PUPUH I
DHANDHANGGULA
- // Murweng sarkara nata sung wangsit / mring sagunging wanita kang samya / winengku marang priyane / kudu manut sakayun / ngayam-ayam karsaning laki / lelejema mrih rena / karanane iku / dadi jalaraning tresna- / ning wong priya yayah guna lawan dhesthi / pasthine mung elingan //
- // Aywa linglung lengleng nora eling / lalu lina lelabaning lara / badan tumekeng atine / titi tan mikir wuruk / angrerusak budi tan wening / sangsaya mring sarira / ras-arasen nurat / wulanging bapa lan biyang / yekti pantes tinurut jer iku dadi / jalaraning tumitah //
- // Tetepana tartamtuning estri / pan pinetri wewadining badan / dadi tartip iku rane / tartip tegese urut / runtut titis wajibing estri / titis bener tegesnya / nering driya iku / ywa liya mring lakinira / rah-arahen ywa arda driya den manis / ulat wijiling sabda //
- // Dadi kanggo tinuruting laki / jer ta sira miturut tur awas / marang karsaning lakine / nuraga dadi iku / marmaning Hyang asih mring dasih / sumingkir duka cipta / iku adatipun / labet labuhaning kuna / kang kasusra wanita kanggo ing laki / yogya linaluria //
- // Myating solah myang karsaning laki / kira-kira mrih reseping karsa / dadi timbang mrih perlune / laki kongasing kalbu / bungah lengah-lengeh kang estri / tinurut kasembadan / tan cuwa tyasipun / lir taru katiban warsa / ngrembaka ron kembang pentile andadi / tentrem tan walang-driya //
- // Driyanira den tentrem ywa gingsir / sarwa bisa wajibing wanita / miranteni busanane / priya myang dhaharipun / ingkang dadi kareming laki / pinatut wayahira / sarapane esuk / tengange lan lingsir surya / tengah wengi byar esuk sayoga salin / tan bosen mamrih lejar //
- // Jer ta iku dudutaning pikir / dadi sumeh semune tan giras / tentrem krasan neng wismane / yekti sira kang untung / tinunggonan nora ngembani / lamun sira sembada / sariranta iku / bebresih wida myang sekar / sawatara dadi panggugahing ati / lakinta nora kemba //
- // Bisikane sang raja ing Demis / pan wus umum sakehing wanita / gung nepsu cupet budine / lalen dhemen ginunggung / nora ketung bayar rong ringgit / janjine ana ujar / ngrika wonten dhukun / bisa nyarati wanita / jambe suruh saranane kanggweng laki / ginugu tan tinimbang //
- // Mula akeh wanita yen laki / pitung dina branane wus bebas / pinunjungken mring dhukune / tombok darbeking kakung / busanadi prabot anangkil / konangan jinemalan / tur sudasihipun / awak lesah ati susah / tan tinulung mring lakine muring-muring / gering cekek dadakan //
- // Ngagak-agak sebute dharindhil / iya talah nora kaya ingwang / teka dadine mangkene / parikan pantek kayu (paju) / uler siti kang mongsa sikil / majwewuh mundur wirang- / nging wus watakipun / wanodya yen lagi susah / tansah katon bapa biyung den aturi / pae yen kanggweng krama //
- // Lali lamun jalaraning urip / pijer mikir sukane don karsa / ingundang keh semayane / nanging kalamun padu / jaranthalan prapta pribadi / dhuh adhuh wong wanita / sun puji tyasipun / mituruta sakeh wulang / lerepena driyanta supaya dadi / tuladan marang putra //
- // Jer ta lumrah wong iku sesiwi / yen alaa nenulari putra / dadi tan ana ajine / tininggal bapa biyung / ngayang-ayang tanna ngajeni / sama-sameng tumitah / uripe ngalincut / cinacat turuning sudra / mider-mider mring lyan praja samya uning / yen iku trahing kompra //
- // Angalompra tangeh wruhing becik / goroh umuk tur sugih carita / yaiku dadi gelare / mrih kandel mring lyanipun / pakantuka gone ngapusi / sire lir pokrul jendral / bisane calathu / iku wong durjana sabda / dipun eling sakehing manungsa sami / ywa kongsi nandhang bronta //
PUPUH II
ASMARADANA
- // Ywa lalu mandayeng laki / lali pijer don asmara / kalimput mung suka bae / yogya sira memujia / sakadaring wanita / titise dadi tan cubluk / sudibya ngungkuli bapa //
- // Pan mangkono wong aurip / jangkane kudu jinangkah / kang ririh amrih ywa cewet / katekan sakarsanira / lumintu tan rekasa / pae karsa kang kasusu / suh sirna tanpa karana //
