Category Archives: SERAT WEWADINING RASA

BAB XV. TEGESE LAHIR KARO BATIN


Wong utawa bocah asring takon mangkene : GUSTI ALLAH PANGGONANE ANA ING NGENDI ? Wong takong mangkono wis samesthine, ora kena diluputake, marga thukule saka kepingin ngerti.

Kang ora luput : SABABING TAKON. Nanging SURASANING PATAKON luput.

Yen takone wis luput, sanajan dipikir-pikira, wangsulane ya melu luput, marga wangsulan iku adate mung manut pitakon. Dadi wong takon mangkono iku : mung kudu diterangake, rehne durung ngerti.

Kepriye ta lupute. Lupute : Allah diarani manggon. Allah iku ora mbutuhake panggonan, malah ditutuhi dening saliring panggonan.

Awang-uwung kang tampa wates jembare dalah isine kabeh, manggon ing ngendi ta? …….manggon ing Allah. Apa meksa katakokake? Allah manggon ing ngendi? Lah wong ngarani panggonaning awang-uwung ora bisa, teka dipurih ngarani panggonaning Allah.

Awang-uwung kang tanpa wates gedhene, iku bae wis ora susah di takokake manggon ing ngendi, marga : iku malah dadi dununge sakehing enggon sarta sakehing ener. Kabeh-kabeh ana sajroning awang-uwung kang tanpa wates jembare. Bobote mangkono, awang-uwung mau meksa isih gumantung marang ananing Allah. Dene mungguh CARA PAMANGGONING awang-uwung marang Allah iku, kena dipindhakake CARA PAMANGGONING kacaning buku, ana ing bukune (raening dluwang manggon ing dluwang).

Pinikira : buki siji kacane akeh. Iku nyamleng kanggo pepindhan : Allah enggone nglimputi alam ka-alusan akeh banget, kang siji-sijining alam mau awujud awang-uwung kang tanpa wates gedhene dalah isine. Padha bae kahanane karo : buku siji nglimputi kacane. Kaca-kacane isi tulisan lan gambaran.

Caraning “DZAT” enggone nyamadi alam iku ya jibles kaya caraning buku enggone nglimputi kaca-kacane.

Kacaning bukui akeh sap-sapan, padha dumunung ing buku, mangkono uga alam, ora mung donya iki bae. Akeh banget warnaning alam, kaya kang kapratelakake ing ngarep.

Coba kagalih, yen mangkono, apa meksa katakokake : Allah manggon ing endi?.

Coba ngupamakna jagading tulisan, mangkene : sandhangan wulon iku ana ing SADHUWURING aksara, sukon ana SAKNGISORE, sandhangan cecek ana SAJRONING pepetan. Pepet ana SAJABANING cecak. Iku kabanjure teka dadi nakokake : bukune apa ana SAK-DHU-WURE aksara, apa SATENGAHING aksara, apa SAK NGISORE?

Cekake : yen manungsa bisa ngarani prenahing BUKU utawa KANG MACA BUKU kaprenah ING TEMBUNG ENDINE sandhangan  wulon utawa taling, lan iku bisa ngarani prenahing Allah ing TEMBUNG ENDI kawujudan isining alam.

Jagading tulisan iku rak beda luwih dening beda : manawa katimbang jagading WONG kang maca buku utawa BUKUNE. Kapriye beda-bedane? Ing jagading tulisan ora ana keblat (ener) sajabaning raen. Kang diarani ngisor dhuwur sarta kiwa tengen, apa dene JABA JERO, kang tumrap kacaning BUKU. Iku dudu kang tumrap ing bukune utawa kang maca buku.

Jagading tulisan iku jagading raen, (luwih tipis, malah tanpa kandel babar pisan). Balik jagading buku utawa wonge : gembleng (kubuk).

Jagading buku nunggal karo jagading awake kang maca buku, nduweni ener kang uga aran ngisor, dhuwur, njaba, njero, nanging beda karo ngisor dhuwur tulisan. Jaba-jeroning jagade uwaong. Beda karo jaba-jeroning tulisan. Lah iki pinikir-pikira.

Sawise terang marang prakara ing dhuwur iku, nuli mikira ing ngisor iki :

Sandhangan wulon wis cetha dumunung SAK DHUWURING aksara, sandhangan pepet ana SAJABANING CECAK, cecak sa-SEJO-NING pepetan…… Lah samengko banjur ana pitakon, mangkene : KANG MACA BUKU, ana tembung ngendine kang diwaca? Nanging aja nganggo tembung SAJABANE mundhak dikira kaya prenahing pepetan tumraping cecek. Si aksara ora temu-tinemu karo tegese ING DHUWUR  kang ora kaya prenahing wulon. Ora pethukan selawase karo tegesing SAJABANE, kang ora kaya prenahing pepetan tumraping cecak.

Manungsa sok nembungake prenahing kajaten nganggo tembung ING JERONE BADAN. Mangkono iku papadhane : wong kang maca buku diarani SAJERONING pepetan, kaya dene prenahing cecak tumraping pepetan.

Kang iku manungsa prelu sinau ngrasakake marang karepe tembung : LAIR karo BATIN, kang nganti bener pangretene. Ing kono yen pancen wis mangerti temenan (bisa ngrasakake) tartamtu bisa nampa ing rasa, yen dipratelani mangkene : PANGERAN IKU PRENAHE ING BATINE BADANMU, ING BATINE KAWUJUDAN KABEH, ING BATINE ALAM, ING BATINE SAHIRMU, ING BATINE BUDI RASAMU.

Manawa wis bisa mangerti marang kang aran ING BATINE mau, ngupamakna : prenahing mripate kang maca buku, diaranana ING BATINE aksara kang diwaca, prelune : aja diarani SAJABANE AKSARA utawa SAK DHUWURE  aksara, awit yen nganggo tembung SA-JABANE utawa SADHUWURE, mundhak dikira kaya prenahing wulon utawa pepetan.

Kajaten katembungake ING JERONE BADAN, ya kena bae, sak uga aja ditegesi kaya prenahing jerowan tumraping daging utawa daging tumraping kulit.

Muga karasakna kang aran ING BATINE mau. Mengko kita bisa ngrasakake encer-encer prenahing Pangeran kita.

Prenahing Pangeran kita : ing telenging batin, yaiku ing pungkasane batining saliring bating.

Wiwit saka : teleng tumeka batin, kabeh kagarba ing Asma Allah. Yaiku Asma kang Agung.

Kawadhagan kita nyebut marang telenging batin kita, nganggo Asma : ILLOLLAH (PANGERAN).

T A M A T

Mrayogakake maos :
1.         Kacawirangi.
2.         Jatimurti.
3.         Madurasa.
4.         Wedharan Wirid I.
5.         Wedharan Wirid II.

Sumber : Buku Serat Wewadining Rasa, Cap-capan I Tahun 1985.
Penerbit : Yayasan Djojo Bojo SURABAYA.

Advertisements

BAB XIV. TERANG GAMBLANGE KANG ARAN DIRI


a. BAB WUJUD ANYAR, ya wujud daden-daden, utowa momoran.

Pulas kuning diwori pulas biru, mujudake pulas ijo. Maune ora ana pulas ijo. Kang ana : kuning lan biru. Bareng warna kuning lan biru diwor, nganakake : pulas ijo.

Warna ijo pepindhane wujud anyar, ya wujud daden-daden, utawa wujud momoran. Dene warna kuning lan biru iku wujud asal.

Tuladha maneh : maune ora ana wujud kang aran kuningan. Bareng tembaga diwor karo timah sari, banjur dadi kuningan kang digawe paidon kae. Kuningan iku wujud anyar. Kang maune ora ana.

Emas karo tembaga dicampur, dadi suwasa. Suwasa iku wujud anyar.

Gandum diuwor karo gulo, endhog, puwan, uyah kaolah mujudake kuwih, kayata : mari. Kuwih mari iku wujud anyar, yaiku wujud SIJI kang kadadeyan saka dhapukaning adon-adon warna-warna.

Wong kang ora sumurup asal usule, mangka ujug-ujug weruh warna ijo, iya wis mesthi ngira yen warna ijo iku dudu warna anyar. Mangkono uga kuningan, suwasa, kuwih mari, premen, lenga cap burak, sapanunggalane, kabeh rinasa kaya dene wujud asli, tegese kaya-kaya PANCEN WIS ANA MAU-MAUNE kang aran ijo, kuningan, mari sapanunggalane iku.

Saya anggonku ora padha ngira, upama dipratelani, yen : PELEM, KAYU, DAGING, BALUNG, LEMAH…… iku wujud anyar, kang tegese momoran. Mulane ora bisa ngira, awit ora sumurup marang asal usule, weruh-weruh wis dadi kayu, daging, balung. Jer wis ana wiwit kuna-makuna.

Aksara “a, b, c, d, e, ……..” iku siji-sijine kalumpuking garis bengkong lan lenceng ditahk-thukake. Uga momoran.

Kang diarani gendhing, kayata : pangkur, iku klumpuking swara warna-warna, kang ditahk-thukake sarana wangun, (dilaras) mujudake larasan siji (harmoni) banjur dijenengake : pangkur.

Janaka (wayang) iku dhapukaning wewangunan cilik-cilik, ditata, dilaras, mujudake wawangunan siji, kang dijenengake : Janaka.

Rasaning kuwih mari, iku klumpukaning rasa warna-warna, kayata : gurih, legi, asin, buket, mirasa….. kadhapuk, kalaras sarana kataker sawarna-warnane, banjur mujudake RASA SIJI, KANG TEKA ANYAR, jumedhul, utawa sajak tiban saka langit, aran : mari.

Rasaning pelem iya mangkono, dhapuking rasa warna-warna, mujudake rasa SIJI aran rasaning pelem. Ing nguni ora ana kang jeneng : pe + lem. Bareng adon-adon warna-warna tinaker (dening kodrat) kaulet, banjur nganakake wujud anyar SIJI, sajak jumedhul utawa tiba saka langit, arane : pelem, banjur rinasa pantes banget diarani pelem, marga netepi kapelemane.

Kang aran daging, balung, kayu, lemah……. siji-sijine ya kalumpuking wujud warna-warna, kadhapuk sarana kataker dening pangawasa lan ngelmuning Pangeran. Kabeh mau siji-sijine awujud harmoni, momoran, iya daden-daden.

Harmoni cilik-cilik, kalumpukake mujudake harmoni gedhe. Harmoni gedhe-gedhe, klumpuke kang luwih gedhe, sabanjure nganti ora kira-kira gedhene.

Harmoni sawiji, kang jumeneng gedhe-gedhening harmoni, iku kasebut nganggo tembung : ALLAH.

Samubarang kang wis maujud, sanajan iku wujud anyar, kita ora ngira yen iku anyar, kang kadadeyan saka dhapukan. Mangkono maneh samubarang kang wus WUJUD RASA SIJI, kang wis nganggo jeneng, sanajan iku RASA ANYAR, utawa rasa dhapukan, rehne wis maujud SIJI tur mawa aran. —- iku kita banjur lali marang lungguhing anyare, tuwin lungguhing dhapukane.

Sangsaya ora ngira yen kita mikir bab rasa kang diarani RA – SA – NING – WONG.

Kang diarani, UWONG utawa RASANING WONG : iku iya rasa anyar, daden-daden utawa dhapukan, nanging dirasa SI-JI. Iku ora beda karo dhapukaning swara warna-warna kang mujudake ENGESING PANGKUR.

Kang aran rasaning wong, kayata : rasane Suta, iku dhapukan saka rsaning Luamah, Amarah, Supiyah, Mutmainah, Angen-angen…… sapiturute, kang sawarna-warnane tinaker ing kodrat, dhinapuk, supaya dadi harmonining rasa, kang banjur dijenengake : RASANING SI SUTA utawa ATINE SI SUTA utawa WATAKE SI SUTA.

Kang bisa ngrasakake marang atine si Suta mau, ya si Suta dhewe. Nanging : endi ta kang jeneng si Suta iku, ambak-amabak mung pangaran-aran. Kang jeneng si Suta, wujud anyar, kang sajak jumedhul tanpa sangkan, ewa dene : si Suta ngrasa (ngira nganggo pangrasane) yen dheweke iku kuna makuna wis dadi si Suta. Yen calathu nganggo tembung : AKU, iku kang diarani aku : RASA KASUTAN, kang anyar tekane.

Sarehne saben rasa wis mesthi ana bebakalane (wujude kang nganakake rasa mau, dadi wis mesthi wujuding bleger : ya dhapukaning wujud asli kang maneka warna).

Kang diarani : rasaning wong iku, dhapukaning rasaning sato + rasaning tetuwuhan + rasaning jin + rasaning setan + rasaning dewa + rasaning kapangeranan, sapanunggalane. Sajinis-jinise mawa takeran. Ana dene panakere, iku tumrap sawiji-wijining wong : ora padha. Ana kang kaduk kasatoan, ana kang kaduk kajimane, ana kang kaduk kasetanane, ana kang kaduk kasukmane.

Kang endi kang kaduk. Yaiku kang dikulinakake pakartine (diurip-urip) kulina diempakake dayane.

Rehne wis tetela, yen siji-sijining adon-adon iku KENA DIGAWE BIBIT, dadi tetela uga sadhengah adon-adon watake kudu-kudu makarti terusan, kabeh njaluk URIP, njaluk ANA, njaluk pakan, njaluk empan.

Adeging dhapukan, kang mujudake siji-sijining wong, iku arane : DHIRI.

Tembung DHIRI, nunggal teges karo diri ing basa Indonesia.

Mulane karanan dhiri, awit kadadeyan saka ADEGING dhapukan. Dhapukan mau bareng madeg (berdiri), banjur aran dhiri, kang tegese deg-degan (perdirian), ngemu surasa yen pancen wujud anyar (deg-degan anyar), kang maune ora ana.

DHIRI, uga teges ndhewe (mandhireng). Mulane ka-aranan ndhewe, awit ateges madeg dhewe. Mulane diarani ndhewe (berdiri sendiri) awit ateges deg-deganing rasa nayar, kang rumasa misah saka RASA TUNGGAL (misah saka RASA KAPANGERANAN). Pisahe banjur ngrasa madeg dhewe, ngaku kahanan jati, ngaku ANA dhewe, ngaku NGERTI dhewe, ngaku kahanan jati, ngaku URIP dhewe, …….. sabanjure ngajak lali marang jejering kahanan kabeh, ngajak ora ngrasa marang lungguhing anyare lan dhapukane, sarta njaluk pepandhingan karo dhiri-dhiri liyane. Mulane mangkono, awit weruh-weruh wis dadi deg-degan, weruh-weruh wis maujud rasa siji, ora nganggo milah-milah adon-adone.

Sarehne dhiri iku ngrasa madeg dhewe (pisah saka rasa tunggal) dadi banjur duwe panganggep (pangandel) yen dhirine iku DUDU KAHANAN ANYAR, mung KABARE bae, anyar, nanging engetan lan rasane : ora tinemu anyare, ora tinemu nyataning anyare. Kang mangkono mau, nganakake rasa kumudu diluhurake kumudu ditresnani utawa disenengi dening dhiri liyane. Rasa mangkono iku ka-aranan : ambeg dhiri utawa watak dhiri.

Kareping tembung : ngegungake dhiri. Tumraping kawruh batin, katembungake : KORUP MARANG DHIRI.

Rehning panganggep kang mangkono mau kliru (dudu panganggep kang nyata, dudu dabenering anggep) dadi banjur katembungake anggep-anggepan, tegese : tetironing anggep, utawa ayang-ayanganing anggep, dudu sajating anggep.

Rasa kang kliru mangkono, nukulake cacad akeh rupa-rupa, kayata : gumedhe, jubriya, tekabur, sumengah, adigang, adiguna, kumingsun, kuminter, sumangkeyan….. akeh tunggale. Empune ana ing rasa dhiri (rasa madeg dhewe rasa misah) mau.

Pang-panging anggep kang kliru mau kayata : isinan, laran aten, cugetan, mesgulan, sugih sak-serik, meren, butarepan, ewan, panasten, drengki……. akeh banget yen dicacahake. Kabeh mau underane utawa telenge ana ing RASA DHIRI (RASA PISAH, RASA MADEG DHEWE).

Rasa dhiri iku kamusrikan kang dhisik dhewe.

Panyudaning watak anggep dhiri, sarana ngupaya pangreten kang terang marang lungguhing anyare lan dhapukane. Kapindhone : Ngurip-urip rasaning Mutmainah kang ngajak bekti marang Pangeran lan welas asih marang sapadha-padha.

Tipising rasa dhiri, nenarik marang bisane ngrasakake marang rasa tunggal, yaiku rasaning manungsa sejati utawa ra ka-Pangeranan.

b. JUMEDHULING WUJUD ANYAR : NGALEKAKE MARANG WUJUD ASLI

tembung di LALEKAKE, iku tegese : rinasa ORA ANA (ora rinasa ana).

Upamane kayata : biru diwori kuning, sawise dadi ijo, si biru lan si kuning sirna tanpa lari, ilang musna ing pandulu, kaganti ing jumedhuling ijo.

