Category Archives: **WACAN PANGLIPUR

SERAT PARAMA CIPTA


SERAT PARAMA CIPTA

Tegessipun:  kaluwihanning cipta.
Nerangngaken sulangnging kawruh tumrap
prakawis wontennipun: cipta, rasa tuwin suksma.
Punapa déné medharraken gegebengngannipun pandhita
ing jaman kina, inggih punika kawruh panunggal
kasampurnanning ngagesang.

1e. DRUK

SOLO
BOEKHANDEL M. TANOJO
1923

Kasalin saking aksara Jawa
Ing aksara latin dening :
Mas Kumitir

Sidoarjo, 1 Desember 2018

@@@

 Isinnipun Serat Punika:

  1.  Purwaka.
  2. Wuryyanning Serat Parama Cipta.
  3. Pepecahannipun manah.
  4. Karêp ingkang
  5. Karêp ingkang kanthi pamikir.
  6. Karêp ingkang céthé
  7. Karêp ingkang lebet.
  8. Karêp ingkang ageng.
  9. Karêp ingkang kanthi budi.
  • Cariyossipun tiyang wignya. (bab kawruh sajati)
  • Carakanning pameleng. (tumrap lampah marginning panunggal)
  • Wawarahing panggayuh. (ambuka naronthongnging budi ngados wicaksana)
  1. (panganggep)
  • Nerangaken dayanning cipta. (bab pamuja)
  • Nerangaken dayanning rasa. (bab pamusthi)
  • Nerangaken daya kuwasanning suksma.
  1. Teteppipun panunggal pamorring kawula gusti.

(mengku suraossipun kawruh nyakra magilingngan panitissan tuwin kawruh kawusanan inggih punika: kasampurnanning ngagesang).

  1. Pangruwat ruwetting lalampahan.

@@@

PURWAKA

Wiyossipun sampun dangu anggén kula sumedya ngiket Serat Parama Cipta punika, nanging tansah kapambengngan ruwetting prakawis donnya ingkang kula tingalli, temah andadossaken pangendhé endhénning sedya. Saya dangu ruruwet wau boten wudhar-wudhar malah saya bundhet ing mangké sumedya kula jéréng sagadugging manah, bokmanawi saged ragi katingal bundhellannipun supados ruruwet  wau kénging kaurus, menggah urusannipun kaupamékaken wanci badhé unculling surya, sanadyan taksih rêpet-rêpet nanging sampun ragi katingal sumirat sorottipun pinten bangi lajeng malethék byar padhang sumilak saged nyunarri sakathahing kahanan, saiba bingahing manah kula prasasat kadhawahan wahyu jati. Wusana amung samanten atur kula.

Ing Surakarta Adinningngrat tinengerran: gunanning indriya angraga suksma.

————-@@@————

        [7]WURYYANNING SERAT PARAMA CIPTA

Parama, tegessipun: babon tuk langkung, linangkung, kaluwihan putus utawi suci.
Cipta, tegessipun: manah, budi utawi sir.
Dados Parama Cipta, kajengngipun: tukking manah, utawi kaluwihanning cipta.
Menggah pamanggih Jawi, ingkang dados gagaman tumindakking manungsa punika dumunung wonten ing manah, ingkang timbang kaliyan kikiyatanning poncadriya utawi sarandunning sarira, déné manah wau kathah sanget pepecahannipun, sawatawis katerangngaken kados ing ngandhap punika.

PEPECAHANNIPUN MANAH

  1. Osik: inggih punika krenjetting manah.
  2. Cipta: inggih punika sirring manah.
  3. Karêp: inggih punika kepénginning manah.
  4. Pikir: inggih punika panimbangnging manah.
  5. [8]Budi: inggih punika ulahing manah.
  6. Anggit: inggih punika pangubahing manah.
  7. Gagassan: inggih punika pangathik-athikking manah.
  8. Éget: inggih punika padhangnging manah.
  9. Supé: inggih punika petengnging manah.
  10. Ngretos: inggih punika tumampinning manah.
  11. Gathékkan: inggih punika landhepping manah.
  12. Samar: inggih punika kethulling manah.
  13. Sisah: ribedding manah.
  14. Bingah: inggih punika bombongnging manah.
  15. Gandrung: inggih punika semsemming manah.
  16. Moyar: inggih punika risakking manah.
  17. Tentrem: inggih punika jenjemming manah.

Saréhning sadaya-daya ugerripun wonten ing manah, sarta ngombra-ombrannipun wonten ing kakajengngan (karêp) ngados ingkang perlu sanget manungsa kedah rumeksa  dhateng kakajengngannipun ingkang kalayan santosa, supados neteppaken pamanggih sarta ngencengngaken lampah. Menggah ingkang kanggé rumeksa boten liya inggih namung pamikirripun piyambak, déné wawatonning [9] pamikir kedah mendhet pipirittan saking kawontennanning ngagesang.

Ingkang perlu sanget manungsa kedah:

  1. Nedha, amrih kuwagang.
  2. Nyandhang, amrih aji.
  3. Saras, amrih ganggas, katetepaken,
  4. Tumandang, amrih pakantuk,
  5. Ngaso tilem, amrih saké

Gangsal prakawis punika sampun dados adat tatacaranning manungsa wonten ing donya. Nanging sadaréngipun saged tumidak piyambak kedah dipun tuntunni saking ingkang mengku, kapardi ingkang ngantos ajeg saha atul, dados sadinten-dinten kedah ngudi adhakkanning tedha, budi kasarassan ngudi sandhang panganggé, budi tumandangnging damel tuwin ngudi prenahing pangaso. Makaten punika kedah boten  kendhat sarta boten dipun sarêngngi kakajengan liyannipun, amargi gangsal prakawis wau kanggé ing manungsa sadinten-dinten, bilih boten  makaten tiyang gesang sawarni sirna pikekahipun, déné antawissipun gangsal prakawis wau ingkang baku piyambak namung ngudi prakawis tedha, punika boten kénging boten manungsa kedah sadiya tedha. Sanadyan taksih kathah kabutuh[10]anning manungsa ingkang kedah kaudi, kados ta: ngudi kasageddan kagunan kawruh ingkang linangkung, tuwin kajéng kéringngan éwa déné taksih kungkullan liyan ngudi tedha. Awit sajatossipun samongsa manungsa sampun kraos ngeléh, sakathahing tatacara bibrah sadaya, sabab ngeléhing padharan boten kénging dipun lintonni liyannipun boten pasah dipun lebetti piwulang, boten ébah dipun  iming-imingngi warga, boten mundur dipun ajrih-ajrihi naraka. Tiyang ngeléh tékaddipun gumolong sanget sanadyan wontenna lalampahan ingkang ambabayanni meksa katrajang purun awit saking nglabetti raossing ngeléh. Déné wonten ingkang saged murukki ngantos tharik-tharik punika boten bokmanawi kabekta saking sampun gadhah tatadhonning tedha, utawi déréng kapépét dhumawah apessing manungsa. Tegessipun: taksih saged anjembarraken ing kabudidayan, boten sumelang bilih badhé anglentéré. Nanging tiyang ngeléh ingkang sampun rupak budinnipun tamtu boten kénging kaendhakkaken sedyannipun ngudi tedha, mendhannipun samongsa sampun dipun sukanni tedha. Nanging sinten ingkang nyukanni tedha, sinten ingkang rumeksa kasarassannipun sinten ingkang  nyukanni sandhang panganggé, sinten ingkang [11] nyukanni padamellan sarta sinten ingkang nyukanni prenahing pangaso, kajawi namung awakkipun piyambak sarana ngempakkaken kakajengngannipun ingkang sampun kasaring dénning pamikir. Déné kakajengngan punika warni-warni sarta tundha-tundha, prayogi sami dipun sumerêppi pundi ingkang mempan kanggé anggayuh kabutuhanning ngagesang.

KARÊP INGKANG WALAKA

Karêp ingkang walaka punika tanpa ngraossaken badhé kadadossannipun, kados ta: badhé nedha, badhé tilem bahdé kékésahan tuwin liya-liyannipun namung waton kalampahan, boten mawi  pamikir ingkang panjang, bab panedhannipun wau éca punapa boten, tilemmipun sampun prenah punapa déréng. Késahipun dhateng pundi, kapanggih kaliyan sinten sarta badhé gadhah perlu punapa, méh tanpa gagasan babar pisan, menyat janji menyat boten mawi mékanni bilih nyényénggol utawi anggepok barang-barang. Wicanten janji mungel boten mawi kowa-kawi, sarta boten ngreto[12]s unggah-ungguh. Ambebekta inggih janji ambekta, boten mawi mékanni bilih mrucut utawi rêntah ingkang andadossaken katiwassan, nenegor inggih janji negor, boten mawi mékanni bilih kaplathok makaten sasaminnipun, mila kakajengngan ingkang walaka wau kerêp kadrawassan jalarran tanpa pangatos-atos, tanpa pangangkah tuwin tanpa panggayuh, punika tebih saget saking kamanungsan tegessipun: tiyangingkang énget sinungan budi tamtu ngempakkaken budi-dayannipun supados saged anjejerraken kamanungsannipun ngangkah merta sami, bale griya jangkep sapirantossipun sarwa saé. Dados kakajengngan ingkang walaka punika namung waton tumandang. Éwa déné  inggih sampun saé sarta lowung tinimbang kaliyan ingkang boten purun gumrégah babar pisan.

KARÊP INGKANG KANTHI PAMIKIR

Karêp ingkangkanthi pamikir punika sampun mawi panimbang rêsik sarta sampun karaossaken kalayan lerês, samu barang ingkang dipun pénginni mawi kamanah ingkang andadossaken sake[13]canning lampah, nedhaha, tilemma, kékésahan, tuwin liya-liyannipun mawi pangangkah ingkang pakantuk, pakantukking nedha, miraos, pakantukking tilem prenah papannipun, pakantukking kékésahan angsal damel makaten sasaminnipun, punnapa dados sadéréngipun  tumindak sampun karaossaken rumiyin déné tumindakkipun kanthi pangatos-atos malih, sampun manggih tiwan utawi kapitunan sarta sampun ngantos damel sak serik tuwin kapitunanning liyan bilih makaten nama kakajengngan ingkang mempan kaliyan papanipun, ing saben-saben gadhah kajeng inggih mawi katuntun déning pamikir.

Wondéné kakajengngan ingkang mawi pamikir punika kapéreng dados kalih prakawis, sapisan dhateng piawon, kaping kalih, datheng kasaénnan, menggah sababbipun boten perlu kandhar.

Karêmbag: kakajengngan ingkang kanthi pamikir teka kapérang dados kakalih, punapa pamikir taksih purun dhateng piawon, bilih taksih purun lah perlunnipun punapa mawi kakajengngan ingkang kanthi pamikir. Mongka wontennipun pamikir wau [14] boten liya amung amrih saé.

