Category Archives: SERAT WEWULANG

SERAT WEWULANG


SERAT WEWULANG

 

Pupuh I dhandhanggula

  1. // [1] Wontên pasal mangke kang winarni / caritane sujalma utama / kang wus akèh luwangane / mêmulang anak putu / dèn anggèa kang wuri-wuri / padha sira rungokna / ing pitutur ingsun / lêlèjême wong sujana / lan wong wirya wiwitan lara prihatin / amatèkakên raga //
  2. // Raganira dèn sumêdya êning / êningêna lan nalaring kathah / dadi wong jêmbar budine / budi digdayèng tuhu / tuhu têrus lan islam batin / laire dhasar tapa / batine aputus / tan keguh dening bêbeka / iya iku têpane wong padha mukti / angati-ati tapa //
  3. // Tapa tapi tap-tapaning ati / atènira tan kêna ing lombang / malar têkaa sêdyane / ingkang sinêdyèng kayun / rahayune sajêge u[2]rip / manggiha suka wirya / wiryaning tumuwuh / mundhak kawuwus sujana / sujanane angluwihana sêsami / sêsamaning manungsa //
  4. // Iya iku kang manut sayêkti /sayêktine anut suka wirya / saking lara prihatine / karane wêkasingsun / anak putu kang wuri-wuri / padha sira laria / lampah kang pinunjul / punjul sêsama ing jalma / malah mandar oleha sapangat nabi / wali mukmin sadaya //
  5. // Sadinane sira aja lali / limputêna mring nêpsu kang ala / lêlimpenên sakarêpe / karêping nêpsu iku / anusupi panggawe bêcik / rêricikaning basa / binubrah binuwur / karane sira yitnaa / yèn wus yitna tan ana ala lan bêcik / pintanên ing wardaya //
  6. // Yèn wus bisa minta ala bêcik / pan kalêbu rêrêsiking [3] janma / kataman tuman têmêne / nêlat kang sampun luhur / kaluhuran kang sampun êning / angêningakên nala / nala mrih sumunu / kang sumunu wus gumawang / lan kawang-wang kèh ing janma ala bêcik / katitik kang tênaga //@
  7. // Tênagane kang dipuntitèni / wus kapusthi èsthining wardaya / katara dèning solahe / solah muna lan laku / wus kacêtha osiking ati / atènira wus pana / paham ing pangrungu / wruh saosiking buwana / bapa iku sawabe wong brangtèng Widhi / widigdèng ing ngawirya //
  8. // Prabawane wong wani prihatin / yèn wus mukti nyawabi sadaya / mring sanak wong sakadange / nadyan liyane rawuh / amuwuhi dahulat prapti / tur ta mundhak suwara/ kaprawiranipun / sugih rowang sugih [4] donya / beda lawan wong nora gêlêm prihatin / barang sinêdya tuna //
  9. // Nanging ana ujaringsun kaki / mring kang maca tuwin kang miyarsa / gêdhe cilik tuwa anom / tan kêna sira guru / sok sapaa dadi priyayi / anut sikuning janma / gandar solahipun / sarta takdiring Hyang Suksma / yèn wong iku takdire dadi wong tani / pan balubut kewala //
  10. // Nadyan bagus sagandare singgih / yèn pasthene pêpancène bangsat / pasthi kumêsat ujare / ujar nêka alungguh / anglungguhi ujar priyayi / amrih aja katara / polahe kang mawut / sawênèh ingkang sujanma / gandar ala dêgsura atine gingsir / gingsiring barang karya //
  11. // Kang satêngah sujanma puniki / gandar ala nylêkuthis semunya / [5] sarta dhêndhêng cêlukane / sinêmon datan wêruh / dipun sarah datan udani / kinêras datan êsak / ginêbug malupuh / sawênèh ingkang sujanma / api kêras nyêngangas ungas yèn angling / nyaliwing ing wardaya //
  12. // Kang sawênèh sujanma puniki / bêg sujana pangucap miyarsa / lèjême wali dèn amè / Jawa Arab wus putus / ing sarengat tarekat kaki / makripat kang cinêtha / ing kandhêg pamuwus / kayêktène nora nana / ambag lomba sêmbrana tan bêtah ngêlih / trocoh rusaking bala //
  13. // Basanira ambêg kumaluwih / saru lamun nênggih amicara / manggung agrayuk basane / baya manut ing siku / pasêmone angulêr sêrit / dene bataling drajad / wit pangucap rusuh / amimi wus sabên dina / nalarira arupè[6]k sêsêg kacêpit / kajêlit dèn tingala //
  14. // Satêngahe malih kang sujanmi / pan ambulus malih ambêkira / alus ngaluwus semune / solahe nyanyak-nyunyuk / kadi munyuk tan wruh ing krami / krama kinarya entra / jatine lir badhut / balubut kataning basa / kang mangkono angèl dadia priyayi / pasthi dadi urakan //
  15. // Aja dumèh yèn ala puniki /gandarira yèn dhasar pasaja / sarta kathah kawignyane / lan wênês sêmonipun / kathah ingkang dadi priyayi / dene ugêring janma / ing tindak lan tanduk / lan têtêp mantêp ing basa / sabobote ana kamuktène ugi / tinimbang lan wong ala //
  16. // Kang satêngah sujanma puniki / gandar alus solahe prasaja / lèjêm priyayi dènangge / ing solah bawanipun / [7] pan rineka-reka priyayi / nanging tan bêtah tapa / sarta untungipun / arang kang dadi dangdanan / ewuh têmên pratingkahe wong aurip / riptanên ing wardaya //
  17. // Nanging ana masalahe malih / yèn wong iku anggêgulang tapa / yêkti ana pamalêse / mungguh ing Hyang puniku / nora samar solahing dasih / saosiking wardaya / Hyang Suksma wus mêngku / Pangeran asipat rahman / luwih murah ya rabil kang luwih asih / asih mring wong nastapa //
  18. // Nadyan silih saliring kumêlip / kabèh iku ya sinungan murah / sapancène dhewe-dhewe / nadyan mancia iku / ora kaya wong mangun tèki / kinacèk ing sêsama / ing daulatipun / iya ta lawan kangelan / [8] kangèlane pan wus lina kang kariyin / anyêgah pangan nèndra //
  19. // Karantêne dènaemut sami / kang wong anom anganam-anama / sakèhe kawigyan kabèh / kabèh ungsêdên iku / kaprawiran lair lan batin / batinira dèn tata / tap tap-tapaning têmbung / têmbung-têmbunge ing basa / basaning wong wangwangên dipun kalingling / dêlingêna ing nala //
  20. // Nalarira dèn sumêdya rampid / rampidana lan udanagara / iku kang dadi ugêre / ugêrirêng tumuwuh / aja lali tata lan titi / dêduga lan prayoga / poma aywa limput / ringringa lawan wetara / angsal sira lalia kang nêm prakawis / tan wande manggih cèla //
  21. // Upamane rêraga puniki / yèn praua kang aran prayoga / [9] iku minangka dhayunge / wêtara satangipun / kang dêduga iku kêmudhi / reringa iku layar / poma dika etung / pradadaning ing sarira / kabèh iku lamun ora dèn kawruhi / mangsa sira arjaa //
  22. // Nadyan ikêt bêbêd lawan kêris / lamun ora bênêr panganggonya / dadya cêlaning awake / karane ing tumuwuh / ewuh têmên angangkah budi / nganggea sawêtara / poma wêkasingsun / sabarang ingkang prakara / aja lali wiwiting ala lan bêcik / rêrêsikên wardaya //
  23. // Nadyan ngucap sakêcap puniki / nadyan laku wong iku satindak / yèn ora bênêr patrape / nadyan silih dêdulu / yèn tan bênêr agawe wèsthi / karane ing a[10]gêsang / sangkanana ayu / amrih rahayuning bala / witing ayu andhap asor aja lali / iku patrap pusaka //
  24. // Lawanana kang pusaka malih / pusakane ing ngèlmu punika / angkat-angkatên karepe / dadya ngajia ngèlmu / yèn tan bisa kalimah kalih / ujare wong ulama / têksir ngèlmunipun / dening pusakaning tapa / kang tawêkal marang Hyang kang Maha Suci / asrah aja ambèka //
