Anyariyosaken dhateng lampahipun
Kaki Bandhang
Saka putranipun sakawan
Ngantos dumugi jumenengingngipun pandhitha ing nagari
SARUNG BRANA
Kadamel dening tuwan :
ADRIYAN BÉRNER DHISKARLI
Kaecap dening tuwan
GHA : SÉ : TÉ PANDHORÊP DANKO
Ing nagari Samawis
1870
Kasalin saking aksara Jawa
Ing aksara latin dening :
Mas Kumitir
Sidoarjo, 6 Agustus 2017
ѺѺѺ
- Ana wong Jawa critané, Pak Bandhang iku jenengé, anak papat lan rabiné, angumpul jero omahé.
- Bocah papat jenengira, Siman Sidin, Simin, Sarya, tan ana liya gawenya, ing ngomah sadina-dina.
- Kocappa sira Ki Bandhang, ora mlarad déning nguwang, karyanira adedagang, sakarêppé katutugan.
- Bumi kanan kéri, sugih kebo wedhus sapi, lumbung kebah isi pari, Amal tetel jroning pethi.
- Bocah papat karom mau, sinuprih padha maguru, sinangngonan nyéwu-nyewu, pinisah lawan kang ibu.
- Bocah papat padha pamit, sami bingah déning dhuwit, mung Ati kadya jiniwit,kang rama weling nyarêmit.
- Padha menyang tengah sawah, gawétenger jroning lemah, ing kono bakallé pisah, dhuwit mau gawé
- Siman mangulon parané, Sidin mangétan jujuggé, Simin ngidul lumakune, Sarya bener ngalor baé.
- Kocap Siman kang cinatur, mangulon kalantur lantur, mandheg ngaso sandhing sumur, pinuju ing wayah luhur.
- Ngéling éling dhuwitésewu, kang ginanjar dadi sangu, apa kang bakal tinuku, tanggung temen ameguru.
- Kapanggih lawan wong sila, tinakonan jenengira, datan gelem nahurana.
- Nini iku tan gegawa, amung gendul ngasta kiwa, jaba irêng warnanira, ing jro gendul isi tomba.
- Nini mau naurri, kowéiku bocah ngendi, tanpa réwang awak siji, tega temen ing bilahi.
- Lan sapa aran jenengmu, ing ngendi bapa biyungmu, apa dénélelungguhmu, menyang ngendi ing sejamu.
- Aku iki bocah tugu, Si Siman iku jenengku, dénébiyung lan bapakku, loro pisan padha mampu.
- Nanging aku arêp takon, sining gendul arêp tumon, tomba apa satemené, lan apa dadi gawéné.
- Nini manéanaurri, gendul iki weton bumi, turunan ing gunung candhi, tomba gedhé kang kaisi.
- Sarupanélara gedhé, kang wus kari mati baé, tan ana liya tambané, mung iki kang marékaké.
- Tomba dudu dedolanan, iki tomba temenanan, ora ketung wong palastra, yen lagik lakon sadina.
- Siman kagét amiyarsa, dénétomba iki guna, ingsun tuku yén kenaha, méndah bungahé
- Umatur marang Si Nini, satemenéingsuniki, arêp tuku gendul nguni, kang weton saka ing bumi.
- Ora kétung rêga séwu, yén awéh pesthi sun tuku, bok menawa nulung ingsun, lelakuku dadi dhukun.
- Muga Nini ngleganana, penganyangku kang semaba, bokmenawa ana beja, ing buri sun ganjar sira.
- Iya becik yén mangkene, aku gelem nglilakaké, gendul isi tomba gedhé, dhuwit séwu leliruné.
- Gendul sigra dén lungngaké, Si Siman bungah atiné, sarta lajeng dén pasarhké, séwu rupiyah cacahé.
- Si Siman wus anampani, gendul saka asta Nini, wau lajeng nyuwun pamit, wus genah étungnging dhuwit.
- Bablas baélelakuné, menyang sawah tetengerré, kang jinanji ing mauné, awit pasah golek gawé.
- Samona tan kinocappa, wus amulih éneng griya, gawa gendul isi tomba, ngenteni sadulur tiga.
— ѺѺѺ —
- Yata genti cinarita, SiSidin wau kocapa, kang mangnntan paranira, nyabrang kali jroning wana.
- Nasak alas nebak glagak, urip mati tinékatké, datan mangan datan ngombé.
- Satemenéarêp mutih, sarta ngelakoni ngelih, bokmanawa oleh wisik, sangking Hyang kang mobah musih.
- Dangu-dangu anéngngriku, sampun angsal pitung dalu, kocap ana swara krungu, wong tuwa banéné
- Kumarasak ing lakuné, nrajang glagah bener baé, nunggang manuk kang agedhé, gawa bondha néng gegeré.
- Kapapak wong tuwa sigra, Si Sidin atakon nulya, sira iku wong apa, nunggang manuk kang arosa.
- Apa sira iku sétan, ana ngalas tan gegaman, nunggang manuk kekebatan, nora mlaku ing dedalan.
- Kaki mau anauri, sabab mlaku nengngen nggiri, murih adol manuk iki, kang dok sawang sun tunggangngi.
- Karo dénéiki manuk, wus sawindhu ingsun wuruk, dhasar bagus nora busuk, Si Sidin gumuyu guguk.
- Gumun Sidin sarêng deleng, manuk gedhékang pinandeng, ing batin banget léseneng, gédhék-gédhék gerêng-gerêng.
- Nulya takon ing rêgané, ing manuk sinadé, wong tuwa nauri agé, séwu rupiyah sun culaké.
- Si Sidin pan lajeng ngétung, rupyah séwu tinggalundhung, kanthong loro padha suwung, nunggang manuk asemmamprung.
- Si Sidin mau mandhuwur, manuk-manuk ingkang mabur, ing batin awake lebur, naming bungah saya galur.
- Pujinémuga tutuga, ing ngomah katemu bapa, méndah bapa bungahira, weruh manuk gawa guna.