Rêmbag punika kléntu, pamikir makaten boten amung amrih saé kémawon sanadyan amrih awon inggih mawi pamikir, punapa déné amrih saé.  Bilih tanpa pamikir kalih pisan  boten saged tumama || Tiyang nedya ngempakaken piawon utawi damel kasaénan punika boten gampil pamikir punika jejerripun kakajengngan ingkang amrih pakantuk bilih pakantukkipun sarana awon inggih katindakkaken miawon langkung malih bilih pakantukkipun sarana saé, ugi katindakkaken kalayan saé sarta maton, anjawi tiyang ingkang nedya anggayuh kautamén sanadyan pakantukka bilih sarana miawon inggih boten karsa. Amargi saking luhurring budi . Nanging tumrapping pamikir ingkang madya déréng dumugi samanten, déné ingkang utami makaten: manungsa kedah miturutti panedhanning liyan sakuwawinnipun ingkang tumrap dhateng kasaénnan, saupami panedha wau tumrap dhateng piawon punika kedah kasulangngaken, piawonnipun wau punapa badhé andadossaken kasaénnan tegessipun ngicalli cacad punapa namung kabingahannipun piyambak manawi andadossaken kasa[15]énnan prayogi dipun lampahi, déné manawi andadossaken kabingahannipun piyambak punika malah damel kuciwa dhateng ingkang nglampahi kabingahan déné bingahipun sarana damel kasisahanning liyan, béda kaliyan bingah ingkang sajati, anggénnipun anglampahi kabingahan boten sarana damel sisahing liyan malah nyarambahi dhateng ingkang cecelakkan katut sami mangun kabingahan, dados kautamén punika tansah damel tindak sanginggillipun kasaénnan,

KARÊP INGKANG CÉTHÉK

Karêp ingkang céthék punika perlu sanget sumrambah dhateng sakathahing manungsa, limrahipun sami migunakaken kakajengngan ingkang céthék, amargi amrih kasait ingkang dados kabutuhannipun sadinten-dinten, inggih punika nedha, nyandhang, tumandang, kasarassan tuwin tilem kados ingkang sampun kapratélakaken ing ngajeng. Dados kakajengngan ingkang céthék wau perlu kanggé ngudi kabutuhan ingkang adhakkan supados tumunten kacepeng lajeng kénging kanggé sanalika. Sanadyan sanés babaggan ingkang gangsal bab wau janji kanggé sanalika inggih kedah kaudi kalampahannipun,  Kadosta: sapunika gadhah perlu badhé kekésahan  ingkang tumunten sarta ririkattan inggih [16] kedhah ngudi andhong, badhé niningalli kedhah ngudi tanggappan makaten sapituruttipun, sakathahing perlu ingkang dadakkankedah nunten kaudi. Boten kénging dipun semadossi. Kadosta: tiyangingkang abdhé nedha sapunika, jalarran sampun nginten-inter sanget punapa sarantossa upami dipun semadossi bénjing énjing, dados kados boten sarantos, makaten malih tiyang santun sandhangan sanalika, jalarran mentas kajawahan ngantos kalebus sadaya, punapa kénging dipun semantossi sanés dinten, sanadyanna naréthék nyanyambut inggih dipun  lampahi sanalaika wai, makaten upaminnipun.

Saréhning ingkang kathah manungsa punika sami nganggé karêppipun ingkang cethék dados langkung prayogi meleng ngudi pakantukking pandamellan, awit sadaya-daya mangké badhé tuwuh  saking ngriku, kacekapping sandhang tedha, pangresakanning kasarassan tuwin sanés-sanéssipun badhé kasait saking pituwassing pandamel lan dados manungsa kedah wekel nyambut damel supados sampun ngantos kothér ingkang dados butuhipun  sadinten-dinten pu[17]nika karêppa ingkang saé piyambak.

Sasampunnipun manungsa mapan gesangngipun mempan pandamellannipun sarta sampun sarwa kasahid éwadéné taksih wonten malih ingkang kedah dados pamikir. Inggih punika amrih runtutting batih sakukubbannipun anak bojo, réncang, ingkang sami nunggil griya, sarta ingkang sami dados karéréhan inggih karêksa wilujengngipun déné sambékalannipun:

  1. Bilih ngantos kirang nedha.
  2. Bilih ngantos kirang sandhang.
  3. Bilih ngantos kirang kawratten pandamellan.
  4. Bilih ngantos kirang sami pasulayan.
  5. Bilih ngantos kirang ngelu mules tuwin suker sakit. 

Sadaya wau inggih gadhah wewengkon kajibah mranata prayoginnipun sarta mikir wilujengngipun.

Sambé kala gangsal baba ing nginggil punika wau, sami-sami ingkang pakéwed piyambak pamikirripun namung bab pasulayan, bilih bab kirangnging tedha cekap dipun tuwukki tedha, kirangnging sandhang cekap dipun jangkeppi panganggé, awratting pandamellan cekap kasuda sasagénnipun bilih suker sakit cekap dipun jampénni, sarta kau[18]pakara. Sarêng pasulayan kedah kasapih utawi karukunnaken nanging panyapihipun punika boten gampil awit boten kénging dipun badagal: kowé padha rukunna, déréng tamtu saged mendha sarta miturut sami narimahipun awit saking punika dados kedah saged ngempakkaken tembung pamiluta kanthi kaluhurranning budi makaten:

Sarupanné wewengkonku sanadyan anak bojo utawa sanak sadulur, apa déné batur kang padha pasulayan aku takon sabenerré, sarta anjaluk leganning pamikirmu, enggonmu padha mélu aku iku satemenné apa kanthi katresnanning atimu marang aku, apa ora. Yén kowé pancén padha duwé welas sarta nimbangngi katresnanku marang kowé, bok iya padha koturutti kang dadi panjalukku marang kowé, yaiku kowé aja padha pasulayan karo kancamu  sakukubbaku. Amarga aku mélu ngrasakaké susah, susahé kapriyé, déné duwé batih nganti padha pasulayan katon temen enggonné padha ora kapardi marang kalakuwan becik, apa nganti kurang mangan apa kurang  nyandhang, apa kabotten pagawéyan sarta yén ngelu mules apa ora dipikir kang dadi tamba[19]nné. Lah pocappan iku kang andadékkaké susahing pikirku, aku rumasa isin banget, karo déné manéh konca nunggal pasuwitan iku rak wis prasast sadulur, saru banget dinulu yén ngantiya pasulayan, déné kang luput wajib ngalah, kang bener wajib ngapura, dadi prayoga banget manawa kowé padha ora gelem tak purih rukun nélakaké kowé ora duwé katresnan marang aku, mongka aku tresna banget marang kowé, tak rêngkuh kaya déné kulit daging, kabangetten ta yén kowe padha ora gelem anggugu ujarku.

Kandha iku padha rungokna sarta rasakna, supaya kowé padha dadi  wong kang landhep ing budi. Wusana aja padha dadi atimu.

Lah samanten awrattipun tiyang dipun ngéngérri, mila boten énthéng sarta boten gampil tiyang ingkang sumedya madeg kamanungsannipun.

KARÊP INGKANG LEBET

Karêp ingkang lebet punika perlunnipun supados saged ombé tumindakking ngagesang. Upami tiyang lumampah sawarni [20] ambabaddi rurungguttan ingkang wonten ing margi, supados saged tata  tuwin sakéca lampahipun boten rêsah sarta  boten tumpang suh.

Para manungsa gadhah kakajengngan ingkang lebet amargi gadhah panginten gesangngipun taksih sawatawis mongsa. Kakajengngan wau sampun kanthi pamikir, inggih punika nyalangngi utawi rumeksa lalampahan ingkang badhé kalampahan, kadosta: ing wanci mangké sakedhap engkas manungsa badhé gadhah kajeng punapa, bénjing énjing badhé gadhah kajeng punapa, makaten slajengngipun ngantos dumugi ing kawusanan punika dipun sadhiyanni sarana ingkang kénging kanggé tumindak, déné sarana ingkang prigel saget ing wekdal punika namung arta. Sadaya wau kedah kaangkah pakatukkipun mila prayogi sanget saupami manungsa purun ngaurraken mikir kakajengngannipun ingkang badhé dipun lampahi ing sawanci-wanci, supados sampun ngantos manggih kalepattan ing wingking utawi kainan.

Tiyang ingkang nglampahi pakenning  piwulang kalayan neteppi punika pancén awrat sayektos, sabab anglampahi ingkang  dédé kajengngipun  piyambak, sanadyan rêkaossa [21] bilih nglampahi pamanggihipun piyambak inggih boten kaawrattaken makaten wau sampun  dados adat kalimprahannipun manungsa, nanging kalimprahannipun tiyang ingkang namung nganggé karêppipun  walaka, mangké samongsa tindakkipun sampun kalampahan lepat sarta sampun nyata damel kapitunnan ingkang sinandhang, ing ngriku manungsa saweg purun nganggé kakajengngan ingkang mawi pamikir, inggih punika kakajengngan ingkang lebet, dados kakajengngan ingkang lebet punika nyalangngi utawi mékanni lalampahan ingkang badhé kadadossan ing wingking. Menggah sageddipun gadhah pamikir ingkang lebet mendhet pipirittan saking ingkang sampun kalampahan punika dados wawakonning sedya, upaminnipun: ingkang sampun kalampahan kala wingi manungsa mara tamu angsal senggah mawi pirantos saé, ing ngriku lajeng gadhah kajeng sadhiya pirantos ingkang saé, bok manawi sanés dinten gentos katamuwan dados saged nimbangngi pakurmattanning liyan supados sampun ngantos manggih kuciwa ing cara. Utawi malih manungsa sasaged saged prayogi sadhiya sandhangngan pamérrab bok manawi liya dinten tampi ulem anjagong, sampun ngantos rêkaos pados panganggé dadakkan, awit ingkang sampun kala[22]mpahan wonten cara ulem-ulemman, makaten sapituruttipun mikir kakajengngan ingkang lebet.

KARÊP INGKANG AGENG

Karêp ingkang ageng punika karêp ingkang peng-pengngan saget sadhéngah kasageddan tuwin kagunan ingkang kasar ingkang alus sami kasinau sarta dipun gugulang sadaya, supados sagedda nglampahi sarta mendhet pigunannipun, samubarang  boten narimah sakedhik papan kedah wiyar, griya kedah ageng sarta kathah, panganggé kedah rangkep-rangkep sarta warni-warni,pirantos kedah pepak sarta mawi andhungngan, boten wegah ngadanni damel baita kanggé nyambut damel lalayarran ngambah ing saganten malah ngangkah  pamedal ingkang saking pituwassing perang. Tékaddipun tiyang ageng kajengngipun kénging winastan amung warni kalih: mukti kaliyan mati. Bilih gadhah sedya ingkang sampun cumithak boten kénging kaundurraken, sanadyan awratta meksa kaangkat, tebih meksa kaungkih. Boten watak mingkuh dhateng pakéwuh. Boten  rêmen ngayom malah kapéngin dados pangaubban, wujuddipun bilih tumrap tiyang dagang inggih para nangkoda, bilih tani inggih [23] ingkang ambubak wana, bilih praja inggih ingkang ngeblakkaken korinning pamagangngan lirripun: nampénni sakathahing tiyang ingkang sumedya rumagang ing damellipun nagari. Punika  prasasat anjembarri papan pasabanning sandhang tedha, lah makaten ingkang kapéngin dados pangaubban.

KARÊP INGKANG KANTHI BUDI

Karêp ingkang kanthi budi punika sampun saringngan rêsik samubarang ingkang badhé kalampahan sampun mawi karampungngan sampurna, tegessipun: jangkep, wiwit lampahipun dumugi kadadosannipun sampun kaliling dénning budi, ngibarat kados déné tiyang dadamel lan ingkang ingkang sampun sarwa mirantos saranannipun sarta kanthi kawruh kalayan sah. Punika prasasat sampun sumerêp sadéréngipun kalampahan, tiyang ulah budi méh kénging winastan wicaksana, amargi kaconggah ngraossaken prakawis ingkang lebet ingkang rungsit-rungsit ingkang lembat-lembat sarta  ingkang alus-alus, kadosta: ngraossaken kawontennannipun umur ing sadinten-dintennipun ingkang lerês suda punapa mindhak, upami suda déné mewah [24] étangngipun, upami mindhak  déné malah saya telas, upami malih saged ngraossaken ing sesemén, kadosta: thukullipun rumput, sebab punapa boten kamirêng, mongka thukul punika inggih sabawa, tondha yektinnipun sakawit punthes dangu-dangu modot saya panjang-saya panjang, saéstunnipun budi saged mratélakaken, makaten malih ngraossaken gesangnging manungsa sawekassan lajeng pejah, punika nalarripun kados pundi. Mongka sok sumerêppa wekassannipun inggih kedah sumerêp purwannipun, kadosta: tiyang ingkang wekassannipun ngundhuh pisang, purwannipun inggih saking nanem pisang. Déné wonten tiyang ngundhuh pisang tanpa nanem utawi nanem tanpa ngundhuh, punika sampun tamtu wonten nalarripun lintu ing pituwas, upaminnipun: tiyang tumbas pisang, punika tanpa nanem nanging kécallan  panumbas minongka lintunning pananem awit ing donya wenang urup-uruppan ing pangaji.