  25. // Dene ingkang pamuwus sayêkti / sok niyata wong iku nastapa / kang sarta osike dhewe / wus lumrah ing tumuwuh / sok janmaa kapengin mukti / tapane ora ana / apa marganipun / yèn wani mêsu sarira / sakarêpe Hyang Suksma iya nuruti / sawêtaraning lampah //
  26. // [11] Ing wong anom padhaa angreti / dening witing wong tapa punika / angkat-angkatên karêpe / kalamun sira mêsu / nêpsu hawa ngiwa pribadi / lan sartane èngêta / sira ing tumuwuh / yèn wong ora potang tapa / dadya angèl sabarang kang dèn senêngi / anggayuh-gayuh tuna //
  27. // Karantène wong urip puniki / kêdhik kang mukti kang dama kathah / awêdi luwe wêtênge / yèn esuk kudu muluk / lingsir wetan amangan malih / yèn bêdhug dharêdhêgan / surup thêkul bêskup / datan kêna towong iwak / karantêne wong urip arang kang mukti / nuruti budi hawa //
  28. // Budi awak angèwuh-ewuhi / amakewuh nèng sajroning nala / dadya arusuh nalare / witing hawa puniku / doyan mangan lan doyan guling / lan ora bisa nyêgah / ujar [12] kang tan patut / karane wêkas manira/ ing wong uripe angêta tutur kang bêcik / rêrêsik jroning nala //
  29. // Basa rinicik ingatik-athik / anggènên saprapataning basa / linaras ala bêcike / lamun bêcik rinasuk / lamun ala dipun singgahi / nanging ta tintènana / gêgêlitanipun / manawa kaworan ala / lamun ora matêng denira nitèni / akèh karoban basa //
  30. // Basa basan dènengêt ngawruhi / dèn kalingling delingna ing nala / nalar wit lan wêkasane / ana wiwit rum-arum / têngah onta wêkasan pahit / paekaning sujanma / kathah margènipun / sami lan margining pêjah / sajatine pari puniku sawiji / wiji-wijining karsa //
  31. // Karsa ala lawan karsa bêcik / dèn katitik clêkuthiking basa / kang ala lan basukine / kinira-kira kalbu / bu[13]dèning wong sawiji-wiji / tan kajajah sadaya / kanyata anipun / nadyan wasising carita / yèn tan ana yêktine kang dènrasani / yèku janma dol nama //
  32. // Aja kagèt yên sujanma wêgig / nadyan lantip pintêr amicara / yèn tan katêmu yêktine / titènana ing kalbu / bêbudène sawiji-wiji / ana kandhêging solah / kandhêging pamuwus / maluwus angawus basa / kang satêngah kumètes èthês yèn angling / amrih kadêlingêna //
  33. // Amrih kèringan sêsami sami / tur yêktine bêbudèning bangsat / mila kumêsat ajare / satêngah wong puniku / sampun tuwa ambêke rêsik / tur rêsik jroning nala / nalare arusuh / kapatuh kumêd ing donya / satêngahe ana karêthel mujati / jatine tan sêmbada //
  34. // Basan sê[14]mbada têgêse ugi / yèn wong gulang jatining sarira / kang têrus lair batine / batin ambêg rahayu / lairira andhaping krami / suka lila ing donya / tan grantêsing kalbu / iku wong wrêksa cêndhana / jaba sarèh tètêla wigya ing krami / ngramani ing sêsama //
  35. // Sêsamanya akèh padha asih / sih ing basa basuki tètêla / tètèh titih pambêkane / iku wênang tiniru / ginurunan tinulur tuwi / sênadyan wong nonoman / angsring ana muwus / muwus amrih kaluhuran / sarta nyata yêktine kang dènrasani / wênang yèn tinirua //
  36. // Aja dumèh wong tuwa puniki / yèn tan bêcik kalakuanira / poma aja sira angge / dene sayêktinènipun / basa ala puniku ugi / wong gulang gagêmbyakkan / gêgo[15]njakan udud / dhadhu kêplèk kècèk kêmpyang / iya iku pucuking ala sayêkti / yèn tan tajêm ing manah //
  37. // Yèn wong karêm wêwadonan angsring / yèku kabèh dadi pêpancadan / yèn tan mikir pambudine / milane wêkasingsun / mring wong anom-anom prasami / aywa pêgat gêgulang / budi kang mrih puguh / amrih kukuh jroning nala / nalarira rampidên lan ngèlmu jati / amrih aywantuk cêla //
  38. // Jawanira basa ngèlmu jating / sajatine iya raganira / akèh ana wilangane / jaba jro ngisor dhuwur / apadene kanan lan kèring / sajroning pamicara / ana kang amêngku / pangambu myang pamiyarsa / jroning tingal jroning ati dèn jagani / marang butaning suksma //
  39. // Ana dene kang angel pribadi / sratènane kang nèng jroning ra[16]ga / tigang prakara kathahe / arang kang bisa ngangkus / ati irêng abang lan kuning / puniku kaprakosa / jroning raga iku / ping sakawan ati pêthak / iya iku mung ingkang mulas pribaddi / amrih arjaning praja //
  40. // Nanging arang kang bisa ngrêtèni / marang ati putih kang utama / amung sandhing tongga bae / iku upamènipun / beda lawan ati kang kuning / abang irêng punika / sadaya angrangkul / sakèhe kang sipat janma / padha ngakêt ati abang irêng kuning / mila kathah wong ala //
  41. // Mila katah wong bêgal amaling / cêler juput brandhal lawan nayap / lannang wadon dadi lonthe / tuwin wong ngapus-apus / kêplèk kècèk dhadha lan bêlit / lawan ja sêsumbungan / manggung gulang udut / lan kèkere aning pasar / lan wong climut balurut lawan wong ngutil / [17] wit sangking ati abang //
  42. // Ati kuning anggung mêmalangi / samabarang karêm mring raharja / sami ingadangan kabèh / amrih bubuning laku / tuwin janma arsa prihatin / nuli binatalêna / amrih aja tutug / dene ati irêng ika / kawasane asangêt sabarang runtik / andabra ngambra-ambra //
  43. // Iya iku kang ngadhang-ngadhangi / marang kosiking amrih raharja / dene kang abang gawene / sakèh panganan iku / lan panganggo kang adi-adi / milane ingkang lamba / sujanma puniku / wit sangking tigang prakara / arang ingkang wong iku bisa nyratèni / marang ati têtiga //
  44. // Tur ta lamun gêlêm angêmasi / marang ati kang tigang prakara / yèn tutut langkung mbune / ati putih bèn ugung / iya iku sujanma luwih / angluwih[18]i sêsama / ing dahulatipun / karane wêkas manira / mring wong anom dènawas cirining ati / karêpe kawruhana //
  45. // Pan wus titi wirayating tulis / mring kang maca tuwin kang miyarsa / dèn padha èstokna kabèh / sabarang ungêlipun / jroning tulis kang amrih bêcik / dene kang amrih ala / gêgêlitanipun / iku padha yêktènana / poma-poma sira dèn padha nastiti / wirayat mrih prayoga //
  46. // Lamun ora nana kang niteni / ingkang maca tuwin kang miyarsa / dadi wong ngurakan bae / pasthi pancène buruh / tur katutuh lumuh ing becik / dadi janma katula / tula alanipun / dene kang sumarah ingkang / amiyarsa amaca kang durung bakit / wong anom mêksih mudha //
  47. // Basa jêjaka dipun maknani / jaja ngarêp ênggone [19] maknanya / panganggone ing ngarepe / liring pangarêp iku / dipun bisa abasa krami / yèn wus kapanggih tuwa / tuwuk ing pangawruh / wruhing ngèring subasita / aja kaya jêjakaning jaman mangkin / pangarêp ati lamba //
  48. // Basa lamba iku angêlebi / angêlebi wêtêng kêbak sêga / dadi grangsang sakarêpe / dadi wong abêburuh / munmuk radèn ing ngaranêki / daya lamun rosaa / wong iku mêmikul / wus têlas wêkas manira / poma kaki dèn padha anêstitèni / lêlèjêming sujana // 

