PUPUH
P A N G K U R
- Sasmitane kawimbuhan, kawruhana ya pangucapireki, miwah ing pangrungunipun, miwah paningalira, nora nana pangucap roro tetelu, dadi solah tingkahira, boya sak boya serik.
- Boya tambuh mung dattollah, kewala den karasa yen abukti, den karasa yen anginum, sembayang den karasa, den karasa nenggih dattullah puniku, ingkang wus awuru Allah, yeku aran salat da’im.
- Lawan malih ing ngaranan, martabate ing kasdu takrul takyin, kasdu nenggih kartinipun, apan kareping niyat, dadi cipa dene tegesipun takrul, iku pamekasaning niyat, liring grahitanireki.
- Mapan ingkang takyin nyata, wisesaning ing niyat kang sayekti, kang cipta pan dadosipun, kasdu nenggih kang iman, takrul tokit takyin makripat liripun, ingkang iman yen anaa, gumlethek yekti tan serik.
- Tan sak tingale ing Allah, ingkang tokit enenge lawan mosik, gletheke paningalipun, pangucap pamiharsa, nyata ingkang angenengaken puniku, kang angglethekaken Allah, myarsaken ngucapken pasthi.
- Ta Allah ngala mapan kang, amimbuhi dadi sampun sak serik, tingalira mring Hyang Luhur, nenggih ingkang makripat, ing enenge osiking paningalipun, pangrungu pangucapira, dadi lan dhewekireki.
- Tegese puniku nyata, bela tasbeh bela tasbeh lirneki, tur roro kahananipun, apan Allah kewala, kang ancucap meneng mosik tuwin dulu, pan nyata ing ananira.
- Sasmitaning rahsanira, kang den ucap ingkang ngucap Hyang Widhi, poma den awas den emut, tanana liyan-liyan, anadene yen tinakonan sireku, punapa pangawruhira ing Allah jawaben aglis.
- Pangawruh ingsun ing Allah, kawibuhan ing ngelmuning Ywang Widhi, wonten malih sualipun, apa ujar sakecap, lawan mlaku satindak meneng gonipun, nuli enggal saurana, ujar saecap puniki.
- Iya kang ngucap Hyang Suksma, dene laku satindak sarta widhhi, kang aran meneng goniku, ingkang wus nora susah, angulati ing Allah lyan dhirinipun, pira martabating Allah, sarana tri prakawis.
- Nenggih tasnip kang kapisan, ingkang kaping kaliye ran sakamil, kandil kaping tiganipun, tannipliyep tegesnya, insan kamil kang sampurna tegesipun, kandil roh ilapi lirnya, utawi semuning tasnip.
- Tingal kan gluluh sampurna, iya wahyu iku tegese malih, dadi paningal kang kusus, tetepe wahyu nyata, mila wajib sami den eningna iku prabedanireng tumingal, ing nabi wali myang mukmin.
- Nabi tetep tingalira, mara mundur tingale wali mukmin, pira martabat ing laku, jawaben rong prakara, kadi geni kang dhingin ping kalihipun, kadi angin tegesira, semune kang dadi agni.
- Pinet panase kewala, tegesipun punika amrih gelis, panarimanira sampun, kasuwen dene ta kang, kadi angin pinet tan kena rinuruh, tegese wus nora pisan, susah kang ngulati malih.
- Pinten martabnat sarira, saurana mapan tigang prakawis, anadene kang rumuhun, kadya tanggal kaping pat, kaping kalih kadya tanggal sanganipun, ping tri lir tanggal patbelas, dene ta ingkang rumiyin.
- Kang kadya tanggal kaping pat, iya dene katulis lahir batin, kang kadya ping sanganipun, tegese luluh sirna, kahanane ingkang anireng Ywang Agung, kang kadi tanggal patbelas, dene panedyane sami.
- Kadya kang andandekena, tegese kang patbelas ingkang sasi, wus prapta ing wangenipun, tekaning ing kawula, nora ta yen dadiya gusti puniku, nanging iya dadi uga, pinten martabat penggalih.
- Jawaben limang prakara, kang ruiyin galetheke ing ati, ye kang kapig kalihipun, katampeking lumawah, panejerte anangis kang kaping telu, ketuging nutu kaping pat, ping lima senthet ing ngantih.
- Dening jerit ing karuna, lawan iya galetheke ing ati, miwah katampeking laku, pan iku ing pangucap, marmanipun iya dipun kadi latu, ing tekad dene wus tompa, iya senthete kang ngantih.
- Lire sipat jamallullah, dene ketuking panutu lirneki, wedaling pangucapipun, nyata yen nora mangmang, nora susah angulati ing Ywang Agung, ya kang ngucap iku Allah, poma aja pindho kardi.
- Martabat ing bumi pira, saurana inggih tigang prakawis, dating roh ilapi iku, nenggih ingkang kapisan, kapindhone roh jasadi sadyaeku, kaping tiga tanpa pernah, tanpa tuduhan sayekti.
- Widi ing aran Mukhamat, kang khakikhi lawan ingkang majizi, saurana den agupuh, aran nabi mukhamad, kang kakhikhi dating roh ilapi iku, dene Mukhamad kang majazi, yeku dating roh ja’idi.
@@@