- Bismillahirrahmanirrahiim, ibtida’i miwiti ingsun, muji ing Allah kelawan nuwun, ikilah singir ing Kanjeng Gusti, mula dèn singir parasé nabi, mula dèn pikir sarta dèn titi, bisaha terang kaya kang ngerti, Nabi Muhammad ingkang sinelir, arep dèn tutur ana ing singir, putera jaleré Kiyahi Abdullah, pinuterakken ana ing Makkah, durungé lahir Jeng Rasulullah, dèn tilar séda Radèn Abdillah, nalika séda Radèn Abdillah, iku beneré ana abuwak, dèn sarèkaken ana Madinah, kari rerandhan Dèwi Aminah, sarta angandhut Jeng Rasulullah, tur masih tetep ana ing Makkah.
- Sawusé lahir menyang ngunainah, dèn susokaken Dèwi Halimah, lawasé lawas bali nyang Makkah, dèn aturaken Dèwi Aminah, dèn ajak lunga maring Madinah, ibuné séda ana abuwak, sandhing kang raka Radèn Abdillah, dèn sarèkaken ana Madinah, Nabi Muhammad bali nyang Makkah, malasan garwa Dèwi Khodijah, sawusé dadi nabi utusan, lan keparingan kitab Quran, sarta baliné sèket syariat, para sahabat padha mufakat, Abu Bakar Umar Utsman Ali, padha percaya syariat nabi, tetkala paras nabi sinelir, iku dèntutur ana ing singir, wong mukmin suwiji matur sahabat, ing Abu Bakar kebat anjawab, ya Abu Bakar ratu mukmin, ing dhawuh tuwan kula kepèngin.
- Kala yèn paras Jeng Rasulullah, dinané sasi niku punapa, duk miwah kuluk kang pundi, dènparingaken ing Kanjeng Nabi, ya Abu Bakar iku ngandika, ing wong kang mukmin kang padha teka, tetkala paras Nabi Muhammad, bakdané kondur king perang lahad, ing dina itsnain wus ana Makkah, iku konduré saking Madinah, jeng gusti darus Quran sak saat, maka katekan ing malaikat, Jabrail bekta kalimat ayat, dèn paringaken Nabi Muhammad, puniki warni ayaté Quran, dèn paringaken kekasih tuwan, mukhalliqiina ru’usakum, wamuqashshiriina laa takhaafuuna, meneng jeng nabi amung sak saat, dhedhawuhna ing malaikat, ya Jabrail kebat umatur, maka jeng nabi kinon acukur.
- Yèn kula cukur kersané Allah, ya Jabrail matur ing Allah, Nabi Muhammad kasihé Allah, Jabrail maras Jeng Rasulullah, nabi ngandika ing malaikat, sampéyan tuwan ingkang lumampah, kuluk kula niku kang pundi, rèhné tuwan kinon marasi, ya Jabrail matur ing Allah, nuwun kuluk Jeng Rasulullah, ya ilahi anta pangéran, pundi kuluk kasihé tuwan, Nabi Muhammad ingkang sinelir, dhawuh pangéran ing Jabarail, kebat lungaha nyang suwarga, sira methika godhong kastuba, ingkang saklembar gawé kuluki, kasih ingsun maring parasé, nuli Jabrail nyang suwarga, methik godhongé kayu kastuba, amung saklembar lir sutera ijo, dèn kulukna iku angago.
- Dènaturaken nabi wekasan, kasihé Allah kinon kulukan, ya Jabrail maras Jeng Nabi, sangalas ramdlan tanggalé sasi, sahabat papat marek ningali, tetkala maras rima Jeng nabi, réma saklembar dhak runtuh bumi, suwiji réma tan ana bumi, nuli ngandika Nabi Muhammad, takon hikmahé ing malaikat, merga dhak runtuh ana ing bumi, Jabrail matur ing kanjeng gusti, kathahé rambut tuwan wuninga, niku sakkethi lan telung leksa, lan telung èwu lan telung atus, lan telung puluh telu dènurus, pertaman pangéran ing widadari, ing suwarga aja na kèri, he widadari padha mudhuna, nyanga ing Makkah padha nontona, olehé paras Nabi Muhammad, ingkang marasi ya malaikat.