Pupuh II Dhandhanggula 

  1. // Sun amurwa atêmbang artati / caritane sujanma utama / kang tate ngêmbani rajèng / anênggih wastanipun / ajejuluk Sèh Tèkawrêdi / salamine mandhita / nênggih anèng gunung / Maligèrêtna wastannya / du[20]k nom titi tatal ngêrèhkên nagari / nagri Garbasumandha//
  2. // Pambêkkane Ki Sèh Tèkawrêdi / salamine nèng Maligè rêtna / amêmulang pakaryane / dhatêng kang para wiku / kang ginêlar kang sabda gati / artine wong nèng donya / yata kang tinutur/ dening kang para satriya / kang ginêlar lêlungid udanagari / pepeka anèng praja //
  3. // Miwah ingkang wayah-wayah nangkil / sakathahe wong Garbasumandha / têngah tuwuh sêpuh anèm / sampun pêpak sadarum / angandika Sèh Tèkawrêdi / sakèhe putuningwang / kang anom kang sêpuh / padha sira pirsakêna / pratingkahe ngawula lan olah ngèlmi / tan beda pangarsanya //
  4. // Ingkang anom sun wulang kariyin / liring anom iku maksih tuna / durung kathah wulangane / beda lan kang wus sêpuh/ liring sêpuh iku nyêpuh[21]i / nyêpuhi têgêsira / nyawabi sadarum / milane jênêng wong tuwa / liring tuwa awênang tinuwi-tuwi / mring anak putunira //
  5. // Lamun ora mangkanaa kaki / ora jumênêng aning tuwa / dadi têtuwan arane / basa tuwuhan iku / ngandêlakên tuwane ugi / iku wong tuwa ampas / liring ampas iku / wastaning raga punika / raganira wus cape luwas ing kardi / mangka ing jro suwunga //
  6. // Iya iku wong cupêt ing buddi / duk anome tan purun têtannya / ngandêlkên kuwat rosane / tan etang ulah ngèlmu / kabakitan tan dên kawruhi / amung eca mêmangan / esuk nyamuk-nyamuk / tan ngetang wêkasing gêsang / kang kaetang mung nikmat pucuking pêrji / lan nikmat pucuk ngilat //
  7. // Datan nêdya angling jroning ati / yèn wong gêsang wêkasane pêjah / [22] nèng donya sêsanjan bae / milane wêkasingsun / mring wong anom-anom ta kaki / padha sira estokna / ing pitutur ingsun / aywa pêgat atêtannya / mring wong luwih barang kaluwihan kaki / padha sira gulanga //
  8. // Anadene yèn wus luwih kaki / olêhira gêgulang kawigyan / anadene romahane / nanging pangarêpipun / andhap asor tan kêna lali / sabarang karêpira / yèn tan lali iku / angajia ngawulaa / amêrtapa andhap agong aywa lali / wêkasan dadi guna //
  9. // Nadyan guna yèn ora tabêri / gunanira pan maksih kuciwa / dadya kurang utamane / lan malih wêkasingsun / panggrahita gulangên kaki / iku minongka wungkal / anglungiding sêmu / sêmu bêcik lawan ala / upamane ling adu pucuking [23] êri / yèn wong alul sasmita //
  10. // Sinaua nganam-anam kaki / lan dèn bisa sira mardi guna / lan nglanggana pakèwuhe / dèn bisa têngkas nambung / lan anukma ing agal alit / ya ulah kridhaningrat / sarjana kawêngku / jana sêmu sarsadhela / yèn wus nyandhak lêlungiding ala bêcik / sinêbut wong sujana //
  11. // Basa sujana puniku luwih / angluwihi sêsamaning janma / dadi sujana arane / karane putuningsun / aja wirang atèki-tèki / wong wirang têmah nganggrang / liring nganggrang suwung / liring suwung iku sirna / liring sirna budi istiyare kênting / dadi wong tanpa karya //
  12. // Kang mêksih nom ana kang dipunprih/ mikul rosa kinongkona kêbat / yèn wus tuwa kang ya priye / tapa ingkang tinêmu / raga cape atine sêpi / têgêse sasêpi sêpa / [24] tanpa ngrasa iku / dadine wong tuwa bangka / iya bangka tegese bangka sayekti / kumlêkêr tanpa sila //
  13. // Karantène gulang êntas mangkin / sakathahing kawigyaning janma / mumpung sira maksih anom / ingkang wayah umatur / inggih lêrês sabda sang yogi / nanging panuwun kula / dhumatêng sang wiku / pratingkahe wong ngawula / mung punika kawula suwun rumiyin / ingkang amrih utama //
  14. // Angandika sang Sèh Tèka Wêrdi / luwih angèl kaki wong ngawula / nanging aluwih gampange / puniku basa ewuh / liring èwuh durung mangrêti / basa mangrêti ika / ngawruhi sêdarum / sabarang karsaning nata / iya iku panêngêran kang janmadi / widigdèng cipta maya //
  15. // Maya iku utusaning kapti / kapti suka lawan kapti duka / anèng netra sasumuke / lair wrêma lumaku / lair iku utusan batin / angsa[25]l sira kaduga / ujar kang puniku / supaya yèn katrimaa / ing angèle yèn sira durung mangrêti / barang karsaning nata //
  16. // Nanging ana bedanipun kaki / angawula ing sang prabu tuwa / kalawan satriya anèm / sabarang karsanipun / ing satriya anom puniki / karya prêlu lan sunat / sami patrapipun / upami dipun popoa / karya prêlu kalawan kang nora gati / sami sih asatira //
  17. // Nanging ana pamère kêdhik / angawula ing satriya mudha / kang tahan dèn sêmu age / sabarang karyanipun / dene akêbat cukat têrampil / sabarang kaduk kêbat / trampil yèn umatur / cêgaha pangan lan nêndra / jurungana ing puji sarta sêmèdi / amrih dhanganing karta //
  18. // Yèn angadhêp gustinira runtik / poma kaki sira dèn prayitna / aja mapasi karsane / nênggih upa[26]mènipun / ing satriya anom yèn runtik / pan kadya banjir bandhang / sing katrajang larut / balikkan dèn angrerêpa / nêtyanira dèn adoh asêmu wêdi / amrih dhangani duka //
  19. // Yèn ingutus dening gusti runtik / tan wukira dèn matra kilata / amrih lêmpêra dukane / yèn aturira tambuh / dadi sira kasabêt runtik / ingkang sangsaya dadra / dukane sang prabu / lêlakonira dèn kêbat / jroning kêbat akanthia ngati-ati / manawa kawadaka //
  20. // Pèn wus prapta denira tinuding / aturira kaki dèn tètêla / dèn asru asêmu sarèh / yèn sêngak sira matur / dadi sira mêwahi runtik / yèn asru esmu lêmbah / trustha sang aprabu / pan wus kocaping saloka / satriya nom sabarang kang dèn karsani / anggampangakên mongta //
  21. // Pan wus kocap wirayating tulis / ingkang aran satriya taru[27]na / basa taruna têgêse / taru godhong puniku / na pituduh maknane ugi / mungguh caraka basa / iku têgêsipun / liring tuduh barang karta / karya prêlu kalawan kang nora gati / kandêl tipis dèn padha //
  22. // Basa taru artine winarni / kaya godhong upamane ika / yèn lagi ana gaweane / kalangkung ajènipun / nora kètung mitung sukoni / tur ta amung sadina / gawene kang prêlu / yèn uwis dadi sarahan / iya iku maknane taruna kaki / kang wus kocap carita //
  23. // Benèh lawan prabu tuwa kaki / liring tuwan pan ora anasar / kang bangsa nasar artine / sabarang karsanipun / nora supe akathi uwit / wit bêcik lawan ala / kapyarsa sadarum / ngranggoni jênênging tuwa / basa jênêng artine iku jênêngi / jênêngi nora pisah //
  24. // Beda lawan basa anom kaki / liring a[28]nom maksih nganaman-nam / sabarang ing kawigyane / yèn wus kapanggih sêpuh / nuli bisa anamba iki / karsa bêcik lan ala / kapirsa sadarum / milane ana wong ngucap / sapa bisa wonge amrangkani kudhi / ngabdia ratu mudha //
  25. // Iya iku wong cupêt ing budi / ingkang purun angucap mangkana / dadi wong cupêt kawruhe / beda kang sampun luhung / kang wus wêruh ing ala bêcik / ngawula ratu mudha / ing ibaratipun / sira ngêmban rare mothah / lamun wigya ngarih-arih anyindhèni / kèndêl lajêng anèndra //
  26. // Yèn anglilir bocah dèn sandhangi / kêkêmbangan kuning ngabang-abang / bungah lêngêh-lêngêh bae / iku upamanipun / angsal sira bisa ngladèni / marang satriya mudha / ing sakarsanipun / yèn olèh sih lan dêrajad / sarta olèh satriya kang ambêg jugig / ngranggoni galih tuwa //

— @@@ —

SERAT WEWULANG


SERAT WEWULANG

Pengarang : anonim

PUPUH I
DHANDHANGGULA

1. [1] Wotén pasal mangke kang winarni/ caritane sujalma utama/ kang wus akéh luwangane/ mémulang anak putu/ dén anggéa kang wuri-wuri/ padha sira rungokna/ ing pitutur ingsun/ éléjéme wong sujana/ lan wong wirya wiwitan lara prihatin/ amatékaken raga//

Terdapat pasal yang menyampaikan/ cerita manusia utama/ yang telah banyak memakan asam garam kehidupan/ memberi petuah terhadap anak-cucu/ supaya dipelajari dan diamalkan/ coba engkau dengarkan/ apa perkataannya/ usaha menjadi orang pandai dan mereka yang bekerja dimulai dengan perih dan prihatin mengesampingkan raga//

2. Raganira dén sumédya éning/ éningéna lan nalaring kathah/ dadi wong jémbar budine/ budi digdaténg tuhu/ tuhu térus lan islam batin/ laire dhasar tapa/ batine aputus/ tan keguh dening béveka/ iya iku tépane wong padha mukti/ angati-ati tapa//

Supaya raga mengheningkan mengena dan berakal banyak/ menjadi orang yang luas pemahamannya/ paham yang benar-benar kokoh keyakinannya/ senantiasa yakin dan Islam batinnya/ lahir berdasarkan apa/ batin yang tidak pernah putus/ tidak goyah oleh apapun/ itulah tapa bagi orang berwibawa/ senantiasa berhati-hati dalam bertapa//

3. Tapa tapi tap-tapaning ati/ aténira tan kena ing lombang/ malar tékaa sédyane/ ingkang sinédyéng kayun/ rahayune sajégé u-[2]rip/ manggiha suka wirya/ wiryaning tumuwuh/ mundhak kawuwus sujana/ sujanane angluhihana sésami/ sésamaning manungsa//

Melalui tingkatan hati/ hati yang tidak boleh bimbang/ sampai terwujud apa yang dicitakan/ yang tentunya diinginkan/ adalah kesentosaan selama hidup/ bekerja suka cita/ pekerjaannya tumbuh/ meningkat kelebihannya/ kelebihan yang melebihi sesama/ sesamanya manusia//

4. Iya iku kang manut sayékti/ sayéktine anut suka wirya/ saking lara prihatine/ karane wéksingsun/ anak putu kang wuri-wuri/ padha sira laria/ lampah kang pinunjul/ punjul sésama ing jalma/ malah mandar oleha sapangat Nabi/ wali mukmin sadaya//

Itulah yang menurut pada kesungguhan/ bersungguh-sungguh suka dalam bekerja/ dari perih prihatinnya/ nasehatku kutujukan/ anak-cucu yang memahami/ coba engkau bersedia/ melangkah lebih utama/ lebih diantara sesamanya manusia/ kelak semoga memperoleh safaat Nabi/ wali mukmin semua//

5. Sadinane sira aja lali/ limputéna mring népsu kang ala/ lélimpenén sakarépé/ karéping népsu iku/ anusupi panggawe bécik/ réricikaning basa/ binubrah binuwur/ karane sira yitnaa/ yén wus yitna tan ana ala lan bécik/ pintanén ing wardaya//

Setiap harinya jangan engkau lupa/ menyelubungi hati dari nafsu yang buruk/ kekanglah semampumu/ kehendak nafsu tersebut/ yang berusaha menghalangi perbuatan baik/ peribahasanya jangan sampai berubah kalau tidak ingin hancur/ maka berhati-hatilah/ jika sudah tidak ada hal yang mampu membedakan baik dan buruk/ memohonlah dalam hati//

6. Yén wus bisa minta ala bécik/ pan kalébu rérésiking [3] janma/ kataman tuman téméne/ nélat kang sampun luhur/ kaluhuran kang sampun éning/ angéningakén nala/ nala mrih sumunu/ kang sumunu wus gumawang/ lan kawang-wang kéh ing janma ala bécik/ katitik kang ténaga//