- Datan cinatur ing marga, wus mulih metu nagara, temu biyung lawan bapa, abungah anakké
- Kocap pawong tuwa mau, kang nampani dhuwitséwu, bungahé kaliwat-liwat, ateka oléh mukjijat.
- Metudalan amangidul, kanthongngira wus pinanggul, lakunéamengkal mekul, tansah rikat kaya drigul.
- Katemu lawan rabiné, dhuwitira pinasrahké, wong loro bangnget bungahé, ana beja teka dhéwé.
— ѺѺѺ —
- Wau malih kacarita, kocap Simin alelana, prapta ngidul jujukira, arêp murih oléh beja.
- Ngisor ringin wit pinggir sendhang, néngkono angathang-ngathang, ngéling-ngéling duwit séwu, ing kanthong kinandhut mau.
- Éca turon rêngeng rêngeng, wau ngrungu swara gerêng, pinggir sendhang ing prenahé, mila kagét namataké.
- Begogok angucek-ucek, tangan sikil andherêdhek, nyona macan kang ateka, angelih golék mongsa.
- Ménga méngo ngawasaké, néngkono ilang atiné, ora nyana guwa gedhé, anggerêng énéng sendhangé.
- Guwa peteng kang akaton, mangkono rinubung tawon, SiSimin marani alon, jroning guwa kang tinonton.
- Dhepépéléngna uwit etal, tanana ingkang katingal, guwa tanpa wong satunggal, Si Simin ngupaya inggal.
- Guwa sapa kang agawé, kang sun tonton anéng kéné, dénépeteng sepi baé, tan ana uwong banene.
- Wau Si Simin kang néng ngriku, nora suwéamalebu, amimikir jroning kalbu, apa kang bakal katemu.
- Sigra bablas malebuné, kudu weruh ing watesé, apa dénésaisiné, aja tanggung ing gegawé.
- Awakkira tinikatké, mati urip wus bejané, sukur bagéoléh gawé, nemu beja kang agedhé.
- Bokmanawa guwa iki, isinéraja brana di, nora wurung anyugihi, sakéh amal amriyayi.
- Éca mikir jroning ngati, wau kapethuk wong Nini, rai pucet ngrasa mati, kanthongngira ing gré
- Awakkira andharoddhog, wis pinethi ing patiné, neng guwa dadi mangkéné. ѺѺѺ
- Nini wau atetakon, kowe sapa ingkang kongkon, wani ngambah ing kadhaton, mlebu guwa alon-alon.
- Simin anauri inggal, jroning ati nemu akal, mila kula atumingngal, ngucali barang satunggal.
- Nini malih anakoni, sira iku prenah ngendi, barang apa kang kok puji, yén bisa ingsun tulungngi.
- Yektosipun kula wau, tinundhung dening si ibu, sinangngonan yatra séwu, dén purih bisa maguru.
- Iya becik yén mangkono, sun tulungi sira mengko, iki ujut layang loro, samu barang ana kono.
- Éwa dénébarang iku, lironana dhuwit séwu, aja getun adedulu, kang mesthi dadi bejamu.
- Pikirên dhisik kang padhang, layang loro padha terang, aja getun asok uwang, samukabar agumuntang.
- Sarta ngendi nalara, pasthi bakal weruh sira, maca layang loro padha, kang gelakéjagat omba.
- Siman unjal ambegané, dénéiki guna gedhé, ngendi kabar weruh dhéwé, tan ana manah susahé.
- Iya becik sun dhuwiti, kanthong gedhéngasta kiri, sigra dén ulungkén Nini, kang gumujeng anampani.
- Simin wau pamit nulya, wus pinanggul layangngira, kocapa ing jaban guwa, lajeng mantuk suka-suka.
- Jingklak-jingklak jejogétan, nasak alas jujug ratan, pethenthengngan kaya sétan, awit suka ora mangan.
- Lelakunéginawéyang, lébéhané asor demang, sikili raje papangngan, nora wedi ing larangngan.
- Nora kinocap ing marga, Si Simin wus dumugi griya, bapa biyung suka-suka, bocah telu oléh guna.
- Kocap Nini kang néng guwa, dhuwit séwu wus atompa, nulya manthuk griyanira, tan sinipa bungngahira.
— ѺѺѺ —
- Séjémaneh caritané, bocah sarya lelakuné, ngalor iku ngener baé, tan ana siji réwangngé.
- Liwat marga kang asepi, jujugira gunung wedhi, metu alas kebak eri, ora mikir ing bilahi.
- Alas kono kang wus klakon, bebégal lan sagon-sagon, sigra wong loro kang katon, kang nyedhak Sariya alon.
- Sarya bacut ing lakuné, wong loro padha ngiringké, ana marga tan liyané, amung mikir pabégalé.
- Jejawilan ing kancané, mungguh kang dadi akalé, ambégal ana ing kéné, sarta murih ing amalé.
- Adhi wus menenga baé, sun papaknéuwong kiyé, pedhang keris sun ligané, kang mesthi inggal telukké.
- Wong begal nututi sigra, dén purih nyekel Sariya, pedhang larak ngasta kiwa, kang tengen ngliga curiga.
- Kagyat sarya sarê nolih, ngrasa binégal wong kalih, wau sambat ajejelih, nora kelar asuh linggih.
- Tinakonan bégak wau, sapa kowéing jenengmu, ulungna mréné barangmu, ja nganti pedhangku kali.
- Sarêng sarya ngrasa dhéwé, tanpa gaman énéng kéné, segra dhuwit dén ulungké, mung nyuwun pangnguripané.
- Atinétan waget adhem, pikiré kadi wus kerêm, seméndhéna ing ngisor asem, kang bégal atiné
- Suwé-suwéwus anemu, akal sangking jroning kalbu, karsa males begal wau, kang anyiksa ing badanku.
- Inggal sarya anauri, ingsun iki kok pléciti, kapriyébésuk ing tembé, yén tan bisa ngaturaké.
- Saban ingsuniki abdi, dén utus maring déwa ji, kinén numbas kébo sapi, lawan asok pajeg bumi.
- Wong loro sami nepsuné, iku aku badhokaké, dénén kowémetukéné, wus weruh larangan gedhé.