Glepung, gula, puhan, uyah, endhog, lan liya-liyane, bareng wis diulet sarta mujudake kuwih mari, kabeh mau banjur sirna saka ing engetan, ilang musna tanpa lari, kasalinan jumedhuling wujud siji thok kang jeneng : kawih mari, tekaning kuwih mari sajak tanpa sangkan, ujug-ujug ana.

Saerhning kabeh adon-adon wis disirnakake saka ing engetan, temahan rasaning adon-adon kang warna-warna mau, (legi, asin, gurih….) rinasa dadi duweke mari. Dadi si mari kang banjur oleh aran : legi, gurih, asin, buket sapanunggalane. Wong banjur clathu : Kuwih mari iku legi, kuwih mari iku asin, kuwih mari iku gurih. Mangkono iku ateges ora ngelingi marang si endhog, si gula, si uyah, si puwan, sapanunggalane.

Bocah mangan panganan, akeh bae kang ngrasakake enake lan ngreti jenenge, nanging ora sumurup kang digawe.

Tunggale iku kayata : rasaning wowohan, kayata : krambil, pelem, kacang………, iku wong kang mangan, kawruhe mung mangkono : Krambil iku gurih, krambil iku rada legi, krambii iku ora asin. Kacang iku gurih, kacang iku rada legi, kacang iku rada asin, kacang iku buket. Adon-adon kang mujudake adeging kacang, ora dipikir, wis cukup sauger ngelingi kacang, ya ora kena dipaido, marga wanuhe marang wujud kang aran kacang iku wiwit cilik. Malah kacange wis cumawis sadurunge sing mangan lair ing donya.

Ing dhuwur iku nyamleng banget dianggo pepethan wujud anyar kang aran : WONG.

Coba katiti priksa, apata : WONG iku?

Manawa katiti priksa, ya jibles “mari” mau.

Adon-adon kasar alus warna-warna : kaulet, mujudake jemedhuling wujud anyar, kang arane : wong. Bareng WONG wis madeg, ananing adon-adon padha sirna tanpa lari saka ing engetan kita.

Dayaning adon-adon warna-warna : nganakake rasa warna-warna. Nanging rasa warna-warna, mau-mau diaku dening wujud anyar, kang aran : wong mau.

Si Uwong sanajan teka anyar-anyaran, ewadene ngakoni marang rasa warna-warna, kang dumunung ing garbane. Upamane wong kang aran mas Wira, kang endita : kang aran mas Wira, ora ana, mung ceciptan utawa esthining engetan. Ewa dene ditetepake nduweni rasa warna-warna, kayata ditembungake : mas Wira pinter, mas Wira rosa.

Engetan wong enggone  lali marang ananing adon-adon mau, kajaba sabab kaling-lingan si-uwong, ana maneh sababe, yaiku : wong donya iku ALUSE KORUP MARANG WADHAGE.

Lumrahing wong, ora ngira yen ana wujud warna-warna. Ora sumurup yen ana kang dadi tukang ngrasa susah, ana kang dadi tukang gething utawa muring, ana kang dadi tukang asih utawa welas, ana kang dadi tukang kelingan, ana kang tukang eling, lan liya-liyane. Iku lumrahe padha ora dingerteni.

Rasaning engetan, rasaning ati, rasaning jasmani, ……ora kinira yen ana wujude. Dikira saka : MAS WIRAbae. Nanging bareng ditakokake endi mas Wirane, ora bisa ndumuk, lan manehe sarehning korup marang kawadhagan, ana kang benyunyak-benyunyuk ndumuk badane wadhag sakojur.

Kajaba mas Wirane disengguh wadhage, rasane kang maneka warna pisan uga disengguh saka wadhage. Kayata : Bisane mikir dikira mung saka dayaning utek. Bisane ndeleng saka dayaning mripat kang sasar. Bisane ngrungu saka dayaning kuping kang awujud daging. Nanging bareng wis diulese, mati apa-apane isih wutuh, teka ora bisa apa-apa, banjur nggraita yen Mas Wirane dudu wadhage.

Adon-adon alus mau padha urip sarta kumudu makarti, siji lan sijine arebut daya. Kang pinuju menang dayane : mecungul dadi pangareping rahsa. Kayata : mas Wira lagi bungah, iku adon-adon kang dadi tukang bungah : mencungul. Adon-adon kang dadi kosok baline bungah : mingslep. Yen mutmainah lagi mecungul, mas Wira lagi becik atine, kayata : tresna marang sapadha-padha, sabar tetulung. Yen amarah  kang lagi timbul, ya mas Wira maneh kang disebut ala atine. Dadi molah-malihing rasa utawa wataking wong iku, ora dielingi saka timbul keleming adon-adon alus. Kang di-elingi wonge, kayata : Mas Wira wingi becik, saiki Mas Wira ala. Mau Mas wira muring, saiki dhangan sarta ngguyu.

c. BEDANE RASA DHIRI KARO RASA PRIBADI

Ing ngisor iki muga rinasakna :

RASA PRIBADI iku ya Rasa Tunggal.

Saben ana RASA DHIRI iku wis mesthi karo RASA PRIBADI. Nanging RASA PRIBADI ora mesthi karo RASA DHIRI. Iku lire : rasa dhiri Mas Wira butuh marang rasa pribadine kang tunggal. Nanging Rasa Pribadi kang tunggal ora butuh marang rasa dhirine mas Wira.

Rasa dhiri iku “negatiefvorm”, tegese : adege butuh katetepake ing liyan, kaya dene dadining ringgit butuh marang salaka, dadining tulisan butuh WONG KANG NULIS. Nanging “salaka” ora butuh ringgit, wong ora butuh tulisn.

Yen wong clathu nganggo tembung AKU, iku kang tinuju dening rasane wong mau : RASA PRIBADI KANG TUNGGAL.

Nanging sarehne pribadi kalingan-kalingan ing rasa dhiri, kaya salaka katutupan ringgite, temah mung dhirine kang RINASA ANA. Uga padha karo ilanging salaka, kasalinan jedhuling ringgit.

Ing ngarep nyebutake : TIPISING RASA DHIRI NARIK MARANG BISANE NGRASAKAKE MARANG RASA TUNGGAL,  iku tetembungane TIPISING RASA DHIRI : rinasakna kang memet kapriye karepe??

KINANTHI

Mangka kanthining tumuwuh, salami mung awas eling, eling lukitaning alam, dadi wiryaning dumadi, supadi nir ing sangsaya, yeku pangreksaning urip.

Marmen den taberi kulup, angulah lantiping ati, rina wengi den anedya, pandak-panduking pambudi, bengkas kahardaning driya, supadya dadya utami.

Wedhatama Winardi.

…@@@…

Sumber : Buku Serat Wewadining Rasa, Cap-capan I Tahun 1985.
Penerbit : Yayasan Djojo Bojo SURABAYA.

BAB XIII. BAB PANGILON LAN AYANG-AYANGAN


Ingsun, ya kahanan kang sajati.
Sajatine ora ana kahanan maneh, mung INGSUN kang ana.
Kahanan jati kagungan sipat.
Sipating kahanan jati, yen ginelar, tanpa wates jinise lan wilangane.

Gelaraning sipat, uga ka-aranan ayang-ayangan.
Endi ta : ayang-ayangane?
Endi ta : pangilone?
Kang diarani ayang-ayangane, yaiku SALIRING SAHIR KABIR.
Dene pangilone, iku cekake : mung Pangeran piyambak kang priksa.

Sanajan roh suci, ing jagad ka-alusan kang luwih dening luhur, YEN SAHIR ISIH KORUP MARANG KABIRE, ya durung nyata marang pangilon sajati.

Wujude pangilon sajati : WUNGWANG, tanpa apa-apa.
Dadi pantes yen diaranana : ORA ANA, dening sadhengah makhluk. Ora beda karo ORA ANANING RERUPAN : Tumrap pangilon bening. Dadi kang ora ana : RURUPANE. Nanging pangilone : A N A.

Pangilon sajati  : SIJI, nanging tanpa wates wilangane lan jinise.

Siji kang tanpa wates cacahe mau disengguh : ORA ANA tumraping ngaurip, kang sahire kurup marang kabire. Ora ana iku lire : dudu bangsaning wujud lan dudu bangsaning rasa. Marga : pangilon mau sajatine mung : DAYA TUNGGAL.

Daya tunggal, yaiku : LARASING KEDHER KODRAT KANG SALARAS (4).

Ya daya tunggal mau kang mratelakake ananing rasa lan wujud (sahir kabir).
————————-

($). Kedher Kodrat : Caraning Kodrat Makarti.

Sadhengah kang nunggal daya, ya nunggal rasa, nunggal kawruh, banjur ka-aranan nunggal alam. Kayata : pandulu padha pandulu : iku nunggal daya nunggal alam. Kawengku ing daya tunggal : SAJINIS (salaras), dadi pandulu iku nunggal rasa nunggal kawruh karo sapadhaning pandulu. Ora nunggal rasa lan kawruh : karo pangrungu utawa pangambu. Dado pandulu karo pandulu : nunggal alam. Pandulu karo pangrungu : ora nunggal alam.

WARNA-WARNANING pangalaman, iku gumantung marang WARNA WARNANING daya tunggal (warna-warnaning CARA PAMAKARTINING kodrat).

Pangalamaning wong donya BEDA karo pangalamaning jin, BEDA karo pangalamaning eblis, BEDA karo pangalamaning dewa…… lan liya-liyane, iku sabab saka BEDA-BEDANING daya tunggal mau.

Daya tunggal-daya tunggal, kang tanpa wates jinise lan wilangane mau kawengku ana ing kahanan jati, kang pamengkune iku kaya dene buku mengku marang kacane kabeh.

Bener banget pamilihe tembung KACA : kang ateges pangilon : Bener maneh pamilihe tembung rasa kang tumrap rasaning kaca (pangilon) awit dadi pepindhane RASA : kang tumrap ing pangilon jati. Mengkono maneh cahyaning pangilon Rasa : kang tumrap ing pangilon jati. Mengkono maneh cahyaning pangilon dadi pepindhane cahyaning RASA ($).

Bokmanawa kang maca iki durung tampa (ngreti) marang pratelan ing dhuwur iku, ing ngisor iki panuntun murih bisa ngrasakake selehing panampa mungguh lungguhing ayang-ayang.
———————

($). Tetela kabeh kang gumelar iki, dadi tuladha lan sasmita tumrap marang kang awas. Ya dadi seksi anane kang nitahake, ya dadi piranti panggayuhing manusa, ya dadi katranganing pambudi.

TULADHA – TULADHA

I. YEN kahanan jati NGILO nganggo alam kodhok, kajaten katone sako ing kono mujudake : DHIRINING KODHOK, yaiku : ENGETAN RASA, PANGRASA BADANING KODHOK.

Engetan utawa pangrasaning kodhok mau : SAHIR tumrap alam kodhok. Dene KABIRE : yaiku arupa blumbang, lemah, suket, banyu, hawa, padhange srengenge……. dalah wadhahe si kodhok dewe.

Sarehne si-kodhok, sahire koru[ marang kabire, mangka kabire iku KAWUJUDAN ING DONYA KANG WADHAG, dadi INGSUN KANG NGLUNGGUHI KAJATEN, katone saka alam kodhok, iya wujud raganing kodhok : SIJI, yaiku awak kang kasengguh nduweni engetan lan rasa pangrasa, sanajan satemene DUDU RAGANE kang marakake kelingan lan bisa ngrasakake.

Wilangan : SIJI, kang tumrap badaning kodhok kang nduweni engetan lan rasa pangrasa mau : ayang-ayanganing KASAWIJENING PANGERAN.

Kawruh kodhok (enggone ngreti lan weruh marang kahanan sakubenge lan enggone ngrasakake rasaning kahanan kang kena dirasakake ing kodhok). Iku ya ayang-ayanganing NGELMUNE Pangeran.

Solah tingkah muna-munining kodhok, dadi ayang-ayangan ing PAKARTINE Pangeran.

Dadi : pangiloning kajaten, kang dienggo ngilo sahir kabiring kodhok iku pangilon goroh, awit kahanan jati ora kaya mangkono.

Pangilon kang mangkono iku peteng tur geseh wanguning ayang-ayangane katimbang karo kanyatane kang ngilo. Kena di umpamakake : wong ngilo nganggo gendhul (botol) ireng, kang raene legak legok. Kajaba peteng (ora terang) ya geseh banget karo nyatane.

Dadi kang jeneng ayang-ayangan mau : ENGETAN DALAH RASA PANGRASANING KODHOK, apa dene KAWRUHE  marang jagad.

GUMELARING JAGAD kang diweruhi nganggo engetan dalah rasa pangrasaning kodhok mau : iya wis kalebu ing ayang-ayangan kang katon sajroning pangilon sajinis, kang aran alam kakodhokan.

Engetan dalah rasa pangrasaning kodhok (kang dianggo ngawruhi ananing jagad dalah ananing awake) iku SAHIRING alam ka-kodhokan. Dene jagad donya (kang diweruhi nganggo engetan lan rasa pangrasa) iku : KABIRING alam ka-kodhok-an.

Sahir tuwin kabiring alam kakodhokan mau, karo-karone ayang-ayanganing kahanan jati, kang katon ing pangilon goroh lan peteng, yaiku pangilon kang aran alam kakodhokan, iya martabat kakodhokan, iya daya tunggal sajinis (salaras) kang nganakake sahir kabiring kodhok.

KANG NGILO : KAHANAN JATI

Kang dienggo ngilo : daya tunggal sajinis, kang aran alam kakodhokan utawa martabat kodhok.

Dene ayang-ayangane yaiku rasa pangrasaning kodhok dalah kawruhing kodhok marang gumelaring donya.

Sahiring kodhok prenahe ing BATINING KABIRE. Pangilone kajaten prenahe ing BATINING SAHIRE kodhok. Kajaten kang ngilo pernahe : ing BATINING pangilon jati ($).
—————————–

($). Tegesing tembung LAHIR sarta BATIN, katerangake ing bab 15.****

II. Yen kahanan jati ngilo nganggo alam manusa (wong donya), kajaten katone saka ing kono awujud : DHIRINE WONG DONYA, yaiku : ENGETAN + RASA PANGRASA BADAN WADHAGE wong donya.

Engetan sarta pangrasaning wong donya mau SAHIR tumrap alam manungsa. Dene KABIRE, yaiku : arupa bumi langit saisen-isene kabeh, kapetung dalah BEGOGOKING BADANE wong mau.

Mulane kahanan kang kaya mangkono diarani AYANG-AYANGANING KAHANAN JATI, awit kahanan kaya mangkono mau DISENGGUH KAHANAN KANG TEMENAN, dening wong donya.

Sarehne wong donya iku sahire korup marang kabire, mangka kabire mau KAWUJUDAN ING DONYA KANG WADHAG, Adadi : INGSUN KANG NGLUNGGUHI KAJATEN, katone saka alam manungsa iya wujud RAGANING wong donya : SIJI, yaiku awake kang disengguh nduweni engetan lan rasa pangrasa (sanajan satemene DUDU SI-RAGA kang marakake bisa kelingan lan bisa ngrasakake iku).

Wong donya padha nduweni panganggep, yen dhirine iku  MUNG SIJI, kayata : wong kang aran si-Suta (dhewekw) iku sajagah mung ana siji thok.

Dhiri kang diarani nganggo tembung AKU dening si-Suta, sajagad mung ana siji thok. Iku ayang-ayangan INGSUN.

Mungguh RASANING WILANGAN SIJI KANG TUMRAPING DHIRINE : iku ayang-ayanganing KASAWIJENE KAHANAN JATI (INGSUN).

Kawruhe si-Suta (lire : OLEH-OLEHANE saka enggone ngreti, ndulu lan ngrasakake lelawanan karo isining jagad) iku dadi ayang-ayangan NGELMUNING PANGERAN utawa KAWRUHING PANGERAN.

URIPING PANCADRIYANE si-Suta : iku dadi ayang-ayangane GESANGING Pangeran. (Uriping wong yen katandhing lan gesanging Pangeran, iku pepindhane : uriping arloji katandhing uriping wong. Uriping wong iku mung “loop” dene matine “staal stil” tumrap Gesanging Pangeran).

Solah tingkah muna-munining wong donya : dadi ayang-ayanganing PAKARTINE PANGERAN. (Pakartining Pangeran yaiku enggone nganakake sakabehing daya tunggal utawa kedher kodrat, kang banjur mujudake sakabehing sahir kabir).

Dadi : pangilon kajaten  kang ayang-ayangane arupa sahir kabire si Suta iku, pangilon goroh, awit kahanan jati ora kaya mangkono nyatane. Pangilon kang mangkono iku peteng tur WANGUNING AYANG-AYANGANE GESEH KARO SABENERE, nanging luwih terang yen katimbang pangilon kang ayang-ayangane arupa sahir kabiring kodhok. Iku kena diupamakake wong ngilo nganggo raening gendhul kang ora pati ireng lan ora pati legak-legok.

Dadi jeneng ayang-ayangan iku ENGETAN DALAH RASA PANGRASANE SI SUTA, apa dene KAWRUHE si Suta marang jagad.

