PUPUH I
DHANDHANGGULA
- //Pratelane ingkang para nabi / ingkang aneng daleming manungsa / Nabi Adam astanane / aneng badan puniku / Kangjeng Nabi Mukamat nenggih / rasul ingkang mustapa / astanane tutuk / Nabi Sis ing bun-ebunan / Nabi Dawut ing netra astananeki / Edris bathuk gennya//
- //Mugeng lelathi Nabi Ibrahim / Nabi Musa astanane grana / Nabi Ngisa astanane / aneng cangkem puniku / Nabi Yakup ing balung nenggih / Nabi Yusup punika / astanane sungsum / Nabi Ayup usus gennya / Bagendha Li astanane aneng kulit / ing daging Abubakar//
- //Ngumar limpa astananireki / aneng pepusuh Nabi Suleman / Nabi Kilir astanane / aneng makripat iku / langit pepitu kang dipun geni / Nabi Musa bun-bunan / jaja puseripun / ingkang minongka kapala / lintang Kamal anenggih wastanireki / kayu awiting nyawa//
- //Sajaratil mustapa ing alit / pasu kiwa tengen gunung kembar / gunung Tursina tegese / nenggih pucuking irung / lambe Betal Mukadas nenggih / watu sajidin ika / tegese ing untu / lambe dhuwur ngisor ika / bale ngaras uwot siratal mustakim / apan getering ilat//
- //Uwang tengen kang ingaran masrik / uwang kiwa ing mahrip punika / Iman Sapingi dhadhane / Iman Maliki iku / pan gugunge wonten ing gigir / Iman Kambali apan / lambung tengenipun / Kanapi ing lambung kiwa / pan ing Mekah lak-lakan ingkang amethil / ngaras kursi bun-bunan//
- //Ngaras lambe loh kalam ing lathi / lohkilmapul punika pangucap / telaga kalti dhasare / ingkang aneng pepulung / susu kiwa kekulung ati / ingkang tengen punika / pasalatan rasul / kang mugeng jejantung ika / pan puniku ingaran aldaka wingit / ingaran Betal Mukadas//
- //Seh Sumiran anjenger tan angling / sakalangkung ngungun jro wardaya / wong iki tedhas kawruhe / nulya don lunga nglangut / durung mangke dadi puniki / tegese wis atatag / penjerahe kawruh / Seh Sumirang awecana / daweg anak mara caritakna malih / idhep-idhep adana//
PUPUH II
ASMARADANA
- //Jatining saurira ris / wonten wong nepi samodra / tan adarbe wujud roro / ingkang kaesthi ing manah / mung Hyang Kang Maha Mulya / alami aneng ing ngriku / lali nadhah lawan nendra//
- //Den pesu raina wengi / pamendenge sarta salat / tan kandhek sembah pujine / malaheng ngalih panggonan / pitekur wonten sonya / laminya kalangkung-langkung / kang pinandeng mung Hyang Suksma//
- //Tan towang sembahing Widhi / kang ana ing waka sonya / angesthi mring Hyang Linuweh / tan ana drigama ketang / amung pangesthinira / tanna pandeng liyanipun / kang kesthi mung Hyang Minulya//
- //Kang amurbeng jagad sigih / tan ana ingkang rinasa / kalbu ingaken wismane / puniku langkung waspada / sampun aroro tingal / den karesa iman maksum / anulak kanggep sungkawa//
- //Dadya sinung tingal gaib / uninga suruping pejah / kasembadan lan esmune / pan sampun angraga suksma / sampun ngaken wisesa / amuji pribadinipun / datan pegat sanalika//
- //Jiwa ragane tan keksi / wusing angaken priyongga / saking genturing tapane / terawangan manahira / bumi langit kadriya / swarga naraka kawengku / dyan pencar putra sakawan//
- //Samya kinen aprang sabil / sadherekipun sakawan / ki sarengat pambayune / penggulune ki tarekat / panengahe kakekat / ki makripat kang waruju / prasamya prawireng yuda//
- //Sarengat si aneng jurit / perabote sarya seta / madeg marep ing keblate / tansah amuji takbirnya / niyat prang sadayanya / mungsuh ewon datan mundur / Islame maksih akekah//
- //Tarekat si aneng jurit / parabote sarya jenar / mungkul wus marek keblate / dennya niyating yuda na- / nging salatnya tan owah / prang lan kapir datan mundur / imane sampun pinasang//
- /Kakekat si aneng jurit / parabote kapuronta / wus madhep keblat wujude / wangsulan tan kena owah / ngurepi tuduhing Hyang / olah lan kapir tan mundur / tokide sampun pinasang//
- //Makripat siyageng jurit / sarta cemeng panganggennya / lenggah cengeng ing keblate / wujud sawiji mring Sukma / ati langgeng tan owah / nempuh byating wong tan mundur / makripate wus pinasang//
- //Mungsuh kapir andhatengi / ginagila sinurakan / datan gumingsir manahe / pan mungsuh kapir akathah / tan kenging ing sanjata / mungsuh kapir sareng nempuh / kapir tan kuwat yudanya//
- //Mukmin Islam kathah cicir / tinunjel ing mungsuh kopar / kapir kathah tumpes reke / wong kapir kalah prangira / lebur tanpa wilangan / sakarine samya takut / manjing Islam sami seba//
- //wus nandhang kalimah kalih / kabeh wus ngucapken sadat / mentas prang sayah karone / wus suci kang Islam anyar / adus main lairan / pan sampun seba sadarum / mring sarengat dadi nata//
- //Gumuyu abelik-belik / Seh Sumirang duk miyarsa / Jatiening caritane / wusana ari andika / dadya ger ge banjurna / Hyang Suksma caritanipun / metokken wijiling sabda//
PUPUH III
M I J I L
- //Kawruhana ing Hyang Purbajati / iku dennya wiboh / anglir retna munggeng embanane / lir anopeng tingale sejati / nanging tan kaeksi / pan dulu-dinulu//
- //Panglonging Hyang Suksma Purbajati / muksa lir tan katon / kerem kandhem tingale jatine / iya margane lamun pinanggih / gennya angulati / saking pucuk gunung//
- //Ing sukmane aneng dhirineki / adat nora weroh / dyan tumurun sangking ardi age / nemen awas pan ingeling-eling / meksa tan kapanggih / dadi brongta wuyung//
- //Nanging wuyung tan narimeng kapti / karemireng kono / saya jatmika semu liringe / samya ngliring ing tingal kang gaib / samudananeki / ing tembe katemu//
- //Suksma iku tan adoh ing dhiri / makuwon ing enggon / mapan adoh yen den adohake / nenggih parek den celakna singgih / mila tan kaeksi / kaselana imbu//
- //Saya panggih ya tanna kepanggih / aneng jro kadhaton / pan kalingan ing sawab jernihe / poma paduka papak piranti / katungkul geng gingsir / den tekakna rawuh//
- //Tarekate dalan jroning panti / pasthi nora menggok / kakekate puniku coloke / myang makripat nyatane kapanggih / aneng gedhong napi / esbat tungtung guyu//
- //Sandi pralena wastanya singgih / asmara sih neng gon / iki ika sampurna jatine / bagya katurun kang den turuni / sawab nyata nabi / rasul kang panutup//
- //Ewamengkana osiking / suksma purba reko / pratelakna ika sadayane / sejatine iku luwih becik / ling-alingan kapti / anglimputi iku//
- //Swara lawani satru sakalir / lamun tyasnya condhong / bumi sapta langit pitu dene / swarga nraka ngaras lawan kursi / bale ngaras tuwin / sejatine terus//
- //Kang loh kala nenggih sampun dening / suksma nur ing kono / iku celak empere wujude / gedhong suksma angker luwih werit / yen tan wruha kapir / den weruha kupur//
- //Apan iku ayuna mangerti / sagung kojah ingong / sukma iku anukma gunane / datan kenging anukma sejati / ewuh patrapneki / melaku ginunggung//
- //Yen ginunggung punika sejati / angel yen kalakon / anukmaa mring Hyang Kang Aluweh / luwih utama ginunggung singgih / marang Suksma jati / kalangkung ginunggung//
- //Sakehing puji kalawan bekti / lawan laku reko / den asujud ing kelakoane / iku cepak empere kapanggih / mring Hyang Maha Sukci / Adam wujudipun//
- //Ingkang rasa wujutireng kalbi / amrem ingkang katon / wujud iku dudu ing yektine / wujut kaluwihan kang sejati / wujude kang pasthi / ewuh yen dinulu//
- //Apan ewuh ing ujar puniki / pan ayun waspaos / Seh Sumirang aris ing saure / sampun lamakan kawruh sun iki / mesem Sang Jatining / animbul ing wuwus//
PUPUH IV
MASKUMAMBANG
- //Gih puniku teksih sewah dat sejati / ing karsaning Suksma / amayangaken ing kapti / nyata awujud Mukamat//
- //Sang Hyang Suksma angandika tinsa kamil / dene ananira / awakira awak mami / urip ingsun urip sira//
- //Cermin siji tan pareng ngiloa singgih / wewayangan tunggal / pan pangawak tunggal jati / rupa tugal kinemulan//
- //Sasolahing kawula solahing Gusti / karsane priyongga / lestari karsaning Gusti / karsaning Hyang Kang Wisesa//
- //Yen dinulu Mukamat Alah kaeksi / yen dinulu Alah / Mukamad iya kaeksi / pan tunggal kaananira//
- //Sampun katrap Mukamad andika nabi / lepasing paningal / tan ana kawula gusti / amangeran lagi nora//
- //Ingkang nala kadi pandam aran rukmi / barising kancana / kaken pamujining kapti / tanna ganti pujenira//
- //Yen ginulang solahe saya ngangeni / malah lali karya / nyirnakaken kang prihatin / tan pegad anggung kasmaran//
- //Yen kapanggih kalawan jiwanireki / sadina gung suka / asuka kalangkung enting / yen sampun kawengku sadaya//
- //Tansah panggih lali jiwa raganeki / tan adarbe karsa / tan ana karsanireki / anging karsaning Pangeran//
- //Sangsaya sru tangise kaduk ing liring / murca jiwa raga / yayah pejah tanpa kanin / dening pituduh elokira//
- //Marmanipun tan awas karsane Gusti / dening nepsu hawa / agawe seriking ati / angalingi idheping tyas//
- //Marem asih ing samudananireki / kang bekti ginanjar / ing swarga mulya tan sipi / pineksa tur kinasihan//
- //Kawruh dana raganira dipun suci / embanana arak / payungana brongta kikin / dhasarana sabar drana//
- //Ing kadunyan nerakanireku mangkin / wong asih ing dunya / asikara awakneki / pan suker apengalira//
- //Kaya barang sabarang karyanireki / karsane priyoga / dunya suci lair batin / amal kalal ingupaya//
- //Seh Sumirang semana angrangkul aris / sarwi awecana / anak wus lega ing galih / sangking sih pituturira//
- //Ingkang mugi kula bisa anglakoni / Jatining turira / yen pareng kularsa pamit / arsa dugekken lelampah//
- //Seh Sumirang wecanane pait gendhis / yen raharjeng lampah / mugi wangsula mariki / tatuwia mring kang tapa//
- //Jatiening saurira angecani / yen wilujeng lampah / mongsa wandea mariki / mung reke donga andika//
- //Salamete lampah kawula ing margi / ya ta jawabira / Jatining sigra lumaris / Seh Sumirang ngater jaba//
- //Sang Jatining lajeng lampahe lumaris / ya ta maksih lama / maksih lam-lamen ing kapti / maring ing tetamonira//
- //Apan maksih ngrerangu maring kang lumaris / ya ta kang lumampah / andarung lampahireki / anglir dhangdhang tanpa coca//
PUPUH V
DHANDHANGGULA
- //Nusup-nusup ing papan arumpil / siluk-siluk ujunging ancala / anerajang jurang pereng / tumurun jroning terjung / pan sumengka kang sungil-sungil / sela geng pinggir jurang / anggawing tumiyung / tumawing tinon ing tawang / jurang sigrong angarepken parang miring / landhep kadya sulewang//
- //Pucak ardi pan sinungan masjid / ingubengan ingkang sekar-sekar / langkung ngambar ing gandane / wastanira kang gunung / nenggih ardi Pandhalasari / cinatur kang palenggah / pandhita binagus / wastanipun Seh Sumitra / dhepokira pan kadi cendhana sari / mung kalih sabatira//
- //Wastanira Sang Lotho pan Dhisil / marmanipun walu Seh Sumitra / dhadhukuh ing kono reke / apan lakoni tuduh / kinen dhukuh cendhana sari / ing besuk apan ana / wong teka mertamu / yen ngaken ing Wanasekar / lah ungseden ing kawruh ingkang sajati / pasthi padhang tyasira//
- //Marma lami denira anganti / Seh Sumitra aneng ing aldaka / pan meh nglalu pangantine / ya ta ingkang winuwus / Jatiening pan arsa mampir / batin arsa uninga / marang kang pilungguh / semana laju lampahnya / minggah arga samana pak Lotho lagi / nyirami kang pethetan//
- //Apan kagyat denira ningali / pan pak Lotho pan kadhatengan / sigra dadan apitaken / nama myang wismanipun / Jatiening wus awewarti / wisma tuwin kang nama / pak Lotho glis manthuk / wus panggih lawan sang tapa / Lotho matur yen wonten tiyang aprapti / arsa panggih paduka//
- //Warti satriya saking Wanasari / kados ingkang paduka arsa / ketawis mancur cahyane / Seh Sumitra agugup / arsa methuk marang kang prapti / ya ta wau katingal / Seh Sumitra gupuh / genira ajawab tangan / uluk salam Jatiening anauri / ya ngalaikum salam//
- //Apan lajeng astane kinanthi / Lotho Dhisil kinen gelar klasa / tanen ing surambi bae / ya egal kang ingutus / langkung gugup solahireki / semana sampun lenggah / wus tata alungguh / Seh Sumitra atetanya / datan nyana yen kapanggih Jatiening / persasat manggih sesotya//
- //Pan kawula satriya Wanasari / pun Jatining wastanta ingwang / marma kawula marene / sayah lan ayun wruh / ing dhukuhe reke pun yayi / Seh Sumitra saurira / inggih langkung nuhun / langkung beja kemayangan / paduka prapti / marma sewu nugraha//
- //Seh Sumitra apan awewarti / marmanipun aneng ing aldaka / wus tinutur sadayane / Jatining mesem ing kalbu / apan mahrip wancinireki / ya ta lekas asalat / prapta ngisanipun / sabakdanira anulya / sabat kalih apan sampun den kejepi / anyaosaken dhahar//
- //Kang ingatak wong kalih nulya glis / caos kendhi lawan sekul panjang / gagudhangan pan ulame / wus sinambrama sampun / Jatiening sigra ngecani / sigra lekas anadhah / gennya dhahar sekul / sasampunira kadhahar / gantya wau dhedhaharan kang sumaji / samya munggeng ing panjang//
- //Ri sampunnya dhahar Sang Jatining / tanya wau marang Seh Sumitra / pun yayi lami neng kene / sembayang rinten dalu / lan amuji raina wengi / punapa sampun wikan / kang sinembah iku / tuwin sakeh pujenira / Seh Sumitra anjugul angrangkul sikil / kakang dereng uninga//
- //Pindho damel ki raka puniki / dene wau wus matur kawula / marma kawula neng kene / anglakoni pituduh / pan paduka sun arsi-arsi / paduka padhangena / kang basa puniku / welasa dhateng kawula / langkung angres wau denira miyarsi / sang brongta aris nabda//
PUPUH VI
ASMARADANA
- //Yen yayi nembah amuji / pujine katur ing sapa / yen katura Pangerane / apan nera aweruha / lan nora wrena rupa / tanpa gawe sembahipun / angura sira ngupaya//
- //Lamuna ngaturna puji / mring Pangeran cumenthaka / den anggep ing pepadhane / ya Alah kang amisesa / amung andikanira / ayun wruh wiwitanipun / kang anembah kang sinembah//
- //Puji sinten kang darbeni / pan puji pujining Allah / kawula nora daduwe / selawase tan kawasa / miwah panggawe kita / tuwin badane sakojur / angi Alah ingkang katon//
- //Pundi kang ingaran puji / yektine puji punika / kanugrahan sajatine / kang tumiba ing kawula / tegese kanugrahan / nenggih urip tegesipun / pan urip uripe sapa//
- //Lamun uriping Hyang Widhi / tan urip kalawan nyawa / tegese nyawa jatine / kang tumiba ing kawula / kang aran kanugrahan / nenggih urip tegesipun / nenggih uriping manungsa//
- //Pan iya jatining urip / puniku yun ngawruhana / den ageng ing panrimane / angel jenenging agesang / tegese wong agesang / kaserenan ing tatelu / iman tokit lan makripat//
- //Lamun ora angawruhi / yayi ing tigang prakara / iman tokit makripate / pesthi pundhes nora gesang / … / … / …//