- Apa kowétéga pati, kok purih aku nelasi, lawan pedhang landhep iki, mesyat turum soka kaki.
- Sangnget gén kula narimah, dénékula boten pejah, naming kula nuwun tenger, yén kula kabégal bener.
- Asta kula katigasa, dén purih dados pratondha, ampun ngantos dados duka, gén kula ngaturken bondha.
- Wit jati ngajeng punika, ingkang rêbah tengah wana, damel gabjel asta kula, pinedhangna ingkang rosa.
- Wau wong kalih nauri, dénétegek wong puniki, dhuwité sawu téga pati, angelong tangan sawiji.
- Wau wong kalih nyaguhi, ngliga pedhang kang amandi, tinamakken asta kiri, kang tinumpangkén ing jati.
- Pedhang sinabetken nulya, astanétinarik sigra, kang pedhang ambles ing jati, sinendhanl sendhal tan kwawi.
- Sarya inggal amarani, anyandhak pedhang mandi, tinarik sarta begagah, si pedhang angantos klumuh.
- Cinekel pedhangngégedhé, wong loro dén amuk agé, pinaténan saréwangé, pinendhet malih dhuwité.
- Tujunéora amati, malah bathi pedhang siji, lawan keris ingkang mandi, sarya inggal nurut margi.
- Lakunétinutukaké, menyang gunung wedhi kaé, dén purih dadi bejané, mila mlampah agé-agé.
- Éca tindak kloyong-kloyong, lengnger-lengngel amalompong, wau kang suku kajeglong, ing gunung sajroning rong.
- Tinarik sikil kang siji, sinuprih bisa atangi, nanging saya ambles bumi, tan katon awak lan rai.
- Lowok wau kang néng kono, wus séwy taun samengko, dénéjeroné rong iki, tan kena tinukur jalmi.
- Mila sarya babar pisan, klebu kono katiwasan, ana dalan kabégalan, néng kénékajégal sé
- Katula-tula lakuné, mawu binegal dhuwité, saiki kaya mengkéné, baya kéri mati baé. ѺѺѺ
- Kalengnger wus kaya mati, jepapang ngisoring bumi, dhuwit séwu kanan kéri, sami mawut carub siti.
- Kocapa kang ngreksa kono, aranira jim sithoklo, mila inggal amarani, ngucali kang dhawah siti.
- Kagyat thoklo amiyarsa, dénéiki wong ber désa, gawa amal pira-pira, dén purih ginawé
- Si thoklo banget welasé, mring Sariya ing ngajengngé, jin nujung tangan sikilé, tinumpangkén ing pangkuné.
- Dén grayang saryw wus mati, rêmuk karêbah ana siti, inggal thoklo ngrogoh jampi, kang néng cupu ngasta kiri.
- Wau lajeng tinambanan, ing sikil dumugi tangngan, saekal ababar pisan, mila sarya guragapan.
- Kocapa sarya kang pinangku, kagyét sarêng andedulu, ngéling-éling dhuwit séwu, kang mawut tibané
- Amamikir jroning ngati, aku iki anéng ngendi, apa aku uwus mati, dénépinendhem ing bumi.
- Rumasanétangi turu, untu kancing kadya bisu, ajrih uwong kang amangku, manawa mungsuhé
- Jim si thoklo anuturi, aja sira wedi-wedi, aku iki kang nambani, awakmu kang bakal mati.
- Ayo gage gék tangiya, mengko sun takoni sira, lelakumu golék apa, anggagawa sakéh bondha.
- Anauri si Sariya, temenéaku cilaka, wus bin sariyagal dalan kana, ora wurung ambles tela.
- Saiki apa karêpmu, wus mawut dhuwitku séwu, murungakéamaguru, mulih ngomah kaya asu.
- Mindah bapa lédukani, bondha ilang katon bali, jim si thoklo anahuri, aku wongngé kang nulungngi.
- Dhadhung iki sun udhar, jenengngétambang kamtular, aja kowé duwé samar, iki sira ingsun ganjar.
- Karo dénétali mau, iku medéni satuhu, ora weruha kang lara, mengko tali dadi guna.
- Yén arêp weruh gunané, udharên bongkot pucukké, talénana ing ngastané, mring kang sakit sasuwéné.\
- Dénésira yén tan kena, weruh marang ingkang lara, tur konca dhéwé bab susahé, sarta madhangké
- Iku sira ngati-ati, bongkot dhadhung ngasta kiri, nyebut tatambang kamtular, jeneng iku dadi ujar.
- Ana jim mengko wus masthi, kang jebol songka ing tali, nyadhong dhawuh mendhak dheku, mring kang ngasta tambang mau.
- Masthi sira dén ujari, sakitira kaweruhi, mring kang mombong tambang ili, kwasanékapati-pati.
- Jenengngira jim si Pupon, wus ajulik tur rakaton, si Sariya ngupaya alon, saumurku durung tumon.
- Banget bungahéing ngati, sabab ana kang dén puji, ora mikir bondhonéki, kenceng banget mring sitali.
- Mendah suwuréwong tugu, yén aku jinujung guru, ora wurung kanggep ratu, sinembah sembahwong sé
- Karo jeneng ratu dhemit, kanan keri sugih dhuwit, tan ana wani cumuwit, padha wedi yén sunthathit.
- Wau Sarya angraritih, mring thoklo si nandhing linggih, tambang tali kang dén purih, iku dadékké
- Umatur terus ing ngati, satemenéingsuniki, nyuwun jimat kang jinanji, kang wastha tambang tali.
- Jim si toklo anauri, iya becik sun wénéhi, janjiku tambang sitali, jimat turun songka kaki.
- Mung aku duwépanjaluk, prelu bangnget tur sadumuk, yén gelema sira iku, ngakonana yén anakku.
- Lamun sira bésuk susah, ing paprangan banget wegah, nyebuta kaki pratanah, sarta gegedruga lemah.
- Mesthi ingsun banjur muncul, songka bumi kang gemadul, nadyan mungsuh ngalor ngidul, ingsun sebul masthi kabul.