Prakawis punika botossipun boten cekap namung karaossaken sarana pamikir, kedah  katanggappan budi ingkang premati. Déné ingkang kasinungan budi premati punika para linangkung utawi para pandhita. Tegessipun: manungsa ing[25]kang sampun angsal sorot saking  gaibbing Pangéran, dados nerangngaken andhokking suraos punika boten gampil kedah mawi dipun padossi wos-wossipun langkung malih nerangaken  yektinning kawruh sarana butassing budi, sarta saged nyundhukkaken raos kaliyan ingkang dipun sukanni katerangngan saéstu lilimengngan, kados déné limrahipun tiyang sajagad sami nganggep wontennipun Pangéran punika gaibbing gaib ingkang dumunung wonten satelengnging budi. Inggih punika pathinning tékad ingkang kinarukup sakathahing kakajengngan samongsa sadaya kakajengngan ingkang rinasuk sampun sami sumilak telengnging budi lajeng kawang-wang lilimputtannipun kaliyan sajatinning gaib, terangngipun makaten: gaib tegessipun: boten katingal utawi kekerran, sajatinning gaib tegessipun: katingalling barang ingkang winados, ingkang kawawa mawang namung pranawanning budi. Dados manungsa kedah gadhah panganggep ingkang mawi tondha yekti, supados kénging kanggé gondellan tumrap pamarsudinning kawruh jati. Menggah pangungakking kajatén ungup-unguppipun kados ing ngandhap punika.

[26]CARIYOSSIPUN TIYANG WIGNYA

Ingdonya sampun boten wonten kawruh malih ingkang mapakki saé saha werittipun kados kawruh sajati. Inggih punika kawruhing ngatassipun Pangéran awit Pangéran  punika Dat tegessipun: barang ingkang wujut namung wontennipun alus sanget boten wonten kaalusan malih ingkang nyaménni punika, saking alussipun ngantos binasakaken: Pangéran iku katon datan kasar mata. Dados manawi namung awassing mripat kémawon taksih nyamut-nyamut sanget boten paja-paja sumerêp dhateng Datting Pangéran, éwa makaten raossing manungsa saged pramana dhateng prakawis punika. Mila Datting Pangéran  utawi gesang winastan barang ingkang alus tegessipun boten wonten ijén-ijénnipun kados barang lembat kadosta: toya, angin tuwin wawangi, punika taksih wonten ijén-ijénnipun inggih punika pérangngan ingkang  sakalangkung dénning alit sanget déné barang alus sampun boten  kénging pinérang malih.

Awit saking tetep kawontennannipun Pangéran punika gesang, sarta wontennipun pancén sajati, kalampahan ing [27]donnya tuwuh pinten-pinten gogolongngan sami nganggep wontennipun Pangéran punika gesang, saking kuwasannipun temah anggesangngi sadhéngah kumelip.

Panganggep pinten-pinten golongngan wau wraja boten saged ambaékaken, amargi ugerripun ingkang sami kanggé landhesan wontennipun Pangéran punika kamanah kawruh ingkang sajati. Mila wraja inggih boten munasika tumrap tetepping wasita, malah kapilahaken, kawruh kabatossan béda kaliyan kalahirran.

Wondéné panggayuh kasampurnanning kawruh sajati punika dédé prakawis ingkang gampil jalarran kedah ngudi dhateng panunggal, menggah kalampahannipun dumugi ing panunggal boten wonten margi liyannipun malih kajawi nyantosakaken ambek utami. Dados manawi tiyang déréng saged anglampahi  utami, inggih  taksih tangéh méngéh sageddipun dumugi ing panunggal, mongka mabeg utami punika ing lairripun méh kénging dipun wastanni: dédé pangangkahipun  tiyang gesang ingkang limrah wonten ing donnya, tegessipun: sampun titis dhateng prakawis raja brana. Supados saged nguwallaken se[28]dya ingkang ngombra ombra tumrap kaléntunning lampah.

Ambek utami pancén sakalangkung  dénning awrat, marginning utami saking saé, marginning saé saking lerês, mongka nglampahi lerês kémawon awis ingkang kaconggah, punika ingkang neteppaken awrat lampahing kautaman, pethikkannipun sakedhik makaten:

Tiyang ngawon punika sampun genah utami, sabab ingkang menang ngraossaken bingah, manawi ingkang ngawon ngraossaken sisah, punika jugar kautaménnipun, mongka utaminnipun kedah ngraossaken bingah sadaya, ingkang menang bingah, déné ngukup donnya pangalembana sasaminnipun, ingkang ngawon inggih bingah, déné ngukup kaluhurran panarimah, sasaminnipun,lah samanten pethannipun tiyang anggayuh panunggal, dados ngudi sajatinning kawruh punika pancén dédé suwadossipun ingkang saged dumugi tétéla tiyang ingkang kawahyon.

CARAKANNING PAMALENG

Wonten malih carakanning pameleng tumrap lampah marginning panunggal punika kedah medal saking pamengkuh. Tegessipun: panganggep ingkang santosa. Mongka adeggipun panganggep punika kada[29]dossan saking lampah  kalih prakawis:

  1. Lali, tegessipun: pasrah, ingkang suraossipun neteppaken lerês.
  2. Darana, tegessipun: saronta, inggih punika saréh sarta lembah manah.

Dados manawi manungsa sampun saged anglampahi lila sarta darana, punika saweg ngadeg panganggeppipun, tetepping panggep dados lampah ingkang saged andumugékaken ing panunggal, samangke kantun angrucat sarta angginem namanning panganggep, kados pundi terangngipun déné kempalling lila lan darana lajeng jumeneng dados  panganggep, mongka lila punika neteppaken lerês darana punika saréh sarta lembah manah. Dados tegessipun: kedah saged ngempallaken lerês kaliyan saréh. Sapunika prayogi  nyumerêppi  watakkipun budi lerês sarta watakkipun budi saréh. Paginemmipun makaten:

Badhangnging saréh badhé mahannani sajatinning lerês punapa bandhangnging lerêbadhé saged mahananni sajatinning sarêh. Punika awrat sanget pangulahipun, mongka sok saréh amengku larês nanging lerê punapa saged mengku saréh. Ingkang makaten punika sawarni cangkrimman bilih manungsa déréng  saged nganjingngaken saréh dhateng lerês utawi lerês dhateng saréh, pu[30]nika déréng jumemeng panganggeppipun temah jugar sedyanning panunggal, pangginemmipun raos ingkang makaten punika bebahannipun para sarjana utawi para linangkungnging budi, punika prayogi dados sulangnging piwulang, supados neteppaken ing panggep,

Menggah kasembadanningpanggayuh, ing ngriki wonten wasitannipun  para linangkung ing jaman kina, pépéngettipun makaten: mugi sampun ngantos kalempit ing panampi, prakawis lampah sampun dinalih prakawis kawruh. Ingkang sampun kawedhar kerêp seling serêp kawruh kacarub kaliyan lampah, sayektossipun silah. Iki kawruhé. Iki lakunné. Wonten ugi prakwis lampah, nanging lajeng nama kawruh lampah, sampun ngantos lampah dipun sembah-sembah kaanggep kawruh, punika raossipun ngongassaken lampah. Manawi makaten badhé ngoruppaken ing ngatassipun panggayuh. Dédé wawarah ing panggayuh wau kados ing ngandhap punika.

WAWARH ING PANGGAYUH

Kacariyos badannipun manungsa wonten cupunnipun alus ti[31]tiga, tumunung ing tengah, ing kanan tuwin ing kéring, punika dados tukking darajat.

  1. Drajatting kapandhitan manggén ing tengah, meleng dhateng panunggal.
  2. Drajatting prawiran manggén ing tengen ([1]) meleng dhateng kasantosan.
  3. Drajatting kawiryan manggén ing kiwa, ([2]) meleng dhateng kawibawan.

Pinangkannipun saking eneng ening. Eneng kéndelling tutuk, ening kéndelling manah. Dumunung wonten ing pamidikkan utawi palemparran inggih punika papan ingkang pinilih, ngulattaken lampahing napas ingkang kirang jujur, lajeng kajejerraken saking tuntunnanning cipta, supados manggén ing enerripun sampngsa sampun saged keng-keng saweg kénging  kanggé nyorog wenganning cupu ingkang dados tukking darajat titiga wau, utawi kénging kapesattaken manginggil ([3]) ambuka naronthongnging budi dados wicaksana.

[32]PAMENGKUH. (PANGANGGEP)

Manungsa kedah nganggep wontennipun cipta, rasa, tuwin jiwa. Menggah sulangnging panggep kapratélakaken kados ing ngandhap punika.

1. CIPTA

 

Cipta = sir.                                                                     |
Duwé cipta = gadhah sir.                                            |
Séjé cipta = sanés sir.                                                  |
Kaselan cipta = kaselan sir.                                        |              Pamuja.
Landhepping cipta = landhepping sir.                     |
Dadi saciptanné = dados sasirripun.                       |
Kang cinipta teka = ingkang dipun sir dhateng.    |

Upami barang dandossan cipta punika embannipun rasa, rasa embanning jiwa, nanging sajatossipun raga, cipta, rasa, punika kalimputtan dénning jiwa, inggih punika gesang. Wondéné cipta wau pakartinning manah ingkang alus sanget tumadangngipun saking nglebet ngantos boten kawistara. Santerring cipta sage[33]d mujuddaken pamuja. Jaman rumiyin kathah para manungsa ingkang sami dados pamujannipun kadosta: muja laku, muja toya, muja teken dados sawer, tuwin muja tiyang éstri. Tegessipun: kabudi saking kabatossan kanthi pamanthengnging cipta, inggih punika tansah kaesir ngantos cumithakking panon temah kawawa narik ingkang kapuja dhateng piyambak, cipta saged nampénni sawarninning kawruh ingkang tinanggappan dénning poncadriya, sarta saged nerangngaken kawruh ingkang pagepokkan pangambet pangenyam pamirêng, tuwin paningal linta-lintunning poncadriya kawasésa dénning cipta. Sanadyan dumunung ing tebih ingkang boten  lumebet dhateng palawangnganning poncadriya, kadosta: ingkang dumunung sajawinning wewengkon ugi kénging kapetha saking raossing cipta ingkang umesat, déné tétéssipun samongsa pepethan wau sampun dumados kembar kaliyan  angganning manungsa ingkang wonten salebetting wewengkon jer wontennipun wewengkon jawi lebet saki kémawon, makaten santosanning cipta ingkang minongka pralambang. Wekassan babarring cipta dados wiwaranning pariwara ingkang cocog kaliyan kahanannipun sarta tétés kaliyan nyatannipun.

[34]2. RASA

Rasa punika sarinning cipta, saya langkung dénning alus, lumarappipun sumebar sarta landhep saget bilih kapusthi kawawa anggubah raossipun tiyang sajagad temaha roroncén sami gagancangngan raos ing ngriki saged dumugi sapinten tebihipun pukassanning raos ing ngrika. Upaminnipun: ing ngriki bentér ing ngrika  ugi saged kadadossan bentér, bilih ing ngriki asrep ing ngrika inggih asrep punapa déné bilih ing ngriki gandrung, ing ngrika ugi kayungyun dados kényut ing ngriki saged  andadossaken kumenyutting ngrika. Pancerringraos kawawa nyarambahi sakathahing panadhang. Kadosta: tumrapping sato tuwin manungsa, sanadyan nandhang punapa  kémawon tamtu raossipun ingkang kajibah nyanggi, amargi kapandukkan rasa ingkang kapusthi wau. Déné pupulling raos kawawa ngukud jagad lirripun: tumindakking samubarang jalarran wonten raossipun ingkang sumarambah. Sakathahing tutuwuhan bilih tanpa raos saéstu boten saged semi. Makaten babarring raos ingkang sumebar.

3. JIWA

Jiwa, tegessipun: nyawa, sukma utawi gesang. Punika tukking wiji ingkang mahananni murninning mani. Inggih punika wiji gesangnging cipta rasa, kawawa mujuddaken kasangkeppan upakartinning gesang. Upaminnipun wiji bonggol pisang, diwasannipun dados ron papah, tuntut sarta woh, tuwin liyan-liyannipun, makaten kadadossannipun wiji jiwa.

Wonten sawenéhing pamanggih, jiwa punika kawontennannipun langgeng. Tegessipun: boten risak, tumrapping Pangéran kaupamékaken kados déné latu kaliyan urubbipun latu minongka Pangéran urubbipun minongka jiwa. Wiwit sumorot jiwa tansah majeng tumandang ngudi kasampurnannipun ngantos pinten-pinten yuta taun dumugi sasirêppipun saweg sampurna.