- Sira meraka jaluk rambuté, saklembar ya akèh tsawabé, sira talèkna ing lengenira, sakèh dosamu ingsun sepura, sing sapa simpen ing caritané, ingsun sepura sakèh dosané, ikilah paras ing Kanjeng Nabi, ngerawatana bakal yèn mati, tetkala ngalap ing malaikat, ngambil nyawané bésok sekarat, lan luput siksa ana ing kubur, sabab dosané iku wus lebur, mungkar wa nakir tidhak nakoni, sabab wus olèh syafa‟at nabi, lan sun paring kamulyan donya, terus akhirat iku suwarga, sebarang gawéhan nyang gelis dadi, lawasé urip dhak kurang rezeki, yèn dhak gelem simpen ing ceritané, olèhè paras haditsé nabi, sasat asengit ing awak ingsun, sabab dhak dhemen ing kasih ingsun.
- Sing sapa mahido kafir matiné, sabab uripé mamang atiné, a’udzubillahi ngelindhung ing allah, aja kasi kufur ing Allah, lan muga-muga allah nulungi, ing wong kang nulis carita iki, lanang lan wadon kang gelem maca, syafaat nabi dèn paringana, khatamé syiir ing dina rebo, nyerambahana ing anak bojo, tanggal ping wolu ing sasi rejeb, syafa’at nabi dènarep-arep, pukul wolu pasaran legi, bisaha mati dèn aku ngabdi, hijrahé sèwu telung atusé, lan rong puluh telu punjulé, saking sejané iki dèn tata, dadi wong maca iku katata, sabab dhak kanthi lafal makna, dadi wong maca iku dhak tuna, mulané iki tak singiraken, amerih yèn maca iku dhak kaken.
- Supaya rahab bocah gisau, sabab macané kanthi ing lagu, dadi bék kerep olèhé maca, semangsa kerep nyang gelis bisa, paras dèn singir nular ing jawan, salah beneré wallahu alam, saking bodhoné dhak bisa ngaji, wani anyingir parasé nabi, pira salahé nuwun ngapura, maring Pangéran Kang Maha Mulya, saking sejané iku dèn tata, tibané jawan ingkang dèn waca, sakbisa-bisa aja dèn wada, luwih kurangé dèn wuwuhana, sawusé tutug singir dèn paras, ingsun tambahi singir syafa’at, liyané singir donga Jeng Nabi, dèn ngamalaken rina lan wengi, kalané lungguh Jeng Rasulullah, ana jeroné masjid Madinah, dhawuhna donga ana ing syarah, andhawuhaken ingkang fadliilah.
- Ya Jabrail ngaturi salam, Nabi Muhammad mangsuli salam, Nabi Mahammad mugi katura, kathah tsawabé punika donga, lanang lan wadon padha macaha, ing donga iki kang samben dina, utawa sawulan maca sapisan, utawa rong wulan maca sapisan, utawa satahun maca sapisan, lan sak umuré maca sapisan, aja tan ora sira macaha, senajan sepisan anggeré bisa, yèn dhak bisa maca donga tulisan, maka simpena iki tulisan, maka ngereksa Allah ta’aalaa, malah ngebeki lawang a’la, widadari dadi cadhangan, sartané padha anampa talam, ingkang dèn tampa talam kencana, isi panganan saking suwarga, dèn cadhagaken ing wong kang maca, donga Jeng Nabi kang katerima.
- Allah ta’aalaa nekani karep, yèn maca iku ingkang seregep, lan akèh-akèh iku tsawabé, lamun dèn waca iku dongané, dhak kurang rezeki kang selawasé, dèn padhangaken iku atiné, dèn panjingaken ing suwarga, kala sekarat iku dhak lara, mungkar wa nakir idhak nakoni, dina kiyamat idhak nakoni, lan selamet ing pancabaya, jin lan sétan dhak niya-niya, Allah ta’aalaa anyugihaken, ikilah donga dèn ngamalaken, sartanè luput sakèhé bilahi, bésuk kiyamat luput ing geni, Allah ta’aalaa ambagusana, wong kang seregep angapalna, sing sapa mamang pesthinè kufur, dhawuhé nabi dhak kena nyingkur, kabèhé tsawab idhak nulisi, banyu segara dèn-gawé mangsi.