- // Sumaraha mring Hyang Widhi / kang asung urip mring sira / den rapet ngadu pasemon / semuning Gusti kawula / den jumbuh ywa bencorah / ngarah lestarining kusuk / pasemone pinrih jomblah //
- // Jomblah wanuh ingkang wredhi / mangkene upamanira / pawestri iku wajibe / den weruh budining priya / dimen tuk sih tan kendhat / bokmanawa wuwuh-wuwuh / wahaneng tyas marang sira //
- // Ruwiyaning para putri / ing kuna wus cinarita / ing Ngarab myang Jawa kene / kang utama piniliha / sakadaring sarira / linaras lan jamanipun / mrih tumrah tinoning kathah //
- // Pathining we jalanidhi / ron lempuyang misih mudha / wus sayah kang ngripta mangke / aririh dera mangarah / runtute kang wiyata / tarlen mung dadya pangemut / tyasing wanita mrih arja //
- // Kasmaran ngungune guling / angripta kadi supena / sedya andugekken maneh / pitutur mring pra wanita / yogyane baresiha / jro wisma myang badanipun / mrih rahabing kadang mitra //
- // Ingkang sedya amartuwi / pirangbara lamun bisa / nyugata amrih sukane / kadang mitra ingkang samya / tuwi krasan rerasan / saking bisa tindak-tanduk / ingaranan bojakrama //
- // Boja suguh ranireki / krama tembung kang mrih lejar / tyasing tamu mrih jenake / tan age mulih dumadya / pratandhane yen sira / sinihan sesaminipun / janma yogya linuria //
- // Karanane wong antuk sih / ing manungsa iku tondha / Hyang Manon kang ngosikake / den agung sukuring Suksma / muga ta lestaria / sihing Hyang turun-tumurun / tumekeng dina kiyamat //
- // Mupangati lair batin / wong sinihan sameng titah / tumruntun prapta drajate / sasedyane pan tinekan / mangkana adatira / manungsa kang arsa luhung / sumingkir marang kanisthan //
PUPUH III
KINANTHI
- // Nganthia wulanging ratu / kang wus mashur nguni-uni / budweslam samya tetilar / nalar kang amrih nulari / mring budi dadine jembar / brekahi mring anak rabi //
- // Pirabara lamun sarju / liyaning ahli kapengin / miturut wiyata arja / ujer iku mufangati / mring badan lan ahlinira / resep antuk kojah becik //
- // Cobanen kalamun ngrungu / ujaring kang dadi wiji / wijining utameng karsa / yekti tentrem tyas kang gingsir / lan sire dhewe sulaya / janma len yekti tan sudi //
- // Darbe mitra kang kadyeku / tan wande andarawasi / nulari sakehing nalar / milar milalu medeni / wis aja sinruwe padha / wong ingkang pangawak dhemit //
- // Dhemen wadul lir wong nglindur / dora ragane mrih becik / cilakaning lyan sinedya / kadya setan nunggang ilir / saben nglilir angupaya / luputing tongga pinikir //
- // Keri gatel lambenipun / kalamun nora ngrasani / mring konca mitra kekadang / iku tetela yen dadi / awak uwong ati setan / tan kena dipun tambani //
- // Pantes ngalap opah iku / saben sasi sing pulisi / cukup digo tuku madat / lan pacitan sawatawis / yen wus seger nuli lunga / golek warta mrih bilai- //
- // Ning wong kang nora tartamtu / mung tamtu antuk pawarti / tinata denira dora / supadya kandeling wingking / wuwuh blonja wuwuh madat / awak kuru gelis mati //
- // Patine akeh kang sukur / saksat kelangan kalilip / nora gedhe nanging lara / marang mata brebes mili / mulane para sujanma / aja kadi dhuwur iki //
- // Pikiren utamanipun / solah muna lawan muni / ron roda kinarya ajang / gong alit munggel irami / pikiren dhingin supaya / tan kabanjur tindak nisthip //
- // Buring carma aranipun / ibu Sang Duryudanaji / lestarining barang karsa / angel lamun tan ngawruhi / sasmitaning mongsakala / lalu luluh tan pakolih //
- // Pilihen wong urip iku / utama kalawan nisthip / begja kalawan cilaka / andhap luhur iku sami / wus ginelar aneng wulang / ywa lalu gone nglaluri //
- // Jaman katon jroning turu / marga we kang munggeng tritis / den kaepi sakeh wulang / tinimbang mrih babar budi / budiman baboning gesang / sarana parek mring Gusti //
- // Gusti iku keh liripun / gusti lair gusti batin / laire sri naranata / ing batin kang maha suci / karone kudu sinembah / mrih utameng dunya ngakir //
- // Mapan pae patrapipun / sembah lair sembah batin / laire sarana tangan / batine dumunweng ati / tinata dipun tetela / laraping don pinrih titi //