- Sarta ingsun duwéupas, ing musthaka jroning ngendhas, iku kena ingsun lepas, mring musuh sinuprih tiwas.
- Wau Sarya anyanggupi, barang panjalukkékaki, sigra tambang dén ulungké, mring si sarya ing ngastané.
- Nuli inggal nuwun pamit, atinékaya jiniwit, tanyona dadi mangkéné, yén dinulu ing susahé.
- Inggal Sarya dénateraké, si kaki anéng buriné, jebol bumi metu nglatar, mila Sarya banjur bigar.
- Mendhek dheku pamit nuli, anyaoskén sembah bukti, ing bapaknératu bumi, kang lajeng tinilar nuli.
- Sinigek wau lampahnya, si Sarya samarga-marga, wus dumugi tengah wana, kemutan cilakanira.
- Nanging sarêng grayang tali, keslamur émuting ngati, rêngngeng-rêngngeng turut margi, wus kaliwat gunung wedhi.
- Wau ing telung dinané, wus tumeka ing ngomahé, jujug sawah tetengngeré, sadulur papat klumpukké.
- Sami padha tinakonan, apa kang dadi kebegjan, apa manéh kaslametan, wau sami sila mapan.
- Si Siman nuli carita, apa kang dadi bejanya, mila lajeng matur sigra, lawan sadulur tatiga.
- Lah padha delengngen iki, rupanégendul sawiji, gunané kepati-pati, sabab bingén wus nglabeti.
- Ing jero isinétomba, pinesthi marang wong lara, tan ana ing ngalam dunya, tomba kang mamadha ika.
- Barang jalma yén sun grayang, nadyan klengnger bisa padhang, yén tan nganti ngumbéiki, wus masthi waras tumuli.
- Yén arêp weruh rêgané, dhuwit séwu bingén kaé, barang sekti kéh gawéné, mongsa nganti nunakaké.
- Lah kakang apa gawamu, gon mulangnga amaguru, ingsun niki arêp weruh, apa kang dadi tumuwuh.
- Sidin lajeng anauhuri, satemenéaku iki, gawa manuk mung siji, kang sun tuntun énéng buri.
- Yén arêp weruh sektiné, manukiki kang agedhé, bisa gawa wong salawé, rosa tan ana samané.
- Lepas banget iberira, sarta ngambah jumantara, nagri ngandi kinarsakna, ing sajam amasthi teka.
- Gonku tuku uga séwu, wijil gunung maha meru, saiba-iba bejaku, kagugung pari polahku.
- Lar Sarya apa gawamu, kaya kebotan pasungu, dénédhelek-dhelek baé, kaya kélangan bandhané.
- Sabeneréaku iki, dhelek-dhelek ngrasa mati, kaping pindho cilakaku, tayona manéh katemu.
- Naming aku gawa bondha, gunung wedhi sangkanira, ujut réméh tur prawira, sapa nyona yén mangkana.
- Jenengngétambang kamtular, kaya inten pating glebyar, séwu dhepa yén sun udhar, jenengiku dadi ujar.
- Gawénéngéram-mérami, ambek sekti ing pribadi, lamun ana wong lelara, ingsun masthi weruh sigra.
- Nadyan ora weruh pisan, ana laran ing daleman, tali iki dadi gawé, dén gubetna ing ngasthané.
- Mesthi aku nuli weruh, sabab wus katiban dhawuh, sangking Hyang kang taluruh, jebol tali atumuwuh.
- Wau ta sadulur tiga, lenger-lenger nglaras pada, dénétali iku kuna, sayekti akéh gawé
- Jaka telu padha mlompong, si Sarya angrogoh kanthong, talinékaton gumalong, pating glebyar kaya barong.
- Sami éram sadulur tiga, ana teka luwih guna, kaya apa bésuk tembé, yén nganti dadi gawéné.
- Wau genti cinaita, si Simin ingkang pendhawa, kitap angasta kiwa, ngulesan bindhé
- Telu padhamanju samya, si Simin gelar kitapnya, tinumpangken pangkonira, nuli lajeng acarita.
- Lah iki padha delengen, kang sun asta tangan tengen, setinékaliwat-liwat, ing kéné lan jaman ké
- Karosa rumaning kabar, jroning kitap wus kagelar, ana dénégégér ngendi, pan masthi aku meruhi.
- Jagat lagit nagri ing grisa, tumekanédhongka éblis, nadyan dhelik bumi lapis, kabéh iku wus tinulis.
- Wau ta sadulur tiga, kang ngadhep sandhing kitapnya, sami éram atetanya, alah gelar kayeté
- Adhi wacanen kitapmu, kabar ngendi ingkang prelu, karo ngendi gégér gedhé, mengko padha nyambut gawé.
- Simin wau lajeng mempeng, maca kitap amandheleng, wau dugi mangsi cemeng, maca alon rêngeng-rêngeng.
- Lah iki padha rungngokna, ing nagara Sarung Brana, ingkang jumeneng raja, banget susah galihira.
- Putranira kang sawiji, jenengngéPurnamasidi, lara banget bakal mati, yén tan ana kang nulungngi.
- Lah Sarung Brana rathuné, wus metu dadi ujaré, sapa yogamarékaké, kapundhut dadi mantuné.
- Naming sapa kang nyanggupi, oléh inah pitung bengi, sinuprih bisa amutih, sarta ngelakoni ngelih.
- Dénéing pitung bengnginé, raja putri tan marine, aja ana molak-malik, masthi sikil mlaku dhisik.
- Ginantung sira wus masthi, tan kena dén apurani, sabab iku pasang giri, wus kundhang ing wong sanagri.
- Sadulur tiga kocapa, sami padha gunem rasa, apa kang dadi akalnya, dén suprih bisa amrona.
- Gampang baépratikelé, sektén padha duwé dhéwé, manuk gedhé iku baé, dén tungangngi ing gigirré.
- Masthi kuwat manuk iki, wus adatéénéng ngredi, dén momoti séwu kati, mandhak nuwuh tinunggangngi.
- Sarta lepas ing lakuné, mongsa nganti dadi gawé, Sarung Brana cedhak baé, ora nganti sepasaré.
