PUPUH
P U C U N G
- Murweng pucung karsa dalem jeng sinuhun ingkang kaping Sanga karya pralampiteng ngelmi wuryaning reh suluk Acih wewejangan.
- Mongka pemut limuting nala kalimput kewraning wewerantan wrin sasmiteng rahsadi dimen sampat samaptaning sipta maya.
- Lamunkabul kalaban lebdanngkalbu bubuka cinitra somaning purnama-siddhi Ramlan Alip, tata trustheng sabda nata.
- Purwanipun medhar wasiyating guru marang muridira. Bismillah rahman air rakhim alkhamdulillahi rabil ngalamina.
- Assalatu wasalamu lajengipun amuji ing Allah lan amuji kangjeng nabi Rasulullah mongka sami kawruhana.
- Rahseng ngekmu khakekat ingkang wus khusus sajatining kanang nampurnaken ing ngaurip iki lire ngelmu ingkang linarangan.
- Kang sinerung ing nabi wali mukminun nguni-uni datan wonten kang purun nembangi saking dahat wadining ngelmu punika.
- Awitipun rinumpakeng sekar pucung Dyan Ronggasasmita nempuh byat amedhar wadi sarupane pamejanging gurunira.
- Kang den ebuk ing parimbon sadayeku samya tinembangan kinarya suluking ngelmi pan minongka pambengkasing tyas hardaya.
- Nalika duk kinuncang dening Hyang Agung pisah dunya rowang aneng sabrang nagri Ngacih wongkakalih lan mas Yakir pernah paman.
- Nanging nuju lara rumah pamanipun minggu sungkaweng tyas tan kena tinari-tari duk markirtya Jumungah Rabingul, awal.
- Lek ping pitu taun Je mongsa kapitu candrasangkalanya naya suci pandhita ji purwakaning ngelmu nukil saking kitab.
- Ahkhyang ngulumudin lan saking anurun tapsir Ibnu Ngabas gelmu khak kang den-rasani tahsis ing ros mas,alah kiyas paesan.
- Kang den ilo lawan kang ngilo puniku jatining wayangan anane kangngilopasthi iya iku tanana prabedanira.
- Tegesipun kang ngilo iku Hyang Agung anapon wayangan jatine kang ngilo pasthi iya iku kang ing aranan datullah.
- Malihipun aran sipatullah iku ya sipatira pasthine kang den-arani apagalullah pan iya panggawenira.
- Den tuwajuh poma aja saksireku aja kumalamar lawan aja pindho kardi krana wong kang makripate wus sampurna.
- Lwire kang wus prapta ing wahdatul wujud sakathahing asya paniku kukhume nafi dene khakekating nafi iku asya.
- Isbatipun nenggih datullah puniku pasthi awakira nanging ta dudu sireki ngendi ana maneh lamun dudu sira.
- Iya ngendi ing enggoning nyatanipun marma akeh wong kang kasmaran tan wruh jati sabab keron akeh-akeh ing pawarta.
- Wowor sambu, karana sah ing pangrawuh iku tan umiyat iya ing wujud kakalih yen maksiya kakalih durung sampurna.
- Kawruhipun anak muriding wang poma aja wani-wani angarani Allah sakathahing asya.
- Dene lamun den arani Allah iku yenmaksih umiyat iya ing wujud kakalih yekti kupur wong iku patang madahab.
- Apa tan wruh ing dalile awakipun yen ngahenallaha karana andika nabi Rasulullah lapale faman ngarafa.
- Lan napsahu fakad ngarafa rabbahulan fakad ngarafa napsahu tegesireki sapa wruh ing pangeran wruh awakira.
- Yektinipun pangandikaning Hyang Agung lapal jroning Kur,an muni ing dalile mafi anfusikum, lan afalatub siruna.
- Tegesipun ing dalem awakireku sadaya apa ta tanana sira tingali sajatine awak iku kanyatahan.
- Ing Hyang Agung, kang wayah sawiji iku nyata lamun tunggal lawan wonten lapal malih saking ahya ngulumuddin nukilira.
- Inallaha tangala iya gha,ibun lan malih lidira wal,in san ya ghaibi lwire Allah tangala iku pan suksma.
- Nadyan mungguh kawulane ya suksmeku ana malih lapal wal,lahu batinunnasi lawan malih wal,insanu lahirullah.
- Wal,batinul khakku wallahirul khakku tegese Hyang Suksma batin ing manusa yekti tuwinmanuseku lahire Hyang Suksma.
- Batinipun nyata nadyan lahiripun sami nyatanira tanana bedane ugi nora pisah ing antaraning panunggal.
- Ujar iku poma aywana kawetu maring wong akathah den asasab ang awingit ing pasthine iku nasaraken uga.
- Jer wong iku, kadohan upayanipun panyanane uga ing kana ana Hyang Widdhi atawa den nyana ing kene tan ana.
- Miwah lamun parek-kaparekan iku den arani ana ing kene pangeran neki atawa ing kana dinalih Tanana.
- Dadi bistu kang mengkono kawruhipun lwire wurung sabab suwung ngelmune tan dadi ing dadine nembah mangrah marang setan.
- Ngestu makdum sarpin den ucapna iku tur mongsa gelema jer ana tandhane yekti wong kang durung darbe guru kang sampurna.
- Tuduhipun dadi sasar ingkang ngelmu kapir katemahan pangandikaning ulami sarupane wong kang durung tumekeng khak.
- Durung guru kang pasthi pituduhipun satuhune setan kang minongka guruneki dadya manut amangeran ring ngadyana.