- //Tegese iman lan tokit / kang iman pangestonira / kang ngestokken Pangerane / Pangeran ikang kuwasa / kang murba pekenira / tan wonten roro tatelu / anging Allah kang atunggal//
- //Pundi kang ingaran tokit / apan tunggal kajatennya / pangleburane rorone / gusti kalawan kawula / yen tunggal kadiparan / yen beda pratikelipun / mapan nora pisah-pisah//
- //Selamet gene ngawruhi / tegese tokit punika / tunggal maring kawulane / kawula iku tan ana / jenenganing kawula / sejati-jatine suwung / tanpa rupa tanpa tikah//
- //Tegese makripat nenggih / sampun awas ing Pangeran / tegese awas retine / kang awas puniku sapa / pan jenenging kawula / wuta tuli bisu suwung / tan ana kuwasanira//
- //Katuring sembah lan puji / pan katur ingkang sarira / pan badan Alah jatine / tan ana sembah-sinembah / pundi kang aran Alah / araning wajibul wujud / sejatine ingkang ana//
- //Namaning sembah lan puji / pan kasrah ing panarima / pan kuningan salawase / dene Pangeran Kang Mulya / awon pan kongsi tuwa / kedah becik tarimeku / angel jeneng panarima//
- //Nenggih kang nembah amuji / kenyataaning datolah / pan dudu basane dhewe / mantepna mapan narima / artine panarima / tanpa polah tanpa wujud / lir sarah aneng lautan//
- //Pan iku ayun ngawruhi / angel yayi wong sembayang / kang rayi aris saure / lah tuwan banjurna pisan / ing sadat kapejahan / Jatining saurira rum / amucungken pangawikan//
PUPUH VII
P O C U N G
- //Yun ngawruhi ing pati sadat satuhu / tan beda ngagesang / pan tan ana polahneki / polah saking karsane Hyang Maha Mulya//
- //Sadat jati inggih sembah inggih lampus / sirnane kang polah / nanging kang sedya ngawruhi / sayektine tunggal kang adarbe polah//
- //Yen asadat nir saliring dumadyeku / tan ana Pangeran / sabenere kang pinuji / apan nanging Hyang Suksma Kang Maha Mulya//
- //Sadat iku nenggih gesang kang satuhu / gih puniku aran / gih puniku kang ngarani / sayektine tunggal ingkang ingaranan//
- //Yen wis dadi sadate datan pandulu / pan pujine nora / tan ana puji-pinuji / pan puniku nenggih sadat ingkang tunggal//
- //Sipat iku datolah Kang Maha Luhur / lawan Maha Mulya / anjatekken ing datneki / sayektine ing nyawane kang utusa //
- //Sadat iku tanpa tepi laut agung / kang karem ing sadat / puniku rasaning pati / uripipun nora kena ing palastra//
- //Iku sadat gusti kawula yen pangguh / nenggih gennya pisah / patemona kang sejati / gih puniku patemone ingkang pisah//
- //Sadat iku patemone kang satuhu / tan ana memadha / timbangane kang sejati / ing tegese sadat iku tan lawanan//
- //Ilang sadat akeh wewilanganipun / nenggih tanpa wilang / sadat tunggal kang wus pesthi / ya kang abot gurnitanireng badannya//
- //Kang wus pesthi sadate tanpa dinulu / paningaling sadat / angebeki raga giri / gih puniku nenggih ingaranan sadat//
- //Sadat iku agung pangabektenipun / kang tansah ing sadat / mintir nalane kabesmi / apan uga dunya kerat kabeneran//
- //Angrimangi sadate Kang Maha Luhur / liringing hyang sadat / tan ana pangeran jati / apan amung ingkang alanggeng wisesa//
- //Ulatana sadat sapisan kang tuhu / yen sampun katedhak / tan towong dennya ngawruhi / apan iku patemone lampah nyata//
- //Ewuh temen kang sadat karaseng kalbu / akeh milya ngucap / sadat seos kang pinanggih / pangucape dene kesasaring tuwan//
- //Dudu basa dudu rasa kang dat tuhu / dudu cipta rasa / kang nugraha kang den panggih / gih puniku guru sampurnaning raga//
- //Sanalika iku kumpula satuhu / ing nalika pelak / tan ana kawula gusti / wong puniku kareming Alah kewala//
- //Sadat roro tunggalen hyang kalihipun / lan sedyane tunggal / lan sedyane sang dumadi / pan puniku sedyane dhewe kang mojar//
- //Pan puniku anane ingkang satuhu / anyana dewata / tan ana ing bumi langit / apan ora nana ing ngantara//
- //Tan ing swarga naraka ing enggenipun / anane loh kalam / tan ing aran tan ing kursi / dhidhing jalal apan iya nora nana//
- //Kawruhana anane Hyang Suksma tuhu / anging ananing Hyang / ayun nyatakken kang dhiri / lan malihe yun nyatakken dhewekira//
- //Sruning karsa ingaran apengal tuhu / yekti sira nyata / awas aning ngalih dhiri / upamakna kadi angilo padesan//
- //Yekti awas ing rupanira satuhu / enake tumingal / amawas rupa pribadi / iya iku ingkang ingaranan sipat//
- //Kang ingaran tembene ingaran iku / iya ingaranan / gih puniku kang ngarani / sayektine ingkang andarbeni aran//
- //Yun ngawruhi kang ingaran Suksma Luhur / paesaning aran / ing sipat apengal jati / apan yekti datolah jatining sipat//
- //Kawruhana pangeran kang ujar luhung / sasedyaning nala / tanpa cipta ananeki / gih puniku nenggih ingaranan sadat//
- //Ing karsane ayun nyatakken dhireku / sartane paesan / asanget tekane jati / apan iya apan temahan sasotya//
- //Iya iku aran roh ilapi tuhu / senenaning sotya / anelahi jagat iki / apan iku nyatane asida guna//
- //Kang ingaran iya kadil apan iku / wewadhah sasotya / kang ingaran roh ilapi / pan puniku minongka rohing utusan//
- //Roh ilapi ratuning saliring tuwuh / senenaning cahya / anelahi ing sekalir / apan iya anelahi ing ngilapat//
- //Jagat iki yen sinawang tan andulu / anging karsaning Hyang / angasihi ingkang asih / ing sedyane apan ta ing manah tunggal//
- //Duk jinaten sipat apengal satuhu / sejatine aran / tan ana ingkang ngarani / gih puniku ingkang rasa rasulullah//
- //Gih puniku ingaranan kang satuhu / sukma tan sinukma / suksma kaanane ugi / gih puniku yektine ingkang dewakna//
- //Lampahira kang aran dewana iku / meneng tanpa sadat / tan arah tan enggon singgih / kang dewana apan miber tanpa elar//
- //Idhepira sakedhap wus pesthi iku / meksih palinggihan / lelampahan sewu warsi / suprandene sakedhap netra praptanya//
- //Wonten malih yayi ing wirayat ingsun / sun myarsa carita / ana wong bekti nglangkungi / sembayange apan ta meksih taruna//
PUPUH VIII
S I N O M
- //Wonten santri aluk sarak / awasta Ki Bodhojati / pakaryane nora nana / amung sembayang pribadi / nanging dereng udani / jungkal-jungkel siyang dalu / tan kenging ingujaran / kang estri gung briga-brigi / dereng mari sembayange saya dadra//
- //Nora penging wong sembayang / bok kira-kira pribadi / kang estri dhasar brangasan / sarta sosote drawili / kang jaler tan nauri / lungane kinabruk tumbu / tumbune isi jenang / badhe kinarya nyekuli / sirahira Ki Bodho galuprut jenang//
- //Tumulya kesang belayang / den pepati raganeki / nulya manggih wong atapa / aran Ki Paesanjali / Ki Bodho nikel warti / sampun masut anggeguru / anuli kyai guna / gung pitutur rina wengi / Ki Paesan akathah pituturira//
- //Dunungken puji panembah / puniku katur Hyang Luwih / kang rumeksa ing sajagad / kang asih sakehing nabi / miwah sakehing wali / lan sagung mukmin sadarum / wong urip anggunggunga / mring Alah sartane wedi / yen mengkono wong iku tanpa ganjaran//
- //Sanadyan ing wong sembayang / nora kena ginagampil / lamun nora kabeneran / nora wurung bebayani / anglir wong rabi putri / nora kena grusa-grusu / lamun dipun peksaa / nora wurung nyudhet lading / tuwas rusak pangarahe nora kena//
- //Wonten malih lambangira / ngambil iwak jroning kali / aneng telenging bangawan / arahen iwake keni / nanging dipun aririh / sampun buthek toyanipun / yen ulam sampun kena / sakarsanta gen ngratengi / lah sembayang poma dipun prayitna//
- //Yen kala sira sembayang / poma den kadi ning kali / iya marang kang sinedya / den kadi angilo cermin / rupa ingkang sajati / awasena kang satuhu / pan kaya rupanira / kang aneng sajroning cermin / rupanira pan kadi pepaes dunya//
- //Lah Ki Bodho sun wetara / yen ta sampun nama ngerti / pesthi nemen salatira / dhasar wong gugu kapati / Ki Bodho awotsari / pinten banggi sang binagus / antuk sawab paduka / tan ketang tilar wong estri / Ki Paesan pralambening babing rapal//
- //Sejatine wong asalat / kang nyata ing Suksma jati / den kadya gone baita / amet rasa ing sejati / ana lambange malih / anglayar tengahing laut / palwanya pan kawratan / kerem tengahing jaladri / ulihena rasa iku ing sagara//
- //Malah mangke kang baita / olih isining jaladri / mangkana ingaran salat / kang nyata ing Sukma jati / saosike wus pasthi / iku dadi saladipun / kang durung ngerti salat / ngibadah raina wengi / sembayange apan meksih lalawura//
- //Ana kaoling pandhita / saenggane Sang Hyang Widhi / iku meh salat kaanan / mring aksara tigang desi / kabeh mawi prakawis / kang aksara telung puluh / minongka ratunira / anenggih aksara alip / iya iku pralambene ing Hyang Suksma//
- //Milanipun ana Kuran / saking sastra tigang desi / iku mawi wewilangan / kalimahe siji-siji / lan mawi ayat malih / gunggung tigang dasa jus / apa kang nora nana / den kondha ing dalem tabsir / paman Bodho puniku dipun waspada//
- //Lan malih ta kayaparan / semune aksara alib / apa nyata apa ora / emper-empering Hyang Widhi / Ki Bodho wujud angling / nuwun duka sang binagus / amba cupet kalintang / langkung wlas Paesanjati / mring Ki Bodho wuwuse lir guladrawa//
PUPUH IX
DHANDHANGGULA
- //Tegesipun raksa sireng sigih / ingkang alip pan kaanan tunggal / nora kena mati reke / limpat dening kalangkung / ingkang alip iku ilapi / dening kinarya tondha / karoneingaku / iya alip ananira / sadurunge nora bareng nora kari / nanging kariyiniyan//
- //Tegese iku niyat sajati / ingkang alip iku jeneng tunggal / Adam lan Kawa kumpule / Adam kang nyata iku / gene nyatakaken birai / purwa banyu lan lemah / banyu urip iku / lemah nyata aranira / wus kalingling datolah kaanan jati / yeku jatining niyat//
- //Tegesipun kang iman sejati / rasa tunggal kaanane tunggal / nora nana Pangerane / tan manjing medal iku / ananira tunggal sejati / nora yen tunggalena / pan wus tunggal iku / tunggalira tan pantara / Alah kabeh kang endi dudua iki / iku alip kang iman//
- //Dene tegese sarengat singgih / ingkang alip mangkya wus samekta / jabar jere lan epese / jabar jere kang agung / gening nyata sipat kang urip / eloke purbanira / tunggal urip iku / iya iku urip tunggal / uripira tan ana sirnane singgih / iku brestha pakara//
- //Ingajeran kang alip puniki / gening nyata kang iman punika / gene nyata biraine / kala biraenipun / sirna sira lan ingsun iki / tunggal ingsun lan sira / beda-beda iku / beda lair tyasnya tunggal / rasulullah apan tunggal sira jati / yeku biraenira//
- //Kabeh iku kang cahya linuwih / cahya iku pan enggening nyata / kaanan tunggal jatine / cahyane jati iku / kaanane tunggal sajati / tumurun dadi cahya / kang tumurun iku / kinarsakken turunira / kang tumurun munggeng yayah utek singgih / Betalmakmur wastanya//
- //Duk tumurun cahya iku singgih / duk munggeng balung balane pukang / sulbiyah iku arane / genira apulangyun / karo tunggal sejaten singgih / jiwa pajiwa nora / nora kapan dudu / anglela kacatonira / pandameling kekalih pan amemuri / sulbiyah namanira//
- //Sadurunge kang cahya tumihis / saking alam naptu alip ika / ingaran gedhah kucine / ingaran goning neptu / sadurunge birai mijil / iku sanake purba / genira mung kayun / datolah sampun kawayang / yen wus awar anane Alah mangkyeki / neptu alip pinongka//
- //Awar winor mangke katampan sih / ananing sih ing patugalira / den tunggalaken jatine / Alah lan nabi iku / wujud tunggal ayun sejati / sekarone uninga / tingalira bawur / Alah lan Mukamad ika / ya wus awor pawore lan rasul iki / dening Alah Mukamat//
- //Duk ing mider sawulan puniki / ana rupa nora nana rukyat / iya Alah sajatine / anut kempele iku / apan ora mangke kang dadi / pan wus saningga pisan / pinasthi puniku / ala becike punika / yen akempel sastrane kabeh puniki / sembada pekenira//
- //Patang puluh dina pan kalingling / dadya tingal lawan pamiyarsa / ingaran Alah jatine / Jabrail wiyosipun / pan ingaken gagenti singgih / kinarya wewayangan / ingutus sireku / dhateng sakehing manungsa / aken salat lan anebut Suksma jati / lailaha ilullah//
- //Satus salikur pinapan dadi / insan kamil namane punika / jumaat ketingalane / alahu akbar iku / kagungane sampun dameling / kawruh jumaat ika / sapandulon nengguh / insan kamil purwanira / ing tulise samektane iku dadi / bisu tuli aniyat//
- //Darbe netra nora aningali / apa nora iya amiyarsa / napas amedal irunge / tan napas jatenipun / panjenenganira narpati / Ratu Prabu Satmata / anglela puniku / pan ratu ing dhewekira / ing gedhonge ingaranan insan kamil / sembada pekenira//
- //Ingaranan nabi Alah singgih / duk satus salikur dina ika / ing kono sapa rewange / panganggo sarwa alus / tur tan ora inganggen singgih / sampun wuta kewala / purik semonipun / dene kinen dhewekira / apan rewang sinungan rasa kekalih / tan adoh ing sarira//
- //Samektane lan sajenireki / sampun tumindak jabaning kitha / ingaran jaliratine / nora temu tinemu / tandhanira mangkya ing wengi / marmanira raina / datolah tumurun / kabeh samektane dadya / kawruhana paman Bodho lambang puniki / aywa sira pepeka//
- //Seh Sumitra wau sareng myarsi / ing kandhane ing Jatining punika / gapyuk angrangkul padane / sarya ris aturipun / lah ta kakang banjurna malih / manah amba meh padhang / sareng myarsa wau / sagung pitutur paduka / Jatiening anjerehken kawruh malih / kawuri babing salat//
PUPUH X
P A N G K U R
- //Lah ta yayi kawruhana / nenggih kojah saking Ngusman ing nguni / Sang Ambiya namanipun / yen kawruh ciptanira / wong puniku durung Islam jatinipun / tanpa sadat tanpa salat / apan ta pai pan inggih//
- //Pangerane yen weruha / sarirane dhewe nora udani / denira Selam puniku / imane pan imanan / durung teka jatine manungsa iku / saengga satu sembawa / manung ingkang sajati//
- //Kang abuka ciptanira / ing wong edan ingkang daluya puniki / dipun graita sireku / semune den karasa / sampun salah tompa kang bongsa puniku / lir tigan anamber dhangdhang / patine datan kaeksi//
- //Sengadi amongsa singa / singa lebur tan wruh sariraneki / derkuku ngemuli iku / jagat lebur wus sirna / pan kalingan ingkang ningali puniku / gelathik muni genturan / surya lintang kang ngalingi//
- //Surya sasi tanpa polah / surem datan katingalan puniki / cahyane surem kalimput / gangsir nimpeni sigad / jagad sirna kapisanan ta puniku / iku pan ayun graita / kang bongsa puniku gaib//
- //Manawi kang nedya pejah / dene nora lawan wong ing dunyeki / dudu alam langgeng iku / … / … / lir enggane ta cangkrama / malah neng dunya puniki//