Satengngahing pamanggih, anyondhongngi dhateng pamanggih ing nginggil punika, bilih kawontenannipun jiwa punika langgeng.tegessipun: boten éwah gingsir. Nanging boten  tumandang ngudi kasampurnannipun, awit pancén sampun sampurna. Tumrapping Pangéran kaliyan jiwa tansah gesang dados satunggal, [36] manawi manungsa kaliyan Pangéran kaupamékaken kawula Gusti sampun mémper, seksinnipun para Nabi. Déné manawi Pangéran kaupamékaken latu murub jiwa kaupamékaken sorottipun punika kados déréng anyéplessi. Sabab saben sorot punika  ébah, urubbipun inggih ébah. Saben jiwa punika tumandang, Pangérannipun  inggih tumandang. Samubarang ingkang tumadang punika ébah, sok ébaha inggih éwah, sok éwaha inggih badhé nemahi risak, dados boten saged  neteppi kados tegessipun langgeng tanpa éwah gingsir.

Sajatossipun ingkang tumadang punika kawulannipun inggih punika: raga, cipta, tuwin rasa, jalarran kaprabawan saking kuwasanning sukma. Déné Pangéran  langgeng boten barang-barang. Mila ingkang kajibah ngraossaken mulya tuwin sangsara inggih namung dumunung wonten ing kawula. Makaten gotékkipun  para ingkang sami marsudi kawruh jati, wusana kedah sumarambah sadhérék kathah, ngéngetti babasan: sapandhita samapanemu.

Wonten malih satengah kaol jiwa punika kawujud dipun wastanni: sipat, mongka wujud punika Dat tegessipun: [37] ana. Ana punika sayektossipun: kanggé nembungngaken barang ingkang ana, manawi ana kaéwokaken sipat ora ana inggih sipat , kados punapa wujuddipun si ora ana, wujuddipun ora ana. Punika boten limrah, limrahipun ara ana punika  boten wujud, mila nalusur suraossing kawruh punika boten gampil kedah buntas dhateng ulahing basa, awit  ing ngriku palawangnganning katerangngan ingkang ambolongngaken ing panampi, tétélannipun jiwa punika namanning barang ingkang gesang, kuwasa mahananni samubarang, wiwit babar dumugi bibar.

TETEPPIPUN PANUNGGAL

Panunggal punika barang kalih dados satunggal déné wujuddipun barang kakalih wau, 1. Sukma; 2. Raga. Punika nunggil padunungan dados sawiji. Mongka raga kaliyan sukma wau tebih sanget darajattipun  sarta béda sanget kahanannipun, sukma barang alus raga barang wadhag, sukma suci, raga rêget, sukma mulya, raga sangsara. Sukma kuwasa, raga apes, sukma gesang, raga pejah, nanging nalika raga kadayan déning sukma  sawarni gesang [38] piyambak sarta mémper wawagunnipun mila winastan: kawula gusti. Sukma gustinnipun raga kawulannipun nanging sami tetep tineteppan jumenengngipun sukma dados gusti, kateteppaken dénning raga, makaten ugi raga, dadossipun kawula kaaken dénning sukma. Babasannipun : sijinning ngaloro, loronning ngatunggal.

Saréhning sakalih kalihipun sami kaulah dénning budi, dados budi tansah mobat-mabit amargi ngladossi  barang kalih ingkang  tebih sanget darajattipun mongka kaangkah panunggallipun supados saréng majengngipun sarta sami empannipun makaten pakartinning budi anggVnnipun nedya nunggillaken kawula gusti. Awit budi ingkang winenangngaken masésa tumindakking manungsa gesang dumugi pejahipun.

Prakawis nunggillaken jiwa raga, punika pipindhannipun kados déné tiyang damel suwasa, babadhénnipun kancana kaliyan dembaga, dados kedah kalebur rumiyin, menggah pangleburripun sarana nucénni rêrêgedding angga, inggih punika nyirnakaken mamalanning sarira, déné wawatonnipun  santosanning karsa, siyang dalu anggung manungku cipta, ingkang kaésthi boten liyan namung [39] mawang kahananning sukma. Ngantos kasupén dhateng tatacaranning ngagesang, banterring pangésthi temah sirna rasa rumasannipun sampun boten wonten kawula gusti, kantun madeg sajatinning manungsa namung sawiji jiwa, pamorring dembaga  kaliyan kancana mancorong dados suwasa mulya, ingkang makaten punika saéstu punjulling ngapapak kénging winastan : janma mustakanning jagad pipindhannipun kados Sang Rama Wijaya, kasebut  dados bapa babunning bawana.

Ing jaman purwa kathah kémawon para manungsa ingkang kombul darajattipun saking pamanthengnging cipta, temah katarimah sami dados jawata ing suranadi, inggih punika manungsa ingkang linangkung budinnipun, pamorring raga lan sukma dados maya-maya boten katingan kuwadhaggannipun, lah makaten ingkang tetep nama nunggal kahanan, ya gusti ya kawula, ya kawula ya gusti.

Sasampunnipun makaten kahanannipun manungsa lajeng kuwasa manukma sakajengngipun sabab saking nembadanni hardanning karsa, temah dados wangsul ulah panggesangngan, lirripun: taksih rêmen gesang klanthi seneng wonten  ing donya, nedya mangun éca tuwin sakéca sasaminnipun, punika kedah énget sanadyan sa[40]mpun jumeneng manungsa ingkang linangkung. Lirripun: sampun boten kacuwan punapa sakarsannipun sami kasembadan, nanging saréhning taksih purun wangsul ngraossaken kados limrahing manungsa, inggih punika kapéngin unggul kapéngin luhur, kapéngin mukti wibawa, sasaminnipun, kados sadaya ingkang dipun lampahi badhé wonten wawangennipun bibar. Awit sakthahing kahanan tampu wonten titimbangngannipun, unggul  kaliyan kalindhih, luhur kaliyan asor, mukti wibawa kaliyan kacingkrangngan makaten sapituruttipun.

Dhuh ingkang ingkang makaten kados pundi, déné tiyang anggayuh panunggal teka taksih nglampahi sengsara malih.

Mugi kauninganna, panunggal ingkang kasampurnakaken punika lajeng rampung. Sampun boten nadhang kasangsaran kantun lulus dumunung wonten ing kamulyan, sarêng ingkang sampun kasembadan  panunggallipun mongka taksih nedya mekarraken kamurkan wonten  ing donya, sampun tamtu nandhang kados limrahipun tiyang walaka. Déné bédannipun bilih tiyang linangkung jinurung sakajengngipun, bilih tiyang limrah samongsa gadhah kajeng tansah mubeng, teteppipun kados lampahing nyakra manggilingngan.

[41]Menggah kasampurnanning panunggal punika samongsa sampun sami mantuk dhateng asallipun piyambak-piyambak ingkang kawasitakaken: raga, wangsul dhateng siti, jalarran pralaya, cipta, wangsul dhateng tirta prawita suci, jalarran menep manjing dhateng kaweningngannipun, rasa, wangsul dhateng kokosottanning akasa, jalarran ngirup pencarring rasa sami pupul dhumateng tukkipun, jiwa, wangsul dhateng wiji sawiji murninning mani, jalarran sampun maligi boten kamomorran, sadaya wau wangsul dhateng santosanning daya, déné ingkang kagungngan daya: Pangéran Ingkang Maha Kuwasa.

Ingkang makaten punika, pakartinning budi boten liya kaulah saking luhurring pambekkan ing nalika gesang wonten ing donya. Santosanning tékad mejahi sakalir-kalir, lah samanten rungsitting panggayuh tumrap kasampurnanning ngagesang.

PANGRUWAT RUWETTING LALAMPAHAN

Manawi manungsa sampun sami gadhah panggep dhateng sulangnging piwulang ingkang sampun kawedar, sarta purun anglenggahi darajattipun pi[42]yambak-piyambak lirripun: drajat ngriki boten nyangkut drajat ngrika, drajat nginggil boten nyangkut drajat ngandhap dados boten songkat-sangkuttan ing darajat kados-kados wudar bubundhellannipun inggih punika pangruwat ruwetting lampahan anuwuhaken bagya raharja dumugi ing wusana.

titi

————————————–

[1] Pangésthi, (tegennaken)
[2] Panepi, (dipun kiwakaken)
[3] Nginggahaken panggayuh.

SERAT CINGKARA DEWA


SERAT CINGKARA DÉWA

Jarwa sarta sekar macapat
Anyariyosaken piwulangipun Papatih Raja Sukatha,
dhumaten Ratunipun Sanghyang Cingkaradéwa
ing Giling Wesi, inggih punika anjumbuhaken
dhateng kawruh raos ingkang ugi winastan
kasampurnaning ngagesang.

saha :

Anerangaken lampah gangsal prakawis puja brata,
Tapa brata, lampahing badan (raga) manah,
(poncadriya)  tuwin jiwa,
sarta lampahing praja.

Mawi rinengga ing gambaripun : Sang Sri Bathara Wisnu.

 

1e DRUK

1925

ALGEMEENE JAVAANCHE BOEKHANDEL
“TRIMOERTIE”
TAMBAKSEGARAN – SOLO.

Kasalin saking aksara Jawa
Ing aksara latin

dening :
Mas Kumitir

Sidoarjo, 20 Agustus 2017

ѺѺѺ

[1] Punika cariyosipun nalika, Hyang Cingkara déwa badhé jumeneng natha binathara wonten ing nagari. Giling Wesi, dipun aturi déning Patihipun nama : Patih Raja Sukatha, kados ing ngandhap punika :

  1. Paduka kedah angngabekti ing jawatha, tegesipun anyirnakna pakartining poncadriya. Ingkang dipun wastani poncadriya punika, bangsanipun napsu, kadosta. Cengil, éwan, panastén kemérén dahwén kumingsun, sengit, cekak, rupak, lan sasaménipun, bongsa kinten-kinten punika kedah boten katandukaken ing budaya.
  2. Paduka kedah ajrih ing rathu, ingkang dipun wastani rathu punika, ati. Ati punika rathuning badan, kalampahanipun, tata, titi, teteg, ngatiyati. Dados anggénipun ngasta pangadilan makaten wau, badhe kaendel ing ngakathah, wekasan dipun ajrihi ing sasami[2]nipun tumitah.
  3. Paduka kedah angngidhep ing ngibu rama, tegesipun anucéni roh. Kalampahanipun, eneng, ening. Awas, éling. Angicalaken sakathahing hawa nepsu, anggawontenaken murah lan asih. Ingkang maten wau saéstu badhé kinédhepan ing sesaminipun.
  4. Paduka kedah mituhu angger ugering guru, tegesipun raos, kalampahanipun wanuh. Wani. Uninga. Angicalaken pakartining pangraos, ingkang makaten wau, saéstu badhé pinituhu dhateng ing sasamining manungsa.
  5. Paduka kedah asih ing manungsa, supados kinasihan ing jawatha, saéstu lajeng pinaringan pangkat, dados natha binathara.

Déné kalampahanipun sadaya wau, sami saking tapa brata, utawi puja montra, déné ingkang dipun wastani tapa brata wau, gangsal prakawis kados ing ngadhap punika :

  1. Angngirangi dhahar, sarananipun panarimah, senanjan cegaha dhahar, yén boten narimah sawontenipun inggih [3] gagar.
  2. Anyuda saré, ingkang pinandeng énget, sanadyan nyuda saré, yén sinupé-supé, katrangipun nyuda saré punika makaten manawi sampun ambaliyut sampun ngantos koyup dhateng pakartining ambaliyut.
  3. Angngawissana sanggama, sarananipun, rila, pakartining nyuda sanggama, makaten, yén lajeng, sampun ngantos kalajeng kaajakka ambujeng rahayu.
  4. Angngampeta pangandika, tegesipun, panggagas, inggih punika pangandika ingkang tanpa damel, kalampahanipun saking santosa. Sanajan boten ngandika , yén taksih mengku karsa, inggih sandéya.
  5. Angngicalna duka cipta, sarananipun saking martha, tegesipun marta, angngresepi ingkang sami suméwa, sanajan boten duga cipta, manawi kirang marta, inggih boten widada.

Amratélakaken lampah kawan prakawis kados ing ngandhap punika :

  1. [4] Lampahing badan, yén kataman coba. Kedhah angésthiya, trima. Temen.
  2. Lampahing manah, yén kataman panguwah, kedhah angésthiya, rila. Legawa.
  3. Lambahing jiwa, saréhning jiwa punika sampun alus tuwin sukci, kedah angésthiya, ngandel, kumandel.
  4. Lampahing rahsa, saréhning rahsa punika sampun mulya, kedhah angésthiya, awas, émut.