Kawruh (oleh-olehaning ngawruhi) marang gumelaring jagad kawruh kang cumithak ing dhirine : iya wis kalebu (kapetung) ayang-ayangan, …… Ayang-ayangan sajeroning pangilon sajinis, ….. pangilon sajinis kang aran alam manungsa mau, ringkese : KANG DIANGGO NGAWRUHI + KANG DIWERUHI + KAWRUHE (sahir kabire) ayang-ayangan sajroning pangilon sajinis, iya pangilon kang aran alam Kamanungsan, iya martabat kamanungsan, iya daya tunggal sajinis, (salaras) kang nganakake sahir kabire si Suta mau.

KANG NGILO : KAHANAN JATI

Kang dienggo ngilo : daya tunggal sajinis kang aran alam manungsa utawa martabat manungsa. Ayang-ayangane yaiku : engetane si Suta, rasa pangrasane si Suta, susurupane si Suta marang gumelaring donya : sahir kabire si Suta.

Si Suta rumasa ANA, nekseni utawa nyatakake yen dheweke iku ANA temenan. Tandha yektine : duwe engetan lan rasa pangrasa kang dianggo ngawruhi lan ngrasakake gumelaring jagad banjur calathu : AKU ANA.

Kang diarani AKU dening si Suta mau DHIRI siji. (Terang gamblanging kang diarani dhiri, kapratelakake ing bab : 14, iya dhiri iku ayang-ayanganing kahanan jati : INGSUN PRIBADI).

Aku ana ….. iku tegese : dhirine si Suta mau maujud utawa mandeg.

Tegese : ANA, kang tumrap dhiri si Suta, kang ateges maujud mau ayang-ayanganing ANANE kahanan jati.

Dadi AYANG-AYANGANING ANA : iku MAUJUDE utawa MADEGE, nanging ANA KANG SEJATI iku tegese : KANG BISA NGANAKAKE SALIRING KANG MAUJUD, utawa : KANG MENGKU WUJUD LAN KANG ORA MAUJUD. Dadi KAHANAN SAJATI : iku tanpa wiwitaning ana, tanpa wekasaning ana.

Anane dhiri : nganggo wiwitan lan wekasan. Nanging…..  ora ana dhiri kang weruh wiwitaning madege. Ora ana dhiri kang bisa nekseni SADURUNGE ANA karo SAWUSE ANA. Bisane duwe  RASA DHIRI bareng dhiri mau wis…… ana. Dadi : sarupane kang dikawruhi lan dirasakake dening si Suta iku : tumrap engetan lan rasa pangrasane si Suta : ANYAR KABEH.

Jagad donya luwih keri anane : tumrap engetan dalah rasa pangrasane si Suta. Bapa biyung iya luwih keri anane : tumrap rasaning engetan. Enggone ngarani keri katimbang biyunge iku satemene mung KABAR saka enggone nundha warta bae. Tumrap engetan dalah rasa pangrasane si Suta dhewe : ora nyata yen dheweke keri, ora nekseni, ora ngalami, awit dumunung sajroning engetane (kaelingane). Rehne mangkono, dhirine si Suta : rumasane iya DHISIK DHEWE katimbang sakehe kawruh kang diwenehi nganggo engetane.

RASA DHISIK DHEWE mau ya dadi ayang-ayangane ing kidame Pangeran (dhisik dhewe tanpa kawitan tumrap kahanan jati).

Dhirine si Suta nganggo wekasan, dadi ora langgeng. Nanging sajroning wektu dhiri mau madeg, ora ngrasakake marang kang aran wekasan, mung ndeleng ING KABIRE yen wong mati iku ana. Dene prakara ndeleng wong mati, iku dudu kanyatan tumrap rasa dhirine, (yaiku sababe arang banget wong donya kang nduweni pangraita lan pamikir prekara mati. Iya bener kerep ndeleng wong mati, nanging ora kalebu ing rasa pangrasa (ora klebu dadi pangalaman, sajroning wektu dhiri mau isih madeg).

Enggone ora ngrasakake marang wekasan mau iya dadi ayang-ayanganing kalanggengane pangeran.

Mangsa kang dienggoni dening si Suta diarani : SAIKI. (dienggoni tegese dirakake).

Saiki KANG ATEGES WEKTU mau ya dadi ayang-ayanganing saiki KANG MENGKU SALIRING WEKTU, arane ing basa Arab : kanjanmahfiyan.

Ora ana dhiri bisa ngrasakake marang BIYENE utawa mBESUKE. Kang dirasakake ora liya yang mung SAIKINE. Lire wong kelingan lakon biyen, enggone kelingan mesthi ana ing SAIKI mangkono uga mBESUK, iya digagas ing SAIKI. Dadi RASA BIYEN KARO RASA mBESUK ora ana kabeh. Kang ana mung RASA SAIKI. Iya RASA SAIKI iku ayang-ayanganing SAIKINING PANGERAN,  kang mengku saliring mangsa.

Si Suta yen ngarani panggonan kang lagi dienggoni, nganggo tembung : KENE.

Kene KANG ATEGES PANGGONAN iku, ayang-ayanganing kene, kang ateges :KANG MENGKU SALIRING ARAH LAN ENGGON. Arane ing basa Arab : ngaras kursi.

Ora ana dhiri bisa ngrasakake marang KANANE. Kang dirasakake ora liya ya KENENE, iku pamikir lan nggagas kahanan kang diarani ANA ING KANA, iku pamikir lan panggagase mesthi ANA ING KENE. Iya RASA KENE KANG TUMRAP PANGGONAN iku ayang-ayanganing KENENE PANGERAN, kang mengku saliring enggon.

SAHIRE si Suta prenahe ing BATINING KABIRE si Suta.
Pangiloning kajaten, prenahe ing  :  batining sahire : SI Suta.
Kajaten kang ngilon, prenahe ing : BATINING PANGILON.

III. YEN kahanan jati ngilo nganggo : ALAMING RASA KASWARGAN, kajaten katone saka ing kono awujud dhiri wong swarga, yaiku : ENGETAN PADHANG + RASA ADHEM LAN SENENG +BLEGERING BADANE ALUS,  kang kadadeyan saka bebakalaning Mutmainah. (ngelingana bab rasa lelima, kang kasebut ing bab 11).

Engetan lan rasa pangrasaning wong swarga mau SAHIR : tumrap alaming wong swarga. Dene KABIRE, yaiku : gumelaring swarga, kapetung dalah blegering dhiri dhewe.

Mulane diarani : AYANG-AYANGANING KAHANAN JATI, awit kahanan kang mangkono iku DISENGGUH KAHANAN KANG SANYATA-NYATANE, dening wong swarga.

Prekara liya-liyane kang mratelakake ANANE lan KAHANANE : ora prelu karonce maneh, cukup nganggo tuladha pangalamaning wong donya kang kasebut mau.

Ayang-ayanganing kahanan jati kang katon ing martabat kadewan, kajiman, kasetanan lan liya-liyane, uga cukup nganggo tuladha siji ing ngarep. Bab tataraning pepadhange, goroh temene lan rasane, ….. kiraku kang maca iki mesthi bisa nimbang dhewe.

IV. YEN KAHANAN JATI  ngilo nganggo martabat tetuwuhan utawa watu, kajaten katone saka ing kono : PETENG, ora katon apa-apa, ora krasa apa-apa. Lire tanpa kaelingan apa-apa. Iku kena diumpamakake wong ngilo nganggo blabag ireng. Ing blabag ireng mau digoleki rupane kang ngilo : ora ana apa-apane.

Tetuwuhan tak tembungake ORA DUWE RASA DHIRI, ora ngreti yen dhirine ANA, ora sumurup yen jagad iku ANA, ora ngreti yen Pangeran ANA. Kajaba ora ngreti marang ANANE MAU KABEH, ya ora ngerti yen DHEWEKE ANA, sarta ora ngreti yen dheweke ORA DUWE PANGERAN, utawa KAELINGAN.

Tetuwuhan sarta watu kena diupamakake : netepake yen jagad gumelar iku ORA ANA. Pangeran ORA ANA. Kahanan siji bae ORA ANA, ORA ANA KAHANAN. Ora pisan-pisan nekseni marang ananing kahanan kabeh. Kekembangan kang endah, nyenengake, arum gandane, dialembana ing Manungsa sarta disawang dening para luhur ana ing tengahing meja marmer, ora pisan-pisan bisa ngreti yen dheweke ana, ora nyana disenengi lan dialembana. Padha bae karo wayang, kayata : Janaka, ditonton sarta disawang wong akeh, nanging kang disawang mau ora sumurup yen ana. Ora kanggonan ing bungah susah lan lara kapenak. Nanging peteng ndhedhet limengan. Ora ngreti apa-apa. Ora ngrasakake panandhang, lan ora ngrasa marang nikmat lan mupangat.

V. YEN KAHANAN JATI ngilo nganggo Pramana sajati (sipat maknawiyah), kajaten katon sawungkuling Sipat kang nyata sanyata-nyatane ing Pangeran piyambak. ($)
——————————-

($). Kodrat, Iradat, sapanunggalane, (kang kasebut ing dhuwur mau) ka-aranan sipat mangani, yaiku kang awujud jirim. Dene : kodiran muridan sapanunggalane : karanan sipat maknawiyah, awor karo “DZAT” (bangsa kang ukuran kaping IV, kapratelakake ing layang Jatimuri).

…@@@…

Sumber : Buku Serat Wewadining Rasa, Cap-capan I Tahun 1985.
Penerbit : Yayasan Djojo Bojo SURABAYA.

BAB XII. EMPAN – PAKAN – MEMPAN


a. Wong ngempakake geni, iku tegese : wong mau MAKARTEKAKE geni. Pakartining geni arane : murub utawa mengangah. Dadi wong mau agawe, murih genine murub utawa menganggah.

Geni mau supaya MAKARTI nganggo lantaran PAKAN. Pakane : kayu garing utawa lenga. Kayu garing utawa lenga iku dadi LANTARANE MAKARTINE sigeni.

Kayu teles, diempakake ORA MEMPAN. Tegese : ORA KALEKSANAN MAKARTI marga dilantari kayu teles. Kayu garing diempakake ing geni, mempan, tegese kaleksanan sigeni MAKARTI rehne dilantari kayu garing.

D A D I :

Empan, tegese : pakartine.
Pakan, tegese : lantaraning makarti.
Mempan, tegese : makarti mawa lantaran.

b. Wong ngempakake pandulu, tegese : wong mau MAKARTEKAKE pandulu. Pakartining pandulu arane NDULU. Dadi wong mau agawe murih pandulune ndulu (pandelenge ndeleng).

Pandulu mau supaya makarti, nganggo lantaran PAKAN. Pakane : rerupan, kayata rupaning kembang iku kang dadi LANTARAN MAKARTINE si-pandulu.

Barang ing pepeteng; diumpamakake ORA MEMPAN. Tegese ; pandulu ORA KALEKSANAN MAKARTI dilantari barang ing pepeteng. Barang ing pepadhang diempakake ing pandulu, mempan, tegese : kaleksanan si-pandulu mau MAKARTI dilantari barang ing pepadhang.

D A D I :

Empaning pandulu, tegese : makartining pandulu.
Pakaning pandulu, tegese : rerupan kang dinulu.
Mempaning pandulu, tegese : makartining pandulu lantaran rerupan.

c. Murid ngempakake pikiran, tegese : murid mau MAKARTEKAKE pikiran. Pakartining pikiran arane : MIKIR. Dadi murid mau agawe, murih pikirane mikir.

Supaya pikiraning murid mau makarti, ya nganggo lantaran PAKAN. Pakane : samubarang kang dipikir, kayata : etungan. Etungan mau dadi lantaran makartine si-pikiran.

Etungan kang kangelan, (kayata : Aljabar diwulangake marang bocak cilik) ora mempan. Tegese : ora kaleksanan makarti dilantari Aljabar, marga ora runtut karo pikirane bocak cilik. Etungan kang murwat karo pikirane kang etung diempakake, mempan, tegese : kaleksanan pikiraning bocah makarti dilantari etungan kang murwat.

d. Wong ngempakake pangrasa ilat, tegese wong mau MAKARTEKAKE pangrasa ilat. Pakartining pangrasa ilat aran : NGRASAKAKE PEPANGANAN. Dadi wong mau AGAWE murih pangrasa ilate NGRASAKAKE.

Supaya pangrasa ilat mau makarti, ya nganggo lantaran pakan. Pakane, panganan, upama : gedhang iku dadi lantaran makartine si-pangrasa ilat.

Panganan kang ora diarepi, diempakake : ORA DOYAN. Ora doyan iku tegese : ORA MEMPAN tumraping pangrasa ilat. Dadi ORA KALEKSANAN MAKARTI dilantari panganan kang ora diarepi. Gedhang diempakake : doyan, tegese : MEMPAN utawa KALEKSANAN MAKARTI dilantarai gedhang.

e. wong ngempakake napsu Mutmainah, tegese : wong mau makartekake napsu Mutmainahe. Pakartining napsu Mutmainah iku, ngrasakake beciking Pangeran utawa titahe. (Ngrasa suka sukur utawa duwe panarima). Dadi wong mau agawe murih Mutmainahe ngrasa suka sukur, marang Pangeran, utawa nduweni panarima marang sapadha-padha tumitah.

Supaya Mutmainah mau makarti, ya nganggo lantaran pakan. Pakane : kawruh Maha Murah lan Maha Asihing Pangeran utawa kabecikaning titah.

Kawruh Maha Murah, Maha Asih sarta kabecikan mau kang dadi lantaran makartekake Mutmainah. Mutmainah banjur ngrasakake kaluhuraning Pangeran. Utawa nindakake panggawe kang salaras karo kasukurane.

Panyana la utawa kliru marang Pangeran lan sapapadhaning tumitah, diempakake ing Mutmainah, ora mempan (ora doyan), tegese : Mutmainah ora kaleksanan makarti dilantari panyana ala. Nanging yen panganggep becik mempan (doyan).

f. wong ngempakake bapsu Amarah, tegese : wong mau makartekake napsu Amarah. Makartining napsu Amarah, panyana ala marang Pangeran lan titah, wujude : ngresula, manglah, gegethingan, muring, pansaten….. Dadi wong gawe murih Amarahe ngrasakake panyana kang kleru.

Supaya amarah mau makarti, nagnggo lantaran pakan. Pakane : panggawe ala utawa sasar, (panggawe kang asale saka setan, kang kasandhang ing Manungsa). Panggawening setan (panggawe kang nyulayani kapangeranan), dadi lantaran makartine si Amarah.

Panggawe becik lan bener (sarujuk lan Rasa Budi) diempakake ing Amarah, ora mempan (ora doyan). Tegese : ora kaleksanan si-Amarah makarti dilantari panggawe kang rujuk karo Budi Rasa. Nanging yen sarujuk karo watak kasetanan : mempan (doyan).

g. Wong ngempakake napsu Supiyah, tegese : wong mau makartekake napsu Supiyah. Pakartining Supiyah kang luhur, karem ngrasakake kabagusaning Alam kang luhur. Supiyah kang asor, karem kabagusaning Alam kang asor. Dadi wong mau agawe kareming Supiyah marang kabagusaning Alam, (kabagusan luhur utawa asor).

Supaya Supiyah kang luhur makarti, ya nganggo lantaran, pakane : kabagusan kang luhur. Supaya Supiyah kang asor makarti. Pakane : kabagusan kang asor. Kabagusan asor, dadi lantaran makartine Supiyah asor.

SUPIYAH LUHUR diempani KABAGUSAN ASOR : kurang mempan.

SUPIYAH ASOR diempani KABAGUSAN LUHUR : kurang mempan.

SUPIYAH LUHUR diempani pakananing Amarah : kurang mempan.

SUPIYAH ASOR diempani pakaning Amarah : mempan.

SUPIYAH LUHUR diempani pakaning Mutmainah : mempan.

SUPIYAH ASOR diempani pakaning Mutmainah : kurang mempan.

SUPIYAH ASOR diempani pakaning Amarah : mempan.

MUTMAINAH diempani pakaning Supiyah luhur : mempan.

MUTMAINAH diempani pakaning Supiyah asor : kurang mempan.

MUTMAINAH diempani pakaning Amarah : ora mempan.

Dadi Supiyah luhur iku salaras karo Mutmainah. Iku tegese : wong ngrasake kabagusan luhur (kaendahan) iku narik marang pakartine Mutmainah. Mangkono uga tetimbangane : ngrasakake rasa bekti iku narik marang rasa kabagusan luhur. Ringkese : RASA KAENDAHAN LUHUR iku tarik-tinarik karo RASA BEKTI. (1).

Kosokbaline : ngrasakake marang barang kang elek, (jelek) iku narik marang Amarah (gela, muring). Iku pakartining Supiyah asor.

Sarehne Supiyah asor kurang mempan marang Mutmainah dadi mempane Amarah.

RASA : dipakani rahsa kang alus : mempan. Dipakani rahsa kang kurang alus : kurang mempan. Dipakani rahsa asor ora : mempan.
—————————

(1). Rasa kaendahan (shoonbeidsgevoel) tarik-tinarik karo alusing bebuden.