Jika sudah bisa minta baik dan buruk/ termasuk dalam pembersihan manusia/ yang sesungguhnya suka diulang/ mencontoh terhadap yang luhur/ keluhuran yang telah bening membeningkan hati/ supaya hati memancarkan/ cahaya yang telah sangat terang/ dan samar-samar banyak terdapat dalam diri manusia baik dan buruk/ yang dilihat dari apa yang dikerjakan//

7. Ténagane kang dipuntiténi/ wus kapusthi ésthining wardaya/ katara déning solahe/ solah muna lan laku/ wus kacétha osiking ati/ aténira wus pana/ paham ing pangrungu/ wruh saosiking buwana/ bapa iku sawabe wong brangténg widhi/ widigdéng ing ngawirya//

Kerjaannya yang dapat dicermati telah diputuskan oleh sesungguhnya hati/ tercermin dari lakunya/ tingkah laku serta ucapannya/ telah menjelaskan apa yang ada di hati/ hatimu telah mengerti/ telinga telah memahami/ mengetahui gejolak dunia/ Ayah itulah kekuatan penghasil berkah dari orang yang mencintai Tuhannya/ pintar dalam berperilaku//

8. Prabawane wong wani prihatin/ yén wus mukti nyawabi sadaya/ mring sanak wong sakadange/ nadyan liyane rawuh/ amuwuhi dahulat prapti/ tur ta mundhak suwara/ kaprawiranipun/ sugih rowang sugih [4] donya/ beda lawan wong nora gélém prihatin/ barang sinédya tuna//

Kewibawaan orang yang berani berprihatin/ apabila telah sekses mampu menolong segala/ kepada sanak saudara dan sekitarnya/ walau kepetingan lain datang/ tetap menetapi maksud/ justru semakin meningkat suara/ keperwiraannya/ kaya tetolong adalah kekayaan dunia/ berbeda dengan orang yang tidak mau berprihatin/ apa-apa takut rugi//

9. Nanging ana ujaringsun kaki/ mring kang maca tuwin kang miyarsa/ gédhe cilik tuwa anom/ tan kéna sira guru/ sok sapaa dadi priyayi/ anut sikuning janma/ gandar solahipun/ sarta takdiring Hyang Suksma/ yén wong iku takdire dadi wong tani/ pan balubut kewala//

Namun ada cetitaku nak/ kepada yang membaca dan mendengarkan/ besar kecil tua muda/ tidak diperkenankan dikau berlaku/ seakan bergaya seperti priyayi/ menurut sudut pandang manusia/ segala tingkah lakunya/ serta takdir Yang Maha Kuasa/ apabila orang itu ditakdirkan menjadi petani/ hanya kotor saja//

10. Nadyan bagus sagandare singgih/ yén pasthene pépancéne bangsat/ pasthi kumésat ujare/ ujar néka alungguh/ anglungguhi ujar priyayi/ amrih aja katara/ polahe kang mawut/ sawénéh ingkang sujanma/ gandar ala dégsura atine gingsir/ gingsiring barang karya//

Walau bagus segala prilaku sesuai/ kalau sesungguhnya sejatinya bangsat/ pastilah sombong ucapnya/ berucap telah menduduki/ menduduki ucapan priyayi/ supaya tidak kelihatan/ tingkahnya yang kacau/ semua tentang kemanusiaan/ sifatnya tercela tidak tahu tata krama hatinya goyah/ tergoyah kebendaan//

11. Kang saténgah sujanma puniki/ gandar ala nylékuthis semunya/ [5] sarta dhéndhéng célukane/ sinémon datan wéruh/ dipunsarah datan udani/ kinéras datan ésak/ ginébug malupuh/ sawénéh ingkang sujanma/ api kéras nyéngangas ungas yén angling/ nyaliwing ing wardaya//

Yang setengahnya manusia itu/ sifatnya tercela samar-samar sombong segalanya/ serta berat tangan panggilannya/ suka pura-pura tidak tahu masalah/ diberitahu tidak pernah dilaksanakan/ keras kepala tidak dapat diperindah/ makin dikerasi melemah/ sebagaian manusia seperti api/ lebat melalap sulit ditaklukkan kalau berbicara/ berbeda dengan hati//

12. Kang sawénéh sujanma puniki/ bég sujana pangucap miyarsa/ léjéme wali dén amé/ Jawa Arab wus putus/ ing sarengat tarekat kaki/ makripat kang cinétha/ ing kandhég pamuwus/ kayékténe nora nana/ ambag lomba sémbrana tan bétah ngélih/ trocoh rusaking bala//

Yang sebagian lagi/ pernah dengan ucapan bijak supaya yang mendengar/ dirinya menganggapnya sebagai wali/ Jawa Arab sudah dikuasai/ dalam syariat tarekat/ makrifat telah jelas/ teguh dalam pemahaman/ namun kenyataannya kosong belaka/ asal-asalan ceroboh tidak mampu menahan lapar/ suka menceritakan keburukan teman//

13. Basanira ambeg kumaluwih/ saru lamun nénggih amicara/ manggung agrayuk basane/ baya manut ing siku/ pasémone angulér serit/ dene bataling drajad/ wit pangucap rusuh/ amimi wus sabén dina/ nalarira arupé-[6]k séség kacépit/ kajélit déntingala//

Bahasanya suka menyombongkan (melebihi)/ kata-katanya sering kotor/ berbunyi memikat gaya bahasanya/ buaya tunduk di tangannya/ seakan-akan seperti ulat serit/ hanya saja batalnya derajad itu/ karena ucapan kotor/ berceloteh setiap hari/ pemikirannya sempit sesak terjepit/ terbersit dari apa yang terlihat//

14. Saténgahe malih kang sujanmi/ pan ambulus malih ambékira/ alus ngaluwus semune/ solahe nyanyak-nyunyuk/ kadi munyuk tan wruh ing krami/ krama kinarya entra/ jatine lir badhut/ balubut kataning basa/ kang mangkono angél dadia priyayi/ pasthi dadi urakan//

Setengahnya lagi manusia itu/ nafasnya tidak lagi seperti kura-kura/ yang halus melembut/ tingkahnya suka serobot/ seperti kera yang tidak tahu tata krama/ krama tercipta pratanda/ jatinya seperti badut/ dibalut indahnya bahasa/ yang seperti itu sulit menjadi prinyayi/ pasti menjadi biang keladi//

15. Aja duméh yén ala puniki/ gandarira yén dhasar pasaja/ sarta kathah kawignyane/ lan wénés sémonipun/ kathah ingkang dadi priyayi/ dene ugéring janma/ ing tindak lan tanduk/ lan tétép mantép ing basa/ sabobote ana kamukténe ugi/ tinimbang lan wong ala//

Jangan mencela karena rupanya yang buruk/ apabila sifatnya memang bersahaja/ serta banyak kepandaiannya/ dan ramah lagi/ banyak yang menjadi priyayi/ sabab tatanya manusia/ ada dalam tingkah laku/ dan menetapi kebenaran ucapan/ seberapapun kewibawaannya itu/ dinilai dan orang tercela//

16. Kang saténgah sujanma puniki/ gandar alus solahe prasaja/ léjém priyayi dénangge/ ing solah bawanipun/ [7] pan rineka-reka priyayi/ nanging tan bétah tapa/ sarta untungipun/ arang kang dadi dangdanan/ ewuh témén pratingkahe wong aurip/ riptanén ing wardaya//

Yang stengahnya lagi/ sifatnya halus tingkahnya bersahaja/ tata priyayi dilaksanakan/ dalam tingkah prilakunya/ supaya citebak-tebak sebagai prinyayi/ tetapi dia tidak tahan tapa ialah ujung-ujungnya/ jarang menjadi orang terpuji/ susah benar perilaku orang hidup/ heningkan dalam hati//

17. Nanging ana masalahe malih/ yén wong iku anggégulang tapa/ yékti ana pamalése/ mungguh ing Hyang puniku/ nora samar solahing dasih/ saosiking wardaya/ Hyang Suksma wus méngku/ Pangeran asipat rahman/ luwih murah ya rabil kang luwih asih/ asih mring wong nastapa//

Namun ada lagi soal jika orang itu suka bertapa/ nyata ada ganjarannya/ dekat dengan Tuhannya/ tidak khawatir mengenai kasih-Nya/ apapun bisikan hati/ jiwa telah mantap bahwa/ Tuhan bersifat pemurah (rahman)/ lebih kasih Ya Rabbi dari yang melebihi kasih/ kasih terhadap orang-orang nestapa//

18. Nadyan silih saliring kumélip/ kabéh iku ya sinungan mura/ sapancéne dhewe-dhewe/ nadyan mancia iku/ ora kaya wong mangun téki/ kinacék ing sésama/ ing daulatipun/ iya ta lawan kangelan/ [8] kangélane pan wus lina kang kariyin/ anyégah pangan néndra//

Walau silih berganti ujian menerpa/ semua itu dalam naungan kemurahan/ tentunya berbeda kadar kemurahan itu/ walau sampailah pada/ tidak seperti orang yang beruntung/ beda dari sesama/ rahmat-Nya/ disertai dengan kesulitan/ kesulitan yang jauh lebih sulit dari sebelumnya/ mencegah makan dan tidur//

19. Karanténe dénaemut sami/ kang wong anom anganam-anama/ sakéhe kawigyan kabéh/ kabéh ungsedén iku/ kaprawiran lair lan batin/ batinira déntata/ tap tap-tapaning témbung/ témbung-témbunge ing basa/ basaning wong wang-wangén dipunkalingling/ délingéna ing nala//