- Ayo padha rinasakna, kapriyédadi énaknya, aja mikir awak inya, bab manut ombaking konca.
- Aja suwépadha mikir, koya bocah weton kapir, bocah tugu wus watakké, babanteran rêrêmbugé.
- Byar wus putus rêmbugikira, nuli sami tata-tata, kitap tambang gendulira, wus primpen kepék sadaya.
- Wahu lajeng sami numpak, si manuk anganggo tesmak, jaka papat padha ngamplok, ana geger kaya kadhok.
- Manuk dedel jumantara, lakunéamoring méga, kebatira kaya bledhék, swara kepék pating klothé
- Sakéh nagri padha katon, mila sami padha nonton, saumurédurung tumon, mila manuk laku alon.
- Wus katingngal soka prambé, nagri gedhéngrejakaké, apa déné kedhatoné, bagus tan ana samané.
- Wahusami ngéling-éling, kagyet katon bono keling, lajeng ta sami amawas, kedhaton kang kadya emas.
- Apa dénéomah réméh, pinroda jabané kabéh, ambek anom tur prawira, bono keling ratonira.
- Antara ing telung dina, dumugi ing Sarung Brana, nuli manuk tinuturi, kinén mandheg tengngah nagri.
- Cemlorot manuk samberé, kadya méga tiba dhéwé, wau wong ing dalem nagri, sami kagyét aningngali.
- Jujugkira ngringngin kurung, sakéhing wong padha ngrubung, miwah dhukun ingkang bingung, pating kloyong kaya lutung.
- Ana teka gawa kembang, tanapi wong awéh uwang, cah papat bungah atiné, oléh bondha pating sarwé.
- Tan ana dhukunyaguhi, marga wedi pasanggiri, yén putri tan bisa mari, amasthi ginantung mati.
- Bendhémuni ngalor-ngidul, wong sanagri pating brubul, padha nonton manuk gedhé, songka méga tumekané.
- Séjégenti cinarita, kang anom jejuluk natha, iya Prabu Sarung Brana, kang susah penggalihira.
- Ngéling-éling raja putri, putranékasih sawiji, banget lara ing saiki, panesthékké bakal mati.
- Natha miyos tamanané, amarga banget susahé, sinuprih nglipur manahé, nglalékna emutané.
- Éca miling-miling blumbang, aningali wader abang, kang obah gilang gumilang, byaring sisik kadya lintang.
- Ing ngriku alelenggahan, gugup lajeng sinowanan, gandhék kalih arênggosan, kang amatur babarêngan.
- Kagyét sang natha andulu, eong iki amasthi prelu, sang natha nulya ngandika, ana apa jroning pura.
- Wong kalih nembah aturé, abdinta ngawuningngakké, ing jawi wonten lelaré, sami jarot ing rupiné.
- Dhatengngira numpak peksi, ageng tan wontenyaméni, ujarira dhukun gedhé, miwah sagah mantunaké.
- Menggah putra dalem pejah, gesangngaken boten wagah, aturira sami genah, naming sami sawek sayah.
- Proyogi dipun timbali, praptaa ing ngarsa aji, tinanggapa aturipun, temenira dados dhukun.
- Sang Prabu lajeng ngandika, gelis padha timbalona, panakawan loro padha, kinén angirit lakunya.
- Panakawan wus kapethuk, bocah papat lengnguk-lengnguk, lagya ana jimaté, kang pinesthi dadi gawé.
- Bocah papat kadhawuhan, nuli sami padha dandan, sanalika padha rampung, nulya mlampah runtung-runtung.
- Datan kinocap ing margi, wus prapta ing dalem puri, tinakonan ing Sang Prabu, dhukun apa sira iku.
- Sami nembah aturira, mila sami sowan natha, abdita dhukun sadaya, punika tan mawi dora.
- Ajrih sangnget ing Sang Natha, margi notohaken nyawa, naming mugi kayektosna, supados dados pratondha.
- Sang natha lajeng nauri, yén ta temen bisa mari, masthi sira mantu mami, sarta mrajani ing nagri.
- Naming putri ing saiki, tan kena tinonton jalmi, yén sira dhukun sanyata, badhénen apa kang lara.
- Kocapa ingkang sami nonton, kebak jejel kadya tawon, miwah dhukun ingkang kabul, pating jronggol kaya kuntul.
- Wau sarya gugup ngudhar, jimatétambang kamtular, bongkot pucukcinekeli, nulya maju mring Sang Ngaji.
- Mendhak mendhak matur sigra, punika jimatan kula, yén boten dados duka, mugi punika pucuk kaastaha.
- Sang natha nuli nuruti, karêpéSariya iki, cinadhak ing ngasta kiri, jimaté tambang sitali.
- Sariya gadhah panuwun, ampun Gusthi ngantos gumun, tambang ingkang Gusthi asta, gubetna putri astanya.
- Ulun masthi saged badhé, putra Gusthi ing sakité, miwah waged nerangngaké, ingkang adados sababé.
- Sang natha sigra nuruti, ngasta jimat tambang tali, datan gelem pinercaya, dénétali duwé
- Wau Sang natha nimbali, para bedhaya sawiji, cinekelan tambang tali, kang dén asta ing Sang Ngaji.
- Sang natha medal ing jawi, arsa weruh akal iki, mila lenggah ngawasaké, mring si Sarya kang ambadhé.
- Si Sarya bangngetésamar, mila nyebut ing kamtular, wau kagyét jim si Pupon, kang néngkono anggedhaton.
- Sarêng sinebut aranya, wau dhodhok mara sigra, naming tan ana weruha, mung sawiji Sarya ika.
- Jim Si Pupon wruh gawéné, mila ing gal nerangngaké, si tali tambang kamtular, cinekelan ing wong lanjar.
- Kagét Sarya angarungu, apa dora Sang Ngaprabu, si Pupon nauri seru, sira ngandela ujarku.
- Sarya matur ing Sang Ngaji, margi déning tambang tali, pasthi cinencaken abdi, para bedhaya sawiji.