- //Saengga ta wong lelungan / meksih aneng ing dedunungan puniki / marmayun waspada iku / tan kena ginagampang / ayun awas nenggih sulang-surupipun / apan akeh wong kapalang / kepalang baping kabatin//
- //Yen kembanga kembang sungsang / luwih becik sinawang arespati / nging tan wonten pamrihipun / kang wus malih sasmita / yen kembanga cepaka upamenipun / becil lamun tiningalan / samekta lan gandaneki //
- //Ana ratu gung prakosa / aparentah mring wadya agung alit / nanging tansah ngawuleku / kareh sakehing bala / pan sedaya sinuwitan mring sang prabu / sakathahe wadyabala / tan wonten kang den langkungi//
- //Anane saha tamakan / datan estri wadine lanang singgih / kombang angleng tawangipun / mrih madune pratela / lembu nusu ing anake dhewe iku / sarta kang surasa mulya / semine galinggang jati//
- //Aweh gonda rasa mulya / yun graita ing manah kang sayekti / ujar iku luwih luhung / lumpuh ngideri jagad / pan si cebol anggayuh wulan puniku / kang wuta atuduh marga / basa puniku arungsit//
- //Lawange sawarga ika / ingkang mulya tan wruh marganireki / wong bisu amegat padu / sirna gusti kawula / den graita semune wong mudha punggung / sasmitane kang wong edan / swara tanpa nedya singgih //
- //Rupa karungu denira / swara ingkang katingalan puniki / ana luhur ngandhapipun / aneng ngandhap luhurnya / ana bongkot ing pucukira puniku / ana kulon wetanira / wetan kulonira singgih//
- //Ana kidul elorira / ana elor kidulira kang singgih / ayun graita puniku / yen tan wruh durung Islam / masih Islam andana kukume iku / Selame pan Seselaman / sejatine maksih kapir//
- //Anglir ulam munggeng toya / sami telas lan ulam kang sayekti / nanging wonten bedanipun / kadi sangsam lan sima / sami nama baburon alas puniku / nanging beda jatenira / Eslame kang den kukumi//
- //Eslamira sinelanan / imanira iman-imanan nenggih / sadate sadatan iku / salate sesalatan / amuji amung pujian puniku / anembaha sesembahan / yen tan wruh ciptanireki//
- //Lungsi mili tanpa toya / sakalangkung sipate sabda iki / kedah graitanen kalbu / beja kang anggraita / aywa dumeh dedaluya wong puniku / iku semune pandhita / kang angsal sabda puniki//
- //Mokal tuli iya sira / pan basirun puniku kang ngalingi / mokal wuta sira iku / muridun ingkang karsa / apan iya mokal sira nepsu iku / mutakalimun ngandika / mokal bisu sira iki//
- //Bakal langgeng kaantepan / ingkang langgeng nenggih sira puniki / dudu teteping Hyang Agung / kang tetep sira ika / rahmat dudu iya rahmating Hyang Agung / ingkang murah iya sira / dunya dudu alam iki //
- //Alam dennya iya sira / alam kubur dudu sajroning bumi / kubur iya sira iku / ngakerat dudu benjang / … / kang akerat iya sira / kitab Kuran sira nenggih//
- //Bumi langit iya sira / belis setan iya sira puniki / aras kursi sira iku / loh kalam iya sira / den graita semune basa puniku / ing sasmita lalawura / angsung cipta kang wus sidik//
- //Apa tegese bismilah / lan tegese sukannalah puniki / pan tegese rahsa niku / lawan napi esbatnya / lawan apa tegese sadat puniku / lan apa tegese salat / tegese ngakir puniki//
- //Apa tegese jinabat / lawan apa tegese niyat iki / tegese pangeran iku / tegese dunya kerat / lan tegese mukaranah iya iku / lan tegese rasulullah / tegese ekram puniki//
- //Lan apa tegese salat / lan tegese wong jumungah puniki / pira kabeh jungahipun / mulane ana jungah / saking ngendi asale jumungah iku / yen tan wruha nora Eslam / meksih sirik meksih kapir//
- //Sakathahing pitakonan / semoning wong lalawura puniki / den kacipteng manahipun / ajana kaliwatan / yen ta lamun nora ambuka sireku / sasar-susur kawruhira / kang wus waspadeng ing singgih//
- //Sampun ingujar sakecap / sarwi rahsaning sasmita puniki / apan ta sira puniku / Alah iku ya sira / rasulullah pan iya sarira iku / bismilah sira punika / patekah sira puniki//
- //Sawirahsaning sasmita / kabeh-kabeh apan sira puniki / aja sisip tembenipun / satemah sira sasar / aja kleru ing pangucap sira iku / aja dumeh muni sira / den wruh tegesira nenggih//
- //Yun wruh pisah tunggalira / apan sira dadi werna sayekti / saingga siya puniku / aywa gegampang mongsa / aja dumeh-dumeh muni sira iku / arungsit tegese sira / akeh anggampangken singgih//
- //Yen sira durung prawira / atakona ing wong kang sampun yekti / ngupayaa sira iku / kang wong alul mulana / atakena ujaring basa puniku / poma ungseden kang nyata / artine basa puniki//
- //Seh Sumitra saya padhang / amirsakken kojahira Jatining / saya sru ing ajrihipun / awlasasih turira / inggih tuwan lajengna manginggilipun / adan kalihan Hyang Suksma / Jatining anyenggarani//
PUPUH XI
DHANDHANGGULA
- //Lamun yayi wus waspadeng jati / sariranira dipun kawangwang / iya iku lalirone / sampun ta yayi korup / raganira kawula jati / apan kembar lan Suksma / jumbuh yen dinulu / dipun waspada ing Suksma / kadyagane kadi atal lawan siti / lir kemandhang lan swara//
- //Anglir tikan ing sawung puniki / apan inggih agalang-gulungan / nanging tan nyaci pareke / liwang-liwung gumulung / mengko sira wus dadi pitik / samektaning busana / iku ta winuwus / lah ta yayi den waspada / tinrimaa idhepen dipun pinanggih / ing ngriku genira aprang//
- //Ingkang ewuh ing dunya puniki / amung siji pan mungguh panrima / anging panarike reke / rupane Suksma Agung / kaya sira rupane Widhi / lir camedhak pinongka / uwitipun jumbuh / kadi sukun lan kluwihnya / nora beda sairip warnanireki / lir kalak lan kenanga//
- //Nora beda sira lawan nabi / lah ta yayi sira den waspada / abeda miwah tunggile / lir kepithing lan yuyu / sukmanira dipun adani / kang tumrap aneng raga / alembut dinulu / dudu eroh dudu jasat / anglir sekar warnane lan gandaneki / puniku yun waspada//
- //Ingkang mangkana ananireki / lah ta yayi mijil saking ora / mulih maring era reke / sakehing wong beburu / ujar iku den wuri-wuri / ciptane wong satengah / idhepe wong iku / ana iki saking ora / raga iku mulih maring ora mulih / puniku den kekudang//
- //Sampun kenyut yayi kapalintir / kang ngrasani sajatine nora / iku jatine ewuhe / keron ujar puniku / kang sampurna tan ayun mulih / tan nyanyipta mangkana / kanggepe winuwus / ing tingal sungsun-sungsunan / poma yayi paningal ikang rakesdik / sampun kirang prayitna//
- //Salat ati sun awas sireki / salat iku apan sundha tiga / tur ta adi-adi kabeh / sembah puji puniku / kadi tirta saking ing ardi / mili dhateng sagara / sembahe wong iku / akeh kandheg ing sawangan / salat jati ing teleng pernahireki / pilih wong kang tumeka//
- //Jroning salat yayi pati geni / kadi angubek toya ing dangdang / lah reke mengkono bae / ajaa kadi kukus / wedalipun saking ing geni / kang ora dadi ana / lir siti lan banyu / anglir oyot metu toya / awakira lir suksma dipun pakeling / apan tigal reraga//
- //Panguwasaning ngelmu puniki / lah ta reke kadi geni mubal / urube lawan mawane / panase den kadulu / kukusipun dipun udani / padhange kawruhana / prabedane iku / patine dipun prayitna / iya iku anyukup sakehing wedi / paran kang winicara//
- //Sampun yangyang amangeran dhiri / lah ta reke anglindhung ing Suksma / tan weruh rina wengine / malih ingkang winuwus / apan iku lamun rinicik / aja ngaku Pangeran / aja ngaku suwung / miwah reke yen kasdua / muna-muni puniku dipun pakeling / yen sira yun waspada//
- //Kang sampuna kadi wong aguling / lan wanodya prapteng cumbananya / sirna kari sakarone / dene kandhuan lulut / awak reke dipun abecik / ing panarimanira / ewuh ujar iku / rasa jati lawan Islam / idhep madhep suprandene akeh kapir / idhepe sok den tawa//
- //Anyawangi kutub wali-wali / atapa idhep sajroning nala / yayi den eling patine / pati tuwan wong iku / suksma iku pinurweng jati / pana kanthi Pangeran / siyang lawan dalu / amuji lawan Pangeran / upamane anglir dhalang amucuki / durung aran ki dhalang//
- //Sukma dharat nabi kang aluwih / lah ta yayi sira pangidhepan / sampun tungkul sira reke / den esthi solahipun / pan Pangeran awelasasih / marma dadia kadang / iku wong kang luhung / amemitra lan Pangeran / wekasane amemitra karoning sih / murca tanpa jamuga//
- //Yen temua sun idhepireki / iku reke Suksma kang sanyata / ingaran ujare reke / wau ta kang winuwus / kawulane anyikep Widi / angekep awakira / malah galang-gulung / Hyang Suksma mangkya ngandika / aja sira ing reke nyikep mring mami / cekelen wakira dhawak//
- //Yen kadulu kang sariraneki / apan ingsun pan melu katingal / apan iya patitise / aja nyikep maringsun / teka sira nyikepa dhiri / ingsun pan melu kena / yen sira andulu / ingsun melu katingalan / lamun ora mengkono andulu dhiri / yekti sira kasasar//
- //Kang kesasar pralambene ugi / lah ta yayi kadi wong angudang dhalang / angundang wong mayang reke / tan wruhi dhalangipun / kang angundang kinen angringgit / mengkana kang paningal / aywa keh kadulu / anging Pangeran kewala / ingkang asih ing awakira pribadi / anglir angilo kaca//
- //Wewayangan dipun ling-alingi / lah ta yayi tan wonten bedanya / bab reke mangkono bae / sembah lawan amuwus / dadi puji anugrahani / kang wus wasis ing solah / dadi puji iku / sembahe rasa punika / yayi dipun waskitha ingkang sayekti / sampun apindho karya//
- //Akeh metu yayi maring sepi / lah ta reke pan ayun uninga / isine sarira reke / juru gedhong puniku / pasenep tan ing jiwa dhiri / singa den lakokena / wusana ing ngriku / kirang napa mantri jaba / nanging pilih-pilih ingkang udani / pasenetan punika//
- //Seh Sumitra pan saya birai / miyarsakken ing wirayatira / Jatining keh pituture / wusana tingalipun / kang katingal sampun kalingling / kang ginedhong gumawang / langkung sukeng kalbu / Seh Sumitra aris turnya / lah ta tuwan banjurna manginggil malih / amba langkung kasmaran//
PUPUH XII
ASMARADANA
- //Jatining mesem lingnya ris / yayi sira kawruhana / kang ngelmu puniku reke / duk saking mulane sira / prenahira duk nora / den awas sira ing tuduh / nora kena sumambrana//
- //Kang ngelmu mulane dadi / pundi kang ngelmu punika / dudu johar jisim reke / dudu nyawa dudu suksma / pan dudu uripira / yun awas sira puniku / kang ngelmu liwat agawat//
- //Sampun papeka ing wangsit / den wruh kamulyanya dadya / kala mulanira reke / lah endi pinangkanira / yen sira nora wikan / wedhus alas pamenipun / lir lutung kelambi tambal//
- //Solahe kaya wong Ngarbi / akrubyuk kelambi jubah / tarebang dadi kartine / jungkat minongka panggalak / sura dadi suwakan / peksane awas Hyang Agung / artine lir susuh manyar//
- //Pira lawase ngaurip / pan wikan mulane ana / rehning gesang keh panglinge / tan wikan lamun uninga / tan pegad ing wardaya / luwih sasar wong puniku / katungkul ing babingkrakan//
- //Garap sastra datan yekti / mangsine ginawe ngomyang / kalamira tanpa gawe / apan kinarya elingan / prih kandele tesbehnya / sujut rukuhe ginunggung / kinarya eling-elingan//
- //Karsane lunga ngabekti / sedya panggih lan Pangeran / angaturaken sembahe / lampahipun kata sarak / puwasane den kudang / peksa awas ing Hyang Agung / kalurung tambuh parannya//
- //Polahe kaya salindhit / kawuwuh kaya likasan / nora pegat menga-mengo / anembah tan wruh ing sarak / kaya wong katarima / lengar-lenger tingalipun / kaya wong kas samudana//
- //Kang sampun awas ing Widhi / miwah ing gandane wong kang / iya iku karenane / kang sampun sirna ing kana / tita montra panembah / tan ana liyan kadulu / amung jasade kewala//
- //Pundi sampurnaning urip / lan pundi paraning pejah / yen tan wruha sinedyane / pususen sariranira / amrih waspadeng tingal / den awas sira andulu / mrih parana ingkang lunga//
- //Wonten malih kang ngawruhi / sampuna marani tisna / anitis maritis reke / amung genaha mrayoga / anyakrawati ika / lawan amba ing dhek dheku / kabeh iku padha sasar//
- //Aja sira milang jisim / aja tungkul milang sastra / miwah sipating Hyang Manon / lan aja sira angucap / iman tokit makripat / puniku pan sasar agung / aja tungkul ing dat sipat//
- //Polahe kaya wong singgih / kaya wus teka ing olah / miwah ing Mukamat reke / tingaling wong kesawuran / idhepe kelap-kelap / nanging apeksa kumawruh / idhepe wong kapir kawak//
- //Kang sampun awas ing wangsit / dadak kekathahen ujar / madhep sawiji uripe / datan wonten kauningan / tan wonten kapiyarsa / wus awas dennya andulu / ya iku tingal sampurna//
- //Tingal jati tanpa siring / waspada jatining tingal / wusirna kaanane / tunggal tingaling panembah / lawan ananing Suksma / anembah ing dasihipun / anembah ing Hyang Sukma//
- //Endi sembahireng dasih / endi sembah katarima / kang suka katrima reke / pundi ta sembahing Suksma / miwah lamun kawula / apan pisah sampun kumpul / iku gene mukaranah//
- //Yen tan wruha sembah pesthi / upamane kaya kewan / kebo sapi kuda gudel / tanpa tuwuh sampurnanya / mungguh suka neng ngandhap / alumuh tetakon iku / ngegungaken dhirinira//
- //Lan den bisa ngaji peling / ing purwa madya wecana / tiga iku aywa supe / ing prakara kabecikan / gentinen ing wardaya / nadyan gantalnana taun / yen lena saperti kewan//
- //Kang eling musthikeng jalmi / kang punapek lir weraha / awor kalawan wong akeh / peksa gumunggung gumisa / sukan aranana mudha / sukan aran sakit kalbu / tan wirang marang sujanma//
- //Iya reh urip puniki / tan wande tekeng semaya / angajia disik reke / nora wande raganira / den anon minton sira / tan wande omah ing kubur / becik takon mupung gesang//
- //Supaya ngertia sami / sampun katungkul pepeka / kang kitab markum raose / puniku pan luwih eca / ing wong alul ngibadah / reraosan kang puniku / poma yayi den graita//
- //Lah sampun marata wiwit / arsa nuwuhaken lampah / puniku wus cukup kabeh / sagung wawulang manira / nging yayi den prayitna / angestokena satuhu / aywa reke sumambrana//
- //Seh Sumitra angabekti / ngrangkul suku ris aturnya / pangestu tuwan kimawon / nanging yen pareng paduka / mugi tuwan wangsula / Jatining saurira rum / sok ugi yayi slameta//
- //Ya ta jawab tangan nuli / ri wusnya sigra lumampah / Seh Sumitra ngaterake / prapteng ngandhaping aldaka / ya ta lajeng lampahnya / kang tinilar kari mangu / enengna wus wangsul nulya//
- //Seh Sumitra migah ngardi / ya ta ganti kang lumampah / Jatining darung lampahe / kapungkur ingkang aldaka / angambah terataban / abyor branang sri dinulu / ingkang sekar kumalata//
- //Tan wus langenireng margi / ya ta lepas lampahira / semana miyat ing dhukoh / alit aneng pinggir jurang / lami dennya mratapa / wit kapaten rabenipun / marma tapa aneng wana//