Tujuannya supaya ingat pratanda/ yang muda berlomba-lombalah membuat/ sebanyak-bayaknya kebaikan (kebaktian)/ semua itu usahakan/ keperwiraan lahir dan batin/ supaya batinmu tertata/ tingkat-tingkatannya kata/ pilihan kata dalam berucap/ bahasanya orang amitilah seksama/ lihatlah dengan hati//

20. Nalarira dén sumédya rampid/ rampidana lan udanagara/ iku kang dadi ugére/ ugériréng tumuwuh/ aja lali tata lan titi/ déduga lan prayoga/ poma away limput/ ringringa lawan wetara/ angsal sira lalia kang ném prakawis/ tan wande manggih céla//

Pemikiranmu upayakan sedia menyerang/ menyerahlah asal bertata krama/ itulah yang menjadi pusaka/ pusakamu yang tumbuh/ jangan lupa aturan dan berhati-hati hingga tidak ada satupun yang tertinggal/ prasangka dan prayoga/ diperhatikan betul jangan sampai ada yang ditutupi/ durem yang jelas/ jika engkau tidak melupakan enam perkara/ tidak akan menemui kendala//

21. Upamane réraga puniki/ yén praua kang aran prayoga/ [9] iku minangka dhayunge/ wétara satangipun/ kang déduga iku kémudhi/ reringa iku layar/ poma dika etung/ pradadaning ing sarira/ kabéh iku lamun ora den kawruhi/ mangsa sira arjaa//

Seumpamanya raga itu/ adalah perahu dapat disebut prayoga/ jika dayungnya/ jelas arahnya apa yang disebut prasangka adalah kemudi/ rem adalah layar/ coba andika hitung apa-apa dalam ragamu/ apabila semua itu tidak diketahui/ tidak mungkin engkau selamat//

22. Nadyan ikét bébéd lawan kéris/ lamun ora bénér panggonya/ daya célaning awake/ karane ing tumuwuh/ ewuh témén angangkah budi/ nganggea sawétara/ poma wékasingsun/ sabarang ingkang prakara/ aja lali wiwiting ala lan bécik/ rérésikén wardaya//

Walau ikat kain dilawankan dengan keris/ jika tidak benar pemakaiannya/ jadi cela bagi diri sendiri/ semuanya adalah hasil/ susah benar melangkah budi/ menjangkau sementara/ namun pada akhirnya/ sembarang dalam perkara/ janganlah lupa mulanya baik dan buruk/ bersihkanlah hati//

23. Nadyan ngucap sakécap puniki/ nadyan laku wong iku satindak/ yén ora bénér paptrape/ nadyan silih dédulu/ yén tan bénér agawe wésthi/ karane ing a-[10]gésang/ sangkanana ayu/ amrih rahayuning bala/ witing ayu andhap asor aja lali/ iku patrap pusaka//

Sekalipun berucap sekata/ sekalipun bertingkah sehal/ jika tidak benar posisinya/ sekalipun berganti bulan/ jika tidak benar perbuatannya pastilah/ karma dalam kehidupan/ rencanakanlah kebaikan/ mengharap keselamatan seperjuangan/ dimulainya kebaikan ialah jangan lupa rendah hati/ itulah peraturan pusaka//

24. Lawanana kang pusaka malih/ pusakane ing ngélmu punika/ angkat-angkatén karepe/ dadya ngajia ngélmu/ yén tan bisa kalimah kalih/ ujare wong ulama/ téksir ngélmunipun/ dening pusakaning tapa/ kang tawékal marang Hyang Kang Mahasuci/ asrah aja ambéka//

Lengkapilah pusaka itu/ dengan pusaka berilmu/ bulatkan tekad/ guna mengaji adalah berilmu/ apabila tidak bisa dua kalimat/ kata para ulama/ tafsir (Al Qur’an) ilmunya/ dengan pusaka tapa/ yang bertawakal kepada Yang Maha Suci/ betul-betul pasrah//

25. Dene ingkang pamuwus sayékti/ sok niyata wong iku nastapa/ kang sarta osike dhewe/ wus lumrah ing tumuwuh/ sok janmaa kapengin mukti/ tapane ora ana/ apa marganipun/ yén wani mésu sarira/ sakarépe Hyang Suksma iya nuruti/ sawétaraning lampah//

Sedangkan yang berkata sakti/ sik berniat melalui nestapa/ serta kagundahan sendiri/ sudah pasti menghasilkan/ manusia yang sol ingin sukses/ tapanya tidak ada/ apa jalannya jika berani memaksakan badan/ sesuai kehendak Hyang Suksma selalu menuruti/ sebagian langkah//

26. [11] Ing wong anom padhaa angreti/ dening witing wong tapa punika/ angkat-angkatén karépe/ kalamun sira mésu/ népsu hawa ngiwa pribadi/ lan sartane éngéta/ sira ing tumuwuh/ yén wong ora potang tapa/ dadya angél sabarang kang dénsenéngi/ anggayuh-gayuh tuna//

Para pemuda cobalah mengerti/ bahwa dasar orang bertapa itu/ membulatkan tekad/ mengekang diri dari/ hawa nafsu menyingkirkan kepetingan pribadi/ dan selalu ingatlah/ siapa berbuat menuai/ jika orang tidak kuat bertapa/ menjadi sulit segala barang yang disukai/ apa-apa yang dicitakan tak berbuah//

27. Karanténe wong urip puniki/ kédhik kang mukti kang dama kathah/ awédi luwe wéténge/ yén esuk kudu muluk/ lingsir wetan dharédhégan/ surup thékul béskup/ datan kéna towong iwak/ karanténe wong urip arang kang mukti/ nuruti budi hawa//

Jalannya orang hidup itu/ sedikit yang sukses dan banyak yang nista/ takut lapar perutnya/ kalau pagi harus makan/ matahari baru sepenggalah makam lagi/ kalau dzuhur (tengah hari)  kelaaparan/ sorenya siap santap/ jangan sampai melewatkan daging/ jalannya orang hidup jarang yang sukses/ jika manuruti nafsunya//

28. Budi awak angéwuh-ewuhi/ amakewuh néng sajroning nala/ dadya arusuh nalare/ witing hawa puniku/ doyan mangan lan doyan guling/ lan ora bisa nyégah/ ujar [12] kang tan patut/ karane wékas manira/ ing wong uripe angéta tutur kang bécik/ rérésik jroning nala//

Kehendak badan menghalangi/ mempersulit dalamnya kalbu/ jadi kacau pikirannya/ dasarnya nafsu yaitu/ suka makan dan suka tidur/ tidak bisa mencegah/ perkataan yang tidak pantas/ sebutannya manusia pamungkas/ jadilah manusia yang senantiasa ingat tutur berbudi/ membersihkan dalam hatinya//

29. Basa rinicik ingatik-atik/ anggénén sapraptaning basa/ linaras ala bécike/ lamun bécike rinasuk/ lamun ala dipunsinggahi/ nanging tan tinténanan/ gégélitanipun/ manawa kaworan ala/ lamun ora maténg denira niténi/ aléh karoban basa//

Bahasanya diracik sedemikian rupa/ gunakanlah seperempatnya bahasa/ perbedaan baik dan buruk itu/ apabila baik merasuk/ apabila buruk disanggah hati/ tetapi perhatikanlah/ seluk-beluknya/ apabila tercampur dengan yang buruk/ apabila tidak masak dalam memperhatikan/ banyak kelebihan berbahasa//

30. Basa basan dénengét ngawruhi/ dénkalingling delingna ing nala/ nalar wit lan wékasane/ ana wiwit rum-arum/ téngah onta wékasan pahit/ paekaning sujanma/ kathah margénipun/ sami lan margining péjah/ sajatine pari puniku sawiji/ wiji-wijining karsa//

Basa basi bahasa supaya diperhatikan betul/ supaya dicermati dilihat dengan hati/ mulainya logika lalu akhirnya/ terdapat wewangian/ tengah hampar pamungkasnya pahit/ faedahnya manusia/ banyak jalan/ sama dan jalannya kematian/ sejatinya padi itu hanya sebiji/ biji-bijinya keinginan//

31. Karsa ala lawan karsa bécik/ dén katitik clékuthiking basa/ kang ala lan basukine/ kinira-kira kalbu/ bu-[13]déning wong sawiji-wiji/ tan kajajah sadaya/ kanyataanipun/ nadyan wasising carita/ yén tan ana yéktine kang dénrasani/ yéku janma dol nama//

Keinginan buruk berbanding dengan keinginan baik/ bisa dilihat dari rancunya bahasa/ yang tercela dan terpuji/ dikira-kira dalam kalbu/ budinya orang berbeda-beda/ tidak dapat terbaca semuanya/ kenyataannya/ walau fasih bercerita/ apabila tidak faktanya apa yang diutarakan/ itulah manusia yang menjual nama//

32. Aja kagét sujanma wégig/ nadyan lantip pintér amicara/ yén tan katému yéktine/ titénana ing kalbu/ bébudéne sawiji-wiji/ ana kandhéging solah/ kandhéging pamuwus/ maluwus angawus basa/ kang saténgah kamétes éthés yén angling/ amrih kadélingéna//

Jangan kaget apabila orang itu pintar berbicara/ walau pandai betul berucap/ apabilatidak bertemu faktanya/ camkan dalam kalbu berbudinya orang berbeda-beda/ ada yang terpaksa berhenti berbuat terpaksa berhenti pamungkasnya/ mengotori kita yang terucap/ yang setengah menetes tes dari ucapan/ supaya perhatikan seksama//

33. Amrih kéringan sésami sami/ tur yéktine bébudéning bangsat/ mila kumésat ajare/ saténgah wong puniku/ sampun tuwa ambéke résik/ tur résik jroning nala/ nalare arusuh/ kapatuh kuméd ing donya/ saténgahe ana karéthel mujati/ jatine tan sémbada//

