kang paliwara, juru nrapken kukum adil Jeng Sultan Ngabdul Ngajid sayah kondur mring kadhatun pinnethuk para garwa, miwah kaputra pawéstri, duk alenggah made gung arsa ané
  43. Wonten dakwa kalangkungngan wau duk wontenning jawi, Sang Natha sampun ngadhatyan nanging pun gugat bek pati, nedha katur tumuli, pariwara sigra matur, pun gugat kalangkungan anunuwun pangandika Ji, ing sakarsa punnapa inggih mantukka.
  44. Inggih sinnemayan bénjing, ngandika Sri Narapathi, [113] lah mengko konnen ngantiya, ing konno paséban jawi, ingsun narsa aguling, lagi sanget arippingsunsang Prabu Nulya minggah, ing made arsa aguling, duk nglagéyéh putranné éstri tur sembah.
  45. Nyandhak sukunné kang rama, Rama Prabu sampun guling, déréng telas karya tuwan wonten kawulanning Widdhi, punnika nyuwun adil tuwan kén ngantossi iku, yekti susah punnika, jrih ing tuwan tur prihatin yekti rama rinnengngon dénning Hyang Suksma.
  46. Praptanning ngajal paduka, rubed ing sakarat bénjing, dadi duka nalongsa, tur tuwan damel pribadi, nyunyuwé mring wong cilik kang wonten prakarannipun tur tuwan kawajibban angluwarraken prihatin yata kagyat Naréndra ngungun miyarsa.
  47. Aturring putra wanudya, kumembeng waspanya mijil, Sang Natha maréntahi, mring juru kan mancas padu, nayaka kang mranata, pinnedhot kalawan adil sawussira kondur malih Naraditha.
  48. Nutugken dénnira néndra, Séh Mubarak turriréki, maring Sultan Abu Jakpar, punnika Sri Narapathi, kakandhangngan utami, ing nganggé palupinnipun tampilling kalakuhan ondhé-ondhé ing para Ji, boten kénging ratu atilar upama.
  49. Luput benner kinnawruhan upama kang ngunni-unni, nadyan Kangjeng Rasullullah, yén wonten upama beci[114]k misih ing nganggé ugi, tilas upama rahayu, sétan sok amiroga, ratu dén-nojok-kojokki, aywa nganggo pratingkah kang kunna-kunna.
  50. Ginnéndéng marangnging sasar, dén wiwitti saking becik darapon nuli rahabba, wekasanné dén alanni, jer oléh untung yekti, sétan godha kanthi raku, angradon babarrira, yén ratu suci tur adil minggring-minggring sétan angambah nagara.
  51. Lagi muncul palarassan lir tikus amburu kucing, mara amiyat pragalba, wong sabar maklum kinnéring, lan wonten kocap malih, ing jro kitab sirul muluk aja kéh kalangennan angluwihi sangking wangkid tinunggulken iku panggawénning sétan,
  52. Tannantuk ing para yogya, sakéhing para Narpathi, kang ngekéhaken kasukan mung ngélingnga marang adil lan ngedohana ugi, saking hawa nepsunnipun yén wong angugung hawa, gugur dénnya ulah adil ing rahayu tindak aja kacampurran,
  53. Wonten malih undhang-undhang, ing kitab maratungadlin wajibbing kang para raja, yén micara aywa bengngis balikken dén-namanis sung-sungngen lejarring semu, utamanning Naréndra, dén sarta kalawan ngélmi, paparéntah tan kenna tumpang so tata.
  54. Karana wus angandika, Jeng Nabi Mukamaddinnil Mustapa kang Rasullullah, utamanning umat mami, sagungnging kang para Ji, kang nga[115]sih balannipun dénné kang luwih nistha, umattingsun kang para Ji, kang kemléra nora asih maring bala.
  55. Lan sayogya para raja, tambuh pamujinning dasih, nyudaken kaprayitnan artinning wong kang ngamuji, amung tigang prakawis pépéka pakolihipun apan tigang prakara, wong amuji maring Gusti, saprakara iya ana kalannira.
  56. Panunulakking kadukan ana kang karana rai, ana kala saking loba, dénné mungguhing Narpathi, utamanning sakalir, pawartanning dasihipun amriha kanyatahan solah bawanning prajéki, aja amung aturré ingkang dinuta.
  57. Dinuta ngayengngi praja, lamun ngaturken pawarti, sayekti nedya utama, ratu namur angayengngi, yén nora mengkonnéki, akaryaha juru-juru, amrih kabar santosa, bok wong ala ngaku becik wong mangkonno iku marêkkaken pinah.