ANCASING SEMADI

Ancasing semadi iku ngempakake rahsa alus marang RASA, utawa ngempakake angen-angen alus marang Budi.

Kena uga ka-aranan ngempakake RASA marang rahsa kang alus, utawa BUDI marang ANGEN-ANGEN ALUS.

Katembungake liya, nepungake PANCADRIYA KANG ALUS, marang : WEWENGKONING KAJATEN.

Supaya wewengkoning kajaten mempan marang alusing pancadriya, utawa alusing pacadriya mempan marang wewengkoning kajaten, …… karo-karone kudu ngemperi.

Manawa rahsa durung lerem sarta angen-angen durung ening, diempakna rambah-rambah ora mempan. Ewa dene yen ditlateni bae enggone ngempakake, sangsaya lawas sangsaya nyedhaki marang mempane.

NGURIP – URIP

Urip, tegese : MAKARTI utawa BISA MAKARTI.

Makarti, tegese : ngempakake dayane.

Ngurip-urip, tegese : ngudi lestarining pakartine utawa lestarining bisa makarti. Kayata :

a. Tanduran jeruk di-urip-urip, tanduran mau diudi murih lestari urip, yaiku lestarine bisa makarti (tuwuh, semi, mundhak gedhe, awoh……) sarana diweneh pakan. Pakane : jasad cuwer ing lemah lan jasad kumukus ing hawa. Mempane utawa donyane : kaleksananing makarti dilantari jasad ing lemah lan ing hawa, suburing tuwuhe : nganakake godhong, kayu lan uwoh.

b. Kakuwataning tangan diurip-urip, tegese : tangan mau diudi murih lestari bisane nyenyekel, angkat junjung sapanunggalane. Pakane : Barang-barang kang digarap utawa dijunjung, kayata : bandhul. Mempane : kaleksanane makarti ngangkati bandhul rambah-rambah. Suburing tuwuhe : gedhe kekuwatane, banjur karan rosa, tegese : kelar ngangkat barang kang abot-abot.

c. Pikiran diurip-urip, pikiran mau diudi murih lestari bisa memikir, sarta mundhak-mundhak kakuwatane. Pakane : samubarang kang prelu pinikir, kayata : piwulang ing pamulangan. Mempane : kaleksanane bisa mikir piwulang warna-warna. Suburing tuwuhe : gedhe kekuwatane, banjur ka-aranan pinter, tegese : bisa mikir prekara kang angel-angel.

d. Napsu Mutmainah diurip-urip, Mutmainah mau diudi murih lestari ngrasakake kasukuran marang Pangeran, lan ngrasakake kabecikaning titah. Pakane : kawruh (kanalaran) bab kaluhuran, kawicaksanan, Maha Asih lan Maha Murahing Pangeran, apa dene kawruh bab kabecikaning Manusa (enggone samad-sinamadan) tuwin kabecikaning titah kabeh. Mempane : yaiku kaleksanane bisa ngrasakake marang kang kasebut mau. Suburing tuwuhe : gedhening kakuwatane. Lire gedhe kakuwatane yaiku : kuwat kataman sakseriking sapadha-padha (ora niyat males ala utawa thukul gething). Kuwat nampa panandhang kang ora kepenak (ora ngresula), kayata : lara lan susaha ora mundur tekade marang kautaman. Kuwat sukur sajroning nampa panandhang. Kuwat ambeg asih sajroning nampa piala saka liyan. Kabeh iku ateges alus utawa luhur bebudene, gedhe kasabarane, tuwajuh utawa tawakal, marga dhasare welas-asih marang sapadha-padhaning titah. Kosokbaline : wong kang nepsu tampa piala utawa ngresula tampa panandhang pait, iku Mutmainahe isih ringkih, kalah karo Amarah.

Cobaning Pangeran sarta alaning liyan, iku tumraping Mutmainah, kena kaupamakake bandhul tumrap marang tangan kang mredi karosan, utawa : piwulang kang angel tumrap marang oikiran kang marsudi kapinteran. Tandhaning ringkih iku : durung kuwat, Tandhaning kuwat : lestari pakartine (lestari uripe) sanajan dibandhulana.

Urip Mutmainah yaiku lestari anggone ngrasakake marang rasaning rila, lega, legawa, ayem, tentrem, suka sukur welas asih, bekti, ora pegat-pegat rinasa ing saben dina aran urip Mutmainahe iku MAKARTINING MUTMAINAH. Dene makartine Mutmainah iku, enggone ora kendhat ngrasakake marang rasa kang mangkono.

Subur, tegese : gedhe pakartine utawa Kuwat dayaning pakartine. Amarahe kalah, kongsi sirna babar pisan.

Mutmainah kang mangkono iku, satemene wis katumusan ing rasa jati.

Dadi ngurip-urip iku karepe padha bae karo “gymnastiek” (olah raga). Kabeh ancase ngundhakake kakuwatan, sarana ngempakake dayane. Sadhengah kang duwe daya, yen kulina diempakake, mesthi dadi mundhak-mundhak dayane. Dene kang dadi pepalange utawa kang KA-ANGGEP MUNGSUHE iku satemene mung dadi LANTARAN MURIH MUWUH GEDHE ENGGONE NGEMPAKAKE KAKUKUWATAN, ora beda karo bandhul tumraping tangan kang marsudi karosan, utawa GARAPAN ANGEL tumraping pikiran kang marsudi kapinteran. Dayaning Amarah, Supiyah lan Aluamah, kaanggepa lantaran murih MUTMAINAH, ANGEN-ANGEN LUHUR TUWIN BUDI RASA : ngempakake dayane kang luwih gedhe. Empan kang luwih gedhe iku prelu banget tumrap kemajuaning jiwa. Kang aran cobaning Pangeran, iku GARAPAN tumrap jiwa kang ngungkap diwasa. Prelune supaya jiwa mau wuwuh kawicaksanane, dening weruh PANGALAMANING RASA maneka warna. Sanajan godhaning kasetanan pisan, ora susah dianggep mungsuh, dianggepa piranti utawa lantaran pangudining kawicaksanan. Kang maca layang iki bakal bisa ngreti dhewe mungguh prelune Pangeran kang Mawa Wikan nitahake setan, ora liya ya kanggo kapreluwaning Manusa iku sipating Pangeran.

mBanjurake bab ulah raganing jiwa

e. Ancasing semadi iku dudu : nganggur, dadi aja dianggep kaya wong arep turu. Sajatine ya “gymnastiek” tumrap marang budi rasa.

Sajroning semadi ngempakake dayaning ELING + RASA. Elinga kang kapretelakake ing bab : 5. bab rasa sajati.

Rasakna kang kapretelakake ing bab : 76, bab woring Budi lan Rasa.

Ngrasakake pratelan kang kasebut ing bab : 9, iku gymnastiek, tumraping Rasa lan Budi.

Dene kang minangka BANDHUL utawa GARAPAN ANGEL yaiku dayaning angen-angen asor, Supiyah, Luamah lan Amarah.

Yen manusa bisa ngalahake patang prekara iku (angen-angen asor, Supiyah, Luamah, lan Amarah) tartamtu dadi mundhak gedhe dayaning kasuksmane, marga keconggah nggarap garapan kang angel, rokel (pating brenjul), gawat lan rungsit.

…@@@…

Sumber : Buku Serat Wewadining Rasa, Cap-capan I Tahun 1985.
Penerbit : Yayasan Djojo Bojo SURABAYA.

BAB XI. LIMPUT-LINIMPUTAN UTAWA URUP-INGURUP : SAHIR KABIR KARO SAHIR KABIR : TUMRAP ALAM SIJI LAN SIJINE


a. BAB SIHIR

Yen kang maca iki wis ngerti KANTHI TERANG sarta bisa ngrasakake KANTHI MEMET marang kareping andharan kang kasebut mau kabeh, mesthi bisa nyandhak marang karepe pratelan ing ngisor iki.

1. Bab tegese URIP ING ALAM DONYA (1)

Tetembungan wong urip ing ALAM DONYA iku tegese : rasa dhiri kang lagi kalimputan ing rasa kajasmanian, jalaran rasa kajasmaniane kang lagi dadi peranganing rasa dhiri  KANG KANDEL DHEWE. Sarehne kandel dhewe, banjur ngurupi (nglimputi) marang rasa kaswargan lan rasa kanerakan.

Awit dening rasa kaswargan kalimputan ing rasa kajasmanian, wekasane kabiring kaswargan (yaiku jagad kang aran swarga) sirna wujude, mung kari : RASANE bae. Sirnaning jagad swarga mau sabab kalangkib (ketutup) dening wujuding jagad donya. Kang mangkono mau angen-angen banjur ngira : awang-uwung kang tanpa wates jembare mung isi donya thok. Iku kena kaupamakake kacaning buku kang kalangkib, katutupan ing kaca liyane, mesthi kaca kang katutupan mau kaling-kalingan dening kaca kang nutupi. Ewa dene senajan kabire katutupan, nanging SAHIRE (RASANE) isih dirasakake uga, kayata : yen wong donya mau pinuju ngrasa : SENENG, AYEM, TENTREM, WELAS, ASIH, TRESNA, BEKTI, SUKA SUKUR, RILA, LEGAWA…….. sapanunggalane, iku kabeh RASA KASWARGAN, dudu rasa kajasmanian. Mung bae, mesthi ora kandhel kaya yen ngalami kabiring kaswargan. Mulane rasa kaswargan ing alam donya : tipis, awit saperangan gedhe rasa kajasmanian kang kandel mau. Wuwuh-wuwuh sabab sahiring kajasmanian korup marang kabire. Lire sahir korup marang kabir iku kayata : rerupan dianggep sajabaning pandulu, swara dianggep sajabaning pangrungu, asin dianggep ana ing uyahe.
———–

(1) Tegese urip ing kene : MAKARTI, dudu  KANG MAKARTI.

Kang bisa mikir dianggep dimak. Kang bisa ndulu dianggep si-mripat kasar. Rasa dhirine dianggep badane kang wadhag ………. sapanunggalane, kang ateges : BADAN WADHAG DIANGGEP BISA MIKIR LAN NGRASAKAKE SARTA DUWE KAWRUH (ngorakake ananing wujud kang alus) mangkono iku tak tembungake : sahire korup marang kabire.

Ing dhuwur mau mratelakake rasa kaswargan luhur sok mencungul ana ing donya.

BAB RASA KANERAKAN
KANG SOK MENCUNGUL ANA ING DONYA

Awit dening rasa kanerakan kalimput ing rasa kajasmanian, dadi KABIRING kanerakan, (jagad kang sinebut naraka) sirna wujude, mung kari RASANE bae. Sirnaning jagad naraka mau ya sabab kalangkib, katutupan ing wujuding jagad donya.

Ing awang awung kang tanpa wates jembare digolekana, ora bakal tinemu karo kang aran naraka, kabeh-kabeh donya. Iya kena kapindhakake kacaning buki kang mawa gambar naraka : kelangkib, ketutupan ing kaca kang kebak gambar donya. Ewa dene sanajan kabire katutupan, nanging : SAHIRE (RASANE) isih sok dirasakake, yaiku yen wong donya pinuju muring, nesu, gegething, sesatron, jail, drengki, panasbaran, mangkel, maeka, nindakake kadurjanan, ngresula, susah, bingung, ketir-ketir, nar-naran, sapanunggalane. Rasa kang mangkono iku wewengkoning rasa kanerakan, dudu kajasmanian. Amung bae tumrap ing donya mesthi ora kandhel kaya yen  ngalami kabiring kanerakan. Mulane rasa kanerakan ing donya : tipis, awit saperangan kang gedhe saka rasa dhirine : dianggo ngrasakake rasa kajasmanian kang kandel iku. Wuwuh-wuwuh rehne sahir iku lumrahe korup marang kabir.

BAB RASA KASWARGAN MADYA,
KANG SOK MENCUNGUL ING DONYA

Ait dening rasa kaswargan madya kalimput ing rasa kajasmanian, kabiring kaswargan madya (yaiku kang aran swarga kamukten, swarga ning jin peri sarta kaendran) sirna wujude, mung kari rasane bae. Iku ya sabab kelangkib, ewadene senajan kelangkib kabire, nanging rasane (sahire) ora melu sirna, isih sok dirasakake, yaiku : yen wong donya pinuju krasa dhemen, lam-lamen, seneng, gandrung, ngrasakake laguning gendhing utawa tembang, nyawang wewangunan kang adi endah utawa milangoni, sengsem nonton wayang, nikmat nalika mbegsa, ngrasakake marang endahing kagunan adi  (kunst) ……. sapanunggalane, kang aran ngrasakake marang rasa kaendahan (schoonheidsgevoel), nges-ngesaning samubarang kang mawa nges. Rasa kang mangkono iku dudu rasa kajasmanian, nanging rasa kaswargan madya. Panunggalane rasaning jin peri. Mungguhe : marang rasa ka-endran, kang banjur sambung karo rasa kadewatan. Aluse maneh sambung karo kaswargan luhur. Nanging tumrape wong donya, mung ngrasakake saperangan cilik utawa pucuke bae, tur wis prasasat malih rasane, dene kakehan momorane.

BAB RASA KASWARGAN ASOR
KANG SOK MENCUNGUL ING DONYA

Rasa kaswargan asor kang sok mencungul ing kajasmanian, yaiku : rasa bungah kang tinggal eling, rasa kamurkan, pangangsa, penginan lan kemilikan barang donya, bungah sabab nglakoni ngabotohan, bungah sabab mbedhang, ugal-ugalan, sesembranan utawa gawe guyon marang liyan, klejingan, cremedan, ngapus, nyolong, sapanunggalane, cekake kabungahan lan kamareman kang asor lan remeh, sarta kang gandheng karo panggawe maksiyat, katindakake tinggal nalar. Sarehne iku kalebu ewoning kabungahan lan kamareman, sanajan tanpa nges, ya ewoning rasa kaswargan uga, nanging kaswargan jlomprongan. Kabiring kaswargan jlomprongan meksa luwih endah katimbang donya. Sabab, bebakalane luwih alus klatimbang donya kang wadhag iki.

Rasa kaswargan asor iki, sarehning kadadeyan saka napsu kang kasar, mulane gampang bisane sambung karo rasa kanerakan. Lire, yaiku : napsu supiyah kang kasar cepak amore karo napsu amarah. Jalaran saka iku, makhluk kang padha ngalami swarga panasaran, watake akeh kang kamomoran watake kasetanan, yaiku : tegelan lan dhemen gawe kapitunan marang sapadha-padhane tumitah.

1. BAB JASMANI KANG ALUS BEBAKALANE

Kang maca layang iki aja ngira yen sawerna-wernaning bebakalan kang kasebut mau CETHA WATESE tumrap siji lan sijine, kang banjur diemper-emper lelapisan utawa sapsapan.

Antaraning jenis siji karo jinis liyane, mesthi ana panggandhenge kang awujud momorane jinis siji karo jinis liyane.

Momorane iku mujudake bebakalan kang seje maneh, sing kahanane ngemperi marang karo-karone.

Badan wadhag karo badaning napsu luamah, ana antarane, dak arani : JASMANI ALUS NYEDHAKI KADONYAN.

Badan wadhag karo badaning napsu amarah, ana antarane, dak arani : JASMANI ALUS NYEDHAKI KASETANAN.

Badan wadhag karo badaning napsu supiyah, ana antarane dak arani : JASMANI ALUS NYEDHAKI KAJIMAN.

Badan wadhag karo badaning napsu mutmainah, ana antarane dak arani : JASMANI ALUS NYEDHAKI KASUKMAN.

Kang disebut RAHSA, dening layang iki, yaiku BADANING nepsu patang prakara kang kasebut ing dhuwur iku dalah RASANE pisan.

Kang diarani, ANGEN-ANGEN, yaiku : sunaring Budi kang wis tumiba marang sadhengah badan. Sarhne sadhengah badan mesthi ana RASANE, mangka RASA mau kasorotan ing pepadhang, ing kono rasaning badan mau banjur NGRASAKAKE marang PADHANGE.

RASA rasaning padhang kang rinasa dening badan ka aranan : angen-angen. Awit saka iku, banjur ana sebutan angen-angen peteng, angen-angen padhang, angen-angen luwih dening padhang (angen-angen luhur).

Padhang lan petenge iku sejatine, gumantung ing DHASARE kang nampa sorot.

Kang doarani angen-angen SUMEBAR, yaiku : sunar kang tumiba ing JASMANI ALUS utawa NAPSU KASAR.

Ananging aja kinira yen angen-angen iku tanpa bebakalan. Sawarnane kang aran badan alus mesthi ana bebakalane.

Bebakalane iku wong Jawa ngarani : wujude. Wong Arab ngarani : jisime. Wong Walanda ngarani Staf, (wujud, tegese : ANA).

Bebakalan, (kawujudan, jisim utawa staf) iku, tumrap ing kajaten : mung KEDHER. Kedher iku kaya daya pangwasaning kajaten. Pangwasa iku makarti kanthi kawicaksanan.

Wujud disebut SIRNA, iku tumraping kasunyatan, mung kedhere kang LEREN. Dadi kang sirna : kedhere (kedherane).