- Sang Natha éram aturnya, dénéwong iki aguna, ngalahken marang pandhitha, Sang Natha angucan dhadha.
- Iya becik yén wus terang, sun léhétali sitambang, wau kocapa Sang Ngaji, lajeng blebet ing jro puri.
- Tambang nulya dén gubetaké, raja putri ing ngastané, wau ta lajeng tinilar, Sang Natha jumeneng nglatar.
- Jim si Pupon metu dhéwé, misik Sarya agé-agé, miwah malih nerangngaké, apa kang dadi sakité.
- Sang Natha lajeng ngandika, Sarya aja kongsi cidra, yén putri ta bisa mari, masthi sira mantu mami.
- Sarya nembah aturira, temenipun putra natha, sakitipun kénging guna, rathu sétan kang nyikara.
- Rathu sétan karan wau, apeputra larébisu, ngedhaton ing rêdhi lawu, sekti medéni satuhu.
- Ambek julik tur prawira, tan wonten ingkang nyenyoma, ratu wruh durung winarah, naming dalem boten wegah.
- Abdi dalem boten gumun, sabab masthi saged mantun, naming dalem kalilanan, mriksani ing sakitira.
- Sang Natha amasrahaké, putranipun ing ngastané, mandhak Sarya dén lilani, amondhok ing dalem puri.
- Bocah papat padha nata, jimatanéingkang guna, nulya Sarya mlaku ngarsa, kang tiga ngiring wurinya.
- Sarêng dugi ing jro puri, Sarya klawan ingkang rayi, katuntun déning Sang Ngaji, lumebet ing kamar putri.
- Sami éram aningngali, gebyaring raja branadi, datan wonten ayaméni, rathu sugih kaya iki.
- Bocah papat jejagongngan, sami mikir ingkang terang, apa dénénutukaké, sapa kang gentén gawéné.
- Déréngngipun natha kundur, Sarya inggal gugup matur, Sang Natha kayét ngulatké. ѺѺѺ
- Yén boten dadosna duka, sadaya kaprintahan, abdinta éstri jalera, linarangngan mlebet pura.
- Patih lajeng tinimbalan, gugup dhateng gurawalan, wau lajeng aprintahké, Si Sarya ing karêpané.
- Sang Natha jengkar akundur, susahipun wus kaslamur, wau ta kocapa dhukun, papat sami padha rukun.\
- Nuli Sarya masrahaké, mring Si Siman ing marine, iku duwétomba gedhé, kang isi ing jro gendulé.
- Siman lajeng anyelaki, pasaréhanéSang putri, sarwi ngincupkén astané, Sang putri angulataké.
- Gumun Siman aningali, sakitipun Raja putri, kantun kulit lawan balung, tumeka atiné
- Wau Siman pangraita, dénéwong kaya mengkana, apa ta bisa mariya, yén ngumbé tomba aguna.
- Yén andulu ujar Nini, kaya-kaya bisa mari, aja tumeka wong lara, mati bisa mari uga.
- Nembah dhukun aturané, abdi dalem mantunaké, sakitipun Gusti kula, ampun ta kalontra-lontra.
- Siman wau angarimuk, dén suprih darsa angunjuk, tomba gedhéing gendulé, kang ngéramké panggawéné.
- Rapa putri anuruti, ngunjuk tomba ingkang adi, wau ta ing telung jamé, angarasa salirané.
- Rumongsa yén bisa mari, sakitipun kang girisi, ing ngriki tan wonten dhukun, kang nambani bisa mantun.
- Saekal angrasa ngelih, animbali éstri kalih, kang caos ing rinten dalu, ing ngandhap saréyang wau.
- Wong kalih gugupnyelaki, saréhanéRaja putri, kadhawahan kalih sami, kinén nimbali Sang Ngaji.
- Naming sami dén pinengnging, déning Siman kang sumandhing, margi ajrih yén kagyéta, saya banget ing lelara.
- Siman wau nangletaké, punapa dados karsané, Sang putri inggal nauri, ngrasa perih jroning ngati.
- Siman lajeng ngrogoh kasang, amendhet salering gedhang, cinaosken Raja putri, ingkang gugup anampani.
- Nulya kadhahar tumuli, gedhang ingkang langkung legi, saekal rumongsa mari, arsa medal jaban puri.
- Malah badhédedolanan, arsa menyang patamanan, naming linarang Si Siman, marga lara kang dén é
- Kocapa séjédinané, ing kaputrén panjujugé, arsa nemoni putrané.
- Kagyét Sang Natha mriksani, pesaréyanéSang ngaputri, kayata ora alora, guling kalih kanan kiwa.
- Cahyanémamelas banget, kaya lintang barêng séket, pangebyaring énéng nglangit, Sang Natha kadya jiniwit.
- Tan betah suwéngadhepi, trisnané kepati-pati, lajeng rinangkul sang dé
- Kocapa limang dinané, wus pulih kaya mauné, tan sawiji kaciwané, Sang putri mundhak ayuné.
- Sang Natha suka tan sipi, ora nyana bisa mari, miwah wong ing dalem nagri, kalilanan amriksani.
- Kebak jejel ing kedhaton, déning wong kang padha nonton, sakéhing dhukun kang kabul, sami jrunthul ngalor ngidul.
- Sang Natha printah susuka, winangngenan pitung dina, kedhatonku lawan jaba, samya bingngah wong nagara.
- Wau ta ing pitung dinané, samya bubar susukané, Sang Natha asiniwaka, bocah papat padha sé
- Sang Natha rubet galihé, kapriyékaputusané, sarta sapa kang wajibé, kang mungguh dadi mantuné.
- Sang Natha amasrahaké, lawan Sarya tuwa dhéwé, apa kang dadi énaké, kinén ngrembuk ing adiné.
- Umatur sami amésem, Si Sarya atinéayem, amung abdi dalem kula, kang wajib mantuning Natha.
- Sang Natha wau nauri, aturéSi Sariya iki, aku uga anglilani, yén adhimu anglegani.
- Saéstu nglegani sami, margi dalem kang ngwajibi, déning sektinipun tali, waged mantunaken putri.