- //Tanpa rewang mung pribadi / duk anom pan kongsi tuwa / langkung tetep ibadahe / siyang dalu datan owah / awasta Nur Jariyah / lami dhadhukuh neng ngriku / datan wonten karyanira//
- //Mung sembayang rina wengi / ingkang pinangan keleman / rong taun iku lamine / genira tan kalebon upa / langkung kasutapanya / kang cinipta siyang dalu / amung sihira Hyang Suksma//
- //Nur Jariyah apan lagi / neng tegal andhangir kenthang / jagung kimpul lawan otek / ya ta Jatining wus mara / mring gening kaki tuwa / Nur Jariyah kaget dulu / anon tejane kang prapta//
- //Wus narka oliya luwih / ya ta ris genira tanya / ta nak katuran pambage / ing wuri pundi pinongka / ngajeng paran sinedya / Jatining alon turipun / manira reke wong mahang//
- //Tan wonten kasedya yekti / lunga nut karsaning lampah / Wanasari duk wantune / Nur Jariyah anglingira / yen parengipun anak / prayogi pinarak gubuk / sipenga wisma kawula//
- //Enjing sakarsa lumaris / pan sampun sonten punika / atebih sasipengane / Jatining saur sumongga / ya ta sareng lumampah / sapraptaning wismanipun / Nur Jariyah gelar klasa//
- //Sampuning ngaturan linggih / Jatining resep tumingal / aresik cekli wismane / langgare dhepel ing wisma / ya ta wusnya semana / mahrib wau wayahipun / kalihe pan sami salat//
- //Jatining ingkang ngimani / pan kongsi prapteng ngisanya / wus bakda sembah kang reke / lajeng nyugata keleman / uwi jagung ketela / gembili tales lan kimpul / samya neng tampah adhacah//
- //Nur Jariyah ngatag nuli / lah daweg dhahara anak / pun bapa tatedhanane / kang lininga saur nedha / ya ta sareng adhahar / sawusnya Ki Nur amuwus / anjereh ing pangawikan//
- //Angrasani babing urip / urip tan kenaning pejah / lan taken Sukma jatine / Jatining ris saurira / agawat ujar ika / kathah kang bisa celathu / nanging timbuling tan mirsa//
PUPUH XIII
MASKUMAMBANG
- //Wonten kojah ing badane den pepati / badanira suksma / ngrasa ing sajroning urip / uripe wus kebak Alah//
- //Kang wus teka ing tingal tan kena pati / patining agesang / tansah amurba pribadi / iku sajatining Suksma //
- Suksma iku pakumpulaning ngaurip / uriping ngagesang / teka ing rasa sajati / rasane sariranira//
- //Medheng-medheng Pangerane den ulati / kelurung keliwat / den nyana urip kekalih / ngendi gone yen nikia//
- //Nepsu ilang badane saperti mayit / wurung rasa mulya / kadi madu rasaneki / liringe ngimbuhi jagad//
- //Mider-mider mring sagara tanpa tepi / alinggih bengawan / areren ing tamansari / dadine medal ing rupa//
- //Rupa iku timbang lawan rupa jati / rupa rinupana / rupa mapan rupa jati / rupanira aneng ngarsa//
- //Dulu-dulu kang dinulu aningali / padha dulu cahya / lan segara tanpa tepi / sarahe kentir puyengan//
- //Bumi ngandhap lintang ngawal aneng langit / wulanira jenar / srengengene balerengi / ngelmune cahya lir mulya//
- //Lir sasongka upamane bumi langit / padhang melu padhang / panglong tingal milu mati / purnama sajenengira//
- //Jagat iku kawimbuhan ing sakalir / kawimbuhan ika / duk sira kayuning kapti / ingaran tokiting iman//
- //Rupa iku maring ing wujuding batin / rupa kang rinupa / rupa tunggal jatineki / purwaning badan sanyata//
- //Kawruhana kang urip kena ing pati / yen sampun palastra / kang urip tan kena pati / waluya amulih tugal//
- //Panunggale tan kena pilih-pinilih / tunggal ing panunggal / tunggal ikang samya urip / jatine sapa weruha//
- //Nugrahanya kajatenira kekasih / sakehing graita / kalebu sagara tasik / ing jro elok ing lautan//
- //Pinangkane tandhane aneng jro tasik / asalin paningal / asalin pangucap iki / pan sampun asalin rasa//
- //Rasa mulya kang den prih kang den ulati / kapanggih kang rasa / rasa jati tan kapanggih / kang ana iku ing rasa//
- //Tranging rahsa prenahe ati kang suci / lir wewadhah kaca / ingisenan madu jati / rembese katon ing jaba//
- //Tunggal katon wewadhah kalawan isi / ing jro lulut tunggal / mapan sampurna ing jati / saking sih marga sampurna//
- //Kang tan awas ananing Hyang den rasani / miwah sipat asma / ginunggung pinuji-puji / puji iku alam padhang//
- //Den ulati ananing Hyang kang kapanggih / weneh ana ngalas / saweneh agung nastiti / dereng panggih lan Pangeran//
- //Kang mangkana pujine wong kang wus luwih / meneng lan angucap / tan ana bedane ugi / sasolahe iku sembah//
- //Yen alinggih alinggih nucekken ati / iya ing rahseng tyas / kaanane Hyang kapanggih / tan pegat sih reng Pangeran//
- //Kang antuk sih nora pati den tingali / nora anggraita / ing rina kalawan wengi / iku dasih kinasihan//
- //Nur Jariyah anjenger tan kena angling / langkung ajrihira / umatur amelasasih / dhuh angger boten anyana//
- //Yen pun bapa tamian ngulami luwih / prasasat nugraha / kang dhawuh pun bapa yekti / madhangken ing tyas kawula//
- //Kathah kang wong kampir sami den takoni / awis kang ngergancang / anjereh wewah ngribedi / mangkyamba angraos padhang//
- Jatiening mesem saurira aris / paman langkung nedha / saking pagunggungireki / manira iki pan darma//
- //Inggih saking karsaning Hyang Maha Suci / Nur Jariyah tanya / amba nuwun wejang malih / wonten ta kawruh gandhengan//
PUPUH XIV
K I N A N T H I
- //Wonten pawarta puniku / sangking kadim para wali / ujare kawruh punika / duk selagi meksih napi / nenggih pundi pernahira / kawula dereng udani//
- //Wiraose kang puniku / kathah wong dhateng ing ngriki / tan wonten ingkang uninga / Jatining saurira ris / lah daweg paman bubarna / kawula ayun miyarsi//
- //Nur Jariyah alon muwus / nenggih sadurunge dadi / suwarga lawan naraka / apan durung ana dadi / ing ngriku apa kang ana / dhingdhing jalal durung dadi//
- //Adam lan Kawa puniku / apan durung ana dadi / Alah kalawan Mukamat / apan dereng wonten sami / apa kang aneng semana / lawan ingkang kaping kalih//
- //Apa kang jumeneng ngriku / endi kang wus ana dhingin / sawusing ana punika / sapa ingkang anekseni / lawan dumadine ika / apa dinadekken dhingin//
- //Lah angger jarwakna tuhu / tegese basa puniki / Jatining mesem lingira / yen paman dereng udani / sadurunge ana jagad / pan ngelmu kang ana dhingin//
- //Duk maksih ya awang-uwung / kabeh durung ana lair / sayektine ingkang ana / nalar ingkang ana dhingin / duk durung jumeneng ika / kahar aranira nenggih//
- //Apengal iku ranipun / duk karem maksum wastaning / apan ireng sipatira / kahar ijo sipatneki / kang ngelmu kuning sipatnya / kamal sipatira putih//
- //Sipat sakawan puniku / durung ana bumi langit / swarga kalawan naraka / apan durung ana dadi / ngakerat pan durung kocap / Adam Kawa durung lair //
- //Alah lan Mukamat iku / sadaya pan meksih napi / mung sipat napi kang ana / nging dereng kaana yekti / heski jenenge punika / lan jawareh namaneki//
- //Lawan duk kumpule iku / rabingu ujudireki / kang dhingin winastan kahar / amal ingkang kaping kalih / jamal ingkang kaping tiga / kaping pat jawal puniki//
- //Tegese jamal puniku / maring kaelokan adi / tegese jalal kagungan / kamal sampurna lirneki / liring kahar wisesanya / amisesa ing pribadi //
- //Andadekken karsanipun / sakedhap tumulya dadi / marmane ana sahadat / lawan sipat rong prakawis / heski lan jawari ika / … //
- //Winastan nugraha luhung / myang kanugrahan kang dadi / ing kono jumenengira / wujuding kawula gusti / asma ingasma priyongga / tegese ing sipat lair//
- //Awarna rupa pan sampun / basa swara pamirseki / dumadya pan sineksenan / kalawan kang anekseni / puniku lah kawulanya / sunat parlu dadineki//
- //Dadi bobot alam iku / marang manungsa sayekti / sunat parlu lan apengal / mring makluk tibanireki / sunat lan parlu punika / perlu wajib tinon ugi//
- //Sukur bab sunat lan parhu / sampun salah tompa ugi / amawasa den waspada / sunat parlu anyelaki / marang Kang Amaha Mulya / tinimbangken manungseki//
- //Sunat gelaring Hyang Agung / gentine Suksma puniki / ingkang ngambil ing kagungan / lan kang aran Suksma jati / jatine pan iya ika / iya iku iya iki//
- //Yeku kang duweni wujud / daim makripat lan tokit / iku kaelokaning Hyang / duk dadekken nyawaneki / nyawa roh ilapi ika / ya Suksma suka ningali//
- //Mring sipate dhewe iku / mangkana den busanani / busana catur prakara / Hyang Suksma ngandika aris / iya ingsun iya sira / ya sira ya ingsun iki//
- //Apan sampun sabiyantu / saengga prayeki kalih / semu merang gya grenemang / ngregem lasi rasa kalih / punapa paman leresa / bapa kawula puniki//
- //Anging ta aywa agunggung / sasar yen tan ngati-ati / amung ngame ing satengah / nenggih kang basa puniki / yen patitis patinira / ujare kang basa kadis//
- //Puniku ayun sumurup / kang ujar reke puniki / basa puniku agawat / yen tan wruh sumurup nenggih / pan mindhak nasak belasak / lir peksi miber tan pamrih//
PUPUH XV
DHANDHANGGULA
- //Nenggih paman yun ngawruhi malih / sampun pangling reke sasurupan / yun awas puniku reke / pan ewuh taken dunung / lawan ora kalawan misik / lir kinjeng tanpa soca / pan parane nglangut / poma reke den prayitna / basa iku mapan tan kenging kawijil / yen durung mati raga//
- //Nanging poma paman wekas mami / sampun mungkul genira sembayang / dipun ana wekasane / tan ana wandenipun / lara pati dipun lakoni / tan ana jenengira / tan wande yen mantuk / nora lara neng dunungan / aneng dunya marmane yun angawruhi / aja sah paguneman//
- //Paguneman lan mitranya sami / amung reke tan purun tanya / andulua sastra aeng / sastra minongka wuruk / aja kandhek asila singgih / puniku ulatana / reke sampun tungkul / aywa kelu ngandhap-andhap / den sung driya wong iku luntura kang sih / asraha jiwa raga//
- //Supayane yen antuka wisik / yen tan nemen mongsa den wejanga / lamun ta sareh pamrihe / ewuh wong taken dunung / marga durung sidhem lan werit / pirantine kang teka / nenggih sampun tungkul / poma reke den waspada / raga kita yen lunga sipeng ing margi / mongsa wandea pulang//
- //Marma reke neng dunya den eling / sampun sira karya dora cara / dadi panengeran gedhe / tan kandel amrih ngelmu / nora kaya ingkang aririh / sayekti akeh welas / yen mengkono iku / pan kolur pamurukira / yen mituhu kang mulang saya wlasasih / lan sinihan ing Suksma//
- //Iya dene wong temen puniki / uga guru wong kang sampun pana / dadya wruh panjing surupe / akeh lire gaguru / kang saweneh tateki-teki / asring taken pandhita / tan ana potipun / ataken ngelmu kang nyata / ewuh temen arang kang wruh surupneki / nenggih kebak dunungan//
- //Nguni paman manira amanggih / lamun reke kang prapteng semaya / akeh kang katingal reke / warna-warna dinulu / palawangan akeh kaeksi / pan ana lawang kembar / nami warnanipun / pan samya pucak kencana / sor-sorane inten jumerut pan adi / poma ywa kandhek sira//
- //Aywa kandhek lawang loro kaki / ana malih lawang ginapura / den enget ing kono reke / sakedhap tan asantun / nulya kita ningali masjit / gumantung ngawang-awang / tanpa canthel iku / lelangsene endah pelag / kang kinarya langsir bang pan langsir kuning / putihe taturutan//
- //Liyep-liyep dinulu pan asri / pelawangan ingkang mesjit tunggal / bisa menga minep dhewe / dinulu katon mancur / kadi wulan purnamasidhi / katrangan dening mega / lir tergana kumpul / katon liyeping asmara / katingalan lan mesjit dinulu asri / sakedhap narik napas//
- //Lamun sira narik napas nenggih / rikating sih rupane den awas / marang rupanira dhewe / poma-poma puniku / aja lali ing jaji peling / kawruhana denira / poncadriya agung / sampun kandhek poncadriya / sampun kongsi kongsi kamanungsan nenggih / srahena jiwa raga//
- //Sampun lali ing namanta singgih / sampun reke ngasaraken sastra / aja tungkul sastra bae / yen dereng antuk tuduh / marma ayun angawikani / rumongsaa punika / lamun aneng dunung / ora wurung tekeng temah / raga kita ora wurung lamun mulih / marma ayun waspada//
- //Kang wangsit reke saengga ngipi / tansah rupane dhewe kawangwang / pralambene turu reke / sajroning turu iku / arerasan nikmating urip / saniskara katingal / sajroning aturu / nora beda pejah gesang / kang wus awas amrih badane pribadi / yeku wekasing Suksma//
- //Wus pinasthi wong puniku singgih / yen wong lara pangantepe teka / iblis lanat katon reke / anata pindha guru / weneh rupa ibu lan kaki / nini bapa lan sanak / myang pindha sadulur / tanna angajak lelungan / ayun tetep imanira aywa gingsir / iku tingal sakarat//
- //Poma reke kalamun asakit / iya iku tingal kang sekarat / weneh andulu ngelmune / akeh lire kadulu / yen kapecut tingalireki / dadi mring panasaran / kang agama dudu / yen tingale wong sampurna / jroning pati dahana panggih-pinanggih / wus katingal sampurna//
- //Poma reke yen prapta sayekti / aywa pegat reke dhikirira / den eling marang kang gawe / dipun eling ing tuduh / ngurebana ujar kang yekti / kawruhana den awas / ing sakarat iku / sampun pangling ing Pangeran / duk ing kina ana wong kojah mring mami / lir wong mocung wicara//
PUPUH XVI
P O C U N G
- //Wicarane reke kang marah maringsun / tanpa tuk jalaran / lir peksi miyak mong singgih / milya patuh tan wruh paraning sasmita//
- //Kadim nujum sing wuda kadona dangu / dadi ambelasar / den ilo-ilo puniki / tanpa tutur katungkul denira mayang//
- //Wicarane lunga nalimpang wulangun / amanggihi dhalang / ayun nanopeng pribadi / apan kendhek sedyane ayun nontona//
- //Duk maune lekas ki dhalang andulu / tuhu tanpa rowang / kinudang pribadineki / ametokken sasolahe dhewekira//
- //Dadya mangsul ki dhalang lekas atapuk / kagyat kang tumingal / pekik warnanta sayekti / akeh pandung dinulu dede ki dhalang//
- //Mangke mangsul ki dhalang asalin tapuk / sangsaya kagiwang / umiyat ing warna salin / aglis wangsul ki dhalang asalin warna//
- //Mangke campuh kang andulu kadi kagum / tumiling kang rupa / kang ala tuwa yun pekik / ana wungkuk ana cebol ana wuta//
- //Nora pegat kang setine pan lumintu / pan akeh solahnya / sasolahe gegawoki / saya katut tingale pangling ki dhalang//
- //Pacuh ingsun aningali kang anapuk / mangke kang graita / anonton ing panonneki / pan sawegung salahe nonton sasmita//
- //Ana wuwus sapa kang macuh puniku / pan nanging ki dhalang / suwene katoton nenggih / topeng iku anane padha lan ora//
- //Andedawa ki dhalang anyambi bingung / basa malih rupa / kang den gegawok prasami / ingsun kerut milu tingale wong edan//
- //Apadudon akeh wong kang katelanjur / ingsun pan kagiwang / dening manah peparon sih / yen sun dulu katon dudu katon iya//