- Selang sambut, akeh-akeh kang cinatur pan pijer kalingan ing wicarane pribadi ngalap dalil saking akale priyongga.
- Ngelmu iku poma ana murid ingsun den agemi padha simpenen sajroning ngati aja metu yen dudu prayoganira.
- Den aserung nganggowa parah yen muwus karanaing mongsa mengko akeh manungseki kang katungkul ing nge,mu rasa myang swara.
- Lan katungkul ing ujaring sastranipun ngelmu kalepasan lan katungkul aningali sarirane kandheg ing ucap-ucapan.
- Pijer ngelmu sarak den-pendeng ginilut anglakoni salat sujud rukuk anyinggahi kharam makhruh den-sengguh wus nguwisana.
- Nora weruh kang mengkono sarik agung bidngah panasaran paneluhan jail jidik dening angukuhi ujaring aksara.
- Tan kadyeku kang wus anggrahiteng kawruh ing werdine iman tokit makripat sayekti nora kandheg ing ngelmu ucap-ucapan.
- Lwire ngelmu sarak karana katungkul kandheg ing sarengat angel tumekaning ghaib ingkang luwih bener yen kinatujonan.
- Kang rahayu mungguh ing Hyang kang mahagung anadene ingkang makripate sampun wasis tan ngawruhi ing sawarga lan naraka.
- Nenggih amung, ngawruhi pribadinipun, sajatine ingkang, maha luhur maha suci, nora liyan anadene wong kang samya.
- Kumalungkung iku dadi bodhonipun jer tan pawong sanak kalawan wong pekir miskin, kang mengkono mongsa ta dadak oleya.
- Marga ayu kang nalametaken kawruh mungguh ing makripat, marma keh kang bodho sami, sabab ngegungaken ing ngelmu sarengat.
- Kitab Nahwu sarab mantek midkalipun, den gunggung den kudang, kalimputing sehat tarkib, kama zaydun lan karaba zaydun ngamran.
- Lara betu zaydan jahedun kha,imun, lan irib jahedan, pan iku dadi upeksi, ingsun ngalim apa ana kaya ing wang.
- Den nyana wus, ing mengkono bae iku, anggung maca kitab, tur siji durung kaasti, kang mengkono iku taklid jail pitnah.
- Ngelmunipun, sirik dadi marganipun sasar kabelasar, dene ngelmu kang wus taksis, ingkang nyata nora nana tingal liyan.
- Dhewekipun, iya iku dudu iku, nanging iku uga, utawi sakehing ricik, lan sakehe ngibarate wus kapanggya.
- Aneng suluk, lawan aneng kitab usul kadya kang angucap, sira uripana dhingin, ana kari ana kadim ana anyar.
- Ana metu kalawan ana malebu ana dhewek lawan ana kang bareng sayekti, lawan ana wiwitan ana wekasan.
- Kabeh iku iya dadi pujinipun, denira angawasakening maha sucining ngedattullah sifat asma apngallullah.
- Tegesipun, pan iya kang aweh iku ing kurup paesan mapan ing ananireki angegungken,ing wujudining kadim baka.
- Pasthi hidhup, langgeng datan kena lampus weruh tan winarah nyata sadurunging lahir amiyarsa ing sadurunge angucap.
- Iya iku kang aran ngulu-mudinu ngawruhi tegesnya ing ananira pribadi poma den abecik panarimanira.
- Lawan dipun becik ing rahsanireku lawan ciptanira myang tekadira den tunggil tunggil wujud ing wujude iku esa.
- Milanipun ing aranan esa iku sabab tan narima, ing wiwilanganing duk urip mongka kena sakehing asya ingaran.
- Kabeh iku jumeneng lawan Allahu de Allah punika jumeneng lawan pribadi iya iku ing sajatining sahadat.
- Lawan sajatining iman tokit makhruf, lan khaking sakharat lawan sajatining takbir lan khaking roh ilapi abadan rakhman.
- Dening mongka uwiting urip sadarum mila jinulukan nenggih abadan rakhamani pan kerana iku nyataning datullah.
- Edat iku anapon sajatinipun iya rasullulah mapan ing wajah sawiji poma-poma aja esak malih sira.
- Ujar iku kang ngesak sayekti kupur lan kapir ing Allah lawan ingkang para nabi para walilanpara mukmin sadaya.
- Nenggih lamun, anglakoniujar iku sengga kongsi prapta, ing surakhsa kang sajati iya iku nora nana bedanira.
- Lawan rasul, lan mengkono uga iku iya dadi nyata tyas tetep ingkang wus prapti, ing wujuding kawula wuuding Allah.
- Iya iku mangungswa kang wus anglebur ing papan sadaya lawan sakathahing tulis, lawan ingkang anglebur urip sadaya.
- Eh ta sagung gung alit nak-murid ingsun padha kawruhana kang aran Allah sayekti iya iku kang ngucap Allahu-akbar.
- Poma dipun pracaa ing ujar iku aja kumalamar lawan aja pindho kardi krana angel temen mungguh wong agesang.
- Rakhsa iku kudu den-pendeng den gilut mapan nora nona ingknag angluwihi malih nenggih saking ing ngelmu tuduh punika.
- Nanging kudu, den wirid aja kawetu ywa dadi raasan kerana tan angrasani jisim lahir tan angrasani kang rusak.
- Ujar iku tanana malih lyanipunpoma kukuhana aja owah aja gingsir aja obah aja mamang aja esak.
- Aja kuwur, den genah pangrakitipun wruha ing pinongka rakhseku enggoning pati iku gon mulih mring Darusalam.
@@@