- Si Simin nuli macucu, kapriyéaturmu iku, apa putri bisa mari, yén tan ana tomba mami.
- Apa aku tanpa guna, kang nambani saben dina, Si Sidin nauri sigra, tanpa manuk kaya apa.
- Apa kowébisa mréné, yén aku tan nambangngaké, lawan manuk kang agedhé, séwu rupyah ing rêgané.
- Iya becik bocah telu, ngunggulakéing ngawakmu, lamun ana kitap gedhé, apa krungu kabar kiyé.
- Sapa krungu angin-angin, anjaba songka Si Simin, aku wajib satemené, sabab weruh sadurungngé.
- Bocah papat garêjegan, kudu arêp padha menang, suwémetu basa ala, mila pinengnging Sang Natha.
- Sang Natha gumuyu suka, asta kalih nangkep dhadha, apa dénéSang ayu putri, gumuyu sanget ningali.
- Sang natha nulya ngandika, aja padha dadi gatra, ingsun arêp takon sira, apa sira duwé
- Sabab ingsun nora bisa, ngrungokkérêmbug mangkana, wong tuwamu iku mesthi, kang bisa milih sawiji.
- Mula aja dadi ati, yén sira sun tundhung bali, matura wong tuwanéki, kinén séba ngarêp mami.
- Mengko iku bisa milih, marga kang nurunken getih, Si Sarya gugup nauri, lerês paduka Sang Ngaji.
- Bocah papat mit nuli, wau prapta jaban puri, lumancat manuk si beri, kang mumbul dhuwuring bumi.
- Kocap Sang Natha cinatur, wau ta jengkar akundur, tinayap para ing dalem puri.
- Kocapa kang sami matuk, sami padha numpak manuk, sekti tan kena kinira, mila ngambah jumantara.
- Kaya bledhék ing lakuné, wus dumugi soka prembé, nalika ing telung dina, sami anjok griyanira.
- Katemu ibu bapakné, bocah papat kéh omongngé, apa dénébab susahé, kaaturké ibu bapakné.
- Kang rama bungah atiné, inggal nata rêrangkepé, tan gelem ngenténi suwé, marga éling mesir kaé.
- Wau sami tata-tata, barang kang bakal ginawa, wus rampung sadaya iki, lajeng sami numpak peksi.
- Mumbuléamoring méga, si manuk banget akurda, nalika ing sadina, dumugi dalem nagara.
- Jujuk tengngahing kadhaton, si manuk clorotéalon, kocapa kang caos puri, samya kagyét aningngali.
- Barêng weruh yén Sariya, gugup dhadhak nembah sigra, marga pandhitaning natha, kang jejuluk guru putra.
- Wong caos dén ngandikani, kinén matur ing Sang Ngaji, ing saiki wus abali, dhukun papat wonten jawi.
- Wong caos umangkat sigra, nuli matur ing Sang Natha, ingkang sawek siniwaka, lajeng kagyét amiyarsa.
- Sang Natha gupuh nangleti, wong sowan kali sesami, apa ta ana preluné, dénégugup amaréné.
- Wong kalih nembah aturnya, mila sowan ngarsa natha, dhedhukun kang mantuk sami, sapunika wonten jawi.
- Sang Natha nulya ngandika, apa ta kanthi wong tuwa, wong kalih natur inggal.
- Kocapa wau Sang ngaji, kemutan ingkang jinanji, mila nimbali pawéstri, déniring medal ing jawi.
- Pinapak kalawan Sarya, miwah malih ingkang rama, umajeng ngarsaning natha, nyaosken sembahanira.\
- Sang Natha kéwedaa galih, margi bingngung ing pamilih, kaki bandhang kang tinolih, kang sawek atata linggih.
- Pangandikaning Sang Natha, kaki hya mongsa bodhowa, marga kowéjeneng bapa, iku wajib amranata.
- Umatur Ki Bandhang nuli, sarta nyembah ing Sang Ngaji, mugi dalem kalilanana, andangu laré
- Kaki iya sakarêpmu, ingsun manut ing ngujarmu, ala becik kang tinemu, marga wis dadi janjiku.
- Mugi Sang Natha nyerêpi, génipun dalem nangledi, nuli Sarya tuwa dhéwé, kinén majeng ing ngarsané.
- Dinangngu déning bapakné, apa kang dadi karêpé, apa dénépanggawéné, aku ingkang mutusaké.
- Bapa marga putri mari, déning jimat Thambang tali, bokmamanawa tanpa kiyé, sapa ingkang wruh larine.
- Jalma tan kena sawiji, kalila nyedhak Sang putri, kang iku wus dadi janji, sapa wruhmantuning Gusti.
- Saiki apa susahé, wus apadhang aku dhéwé, kang wajib dadi mantuné, marga weruh sadurungngé.
- Ki Bandhang anuri alon, meko sira ingsun takon, jimatan tambang tali, wijilésongka ing ngendi.
- Yén kowétakon si tali, jimat mijil gunung wedhi, gunané kepati-pati, séwu rupyah rêgané
- Iya becik rêmbuk iku, naming marga dhuwitésewu, oléhmu songka ing ngendi, lan sapa kang menhi.
- Bapa dhuwit bingnngén kaé, oléhku songka ing kowé, rikala ku lunga lelona, tumeka oléh ing bekja.
- Ki Bandhang umatur nuli, kulawan ingkang déwaji, Gusti mugi kasekséni, aturéSarya puniki.
- Yatra séwu sampun terang, marganpun sangking ingwang, mangkégampil pratikelé, miwah pranata kang saé.
- Sang Natha suka ningngali, aturéSi Bandhang kaki, lajeng wau kasekséni, rêmbuk kang nganéh-ngané
- Gumati Simin pangulu, dénawékinén amaju, tinakonan karêpira, apa kang dadi aturnya.
- Rungngokna dhisik ujarku, aja ta dadi atimu, tumekanégarêjegan, sabab aku wajib menang.
- Oléh kabar songka sapa, Siman Simin Si Sariya, lamun ana kitab ingsun, guna apa dadi dhukun.