Supaya disisihkan dari sesama/ apalagi faktanya berbudi bangsat/ maka sombong ucapannya/ setengah manusia itu/ sudah tua nafasnya bersih/ juga bersih dalamnya hati/ akan tetapi pikirannya kacau/ terlalu menginginkan keduniawian/ setengahnya ada yang sibuk memuja/ sejatinya tidak sepadan (dengan yang dipuja)//

34. Basan sé-[14]mbada tégése ugi/ yén wong gulang jatining sarira/ kang térus lair batine/ batin ambég rahayu/ lairira andhaping krami/ suka lila ing donya/ tan grantésing kalbu/ iku wong wréksa céndhana/ jaba saréh tétéla wigya ing krami/ ngraman ing sésama//

Kata pantas maksudnya juga/ apabila orang mengolah jati diri/ hingga lahir dan batinnya/ batin berupaya sentosa/ lahirnya dalam tata krama/ suka rela di dunia/ tidak menuruti kemaksiatan kalbu/ itulah manusia yang diibaratkan pohon cendana/ diluar sabar teguh pandai mengambil sikap/ menyikapkan sesama//

35. Sésamanya akéh padha asih/ sih ing basa basuki tétéla/ tétéh titih pambékane/ iku wénang tiniru/ ginurunan tinulur tuwi/ sénadyan wong nonoman/ angsring ana muwus/ muwus amrih kaluhuran/ sarta nyata yéktine kang dénrasani/ wénang yén tinirua//

Sesamanya banyak yang kasih/ kasih dalam bahasa teguh selamat/ jelas cermat keputusannya/ itu pantas ditiru/ turun temurun ditularkan juga/ walaupun masih muda/ sering terdapat pembicaraan/ pembicaraan mengupayakan keluhuran/ serta nyata apa yang digunjingkan/ pantas apabila ditiru//

36. Aja duméh wong tuwa puniki/ yén tan bécik kalakuanira/ poma aja sira angge/ dene sayktinénipun/ basa ala puniku ugi/ wong gulang gagémbyakkan/ gégo-[15]njakan udud/ dhadhu képlék kécék kémpyang/ iya iku pucuking ala sayékti/ yén tan tajém ing manah//

Jangan karena orang tua/ apabila tidak baik kelakuannya/ pantang engkau gunakan/ memang sesungguhnya/ kata tercela itu merupakan/ ciri orang yang mendulang kemerosotan/ mendewakan roko/ suka berjudi/ iya betul itulah ujung dari cela sesungguhnya/ apabila tidak peka hati//

37. Yén wong karém wéwadonan angsring/ yéku kabéh dadi pépancadan/ yén tan mikir pambudine/ milane wékasingsun/ mring wong anom-anom prasami/ away [égat gégulang/ budi kang mrih puguh/ amrih kukuh jroning nala/ nalarira rampidén lan ngélmu jati/ amrih aywantuk céla//

Apabila orang suka main perempuan/ dapat dijadikan gambaran/ bahwa dia tidak memikirkan budi pekertinya/ maka petuahku/ kepada para pemuda semuanya/ jangan putus belajar/ budi yang kokoh/ supaya kuat mencengkeram dalam hati/ pemikiranmu bangkitkan dan berilmu sejati/ supaya mendapat penerangan//

38. Jawanira basa ngélmu jatining/ sajatine iya raganira/ akéh ana wilangane/ jaba jro ngisor dhuwur/ apadene kanan lan kéring/ sajroning pamicara/ ana kang améngku/ pangambu myang pamiyarsa/ jroning ati dénjagani/ marang butaning suksma//

Jawanya kata berilmu sejati/ sesungguhnya ialah ragamu/ terdapat banyak bilangan/ luar dalam bahwa atas/ apabila kanan dan kiri/ dalam ucapan/ ada yang mengatur/ penciuman dan pendengaran/ dalamnya terlihat dalam hati supaya berjaga-jaga/ terhadap batunya jiwa//

39. Ana dene kang angel pribadi/ sraténane kang nng jroning ra-[16]ga/ tigang prakara kathahe/ arang kang bisa ngangkus/ ati iréng abang lan kuning/ puniku kaprakosa/ jroning raga iku/ ping sakawan ati péthak/ iya iku mung ingkang mulas pribaddi/ amrih arjaning praja//

Ada yang sulit pribadinya/ keinginan dalam raga/ tiga perkara jumlahnya/ jarang yang dapat menghindar/ hati hitam merah dan kuning/ itulah yang berkuasa/ dalam raga/ yang keempat hati putih/ ialah itu yang dapat merubah pribadi/ supaya raharja sedia//

40. Nanging arang kang bisa ngréténi/ marang ati putih kang utama/ amung sandhing tongga bae/ iku upaménipun/ beda lawan ati kang kuning/ abang iréng punika/ sadaya angrangkul/ sakéhe kang sipat janma/ padha ngakét ati abang iréng kuning/ mila kathah wong ala//

Tetapi jarang yang dapat menguasai/ hati putih yang utama/ hanya mampu bersanding tombak saja/ itu perumpamaannya/ beda dengan hati yang kuning/ merah hitam tersebut/ semuanya berpelukan/ dalam banyaknya sifat manusia/ sama mengikat hati merah hitam kuning/ maka banyak orang jahat//

41. Mila kathah wong bégal amaling/ céler juput brandhal lawan nayap/ lannang wadon dadi lonthe/ tuwin wong ngapus-apus/ képlék kécék dhadha lan bélit/ lawan ja sésumbungan/ manggung gulang udut/ lan kékere aning pasar/ lan wong climut balurut lawan wong ngutil/ [17] wit sangking ati abang//

Maka banyak orang berandal mencuri/ cepat mengambil dan berani mencuri siang bolong/ lelaki perempuan jadi pelacur/ serta para penipu/ mempermainkan perasaan dan berkelit/ dan jangan berhubungan dengan, para pendewa rokok/ juga tuna karya di pasar/ jua orang tanpa perhitungan dan suka mengutil/ asalnya dari hati merah//

42. Ati kuning anggung mémalangi/ samabarang karém mring raharja/ sami ingadangan kabéh/ amrih bubuning laku/ tuwin janma arsa prihatin/ nuli binataléna/ amrih aja tutug/ dene ati iréng ika/ kawasane asangét sabarang runtik/ andabra ngambra-ambra//

Hati kuning jelas menghalangi/ sembarang dalam raharja/ sama menghalangi semua/ supaya merusak prilaku/ juga keinginan manusia berprihatin/ tuli terhadap keadaan sekitar/ supaya jangan tercapai/ sedangkan hati hitam itu wilayahnya sangat suka kekacauan/ berantakan berserakan//

43. Iya iku kang ngadhang-ngadhangi/ marang kosiking amrih raharja/ dene kang abang gawene/ sakéh panganan iku/ lan panganggo kang adi-adi/ milane ingkang lamba/ sujanma puniku/ wit saking tigang prakara/ arang ingkang wong iku bisa nyraténi/ marang ati tétiga//

Benar itu yang menghalangi/ terhadap bisikan raharja/ sedangkan yang merah sukanya/ banyak makanan itu/ dan perhiasan yang indah-indah/ maka yang serakah/ manusia tersebut/ berasal dari tiga perkara/ jarang yang dapat menghindari/ terhadap ketiga hati itu//

44. Tur ta lamun gélém angémasi/ marang ati kang tigang prakara/ yén tutut langkung mbune/ ati putih bén ugung/ iya iku sujanma luwih/ angluwih-[18] sésama/ ing dahulatipun/ karane wékas manira/ mring wong anom dénawas cirining ati/ karépe kawruhana//

Apabila ada yang mau mengemas sedemikian/ terhadap hati yang tiga perkara/ kalau dapat terus menghendel/ hati putih agar rajin/ ialah itu manusia utama/ melebihi sesama/ dalam keinginannya/ terdapat petuah manusia/ kepada pemuda supaya waspada terhadap cacatnya hati/ maksudnya agar diketahui//

45. Pan wus titi wirayating tulis/ mring kang maca tuwin kang miyarsa/ dén padha éstokna kabéh/ sabarang ungélipun/ jroning tulis kang amrih bécik/ dene kang amrih ala/ gégélitanipun/ iku padha yékténana/ poma-poma sira dén padha nastiti/ wirayat mrih prayoga//

Sudah ditentukan dalam riwayat tulis/ kepada yang membaca dan yang mendengarkan/ supaya semuanya mewujudkan/ sembarang bunyinya/ apa yang tertulis yang mengupayakan kebaikan/ sedangkan yang menuju keburukan/ gerak-geriknya/ itu perhatikan seksama/ supaya engkau waspada dan teliti/ riwayat supaya prayoga//

46. Lamun ora nana kang niteni/ ingkang maca tuwin miyarsa/ dadi wong ngurakan bae/ pasthi pancéne buruh/ tur katutuh lumuh ing becik/ dadi janma katula/ tula alanipun/ dene kang sumarah ingkang/ amiyarsa amaca kang durung bakit/ wong anom méksih mudha//

Sayangnya tidak ada yang memperhatikan/ yang membaca dan yang mendengarkan/ menjadi orang seperti tong kosong berbunyi nyaring saja/ pasti memang buruh/ apa;agi jika sebutannya sungkan berbuat kebajikan/ jadinya manusia yang terlunta-lunta/ timbangan dari keburukannya/ sedangkan yang pasrah/ mendengarkan membaca namun belum bangkit/ orang muda masih berbangga juga//