- Sakèhé kayon dèn-gawè kalam, sakèhé godhong dèn-gawé papan, yekti dhak cukup iku dèn tulis, sakèhé ganjaran dhak bisa milis, lamun wus hafal ing donga iki, sakèhé sètan iku dhak wani, lan lamun ana sateruné metu, maka wacanen mali ping pitu, dadi saterumu iku dhak wani, Allah ta’aalaa kang ngudanèni, gusti Hasan ngandikakaken, lan Sayyid Ali wus ngapalaken, Allah ngandika aja kon lali, weruhna dosa maring awwali, kelawan darus kang wali-wali, simpen parasé ing Kanjeng Nabi, supaya weruh maring bodhoné, maring si dosa siji-sijiné, sakèhé wong mukmin padha mufakat, nyuwun syafa’at Nabi Muhammad.
- Ngandika Allah ingsun ngasihi, wong kang ngupaya carita nabi, wong munafik aja tuturi, sabab agamané idhak ngerti, sing sapa simpen ing carita nabi, maka selamet ing sak umuré, maka sun paring rahmat sak leksa, saben wengi lawan dèn reksa, sing dhak gelem simpen ing caritané, ingsun kurangi ing sak isiné, lan sun kurangi sandhang pangané, sakèh perabot jero omahé, yèn wong kang dhemen carita rusul, olèhé paras ing Kanjeng Rasul, jin sétan iku dhak wani, tur dadi syahid bésok mati, lan yèn lara nyang gelis waras, olèh berkaté nabi peparas.
- Lamun sira arep lelungan, pesthi selamet ing kala lungan, lawan selamet maring kesasar, miwah selamet sakèhé bégal, sato galak dharat dhak wani buru, lan sato galak jeroné banyu, malaikat sèwu ingkang ngereksa, wong kang ngupaya iki carita, kekasih ingsun Nabi Muhammad, olèhé paras dadi syafa’at, lan lamun sira saba nyang guru, aja lali paras jeng ratu, dadi selamet dhak kena bendu, sarta welas maring ragamu, lamun ana wong kena wesi, kelakuhané tulisan iki, lan banyu adhem tur ingkang tawa, dèn inumaken maring kang lara, insya Allah nyang gelis waras, olèh berkaté nabi peparas.
- Poma dipoma nyang ngupayaha, paras Jeng Nabi kang dèn ngupaya, yèn dhak duwé nyiliha sira, angupayaha ing kanca sira, lamun wong mukmin ngupaya cerita, amèrih nyimpeni iki carita, maka sun paring ing wong kang bisa, ana akhirat idhak dèn siksa, sing gelem maca ing donga iki, dèn-gawé sangu bésuk yèn mati, iki wus khatam donga dèn syarah, atas dhawuhé Jeng Rasulullah, akèhé mung wolu likur, ing buri iki donga dèn tutur, bismillahirrahmanirrahiim, allahu allahu al-azizu al-hakiimu, allahu allahu al-maliku al-qudduusu.
- Allahu allahu al-ghafuuru al-waduudu, allahu allahu al-syakuuru al-haliimu, allahu allahu al-shamadu, allahu allahu al-hamiidu al-khabiiru, allahu allahu sayyidu al-jabbaaru, allahu allahu al-ilaika al-khabiiru, allahu allahu al-kabiiru al-akbaru, allahu allahu al-qaadiru al-wahhaabu, allahu allahu al-waahidu al-qohhaaru, allahu allahu al-azhiimu al-qudduusu, allahu allahu al-khaaliqu al-mubiinu, allahu allahu al-„aliyyu al-muta‟aali, allahu allahu al-zhaahiru al-baathinu, allahu allahu al-awwalu al-aakhiru, allahu allahu al-baari‟u al-mushowwiru, allahu allahu al-maliku al-qudduusu al-raufu, allahu allahu al-mukminu al-muhaiminu, allahu allahu al-raufu al-rahiimu.
- Allahu allahu al-baa‟itsu al-waaritsu, allahu allahu al-dayyaanu, allahu allahu al-syahaadatu, allahu allahu al-qaabidlu al-kariimu, allahu allahu al-khallaaqu, allahu allahu al-hakiimu, allahu allahu al-qawiyyu al-muniiru, allahu allahu muhammadu rasulullah, laa ilaaha illallahu muhammadu rasulullahu shallallahu „alaihi wasallamu wa „ala aalihi wa ashhaabihi ajma’iina. aamiin. wallahu al-haliim.
—@@@—