Category Archives: SERAT WEWARAH LUHUR

SERAT WEWARAH LUHUR


SERAT WEWARAH LUHUR

Punika kitab; wawarah luhur.
Mratélakaken kakancan akukumpullan dhateng Gusti Alloh.
Pethikan saking kitab bidayatil hidayah
tuwin sanés-sanéssipun,
kaanggit ing tembung Jawi, mawi sekar macapat
déning:
Mas Karta Subrata,

 Ugi nama:
Ngabdullohi Bin Mukhammad Sajjad

Ing Kendhangngan Semarang.
1926

Kasalin saking aksara Jawa
Ing aksara latin dening :
Mas Kumitir

Sidoarjo, 25 Februari 2019
@@@

[1]Bismillahirrahmanirrahim

  1. Pra anom padha pyarsakna, wawarah luhur puniki, satuhu tanna miribba, wawarh sing liyanéki, mung bidayatul hidayati, kang marahken prakaréku, yéku dén ta prasamya, akakancan mring Hyang Widi, tanpa kendhat rina wengi tan béda.
  2. Dén temen-temen weruha, ywa kongsi nora udani, satuhuné kancanira, kang tangsah nunggil siréki, nora naté ngedohi, balik nunggil gulang-gulung, ing rina wengi nira, melék turu nira tunggil lunga mangonnira tanna bédanira.
  3. Mangkono salama-lama, urippira prapténg ma[2]ti, yéku pan naming sajuga, iyéku robbul ngalamin Gusthi pupundhn mami, Pangran Kang Maha Agung, kang karya sadayannya, ngalam bumi langit tuwin saliyannya kabh kinarya Hyang Suksma.
  4. Samasa sira angucap anebut asmaning Gusthi, Gusthi atunggil lan sira, dé dhawuhira Hyang Widi: ingsun lenggah atunggil mring wong kang nebut asméngsun samasa sira ngrasa, susah atinira kaki, déning wéya angulah agamanira.
  5. Kono tansah cinelakkan nora baé dén tebihi, dé dhawuhira Hyang Mulya: ingsun sandhing wong kang kingkin asusah atinéki, déning wediné mring ingsun, sawussé sira pirsa, mangkono oréyannéki, yekti nora amilih [3] konca lyanira.
  6. Mara sapa liyanira, kang arsa sira kancanni, kena dadi lirunira, ing Gusthi robbal ngalamin tintingngana dén enting, yekti nora bisa mangguh, aja sing sasamannya, saémper sairib-irib tamtu nora kongang oléh liyanira.
  7. Manusa sajagad ngalam tanna siji kang ngémperri, tangéh lamun madhannana, yén mangkono yekti-yekti, tan milih sira kaki, ing liyan kang Maha Agung, manusa mung kinarya, liliru asing ing dzohir, sih sinihan dén bisa cara manusa.
  8. Oja kongsa ingandhemman madya sih marang ing gusthi, marga cegahé Hyang Suksma, tanpareng asih lyanéki, asih jatining asih, tarlén mung mring Hyang Maha Agung, [4] aywa cawuh dén ngatyati, yén tan bisa: nora ran janma utama.
  9. Karo aja dadi bungah, déning madheppira janmi, iya uga aja susah, déning mléngossira sami, karoné tan nglabetti, tumanjané ing awakmu, praptaniréng pungkassan tanna labetté samenir, madhep mléngos padhanen dén tarima.
  10. Balik géyonganna sira, dénnya mikanni Hyang Widi, mring sira néng azallira, apa ingudanén becik apa ala siréki, salah sijinéku tamtu, tumiba tan keno ra, kalamun ngudanén becik yekti nora na gunané susahira.
  11. Mangko nuga lamun sira, wus ingudanén tan yogi, lah apa ta gunanira, madhéppa sakéhing janmi, [5] kang wus sira bungahi, jaba sira nora urus mula dén bisa panggah, away sédhéng déning janmi, balik sira nandukna prayoga nira.