47. Basa jéjaka dipunmaknani/ jaja ngarép énggone [19] maknanya/ panganggone ing ngarepe/ liring pangarép iku/ dipunbisa abasa krami/ yén wus kapanggih tuwa/ tuwuk ing pangawruh/ wruhing ngéring subasita/ aja kaya jéjakaning jaman mangkin/ pangarép ati lamba//

Kata jejaka dimaknai/ gigi yang ada di depan maksudnya ialah/ sebagai pemimpin/ kedipan sekilas pemimpin itu/ dupayakan sebisa mungkin berkrama/ jika sudah bertemu tua/ kenyang dalam pengetahuan/ pengetahuannya pagar sopan santun/ jangan seperti jejaka zaman kelak/ yang berhati serakah//

48. Basa lamba iku angélebi/ angélebi wéténg kébak séga/ dadi grangsang sakarépe/ dadi wong abéburuh/ munmuk radén ing ngaranéki/ daya lamun rosaa/ wong iku mémikul/ wus telas wkas manira/ poma kaki dén padha anéstiténi/ léléjéming sujana//

Kata serakah itu menenggelamkan/ menenggelamkan perut penuh nasi/ jadi bernafsu sesukanya/ jadi orang yang berburuh/ menjilat tuannya sebutannya/ tenaganya tidak mungkin mampu/ orang itu apabila memikul/ sudah habis nasehatku/ perhatikan nak supaya engkau cermati seksama/ penghalang kebajikan//

PUPUH II
DHANDHANGGULA

49. Sun amurwa atémbung artati/ caritane sujanma utama/ kang tate ngémbani rajéng/ anénggih wastanipun/ ajejuluk Séh Téka Wrédi/ salamine mandhita/ nénggih anéng gunung/ Maligérétna wastannya/ du-[20]k nom titi tata ngéréhken nagari/ nagri Garbasumandha//

Aku bernasehat menenmbangkan/ dhandhanggula/ ceritanya manusia utama/ yang telah mengajarkanku/ yaitu panggilannya/ disebut She Tekawardi/ selamanya menjadi pendeta/ duduk di gunung/ Maligeretna sebutannya/ dulunya ketika muda mengarahkan negara/ negara Garbasumandha//

50. Pambékkane Ki Séh Tékawrédi/ salamine néng Maligé rétna/ amémulang pakaryane/ dhaténg kang para wiku/ kang ginélar kang sabda gati/ artine wong néng donya/ yata kang tinutur/ dening kang para satriya/ kang ginélar lélungid udanagari/ pepeka anéng praja//

Keinginan dari She Tekawredi/ selamanya di Maligeretna/ mengajar pekerjaannya/ terhadap para wiku/ yang mengajarkan ucap bertuah/ artinya orang di dunia/ nyata yang diucapkan/ sedang para satria/ yang dikejar penguasaan tata krama/ penuh dalam pemerintahan//

51. Miwah ingkang wayah-wayah nangkil/ sakathahe wong Garbasumandha/ téngah tuwuh sépuh aném/ sampun pépak sadarum/ angandika Séh Tékaweédi/ sajéhe putuningwang/ kang anom sépuh padha sira pirsakéna/ pratingkahe ngawula lan olah ngélmi/ tan beda pangarsanya//

Beserta cucu-cucu yang menghadap/ semua rakya Garbasumandha/ yang sedang berkembang tua muda/ sudah lengkap semua/ berkatalah She Tekawredi/ para cucuku/ yang muda yang tua/ coba semua memperhatikan/ segala tingkah pengabdi dan pencari ilmu/ tidak beda hakekatnya//

52. Ingkang anom sun wulang kariyin/ liring anom iku maksih tuna/ durung kathah wulangane/ beda lan kang wus sépuh/ liring sépuh iku nyépuh-[21]i/ nyépuhi tégésira/ nyawabi sadarum/ milane jénéng wong tuwa/ liring tuwa awénang tinuwi-tuwi/ mring anak putunira//

Yang muda mari aku ajarkan dahulu/ sepintas yang muda masih merugi/ belum banyak pemahaman/ berbeda dengan yang tua / sebab tua dituakan/ maksud dituakan ialah/ mengayomi segala/ maka orang tua itu/ sebab tua pantas memberi petuah/ kepada anak cucu//

53. Lamun ora mangkanaa kaki/ ora juménéng aning tuwa/ dadi tétuwan arane/ basa tuwuhan iku/ ngandélakén tuwane ugi/ iku wong tuwa ampas/ liring ampas iku/ wastaning raga punika/ raganira wus cape luwas ing kardi/ mangka ing jro suwunga//

Namun jangan sampai dikau/ tidak mengindahkan tuamu/ disebut tetua/ karena hasil dari/ mengandalkan ketuaannya/ itulah orang tua sampah/ sebutan raganya/ raga berlabel luas dalam pemahaman/ padahal tidak tahu apa-apa/ kosong//

54. Iya iku wong cupét ing buddi/ duk anome tan purun tétannya/ ngandélkén kuwat rosane/ tan etang ulah ngélmu/ kabakitan tan dén kawruhi/ amung eca mémangan/ esuk nyamuk-nyamuk/ tab ngetang wékasing gésang/ kang kaetang mung nikmat pucuking pérji/ lan nikmat pucuk nglat//

Iya itulah orang yang sempit pemikirannya/ ketika muda tak mau bertanya/ hanya mengandalkan kekuatan fisik/ tidak memperhitungkan mencari ilmu/ kebangkitan tidak dikenal/ hanya nikmat makan/ pagi sedap menyantap/ tidak memperhitungkan akhir hidup/ yang diperhitungkan hanya nikmat hasrat dan nikmat lidah//

55. Datan nédya angling jroning ati/ yén wong gésang wékasane péjah/ [22] néng donya sésanjan bae/ milane wékasingsun/ mring wong anom-anom ta kaki/ padha sira estokna/ ing pitutur ingsun/ away pégat tétannya/ mring wong luwih barang kaluwihan kaki/ padha sira gulanga//

Tidak pernah dipertimbangkan dalam hati/ apabila hidup akhirnya mati/ di dunia hanya bertandang saja/ maka nasehatku/ kepada dikau yang muda/ coba amalkan/ perkataanku/ janganlah putus atau malu bertanya/ kepada yang lebih menguasai darimu/ belajarlah dikau//

56. Anadene yén wus luwih kaki/ oléhira gégulang kawigyan/ anadene romahane/ nanging pangarépipun/ andhap asor tan kéna lali/ sabarang karépira/ yén tan lali iku/ angajia ngawulaa/ amértapa andhap agong away lali/ wékasan dadi guna//

Apabila sudah mendapat kelebihan/ dari dirimu mempelajari kepandaian/ apabila ada yang kurang dikau kuasai/ harapannya rendah hati jangan dilupakan/ sembarang keinginanmu/ jika tidak melupakan hal itu/ belajarlah terus mengabdilah/ betapa dengan dengan rendah hati dan kemuliaan jangan dilupakan/ karena akhirnya akan bermanfaat//

57. Nadyan guna yén ora tabéri/ gunanira pan maksih kuciwa/ dadya kurang utamane/ lan malih wékasingsun/ panggrahita gulangén kaki/ iku minongka wungkal/ alungiding sému/ sému bécik lawan ala/ upamane ling adu pucuking [23] éri/ yén wong alul sasmita//

Kalaupun berhasil guna tetapi tidak tekun/ guna itu masih mengecewakan/ menjadi kurang keutamaannya/ dan lagi nasehatku/ olahlah ketajaman hatimu/ itu adalah asahan/ untuk memperjelas kesamaran/ kesamaran antara baik dan buruk/ perumpamaan bagi yang belajar tafsir Qur’an ialah dapat membedakan ujungnya duri//

58. Sinaua nganam-anam kaki/ lan dén bisa sira mardi guna/ lan nglangana pakéwuhe/ dén bisa téngkas nambung/ lan anukma ing agal alit/ ya ulah kridaningrat/ sarjana kawéngku/ jana sému sarsadhela/ yén wus nyandhak lélungiding ala bécik/ sinébut wong sujana//

Belajarlah walau hanya menganyam/ kelak pasti berguna/ pilihlahkan yang mempersulit/ supaya bisa terus menyambung (anyamannya)/ dan perhatikan yang kasar dan kecil/ lalu perilaku ningrat/ ialah berpedoman pada kepandaian/ jangan hanya samar-samar membahagiakan/ jika telah mencapai ketajaman perbedaan baik dan buruk/ disebuitlah orang pandai (sarjana)//

59. Basa sujana puniku luwih/ angluwihi sésamaning janma/ dadi sujana arane/ karane putuningsun/ aja wirang atéki-téki/ wong wirang témah nganggrang/ liring suwung iku sirna/ liring sirna budi istyare kénting/ dadi wong tanpa karya//

Kata pandai itu melebihi/ melebihi sesamanya manusia/ menjadi sujana “lebih pandai” sebutannya/ sebutannya cucuku/ orang yang khawatir berupaya jarang yang kelak mulia/ kemuliaannya itu kosong/ kosong itu sirna/ sirna budi itu adalah habis segala/ menjadi orang tanpa hasil//

60. Kang méksih nom ana kang dipunprih/ mikul rosa kinongkona kébat/ yén wus tuwa kang ya priye/ tapa ingkang tinému/ raga cape atine sépi/ tégése sesépi sépa/ [24] tanpa ngrasa iku/ dadine wong tuwa bangka/ iya bangka tégése bangka sayekti/ kumléker tanpa sila//

Yang masih muda ada yang diminta/ memikul kuat dengan gesit/ lantas kalau sudah tua bagaimana/ tapa yang ditemukan/ hasilnya label raga hanya hati yang sepi/ maksud sepi adalah tanpa rasa/ tanpa rasa itu/ jadinya tua bangka/ bergelut tanpa sila//