  58. Angedohaken raharja, pra ratu kang dhingin-dhingin dalu pra samya anuksma, ngayengngi praja pribadi, ingkang dén nudannénni, panggawé balik punniku, ana wong nganiaya, temen-temen karya drengki, paran dénné angaku kinnanniyaya.
  59. Karana awarna-warna, ing wong kang nemu pakarti, awit saking loba mamak paran dénné nemu becik ratu wajib ngawruhi, panggawé mengkonno iku, pan teluhing nagara, dursila andedrengkénni, wong panastén iku séta[116]n anyuriga.
  60. Kocap wajibbing Naréndra, jro kitab adabusalatin arêp ambagi punnika, jronning sadinna sawengi, pinnarat pambagi, dénné kang sadummannipun angabekti ing Ngallah, dénné kang sadumman malih, tata-tata kaprabon tindakking praja.
  61. Mariksa ing paribawa, rahayu pakéwuh néki, alang ujurring prakara, ninimballi wong bérbudi, pamicara wong ahli, juru mamancassing laku, angembat ngingerrika, lan wong alim anunulis sapadhanné anéndra miwah adhahar.
  62. Mriksa wong kinnanniaya, miwah kang nganniayéka, dénné ta ingkang sadumman ameng-ngamengngan turanggi, ameng-ngameng jemparing, léssan lan turongga iku, ingadu kakerappan nenandur angrerêsikki, kang sadumman mariksa juru tampingngan, obah osikking wong désa udan terangnging prakawis apa ingkang dadi sabab dénné sadummanné malih, anacahaken sami, sagung gagaman prang pupuh, sagungnging kang gagaman sarta prajurittiréki, bokmanawa ana suker kasakittan,
  63. Wus kocap sajronning kitab nengguh ahbarul maliki, yén ratu amangun yuda, aywa angamuk pribadi, anneteggan baris aja ngrucat umbul-lumbul aywa ambuwang kendhang, teteg saéngga ngemassi, supayanné punniku aywa angrusak,
  64. Iya kaprabonning raja, karana rohing wadyéki, [117] gumantung kalawan-niya, rohing gusti kang jennengngi, tegessé ratu nenggih, nyawanning wadya bala gung, lawan becikking bala, sajronning amangun jurit, pan gumantung néng kaurippanning raja.
  65. Lan wajibbing para raja, yekti aywa makéwuhi, bala kang kaprihatinnan yogya mrih marma rudatin suka bungahing dasih, awusana saking ratu lengkyéh karya asuka, aywa akarya prihatin pan dosa gung bubuh prihatinning wadya.
  66. Apan ratu kawajibban angluwarraken prihatin amongsa saisinning praja, mongka wajibbing Narpathi, élingngan barang kardi, utamanné sarwa émut sakéhing pinniyarsa, sarta wadya kang kinnathik wong ngélingngan becikkaken barang karya.
  67. Panggawé kang luwih ala, barang karya sarwa lali, yéku angrusak lampah, tangéh minggaha basuki, labanné nora éling, anggung gumingsirring tuhu, kéh owahing ngupaya, ing ngadil datan lestari, papanning ngrat akuwur jagaddé rêksa.
  68. Lan malih wajibbing ratu, yén-narsannira aguling, akarya apa gulingngan warni pat miwah ta katri, sarat kreppa angalih, saking pagulingngannipun karan ing Naréndra, akéh ingkang makéwuhi, luwih akéh wiwilangnganning pitennah.
  69. Pasal ping wolu punnika, annyatakken ratu kapir, kang sami ngadil sadaya, tuhunné carita ngunni, kaya para ratu kapir, dénné sami ngadilli[118]pun iya padha prayoga, rumekséng jagaddé sami, lan rumeksa marang ngisinné
  70. Lan kuwasa agawé arja,mulyanné kang bumi-bumi, énnak suka sugih samya, manungsa kang dén ratonni, bisa bédakken sami, ala lan becik punniku, réhing rumekséng jagad rahayunné wadya néki, nadyan kapir kang becik dadya lepiyan,
  71. Méndah silih ratu Islam nglakokna pratingkah becik dénnira rumekséng bala, dénning wuwuha ngluwihi, sinung darajatnéki, paribawannira luhur, apan Jeng Rasullullah, amundhut tepa palupi, kapir Islam pra ratu kunna-kunna.