Kanggo nggampangake panalaran mangkene, pangwasa mau upamakna :electriciteit”, dayane nganakake DAYA PANGGENDENG ing wesi brani, nganakake PAPADHANG ing diyan, nganakake GENI ing pamasakan, nganakake SWARA lan KILAT ing hawa, nganakake KAROSAN ing mesin-mesin……… lan liya-liyane. Nanging ora ana kang weruh wujude electriciteit, mung weruh dayane utawa kedhere bae.

Dhiri kang kalimput ing JASMANI ALUS NYEDHAKI KADONYAN iku, kadadeyan saka kandeling napsu luamah (ngegungake dhahar guling lan syahwat). Engetane peteng, awit kang madhangi : angen-angen kang wis sumebar. Dhiri kang kalimputan ing luamah mangkono iku, lawas enggone kandheg ing jagad peteng, malah terkadhang isih momor karo donya, sabab butuh karo pepanganan. Alame ana kang ngarani De donker (jagad peteng).

Dhiri kang kalimput ing JASMANI ALUS NYEDHAKI KASETANAN, kadadeyan saka kandeling napsu luamah lan amarah, (ngegungake luamah lan amarah), engetane remeng-remeng. Dhiri kang kalimputan ing amarah mangkono iku lawas enggone kandheg ing jagad lelara lan pepanas. Malah terkadhang momor wong donya, prelu mung gendhak sikara, ndusiri jail, cengilan, panastene. Alame ka-aranan : naraka utawa Hel.

Dhiri kang kalimputan ing JASMANI NYEDHAKI KAJIMAN, kadadeyan saka kandeling napsu luamah lan supiyah, (ngegungake luamah lan kesenengan warna-warna). Engetane kalebu padhang. Dhiri kang kalimputan ing kandeling supiyah mangkono iku lawas enggone kandheg ing jagad madya, malah terkadhang momor karo wong donya, karanan bangsa jin utawa peri, nanging satemene isih tetep manungsa kang nyamleng karo wong donya, malah akeh sing becik watake tetulung lan ngudi kawruh kasunyatan, nindakake agama lan sapanunggalane. Alame karanan rohiyah utawa Lotering, yaiku alaming swarga madya perangan ngisor. Manawa tipis luamahe enggal marang perangan luhur.

Dhiri kang kalimputing ing  JASMANI ALUS NYEDHAKI KASUKSMAN kadadeyan saka kandeling napsu luamah lan mutmainah (ngegungake luamah nanging bebudane alus), lawas enggone ngalami swarga luhur perangan ngisor. Terkadhang ya momor karo wong donya, prelu tetulung, ngopeni manungsa, mbantu marang kodrat. Alame kaaranan kadewan, nanging perangan ngisor. Manawa ora kandel luamahe, enggal marang perangan luhur.

KATRANGAN

Kang aran k a d e w a n (DEWATJAN), iku pratitising tembung : alaming angen-angen luhur, yaiku : swarganing angen-angen, dudu alaming mutmainah (swarga katentreman) nanging  WIS PRASASAT ORA ANA BEDANE kadewatan, karo swarga luhur iku, awit tansah lira-liru, butuh-binutuhan, lire mangkene : rasa katentreman mematuh marang padhange angen-angen luhur, angen-angen luhur butuh marang rasa katentremaning mutmainah. Mulane butuh-binutuhan, saba sawarna-warna ora ana kang bisa madeg dhewe, yen ora karo liyane. Karo-karone ing basa Walanda ka-aranan “Negatiefvorm” tegese : kang siji ora bisa madeg dhewe yen ora karo sijine. (1) Yen rong warna wis awor, lah iku lagi MADEG. Yen madeg, ing kono banjur ana DHIRI.

Dhiri tegese, ADEG utawa DEG-DEGAN, oleh-olehaning DEG (berdiri). Kang madeg, dhapukaning adon-adon.

Swarga madya ing perangan luhur; gandhenge karo kadewatan, alantaran angen-angen luhur. Dene gandhenge karo swarga katentreman, lantaran alusing rahsa.

Dadi tetela, badan alus iku, sangsaya alus sangsaya gampang bisane amor (weruh wineruhan) marga sangsaya nyedhaki marang kasunyatan.

Nyedhaki marang kasunyatan iku ateges nyedhaki marang manunggal.

Nyedhaki marang kasunyatan iku ateges nyedhaki marang JEJERING sakabehe KAHANAN, yaiku KANG DITUNGGALI dening kabeh kahanan.
—————————

(1) Katembungake Jawa : Tetep-tinetepan.

2. TEGESE MUNGGAH ING SWARGA

Tetembungan ANA ING SWARGA iku, tembung ANA ING, sajatine ora ateges manggon. Tetembungan MUNGGAH SWARGA iku tembunge MUNGGAH, ora ateges marani panggonan sing ana sa-dhuwure. Tetembungan TUMURUN ING DONYA, iku tumurune ora ateges teka saka ing panggonan kang dhuwur menyang panggonan sa-ngisore.

Ana ing swarga iku ateges kang sejati : dhiri kang lagi kalimputan ing rasa kaswargan (rasa adhem lan padhang), jalaran rasa KASWARGANE kandel banget, ngorupi (nglimputi) marang rasa kajasmanian.

Rasa kajasmanian kalimputan ing rasa kaswargan, iku tegese : rasa kajasmanian mau ya isih rinasakake ALUSE, nanging mung rinasa DADI UBARAMPENE utawa WEWENGKONE bae, ora rinasa dadi LUGUNING AWAK (DHASARE). Kang rinasa dadi BAKUNING BADAN, yaiku rasa adhem lan padhang (adheming ati, padhanging engetan).

Terange prekara iku, nganggo tuladha mangkene :

Ngupamakna wong nganggo tesmak abang, samubarang kang dinulu katone abang kabeh, warna abang iku DHASARING PANDULUNE, iku upamakna dhasaring rasa kaswargan. Sanajan dhasare mau ABANG nanging ora ateges ndulu godhong katon abang thok, isih ana ijone, nanging ijone semu abang. Barang kang putih dadi putih semu bang. Kang kuning dadi kuning semu abang. Mangkono sapiturute, sebab dhasaring pandulu : ABANG. Rasa dhasar tansah kasaklira tanpa pegat, nanging rasa liya-liyane, mung kala-kala krasane, kaya dene abang mungguhing wong nganggo tesmak abang : ora pegat-pegat rinasuk, nanging : ijo, putih, kuning, biru, wungu, mung kala-kala, tur mesthi kaworan abang.

Nganggo tuladha maneh :

Wong ngrasakake enaking panganan utawa omben-omben iku, lugune dhasare : PAKARTINING RASA ILAT, dudu pakartining pangganda, pandulu, pangrunggu sapanunggalane. Nanging sangsaya wuwuh enake yen kaworan PAKARTINING SANG GANDA ing sawatara, kayata : binarengake karo ngrasakake GANDANE kang arum utawa sedhep. Wuwuh maneh enake yen kawuwuhan PAKARTINING PANDULU kang weruh beciking wadhahe utuwa beciking rupane panganan mau. Wuwuh maneh yen kawoworan PAKARTINING PANGRUNGU kang ngrunggu swaraning untu sing muni kriyuk-kriyuk, …. Rasa kaswargan (adhem padhang) upamakna RASA ILAT. Rasa liya-liyane kayata : kajasmanian, kadewan, kajiman lan liya-liyane, upamakna rasaning pandulu, pangganda, pangrungu, pangenyam.

Rasa kaswargan, kadewan, kajiman, kanerakan….. kabeh diaku dening rasa kajasmanian, tegese : dianggep dadi UBARAMPENING rasa kadonyan, dening WONG DONYA.

Rasa kajiman kadewan, kajasmanian …. kabeh iku diaku dening rasa kaswargan, tegese : dianggep dadi UBARAMPENING rasa kaswargan dening WONG SWARGA.

Rasa kaswargan, kanerakan, kajasmanian, kabeh diaku dening rasa kajiman, tegese : dianggep dadi UBARAMPENING rasa kajiman, dening WONG JIM.

Rasa kajiman, kajasmanian, kadwan sathithik, ……. kabeh diaku dening rasa kanerakan, tegese : dianggep dadi UABARAMPENING RASA KANERAKAN, dening WONG NARAKA.

Saliring rasa kang kasebut ing dhuwur mau kabeh KAWENGKU dening kajaten.

DIAKU karo DIWENGKU,  ora padha, bedahe kapratelakake ing buri.

KATRANGAN

Rasa kaswargan luhur ora kanggonan rasa kanerakan sathithik-thithika. Rasa kanerakan ora kanggonan rasa kaswargan luhur sathithika. ***

b. BAB KABIR

ing dhuwur mau lagi mratelakake bab ka-SAHIRAN, saiki mratelakake KAKABIRAN.

Awit dening rasa kajasmanian kalimputan ing rasa kaswargan wekasan kabiring kajasmanian (jagad donya) sirna wujude, mung kari ALUSING RASANE (sahire) bae. Sirnaning jagad donya mau sabab kelangkib (katutupan) dening jagad swarga. Awang-uwung kang tampa wates jembare, mung isi kaswargan, ora ana kadonyane. Nanging …. sarehning sahir kabiring kaswargan iku alus (bening) dadi kena kaupamakake kacaning buku kang ngemperi kacaning jandhela (gedhah). Kaweningane (pepadhange) marakake ORA MAIDO marang ananing jagad donya. Iku lire : jagad donya ana kalane katon tinonton saka jagad swarga, samangsa ana prelune, katone ana amaya-maya.

Kanggo nggampangake kanalaran iki, mangkene : ngupamakna wong ngilo nganggo kaca jendhela, ngadeg sajabane jendhela, wong mau weruh ayang-ayanganing awake dalah ayang-ayangane sakehing kahanan saburine, kayata : plataran, wit-witan, sawah, gunung. Nanging wong mau ya weruh kahanan sajroning omahe, kayata : peturon, meja, kursi, sapanunggalane, kang katone amor dadi siji karoplataran, wit-witan, sawah, gunung. Iku : yen wong mau maspadakake kahanan sajroning omah bae, mesthi ayang-ayanganing kahanan sajabaning omahe, sirna. Dene yen mung maspadakake ayang-ayange bae, mesthi kahanan sajroning omah sirna (ora katon). Kahanan sajroning omahe upamakna : BAKUNING KAHANAN ing swarga, dene ayang-ayangane ing gedhah upamakna jagad donya, tumrap panrawanganing wong swarga.

Sarehne sawiji-wijining wong swarga iku ORA PADHA PEPADHANGE, mulane ana kang cetha, ana kang maya-maya panrawangane marang jagad donya, malah ana uga ora weruh babar pisan, kagawa saka kurang weninge tingaling rasane (pramanane), yaiku kang ngalami kaswargan perangan ngisor (kasar).

Sanajan kabiring jagad donya katon mung kaya ayang-ayangan ing gedhah kang tanpa rasa, utawa katutupan ing kacaning buku, …. nanging sahire (rasa kajasmanian) dirakake uga ALUSING JASMANINE. Iku tegese mangkene : rasa adhem mau ora mung kaya adheming  ATINE wong donya, nanging ngiras kaya adheming awake wong donya, nanging iku aluse, ora kasar kaya rasaning jasmani kasar.

Rasa kapenak, ya ora mung kepenaking ATI, uga kepenaking RASA JASMANI ALUS kang reraketan lan rasa ati. Rasapadhang ya ora mung padhanging ENGETAN bae, nanging ngiras dadi padhanging PANDULU kang waspada. Pepadhange engetan kang ngiras dadi padhanging tingal mangkono iku, ka-aranan : Pramana.

Ringkese : Rasa kaswargan ora kelangan rasa kajasmanian. Jagad swarga ora kelangan jagad donya. Nanging rasa kajasmanian lan jagad donya ora nguripi (nglimputi), malah korup kalimputan marang sahir-kabiring kaswargan.

Dadi ing alam swarga iku, sahir kabire ora korup marang sahir kabiring kajasmanian, malah ngorup sahir kabiring kajasmanian. Ewadene sanajan kaswargan pisan, sahir iku lumrahe sok korup marang kabire.

Mung dhiri kang wus bisa sambung karo kajaten, kang sahire ora korup marang kabire. Tumrap dhiri kang wus gathuk karo kajaten, saliring kabir iku ora ngorupi, malah korup marang kajaten.

KATRANGAN

Dhiri kang wis ngalami swarga luhur, sarehne ora kanggonan ing saliring kanerakan, ora bisa nonton marang kabiring kanerakan.

Bisane nonton, mung yen banjur ngrasuk bebakalan kasar (katembungake tumurun) kayata ngrasuk bebakalaning napsu supiyah utawa jasmani. ($)

Sarehning sawarna-warnaning bebakalan ORA CETHA WATESE tumrap jinis siji karo jinis liyane, dadi antaraning ka-mutmainah-an karo kadewan, kajiman, tuwin kajasmanian : mesthi ana bebakalan minangka panggadhenge, kang awujud momoraning ka-mutmaina-an karo liyane. Momor-momorane mau mujudake rasa dhiri kang beda sesipatane, nanging akeh empere sarta gampang bisane weruh-wineruhan. Uga padha ana kabire, kang sawarna-warnane gampang bisane gegayutan. Jalaran saka iku, badan alus kang luhur-luhur mau ana warna-warna jenenge, nanging yen prakara iku dipratelakake ing kene, layang iki dadi karoncen.
—————————-

($) Tumurun mau ana kang pancen saka karsa, ana kang sabab pineksa.

3. BAB TEGESE KECEMPLUNG NERAKA

KECEMPLUNG naraka, tegese : dhiri kalimputan rasa kanerakan (panas, lara) jalaran : rasa kanerakane kang lago dadi peranganing rasa dhirine kang kandel dhewe. Rasa kaswargan, kadewan, kajasmanian lan kajiman, kalimputan rasa kanerakan.

Iku tegese : rasa kajasmanian lan liya-liyane isih dirasakake, nanging rinasa dadi ubarampene bae. Apa maneh rasa kaswargane kang banget sethithike, ya banget kalimpute, kongsi ilang sipate. Luguning rasane : rasa ati LARA LAN PANAS.

Prekara iki ya kena diupamakake dhasaring pandulu kang ABANG : anggone ndulu rerupan warna-warna. Warna abang minangka rasa kanerakan, warna liya-liyane : kang minangka rasa kajiman, kajasmanian, kadewan lan kaswargan, rasa kaswargane : upamakna warna PUTIH, dinulu karo tismak abang, mesthi sirna babar pisan sipating putih.

Uga kena kaupamakake RASANING ILAT dibumboni rasaning pandulu, pangrungu, pangganda sapanunggalane.

Terang mangkene : rasa lara mau LUGUNING LARA : Laraning ati, tegese : susah, panas, bingung, muring kawatir, pegel, gemes, gething……. sapanunggalane, marga ora pegat-pegat enggone, OLEH JALARAN kang marakake tuwuhing rasa kang kaya mangkono, ing atine. Nanging aja kinira mung mligi rasaning ATI kang kaya rasa atine wong donya ya ngiras rasa lara kang kaya laraning AWAKE wong donya. Iku rasa lara kang tumraping JASMANI ALUS NYEDHAKI KANERAKAN,  kang kasebut ing dhuwur mau. Rasa rasaning jasmani alus kang lara mau, silara dadi ubarampining larane ati, raraketan amor dadi siji. Ora beda kahanane karo wong donya, yen atine panas, badane melu lara. Nanging tumrape kadonyan, durung sapira dayaning amarah enggone nggandeng marang rasa jasmanine, balik tmumrap kanerakan, iku rasaning amarah nglimputi marang rasa jasmanine. Rasa kaswargan asor (penginan marang kang remeh-remeh utawa bungah remeh enggal eling) iku mung kanggo nylundhingi ing sawatara marang rasane lara, lire : bungahe mung sedhela, banjur susah maneh kaworan muring lan ngresula kongsi lawas. Tur nalika bungah sadhela kaworan susah. Kala-kala dewe penginan kang banget sarta adreng. Nanging saking adreng lan bangeting kepinginan, kongsi krasa panas lan pegel, sarta sarehne tinggal nalar, banjur ora kaleksanankang dadi karepe, ndadekake cuwa, gela lan manglah kongsi lawas……… tansah mangkono bae salawase ngalami jagad naraka utawa “HEL”. Ora tau bisa nyandhet marang atine enggone KUDU-KUDU NGRASAK-NGRASAKAKE SING GAWE ORA KEPENAKING ATINE,  kudu-kudu muring, kudu-kudu pegel sarta gemes jalaran saka thukuling pangagas kang ala banget, nganggep ala marang kang linakonan marang sapadha-padhane tumitah. Nganggep ora adil marang pepesthen kang tumiba ing awake. Nganggep ara adil marang pepesthen kang tumiba ing awake nuli krasa kuwatir ketir-ketir utawa bingung nar-naran, jalaran nguwatirake kadadeyan kang ora prelu dikuwatiri. Dadi salawase ngalami kanarakan, sajege tansah golek-golek kanggo disusahi, golek-golek kanggo dipegeli lan digethingi, golek-golek kanggo dikuwatiri, golek-golek kanggo dipanasi, golek-golek kanggo dilara ateni ($).
—————————-

($) Kang golek mau ora padha ngrumangsani yen golek.