61. Karanténe gulang éntas mangkin/ sakathahing kawignyaning janma/ mumpung sira maksih anom/ ingkang wayah umatur/ inggih lérés sabda sang yogi/ nanging panuwun kula/ dhumaténg sang wiku/ pratingkahe wong ngawula/ mung punika kawula suwun rumiyin/ ingkang amrih utama//

Dikarenakan belajar sampai tamat kelak/ manusia mendapat banyak kepandaian/ mumpung ikau masih muda/ tepat waktu disampaikan/ bahwa benar perkataan sang yogi/ hanya saja permintaanku/ kepada para wiku/ perilaku orang yang mengabdi/ itu yang aku minta lebih dulu/ supaya utama//

62. Angandhika sang Séh Téka Wrédi/ luwih angél kaki wong ngawula/ nanging aluwih gampange/ puniku basa ewuh/ liring éwuh durung mangréti/ basa mangréti ika/ ngawruhi sédarum/ sabarang karsaning ngata/ iya iku panéngéran kang janmadi/ widigdéng cipta maya//

Berkata She Tekawredi/ lebih sulit menjadi abdi/ tetapi lebih mudah juga kemudahannya/ itulah kata yang rancut/ kerancuan itu dikarenakan belum mengerti/ kata mengerti itu/ memahami semua/ apapun keinginan raja/ iya itulah kunci keberhasilannya/ pandai menciptakan maya//

63. Maya iku utusaning kapti/ kapti suka lawan kapti duka/ anéng netra sesumuke/ lair wréma lumaku/ lair iku utusan batin/ angsa-[25]l sira kaduga/ ujar kang puniku/ supaya yén katrimaa/ ing angéle yén sira durung mangréti/ barang karsaning nata//

Maya adalah utusan keinginan/ keinginan suka berlawanan dengan keinginan duka/ dalam pandangan mata berkecamuk/ lahir kelabang berjalan/ lahir adalah utusan/ sulitnya jika dikau belum memahami/ apa keinginan raja//

64. Nanging ana bedanipun kaki/ angawula ing sang prabu tuwa/ kalawan satriya aném/ sabarang karsanipun/ ing satriya anom puniki/ karya prélu lan sunat/ sami patrapipun/ upami dipunpopoa/ karya prélu kalawan kang nora gati/ sami sih asatira//

Tetapi terdapat perbedaan nak/ mengabdi kepada Raja tua/ dengan satriya muda/ apapun keinginannya/ seorang satriya serba perlu dan sunah/ kepatuhannya/ seumpama dipaksapun/ barang yang perlu dilawankan dengan tidak penting/ sama saja maksudnya//

65. Nanging ana paére kédhik/ angawula ing satriya mudha/ kang tahan dénsému age/ sabarang karyanipun/ dene akébat cukat térampil/ sabarang kaduk kébat/ trampil yén umatur/ cégaha pangan lan néndra/ jurungana ing puji sarta sémédi/ amrih dhanganing karta//

Tetapi terdapat kesulitannya sedikit mengabdi kepada satriyamuda/ tahan dengan prinsip serba sgera/ apapun pekerjaannya/ supaya gesit tepat dan trampil/ apapun serba gesit/ terampil jika berbicara/ cegahlah makan dan tidur/ arahkan kepada ibadah dan bersemedi/ supaya wajar keinginannya//

66. Yén angadhép gustinira runtik/ poma kaki sira dén prayitna/ aja mapasi karsane/ nénggih upa-[26]ménipun/ ing satriya anom yén runtik/ pan kadya banjir bandhang/ sing katrajan larut/ balikkan dén angrerépa/ nétyanira dén adoh asému wédi/ amrih dhangani duka//

Ketika tuanmu sedang emosi/ dikau perhatikan/ jangan menelok kemauannya/ misalnya menunggu/ satriya muda yang sedang labil/ yang dapat diumpamakang sedang banjir bandang/ yang diterjang lautan/ berbaliklah dari hadapan/ mata dikau menjauh seraya menmancarkan/ dari kemarahan tuanmu//

67. Yén ingutus dening gusti runtik/ tan wukira dén matra kilata/ amrih lémpéra dukane/ yén aturira tambuh/ dadi sira kasabét runtik/ ingkang sangsaya dadra/ dukane sang prabu/ lélakonira dén kébat/ jroning kebat akanthia ngati-ati/ manawa kawadaka//

Jika diutus tuang yang marah/ jangan menampaknya kau lancang walau setitik kilat/ supaya menurun kemarahannya/ jika ucapmu tidak tahu atau tidak peduli/ bertambahlah kemarahannya/ semakin besar/ bertindaklah yang gesit/ gesit namun tetap berhati-hati/ siapa tau mereda//

68. Yén wus prapta denira tinuding/ aturira kaki dén tétéla/ dén asru asému saréh/ yén séngak sira matur/ dadi sira méwahi runtik/ yén asru esmu lémbah/ trustha sang aprabu/ pan wus kocaping saloka/ satriya nom sabarang kang dén karsani/ anggampangakén mongta//

Jika telah selesai apa yang diperintahkan melaporlah dengan lembut/ jelas dan sabar/ kalau laporanmu judes/ jadinya kamu memancing kemarahan/ jadi melaporlah dengan jelas lagi lembut/ lalu jika sang prabu/ telah berbicara/ satriya muda apapun yang diinginkan/ memudahkan pelaksanaan//

69. Pan wus kocap wirayating tulis/ ingkang aran satriya taru-[27]na/ basa taruna tégése/ taru godhong puniky/ na pituduh maknane ugi/ mungguh caraka basa/ iku tégésipun/ liring tuduh barang karya/ karya prélu kalawan kang nora gati/ kandél tipis dén padha//

Telah diucapkan dalam riwayat tulis/ yang disebutkan satriya taruna/ taruna artinya/ daun taru itu/ adalah sangkaan atau prasangka/ dalam aturan kata/ dapat dimaknai/ maksud prasangka adalah barang guna/ barang perlu dibedakan dengan yang tidak penting/ biarpun tebal tipisnya sama//

70. Basa taru artine winarni/ kaya godhong upamane ika/ yén lagi ana gaweane/ kalangkung ajénipun/ nora kétung mitung sukoni/ tur ta amung sadina/ gawene kang prélu/ yén uwis dadi sarahan/ iya iku maknane taruna kaki/ kang wus kocap carita//

Kata taru artinya beragam/ seperti perumpamaan daun/ masih ada maksud lain/ lebih dihormati/ ialah tidak terhitung faedahnya/ walaupun Cuma sehari/ manfaatnya yang perlu/ kalau sudah menjadi seserahan pengantin sangat berfaedah/ itulah arti dari taruna/ yang pernah diceritakan//

71. Benéh lawan prabu tuwa kaki/ liring tuwan pan ora anasar/ kang nasar artine/ sabarang karsanipun/ nora supe akathi uwit/ wit bécik lawan ala/ kapryarsa sadarum/ ngranggoni jénénging tuwa/ basa jénéng srtiné iku jénéngi/ jénéngi nora pisah//

Berbeda halnya dengan prabu tua nak/ maksud tuan selalu tepat/ jarang yang luput maksudnya/ segala keinginannya/ tidak lupa dengan awalan/ awalan baik atau buruk/ kehendaknya/ tidak lupa dengan awalan/ awalan baik atau buruk/ kehendaknya semua/ dalam batas kearifannya/ sesuai dengan namanya (prabu tua)/ senantiasa bijak//

72. Beda lawan basa anom kaki/ liring a-[28]nom maksih nganaman-nam/ sabarang ing kawigyane/ yén wus kapanggih sépuh/ nuli bisa anamba iki/ karsa bécik lan ala/ kapirsa sedarum/ milane ana wong ngucap/ sapa bisa wonge amrangkani kudhi/ ngabdia ratu mudha//

Berbeda dengan kata muda nak/ sebab masih muda menerka-nerka/ segala kepandaiannya/ kalau sudah dihadapkan pada kedewasaan/ mustahil bisa membatasi/ mana keinginan baik atau buruk/ diketahui semuanya/ maka ada orang berpendapat/ siapa yang dapat merewat senjata/ mengabdilah kepada ratu muda//

73. Iya iku wong cupét ing budi/ ingkang purun angucap mangkana/ dadi wong cupét kawruhe/ beda kang sampun luhung/ kang wus wéruh ing ala bécik/ ngawula ratu mudha/ ing ibaratipun/ sira ngémban rare mothah/ lamun wigya ngarih-arih anyindhéni/ kéndél lajéng anéndra//

Iya itulah sempit pemikirannya/ yang bersedia berucap seperti itu/ menjadi orang yang sempit pengetahuannya/ berbeda dengan yang lebih/ yang telah mengetahui baik buruk/ mengabdi ratu muda/ yang ibaratnya/ mengasuh anak rewel/ harus pintar-pintar merayu menghibur hingga pulas tertidur//

74. Yén anglilir bocah dén sandhangi/ kékémbangan kuning ngabang-abang/ bungah léngéh-léngéh bae/ iku upamanenipun/ angsal sira bisa ngladéni/ marang satriya mudha/ ing sakarsanipun/ yén oléh sih lan dérajad/ sarta oléh satriya kang ambég jugig/ ngranggoni galih tuwa//

Jika terbangun anaknya segera dipakaikan/ bebungaan kuning kemerah-merahan/ biar bergembira/ begitu perumpamaannya/ asal kamu bisa melayani/ satriya muda/ dalam segala keinginannya/ akan mendapat kasih dan derajat/ serta mampu menghantarkan satriya muda yang teguh kedewasaannya/ seperti telah matang usia//

tamat