Menggah lampahanipun ing ngagesang punika, saéstu mawi kadunungan suka, tuwin sungkawa, punapa déné bekja, tuwin cilaka, wondéning ingkang dipun wastani ageng-agengnging kabekjan punika, kawan prakawis, kados ing ngandhap punika :

  1. Gunawan, tegesipun, kalantipan.
  2. Wiryawan, kaluhuran.
  3. Hartawan, kasugihan.
  4. Barayan, sugih putra.

Kasebut kawan prakawis wau, sampun tampu, tétéla, da[5]dos panggayuh golongnganing ngagesang, punapa malih sadaya, botenipun sageda kalampahan ing salah satunggal, éwa semanten kathah ingkang boten kalampahan, jalaran boten kuwawi ananggulang pakartining ponca wisaya, mongka punika dadossa sepuhing badan, tuwin sesangnglingnging budi, menggah sangitanipun makaten, badhé tumamaning sedya punika, sampun tamtu mawi sangsara, sapira gedhéning sangsara, dadi dalaning nugraha, sangsara mau yén tinampan sajatiné amung dadi coba.

  1. Rogarda, tegesipun sakiting badan.
  2. Sangsalarda, rêkaosing badan.
  3. Wirangharda, sakiting manah.
  4. Cuwarda, rêkaosing manah.
  5. Durgarda, pakrêweding manah.

Menggah gangsal prakawis punika, sarananipun makaten :

  1. [6] Yén kataman sakiting badan, angngésthiya, rila, temen trima, legawa.
  2. Yén ketaman rêkaosing badan,angngéthiya, betah, ngangkah, lembah, memanah.
  3. Yén ketaman sesakiting manah, angngésthiya, tata, titi, teteg, ngatiyati.
  4. Yén kataman rêkaosing manah, angésthiya, eneng, ening, awas, éling.
  5. Yén kataman pakéweding manah, angésthiya, ngandel, netel, kumendel.

Ingandhap punika lampahing ngagesang, wonten : 7 prakawis :

  1. Tapaning badan, anorraga. Jakatipun taberi olah pandamel saé.
  2. Tapaning manah, anarima. Jakatipun angicalaken panginten pandamel awon.
  3. Tapaning nepsu, rila. Jakatipun sabar coba ing bilahi.
  4. Tapaning nyawa, temen. Jakatipun boten dahwén muna[7]sika.
  5. Tapaning rahsa, utama. Jakatipun kandel analongsa.
  6. Tapaning cahya, sukci. Jakatipun ening.
  7. Tapaning atma, awas. Jakatipun émut.

Ing ngandhap punika lampahing badan, wonten 7 prakawis :

  1. Tapaning nétra. Cegah saré, jakatipun lumuh anunggali sawarninipun pamrih.
  2. Tapaning karna. Cegah hawa nepsu, jakatipun lumuh angngingsep tuwin amirêngaken wiraos awon.
  3. Tapanipun grana. Cegah ngunjuk, jakatipun lumuh angisep ingsepan damel awon.
  4. Tapaning lésan, cegah dhahar, jakatipun lumuh ngraosi awoning liyan.
  5. Tapaning ngasta. Cegah nyolong, calimut, jakatipun lumuh angeban marang asta.
  6. Tapaning dakar. Cegah sahuwat, jakatipunlumuh anglampahi bandrék jina.
  7. [8] Tapaning suku. Cegah lumampah, pandamel awon, jakatipun rêmen lumampah istirakattan.

Ingkang dados pangésthining manungsa punika, kathahipun : 7 prakawis kados ing ngandhap punika :

  1. Kasuran, tegesipun kapurunan tuwin kawanteran, pamrihipun kéringan witipun saking kasektén kalampahanipun saking cegah bukti, kadadosanipun saking santosa, nanging ingkang dados sambikalanipun, yén anjejodho, tuwin anganiaya.
  2. Kagunan, tegesipun kasagedan, pamrihipun kinédhepan, witipun saking puruhita, kalampahanipun saking cegah néndra, kadadosanipun saking  ataberi, nanging ingkang dados sambikalanipun yén lampah rêsah, tuwin sungkanan.
  3. Kabegyan, tegesipun kasugihan, pamrihipun kinalulutan witipun saking anggaot, kadadosanipun saking gemi nastiti, sarta angngati-ati. Nanging ingkang dados sqambikalanipun yén lérwéh sarta [9] angumped.
  4. Kabrayan, tegesipun sugih putra wayah, pamrihipun kopén linamulén, witipun saking sih, kalampahanipun saking ambisu, kadadosanipun saking montra, lan sarana, nanging ingkang dados sambikalanipun yén para sengit an lan sumelangan.
  5. Kasigihyan, tegesipun kaluhuran pamrihipun kajén kinurmatan, witipun saking nastapa, lan téki-téki, kalampahanipun saking puja, lan ngabekti, kadadosanipun saking anorraga, nanging ingkang dados sambikalanipun, yén lomba angkara murka.
  6. Kayuswan, tegesipun panjang yuswanipun, pamrihipun kinandel, witipun saking sadu budi, kalampahanipun saking cegah sahuwat, kadadosanipun saking setya tuhu, nanging ingkang dados sambikalanipun yén dora lan cidra.
  7. Kapidakdan, tegesipun kayuwanan, pamrihipun kinopaman, witipun saking suci, kalampahanipun saking cegah minum, kadadosanipun sang[10]king utami, lan paramarta, nanging ingkang dados sambikalanipun, yénistha, lawan sugih duka.

Sadaya wau kedah mawi empan-papan, empan wau, manawi mongsa dalu, andulutur bukaning kalbu, kabuka saking sarat saréh sarékaning karsa.

Tegesipun, amuriha papan ingkang samun, anyirnakna songga runggi. Songga runggi punika kinten-kintening manah, ingkang tanpa wekasan, wasana ambebawur pamoring Gusthi kawula.

Menggah kasebut mulang nginggil punika bilih dipun lampahi, kaliyan tetep, utawi irib-irib bok manawi saged dhumawah ing kasaénan, tuwin karaharjan, kasarasan, sarwa wilijeng. Thithi tamat.

Kasambet Sekar Sinom Sawatawis.

Rarasing wéni winudhar, dénya arsa yéng tyas mamrih, la[11]kuning sujana tama, linuwihing nguni-yuni, tatarana mrih dadi,ingkarsa mongka  sasepuh, kluhurané ing sedya, raharjeng ngangga binudi, andalejet yayah pangangnglanging praja.

Panggayuh ésthining jlma, pitung prakara punika, inkang rumiyin kasuran, kagunan kang kaping kalih, kabegyan kang kaping tri, kabrayan kaping patipun, kasinggiyan ping lima, ayuswan kanemiréki, kawidadan jangkep ping kacipta sapta.

Wijang-wijangé jinawa, ran kasuran dén tegesi, kakendelan pamrihira, kinéringnganing sasami, saking kasaktén kang wit, cegah bukti lakunipun déné kadadéyanya, saking santosa ing budi, sambékalayya jajodholaniyaya.

Ping kalih aran kagunan liré kapinterana mrih, kinédhepaning sasama, saking anguguru kang wit, lakuné cegah guling, déné kadadéyanipun sing taberi ing karya, sambékalané puniki, yénna laku rusuh,  kesétan sungkanan.

Kaping tri aran kabegyan liré kasugihana mrih, kinalulutaning kathah, saking anggaota kang wit laku nariméng ngati, déné kakdadéyanipun  sing gemi nastityéka, sambékalané puniki, yénna lérwéh lana ngumped darbékira.

Kaping [12] pat aran kabrayan liré sugih wayah siwi, mrih kopén kinemulanan puniku witing saking sih, lakuné mepeta ngling, déné kadadéyanipun, sing montra lan sarana, sambékalané puniki, lamun para sengitan lan sumelangan.

Ping lima ran kasinggihan, liré kaluhurana mrih, kaajén lan kinurmatan wit sing nastapa tétéki, déné lakuniréki, puja lan ngabekti ngéstu, kadadéyané saka, sila krama anoragi, sambékala yén coba angkara murka.

Ping nem mé aran kayuswan, liré panjang yuswanya mrih, kinanadelaning sasama, witing saking sadu budi, laku cegah sarêsmi, déné kadadéyanipun, saking tuhu susetya, sambékalané puniki, yén na laku doracara lawan cidra.

Ping sapta ran kawidadan liré kayuwanana mrih, kinopamaning sasama, pirayaté saking sukci, lakuné cegah warih, minum; dé kadadyanipun iku saking utama, lan para martha ing budi, sambékala yén nistha lan sugih duka.

Nihanta genti wicara, wawarahé sawusing dika, apan manungsa kang bisa, dadya wengkuning sasami,ingkang bisa nglakoni, pangéstu lima kéhipun tinetepan kalawan margawéng tyas tan saka serik, [13] iki liré dunungé paangéstu lima.

Ingkang sapisan sing sapa, manungsa tansah ngabekti, mring Alah kang sipat murah, iku puwarané mesthi, kinabektén sasami, ping ro sapa puniku, ajrih ing rathunira, iku wekassane yakti, kinajrihan wong ngiku maring sasama.

Kang ping telu sing sapa, ngedhep marang yayah bibi, sayekti wekasanira, kinédhepaning sasami, ping pat sing sapa yekti, mituhu marang ing guru, prapténg don katemahan pinituhu mring sasami, kaping lima sing sapa asih sasama.

Kadadéyané sanyata, kinasihan ing sasami, wus jangkep pangéstu lima. Iki ana warah maning, sabdané Sang Maharsi, Poncabratha aranipun, tegesé laku lima, ingkang sapisan winardi, wadhah nyuda mangan ingkang winadhahan,

Iya iku panarima, sanadyan pasa upami, kalamun noranarima, saanané kang binukti, yekti kurang prayogi, wit ing tyas gresah mawelu, kapindho wadhahira, nyegah anyunyuda guling, iya iku éling ingkang  winadhahan,

Nadyan silih datanéndra, lamun sinamur sinambi, mét suka kurang prayoga, karana rêknaning ngati, wéh lalining pangésthi, déné ingkang kaping telu, wadhah nyunyuda sahwat, [14] tata ingkang dén wadhahi, nadyan arang sahwat yén sanggama rêsah.

Bandrék jina sasamanya, sayektiné kurang adi, wit tinggal tata prayoga, kaping pat wadhahiréki, nyunyuda serêng runtik santosa ingkang pinuntu, nadyan sabar darana, yén dahwén sendho nyampahi, tan prayoga wit jroning tyas nemu duka.

Dumadi nora santosa, ping lima wadhahiréki, nyunyuda wijiling sabda, panlongsa kang dén wadhahi. Nadyan bisu tanangling, yé mangsih mengku karsa duka wit tanpa panalongsa, temah tan marta martani, dén nastiti mawas rasaning surasa.

 

— tamat —

 

 

 

SERAT PADHALANGAN RINGGIT PURWA II


SERAT PADHALANGAN
RINGGIT PURWA
II

Oleh
K.G.P.A.A. Mangkunagara VII
Alih aksara dan ringkasan oleh .
Mulyono Sastronaryatmo

Diterbikan kembali seijin PN Balai Pustaka
BP No. 443a
Hak Pengarang dilindungi Undang-Undang

 ———————————————————————————–

 KATA PENGANTAR

Bahagialah kita, bangsa Indonesia, bahwa hampir di setiap daerah di seluruh tanah-air hingga kini masih tersimpan karyakarya sastra lama, yang pada hakekatnya adalah cagar budaya nasional kita. Kesemuanya itu merupakan tuangan pengalaman jiwa bangsa yang dapat dijadikan sumber penelitian bagi pembinaan dan pengembangan kebudayaan dan ilmu di segala bidang.

Karya sastra lama akan dapat memberikan khasanah ilmu pengetahuan yang beraneka macam ragamnya. Dan penggalian karya sastra lama, yang tersebar di daerah-daerah ini, akan menghasilkan ciri-ciri khas kebudayaan daerah, yang meliputi pulaspandangan hidup serta landasan falsafah yang mulia dan tinggi nilainya. Modal semacam itu, yang tersimpan dalam karya-karya sastra daerah, akhirnya akan dapat juga menunjang kekayaan sastra Indonesia pada umumnya.