  12. Lah yén tan bisa mangkana, ing sakéh waktuniréki, mung baé aja atinggal ing wengi rinanta kaki, tinggal sepi ing wakti, nyepékken ring Hyang Maha Agung, yéku Pangérannira, dén énak rasaning ating, ngadhuh-adhuh bibisikkan mring Hyang Suksma.
  13. Yén sira bisa mangkana, wus aran neteppi kaki, wruhira ing tata krama, kancan mring Hyang Kang Maha Asih, wuwuhé tata krami, ndhingkulna sirahmu kulup ngerêmna nétranira, ngumpulna ciptanta tuwin lulus meneng anteng sakéh anggotanta.
  14. Sregep trangginas ing tandang, nandangngi paréntah Gusthi, nyingkir[6]ri cecegahira, nora sok amamaonni, maonni kodar Gusthi, balik lulussa anebut nebut asma Hyang Mulya, iyéku ngaran dzikir, neteppena tafakkur ngen-angennira.
  15. Dhasar agung marmanira, Gusthi mring dasih sakalir, tan lyan mung mrih becikkira, tumonja ngawak pribadi, tan pisan darbé pamrih, Gusthi Maha Sukci Agung, dénnya paréntah tho’ah, ing dasih dimén basuki, penging ala diménné away sangsara.
  16. Tho’ah mangshangyah kadwinya, tan nglabetti mring Hyang Sukci, balik bali mring anggannya, kang nglakonni ing sakalih, becik anemu apik ala: ala kang tinimu, Gusthi wus Maha Mulya, Maha Sukci tanpa uwis déning bakok sipatté Hyang Maha Mulya.
  17. [7]Mirahé Hyang Kang Minulya, mring dasihira sakalir, tanpa timbang tanpa murwat tan kena ingijir-ijir, nétra bangkit ningalli, mara pira murwattipun tutuk bisa angucap baya pira ajinéki, away sélak sapata ingkang akarya.
  18. Tan lyan mung Sang Maha Mulya, nora ana liyanéki, marga tanna kang kawasa, mungkul mung Gusthi pribadi, sapa kang anyélakki, mangko néku tamtu kufur, ucul sing islammira, éling-éling dén pakéling, pra ikwani ing warah ingkang mangkana.
  19. Mung wruhira mring Hyang Mulya, dén idhep temennan kaki, tumanjaning atinira, sakira wani nggegeggi, temenné Hyang Ma Sukci, aja misih rangu-rangu, ora ingaran iya, iya né nora sayekti, co[8]coggen mring ngakoid kalih dasa.
  20. Ngajiya away sungkannan, ing Kitab Umul Baroid kitab basanira Ngarab mring guru wasis tulatin nuturken jarwanéki, di kongsi sira sumurup satuhu nora gampang, akéh kang sih madal sumbi, aja among éla-élu baé sira.
  21. Yén sih kisruh idheppira, ngajiya marsudi: mursid Kitab Jawan Jarwa Cetha, kaya nora mindho kardi, marsudi nguli budi, ngungseddé ing prakaréku, mring mursid sasayahnya, nyuthik ingkang lekik-lekik dén genahken marsudi suka narima.
  22. Mangko nuga angajiya, Kitab Bayanul Imani, jawan uga genah cetha, ngrembug ananiréng Gusthi, mula kudu ingudi, di[9]kongsi ywa dadi cawuh, yén wus genah idhepnya, dadi bisa wedi: asih, ngalem-alem mring anané Hyang Mulya.
  23. Marma mobah mosik kita, ywa lali Hyang Maha Sukci, lara: waras nora béda, yén waras kuduné wedi, wedi marang Hyang Widi, tumemen dénnya mrih ayu, préntah wajib myang sunnah, karoné kudu pinredi, solah: pwas karo tanna bédanira.
  24. Solah tasbih dalu: siyang, tahajjud ing saben wengi, marga dhawuh rosulullah, Jeng Nabi ingkang sinelir, mring kang paman awanti, solat tasbih aywa limut pwasa Isnain kalawan Khomis Jeng Nabi nglampahi, tanpa kendhat prapta ing sasédaira.