  72. Kadis wanna wulidda, wijamanni mulkiki ngadli, punniku kang pangandika, Jeng Rasul nayakéng bumi, tegessé awak mami, ingannakaken katéngsun apan duk lairring wang, nuju jaman ratu adil – ratu adil Sri Maha Prabu Nusirwan,
  73. Kang kocap ing dalem kitab nenggih tarikul umami, antara ing kalih warsa, babarré andika Nabi, Prabu Nusirwanngadil ing nalika sédannipun mennangngi kalih warsa, Jeng Rasul Mukammaddinnil lami-lami wahyuning nayakanning ngrat,
  74. Diwasa dhawuhing rahmat madeg kalipattullahi, jaratté Prabu Nusirwan dhinudhuk ing Kangjeng Nabi, susupénné kakalih, punnika ingkang pinundhut dénning Jeng Rasullullah, susupé punnika ciri, nistha madya utamanning para raja.
  75. Misuwur sampun té[119]téla, Sang Prabu Nusirwan ngadil adil pragya rumekséng rat wus dadi tepa palupi, snadyan ratu kapir, sayekti wajib tinniru, réhning rumekséng ngalam Jang Nabi wus apupuji, ing ngadillé Sri Maha Prabu Nusirwan,
  76. Wus kocap ing dalem kitab nenggih tarikul umami, nadyan ta ratu kapirra, yén najeg dénnya ngadil, marang sagungnging dasih, sayekti pédah tinniru, amimbuh ing kamulyan mangkana ingkang winnarni, duk jenengngé sang ngadil Prabu Nusirwan,
  77. Ing nalika sinniwaka, ing wadya kang para Aji, nayaka pra monca radya, mangkona ana wong prapti, mradata amradondi, kang dadya wit milannipun ana wong annennebas pomahan saking ngenggénni, lawan sagung pakarangnganné
  78. Bur manuk ingkang tinnebas kang annebad angenggonni, annon papethéttannira, kedah samya dénnowahi, tan rêmen patut néki, tilassé ingkang rumuhun ing gelih prennahira, pethéttan samya dénnelih, pinnuruturran winnangun patutté
  79. Sangandhapping puputerran ana pendhemman massadi, sosotya inten lan mirah, encéh wawadhahé sami, yén ginunggungngan yekti, pangaji sayuta langkung, kagyat ingkang annebas sigra dénnira sung warti, marang iya kang annebassaken omah.
  80. Kakang mannira sung warta, wau mannira muterri, ngelih-elih pepethéttan pan ma[120]nnira patut malih, wonten emas kaéksi, ing ngencéh wawadhahipun langkung dénning akathah, miwah inten mirah sami, malah langkung saking pangaji sayuta.
  81. Kakang punnapa andika, kang duwé simpennan dhingin kang nebasken sahurrira, kula boten nyinyimpenni, wus begjannira adhi, kang anebas saurripun kul boten annebas kang wonten sajronning bumi, sayektiinné punika darbék andika.
  82. Kang annebasken saurnya, pan dédé punniku adhi, bennerré duwék andika, mungguh wong nenebas adhi, yé sampun dén picissi, isiya gajah nem éwu, begjanné kang annebas kula botenna ngawruhi, kang annebas saurré dédé
  83. Duk kawula jangji nebas boten jangji jronning bumi, mung kang katon katingallan kakang sajabanning bumi, dangu dénnya pradondi, tannana gelem angaku, nekakken pinnituwa, sannakké kinén bennerri, pan mangkénné iku bebennerranning wang.
  84. Yén padha pradondi sira, tannana purun ngakonni, iku kagungnganning natha, aturna marang kang ngaji, iku pathi kawajib sakéhé arta kang masgul wajib katur Naréndra, anulya sami lumaris annak putu kinnérig angusung emas,
  85. Sapraptanning panangkillan anuju mijil tinnangkil Sri Maha Prabu Nusirwan kagyat dénnira ningalli, kinné mariksa sami, purwa mung[121]labukannipun katur sasolahira, miwitti malah mekassi, milannipun dadya katur Paduké
  86. Adangu diya-dinniya, pradondi ingkang ngakenni, sayekti kagungngan tuwan nunggil betakmal Sang Ngaji, lerês katurring tuwan ngandika Nursiwan ngadil apanningsun nora ngratonni pendheman,
  87. Amung manungsané padha, kabéh kang ingsun ratonni, nora odhep pependhemman iku dudu bala mami, lamun mangusa ugi, barang solah tingkahipun mung iku kawajibban angawruhi angadilli, ingsun nora babala pendheman emas,
  88. Sagung nayaka katurrira, lerêssing pangandika Ji, nanging ta arta punnika, teteppé ingkang darbénni, wontenning paduka Ji, ing karsa sinten tinuduh, punnika kang darbéya, ngandika Nursiwan ngadil pariksannen apa karo duwé annak,
  89. Aturré ingkang annebas punnika anakké éstri, kang nebassaken punnika, jalu annakkipun nenggih, ngandika Sri Bupathi, panggihenna laré iku, padha bebésannana, laré iku yén wus panggih, emas iku kabéh padha gawakenna.