Pemeliharaan, pembinaan dan penggalian sastra daerah jelas akan besar sekali bantuannya dalam usaha kita untuk membina kebudayaan nasional pada umumnya, dan pengarahan pendidikan pada khususnya.

Saling pengertian antar daerah, yang sangat besar artinya bagi pemeliharaan kerukunan hidup antar suku dan agama, akan dapat tercipta pula, bila sastra-sastra daerah, yang termuat dalam karyakarya sastra lama itu, diterjemahkan atau diungkapkan dalam bahasa Indonesia. Dalam taraf pembangunan bangsa dewasa ini manusia-manusia Indonesia sungguh memerlukan sekali warisan rohaniah yang terkandung dalam sastra-sastra daerah tersebut. Kita yakin bahwa segala sesuatunya yang dapat tergali dari dalamnya tidak hanya akan berguna bagi daerah yang bersangkutan saja, melainkan juga akan dapat bermanfaat bagi seluruh bangsa Indonesia, bahkan lebih dari itu, ia akan dapat menjelma menjadi sumbangan yang khas sifatnya bagi pengembangan sastra Dunia.

Sejalan dan seirama dengan pertimbangan tersebut di atas kami sajikan pada kesempatan ini suatu karya sastra Daerah Jawa yang berasal dari Balai Pustaka, dengan harapan semoga dapat menjadi pengisi dan pelengkap dalam usaha menciptakan minat baca dan apresiasi masyarakat kita terhadap karya sastra, yang masih dirasa sangat terbatas.

Jakarta, 1978

Proyek Penerbitan
Buku Bacaan dan Sastra
Indonesia dan Daerah

  ————————————————————————-

DAFTAR ISI

Halaman

Ringkasan 9

  1. Lampahan Srimahapunggung (Srisadana) 15
  2. Lampahan Bathari Sri Mantuk 23
  3. Lampahan Purwakala (Murwakala) 33

 RINGKASAN

  1. Srimahapunggung (Srisadana) 

Raden Sadana, di dhukuh Medhangagung, dengan dihadap oleh pengasuhnya : kyai buyut Tuwa, kyai empu Cukat, dan kyai Wayungyang, sedang menerima kedatangan kakandanya, Dewi Sri. Berkatalah Dewi Sri, “Duhai, dinda Srisadana, istana Medhangkamulan kutinggalkan, sebab ayahanda Srimahapunggung murka kepadaku, karena menolak kehendak beliau akan mengawinkan aku dengan prabu Pulagra dari kerajaan Medhangkumuwung. Memang sudah menjadi tekadku, tidak akan melayani priya, jika sekiranya tidak sebanding dengan keadaan dinda sendiri”. Seianjutnya juga diberitahukan bahwa prajurit-prajurit dari Medhangkumuwung masih mengejarnya, untuk itu kepada Srisadana diperintahkan untuk bersiap-siap menghadapinya. Musuh yang mengejar Dewi Sri, sesampai di dhukuh Medhangagung, dapat dialahkan oleh Raden Sadana. Dewi Sri juga menyetujui kehendak adiknya untuk bertempat tinggal di hutan Medhangagung. Untuk itu Raden Sadana perlu pergi menemui buyut Sondang di dhukuh Medhanggowong. Pergilah Raden Srisadana diikuti oleh ketiga abdinya, kyai buyut Tuwa, kyai empu Cukat, dan kyai Wayungyang.

Sesampainya di dhukuh Medhanggowong, pesan Dewi Sri disampaikan kepada buyut Sondhang. Ki buyut diharap datang di Medhangagung dengan membawa bekal benih palawija, bibit kelapa, lombok dan terong. Kepada buyut Sondhang, Raden Sadana mengatakan akan melanjutkan perjalanannya menuju ke Medhangtamtu, ke tempat kyai buyut Wangkeng.

Setelah siap semuanya buyut Sondhang berangkat dengan isteri dan segenap buyut-buyut Medhanggpwong, menuju ke Medhangagung.

Dewi Sri menerima kedatangan raden Sadana, yang melaporkan tugas untuk membebaskan ki Wangkeng telah diselesaikan. Buyut Wangkeng dan isterinya pun telah bersama-sama menghadap sang Dewi Sri. Juga buyut Sondhang, isterinya, dan lain-lainnya telah berada di Medhangagung. Para prajurit yang dikalahkan oleh raden Sadana kembali lagi di bawah pimpinan rajanya sendiri, ialah prabu Pulagra. Buyut Wangkeng, buyut Sondhang, dan semua warga dhukuh Medhangagung berusaha mengalahkannya, perang terjadi sangat ramainya. Hyang Narada, memerintahkan kepada hyang Bayu untuk membunuh prabu Pulagra, Terbunuhlah raja Medhangkumuwung. Kepada Dewi Sri, hyang Narada bersabda, “Hai, puteraku Dewi Sri, atas kehendak Hyang Girinata, jika kau menyetujuinya, maukah kau dikawinkan dengan adikmu raden Sadana ?’ Oleh Dewi Sri saran hyang Narada tersebut dengan rendah hati ditolak. Kembalilah para dewa ke kahyangan, bersukacitalah Dewi Sri. 

  1. Bathari Sri Mantak 

Syahdan beberapa negara dilanda malapetaka. Dewa bersabda kepada para raja negara-negara yang tertirnpa kenestapaan bahwa mereka akan dapat terhindar dari bahaya dan menjadi subur rnakmur negaranya, jika dapat membawa bathari Sri. Banyak usaha yang dilakukan oleh mereka. Berkatalah prabu Matswapati kepada para putra, “Hai Seta, Wratsangka, dan Untara, pergilah kalian sekarang juga ke negara Astina. Sampaikanlah permintaanku, agar prabu Kresnadipayana berkenan untuk datang ke Wiratha. Itulah sabda dewa kepadaku, dan jangan lupa membawa Dewi Sri ke Wiratha. Usahakan, jangan sampai tak terlaksana”. Berangkatlah ketiga putra prabu Matswapati ke Astina. Di negara Astina, prabu Kresnadipayana menerima ketiga putra Wiratha. Datang juga di Astina resi Nagatatmala, putra sang Hyang Anantaboga, dari Saptapratala. Berkatalah prabu Kresnadipayana, “Wahai adinda Seta, Wratsangka dan Untara, sampaikanlah pesanku kepada raja Wiratha, segala permintaannya kusanggupi”. Segera baliklah ketiga putra prabu Matswapati ke Wiratha. Adapun resi Nagatatmala dipesan oleh prabu Kresnadipayana, “Hendaknya kau putraku Nagatatmala, mencari Dewi Sri, dan sesudah kaudapati bawalah dia ke negara Wiratha. Aku akan menemui ayahandamu di Saptapratala”. Resi Nagatatmala mundur untuk mencari Dewi Sri, diiringkan oleh ketiga abdinya, Semar, Nalagareng dan Petruk. Pratalaretna, dengan rajanya prabu Darmasara sedang dirundung malang, karena kehadiran Dewi Sri di negara tersebut mengundang kerumitan masalah. Banyak raja yang melamar Dewi Sri. Kalau ditolak, tak lain ancaman yang datang. Pada suatu hari, berkumpullah prabu Darmasara, dengan istrinya, Dewi Darmawati, dan putranya, Dewi Darmarini, serta Dewi Sri. Mereka sedang menerima kedatangan resi Nagatatmala, yang akan memboyong Dewi Sri ke negara Wiratha. Dewi Sri tak berkeberatan untuk diboyong ke negara Wiratha, hanya ada satu permintaannya. Resi Nagatatmala diharap untuk menyampaikan permintaannya tersebut kepada Raden Sadana. Berangkatlah resi Nagatatmala menemui Raden Sadana, segala permintaannya diceritakan, namun oleh Raden Sadana ditolak, sehingga terjadilah perang. Raden Sadana dapat dikalahkan oleh resi Nagatatmala. Kepada Dewi Sri, segala hal ihwal diceritakan, akhirnya resi Nagatatmala diambil putra oleh Dewi Sri. Dewi Darmarini juga diambil putra, keduanya lalu dikawinkan. Bersuka citalah sang prabu Darmasara beserta istri, apalagi musuh yang mengancam negara Pratalaretna sudah dapat dialahkan oleh patih Jayalegawa.

Dewi Sri, dengan diiringi oleh raja Pratalaretna beserta istri berangkat ke negara Wiratha. Resi Nagatatmala melanjutkan perjalanannya ke Astina, untuk memboyong prabu Kresnadipayana.

Di negara Wiratha, prabu Matswapati menerima banyak tamu : Dewi Sri beserta prabu Darmasara dan istrinya, Dewi Darmarini istri resi Nagatatmala, prabu Kresnadipayana, dan juga resi Kanekaputra, yang diutus oleh hyang Girinata. Para putra pun telah menghadap raja.

Berkatalah hyang Narada, “Kaki prabu Matswapati, bahagialah anda beserta seluruh warga negara Wiratha, Dewi Sri telah berada di Wiratha, aku datang kemari, tak lain hanya akan membawa resi Nagatatmala ke kahyangan. Musuh telah mengancam ketenteraman Suralaya. Raja Guwarejeng, prabu Suryakumala, memaksakan diri meminta bidadari Dewi Warsini, untuk diperistri. Hyang Guru tak mengizinkannya”. Sang prabu Matswapati sangat bersuka hati dapat membantu para dewa, direlakanlah resi Nagatatmala ke kahyangan beserita resi Narada, dan Hyang Bayu.

Sepeninggal para dewa, laporan masuk ke istana Wiratha, musuh menyerang. Oleh sang raja diperintahkan segala prajurit menghadapinya. Ternyata prajurit dari negara Guwarejeng tumpas habis, prabu Suryakumala dan Sasradewa mati oleh prabu Kresnadipayana. Sisa prajurit dari Guwarejeng yang masih hidup melarikan diri. Bersukacitalah seluruh istana Wiratha merayakan kemenangan.

  1. Purwakala (Murwakala)

Syahdan bathara Kala merasa tidak puas dengan makanan yang telah diberikan oleh bathara Guru, ialah “lobang-lojo”; lalu mendapat ganti jenis-jenis makanan yang harus disertai diruwat terlebih dahulu, sebanyak 14 macam dan yang tidak disertai diruwat, 8 macam, ialah : 1. Ontang-anting, anak lelaki tunggal, tak bersaudara; 2. Untanganting, anak perempuan tunggal, tak bersaudara; 3. Lumunting, anak yang kelahirannya tanpa ari-ari; 4. Sarimpi, perempuan bersaudara 4 jumlahnya; 5. Saramba, laki-laki bersaudara 4 jumlahnya; 6. Pandhawa, laki-laki bersaudara 5 jumlahnya; 7. Pandhawi, wanita bersaudara 5 jumlahnya; 8. Pandhawa madhangake, lima bersaudara, 4 laki-laki 1 wanita; 9. Pandhawa ipil-ipil, lima bersaudara, perempuan 4, 1 lakilaki; 10. Uger-uger, 2 bersaudara, laki-laki kesemuanya; 11. Kembang sepasang, 2 bersaudara, wanita kesemuanya; 12. Gedhana-gedhini, 2 bersaudara laki-perempuan (lelaki yang tertua); 13. Gedhini-gedhana, 2 bersaudara perempuan-lelaki (perempuan yang tertua); 14. Sendhang angapit pancuran, 3 bersaudara, wanita 2, laki-laki 1 ditengah. Yang tidak disertai diruwat ialah : 1. Jisim lalampah, manusia yang bepergian seorang diri; 2. Bathang ucap-ucap, manusia yang bepergian berdua saja dalam jarak jauh; 3. Gotong mayit; 3 orang bepergian jarak jauh; 4. Orang yang berjalan diwaktu matahari ada di tengahtengah benar; 5. Orang yang merebahkan dandang; 6. Orang yang memecahkan gandhik; 7. Orang yang memecahkan pipisan (alas untuk melumatkan bahan-bahan jamu); 8. Orang yang sedang membangun rumah, dan belum ditempati rumah tersebut sudah roboh. Lajulah Hyang Kala memohon diri, untuk segera mencari mangsanya ke telaga  adirda. Sepeninggal Kala, bathara Guru merasa kesal hatinya, mengingat terlalu banyak jenis-jenis makanan yang diizinkan untuk dimangsa bathara Kala, lalu segera memerintahkan kepada Hyang Narada, untuk memberitakan kepada Hyang Wisnu, supaya mencabut kembali jenis-jenis makanan yang telah direlakan untuk dimakan bathara Kala. Dengan sarana Hyang Wisnu sebagai dhalang, Brama menjadi penabuh gender, dan Hyang Narada menjadi panjak (penabuh gamelan), mereka menuju ke dhukuh Dhadhapan.

