PUPUH
D U R M A
- Kawruhana lamun sira tinakonan, apa tegese lajim, enggal saurana, meneng pan tegesira enggal, sipat subut sajati.
- Lajim lawan subut artinipun apa saurana den aglis kadi urip kita kang wikan ing priyongga, kang kawasa ingpribadi, ingkang miyarsa, nora liyan pribadi.
- Kang akarsa pan nora liyan piyambak, miwah kang aningali, pan iya piyambak, kang anabda priyongga, kang langgeng kekel pribadi, kang maha mulya, nora liyan pribadi.
- Ingkang elok pan nora liyan piyambak, miwah ingkang ningali, tan liyan piyambak, kabeh ingsun piyambak, kang ngasih ingkang ngasihi, inggih punika, reke semuning lajim.
- Lawan malih lamun sira tinakonan pundi asmaning widhi, saurana enggal, ye kung kang wus sira cap, pundi kahanan ing widhi, jawaben enggal, asedya ing pribadi.
- Nenggih ingkang pundipribadining Allah, saurana den aglis, apan sedya baka, pundi sedyaning allah, sedya langgeng ing pribadi, ingkang kuwasa, ingkang murba kang ngurip.
- Ingkang nabda ingkang ningali tan liyan, kahanan ing ywang widdhi, pundi dheweking Hyang, anulya saurana, ingsun dhewe ing Ywang Widdhi, ingsun punika, tegesipun punapi.
- Saurana iya mantep tegesira, kang sedya ingsun yekti, tegese pan iya, nora nana kahanan, roro pan tingal kakalih, myang nora nana, iya tingal kakalih.
- Ing tegese iya ingsun ingkang sedya, ya ingsun ingkang ngurip, ingsun kang kuwasa, ingsun ingkangmiyarsa, ingsun ingkang aningali, ingsun kang wikan, ingsun kang maha suci.
- Ingsun ingkang maha luhur maha mulya, ingsuningkang jateni, ingsun kang nugraha, ingsun ingkang anabda, ingsun ingkang suksma linuwih, ingsun kang tunggal, nyata tan bastu jisim.
- Iya ingsun kang urip datanta nyawa, langgeng tan owah gingsir, ingsun kang sampurna, kang agung kang misesa, kang elok ingsun sayekti, pan ingsun ingkang, muji ingkang pinuji.
- Ingsun ingkang tanpa enggon tanpa arah, ingsun kang tanpa warni, ingsun tanpa rupa, ingsun kang tanpa mongsa, kang tanpa jiyad sun ugi, tanpa munafah, tanpa tuduhan mami.
- Ingsun ingkang manteb ananingsun dhawak, malih yen den takoni, endi jatining ywang, den enggal jawabira, jatining Allah kang pasthi, kahanan ing Ywang sedya ana pribadi.
- Tegesipun purba karuwu kang tanpa, wwitan kang tanpa wit, pan inggih punika, kang yekti jatining Ywag pundi kahanan ing Widhi, ingkang sanyata, saurana den aglis.
- Angestoken ing dhirinipun piyambak, lire wus tan ngulati, sakabehe mapan, wus kawengku dening wang jer ingsun ratu linuwih, ratu kang tunggal, tunggal datan kakalih.
- Tegesipun kang mantep lan dheweking wang tanana mamanoeni, miwah kang madhaa, mulya gung luhur ing wang, lan gunging karaton mami, langgeng tan owah, urip tan keneng pati.
- Lan maliye tinakon pundi dattolah, den inggal anauri, apan iya sedya, durunge ana jagad, lan sawuse jagad dumadi, asedya uga, birahi ing pribadi.
- Nenggih ingkang pundi sedyane dattollah saurana den aglis, iya tansah molah, lawan tanpa wekasan, ing aran Allah kang pasthi, jawaben enggal, kahananira yekti.
- Kang ngakarsa lan pundi wimbuh ing Allah, saurana den aglis, iya karsanira, kang tanana towongnya, kang tanana kirang neki, lawan kang ora, kena ing owah gingsir.
- Lawan malih wonten ing patakening wang, pundi tunggaling widhi, enggal saurana, aran kang ing aranan, tunggal lan wujud kakalih, wus nora mangmang, lan nora pindho kardi.
- Dene lamun tinakonan malih sira, jongka tigang prakawis, ingkang dhingin uga, tan adoh lawan sira, tan aneng sarira dening ping tri kha srira, saurana den aglis.
- Kang tan adoh saking sarira sahadat, tan aneng srira takbir, kha srira sakharat, kadya paran lirira, saurana dipun aglis, liring sahadat, amor winong pribadi.
- Tegesipun takbir pan sira pangeran anembah lan amuja, ing pribadinira, tegese kang sahadat, dene tan esak ingpati, lan nora mangmang, lan malih bokmanawi.
- Tinakonan masallah tigang prakara, dene ingkang rumiyin, imba wawayangan, lankitab amakutha, latar putih tanpa tulis, lare dene ta, kang iman mulya suci.
- Tinakonan masalah tigang prakara, dene ingkang kariyin, imbar wawayangan, lan kitab amakutha, latar putih tanpa tulis, wus jangkep tiga, saurana den.
@@@