- //Agya kerut gennya aningali tapuk / pan iku loropan / dennya dudu tingkahneki / topeng iku nora tunggal nora rupa//
- //Aywa tan wruh nenggih kang badan puniku / yekti sira bunar / wus tunggal kaanan jati / mapan ewuh panunggale lan bedanya//
- //Tunggalipun dene tan sawaleng kayun / katungkul solahnya / lir cermin kang ngilo singgih / bedanipun anuduhaken paesan//
- //Lamun sampun waskitha jatining tapuk / yekti sampun nyata / kajatenira karon sih / iya iku paningale kang sampurna//
- //Den akukuh tingalira den atangguh / aywa kajenakan / dennya nolih panon nenggih / aja kawut aja kari aja liwat//
- //Lan sing sapa kang wikan uwong nenapuk / iku wus mardika / wong iku wus prapteng yekti / dadya kupur mukir lyan pan saking sira//
- //Linglang-linglung tan wikan ing lor lan kidul / kalih kalenggahan / aglis pan ayun ngentosi / kadelurung solahe pan suku tunggal//
- //Anging iku gawene arep mamucung / tan lyan kang sun pinta / apuruhita ing batin / parek ingsun padha ingaranan bisa//
- //Lintang sungkan ingsun yen ana kang gunggung / sajiwareng jiwa / karsa pamuji pinuji / tur sumengguh atemah nimbrah ing mata//
- //Raganingsun yen paria pari gabug / nir don dennya tuwa / anging dennya katon sepi / aneng ngayun ingajen dening atuwa//
- //Yen sastraa raganingsun pada agung / andhege kewala / ageng aluhur tan pamrih / aneng ngayun kang luhur gora kawaca//
- //Sapa ketung inane sariranipun / mapan wus atuwa / yen ringgita kayuneki / aneng ngayun aluhur ora kawilang//
- //Kathah lamun ngucapna sariraningsun / angepon sih sira / misan ider takening sih / awekasan manira kalong-kalongan//
- //Pan sedalu Jatining gennya pitutur / ambabari rasa / Nur Jariyah wus mangerti / pan rumangsuk rumesep aneng angganya //
- //Duk semana pukul lima wayahipun / mega bang sumirat / kalih salat subuh sami / sabakdane lajeng pinarak ing langgar//
- //Jatiening aris wau wuwusipun / lah paman kantuna / manira nutukken kapti / poma-poma ing kawruh aywa sembrana//
- //Pan wus cukup kabeh ing pitutur ingsun / nanging pirabara / yen selamet ingsun bali / sun jateni kawruh ing dhuwur punika//
- //Yen tan wangsul susulen mring wismaningsun / ya ing Wanasekar / Nur Jariyah matur aris / inggih mugi dhatenga ingkang sinedya//
- //Nanging mugi mampira malih nak ingsun / pun bapa meh padhang / sareng paduka erangi / ngundhung-undhung ngelmu ingkang kinanthongan//
- //Saking angger wlas pun bapa kenging cinthung / lami ngathang-athang / katuju angger dhatengi / anggebagi ing bubung petung markita//
- //Sru gumujeng Jatining ngandika arum / kawula pan darma / Hyang Suksma kang aken mampir / nahen sampun samana ajawab tangan//
- //Ri sampunnya mangkat Jariyah tut pungkur / wangsul jawi dhadhah / Jatining lajeng lumaris / wus kapungkur ing wana Krendhawinata//
- //Lampahira lajeng sumengkeng ing gunung / mudhun margeng jurang / pepereng sitinya miring / curi-curi tela-tela margeng gawat//
- //Pan andarung lampahe anjujur gunung / sumengkeng ing jurang / tan ana baya kaeksi / ya ta kagyat anon kukus lamat-lamat//
- //Enggar tyase ya ta lajeng lampahipun / nengna kang lumampah / cinatur ingkang palinggih / neng Serangan awasta Seh Mahmujerah//
- //Duk waune pangulu Bagedat iku / dinosan mring nata / lepat denira ngukumi / marmanipun dhadhukuh aneng Serangan//
- //Dhukuh alit mung pendheke apepitu / sami nak putunya / kewala atresna sami / mesjidipun alit angungkang ing jurang//
- //Makmunjerah rina wengi aneng ngriku / anedha Hyang Suksma / sageda mulih mring nagri / ingkang mugi antuka apura nata//
PUPUH XVII
S I N O M
- //Seh Ngarip ingkang winarna / samana karsa amampir / marang ing dhukuh Serangan / ya ta laju lampahneki / semana sampun prapti / jujug masjid wus apangguh / kalawan Mahmunjerah / nulya uluk salam nuli / jawab tangan ri wusnya atata lenggah//
- //Langkung kagyat Ki Seh Jerah / anon cahyane kang prapti / nulya ris dennya tetanya / wisma myang namanireki / Jatining wus awarti / nama tuwin wismanipun / Jatining males tanya / Seh Jerah anulya warti / kamulane Jatining angres ing driya//
- //Owel kang wau pitapa / ing mangke apan nglangkungi / ing galih pan tepa-tepa / nengna samana wus mahrib / dyan sami salat malih / prapteng ngisa bakda sampun / lajeng atata lenggah / Seh Jerah nyugata bukti / Jatiening ngecani anulya dhahar//
- //Ri sampunnya linorodan / gantya keleman sumaji / uwi gembili katela / kimpul kenthang lawan linjik / apan dhinahar sami / sinambi agunem ngelmu / Seh Jerah kang ababar / ambabar kawruhe sami / lah ta anak puniku kawruh manira//
- //Pangandikane Hyang Suksma / bumi lawan langit iki / tan emut tingal naning Hyang / anging kang emut ing kami / atine manungseki / kang jumeneng mukmin iku / sipat kahar mratiga / tegese puniku nenggih / apan inggih ati sir lawan suwenda//
- //Ati kang jati punika / tingaling puat puniki / akarem ing apngallolah / tan liyan tingale malih / tingal apengal jati / gening kerem tingalipun / eroh kudus punika / tunggal apngallolah nenggih / gih puniku sayekti tingal sampurna//
- //Kaping kalih ingkang amrat / ati suwenda puniki / yeku atining kang puat / tingaling puat mangkyaki / kareming sipat nenggih / tetela denira dulu / kerem ing apngal ika / tanna liyan tingalneki / apa reke kasucianing Pangeran//
- //Jatining mesem saurnya / leres tan wonten kang sisip / kasucianing Pangeran / tan ana lyan tingalneki / tingal suwenda nenggih / Roh Kudus reke ranipun / kang tan pegat tingalnya / tan ana ngaling-alingi / kasucian tingaling suwenda ika//
- //Puniku jenenging nata / Roh Kudus wastanireki / nenggih puniku bisikan / wastane Suksma kang jati / Seh Mahmunjerah myarsi / denira gumuyu guguk / lah angger banjurena / tekaning sir aprasami / lan manira Jatining mesem wacana//
- //Dene ping tiga kang amrat / ati sir namanireki / puniku batin suwenda / gantining ngasir puniki / kereming dat sejati / tan ana liyan kadulu / anging dating Hyang Suksma / pratela dennya ningali / gih puniku tingaling roh amardika//
- //Tingaling wong karem ing dat / tan emut ing jiwa dhiri / dasihe tan ana kocap / kang teka ing rasa jati / dasih pan sampun moklis / pan wus enting cacahipun / dennya mulih duk nora / amulyang kadya duk uni / den prayitna ing pasang ulih punika//
- //Akathah wong kang kesasar / mangkya guru ingkang apik / upamine warsa tiba / aneng tengahing jaladri / aywa gancang ywa rindhik / den awas pamendengipun / miwaha reke yitna / puniku wedalan regi / apan iku reke pamiyarsa kula//
- //Ati kang mukmin punika / minongka kurungan peksi / dening nyata peksinira / tandhane kurungan jati / sinten ingkang darbeni / peksi aneng jro puniku / yen reke sampun wikan / sukur sewu yan wus manggih / peksi lara gantilan kurunganira//
- //Seh Mahmunjerah angucap / jenger datan bisa angling / gagetun sewu tan nyana / yen tamuan pandhitadi / anama sing-sing ngelmi / wacana aris angrangkul / dhuh angger tutugena / tan nyana yen wus winasis / Jatiening mesem rerambeni rapal//
- //Pangandikaning Hyang Suksma / kang kocap kadis kudusi / ingsun abangun maligya / bongsa jroning manungseki / ingsun arani malih / malihge reke puniku / dhadha sajroning dhadha / iku sun arani ati / jroning ati apan iku enggonira//
- //Sajroning punika ana / ing dalem wastanireki / sajroning dalem punika / pepitu lelangseneki / sajroning lelangseki / apan ana Suksma Luhung / sajroning Suksma ika / iku rasa kang sejati / jroning rasa iku kaananing Suksma//
- //Sing sapa ngulati Suksma / adoh lan sariraneki / kupur satemahe sira / sing sapa ngulati Gusti / sajroning sarireki / kapir mangke temahipun / sing sapa amrih Suksma / sanjabane sarireki / yekti kupur den sengguh apa duduhan //
- //Sing sapa ngulati Suksma / ngisor lan ing luhur langit / miwah kulon lawan etan / lor kidul dennya ngulati / sayekti iku kapir / den sengguh adoh lan nepsu / kalamun yun waspada / ing pernahe Suksma jati / anglirika kang mugeng sariranira//
- //Ywa adoh ngulati Suksma / jiwa raga den kalingling / pan sakehe kono nyata / tingalana den sayekti / ayun awas ing galih / yen tan wruha yekti bingung / ing wong ati belasar / patine andedel siti / raganira minongka teladhaning Hyang//
- //Aja sira taken awak / yen kena ranana Gusti / asasilih raga mulya / kupur aranana Gusti / Hyang Suksma mulya jati / tan wonten sanepanipun / silih reke kang mulya / minongka tuladha jati / upamane lir kawula lawan lempang//
- //Yen luput salusurira / alus wadhak jisim malih / dadi bathang ing werata / tiwas jenengira urip / siya-siya tan sipi / tan asih sariranipun / poma reke den yitna / anggiluta kang sayekti / sajatine mandum yekti durung kena//
- //Nanging miyarsa kewala / rerasane wong linuwih / yen kaprecet punika / sayektine datan yukti / yen lepat ing pamikir / pan kaprenekna puniku / pan kapir kajasmiyah / kang wruh puniku sayekti / tan sumerep yen amijil kang luamah//
PUPUH XVIII
M I J I L
- //Apan inggih yun ngawruhi malih / ananing Hyang Manon / Sukma mulya reke tanpa enggen / tan jiyat lan kang musapat nenggih / miwah tan ana ring / ngisor lawan dhuwur//
- //Datan aneng madya miwah wuri / ing ngarsa tan katon / tanpa yayah rena tunggal dhewe / tanpa putra sakuthu lan widhi / tan kena dinugi / ingarah ing kalbu//
- //Dudu sukma ananira nenggih / anglir yen tinonton / iya sira sukma sejatine / awor ulat anuksma ing liring / raganta ing ati / panembahe nunut//
- //Lamun aran jenenging ngaurip / ananing Hyang Manon / memper raganira sasolahe / kewala jasad darma dumadi / lestari karsaning / ing Hyang Maha Luhur//
- //Yen karsane Hyang Kang Maha Luwih / anedheng Hyang Manon / ketang ing nala tan wrin jatine / sagunging raga ingkang dumadi / sapa kaaneki / anembah Hyang Luhur//
- //Dipun kadi sacipta ing ati / polah den katongton / sira iki tan beda jatine / ing mangke kalawan ing nguni / den kapireng ati / poma den kadulu//
- //Ngati pati ing kawruh sejati / den ketang ing panon / iya raga dudu sarirane / anging tunggal ing ana kekalih / panunggale jati / jatine Hyang Agung//
- //Nenggih ingkang sampun awas jati / ing nala kanya wong / wruh ing apa ing sira waune / pan tan ana tuwa nom lan urip / panembahing ati / nora lawan wektu//
- //Enget-enget poma aywa lali / sakehing wiraos / malar gumarita ati reke / kautaman ketung siyang latri / yun teguh ing ati / ing tyas dipun emut //
- //Mengkana reke teki-teki / raganira genjot / amriha reke Pangerane / aweh kang dadi tresnaning galih / miwahing kabatin / ywa pepekeng kawruh//
- //Kang sampun antuk nugraha luwih / batine sumrawang / nora nana kesthi ing liyane / aming panunggal paraning liring / yen wis nunggal kesthi / nora nana ketung//
- //Dadya temahan manggung karonsih / ing nagara kaot / lawan sukma saparipolahe / jroning bekti akembulan arip / akembulan kaping / lan Suksma Purba Gung//
- //Lan yun awas jeneng pangabekti / tri prakara manggon / den waspada ing pangkat-pangkate / sampun lilu nora angawruhi / ing wong angabekti / den wruh badanipun//
- //Kang kariyin reke samya ati / pesthi ing Hyang Manon / ajrih ing nraka lawan siksane / dipun ageng tobating ngaurip / malah dadi asih / ing Hyang Maha Luhur//
- //Kapindhone ing reke asmedi / sedya ing Hyang Manon / aminta sih sarta ganjarane / minta swara ing sajroning ati / nyana angabekti / ganjaran tinemu//
- //Ping telune ingkang pangabekti / tan ngarsakken ing wong / tanna ngarep-arep ganjarane / nora wedi siksaning Hyang Widhi / anging aminta sih / raga tunggal lulut//
- //Waluyaa antukireng kang sih / tan uning mangkono / sembah lawan kang sinembah kiye / sagung alid-alid den kawruhi / aming kareming sih / lali raganisun//
- //Suka langgeng urip kang pinanggih / akaron sih among / ing rerasan pocapa jro sembahe / anangising ing sajroning guyuneki / anggung mondra lali / ing raga manekung//
- //Angling palya kang kadresan angin / saparane moyong / pegat jangkar marma saparane / kombak-kombak ing lautan gingsir / anglut dresing angin / saengga ing banyu//
- //Liwat nglangut tan ana kaeksi / jiwane tan katon / nora amangeran sejatine / anging jati minongka rageki / marmanipun lali / ing raga tan ketung//
- //Datan kenging winicareng budi / yen wus tunggal panon / yen mengkana ingkang ngangabektine / tanna beda yen wus anenunggil / ing tingal sawiji / tan roro tatelu//
- //Trus awas tingalireng jati / panggraita anon / ingkang katon saparipolahe / datan ana pinarenging galih / yen waspadeng jati / raga yekti suwung//
- //Lawan ingkang menangi wong dhingin / apan den kinaot / para eseh ngulama kang gedhe / pangulune sor-soraning wali / ingsun mirsa warti / nagara silukun//
- //Ana eseh semangun namaji / aseti tan geroh / kaya dadi sor-soran kawalen / dhasar uwus geguru pra wali / aneng Ngatasangin / anyar mentasipun//
- //Wonten pangandikane Hyang Luwih / saking kadis kaot / kang minongka kajinemanane / Suksma jati kajineman mukmin / tan ana liyaning / wong mukmin kang ugul//
- //Kang wus narima ing tuduh jati / kang ingaken gedhong / prasetyane Hyang Suksma jatine / katon dudu katon iya iki / yen dipun tingali / anglir madu juruh//
PUPUH XIX
DHANDHANGGULA
- //Dyan warnanen ta sira Ki Wujil / ngestupada ing Hyang Jatiwenang / sakalangkung pratignyane / sumungkem aneng suku / dalamakan sang maha yekti / kang adhukuh ing Benang / aneng wana samun / akedah nedha jinarwan / sapratingkahing agama kang sinelir / kang tekeng rasa purba//
- //Dasa warsa mangke Ki Wajujil / amangulu ing samadiningrat / pan dereng antuk jatine / ing kawijilanipun / nenggih Wujil ing Maospait / ameng-amenganira / Nata Majalangu / telas sandining aksara / Wujil matur telas ing sang awigusti / anuwun pangandika//
- //Saha ngucap ing pada nungkemi / dalamakan ing Sang Aji Wenang / pejah gesang katur mangke / amba nedha winuruk / sastra Arab pambuka warti / wekasane aladrang / agung among kayun / saben dina reraketan / malah bosen Ki Wujil angleladosi / gawe alan-alanan//
- //Ya pangeran ing sang aji gusti / jarwaning isi aksara Arab / tunggal pangiwa lan nenge / tan wonten bedanipun / dene misih anata gendhing / misih ucap-ucapan / karone puniku / datanpolih agung mendra / tilar tresna kang kari ing Maospait / datan antuk usada//
- //Marmanya lunga ngikis ing wengi / angulati sampurnaning gesang / sejatine lampah reke / sang pandhita sung dunung / angulati wekasing urip / wekasing Jatiwenang / wekase lor kidul / surupe radetya wulan / wulan netra lawan suruping kapatin / wekase ana ora//