- Ora weruh Sarung Brana, yén ana lelara ala, iya bener kang nambani, ming aku wajib dewé
- Dénépanjalukku ika, muga aku kakersakna, munggah mantuning Sang Natha, sabab aku janjé
- Aku arêp anyurupi, kitab iku songka ngendi, mengko Simin aku wongngé, kang mranata nalar kiyé.
- Dénékitap sebut mau, oléhku songka guru, leliruné dhuwit séwu, kang kokéhké dadi sangngu.
- Ki Bandhang nolih Sang Natha, umajeng wau ngarsanya, sarwi ngunjukken pariksa, kang rinembuk babing yatra.
- Iya kaki sun sekséni, kandhanéSi Simin iki, dhuwit séwu ing margané, tumekané songka kowé.
- Gumanti Sidin amaju, dén takoni dhuwit séwu, rikala sinangngokaké, apa kang dadi bejané.
- Dhuwit kang wus kok paringké, dak tukokkémanuk gedhé, bokmanawa tanpa kuwé, apa ana bisa mréné.
- Ing wusana aku iki, kang dhuwur dhéwékasekti, arêp ora oléh putri, apa lumrah adil iki.
- Masthi aku ora nrima, marga padha bisa teka, ing nagara Sarung Brana, déning manuk kang kuwasa.
- Lah bapa mangko bodhowa, aturku ingkang samana, Ki bandhang nauri sigra, aku ingkang amranata.
- Genti Siman wus pinanggil, iku ingkang anak ragil, tinakonan ing bapakné, dhuwit séwu bingngén kaé.
- Iki rama gendul siji, isinétomba kang adi, déné mungguh rêga mau, bingngén kaé dhuwit sé
- Aku ingkang mulasara, Raja putri ingkang lara, aja ana tomba kiyé, mesthi tiwas ing sapréné.
- SaréhnéPutri wus mari, aku nagih ing prajanji, muga bapa ngrampungana, panjalukku kang samana.
- Siman wus menengnga baé, aku bakal ngrampungngaké, dak matur dhisik Sang Natha, sabab iku kang kuwasa.
- Umatur Ki Bandhang sigra, lawan Prabu Sarung Brana, aturanéSi Sariya, apa déné bocah tiga.
- Saréhnésami ngaku, anampéni nyéwu-nyéwu, rêmbuk wau gampil mawon, Sang Natha nangngledi alon.
- Kaki apa ing karêpmu, énakkébakal katemu, apa déné salah siji, kang mungguh mantuning mami.
- Gusthi mugi kamirêngna, kang saéatur kawula, dalem nuwun pangngapura, Gusthi sampun ngantos duka.
- Saréhnésampun aterang, yatra wau sangking ing wang, kados ta wonten susahé, margi terang ing nalaré.
- Anjawi amung kawula, ka inggahna mantu natha, sabab ingkang gadhah bondha, kados kang dados aturnya.
- Ampuna dalem bandhani, yektos boten dumugi ngriki, napa malih dados dhukun, saéstu wandé
- Dénten Sidin Simin Siman, kang wajib minggah Pangngéran, napa dénten Si Sariya, Sénapathi ingngalaga.
- Dalem nrimah amandhitha, margi sepuh badan kula, Sang Natha nauri suka, iya becik yén mangkana.
- Puluh-puluh gék kepriyé, janjiningsun wus mangkéné, Sang Putri nrima abaé, sabab wus dadi bejané.
- Kocapa larésekawan, wus trima dadi Pangéran, Simin, Siman, Sidin Sarya, jinunjung lungguh sadaya.
- Wus anama Kangjeng Gusthi, wau nuli dén praboti, wong sanagri mendhak-dheku, mring Pangéran papat wau.
- Sang Natha sigra utusan, Bupathi Ngulama pisan, kinén séba sowanan, tan kena siji kliwatan.
- Wong kang ora tinimbalan, gugup nonton gurawalan, wus nglumpuk sadaya sami, Sang Natha medaling jawi.
- Geger gumuruh kedhaton, kebak wong kang padha nonton, nuli sami sinirêpan, tan kena jalma rêrasan.
- Wau ngandika Sang Ngaji, mring wong ing dalem puri, lah ta padha angrungokna, ingsun awéh kabar sira.
- Putraningsun raja Putri, ing saiki wus amari, rikalanéeméh mati, ingsun duwé pasang giri.
- Sapa-sapa marékaké, Raja Putri ing sakité, iku wus dadi bejané, amrajani nagri kéné.
- Lawan rabu putriningsun, kaarak ing ngalun-alun, supaya apadha gumun, bejanéwong dadi dhukun.
- Nulya Sang Natha marani, Ki bandhang kang lenggah ngarsi, sinandhingken ing Sang Putri, suka Sang Natha ningali.
- Iya iki mantu mami, gunanékepati-pati, ing ngélmmu nujum wus anelas, mula aja ana uwas.
- JenengngéGuru pandhitha, ingsun kang maringngi nama, aja ana wani-wani, mring Pandhitaningsun iki.
- Sekti tan ana madhani, wong sanagri banget wedi, éram sami aningali, prkara anéh-ané
- Lawan sapa kang kapregok, néng dalan amasthi dhodhok, tan kena wani nyak-inyok, apa manéh gawé
- Ki Bandhang atinébigar, rinaja-raja ing ngunggar, gumanti kocap Sariya, kalawan sadulur tiga.
- Sang Natha malih ngandika, dénébocah papat ika, jenengngira Kanjeng Gusthi, aja ana wani-wani.
- Sarêng sampun pandikané, nuli dhawuh ramé-ramé, salapan dina wangngené, wong nagri bunngah atiné.ѺѺѺ
- Sarêng sami sampun bibar, Sang Natha lajeng ajengkar, tinayap para pawéstri, lumebet ing dalem puri.
- Pangéran papat kocapa, wus kabagi lungguhira, mila lajeng kundur samya, ing pondhok kedhatonira.
- Bingngahira tan sipi, bejanékepati-pati, wong sanagri padha gumun, ngasi pirang-pirang taun.
titi
— ѺѺѺ —