Mangkono bae selawas-lawase, ora lega yen ora golek-golek, mangka saben golek mesthi olehe, ora tau ora oleh, marga : sadhengah kang dicandhak utawa dinulu : gawe gela, susah, muring lan bingung. Rasa kadewan sethithik (angen-angen peteng) kang dumunung ing rasa kanerakan, uga rinasa mung DADI UBARAMPENING RASA kanerakan, lire mangkene : apa kang rinungu lan pinikir; mung nuwuhake gwla, susah, muring lan lara ati. Apa-apa kang dielingi dening angen-angen, mung nuwuhake panggagas sing ala, sing marakake gegethingan, cekake : tansah dirung kesusahan, lelara, pepanas, sesedih, bebingung…….. kang tanpa kendhat (aluwung ORA KELINGAN utawa ORA WERUH katimbang KELINGAN sarta WERUH, awit kaelingan lan kawruhe mau pakolehe mung nangekake SILARA lan SI PANAS), kabeh disengguh saka sa-jabaning rasa dhirine, ora rumasa pisan-pisan yen kabeh mau mung saka BONGGANE DHEWE. Mulane mangkono, awit kedhering bebakalan Amarah mau angel diendheg, tansah kudu makarti terusan, kang pakartine mujudake rasa lara lan panas.

Apa perlune rasa lara lan rasa panas mau digoleki ?

Apa sabab kepenak. Iku, ora sabab lara mau kapenak, mung sabab duwe watak kang ora cocog karo kapenak. Sing dicocogi rasa lara. Ora sabab panas iku krasa kapenak, mung sabab ora cocog karo adhem-adheman. Cocoge : panas-panasan. Ora sabab gegethingan iku nyegeri, mung sabab saka ora bisane nyandhet enggone KUDU-KUDU ngethingi apa-apa ing candhak-candhake. Ora sabab rasa kuwatir lan susah iku maremake, mung sabab saka EMOHE DIPENGING susah lan kuwatir. Jalaran ora cocoge karo watake.

Kajaba iku, ora nganggo NGELINGI MARANG PRELUNE. Aja maneh ing jagad naraka, yen wonge ngelingana marang kapreluan, sanajan ing jagad endi bae, akeh banget pakarti kang ora kanthi eling marang prelune. Mung kaswargan lan ing kadewan ING PERANGAN LUHUR kang tansah eling marang preluning panggawe (pakarti) kang linakon, awit wis sambung karo kajaten (tukang eling).

Wong naraka mau ora mung ngira awake dhewe kang nandhang lara, pangirane wong sajagad nandgang lara lan panas kabeh, sarta wong sajagad padha gegethingan lan kiyanatan. Kajaba duwe panganggep mangkono, ya duwe panganggep yen wong sajagad kudu digethingi kabeh, jalaran kinira kalakuwane ala-ala, drengki-drengki, jail-jail.

Wong naraka ora ngreti pisan-pisan yen swarga iku ana, ora ngerti pisan-pisan yen wong becik atine iku, ana. Prakara kang mangkono iku upamakna : pangrungu ora ngerti pisan-pisan yen rerupan iku ana. Pandeleng ora ngerti pisan-pisan yen rupa lan swara iku ana. Uga padha karo wong donya kang akeh-akeh, ora ngerti pisan-pisan manawa swarga lan naraka iku ana, ora ngira sathithik-sathithika yen ajagad ka-alusan iku ana, nglimputi jagad donya. Sangsaya banget ora ngretine jagad donya iku bisa sirna wujude; kalimputan ing ananing jagad ka-alusan.

Muga-muga wong urip ing donya padha nggraita marang prakara kang kaya mangkono, supaya kadunungan ing RUMASA tuwin WEWEKA. Wasana nuwuhake pamarsudi marang nalar kabecikan.

Sarehne sawarna-warnaning bebakalam iku ORA CETHA WATES TUMRAP JINIS siji karo jinis liyane, dadi antaraning RASA KANARAKAN karo KADEWATAN lan KAJIMAN sarta KAJASMANIAN, apa dene KASWARGAN,  ya ana bebakalan minangka panggandhenge, kang wujud momorane kanerakan karo liyane. Momoran-momoran mau mujudake dhiri kang beda-beda sesipatane, nanging kaeh empere sarta gampang bisane weruh-wineruhan. Uga padha ana kabire, kang sa-warna-warnane gampang bisane gegayutan (momor). Jalaran saka iki, badan alus kang asor-asor mau ya warna-warna jenenge, kayata : dhemit, hantu, banaspati, wewe, cepet, lampor, thethekan, bajag angkrik, nyai blorong, keblek, janggitan, ilu-ilu……. akeh banget jinise. Kabeh kanggonan rasa kanerakan (kadunungan ing jail, drengki, panasten, dhemen gendhak sikara).

Kang nyedhaki kadonyan, watake momor karo wong donya, sabab kemelikan pangan kang arupa sarining pepanganan. Kang nyedhaki kajiman awujud jin asor kang dhemen gendhak sikara. Kang nyedhaki kadean awujud gandarwo luhur utawa bangsane dewa kang asor.

KATRANGAN

Ana stan kang salugu, ana kang mung pawakan bae, kang sabenere ya wong tunggale wong donya. Ana jim tulen, ana kang mung pawakan ( wong kajiman abadan alus).

Kang aran setan salugu iku kang BLEGERING BADANE awujud bebakalaning napsu amarah tulen. Kang aran jim lugu iku kang BLEGERING AWAKE wujud bebakalaning napsu supiyah tulen.

Kang mung pengawak badan bae, ora rumasa dadi setan utawa jin, pangakune ya manusa. Apa maneh wong kajiman kang ngedohi kanerakan sarta nyedhaki kadonyan, ora pisan-pisan rumasa jin utawa weri, jalaran sabarang prakarane ora beda karo wong donya. Malah wong kajiman kang luhur, rumasa luwih luhur lan mulya katimbang wong donya, marga kadunungan ing kaluwihan, kasekten lan panrawangan.

Kabeh kang mung pawakan bae : kadadeyan saka manungsa ing donya, kang isih kandheg. (1).
—————————-

(1). Durung tutug lelakone.

Ing dhuwur mau mratelakake bab kanalaran utawa sabab-sababe manungsa ngalami kadonyan, kaswargan lan kanerakan.

Kang ngalami kajiman, jalarane ya marga kanggonan ing bebakalan napsu supiyah kang kandel. Kang ngalami kadewan, sabab kadunungan ing bebakalaning angen-angen luhur kang kandel, banjur ngranggoni kawicaksanan, kawaskitan lan kawaspadan apa dene kasekten.

Manungsa kang ngalami jagading jin, ora ana bedane karo manungsa ing donya. Ya wujude, ya engetane, ya watek-wateke, ya kasenengane lan liya-liyane : nyampleng wong donya, sarta kahanane ing saben bangsa ya miturut kabangsane wong donya ing kono. Kabeh ora rumangsa ngalami alaming jin, apa maneh yen gelema diarani jin.

Dene kang ngalami kadewan bedane karo kang ngalami jin iku mung sabab luwih luhur, marga luwih padhang nalare.

Bangsa dewa kang akeh-akeh rumeksa marang kaslametane manungsa ing donya, sabab rumangsa dadi leluhur utawa pepundhene. Apa maneh kang dewa kang luhur sarta kandel ka-mutmainahane. Aja maneh kang ngalami kadewan, sanajan kang ngalami jin, akeh kang padha becik bebudene, rumeksa marang wong donya, sabab rumasa dadi leluhur utawa pepundhene.

Nanging…… sarehne momoran-momoran mau ana kaduk kamutmainah-an sarta ana kang kadhuk kanerakan (ora beda karo wong donya), dadi dewa utawa jin-a, ya mesthi ana luhur ana asor.

Dewa luhur kang lugu ngenggoni sajatining dewa; ginambar ing wayang kang aran Bathara Guru. Kang sambung lan budi : ginambar ing wayang aran Bathara Narada. Kang wis nunggal misah karo kasunyatan, ginambar : SANG HYANG WENANG utawa SANG HYANG TUNGGAL. Kang kandel ka-mutmainahane sarta sambung karo rasa sejati, gimabar : Bathara Wisnu. Kang sambung lan kaswargan madya, ginambar : Bathari Durga (kang ngerehake lelembut ing pasetran ganda mayit). Kang sambung lan ka-lumawahan gunambar : Bathara Kala. (2) ……….. lan liya-liyane.
—————————-

(2). Bathara Kala – Dewa kang kadadeyan saka luwamahing Dewa.

RASA LELIMA

Angka 1 :
Ing alam donya : dhasaring rasane : RASANING JASMANI. Dene rasa liya-liyane kang papat, (kadewatan, ka-mutmainahan, kajiman, kanerakan) uga mecungul ing donyo sarta dadi ubarampening rasa kajasmanian, nanging ORA DIANGGEP WUJUDING BADANE dening wong donya. Kang dianggep wujuding badane : bebakalaning Jasmani.

Angka 2 :
Ing swarga, dhasaring rasane : RASA ATI adhem padhang. Rasa liya-liyane kang papat uga mecungul ing swarga sarta dadi ubarampening rasa kaswargan, nanging  ORA DIANGGEP WUJUDING BADANE dening wong swarga. Kang dianggep wujude : bebakalaning Mutmainah.

Angka 3 :
Ing naraka dhasaring rasane : RASA ATI lara lan panas. Rasa liya-liyane kang papat ung mancungul ing naraka, sarta dadi ubarampening rasa kaneraklan, nanging ORA DIANGGEP WUJUDING BADANE dening wong naraka. Kang dianggep wujude : bebakalaning Amarah.

Angka 4 :
Ing jagading jin, dhasaring rasane : RASA ATI seneng utawa bungah. Rasa liya-liyane kang papat uga mencungul ing jagading jin, sarta dadi ubarampening rasa kajiman, nanging ORA DIANGGEP WUJUDING BADANE, dening wong jin. Kang dianggep wujude : bebakalaning Supiyah.

Angka 5 :
Jagading dewa, rasa dhasare : RASANING ENGETAN. Rasa liya-liyane kang papat uga mancungul ing jagading dewa, sarta dadi ubarampening rasa kadewan, nanging ORA DIANGGEP WUJUDING BADANE dening wong dewa. Kang dianggep wujude : bebakalaning Angen-angen. (1)

Rasa limang warna ing duwur mau, dak arani PANCAINDRIYA, tegese : rasa lelima. Ing sabanjure yen ing layang iki ana tembung “pancaindriya”, karepe : rasa lelima kang kasebut ing duwur mau dalah bebakalane.
————————–

(1). Bebakalan warna-warna kang kasebut mau tumraping kajaten : dudu wujud, mung kedher (panguwasaning kajaten) kang bisa maujud dadi bebakalan (stof = anasir).

BAB ALAM TETELU

Alaming RASA JASMANI (kang alus lang kang kasar) arane : ndonya, janaloka utawa Aarde.

Alaming RASA ATI tetelu (kang alus lan kang kasar) arane : rohiyah, endraloka, utawa Asraal.

Alaming ANGEN-ANGEN utawa ENGETAN (kang alus lan kang kasar) arane : huluhiyah, guruloka, utawa Dewacan.

Pamerangan dadi telu ing dhuwur iku prelune mung murih ringkes.

Telung warna mau : I. Alaming Jasmani; II. Alaming Ati; III. Alaming Engetan. ….ka-aranan TRILOKA.

Yen ing basa Arab, tetelu mau ka-aranan Betal-makmur, Betal-mukaram, Betal-mukadas.

Bebakalan warna telu iku rinasuk dening kang maca lan nulis layang iki.

Marga saka iku, kang maca lan kang nulis layang iki, manawa ngudi kalawan temen-temen, bisa manjing ajur-ajer marang endi bae.

KATRANGANE KANG ARAN BEBAKALAN

Kang sinebut : KAJATEN, yaiku : KANG bisa makarti. Yaiku awak kang mesthi anane, ora wiwitan ora wekasan. Ing basa Arab sinebut : D A T.

BISANE makarti PAKARTINE ka-aranan : sipat.

BISANE ka-aranan : sipat maknawiyah.

PAKARTINE ka-aranan : sipat mangani.

MAKARTI ka-aranan : apngal.

BISA MAKARTI ka-aranan : urip.

MAKARTI ateges : NGANAKAKE utawa MUJUDAKE.

PAKARTINE ateges : ANANE utawa WUJUDE.

Endita ANANE utawa WUJUDE, kang diwujudake sarana MAKARTI mau. Yaiku SA-LIR-ING – BE-BA-KAL-AN kang alus lan kang kasar.

Kang diarani kawujudan, ya iku KAHANANING PAKARTI tegese MAUJUDING pakarti.

Olehe ANA utawa olehe MAUJUD, ya sajroning wektu lagi makartekake wujud iku. Lire : enggone ANA sawenehing kawujudan, iya mung sajroning wekru kaalane pangawasa makartekake wujud iku.

Sirnaning pakarti : salerening makarti. Iku lire : sirnaning kawujudan : salerening makarti.

Sirnaning kawujudan ateges sirnaning bebakalan, yaiku : yen pakarti mau leren.

Makarti, uga ateges nganakake kekedher (trilling).

Pakartine uga ateges kedhere.

Pakartine uga kedhere, uga ateges : bebakalan, tembunge Walanda “staf”, tembunge Arab “anasir”.

Marga saka iku, tetela, saliring wujud, bebakalan, utawa stof iku, enggone ANA, mung nalika isih ana KEDHERING ETHER, kang durung leren. Yen kedher mau leren, genine milu leren enggone maujud.

Molah-malihing kahanane RASA, uga ateges molah-malihe kahanane bebakalan, uga ateges molah-malihing carane pangedher.

PENGET Kanalaran kang mangkono iku, bisane tinampa, sarana rinasa kang sabar sareh kanthi kaweningan. @@@

G A M B U H

Samengko ingsun tutur, sembah catur : supaya lumuntur. Dhihin : raga, cipta, jiwa, rasa, kaki; ing kono lamun tinemu, tandha nugrahaning Manon. (Wedhatama Winardi).

…@@@…

Sumber : Buku Serat Wewadining Rasa, Cap-capan I Tahun 1985.
Penerbit : Yayasan Djojo Bojo SURABAYA.

BAB X. TERANGE KANG ARAN SAHIR KABIR


A. Pandulu iku duwe rasa. Rasaning pandulu, jenenge : weruh.

Oleh-olehane weruh jenenge : kawruh. Kawruhing pandulu, aran : rerupan, kayata : warna abang ijo, cahya padhang peteng, rupaning manungsa, kewan sapanunggalane.

Sipandulu ngira yen rerupan (wawernan) iku dumunung  sajabaning pandulu, ora ngira (kelalen) yen iku mung rasaning pandulu. Terange mangkene :

Jalaran saka rasa rasaning pandulu (weruh) ing kono pandulu banjur nganggep, yen sajabaning mripat ana apa-apa. Mungguh kang dak sebut apa-apa mau : ya rerupan iku (elinga wong ngilo, pandulunengira ana rerupan saburine pangilon, marga krasa kedhering cahya).

Rerupan utawa wawernan iku kabir tumrap alaming pandulu. Dene pandulu iku, sahir tumrap alaming rerupan.

B. Pangrungu iku duwe rasa. Rasaning pangrungu jenenge : krungu.

Oleh-olehane ngrungu, arane ya kawruh, yaiku : rerungon. Wujude : swara, kayata : kumrincing, jumlegur, ngrangin lan sapanunggalane.

Si pangrungu ngira yen swara iku dumunung sajabaning pangrungu, ora ngira (kelalen) yen iku mung rasaning pangrungu. Terange mangkene :

Jalaran saka rasaning pangrungu (krungu), ing kono pangrungu banjur nganggep, yen ing sajabaning kuping ana apa-apa. Kang daksebut apa-apa mau, yaniku kang aran swara. (Elinga : kuping gumrebeg manawa ditutupi. Lebar nguntal pil, banjur ngira ana swara nging-nging sajabaning kuping, rehne rasa).

Swara iku kabir tumrap alaming pangrungu. Pangrungu iku sahir tumrap alaming swara.

C. Pangambu iku duwe rasa. Rasaning pangambu, jenenge : ngambu.

Oleh-olehane ngambu arane ya kawruh, yaiku : ambon-ambon, kayata : wangi, sengit, basin sapanunggalane.

Si pangambu ngira yen ambon-ambon iku dumunung sajabaning pangambu. Ora ngira (lali) yen ambon-ambon iku mung rasaning pangambu. Terange mangkene :

Jalaran saka rasaning pangambu, ing kono pangambu banjur duwe panganggep, yen ing sajabaning irung ana apa-apa. Kang dak arani apa-apa mau, yaiku kang aran ambon-ambon. (Elinga wong pileg), ambon-ambon sajabaning irung dikira malah sirna.

Ambon-ambon iku kabir tumraping alaming pangambu. Pangambu iku sahir tumrap alaming ambon-ambon.