- //Sang rahtu wahdat lingira ris / heh ta Wujil aywa ta mangkana / kadya lingireku mangke / dennya anuwun bendu / sejatine sira nenagih / saking geng pakaryanya / pan samya kalebu / pandhitanira wong dunya / lamun adol warta tuku warti / angur aja wahdata//
- //Ingkang adol warta tuku warti / kumingsun kayaa weruha / iku ing andhe-andhene / arupa kadi kuntul / lir atapa tengahing warih / meneng tan kena obah / ambekipun terus / api-apinya met mongsa / lir tetelu putihe putih ing jawi / ing jro pan ana rekta//
- //Suruping arka gumantheng wengi / pan pun Wujil pan anuntun wraksa / badhiyangan neng dagane / pasonyane sang wiku / ujung tepi ingkang jaladri / kang adhukuh ing Benang / aneng wana samun / agalayang tanna pala / lir kang boga ombak sumawur kaeksi / parang grong kaliwungan//
- //Sang ratu wahdat lingira ris / sira Wujil pareka den enggal / sarta angasta kucire / sarwi den elus-elus / tinibanan sih kang jati / heh Wujil rungokena / ing sasmitaningsun / lamun sira kalebua / ing naraka ingsun dhewe kang ngleboni / aja kang kaya sira//
- //Sigra pun Wujil pan asung bekti / matur sira ing sang adiningrat / sakalangkung panuwune / sampun reke pukulun / leheng sesa tuwan pun Wujil / manjinga ing naraka / pun Wujil sawegung / pan sami wruh kaelangan / guru setan tan ana salayeng kapti / kapti saeka praya//
- //Penget ingsun sira Ki Wawujil / dene sira iya aneng dunya / aja sumbrang neng ing gawe / kawruhane den estu / raganira yen dede jati / kajatin dudu sira / ingkang sampun weruh / sejatine kang sarira / mongka sasat waspadanira Hyang Widhi / iku marga utama//
- //Utamane Wujil ing ngaurip / kawruhana sajatine salat / sembah sarta pamujine / jatine salat iku / dudu ngisa pan dudu mahrip / sembayang aranira / wenang Wujil iku / lamun aranana salat / pan minongka sasekare salat daim / winastan tatakrama//
- //Endi kang aran salat sejati / aja nembah yen tan katingalan / temahe asor kulane / yen sira nora weruh / kang sinembah ing dunya iki / lir pendah nulup gagak / wulune den sawur / manuke mongsa kenaa / awekasan amangeran Adam sarpin / sembahe siya-siya//
- //Lawan endi ingaranan puji / sapa muji wengi lan raina / yen ora sarta tuduhe / tan sampurna ing laku / yen silarsa waskitheng puji / den nyata ing sarira / pan ing wetonipun / kang atuduh ananing hyang / pan ing wegtu ing napas yogya ngawruhi / suksma catur prakara//
- //Catur prakara kang aneng sireki / bumi geni angin lawan toya / semana duk panampele / sipate iku catur / jalal kahar kamal lan kamil / gatra pan sipating Hyang / wawolu gungipun / panjinge punang sarira / manjing metu yen manjing di prenahneki / yen metu di parannya//
- //Tuwa anom kang anasir budi / pan lakune ikune iku kawruhana / yen atuwa di anome / yen anoma puniku / endi gone tuwane iki / lan anasir pawaka / kuwat apesipun / lamun kuwat di apesnya / lamun apes di kuwat apesireki / aja tan katupiksa//
- //Miwah ta kang anasir angin / pan lakune iku kawruhana / ana kalawan orane / lamun ana puniku / endi gone ora puniki / ingkang anasir toya / pejah gesangipun / lamun urip di patinya / lamun mati di gone patinireki / sasar yen ora wruha//
- //Kawruhana tetalining urip / ingkang aningali sariranya / kang tan apegat pujine / endi pinangkanipun / kang amuji lan kang pinuji / aywa tan nora wruha / marmane wong agung / padha angruruh sarira / dipun nyata ing uripira pribadi / uripira neng dunya//
- //Dipun wikan ing urip sejati / lir kurungan raganya sadaya / becik kang wruh ing manuke / rusak yen sira tan wruh / heh Wujil salahireki / iku mongsa dadia / yen sira datan wruh / becikana kang sarira / awismaa ing enggon ikang asepi / aywa kacakrabawa//
- //Aja adoh angulati kawi / kawi iku pan nyateng sarira / punang rat wus ana kene / kang minongka pandulu / kresna jati sarira iki / siyang dalu tan owah / pandulunireku / punapa reke pracina / kang nyateng sarira nyatane ya iki / saking sipat pakaryan//
- //Mapan rusak kajatene Wujil / dadine kalawan karsanira / kang tan rusak den wruh mangke / sampurnaning pandulu / kang tan rusak anane iki / minongka tuduhing Hyang / kang wruh iya iku / mongka sembah pujinira / mongka uwis kang wus wruh ujarireki / asimpen kanugrahan//
- //Sayogyane heh sira Ki Wujil / dennya nga ing sarira / yekti ngayaa temahe / reraganira iku / lamun Wujil den lelarisi / ingkang nyateng sarira / salahe tan besur / amemurang raganira / ingkang dadi tingale katimaneki / kang den liring netyanya//
- //Kawruhana sarira puniki / iya iku nyata ing Pangeran / tanapi yen ta dadine / wadi sariranipun / ana malih kang ayekteni / samya ngruruh sarira / sebdane tanpa sung / amucuk saking sukarta / tanpa sunga kaliru ing pernahneki / iku ingaran lampah//
- //Tan wus nyata ananing Hyang Widhi / iya iku kasuciyaning Hyang / ana ngaku kang wruh mangke / leksananya tanpa sung / raga sastra tan den gugoni / alalis ingsun brongta / kang sampun yekti wruh / aneng karni punang raga / paningale den tawang raina wengi / tanpa sung gunggung raga//
- //Iku polanira Ki Wawujil / den bisa sira ametani raga / aja mung angrungu bae / den sayekti ing laku / ayun sarta lawan pangliking / yen karone wus nyata / pan ing wetonipun / tan ana pakewuhira / iku sira sayektine sami-sami / weneh kang dereng wikan//
- //Kadhodhokan denira ningali / karone reke tan katingal / bawera ing prenahe / jatine sipatipun / mapan warta ingkang udani / yen ora angenggona / pegat tingalipun / tingal jati kang sampurna / aningali nakirah yekti dumeling / kang sejatine rupa//
- //Mapan bedanira Ki Wawujil / dene kalindhih salahe ika / bedane tan sing purwane / Wujil sampun tan emut / lamun agung tutup tan Wujil / tan ana kawusannya / siyang dalunipun / den rasani wong akathah / kitabipun upama brakutut muni / asring den gawe pikat//
- //Den wruh suruping meneng lan muni / yen tan wruha iku tan sampurna / sampun ta peksi enenge / yen muni aywa umung / lir kukila kanigara jrit / puniku saminira / tan wruh tegesipun / ing ujar kang ginedhongan / sira Wujil aja sira bisa angling / lingira kang utama//
- //Endi rupane kang melek wengi / aywa kongsi omba tingalira / karo iku tanpa gawe / yen ora tan tinutup / ing paninga kang sampun gaib / paran margane wruha / ing sariranipun / pangrungunipun punika / ing asale sampun apan iku muni / tanpa sung yen menenga//
- //Ora meneng ora muni Wujil / heh ta Wujil atakona sira / kang ateki-teki kabeh / sembah puji den weruh / sembah akeh warnane Wujil / lingira sang utama / wong amuji iku / sanalika gung sawabnya / padha lawan asembayang satus warsi / yen wus wruh pirantinya//
- //Kang sampun wruh ing pirantineki / sembah pujine tanpa pegatan / mapan tan ana wektune / wong agung yen amuwus / padha lawan sawidak warsi / pan sampun amardika / sampurna wong iku / ing wektu tan kabendana / kang bendana solahe aneng jro masjit / apindha manuk ika//
- //Nora kena pinaido Wujil / wuwusing naya pan kadi ningrat / Wujil atakona mangke / ana muji ing dalu / ing raina gung sawapneki / yen kenaa tatanya / ing sesaminipun / mapan lawan rolas warsa / yogya wenang pun Wujil ateki-teki / sampun ta kepanggiha//
- //Ana reke nenggih pangabekti / sanalika gung sawabe ika / yen wikan iku duduhe / padha lan rolas taun / ingaranan tapakur nenggih / yen meneng di prenahnya / takokena iku / sapa kang atuduh ika / ungguh turun ing napas meneng lan muni / iku dipun waspada//
- //Heh ta Wujil menenga sireki / ingkang luwih reke wong sembayang / dene norana wektune / sampurna ta wong iku / reragane norana keri / tekeng wulu syuh sirna / satuhune laku / pagurokena den nyata / ing wong ingkang sampun tumekeng ing jati / iku lampah utama//
- //Aja nembah heh sira Ki Wujil / lamun ora katon kang sinembah / sembah puji tanpa gawe / pan kang sinembah iku / aneng ngarsa wahyu dumeling / anane pan minongka / anane Hyang Agung / aywa sira kasamaran / heh ta Wujil ika wruh dipun patitis / dimen gambuh ing nala//
PUPUH XXX
P O C U N G
- //Mongka pemut limuting nala kalimput / kewran ing weweran / tan wrin sasmiteng rahsadi / dimen sampat samaptaning siptamaya//
- //Lamun kabul kalabon lebdaning kalbu / bebuka cinitra / samaning purnamasidhi / Ramlan Alip tata trustheng sabda nata//
- //Purwanipun medhar wasitaning guru / marang muridira / bismillah rahmanirakim / allakamdulilahi rabil ngalamina//
- //Assalatu walamu salajengipun / ngala sayiddina / wa molana Muhkamaddin / wala ihi wa sahbihi ajmangina//
- //Amma bakdu anapon sasampunipun / amuji ing Allah / lan amuji kangjeng nabi / rasulullah mongka sami kawruhana//
- //Rahseng ngelmu kakekat ingkang wus kusus / sajatining kanang / nampurnakken ing ngaurip / iku lire ngelmu ingkang linarangan//
- //Kang sinerung ing nabi wali mukminun / nguni-uni datan / wonten kang purun nembangi / saking dahat wadining ngelmu punika//
- //Awitipun rinumpakeng sekar pucung / dyan Ronggawarsita / nempuh byat amedhar wadi / sarupane pamejange gurunira//
- //Kang den ebuk ing parimbon sadayeku / samya tinembangan / kinarya suluking ngelmi / pan minongka pambengkasing tyas ardaya//
- //Nalika duk kinuncang dening Hyang Agung / pisah dunya rowang / aneng sabrang nagri Ngacih / wong kekalih lan mas Yakir prenah paman//
- //Nanging nuju lara rumab pamanipun / minggu sungkaweng tyas / tan kena tinari-tari / duk makirtya Jumungah Rabingulawal//
- //Lek ping pitu taun Je mongsa kapitu / condra sangkalanya / naya suci pandhita ji / purwakaning ngelmu nukil saking kitab//
- //Ahya ngulumudin pan saking anurun / tabsir Ibnu Ngabas / ngelmu kak kang den rahsani / tasising ros masalah kiyas paesan//
- //Kang den ilo lawan kang ngilo puniku / jatine wayangan / anane kang ngilo pasthi / iya iku tan ana prabedanira//
- //Tegesipun kang ngilo iku Hyang Agung / anapon wayangan / jatine kang ngilo pasthi / iya iku kang ingaranan datulah//
- //Malihipun aran sipatulah iku / iya sipatira / pasthine kang den rahsani / apngalullah pan iya panggawenira//
- //Den tuwajuh poma aja sak sireku / aja kumalamar / lawan aja pindho kardi / krana wong kang makripate wus sampurna//
- //Lire kang wus prapta ing wadahul wujud / sakathahing asya / pan iku kukume napi / dene kakekating napi iku asya//
- //Isbatipun nenggih datullah puniku / pasthi awakira / nanging ta dudu sireki / endi ana maneh lamun dudu sira//
- //Iya ngendi ing enggone nyatanipun / marma akeh wong kang / kasamaran tan wrin jati / sabab keron akeh-akehing pawarta//
- //Wowor sambu karana sahing pangawruh / iku tan umiyat / iya ing wujud kekalih / yen maksiha kekalih durung sampurna//
- //Kawruhipun heh ge ling-eling ta sagung / anak murid ingwang / poma aja wani-wani / angarani Allah sakathahing asya//
- //Dene lamun den arani Allah iku / yen maksih umiyat / iya ing wujud kekalih / yekti kupur wong iku patang madahat//
- //Apan kawruh ing dalile awakipun / yen ngaenalana / karana andika nabi / rasullullah rapale paman ngarapa//
- //Lan napsahu pakat ngarapa rabahu / tegese sing sapa / wruh ing awake pribadi / mongka temen-temen wruh Pangeranira//
- //Yektinipun pangandikaning Hyang Agung / lapal jroning Kuran / muni ing dalile napi / alhusikum lawan palatub siruna//
- //Tegesipun ing dalem awakireku / sadaya apa ta / tan ana sira tingali / sajatine awak iku kanyataan//
- //Ing Hyang Agung kang wajah sawiji iku / nyata lamun tunggal / lawan wonten lapal malih / saking ahya ngulumudin nukilira//
- //Innal kahu tangalahi ya naibun / lan malih lidira / wal insanu ya gaibi / lire Allah tangala iku pan Suksma//
- //Nadyan mungguh kawulane ya suksmeku / ana malih rapal / ngallahu baitunangsi / lawan malih wal insanu rahilulah//
- //Wal batinul kakku wal lairul kakku / tegese Hyang Suksma / batine manungsa yekti / tuwin manungseku laire Hyang Suksma//
- //Batinipun nyata nadyan lairipun / sami nyatanira / tan ana bedane ugi / nora pisah ing antaraning panunggal//
- //Ujar iku poma ajana kawetu / maring wong akathah / den asasab kang awingit / ing pasthine iku nasaraken uga//
- //Jer wong iku kadohan upayanipun / panyanane uga / ing kana ana Hyang Widhi / utawa den nyana kene tan ana//
- //Miwah lamun pareka pareken iku / den arani ana / ing kene Pangeranneki / utawa kana dinalih tan ana//
- //Dadi bestu kang mangkono kawruhipun / lire wurung sabab / suwung ngelmune tan dadi / ing dadine nembah mangran maring setan//
- //Ngestu makdum sarpin den ucapna iku / tur mongsa gelema / jer ana tandhane yekti / wong kang durung darbe guru kang sampurna//
- //Tuduhipun dadi sasar ingkang ngelmu / kapir atemahan / pangandikaning ngulami / sarupane wong kang wurung tumekeng kak//
- //Durung guru kang pasthi pituduhipun / satuhune setan / kang minongka guruneki / dadya manut amangeran ring atnyana//
- /Selang sambut akeh-akeh kang cinatur / pan pijer kalingan / ing wicarane pribadi / ngalam dalil saking yakale priyongga//
- //Ngelmu iku poma anak putuningsun / den agemi padha / simpenen sajroning ati / aja metu den dudu prayoganira//
- //Den aserung nganggoa parah yen muwus / karana ing mongsa / mengko akeh manungseki / kang katungkul ing ngelmu rasa myang swara//
- //Lan katungkul ing ujaring sastranipun / ngelmu kalepasan / lan katungkul aningali / sarirane kandheg ing ucap-ucapan//
- //Pijer ngelmu sarak den pendeng ginilut / anglakoni salat / sujut rukuk anyinggahi / karam mekruh den sengguh anguwisana//
- //Nora weruh kang mengkono sirik agung / bitngah panasaran / paneluhan jail jidin / dene ingkang ngukuhi jaring aksara//
- //Tan kadyeku kang wus anggraiteng kawruh / ing werdining iman / tokit makripat sayekti / nora kandheg ing ngelmu ucap-ucapan//
- //Lire ngelmu sarak karana katungkul / kandheg ing sarengat / angel tumekaning gaib / ingkang luwih bener yen kinatujonan//
- //Kang rahayu mungguh maring ing Hyang Agung / anadene wong kang / makripate sampun wasis / tan ngawruhi ing swarga lawan naraka//
- //Apan amung ngawruhi pribadinipun / sajatine ingkang / Maha Luhur Maha Suci / nora liyan anadene wong kang samya//
- //Kumalungkung iku dadi bodhonipun / jer tan pawong sanak / kalawan wong pekir miskin / kang mangkono mongsa dadaka oleha//
- //Marga ayu kang nalametaken iku / mungguh ing makripat / marma keh kang bodho sami / sabab ngagungaken ing ngelmu sarengat//
- //Kitab nahwu saratman tek nikmatipun / den gunggung den kudang / kalimput ing setan tartib / kamajetun lan tarab bajehun ngasran//