  90. Annakkira karo padha, kang sun tuduh andarbénni, mas iku kabéh lan sotya, kang duwé ya rare kalih, padha annakiréki, kalihé pra samya sujud sumungkem nekem sirah, ing kisma ngabyantara Ji, bubar sagung ti[122]nninggil Prabu Nursiwan,
  91. Wongkang nemu pependhemman sapraptanning wisma sami, lajeng mangkat bébésannan pakonnira Sri Bupathi, samya sukanné kalih, gung munpangattira Prabu, sagung mas papanggihan pinnaringken rare kalih, suka sugih lawan adilling Naré
  92. Wonten malih winursita, jro kitab balakul muhsin duk jamanné ratu dibya, Jeng Sultan Makmunurrasid ing nalika sinniwi, mring wadya nayakannipun amaossaken arta, Sultan Makmunurrasidin ratu ngadil ing patinné
  93. Wutuh tannana kapisah, bumi tan wanni merpekki, sanadyan silih kapirra, yén ratu punniku ngadil agung nikmatting pati, kawibawannira punjul saking karaton dunnya, yén Islam adilla nenggih, nora kenna dénnitung gungnging kamulyan,
  94. Wonten malih ginupita, kitab ahbarul maliki, duk jamanné ratu Cinna, ing nalika nandhang sakit sakitté sakit tuli, langkung prihatin Sang Prabu, lami tannarsa dhahar, miwah asaré ing latri, sariranné atemah gagra kusika.
  95. Kadya kontal kamarutan wadya tannana udanni, gerahé Sang Sri Narédra, kang pra nayaka sawiji, datan wruh kang dadya wit purwa gerahira Prabu, sadaya makajangngan asaos marang jro puri, ingandikan prapta ing ngarsa Naré
  96. Aturré kang pra nayaka, paran gerah Sri Bupathi, punnapa kang dadi purwa, mila risa[123]k sariréki, ngandika Sri Bupathi, lara angger laranningsun laranné tan ngapaha, nanging prihatinning ngati, laranningsun lara tunna pamiyarsa.
  97. Apa tanduk ciptaha, dénné tanna ngrungu mami, yénnana mawi prakara, ing sakéhé wadya mami, punggawa matur sami, yén makaten Sang Ngaprabu, paduka pitayaha, ing sagung konca Bupathi, barang tingkah obah osikking nagara.
  98. Inggih paduka pasrahna, ing ngabdi kang pra Dipathi, yén wonten abdi Naréndra, ingkang amawi prakawis miwah kang nyuwun adil sagung ingkang para padu, sampunna ing punggawa, inggih kang tuwan pasrahi, sru ngandika sira Sang Prabu ing Cinna.
  99. Yén bésuk néng pangayunnan papariksanning Hyang Widdhi, mongsa kenna asasambat prasédhé punggawa mami, nora liwat wak mami, papariksanning Hyang Luhur, barang solahing wadya, kabéh kang ingsun ratonni, nora nana jer mung ngingsun kawajibban,
  100. Pariksa sadinna-dinna, suker gampangngé wadyéki, apa kang dadi santosa, suka rênnaning wdya lit sayekti ngong lakonni, ingkang dadi sabab iku, kéndel sagung nayaka, Sang Natha ngandika malih, éh nayaka pirsakna timballanning wang.
  101. Karnanningsun tan miyarsa, netra ngong misih udanni, dadi yénnana prakara, kabéh tulissan sami, sarta dérahen sami, kalawan ibarattipun witting dadi prakara, ka[124]turra ing ngarsa mami, tur sandika sagung nayaka pradata.
  102. Wus kasebut kawigdan wicaksana tur bérbudi, pragya sanniskaréng praja, gung maklum martannira dil turra sih maring dasih, Sang Prabu Cinna pinunjulh sagung para raja, ingkang sawarsa ngluwihi, ngulattan Imam Bukari kitabnya,
  103. Myang kaluhurranning ngaprang, sayekti Imam Bukari, kang pratistha wus agubah, miwah mulyanning para Ji, mungguh maring Hyang Widdhi, Mukamad sampun sinnebut sagungnging pra pandhitha,  tetepping Imam Bukari, kang ngakarya mamannissing ngulah praja.

 

BERSAMBUNG Pupuh XIII Dhandhanggula