D. Legi asin sapanunggalane : dianggep sajabaning ilat, dening pangrasa ilat. Lire : kang ditetepake legi iku si gula. Kang ditetepake asin iku uyah. Si ilat ora ngira (kelalen) yen kang marakake ana legi-legi utawa asin-asin mau rasane dhewe. Elinga wong lara, sega dikira pait, iwak dikira ora enak.

Legi-legi lan asin-asin iku kabir tumrap pangrasane ilat. Dene pangrasane ilat iku kabir tumrap legi-leginan utawa asin-asinan.

E. Panas-adhem alus-kasap sapanunggalane : dianggep sajabaning badan. Kang ditetepake panas si geni. Kang ditetepake adhem si banyu. Mangkana anane rasa kang aran panas utawa adhem iku saka pakartining rasa badan. Si geni lan si banyu sejatine mung wujud geter (kedher). Geter iku bisa gawe panas utawa ora (elinga wong lara, kabeh sajabaning badan dikira ora ngepenakake badan).

Kabeh kang kasebut ing dhuwur : pinikir-pikira kaya ing aksara E.

Adhem panas sapanunggalane mau kabir tumraping pangrasa badan. Pangrasa badan iku sahir tumrap alaming adhem panas.

F. Sarehne pandulu duwe kawruh kang aran : rerupan, pangrungu nduweni kawruh kang aran : swara, pangganda duwe karuh kang aran : ganda, ambon, pangrasa ilat duwe kawruh kang aran : legi, asin, pangrasa badan duwe kawruh kang aran : adhem panas, saka kumpulane kabeh mau ……. ing kono dhiri banjur nduweni panganggep, yen sakjabane rasa dhiri ana apa-apa.

Dene kang dak arani apa-apa sakjabane dhiri mau : yaiku kang ka-aranan jagad, kayata : donya.

Ndonya iku kabir tumraping rasa dhiri, dene rasa dhiri iku sahir tumraping ndonya.

Kang dak arani rasa dhiri iku rasa siji kang kadadeyane saka campure sakabahing rasa pangrasa, kacekak : rasaning pancadriya. Ka-anggep : siji.

Wong kabeh duwe kawruh bab anane lan kahanane jagad iku jalaran anane rasa dhiri dudu ananing rasa dhiri saka kawruh ananing jagad. Nanging dumadine barang.

Sirnane kawruh bab ananing jagad, saka sirnane rasa dhiri. Nanging enggone sirna bareng.

Katerangane maneh mangkene :

Dhiri iku duwe rasa. Rasaning dhiri, arane : weruh. Oleh-olehane weruh diarani : kawruh.

Kawruh dhiri, kayata : rerupan warna-warna gegandan warna-warna + rasa gepokane kulit + rasa bungah susah sapanunggalane + rasa angen-angen kang aran pikiran (kaya : weruh = ngerti) yen telu ping pat ana rolas sapanunggalane, = iku kabeh karingkes kawruhing dhiri (kawruh kalairan).

Si dhiri ngira yen kang kasebut iku mau kabeh dumunung sajabaning rasa dhiri. Ora ngira (kelalen) yen iku mau mung rasaning dhiri. Terange mangkene : Jalaran saka rasaning dhiri (weruh, ngerti, ngrasa), ing kono dhiri banjur duwe panganggep, yen ing sajabaning dhiri : ana apa-apa. Dene kang dak arani apa-apa mau, yaiku : jagad gumelar.

Gumelaring jagad iku kabir tumrap rasa dhiri, dene rasa dhiri iku sahir tumrap gumelaring jagad.

G. ALUSING nafsu mutmainah, katumusan padhanging angen-angen, iku mujudake rasa. Rasane iku iya ka-aranan : weruh.

Oleh-olehane ngawruhi ya ka-aranan : kawruh. Kawruhing mutmainah awor kawruhing engetan padhang, yaiku kang aran : rasa kaswargan, kayata : gumelaring swarga kang nyenengake, ngayemake, manis dinulu lan rinasa, gawe lega lan dhangan sarta bombong. Manungsa ing swarga, melas asih ndhemenake …….. sapanunggalane.

Dene kawruhe angen-angen kang padhang, yaiku : kahanane ing swarga enggone sarwa terang sarwa cetha, ora ana kang mbingungake pikiran laras sarta runtut saka karo lakuning nalar (pikir). Kang mangkono mau iya marga saka dayaning rasa dhiri kang seneng, ayem, manis, welas asih, lega, dhangan, bombong apa dene rasaning engetan kang terang, bening, nrawang, waskitha, wicaksana. Kabeh-kabeh kang dinulu, kang pinikir lan kang rinasa : katon endah, edi, peni, manis, nyenengake, ngadhemake ati, nemtremake. Jalaran ya saka rasaning mutmainah dhewe.

Dadi kang edi, kang endah, manis, kang seneng sapanunggalane mau : mutmainah!! Bebakalan kang nganakake rasa mangkono iku kedhere nunggal laras karo kedhering njaba, kang dayane nggugah rasa kang mangkono iku.

Sadhengah kang dielingi ing kaswargan, gawe terang marang engetan, iku ya marga si engetan dhewe kang pancen terang. Apa kang dinulu katon cetha nrawang, iku sabab saka si pandulu dhewe kang dhasar waspada.

Mangkono sapiturute (muga pinikir-pikira kang wening lan rinasa-rasaa kang memet).

Jiwa-jiwa kang rasane nunggal laras (nunggal alam) ya padha weruh-wineruhan, seksen sineksenan, marang anane kahanan kang dialami, uga wani sumpah ngakoni ing anane.

Jiwa-jiwa kang nunggal rasa kaswargan, watake padha sih-sinisihan, tresna-tinresnanan, marga padha katon mrak ati lan ndhemenakake, tur budene lurus, jujur-jujur lan melas asih, ora ana ulat mrengut utawa nyengit, ora ana tindak-tanduk kang kasar, ora ana rasa rubet, pakewuh lan sumelang, padha pracaya-pinracaya terus ing ati sanubari, kaya sadulur tunggal welat kang padha tresnane ( bocah cilik kang manis, melas asih, marak ati lan ndhemenakake, iku mulane duwe sesipatan kang mangkono, sabab isih akeh tilase watak-watak kang saka kaswargan, durung akeh momore kang saka supiyah, amarah lan aluamah).

Sarehne alus kasaring mutamainah tuwin angen-angene siji-sijining wong : ora padha, mulane kang aran swarga iku ya ana tatar-tatarane.

Kang aran swarga tataran ngisor (kasar), yaiku : rasa dhiri kang mutmainahe isih kaworan ing supiyah sawatara.

Swarga iku kabir tumrap alaming rasa dhiri alus. Dene rasa dhiri alus iku sahir tumrap alaming swarga.

Rasa kaswargan ngira yen swarga iku dumunung sajabaning rasa-pangrasa, kalalen yen anane kaswargan mau gumantung marang pakartining angen-angen lan rahsane.

Iku lire mangkene : kang ditetepake nyenengake, endah, gawe ayem sapanunggale mau kahanan sajabaning rasa pangrasane. Ora ngelingi yen anane kahanan mangkono iku gumantung marang rasa pangrasane dhewe. Dene kang dumunung ing sajabaning rasa pangrasane iku sajatine geter kang urip (daya urip) kang pangwasane bisa nggugah saliring rasa pangrasa. Muga lerena sadhela dhisik pamacane, kanggo mikir-mikir.

Ilmu Pengetahuan exakta (nyata) lan Ilmu abstrak (tanpa wujud), sakarone sinebut kawruh, jalaran asale saka “tumanduking weruh”.

Sarehne kahanan kang kasebut ndhuwur mau : selehe ora gampang tinampa dening sadhengah wong, mbokmanawa kang maca layang iki takon mangkene : APA KABEH MAU GOROH (ORA NYATA) TA?? DENE TEKA DIARANI MUNG GUMANTUNG ING RASA PANGRASA BAE.

Iku genahe mangkene :

Tumrape KANYATAN : pancen iya goroh, jer dudu kasunyatan (dudu kajaten), awit saka iku, iya bener yen kaswargan lan sadhengah alam ing sajabaning kapangeranan kaaranan dudu kajaten, awit dudu kahanan jati (dudu sajatining kahanan), enggone kaaranan dudu kasunyatan iku tegese : dudu kahanan kang LUWIH DENING NYATA.

Nanging sanajan mangkono, sing sareh ing pamikir, aja gumampang dhisik, becik pinikir-pikira manehmangkene :

Apa kang maca layang iki ngorohake marang ananing rurupan, gagandan, swara sapanunggalane, dupeh mung gumantung ing rasa pangrasa bae? Rak ora ta……………..

Banjure : Apa kang maca iki nggorohake marang anane alam donya, dupeh mung gumantung ing rasaning pancadriya? Mesthi ora. Marga akeh kang nekseni yen alam donya iku pancen ana temenan, wani sumpahane.

Kang iki sawisi rinasa-rasa, banjur pinikir maneh mangkene :

Sawise aku (kang maca) netepake marang anane donya (rehne nyata), apa ya njur netepake yen donya iku kahanan jati (kajaten)? Iya mesthi ora.

Sawise pinikir-pikir lan rinasa-rasa memet, banjur katimbang-timbang mangkene : La iya selahine alam donya, kang tetela wadhag mangkene, aku ora bisa nggorohake ing anane, apa maneh KASWARGAN KANG LUWIH NYATA KATIMBANG DONYA, sarta kang luwih alus lan luhur katimbang ndonya, yen bisa nggorohake (nganggep kahanan kang cidra). Harak sewe mokal yen bisa nganggep kahanan kang cidra.

Nimbang bae prakara kang adhakan dhisik, kayata : bab rurupan anggone ora dumunung ing pandulu, utawa bab swara olehe ora dumunung ing kuping, sapanunggalane. Lagi prakara kang mangkono bae, wis ribet selehing panampa, kapriye maneh yen bisoa nggorohake marang anane alam luhur kang luwih nyata katimbang ndonya kang dupeh pinikir mung saka rasa pangrasa bae. Rak tangeh bisane ta??

Awit saka iku, ringkese gunem mangkene : angen-angen lan rahsa pancen ora nggorohake marang anane alam maneka warna kang dialami. Nanging KAJATEN ora nganggep kahanan kang nyata (sajati) marang kabeh mau.

Terange mangkene : Angen-angen lan rahsa dhewe, ora kaanggep kahanan jati dening kasunyatan, marga angen-angen lan rahsa mau barang anyar tumraping kajaten, sabab iku kabeh kawujudan kang maune ora ana, nuli ana, kang banjur ora ana maneh.

Dene kang aran kasunyatan utawa kajaten mau : ora tau ora ana, sarta : ora bakal ora ana. Pathokane : samubarang kang anane nganggo kadhisikan ing ora ana, sarta nganggo wekasan : ora ana, iku dudu kahanan jati mungguhing kasunyatan, nanginh : temen mungguhing pancadriya 1). Kena kacekak : kanyatan nanging dudu : KASUNYATAN.

Ora bisane makhluk ngorohake marang ananing pangalaman kang dialami : tinembungake kawengku lan ing kodrat.
……………………………….
1)
Ana wong ngudi kawruh batin, rehne wis ngerti yen alam ndonya iku dudu kajaten, sarta netepake yen enggone ana ing ndonya mung ngimpi bae, banjur ngemohi marang kadonyan, niri lakuning pandhita kang kasebut ing dongeng jaman kuna. Nanging bareng luwe, iya banjur mangan. Kang dipangan sega temenan, ora dianggep sego gorohan. Nganggo lawuh, lawuhe lawuh temenan, dudu lawuh inpen. Mangkono mau dadiya pratandha yen titah iku ora bisa nggorohake marang anane alam, sanajan alam iku goroh mungguhing kajaten. Kang bisa nyatakake ing gorohe iku, mung kasunyatan.

Mbanjurake bab sahir lan kabir.

H. Napsu supiyah katumusan angen-angen,  iya banjur nganakake rasa (kawruh). Endi wujuding rasane (kawruh), iya kaswargan uga, nanging kang kurang tentreme lan kurang elinge katimbang swarganing mutmainah kang kasebut ing dhuwur.

Sanajan endah ngungkuli kwadhagan (donyo) nanging kurang elinge marang kajaten, dening kalimput ing bebungah lan pepinginan. Dayaning angen-angen kang amor ing supiyah : dadi kurang padhange.

Swarganing mutmainah lan angen-angen alus, kang kasebut ing dhuwur mau, dak arani : swarga luhur, dene swargane supiyah dak sebut swarga madya.

Rasaning kaswargan madya iku kurang tentrem lan kurang eling marga kekurangan ing rasa bekti (kang ndadekake kurang suci, kurang jujur, kurang legawa, isih kareridhu ing dayaning kamelikan lan kekarepan). Ewa dene , rehning rasa kaswargan kang mangkono iku iya isih ana kang kamoran mutmainah, dadi ing bageane kang luhur : uga akeh kang ngemperi kaswargan luhur (kamutmainahan). Sarta banjur bisa sambung (daya-dinayan) karo kaswargan luhur mau. Dene ing bagean ngisor (lire, bageaning rasa karsa) sambung karo rasa pangrasaning jim peri, marakake sambung karo jagading jin peri.

Ing bagean ngisor maneh (kang kalimputan ing pangrasa asor) sambung karo kaswargan asor, yaiku swarga panasaran, swargane dhemit utawa brakasakan, dening wiwit kamoran rasa kasetan (amarah).

Swargane supiyah (swarga madya) ana kang ngarani astraalgebied, iku ing bageane kang luhur, sambung lan kahyangane Bathara Endra, banjur aran Endraloka.

Manawa mutmainahe mung sawatara (meh mligi dayaning angen-angen luhur) mujudake rasa kadewan, yaiku rasa kang mung meh mligi ngegungake kawicaksanan, kawaskithan lan kawaspadan, iku kaaranan kadewan (Dewatan) sambung lan kahyangane Bathara Guru, mula sinebut Guruloka.

Satemene iku meh padha bae karo swarga luhur kang kasebut ing ngarep mau, sarta gampang bisane sambung sinambung, malah kerep amor alira-liru (rasane), apa maneh karo kaendran.

Mulane alam luhur gampang bisane amor lan lira-liru, awit sang saya luhur, sangsaya alus lan luwes bebakalane (staf-e).

Swarga luhur mau, kadadeyan saka maligining mutmainah katumusan ing luhuring angen-angen, iku swargane manungsa kang ngegunake RASA BEKTI marang Pangeran, gedhe kasukurane, ngegungake rasa welas asih marang sapadha-padha, iku ing bageane kang luhur, sambung lan alaming para Malaikat (pambantu kodrat Rasulullah).

Rasa kaswargan luhur kena katembungake : bongkote sambung karo pucuke RASA JATI.

Mungguh Rasa kaswargan luhur warna-warna kang kasebut mau kabeh : gampang bisane sambung-sinambung (weruh-wineruhan) sak uga padha kadunungan ing Mutamainah. Kang ketipisen mutmainahe, mung bisa sambung karo kaswargan madya! (swarganing jin peri). Dene kang mutmainahe ketipisen, mung sambung karo swarga panasaran, marga mutmainahe kalimput banget.

Ora mung bisa sambung karo jagad ka-alusan bae, malah uga bisa sambung karo jagad kawadhagan (donya), sapanunggalane uga ana bageane rasa pangrasa kang nunggal laras. Malah-malah kasunyatan bisa sambung karo kawadhagan, sak uga angen-angen lan rahsa banget aluse kongsi ana bageane kang bisa gathuk karo kajaten.

I. mBanjurake bab sahir lan kabir maneh.

Napsu amarah katumusan ing angen-angen peteng, iku iya mujudake rasa utawa kawruh. Kawruh ing amarah yaiku : weruhe marang ing rasaning gething, muring, drengki, jail, panas, pegel, susah, bingung, ngresula, mesgul, ngigit-igit, anyel, mangkel, njetong, lara ati ……… sapanunggalane. Karingkes : Kang ora ngepenakake, utawa LARA. Iku kabeh iya jeneng kawruh, nanging kawruh bab alaning jagad utawa alaning sapadha-padhaning tumitah. Yaiku rasa pangrasane eblis (setan).

Mungguh rasa kasetanan iku, rasa lara kang ora pegat-pegat, sinandhang ing ati. Ora pegat-pegat enggone kudu muring lan panas, marga kabeh isining jagad rinasa padha megelake, agawe sangsaraning atine, kabeh rinasa nindakake panggawe ala, disengguh nganiaya (kiyanat) marang dheweke, iku kagawa saka kleruning rasane (salah rasa).