Hyang Kala yang sedang berada di talaga Madirda bertemu dengan Hyang Guru, dan diberitahu pula, “Hai Kala, jenis-jenis makanan yang diperuntukkan bagimu harus kau beri tanda dengan badhama. Jika tidak kauberi tanda kuanggap sebagai anak dewa, dan lagi pula, jika kau bertemu dengan seseorang yang dapat menguraikan keadaan jasmaniahmu, akuilah dia sebagai ayahmu”. Segala perintah Guru akan diturut oleh Bathara Kala, dan segera pergilah hyang Guru.

Tersebutlah kyai buyut Wangkeng, dari dukuh Medhangkamulan, yang mempunyai anak perempuan, bernama Rara Pripen. Suaminya bernama  buyut Kaduwal. Kepada buyut Wangkeng Rara Pripen minta, agar diceraikan dari suaminya. Tetapi setelah dijelaskan oleh bapaknya, Rara Pripen menurut, dengan syarat dapat didatangkan pertunjukan wayang kulit. Buyut Kaduwal diperintahkan oleh mertuanya untuk pergi ke dukuh Dhadhapan, mencari dalang.

Di Dhadhapan, dalang Kandhabuwana yang tak lain hyang Wisnu, menerima kedatangan buyut Kaduwal. Adapun maksud dan tujuannya telah dipahami, Kandhabuwana bersedia untuk meruwat Rara Pripen dan dukuh Medhangkamulan, yang diserang oleh binatang buas dari hutan di dekatnya.

Setelah bermacam-macam sasaji diadakan, dengan mengambil cerita Manikmaya, Kandhabuwana memulai pertunjukannya. Banyak penduduk dukuh Medhangkamulan yang menontonnya, di antaranya terlihat juga bathara Kala. Juga Jatusmati, anak tunggal janda Sumawit dari dukuh Medhangkawit, yang telah melarikan diri dari talaga Madirda dari kejaran bathara Kala.

Setelah Hyang Wisnu mengetahui bathara Kala juga hadir, diuraikanlah terjadinya badan bathara Kala, sesuai dengan petunjuk Hyang Guru. Karena itu Kala mengakui Kandhabuwana sebagai bapak. Berkatalah dalang Kandhabuwana, “Hai, Kala sekarang enyahlah jangan kau ganggu ketenteraman daerah ini”. Selanjutnya Hyang Wisnu juga mengatakan bahwa ia diutus oleh Hyang Guru untuk meminta kembali jenis-jenis makanan yang telah diizinkan kepada Kala untuk menjadi mangsanya. Menyadari akan perintah Hyang Guru, Kala menurutnya, tetapi sebelum kepergiannya minta dipermandikan terlebih dahulu. Dalang Kandhabuwana memandikannya, dengan air taman sesaji, dan pergilah Kala dengan istri dan prajuritprajuritnya setelah masing-masing juga diberi sajen-sajen ruwatan. Demikian pula Rara Pripen. Untuk menghindarkan dari malapetaka, ia dimandikan dahulu. Jatusmati juga telah diruwat oleh Kandhabuwana, demikian pula bayi sampir, yang lahir pada waktu pertunjukan wayang tersebut diselenggarakan. Terhindar juga dari mangsa bathara Kala. Tentramlah dukuh Mendhangkamulan, Setelah diadakan pertunjukan wayang kulit oleh dalang Kandhabuwana, teruwatlah malapetaka. 