  25. Nganggep becik ing sasama, sasaminiréng [10]dumadi, déning tunggal Gusthinira, kang katon ingkang akardi, nora ingkang kinardi, dén bisa nandukken tanduk mring sapa baé ingkang, tinemu ing sari ari, away limut samya titahé Hyang Mulya.
  26. Ngalahken dhiri pribadya, menangken ing liyanéki, dadya aran anorraga, mangkonéku wedi Gusthi. Lara anganti-anti, ing panglollira Hyang Agung, saben kataman nikmah, sukurra away kalalin arsa nadhah arsa nginum dén élingnga.
  27. Paparing saking Hyang Suksma, wussé kalakon binukti, angraséca dén sukurra, ngucap alhamdullilahi, dhuh-dhuh Gusthi kapundhi, paparing nikmah pukulun mugi Gusthi ndadosna, kikiyattanniréng abdi, kanggé amba ngibadah ing Hyang Kang Mulya.
  28. [11]Déné yén kataman roga, dén madhep marang Hyang Widi, rila apaparingngira, déné pinaringngan sakit maturra: nuwun Gusthi, paring pacoban pukulun mugi katahannena, kawula anandhang sakit away pisan anggresah susahing manah.
  29. Malah ta sakira-kira, bisha angfadzdhan yasin tabarokkira ywa tinggal marga karonéku dadi, adpungkattira bénjing, ananira jroning kubur, wacanen lumah-lumah, ngudurnora bisa linggih, yén tan khafadz kalebu siréku wéya.
  30. Déné kalawa warassira, généya nora amredi, pijer nguber uber barang, barang kang tan kanggo ngakir, nora nganggo merdului, barang kang kanggo ing kubur, tur masa [12]bisa oncat sira saka ing papati, marga dhawuh Kuran: néng endi ananta.
  31. Masthi kancandhak ing léna, nadyan umpettanna kaki, néng gedhong wesi santosa, rapet tur padha kinunci, pati tamtu maranni, mring sira tamtu tinemu, aja-aja mangkana, balik mupung misih urip amredi ya ing Kuran sapatuttira.
  32. Ngibadah kang lwih utama, maca Kuran hari-hari, marga dhawuhé Hyang Suksma, ing impén Imam Hambali: yén sira pancén merdi, yekti akéh wruhiréku, khafadzdhan suroh Kuran terkadhang tekan ing kahfi, saselotté janji sira ulah Kuran,
  33. Ajegna ing sabén dina, sajuz satengah tanapi, saprapat dén ajegge[13]na, aja sambén dén tulatin dhemenna tennan kaki, mring Kuran dén maju-maju, wacanmu dén sembada, makhroj mad-maddé sing apik kandel tipis tasdid ora dén waspada.
  34. Idhar ikhfa idhgommira, ghunnah ghunnahé dén titi, yén mangkono patuttira, iya bisa khafidz ugi, nora nésu roh yasin ayat Kuran liyanipun endi kang sira bisa, aja meneng tanpa dzikir, tan atasbih tas slawat nora istighfar,
  35. Yén meneng angen-angenna, ing bakal prapta ning pati, muga pinarêngna iman kalawan kalané nazag dén éling, Gusthi Alloh siji: ji, kang karya urip myang lampus angucappa yén bisa. A[14]llo Alloh dhuh ilahi. Dén ketungkul mangkono pecatting nyawa.
  36. Yén sida dadi mangkana, satuhu begja siréki, antukka mirahannira, Gusthi ingkang Maha Sukci, ran khusnul khotimati, iyéku pungkassan ayu, bakal langgeng néng swarga, begja apata kadyéki, muga-muga kita padha mangkonoha.
  37. Mugi-mugi kasembadan panyuwun kawula Gusthi, ing pungkas khusnul khotimah, déning panglol dalem Gusthi, ulun sapara ahli, kang samya asih ing ulun satuhu mboten longka, uger kaparêng ing Gusthi, amin amin dhuh dhuh robbal ngalamin.