- //Sarat bagu jedan jaedun karimun / lan ilram jaedan / pan iku dadi upeksi / ingsun ralim apa ana kaya ingwang//
- //Ingsun weruh ing rahsane kitab agung / tur ta misih mentah / katungkul amuruk ngaji / brahalane dadi den gendhong den rembat//
- //Den nyana wus iya kang mengkono iku / anggung maca kitab / tur siji durung kaesthi / wong mangkono iku taklit jail pitenah//
- //Ngelmunipun dadi sirik marganipun / sasar kabelasar / dene ngelmu kang wus kak sis / ingkang nyata nora nana tiral liyan//
- //Dhewekipun iya iku dudu iku / nanging iku uga / utawi sakehing ricik / lan sakehe ibarate wus kapanggya//
- //Aneng suluk lawan aneng kitab usul / kadya kang angucap / sira urip ana dhingin / ana kari ana kadim ana anyar//
- //Ana metu kalawan ana lumebu / ana dhewek miwah / ana kang bareng sayekti / tuwin ana wiwitan ana wekasan//
- //Kabeh iku iya dadi pujinipun / denira maspadak- / aken ing Hyang Maha Suci / ing datolah sipat asma abngallullah//
- //Tegesipun pan iya kang aweh iku / rupa pepaesan / mapan ing ananireki / angagungken ing wujuding kadim baka//
- //Pasthi idhup langgeng datan keneng lampus / weruh tan winarah / nyata sadurunging lair / amiyarsa ing sadurunge angucap//
- //Iya iku kang aran ngulumuddinu / ngawruhi lirira / ing ananira pribadi / poma dipun becik panarimanira//
- //Lawan dipun becik ing rahsanireku / lawan ciptanira / myang tekadira den tunggil / tunggal wujud ing wujude iku esa//
- //Marmanipun ingaranan esa iku / sabab tan narima / ing wewilangan kekalih / upamane kadi eroh lawan jasat//
- //Lagya durung mati esa namanipun / nyata anarima / ing wewilangan duk urip / mongka kena sakehing asya ingaran//
- //Sadayeku jumeneng lawan Alahu / de Alah punika / jumeneng lawan pribadi / iya iku sajatine ing sahadat//
- //Lan satuhune iman tokit lan makrup / lan kaking sarengat / lawan sajatine takbir / lan kaking roh ilapi abadan rahman //
- //Dene iku mongka witing urip agung / mila jinulukan / nenggih abadan rahmani / pan karana iku nyata i datolah//
- //Edat iku anapon sejatinipun / iya rasulullah / mapan ing wajah sawiji / poma-poma aja esak malih sira//
- //Ujar iku kang esak sayekti kupur / tur kapir ing Allah / dene ingkang para nabi / para wali lan para mukmin sadaya//
- //Nenggih lamun anglakoni ujar iku / sira kongsi prapta / ing surahsa kang sejati / iya kaya nora nana bedanira//
- //Lawan rasul pan mangkono ujar iku / iya dadi nyata / tyas tetep ingkang wus prapti / ing wujuding kawula kalawan Allah//
- //Iya iku manungsa kang uwus nglebur / ing papan sadaya / lawan sakathahing tulis / lawan ingkang anglebur urip sadaya//
- //Heh ta sagung gung alit nak putuningsun / padha kawruhana / kang aran Alah sayekti / iya iku kang ngucap Alahu akbar//
- //Poma dipun pracaya ing ujar iku / aja kumalamar / lawan aja pindho kardi / krana angel temen mungguh ing ngagesang//
- //Rahsa iku kudu den pendeng den gilut / mapan nora nana / ingkang angluwihi malih / iya saking ing ngelmu tuduh punika//
- //Nanging kudu den werit aja kawetu / ywa dadi rerasan / karana tan angrasani / jisim lair tan angrasani kang rusak//
- //Ujar iku tan ana malih lyanipun / poma kukuhana / aja owah aja gingsir / aja obah aja mamang aja esak//
- //Aja kuwur den genah pangrakitipun / wruha ling pinongka / rahseku enggoning pati / pati iku goning mulih darussalam//
PUPUH XXI
M E G A T R U H
- //Wonten malih wasiyating para guru / mring sagung kang wuri-wuri / poma ajana katungkul / karana wong ing ngaurip / tan wurung prapteng megat roh//
- //Marmanipun den tumemen ulah ngelmu / wasiyating para wali / lan wulanging guru-guru / den tumancep jroning ati / aja den sambi geguyon//
- //Supayane dadia pangemut-emut / pamejange Sunan Giri / Kadhaton mring garwanipun / dadia tepa palupi / amrih waspadeng pasemon//
- //Aturipun kang garwa he jeng sinuhun / amba kapenging kapati / angsala barkah pukulun / masalahing wong ngaurip / kawruh kang maring Hyang Manon//
- //Ingkang raka aris pangandikanipun / lah nyai ngambila aglis / salembar kang godhong lumbu / nulya isenana warih / ing kono goning patemon//
- //Iya kawruh kang mungguh maring Hyang Agung / saksana kang garwa ngambil / ron lumbu ingisen banyu / nulya katur maring laki / Sinuhun Giri Kadhaton//
- //Ingkang garwa den ajak mring gon kang samun / jeng sinuhun ngandika ris / nyai sun wruhken sireku / dulunen pasemon iki / mangkene mungguh ing kawroh//
- //Waspadakna ing padhang-padhanging banyu / yaiku ngibarat gusti / de obah-obah kang banyu / ngibarating kawuleki / dene iku ingkang dhaon//
- //Kang kinarya wewadhahing banyu iku / iya ngibarat jasmani / kawruhana obahipun / ing banyu iku obahing / kang padhang-padhang ing kono//
- //Krana padhang iku pan nyataning banyu / banyu nyata wadhah iki / tegese paningal iku / tunggal kajatene dening / tampaning sih apadudon//
- //Iku kawruh kang sampurna kang wus kusus / yen ora mangkono nyai / luput tur sasar wong iku / kang garwa umatur aris / dhuh sinuhun guruningong//
- //Kadyaparan kawula dereng anggayuh / timbalan tuwan sayekti / meksih pasemon puniku / ngandika Jeng Sunan Giri / tegese nyai ingkang wong//
- //Iya ingkang aningali ing Hyang Agung / kewala dennya ningali / lan mata kapala iku / lah iku nyatane nyai / kang garwa malih turnya lon//
- //Kadyaparan paningal amba pukulun / mata kapala kang pundi / kang raka ngandika arum / nyai tan nyandhak sireki / ing pasemon kang mangkono//
- //Yen mangkono majua den parek ingsun / saksana lenggah sumandhing / sarwi andhepepel bukuh / mangkana nuli winisik / lah nyai sira tan weroh//
- Basa mata kepala paningal iku / ya matanira pribadi / kang bunder iku kang dulu / ing Alah mongka den aglis / dulunen cahya ing kono//
- //Ya cahyane ing paningalira iku / nyata yen tunggal pangaksi / dadi kanyataanipun / tan liya dhewekireki / kang anonton kang tinonton//
- //Jer Pangeran tanpa netra yen andulu / lan tanpa swara yen angling / ya paningalira iku / swaranira kang kinardi / ya sira iku Hyang Manon//
- //Dadi ingkang nembah kang sinembah iku / ya kang muji kang pinuji / lah iku jatining kawruh / kang garwa aglis nungkemi / ing suku sang wiku katong//
- //Ngandika rum mring garwa nyai sun pemut / poma aja salah tampi / lan kongsi katungkul / ing marang liyanireki / den aserung den serombong//
- //Iya iku kawruh kang padha lan ingsun / telas wejang Sunan Giri / wonten malih wejangipun / nenggih Pangeran Sumendhi / nalika amedhar kawroh//
- //Mring kang putra Tasisjati wejangipun / pratingkahing ulah ngelmi / kulup dhasar salat iku / pan iya leluguh mami / sahadat pangucap ingong//
- //Basa puji iku pepanganan ingsun / tegese mungguh ing pati / basa urip patiningsun / basa wujud rahsa mami / iku ratu geng kinaot//
- //Yeku aran ratu ing sabeneripun / ratu ingkang maha luwih / karana wong urip iku / yen durung tumekeng pati / Islame durung gumacos//
- //Telas Pangran Sumendhi wawejangipun / Pangran Juminah winarni / duk miraos tegesipun / ing sarira lan kang siwi / ya kulup apa sira wroh//
- //Ing jatine kang aran sarira iku / aturing putra tan uning / yen boten paduka tuduh- / aken kang rama lingnya ris / kulup ingsun kang atudoh//
- //Maring sira tegese sarira iku / Suksma kang tan owah gingsir / kang tan ana wekasipun / tanpa tuduhan lirneki / dudu jisim kang bergogok//
- //Dudu ati dudu rohkani pan dudu / ya sarira iku kaki / kang amurba miseseku / ing awak kang lair iki / tegese pisan mengkono//
- //Ya datolah kang aran sarira iku / dadi kanyataan yekti / mongka tingalana sagung / kanyataan datolahi / yeku aran tingal wutoh//
- //Dadi Alah kewala paningalipun / karana ing wong ngaurip / yen tan wruh sariranipun / mongka wuta prapteng pati / nora kaya kang waspaos//
- //Ing sarira dadi wruh paraning lampus / poma kulup den udani / ing sariranira iku / marmane akeh tan ana wrin / ing sarira pijer keron//
- //Keronipun ing panggawe kawir kuwur / mung iku kang den kawruhi / marma antepira iku / aja kasaraken ugi / karana uwis katongton//
- //Pan manungsa kekandelen sarakipun / angel tumekaning gaib / kang putra nembah umatur / kang rama ngandika malih / kulup yen sira wus weroh//
- //Ing pratingkah kang kaya mengkono iku / aywa kulineng nagari / yen mantep panarimeku / wus entek poma den titi / wonten malih winiraos//
- //Sunan Kalijaga pangandikanipun / pawong sanak ingsun sami / tekate wajibul wujud / lire ananing kang pasthi / yen ingsun ora mengkono//
- //Kang sun tobataken raina lan dalu / yen ngucapa ujar iki / lailaha ilalahu / karana kang bumi langit / tan ginawe ing Hyang Manon//
- Sabab anyar Alah tangala puniku / apan manungsa kang kadim / Allah iku uripipun / kalawan eroh sayekti / manungsa urip tanpa roh//
- //Alah iku uripe kena ing lampus / manungsa tan keneng pati / lan mulana kang amuwus / Alah tan kena ing pati / manungsa kang keneng layon//
- //Dadi sungsang kabalik pangucapipun / kaya bebasan sajroning / mateng ana mentahipun / dene mungguh tekat mami / yen mateng mateng jaba jro//
- //Lwiring Allah yen urip tan keneng lampus / sanadyan kawulaneki / ya urip tan keneng lampus / yen mengkono iya dadi / jaba mentah mateng ing jro//
- //Yen den nyana Alah tangala kang idhup / manungsane angemasi / dadi ana gethek nungsung / sasatange den bongkoki / anujoni tirta erob//
- //Ngaji sarak tanya tarekat babipun / heh ta pawong sanak mami / yen arsa tetakon ngelmu / kakekat makripat nenggih / sawecane kang gumacos//
- //Saratipun manjing wau gurunipun / arep pasrah jiwa dhiri / aja rumongsa anggadhuh / getihe satetes nenggih / aturna ing guru kono//
- //Heh Ki Luhung Salawe aja katungkul / mapan ingantep puniki / boya kaya ingkang weruh / ing Alah dadi tan sirik / aja kaya wong kang bodho//
- //Kang binunton atine marang Hyang Agung / heh Ki Luhung kalamun wis / waspada maring Hyang Agung / nuli waspadaa maring / rupa dhewe aywa keron//
- //Iya iku salat daim tegesipun / ingaran puji nekseni / yen kinarsakaken iku / dening Hyang sayekti dadi / waliyullah tur kinaot//
- //Lamun ora mangkono mukmin kasiku / dening ta ujaring dhikir / lailaha ilalahu / makdumma kalawan batin / tetebeng lair kimawon//
- //Kyai Luhung Salawe alon umatur / jeng suhunan kadospundi / menggah babar pisanipun / ngandika Jeng Sunan Kali / heh Ki Luhung den waspaos//
- //Ing makripat mungguh kasampurnanipun / aywa maksih aningali / sirik yen maksih andulu / durung sampurna sayekti / lire sirik maksih roro//
- //Misih ngetung ing wisesaning Hyang Agung / kandhek memilang wosneki / lewih tan sampurna iku / Ki Luhung Slawe turnya ris / dhuh sinuhun guruningong//
- //Kadyaparan salamete kang satuhu / kang boten mikalih kardi / angandika jeng sinuhun / heh Ki Luhung prahsa tunggil / yen misih kaya mengkono//
- //Durung prapta marang takdire puniku / dene tegesipun tokit / pan rahsa purba puniku / nenggih rahsane pribadi / rahsa pekenira kono//
- //Matur malih Ki Luhung gangsal rongpuluh / ulun pirsakna babarji / kadyaparan tunggilipun / kawula kalawan gusti / Seh Malaya ngandika lon//
- //Heh Ki Luhung Selawe kawula iku / parek-pareke lan gusti / tebih ireng-ireng iku / ing netra lan putihneki / lan maksih tebih kang otot//
- //Ulu iring kalawan daging ing gulu / dene pareke babarji / mungguh datolah lan makluk / ya pekenira pribadi / tan marang nyata Hyang Manon//
- //Ngibarate lir sotya lan senenipun / heh Ki Luhung prahsa tunggil / puniku pasthining kawruh / nyata kang ngucap puniki / ingkang den ucap Hyang Manon//
- //Gih puniku pamanggih pangawruh ingsun / Ki Luhung umatur aris / dhateng manira anuwun / ngandika Jeng Sunan Kali / sampun samar den pitados//
- //Sampun telas poma den samyemut / ajana pepeka sami / ing jatine ujar iku / lan mulana kang tan ngreti / budinen den kongsi weroh//
- //Agunema marang wong wus tunggal kawruh / liyane aywa den wruhi / yen tan sabadan nyaweku / poma-poma wekas mami / aja gebreh bok kacethok//
- //Kacenthoke krana geng-genge pakewuh / amung sampurnaning pati / marma keh kang tiba luput / wus bener pangrakitneki / ing pati temah maleyot//
- //Maleyote dening pakaremanipun / tan kelar tibaning pati / keron misih wowor sambu / munya arta anak rabi / kabeh padha dadi mungsoh//
- //Lah ta iku pakewuhe wong tumuwuh / nora kena kamitolih / anak rabi bapa babu / brana arta peni-peni / jroning sakaratil maot//
- //Ujar iku gegulangen mupung durung / yen wus kasep neniwasi / sapa kang bisa tetulung / aja pijer olah mukti / ing pati ywa kabesturon//
- //Nadyan wus wruh yen anggung gawe katungkul / marmane ajana kibir / jer sira durung ana wruh / rasane mungguh ing pati / mula ingsun iki lumoh//
- //Pakareman sun tilar tan ana kantun / lakuningsun dhingin-dhingin / kang nistha tanpa karyeku / temahan nelaya budi / tanpa pedah yen rinaos//
- //Wusananya lir kawahyon ciptaningsun / darbe panggraita ening / pan ing lair sedyanipun / angantepi cara abdi / mung pamrih ingsun ing batos//
- //Karya sasap panyireping tyas tekabur / dene mungguh tekat mami / sun tobataken satuhu / lamun tan sampurneng pati / sengga jisim kongsi bosok//
- //Tuwin wutuh sapa kang maido kupur / yen meksa tan pracayeki / nyatakna kapaten ingsun / yen wus kinubur den aglis / dhudhuken sengga nglagorong//
- //Tuwin bosok angur pakakna ing asu / yen durung wruh sajatining / puruhitaa ywa ngawur / temah samar pati kapir / wong urip yen tanpa tudoh//
- //Ngapirani yen ngamungna saratipun / yen tan darbe ngelmu jati / dene babar pisanipun / nora den lebokken tulis / larangan ageng kinaot //
- //Wonten malih kojah saking guru-guru / kang wus winejangken mami / sun kumpulken dadya suluk / padha anggiten ing galih / dadya tarbukaning kawroh//
PUPUH XXII
K I N A N T H I
- Kinanthi panduking dunung / kang kinudang para wali / mukmin kas para ngulama / myang wicaksana berbudi / kabudayaning paningal / kang pineleng lenging galih//
- Katongtona ing pangestu / ring sakaratil maoti / ing pangreh aja sulaya / jamaning ngaurip iki / yen prapta jaman kamuksan / kang aputus den patitis//
- Den awas wasananipun / yen ing mangkana linuwih / tegese luwih tan ana / iya ingkang memadhani / iku nora magepokan / tan ana ingkang nyelaki//
- Nanging waspada kalangkung / saobahing rat kaliling / yekti nora kasamaran / mangkono lire sayekti / Alah iku tanpa rupa / nora abang nora kuning//
