Anggitanipun abdi-dalem Raden Tumenggung Sastranagara.
sekar Dhangdhang-gendhis : 12 pada.
~ DHANDHANGGULA ~
- Poma sira ngawruhana sami, aja pangling jebeng susurupan, den awas sira tataken, ewuh ing takon dunung, lamun nora kalawan wisik, lir kinjeng tanpa soca, saparane nglangut, poma jebeng angungseda, atakona ingkang wus angaji pati, ing reh kang nora samar.
- Poma-poma anak putu mami, aja tungkul dunya lan kapenak, dene tan ana wekase, tan ana wadinipun, lara pati sira lakoni, tan lana ananira, nora wande mantuk, nora jenak neng dunungan, jroning dunya den padha sira prihatin, aja sah paguneman.
- Paguneman lan mitranireki, sira jebeng yen nora tatanya, ningalana sastra bae, sastra minongka wuruk, aja kandheg sira akhasil, upayanen den-angsal, aja sira tungkul, aja wedi beya wragad, yen tan duwe ngadhapa saosa kardi, asraha jiwa raga.
- Supaya jebeng antuka wisik, yen tan nemen mongsa den-wejanga, den-sareh amet galihe, ewuh wong takon dunung, marga rusit repit aremit, pirantine wus teka, jebeng aja tungkul, poma-poma den-waspada, raganira lir lungan sipeng ing margi, pasthi tan wande pulang.
- Den-aeling jebeng ing ngaurip, aja sira laku dora-cara, dadi panengeran ngakeh, tan kandel golek ngilmu, nora kaya wong temen kaki, nastiti akeh welas, lan kandel ing guru, pan kolur pamulangira, satibane wong temen akeh wlas-asih, lan kinasihan ing Hyang.
- Ya iku wong kang temen nastiti, angguguru ingkang wus apana, dadya wruh panjing surupe, kyeh lire angguguru, kang saweneh ateki-teki, mring pandhita-pandhita, tan ana potipun, atakon ngilmu kang nyata, ewuh temen eh jebeng raga puniki, atakon ing dunungan.
- Aja lali ing namanireki, aja dumeh sira wruh ing sastra, aja tungkul sastra bae, yen durung ngolih tuduh, guguruwa mupung ngaurip, kang anom lan kang tuwa, tan lana neng dunung, tan wande tekeng ngakerat, raga iki nora wurung pulang siti, jebeng paekanana.
- Kang wangsit jebeng sengga wong ngimpi, tansah rupane dhewe den-kawangwang, pralambining turu dene, sajroning turu iku, angrasani nikmating urip, saniskara katingal, sajroning aturu, nora beda pejah gesang, kang wus awas dening wruh raga pribadi, iku wekas ing sukma.
- Pan wong iku jebeng wus pinasthi, yen wong lara pangantepe teka, belis lanat katon kabeh, ana kang rupa guru, ana rupa ibu lan nini, ana rupa wong sanak, ana rupa dulur, ana ngajak kekesahan, lah den-tetep imanira aja gingsir, iku tingal sakarat.
- Poma jebeng sira yen asakit, ujar iku sira aja lena, weneh andulu ngilmune, akeh liring kadulu, yen kapencut aniniwasi, dadi mring panasaran, kang ngagama dudu, yen tingale kang wus nyata, jroning pati datan amanggih-pinanggih, wus katingal sampurna.
- Poma jebeng yen prapteng sayekti, aja pegat ing pangrakitira, tegese iku elinge, dipun-eling ing tuduh, ngurebana ujar kang yekti, kawruhana den-awas, ing sakarat iku, nora kena ginagampang, den-amadhep gagamanira den-becik, aja kongsi kasoran.
- Yen kasora jebeng tibeng sisip, pan kasasar jro sakarat pama, pacampuh ing ngaprang gedhe, mungsuhira pra ratu, wadyanya keh tur sekti-sekti, sira ijen kewala, tan wande kapikut, nanging jebeng ana uga, wong sawiji ngasorken mungsuh sakethi, mawendra wurda sirna.
- Tanah Ngarab Jeng Bagendha Ngali, yen mengsah prang pan ijen kewala, amung lawan titihane, lan pedhangira ampuh, marma jebeng ing wong ngaurip, ngupayaa gagaman, ingkang lewih ampuh, liring gagaman kamuksan, yen wus nyekel sirna mamalaning pati, mulya jati wisesa.