  38. Miiliha ingkang nyata, nyata khak nampik kabathillan culna pangande[15]llira, ngandel mring sasaminéki, ngandella mring Hyang Widi, landhépé dhépé ya kulup lire ngenorken raga, wediya dén banget kaki, marang Gusthi déning gungngé koharrira.
  39. Gusthi wenang amasésa, ngapura lawan ngasihi, mangkono wus wenangngira, akarya ala myang becik kudroh irodahnéki, angréh sagungnging mukmin mula aja pépéka, dén wiring angati-ati, maju: mundur Gusthi andelna ing ngarsa.
  40. Aja ngandel liyanira, kang dadi srananing urip mung baé dén lakonnana, salaginé sih ngawakki, dén gon ken ulah kardi, away kongsi dadi klimput ngandelken kuwattira, tanapi pinterriréki, dhasar kanggep mring kang samya darbé karya.
  41. Aja-aja mang[16]kono ta, katiwassan sira kaki, déné sira tan rumasa, ing wuri kacandhak pati, géndhollan tan yukti, dudu kang akarya idhup dadi patinira sasar, tan ngambah dalan kang sidi, dalan sidi iyéku hya Maha Mulya.
  42. Liyané: kabéh sasarran nora ana ingkang sidi, muga dén bisak-bisakna, géndhollan Hyang Maha Sukci, andellen kang sajati, iyéku adhep kang jujur, becik olah akarya, tanapi tan ulah kardi, nora béda janji wus dadi ngonnira.
  43. Pananggungngé Hyang Kang Mulya, dénnya saguh paring rizki, tan jinanji ulah karya, tanapi tan ulah kardi, carukkan sadéyaki, pinaring rizki Hyang Agung, tanna kang kaliwattan neteppi sifattiréki, arro[17]khmani: yéku Maha Mirahing Hyang.
  44. Mula bathin dén pasraha, déning mirahannéki, aja ndadak semyang semayang, dén mantep géndhollan Gusthi, pan iki tata krami, mrih begja pungkassannipun slamet dunya akhirah, poma dén padha angudi, rina: wengi ulahen bisak-bisakna.
  45. Wedi: asih ing Hyang Suksma, dadalan amrih basuki, nora ana dalan liya, kang nuntun mring kita sami, dadiniréng basuki, ing dunya akhirottipun poma-poma dén yatna, aywa nail-nali lali, apan iku ugerran ingkang sanyata.
  46. Pénget: ngéstokken paréntah, ngedohi cegahé Gusthi, kuduné padha ingulah, dina-dina kanthi ngaji, mrih undhakké [18] ing rêti, kanggo ngéstokken ing dhawuh, angedhohi ing cegah, mupung sih ngurippan sami, aja kasép kaselak koncattan nyawa.
  47. Rampung slawat salammira, Jeng Nabi ingkang sinelir, Mukhammadinil Musthafa, sollalloh wasallam ngalaih, sapra ali sakalir, pra mitra karuh sadarum, déning Ngabdulloh sajjad Semarang Sofar saptari, warsa wawu ngarawan dasa gangsal (45).
  48. Robbi mugi ngapuntenna, sagungnging dosa mba tuwin bapa biyung kalihira, pra guru amba sakalir, para kadang mukminin sagung dosa-dosanipun leburra ingaksama, déning falolliréng Gusthi, amin amin amin robbal ngalamina.    

———- tamat ———

@@@  

WALLAHU ANGLAMU BISHAWAB

Wasana panyuwun kula kaliyan sanget dhateng para sujana, ngulamak ingkang anyumerêppi: bilih wawarah punika wonten ceguk kithal tuwin kalintunipun mugi sami kaparêngnga anglerêssaken ing salerêssipun saha kula umatur nuwun sakalangkung nuwun déning kamirahanning panggalihipun, mugi-mugi Gusthi ingkang Maha Agung aparingnga wawales ing kasaénannipun amargi Gusthi Alloh mboten badhé ngical-ical ing ganjarrannipun para ulah kasaénan.

Wassalam, kula: pangkir ilalloh,
Karta Subrata