- Nora ireng nora wungu / nora dadu nora putih / tan mancorong tan mancurat / tan mancorong kadi sasi / tan cumlorot kadi lintang / tan gumebyar lir hyang rawi//
- Lan nora mambu Hyang Agung / nora sedhep nora wangi / mis bacin maning iyoa / ingkang penguk ingkang tengik / wus nora gepoki pisan / angambar menuhi bumi//
- Lan Alah nora angrungu / sewu mokal lamun tuli / kang kumrincing kang kumrampyang / kang jumebret kang gumerit / kang gumludhuk kang gumlodhak / yeku wus nora ngamboni//
- Nanging kabeh wus kawengku / jro langit jabaning langit / unen-unening sajagad / tan kekilapan sayekti / lan Alah puniku nora / ana rasa kang ngrasani//
- Tegese kang rasa kecut / nora legi nora gurih / nora adhem nora panas / nora pedhes nora asin / sepet getir pait nora / nanging mupangat sayekti//
- Tan lara nora angelu / nora enak nora sedhih / nora bungah nora susah / sirna saliring dumadi / yeku wujuding Hyang Suksma / sipatolah kang mumpuni//
- Kang nora kena dinumuk / kang tan kena den rasani / tan kena den ambu miwah / nora kena den tingali / mung dumuk-dinumuk iya / sarta kodrate pribadi//
- Lan ambu-ingambu iku / rasa-rinasa pribadi / rungu-rinungu priyongga / tingal-tiningal pribadi / yaiku kang ingaranan / datolah ingkang kakiki//
- Ing kono gone pakewuh / ewuhe wong olah ngelmi / bok tumpangso salah tompa / bote ingkang neniwasi / tan wurung rineweng setan / den dhedhabyang den gebugi//
- Jenenge ngelmu puniku / lungguhe kawan prakawis / kang dhingin iku sarengat / tarekat kang kaping kalih / kakekat kaping tiganya / makripat ping pat lireki//
- Lire siji-sijinipun / ing pangreh kang den legeti / sarengat ingkang ginulang / tegese sarengat nenggih / tatakramaning ngagesang / kang den lingling den kawruhi//
- Kang den eman badanipun / den reksa den gumateni / amawas sariranira / wales-winales ngaurip / saur-sinaur tan gothang / lara-linaran sayekti//
- Mengkono saurutipun / wong sarengat pamrihneki / dene wong ahli tarekat / amawas wekasing ati / tegese kang pinangeran / mituhu kareping ati//
- Mendeng pamendenging kalbu / saosiking tyas kaeksi / dene kang ahli kakekat / eroh kang dipun idhepi / den eling-eling winawas / wekas-wekasing dumadi//
- Aja pijer adedunung / dumunung jamaning urip / urip aneng ngalam dunya / tan wurung yen bakal mulih / mulih marang kalanggengan / ginulang pangrehireki//
- Kaping pate kang winuwus / wekasing reh kang pinurih / kang para ahli makripat / sinarapat den sirepi / sirep sagung reresepan / sinesep wusana sepi//
- Rasa rinasan ginelung / ginulang-gulang ywa pangling / kapileng lenglenging tingal / katingal ing siyang latri / eling lukitaning alam / dadi satruning dumadi//
- Yen dinadaka bok dudu / marma sagung ingkang sami / ulah ngelmu kalepasan / wajib samya ngati-ati / kapat pisan den waspada / lakuning reh siji-siji//
- Akeh angel temah luput / kadhang gampang bilaeni / saking kurang kaprayitnan / wiweka kang den kawruhi / beda kang wus kanugrahan / kang sinebut para wali//
- Kapat pisan wus kacakup / malah siji nora gempil / mangsah angangsah makripat / memper wahyuning pra nabi / kang kinonang-konang sira / kang wus tan kena sinisip//
PUPUH XXIII
G A M B U H
- Kojah ingkang ginambuh / wonten caritaning wali kudup / saking Jawi nama Sang Seh Sutabari / langkung wanter tekadipun / tur karamate kinaot//
- Myang warnanira bagus / weweg pideksa asemu ngrangkung / alelana mring Ngarab pindha raryalit / sami lan ngumur tri taun / sarwi wewuda kimawon//
- Myang pandhita gung-agung / miwah Amir Molana Kaji Rum / dereng kondur saking dennya munggah kaji / ing ari Jumungah kumpul / raryalit prapta dumrojog//
- Tanpa larapan uluk / salam salamu ngalaekum / ya tuwanku Mulana Rum Amir Kaji / lan para jumah sadarum / nulya tan jawat gumuroh//
- Ya ngaleka salamu / heh raryalit lungguha sireku / nulya lenggah ing ngarsane Amir Kaji / ngandika Risang Amir Rum / heh para jungah sapa wroh//
- Rare kang darbe sunu / para jungah sadaya umatur / dhuh pukulun datan wonten kang udani / sudarmeng rare puniku / ing Ngarap ngriki tan tumon//
- Inggih prayoginipun / tuwan dangu pribadi puniku / asalipun pun rare saking ing pundi / ngandika Amir Kaji Rum / heh walat ingsun tetakon//
- Ing ngendi pinangkamu / dene tanpa larapan praptamu / rare matur ya tuwanku Amir Kaji / dereng purun jarwa ulun / ing purwane praptaningong//
- Amba tanya rumuhun / ing tuwan mrih jumah sadarum / angandika Molana Rum Amir Kaji / ya walah apa karepmu / becik takona maring ngong//
- Apa kang adi luhung / apadene masalahing ngelmu / ingkang ngekak miwah ingkang gaib-gaib / raryalit alon umatur / gampil yen tuwan wus sagoh//
- Dene tetaken ulun / gaibing Allah lan malihipun / gaibing Mukamat puniku kang pundi / mesem ngandika Amir Rum / heh thole yen sira takon//
- Gaibing Alah iku / pan Muhkamad de Muhkamad iku / pan gaibe pan Alah ingkang sayekti / iku yen sirarsa weruh / sarwi gumujeng turnya lon//
- Ya Tuwan Molana Rum / miwah para jumungah sadarum / pan jawabe Mukamat gaibing Widhi / kaaken punapa iku / Muhkamad dening Hyang Manon//
- Punapadene lamun / Alah winastan gaibing rasul / Alah iku kaaken napa mring nabi / ya thole ingsun tan ngrungu / kaya ujarmu mengkono//
- Mara jarwaa gupuh / teka ngendi pinangkanireku / rare matur ya tuwanku Amir Kaji / dereng purun jarwa ulun / ulun malih atetakon//
- Ing Tuwan Sang Amir Rum / miwah para jumungah sadarum / salat Jungah kang tuwan sembah punapi / tuwin salat limang wektu / kularsa weruh sayektos//
- Ngandika Molana Rum / saha para saleh para jamhur / iya thole sun salat Jumungah iki / tuwin salat limang wektu / tan liya nembah Hyang Manon//
- Lamun nora kadyeki / nora esah sembah pujinipun / wus Mukamat kang muni ing dalil kadis / raryalit ika duk ngrungu / sarwi wentise den entrog//
- Sun idhep tan kadyeku / ya tuwanku Molana Kaji Rum / ing panembah tuwan anembah Hyang Widhi / luwih saking sewu luput / prasasat nembah dhedheyos//
- Panembah tuwan ngawur / siya-siya tan wrin jatinipun / tingaling kang sembah tuwan saking pundi / dhateng pundi purugipun / pundi enggene Hyang Manon//
- Dheleg Amir Kaji Rum / para jungah kabeh ting palinguk / dennya kaluhuran sabda lan raryalit / dangu-dangu mojar arum / ya thole ingsun tan weroh//
- Ing enggone Hyang Agung / lan araning sembah iya tan wruh / miwah witing sembah iya tan udani / mongka rare ika muwus / ya tuwanku Rum Sang Katong//
- Myang para saleh jamhur / pamuwuse kadya rare timur / anggerayang tan ana ingkang gepoki / anembah muji Hyang Agung / tuwan jawakna maring ngong//
- Kaaken napa iku / Alah dening paduka Amir Rum / angandika Molana Rum Amir Kaji / ya thole marma sun sebut / sun mulya-mulya Hyang Manon//
- Dene gawe maringsun / lan akarya manungsa sadarum / andadekken bale ngaras bumi langit / miwah ing saisinipun / dinadekken ing Hyang Manon//
- Myang swarga narakeku / awal akir lair batinipun / nora liyan kabeh titahing Hyang Widhi / ralyalit sugal amuwus / ah genah apa Sang Katong//
- Pangucapira iku / tuwin para saleh para jamhur / pamuwuse tan ana ingkang premati / morek pijer akatungkul / padha dhikir legog lohok//
- Pijer sujut lan rukuk / uwus marem sembah pujinipun / tangeh lamun praptaa ingkang ginaib / pangrasane wus pinunjul / tan ana graiteng kawroh//
- Heh Molana Kaji Rum / miwah para jungah para jamhur / rare alit kewala pasthi udani / kang kaya ujarmu iku / yen kabeh titah Hyang Manon//
- Nanging sireku ngawur / angarani tan wruh aranipun / Amir matur ya tuwanku rare alit / paduka jarwa rumuhun / asal tuwan kang sayektos//
- Angandika Seh Samsu / Tabarit heh Molana Kaji Rum / saking embuh saking tambuh prapta mami / saking kadadean durung / dadi pan ingsun wus dados//
- Ingkang gaibul uyup / durung dadi ya Alah ya rasul / durung dadi pan ingsun dadi rumiyin / kang luwih mulya pan ingsun / saking sakehing dumados//
- Mangkana Molana Rum / lawan para jumungah sadarum / sami nembah ing suku sang rare alit / raryalit malih amuwus / heh Molana Rum Sang Katong//
- Panjawabmu Hyang Agung / sira arani gaib sadarum / rasul sira arani gaibing Widhi / raryalit pan bisa muwus / kaya ujarmu mangkono//
- Lan sembayangmu iku / kang sira sembah nembah Hyang Agung / yen mangkono sira misih padha kapir / durung Islam kang satuhu / dene tekatmu mengkono//
- Sira apa padha wruh / makaming Allah lan wujudipun / lawan kaya apa rupane Hyang Widhi / sira apa wus kapangguh / apa lanang apa wadon//
- Matur Amir Kaji Rum / miwah para jumungah sadarum / ya duk timur kawula dereng udani / ing sual tuwan puniku / raryalit malih miraos//
- Yen mangkonoa heh Rum / aja nembah ing Allah sireku / tan sampurna sira mundhak kupur kapir / andheku Amir Kaji Rum / pan sarwi aris turnya lon//
- Ya tuwanku Seh Timur / inggih sinten paduka pukulun / seh ngandika sarwi rupa kaki-kaki / lenggah ing kursi mas murup / neng ngarsane Rum Sang Katong//
- Kursi karamatipun / sami gawok kang miyat sadarum / panganggone sadaya wus sarwa langking / pamuwuse mring Amir Rum / heh Amir yen sira tan wroh//
- Sajatine ya ingsun / ingkang lanang wadon iya ingsun / miwah ingkang minum minuman ya mami / kang tandhak-tandhak ya ingsun / tan edan ngedanken ingong//
- Kang tambuh-tambuh ingsun / ingkang gaib kang suyut ya ingsun / ingkang rasa kang rumongsa iya mami / kang nembah sinembah ingsun / kang puji pinuji ingong//
- Ingkang nikmat ya ingsun / … / ingkang lair ingkang batin iya mami / kang ngrasani iya ingsun / kang rinasan iya ingong//
- Ingkang wedi ya ingsun / ingkang wani tan liyan ya ingsun / ingkang kadim sayektine iya mami / kang manikem iya ingsun / kang dadi awak pan ingong//
- Kang anom tuwa ingsun / ingkang lanang ingkang wadon ingsun / iya ingsun ingkang sugih ingkang miskin / ingkang ratu iya ingsun / kang dadi bala ya ingong//
- Ingkang akeh ya ingsun / ingkang sathithik pan iya ingsun / ingkang jodhon ingkang selen iya mami / ingkang lumaku ya ingsun / ingkang mandheg iya ingong//
- Ingkang gumuruh ingsun / ingkang meneng sayekti ya ingsun / ngandhap nginggil kanan kering iya mami / wuri ngarsa iya ingsun / kang lor wetan kidul kulon//
- Nora liyan ya ingsun / kang loh kalam nukat gaib ingsun / kang dat sipat apngal pan ya mami / kang wujut ngelmu nur suhut / sajatine iya ingong//
- Kang bumi geni banyu / miwah angin angin iya ingsun / ingkang sabar ingkang keras iya mami / ingkang alim iya ingsun / ingkang kereng iya ingong//
- Ingkang dhihin ya ingsun / ingkang kari tan liyan ya ingsun / kang sarengat kang tarekat iya mami / kakekat makripat ingsun / kang iman tokit ya ingong//
- Ingkang Alah ya ingsun / ingkang Mukamat pan iya ingsun / pan gaibing Mukamat pan iya mami / gaibing Alah ya ingsun / kang gedhe cilik ya ingong//
- Ingkang anak ya ingsun / ingkang nganakaken iya ingsun / kang kekadang kang alola iya mami / ya ingsun kang kalek makluk / kang alip lampahing ingong//
- Kang min kang ake ingsun / kang min akir kang dat iya ingsun / ingkang dunya kang akerat iya mami / kang swarga naraka ingsun / ya ingsun kang jaba jero//
- Heh Mulana Kaji Rum / miwah para jumungah sadarum / ingsun pemut aywa pepeka ngaurip / mokal yen sira nora wruh / ngaurip temahan layon//
- Ing kono gon pakewuh / luwih ewuh keh wong salang-surup / ngelmu sarak den arani anguwisi / malah panasaran agung / yen tan darbe ngelmu jatos//
- Aja pijer kumlungkung / iku dadi dedalaning kumprung / pengung bingung embuh-embuh kang den rukti / kitab Kuran ngundhung-undhung / kodheng brahala ginendhong//
- Kadhangan wong kadhadhung / ing drubiksa den ajaka lurung / mring pepereng peri pinindha apsari / sarwi siniweng dhedhuwur / jinagan dening gandarwo//
- Pangrasane swarga gung / tan uninga yen kalbeng bekukung / kang mengkono tanggung-tanggung dadya janmi / ya angur dadia lutung / patine tanpa karaos//
- Tanpa pratikel iku / sirnane iya datanpa tutur / dadi jalma yen tan wruh tananjultarki / datan wurung katalikung / heh eling-eling Rum Sang Katong//
- Ya ta Risang Amir Rum / saha para saleh para jamhur / duk miyarsa ring sabda risang siniwi / samya nembah ngraub suku / sarwi ngrarepa turnya lon//
- Ya tuwanku Seh Sepuh / mugyangsala sapangat pukulun / lan peparab tuwan kularsa udani / alon ngandika Seh Pikun / heh Mulana Rum Sang Katong//
- Lan jumungah sadarum / nora ta sira weruha ingsun / aran ingsun iya Sang Seh Sutabarid / sawusnya ngandika uluk / gya amusna saking enggon//
- Gaib sakursinipun / nulya sinuhuran salamipun / pan gumuruh sarwi andongong prasami / jetung getun asru ngungun / joto-joto ting palenggong//
- Angunggo-unggo sagung / ageng alit samya ting palinguk / ngungak-ungak mangu mangungune dening / praptane lan kesahipun / nora nana ingkang weroh//
- Kang kari sanget mangu / angken wewayangan wuyung / mangu-mangu langkung saking poyang-paying / kayungyun sanget kilayu / yen kagrayang tan anggayoh//
- Ing kayumananipun / kaya-kaya kaleyanga wahyu / weh wirayat yayah maniyup yang-yanging / kekayangan mrih rahayu / kayun ngupaya Hyang Manon//
- Dadya samyayeg guyub / sadaya nedya puruhiteku / ngelmu ingkang nampurnakken ing ngaurip / ana ngetan ngalor ngidul / saweneh ana angulon//
- Titi kikayatipun / wali mulya poma-poma sagung / anak putu rasakna lepiyan niki / sengga de kongsi sumurup / mring tekat ingkang mengkono//
- Nanging aja angawur / gegurua mupung ana umur / yen den ajab ing tulis bae tan keni / lamun durung anggeguru / gurayang nora gumacos//
- Dadya ahli tasawub / ahli usul miwah ahli suluk / lamun durung ahli puruhita ngungkih / yekti temah sasar-susur / wantere angas kemawon//
- Jer iki antepipun / pangrakite parabot pangracut / iku nora kalebu sajroning tulis / amung cumanthel ing guru / sawab larangan kinaot//
- Tamat pamitranipun / ari Soma ing lek kaping pitu / ing Jumadiawal warsanipun Alip / Isakanya kang lumaku / wujud nabi murweng katong//
- Yeka ta kang manurun / rare mudha cumanthaka bangun / amanedhak rawiyadi kang ginaib / nenggih wirayating suluk / jaman Demak winarneng don//
- Lawan caritanipun / wali mulya kang sampun linuhung / kang peparab nenggih Sang Seh Sutabarid / lelana kalantur-lantur / prapteng Arab kacariyos//
- Samya bantahan ngelmu / ingkang angel arang kang anemu / ing pasemon sasmitaning ngelmu jati / tangeh wikan kang anurun / rahsaning ngelmu kinaot//
- Amung dennya kayungyun / caritanya ing jaman karuhun / mokal wruha kang gaib kang werit-werit / wewerane ing pangawruh / darma anurun kimawon//
@@@