- // Tartip tetep titis teguh / ginodha gunging pangeksi / tan rinungu tan rinasa / mung ngrasa nikmating ati / ati runtut wus tinata / tataning tindak utami //
- // Rinambah liring pitutur / marang samoaning estri / den alus jatmikeng tingkah / lire sabdanira manis / supadya dadya nang-onang / sengseming driya mimbuhi //
- // Den awas sasmiteng dunung / dununge karsaning laki / dhuh babo babo wanodya / yen tan wruh karsaning laki / rudah ing cipta tur dadya / kuwur ngawur kowar-kawir //
- // Kaweran ing genging napsu / kesusu tan antuk kasil / kesliyo tyas temah ngredha / kena karencaneng eblis / lah ta mulane wanita / den samya amerak ati //
- // Titikane duk ing dangu / wanita ingkang utami / tuladan ing kuna-kuna / caritaning umat singgih / supadya antuk utama / utameng sagung dumadi //
- // Dhuh babo babo wong ayu / ….. apasihaning Widhi / dimen tulus ayunira / ….. pasihan lestari / tan pegat sinung darajat / apan sira wruh ing wangsit //
- // Sesiku kang mrih …..smu / poma-poma den kaesthi / supaya antuk sihira / ing lakinta awal akir / dadi awak tanpa ….. / neng dunya wimbuh kamuktin //
- // Gampang wong suwiteng kakung / mung miturut ing sakapti / nastiti sawuwusira / aywa wani nyenyampahi / nadyan karyaa legawa / den bisa manuju kapti //
- // Kancana kang mung bau (gelang) / ayam kang kekuncung Gusti (merak) / gegulangen saben dina / mrak ati muna lan muni / tur dadi sukaning driya / lumunturing sih kawijil //
PUPUH IV
M I J I L
- // Darunanireng Hyang Maha Suci / nganakken punang wong / jalu estri pan padha perlune / wujud priya lantaraning wiji / estri kang madhahi / kumpul dadi wujud //
- // Yen wus wujud obah aran urip / wajibe tetakon / sajarahe ingkang nganakake / kang asareh pitakone titi / patitising wiwit / pungkasaning mantuk //
- // Supayantuk marga ingkang sidik / dadi mulih mring gon / gone lawas tan uwas wus wenteh / wus tan was-was wanuhe wus lami / memitran wit eling / winulang mring guru //
- // Guru iku lantarane yun wrin / wajibing tumuwoh / wohing kamal dununge sang rajeng / den waskitha semune Hyang Widhi / mandhiri sajati / jatine mung iku //
- // Kang sinebut pinuja-pinuji / yekti mung Hyang Manon / nabi wali oliya myang rajeng / apan pantes pinuji mring janmi / sabab iku sami / kekasih Hyang Agung //
- // Yen manungsa liya sri bupati / Ngabdul araning wong / apan jemak lan manungsa kabeh / mung pinurih aywa srik ing galih / lumintu mrih puji / ing manungsa iku //
- // Kudu-kudu tinarimeng ati / manawa kapergok / nabi Allah kang mindha druwise / jabat akeh tuladhane nguni / malekat pi-api / namur anjejaluk //
- // Mung carita dudu zaman mangkin / samengko tan kanggo / mung pinirit jumbuhing mangsane / dadi nora kaelangan lari / ngleluri utami / mamrih sugih kang wruh //
- // Wruha ing ala kalawan becik / saking wulang ing wong / ingkang wasis waskitha budine / pan ingetrap neng dluwang lan mangsi / sinimpen mring ahli / kitab aranipun //
- // Kitab saking Kuran asalneki / Kuran sing Hyang Manon / ya ta mongsa Allah nulis dhewe / pasthi nyambat manungsa kekasih / tinrap neng jro ngati- / ning manungsa iku //
- // Jer ta ana kang muni jro dalil / rapale mangkono / kalbu mukmin ya betolahine / ing tegese ati ingkang mukmin / ingaken sayekti / unggyaning Hyang Agung //
- // Basa mukmin manungsa wus napi / liyane Hyang Manon / dadi kayun pidareni rane / wong kang manuh manggone kekalih / dunya den dunungi / ing akerat jumbuh //
- // Wus pinunggel pitutur mring estri / sedhenge semono / pan kaselan lagi mikir pones / Rebo Kliwon ping telu kang sasi / ing Rabingulakir / Galungan kang wuku //
- // Kang mongsastha Kunthara warsa Lip / sangkala rinaos / kawileting kawi wangsalane / yitmeng praja cipta kang kawijil / kangjeng sri bupati / karsa amanawung //
- // Drenging driya tansah amemuji / kalipahing Manon / yun mangesthi sang prabu ing mangke / wulang tumrap marang para estri / mrih ayu pinanggih / wit wekasanipun //
@@@