Ora mung disengguh nganiaya marang dheweke bae, malah disengguh padha alan-ingalanan, drengken-drengkenan, siji lan sijine. Dadi kinira pancen wis carane, ing jagad padha kaya mangkono kabeh. Makhluk saisining jagad, kinira susah, bingung, lara, gegethingan lan cilaka kabeh. Rumangsane awang-uwung kang tanpa waten jembare : diubresa, ora ana enggon sak elenge semut kang ora isi lelara, kacilikan lan kasusahan. Angen-angen banget petenge, lire : banget kliru nalare. Lakune engetane tansah sulaya karo pranataning kodrad, kang wewatone ora dingerteni babar pisan. Ora ngerti babar pisan marang kang aran wewatoning kodrad. Kahananing jagad kang mangkono mau disengguh sajabaning dhirine, (sajabaning amarah lan angen-angen kang peteng). Ora ngira (klalen) yen kang mangkono mau saka rasane dhewe kang kliru lan sasar. (Kosok balen karo rasa ka-Pangeranan).

Jagad kang rinasa nglarani lan mbingungake mau kaaranan naraka-naraka iku kabir tumrap napsu amarah. Dene rasane amarah iku sahair tumrap naraka.

Rasa kanarakan iku ya ana tatarane, awit ana kang kamomoran supiyah lan rasa kajasmanian (Luamah). Kang akeh momorane supiyah : sambung lan jagading jin peri ing bagean kasar. Kang akeh momorane kajasmanian (roh jasamani) sambung karo kadonyan, iku kang sok disebut : dhemit utawa brekasakan, kang padha ambeg jail muthakil angendhak sikara.

Jagad panasaran (jagading brekasakan) uga ana kaswargane, nanging luwih goroh katimbang swarga madya. Kena katembungake swarga jlomprongan utawa sulapan.

Swarga madya luwih nyata katimbang swarga panasaran.

Swarga luhur luwih nyata maneh katimbang swarga madya.

Dene kajaten iku kang sanyata-nyatane kaaranan kasunyatan.

Wong kang ngaji ngelmu panggorohan (sulapan) iku tumibane nuntun rasa pangrasane dhewe marang jagad panasaran. Mulane mangkono awit iku ateges sinau nyambung rasa lan angen-angene dhewe karo rasa jlomprongan.

Wong urip perlu banget sinau rumarasa lan wewekan, murih aja kesasar (kajlomprong).

KATRANGAN

Tembung kasasar, tegese : kleru dalane.

Kesasar tumraping kebatinan, tegese : kliru lakuning angen-angene anggone nggoleki wataking Budi.

Tembung kajlomprong, tegese : kliru lakuning rahsane anggone nggoleki wataking Rasa.

Kabeh mau ateges : gawe kliru, tumindak korup, gawe luput, tumindak peteng, marang rasa dhirine dhewe. Marga ora rumangsa kliru, ora rumangsa korup, ora rumangsa luput, ora rumangsa peteng, malah ngukuhi (nganggep bener) marang rasa dhirine kang luput mau.

Tembung : luput, tegese : nagen-angen nyulayani wataking Budi.

Tembung : ala, tegese : angen-angen cocok lan wataking Budi.

Tembung : bener, tegese : angen-angen cocok lan wataking Budi.

Tembung : becik, tegese : rahsa cocok lan wataking Rasa.

Kang aran : Budi, iku : tukang tuduh marang bener.

Kang aran : Rasa, iku : tukang tuduh marang becik.

Tembung : Karem, tegese : rahsa ngungkurake Rasa.

Tembung : Kerem, tegese : angen-angen ngungkurake Budi.

Tembung : korup, tegese : ngungkiri kang sajati, ngakoni kang dudu.

Padhang, tegese : bisa weruh.

Peteng, tegese : ora bisa weruh.

Angen-angen, wajibe : nggoleki wataking Budi.

Budi, wajibe : tuduh marang angen-angen.

Rahsa, wajibe : nggoleki wataking Rasa.

Rasa, wajibe : tuduh marang rahsa.

Mikir, iku : pakartining angen-angen nggoleki wataking Budi.

Ngrasakake, iku pakartining rahsa nggoleki wataking Rasa.

Kang aran cahya iku : awaking pepadhang. (kang madhangi)

Kang aran Budi iku : rasaning pepadhang (rasa padhang)

Kang aran Rasa iku : dhasaring Budi.

Kang aran Budi iku : pepadhanging Rasa.

Tembung URIP, tegese :

1. bisa makarti, kosok baline : mati.

2. kang bisa makarti, kodsok baline : pati.

Tembung ELING, tegese :

1. weruh marang anane, kosok baline : lali ora eling.

2. kang weruh marang anane, kosok baline : lali (dudu eling).

ELING MARANG URIPE, tegese :

1. weruh marang anane sing makartekake.

2. weruh bisane makarti.

LALI MARANG URIPE, tegese :

1. ora weruh marang anane sing makartekake.

2. ora weruh yen bisa makarti.

NGUDI KAWRUH KASUNYATAN, tegese : ngudi bisane weruh marang anane sing makartekake.

KAWRUH KASUNYATAN, tegese : oleh-olehaning ngawruhi kahanan kang luwih dening nyata.

NGELMU, tegese : wewatoning nggoleki.

NGELMU RASA, tegese : wewatoning nggoleki kasunyatan.

Kabeh kang aran NGELMU iku bubuhane angen-angen.

Tembung Rasa (kang panulise nganggo R), tegese : wujud alus dalah rasaning wujud mau.

Tembung rasa (kang panulise aksara cilik kabeh), karepe : mung rasaning wujude bae, ora ateges wujude (awaking wujud), dadi karepe : tumrap sadhengah wujud, iya rasaning wujud kang alus, iya rasaning wujud kang kasar.

Tembung rahsa, ateges : wujud alus dalah rasane pisan, nanging kang luwih kasar katimbang Rasa.

mBanjurake bab sahir lan kabir.

J. Rasa kajasmanian, iya duwe kawruh. Wujude, yaiku : bisa weruh marang rasaning lagi lan pait.

Weruh marang ambon-ambon.

Weruh marang penggepoking kulit karo barang wadhag krunguning swara saka kedhering kuping.

Weruh padhanging srenggenge saka kedhering swasana.

Weruh marang rasa lan kapenak, mungguhing kwadhagan lan sapanunggalane.

Iku kabeh dak arani : rasa kajasmanian, yaiku kang marakake dhiri duwe panganggep, manawa alam donya iki ana.

Jiwa-jiwa kang ngalami rasa kajasmanian, enggone nekseni yen donya pancen ana, ya ora liya nganggo rasa kajasmanian mau. Upama ora duwe rasa kajasmanian, mesthi nggorohake marang anane donya (awit kacupetan piranti kanggo nekseni ing anane).

Rasa kajasmanian iku iya ana kaswargane lan kanarakane, kayata : rasaning awak kang pinuju enak lan kapenak (kaswargan), dene kanarakane yen pinuju lara.

Donya iku KABIR tumraping alam rasa kajamanian.

Dene rasa kajasmanian iku SAHIR tumrap alam donya.

KINANTHI

Sirnakna semanging kalbu, den waspada ing pangeksi, yeku dalaning kasidan, sinuba saka sathithik. Pamothahing napsu hawa, linalantih mamrih titih. (Wedhatama Winardi)

Sumber : Buku Serat Wewadining Rasa, Cap-capan I Tahun 1985.
Penerbit : Yayasan Djojo Bojo SURABAYA.

BAB IX. DAYA TUNGGAL


Manawa gambang wilahane gulu : ditabuh, gender kang ana sacedhake kono : wilahane gulu milu muni mbrengegeng. Wilahan liyane kang dudu gulu : ora muni, sabab ora sarujuk larase. Yen kang ditabuh wilahan nem, ya wilahan gender nem kang muni, sabab nunggal laras.

Musik radio kang nunggal laras, sanajan pepisahan adoh, manawa kang siji diunekake, liyane milu muni, kayata : ing nagara Inggris ngunekake musik radiom, wong-wong nagara Darwis utawa Jerman terkadhang padha dansa, sabab musike milu muni (stelane nunggal pamancar).

Dewa ing Suralaya bisa aweh sasmita marang manungsa ing Ngarcapada, yen manungsa kang disasmitani mau rasa pangrasane bisa gathuk (nunggal laras), karo Dewa kang nyasmitani.

Wong ana ing Surakarta bisa ngosikake atine wong ana ing Surabaya yen wis padha aluse lan nunggal laras.

Manungsa sajati (Rasa) bisa nyasmitani marang pancadriya (wonge), yen pancadriya kang rinasuk ing kajaten mau : wis akeh bageane kang alus, yaiku yen bongkoting angen-angen lan rahsa wis nunggal laras karo pucuking Rasa.

Dadi tetela : kedher kang nunggal laras watake nunggal daya, bisa dayan-dinayan utawa weruh-wineruhan, ora peduli adoh.

Dayaning pandulu : weruh marang padhanging srengenge lan rurupan warna-warna, kang mencorong, kang abang ijo sapanunggalane.

Pandulu netepate yen pepadhanging srengenge lan rurupan iku : ana. Nanging ora nganggep marang ananing swara, (ngorakake marang ananing swara).

Pangrungu netepake yen swara iku ana (ngiyakake marang ananing swara). Nanging ora nganggep marang ananing cahya lan wewernan.

Besuk kapan pandulu bisane weruh marang swara, iku babar pisan ora kena diarep-arep, sabab mesthi ora bisa kelakon salawas-lawase, jer ora ana  swara dumunung ing alaming pandulu. Wiwit ANA nganti SIRNA : sipandulu mau tansah dadi pandulu bae, mangka – salawase isih dadi pandulu : dienas ora aweh weruh swara.

Besuk kapan sipangrungu bisane weruh marang rurupan, iku babar pisan ora kena diarep-arep, sabab mesthi ora bisa kelakon salawas-lawase, jer ora ana rurupan dumunung ing alaming pangrungu. Wiwit ANA nganti SIRNA : sipangrungu mau tansah dadi pangrungu bae. Mangka – salawase isih dadi pangrungu; dienas ora aweh weruh rerupan.

Pandulu karo pangrungu ka-aranan ora nunggal alam, ora nunggal daya.

Pangambu, seje maneh dayane utawa alame. Ing alaming pangambu ana maneh kahanan kang ora bisa dumunung ing alaming pandulu tuwin pangrungu, yaiku kang aran ambon-ambon. Kayata : wangi, sengir, langu sapanunggalane. Pandulu lan pangrungu padha netepake yen wangi, sengir, iku ora ana. Pangambu netepake yen wengi, sengir, mesthi anane, nanging abang, ijo : ora ana, mangkono uga : kumrincing jumlegur ya ora ana.

Cekake, indriya tetelu mau paido-pinaido, tambuh-mitambuhi. Mung bisa netepake marang kayakinane dhewe bae.

Pangrasa ilat, kapriye?? Ing dhuwur mau kabeh dipaido anane, dening pangrasa ilat. Pangrasa ilat netepake yen ing jagad iki kang ana mung : legi, pait, gurih sapanunggalane. Ora ana rerupan, ora ana swara, ora ana gegandan. Awit ing jagading rasa ilat mau : diubresa, ora tinemu karo kang aran abang, ijo, kumrincing, jumlegur tuwin wangi, sengir.

Pangrasa badan kepriye?? Kabeh mau dipaido anane dening rasa badan. Kang ditetepake anane mung : kasap alus, adhem panas, gatel, keri sapanunggalane. Oraweruh dhong-dhinge marang kang aran abang, ijo sarta mencorong, kelip-kelip. Ora weruh jawane marang kang aran wangi, bacin, ora wanuh kang diarani legi pait.

Piranti lelima mau dak arani lawananing pancadriya, sabab gunane kanggo nglawani (nglawehi) dayaning pancadriya.

Piranti lelima mau diratoni (diwengku) ing angen-angen.

Angen-angen luwih alus tinimbang piranti lelima mau, mulane bisa momot lan mengku marang kawruh-kawruh oleh-olehaning piranti lima mau. Sanajan limang warna mau paido-pinaido utawa tambuh-mitambuhi marang siji lan sijine, nanging angen-angen ngakoni marang kayakinaning siji-sijine, nanging angen-angen ngakoni marang kayakinaning siji-sijine piranti, ora ana kang di-orakake. Mulane mangkono, sabab angen-angen luwih alus.

Sadhengaha kang luwih alus, bisa momot marang kang kasar.

Samubarang kang kasar : watake cupet, mung ngengkoki marang kayakinane dhewe bae, maido kayakinaning liyan, sarta karepe : ngajak pepisahan.

Samubarang kang alus, watake jembar, mengku lan momot, bisa gathuk manjing ajur-ajer marang kayajinaning liyan kang luwih kasar, sarta watake : ngajak nunggal, ora ngajak pepisahan. Mangkono iku wataking kodrat.

Sarehning angen-angen iku mengku lan momot marang kawruh saka piranti lelima kang kasebut ing dhuwur, mulane angen-angen simpen kawruh akeh saka enggone ngimpuni oleh-olehaning pangalamane piranti lelima.

Apa angen-angen iku wis alus banget?? Durung.

Kang luwih alus saka angen-angen yaiku : Budi utawa Rasa Jati (manungsa sajati).

Manungsa sajati bisa momot sarta ngimpuni kawruh-kawruh kang saka pangalamaning angen-angen lan rahsa.

Pangalamaning angen-angen lan rahsa, ana kang aran swarga, kadewatan, ka-endran, jagading peri, jin, bekasakan, sapanunggalane. Sanajan sawarna0warnane padha paido-pinaidho, mung ngengkoki kayakinane dhewe bae, nanging kabeh diakoni benere dening Manungsa sajati, malah Manungsa sajati banjur oleh kawruh kan tanpa wates kehe lan gedhene, kaimpun saka pangalaman ing alam manekawarna. Impunan mau dadi srana nggayuh marang kasampurnan utawa panunggal.

Pandulune si Suta sanajan cedhak karo pangrungune dhewe, nanging ora weruh-wineruhan karo pangrugune dhewe, ora weruh-wineruhan karo panggandane si Suta dhewe. Iku arane : ora nunggal alam.

Pandulune si Suta, sanajan adoha karo pandulune si Naya nanging padha weruh-wineruhan karo pandulune si Naya. Iku arane nunggal alam. Mangkono uga pangrungune si Naya nunggal alam karo pangrungune si Suta lan si Dhadap.

Weruh-wineruhan iku tegese : seksen-sineksenan marang anane kahanan kang dialami.

Pandulune Suta, Naya, Dhadap, Waru, ………… padha seksen-sineksenan yen padhanging Srengenge lan wawernan iku ana.

Pandulune Suta, Naya, Dhadap, Waru, ………… padha seksen-sineksenan yen swara iku ana.

Mangkono sapiturute, dene kabeh sineksenan dening angen-angen. Wasana wong banjur nekseni yen alam donya : ana.

Swarga diakoni anane dening makhluk kang kadunungan rasa kaswargan (Mutmainah lan angen-angen kang bener). Makhluk kang ngalami padha seksen-sineksenan wani sumpah : ngakoni ing anane. Naraka diakoni anane dening makhluk kang kanggonan rasa kasetanan (Amarah lan angen-angen kang peteng). Alaming jin diakoni dening makhluk kang kaduk rasa kajiman, (Supiyah lan angen-angen kang kurang padhang). Alam donya diakoni dening makhluk kang kaduk rasa kuwadhagan (rasa kajasmanian). Alam panasaran utawa brekasakan, diakoni dening makhluk kang kaduk roh kasatoan, (angen-angen kang banget petenge = de donker).

Manungsa sajati luwih alus katimbang angen-angen lan rahsa kang kasebut mau kabeh, mulane bisa momot marang kawruh-kawruh kang dialami dening makhluk meneka warna ing alam kang beda-beda mau. Malah manungsa sajati enggone ngrasuk badan maneka warna mau, prelune supaya bisa ngalami pangalaman warna-warna mau sumimpen ana ing sarira kang langgeng.

Gedhe banget paedahing sugih kawruh saka pangalaman maneka warna, awit dayane ngluhurake darajating manusa sajati, kongsi bisa nggayuh marang panunggal.

Wong turu lan melek, wong urip lan mati, sanajan WONGE ora ngakoni marang anane alam-alam mau, nanging MANUNGSANE SAJATI : ngakoni, sarta tansah oleh kawruh bae saka enggone tumimbal lair rambah-rambah sarta ngalami pangalaman warna-warna, kang alus lan kasar, kang luhur lan kang asor, kang padhang lan kang peteng, kang mulya lan kang sangsara.

Kawruh-kawruh mau durung dikabar-kabarake marang wonge (pancadriya kang rinasuk) iku ora sabab saka sungkan, mung sabab pancadriya (wonge) durung bisa nampani kabar, dening isih kasar.

Yen pancadriya sangsaya alus, marga tlaten lan lastari ngudi kawruh kabatinan, iku sangsaya lawas sangsaya bisa nampani kabar saka sathithik, ing batine dhewe. Mundhak aluse ya mundhak cetahne enggoni nampani kabar.

Kang diarani kabar iku, thukuling Budi (Rasa) ing sanubarine.

***

NGERTI mono “daya kodrating manungsa”, yaiku : ngerti marga mikir (pamikir), ngreti marga krasa (ngrasakake, nggraita).

NGERTI ya bisa marga “daya gaibing Gusti” (tunarbuka).

…@@@…

Sumber : Buku Serat Wewadining Rasa, Cap-capan I Tahun 1985.
Penerbit : Yayasan Djojo Bojo SURABAYA.