  1. LAMPAHAN SRIMAHAPUNGGUNG (SRISADANA)
  1. Jejer prabu Srimahapunggung, nata ing Medhangkamulan, nuju miyos ing sitinggil binatarata. Ingkang mungging ngarsa patih Jakapuring, punggawa kyai Andongdhadhapan. Ingkang rinembag icalipun ingkang putra kakung nama raden Sadana. Aturing patih sampun nyebar para wadya, angupaya boten pinanggih. Kasaru gegering jawi, wonten caraka warni ditya saking nagari Medhangkumuwung, nama ditya Kaladaru, lajeng kerid mangarsa, caraka dinangu : Dinuta ratunira nama prabu Pulagra, ngaturaken pustaka. Sareng sampun tinampen, binuka sinuksmeng jaja. Suraosing pustaka, anyuwun jodho ingkang putra Dewi Sri. Caraka kinen anganti wangsulan wonten ing jawi, caraka medal, srinata kondur ngadhaton.
  1. Madeg ing kadhaton, prameswari nata titiga nama Dewi Gemi, Dewi Nastiti, Dewi Subur, ingkang putra patutan saking Dewi Gemi nama Dewi Sri, sami angentosi konduripun srinata. Dereng dangu rawuhing nata, lajeng lenggah satata, ngandikan bab wontenipun ing pancaniti, bilih wonten caraka saking nagari Medhangkumuwung, dutanira prabu Pulagra, anglamar Dewi Sri. Dewi Sri tinantun krama angsal nata raseksa nama prabu Pulagra, aturipun boten purun. Dewi Sri matur purun laki, bilih angsal jodho ingkang warninipun kados ingkang rayi raden Sadana. Ingkang rama langkung duka, Dewi Sri tinari wanti-wanti datan purun, lajeng tinundhung kesah, medal ing kori bubutulan, kadya kinuncang ing dewa, lampahira anjog ing sajawining kitha. Sang nata lajeng animbali patih Jakapuring, kadhawuhan mangsuli caraka saking Medhangkumuwung, paring priksa : Dewi Sri musna saking kadhaton, kadhawuhan angupaya, bilih pinanggih kadhawuhan ngaturaken ing ratunipun, lajeng bibaran.
  1. Madeg ing paseban jawi, patih Jakapuring, punggawa kyai Andongdhadhapan, caraka ing Medhangkumuwung ditya Kaladaru. Patih Jakapuring andhawuhaken timbalanira sang nata, lamun Dewi Sri musna saking kadhaton. Caraka kinen ngupaya, lamun pinanggih kaaturna ing ratunipun, lajeng kagarwaa. Aturipun caraka sandika, lajeng bidhal ngupaya kesahipun Dewi Sri.
  1. Madeg padhukuhan ing Medhangtamtu, kyai buyut Wangkeng lawan somahira, sami gineman : Amepe pantunipun, sareng wanci siyang lajeng sami kapulung (dipun pendheti saking memeyan), kasaru dhatengipun Dewi Sri, sarta dipun aturi inalebet ing griya. Dewi Sri dhawuh kinen ngresiki. Sasampuning resik, Dewi Sri lajeng malebet ing griya, mundhut degan, lajeng kaunjuk toyanipun, Dewi Sri angandikakaken sadaya lalampahanipun, lamun tinundhung ingkang rama, awit lenggana kadhawuhan nglampahi krama antuk ratuning ditya. Dereng dangu, dhatengipun ditya Kaladaru saprikancanipun, kyai buyut Wangkeng amangsulaken dalah kulawarganipun. Kaladaru meksa, dadya prang rame, kyai buyut cinekel lajeng cinancang witing nangka. Para sanakipun sami bibar, Dewi Sri lajeng kesah, Kaladaru saprikancanipun raseksa anututi.
  1. Madeg ing kahyangan Jonggringsalaka, sang Hyang bathara Guru nuju miyos ing bale Marcukundha. Ingkang mungging ngarsa sang resi Kanekaputra (Narada), sang hyang Bayu, sang hyang Panyarikan, sang hyang Kuwera. Sang hyang Guru andangu gonjinging Suralaya. Aturipun sang Hyang Narada, bilih wonten titahing dewa nandhang prihatin, inggih punika Dewi Sri tinundhung kesah ingkang rama prabu Srimahapunggung. Sang Hyang Guru lajeng dhawuh dhateng resi Narada kinen tumurun anedahna dununging raden Sadana, Dewi Sri kinen ngupaya. Resi Kanekaputra sandika, lajeng pangkat. Dewi Sri lampahipun dumugi ing wana tarataban, sang hyang Narada tumurun andhawuhaken dhawuhira sang hyang Guru sadaya. Dewi Sri lajeng dhateng ing dhukuh Mendhangagung, sang Hyang Narada makahyangan.
  1. Madeg raden Sadana, aneng dhukuh Mendhangagung, den adhep parepat tiga : kyai buyut Tuwa, kyai empu Cukat, kyai Wayung-yang. Repat tiga angaturi kondur ing bendaranipun, raden Sadana mboten purun mantuk, bilih ingkang mbok ayu dereng palakrama, awit kagalih mindhak makewedi. Dereng dangu, kasaru dhatengipun ingkang mbok ayu Dewi Sri, lajeng anangisi ingkang rayi raden Sadana. Sasampuning sami tata lenggah, nyariyosaken lalampahanipun duk tinundhung kesah ingkang rama, nanging lampahipun wau taksih kakodhol ing para danawa carakanipun prabu Pulagra. Ing ngriku raden Sadana sampun prayitna. Dereng dangu, mireng swarsa gumuruh, praptaning para danawa, raden Sadana inapagaken, prang rame. Para danawa sami pejah, ingkang alit-alit sami bibar mawur sar-saran ngungsi gesang. Patih Kaladaru jinemparing kabuncang.
    Sigeg raden Sadana kaliyan ingkang mbok ayu Dewi Sri, raden Sadana matur, bilih badhe dhudhukuh wonten ing wana Mendhangagung, Dewi Sri jumurung ing karsa, ingkang rayi kinen mundhut wiji cikal, jagung, lombok, terong dhateng dhukuh Mendhanggowong. Raden Sadana lajeng mangkat kaliyan parepat tiga.
  1. Madeg ing dhukuh Mendhanggowong, kyai buyut Sondang kaliyan semahipun. Kyai buyut Sondang anyrengeni dhateng semahipun, amargi yen kadhatengan raden Sadana sanget anggenipun angajiaji.Bojonipun amangsuli, rehning katamuwan gusti. Dereng dangu dhatengira raden Sadana kaliyan repatipun titiga. Raden Sadana ngandika, bilih kautus dhateng ingkang mbok ayu mundhut wiji palawija tuwin cikal, lombok, terong, awit karsa adhudhukuh ing wana Mendhangagung. Ki buyut Sondang katimbalan sarta kadhawuhan ambekta jaro saprikancanipun, buyut Sondang matur sandika, raden Sadana kaaturan rumiyin, buyut Sondang badhe nungka saprikancanipun saha badhe ambekta punapa ingkang dadya pamundhutipun ingkang mbok ayu. Raden Sadana lajeng wangsuljcaliyan parepatira titiga.
  1. Madeg Dewi Sri, dhatengipun ingkang rayi raden Sadana, matur kautus mundhut wiji palawija dalah jaro, kyai buyut Sondang sampun sandika. Dereng dangu dhatengipun kyai buyut Sondang, dalah semahipun, ambekta kanca kathah sami amikul jaro tuwin wiji palawija. Sasampuning sami ngaso, lajeng kadhawuhan tumandang pasang jaro, Raden Sadana kautus dhateng ing dhukuh Mendhangtamtu, kinen ngluwari kyai buyut Wangkeng ingkang dipun pusara ing danawa, sarta kinen nimbali dalah semahipun. Raden Sadana pangkat.
  2. Madeg ing nagari Mendhangkumuwung, prabu Kalapulagra lawan ingkang rayi Kalapulastha, para punggawa pepak anangkil, Palaciya, Cayasiya. Rembag : Angarsa-arsa patih Kaladaru, ingkang dinuta ngaturaken pustaka panglamar dhateng ing Medhangkamulan. Dereng dangu patih Kaladaru cumlorot saking gagana, lajeng sami lenggah satata. Patih Kaladaru matur sasolahira dinuta. Srinata langkung duka, lajeng dhawuh mepak para wadya. Sasampuning samapta, lajeng bidhal dhateng dhukuh Medhangagung.
  1. Madeg ing dhukuh Mendhangtamtu, kyai buyut Wangkeng, dipun tangisi semahipun badhe nguculi pusara boten saged, kasaru dhathengipun raden Sadana dalah parepatira titiga. Ki buyut Wangkeng dipun uculi saking pusara, lajeng linggih. Raden Sadana lajeng andhawuhaken dhawuhipun ingkang mbok ayu Dewi Sri, ki buyut katimbalan sasemahipun, matur sandika, lajeng kerid raden Sadana.
  2. Madeg ing dhukuh Mendhangagung, Dewi Sri, dhatengipun ingkang rayi raden Sadana ngirid kyai buyut Wangkeng sasemahipun dalah kulawarganipun sadaya. Dhawuhipun Dewi Sri, ki buyut Wangkeng sasemahipun kadhawuhan momong Dewi Sri wonten ing Mendhangagung. Dereng dangu anggenipun imbal wacana, kasaru praptaning prabu Pulagra sawadyanira. Ing ngriku para buyut sampun sami prayitna, madeg suraning driya, lajeng sami medal ambekta dadamel, dumugining jawi pakarangan sigra sami campuh prang rame.
  1. Madeg ing Jonggringsalaka, sang hyang Guru miyos mungging bale Marcukundha, ingkang munggeng ngarsa resi Narada, para jawata pepak Ginem : ing Suralaya gonjing saking sumuking paprangan, resi Narada tuwin bathara Bayu, bathara Kuwera sami kadhawuhan tutulung dhateng ing Mendhangagung, sarta resi Narada kadhawuhan nantun dhateng Dewi Sri : Punapa purun kadhaupaken angsal ingkang rayi raden Sadana pisan. Para dewa titiga sami matur sandika, lajeng pangkat. Sadumugining paprangan, sang hyang Bayu anawung ing yuda, prabu Pulagra sawadyanipun sami sirna sadaya, sang hyang Narada lajeng lenggah tuwin para bathara ngkang mentas sami unggul ing yuda. Dewi Sri tuwin raden Sadana marek ing ngarsa, dhinawuhan mating sang hyang Narada, Dewi Sri tinantun dhaup lawan ingkang rayi raden Sadana: matur lenggana. Para jawata lajeng pamit makahyangan, Dewi Sri tuwin ingkang rayi raden Sadana dalah para buyut, bojana kasukan.
  1. LAMPAHAN BATHARI SRI MANTUK 
  1. Jejer ing nagari Wiratha, prabu Matswapati miyos ing pancaniti, ingkang sumiwi putra Raden Seta, Raden Untara, Raden Wratsangka, tuwin patih Jayanirmala. Ginem : Sang nata angsal wangsiting dewa, lamun arsa waluya prajanira, denya kenging cintaka, kinen angupaya bathari Sri. Raden Seta lajeng ingutus nyuwun pitulung mring kang raka prabu Kresnadipayana, Astina. Sasampuning dhawuh, sang nata lajeng ngadhaton.
  1. Madeg ing gupit Mandragini, sang padniwara Dewi Rekathawati, pinarak ing pananggap prabasuyasa, ingadhep ingkang putra Dewi Untari, tuwin para parekan cethi. Ginem : Angajeng-ajeng sang nata, kasaru kondurira sang prabu, pinethuk ing garwa miwah putra, kinanthi binekta lenggah satata. Sang nata imbal wacana mring garwa, awit dangu denira mancaniti, saking wangsiting dewa, kinen angupaya bathari Sri. Punika kang dados waluyaning praja Wiratha. Sang nata sampun utusan para putra mring praja Astina, mundhut pitulung ingkang raka prabu Kresnadipayana, ingaturar. angupaya. Sasampuning ngandikan, sang nata lajeng tindak ing sanggar pamelengan.
  2. Madeg ing paseban jawi Raden Seta, Raden Untara, Raden Wratsangka, patih Jayanirbita, tuwin patih Jayanirmala. Ginem : Kasidaning lampah ingutus dhumateng praja Astina, sampun siyaga, lajeng bidhal kapalan.
  1. Madeg ing nagari Guwarejeng, prabu Suryakumala miyos ingadhep patih Baudhendha, tuwin para punggawa pepak kang anangkil. Ginem : Sang nata angsal wangsiting jawata, sinten ingkang kanggenan bathari Sri, punika prajanipun waluya. Kasaru sowanipun ingkang rayi prabu Sasradewa, ing nagari Guwapitu, kadherekaken para wadyanira. Sasampuning bagya-binagya, lajeng lenggah satata, kang rayi prabu Sasradewa atur uninga, bilih angsal wangsiting dewa, sinten ingkang kanggenan bathari Sri, prajanipun waluya, tuwin Dewi Sri sapunikanipun manggen wonten ing nagari Pratalaretna, ingkang ratunipun abibisik prabu Darmasara. Mila samangke prajanipun langkung kerta tur raharja, saha keringan saking mancapraja. Sang prabu Suryakumala, sareng mireng aturing kang rayi, lajeng nimbali punggawa raksasa, sasampuning mangarsa, dhinawuhan ngaturaken serat katur sang prabu Darmasara ing Pratalaretna, kinanthenan wadya ditya sagolongan. Punggawa yaksa ingkang tampi dhawuh lajeng medal ing jawi, sang nata lajeng ngadhaton.
  1. Madeg ing paseban njawi, para pungagwa ditya, Kalarudraksa, Kalakarumba, Kalakarendhi, sami rembag denira arsa dinuta ing nata. Sasampuning siyaga, lajeng bidhal dalah panekarira, kanthi kyai lurah Wijamantri, tuwin Tejamantri. Lampahira dumugi margi kapapag prajurit ing Wiratha, sulayaning rembag, dadya prang, wasana sami sisimpangan margi.
  1. Madeg ing Saptapratala, sang hyang Anantaboga ingadhep kang garwa Dewi Superti. Tuwin ingkang putra resi Nagatatmala kinen nimbali prabu Kresnadipayana ing Astina sawadya, trang dhawuhing Guru, kinen amapag parang-muka kang minggah ing Suralaya. Prabu Suryakumala, ing Guwarejeng, nyuwun jodho widadari, Dewi Warsini. Resi Nagatamala sandika, amit lajeng pangkat kairing Semar, Nalagareng, Petruk. Mangkana lampahira resi Nagatatmala, dumugi ing ngarcapada, kapapag punggawa ditya saking Guwarejeng, dadya prang, danawa pejah sadaya, jinemparing dening resi Nagatatmala, Wasana resi Nagatatmala lajeng lampahira ingiring repat tiga.
  1. Madeg ing nagari Guwarejeng, prabu Suryakumala miyos ingadhep ingkang rayi prabu Sasradewa tuwin patih Baudhendha, miwah para wadya ditya pepak kang anangkil. Ginem : Sang nata angarsaarsa caraka kang dinuta maring praja Pratalaretna, sampun dangu datan ana wangsul, kasaru dhatengipun punggawa ditya, atur uninga, bilih para punggawa raksasa kang dinuta, wonten ing margi pinejahan dening resi Nagatatmala. Sang nata kakalih, sareng mireng aturing punggawa ditya kang dinuta, saklangkung dukanira, lajeng dhawuh mring patih Baudhendha, kinen angundhangi para wadya balanira sadaya. Sang nata arsa ngrabaseng prang, saha kinen ambekta joli kinarya nglamar Dewi Warsini. Sasampuning samapta lajeng bidhal.
  1. Madeg ing nagari Astina, prabu Kresnadipayana, ingadhep patih Jayaprayitna, miwah para punggawa pepak kang anangkil. Ginem Sang nata kondur saking pagrogolan, datan dangu sowanipun ingkang putra ing kadipaten, raden Seta, raden Untara, raden Wratsangka, tuwin patih Jayanirmala. Kasaru sowanira resi Nagatatmala, ingiring parepatira tiga. Ginem : raden arya Seta matur ing raka prabu Kresnadipayana, bilih ingutus rama prabu Matswapati. Kang rama mundhut pialung sagedipun waluya prajanira, awit angsal wangsiting jawata linuwih, manawi bathari Sri kondur dhumateng ing Wiratha, punika saged waluya jati. Mila borong raka prabu Kresnadipayana. Sang nata anyagahi, Raden Arya Seta sawadyanira lajeng amit kondur maring ing Wiratha. Sapungkurira Raden Arya Seta, resi Nagatatmala matur, ingutus ingkang rama sang Hyang Anantaboga, paduka srinata tinimbalan maring Saptapratala, sampun trang saking dhawuhipun sang hyang Pramesthiguru, kinen mapag parangmuka kang minggah ing Suralaya. Nanging resi Nagatatmala kinen ngupaya bathari Sri, bilih sampun saged kapanggih, bathari Sri dhinawuhan kondur maring praja Wiratha. Resi Nagatatmala sandika, amit rinilan bidhal ingiring parepatira tiga. Sang nata kondur ngadhaton.
  1. Madeg ing nagari Pratalaretna, prabu Darmasara, miyos ingadhep patih Jayalegawa, tuwin para punggawa pepak kang anangkil. Ginem : Sang nata anggalih denira anampi nawala panglamar saking ratu sewu nagari, para nata mancapraja, sami nyuwun jodho Dewi Sri. Kasaru dhatengipun resi Nagatatmala, matur ingutus srinata ing Wiratha, nyuwun bathari Sri. Prabu Darmasara lajeng dhawuh mring patih Jayalegawa, kinen atata-tata ing jawi, patih matur sandika, resi Nagatatmala lajeng ingirid prabu Darmasara maring kadhaton.
  1. Madeg ing gupit Mandragini, sang bathari Sri, lenggah ingadhep para parekan. Ginem : Sang bathari Sri karsa kondur angajawi, kasaru sowanipun prabu Darmasara dalah garwa putra. Dewi Darmawati, tuwin Dewi Darmarini, kanthi ngirid resi Nagatatmala, matur ingutus prabu Matswapati ing Wiratha. Sang bathari Sri ingaturan, sampun sagah, namung resi Nagatatmala kapundhut putra, lajeng ngabekti, dhinawuhan matur maring raden Sadana. Resi Nagatatmala sandika, pangkat ingiring Semar, Nalagareng, Petruk.
  2. Madeg ing Pratalaretna, ing pungkuran, raden Sadana lagya lenggah, kasaru sowanira resi Nagatatmala, dinangu matur, ingutus srinata ing Wiratha, nyuwun bathari Sri, raden Sadana duka datan suka, dadya prang rame, danguning prang raden Sadana jinemparing deling wulung, raden Sadana lajeng oncat, kondur dhateng nagari Keling.
  1. Madeg ing dhatulaya, bathari Sri, ingadhep prabu Darmasara, tuwin prameswari Dewi Darmawati, dalah putra Dewi Darmarini. Bathari Sri ngandika mring prabu Darmasara, bilih retna Darmarini pinundhut putra, sang nata dalah garwa suka jumurung, kasaru sowanipun resi Nagatatmala, tuwin lurah Semar, Nalagareng, Petruk, matur sasolah reh dinuta, bilih dados pancakara kaliyan raden Sadana. Samangke raden Sadana oncat maring nagari Keling. Sampuning telas aturira, resi Nagatatmala lajeng dhinaupaken kaliyan Dewi Darmarini, pondhongan.
  1. Madeg bathari Sri, ingadhep prabu Darmasara dalah garwa putra, sang bathari Sri dhawuh arsa kondur maring Wiratha. Sang nata tuwin garwa putra, sami andherekaken tindakira, bidhal, resi Nagatatmala karsa sowan mampir maring nagari Astina.
  1. Madeg ing Suralaya, sang hyang Narada, lenggah tuwin sang hyang Bayu, ingadhep para jawata. Ginem : sang hyang Narada miyarsa warta, bilih resi Nagatatmala maring Wiratha, sang hyang Narada tuwin sang hyang Bayu arsa tindak maring nagari Wiratha, mundhut wangsulipun resi Nagatatmala maring kahyangan, bidhal maring ngarcapada.
  1. Madeg ing nagari Astina, prabu Kresnaipayana, miyos ingadhep patih Jayaprayitna, tuwin para punggawa pepak kang anangkil. Kasaru sowanipun resi Nagatatmala, matur sasolahira dinuta, purwa madya wasana, sarta samangke bathari Sri tuwin prabu Darmasara, dalah garwa putra, sampun samya kondur maring Wiratha. Sasampuning telas aturipun resi Nagatatmala, sang prabu karsa tindak maring Wiratha, kadherekaken resi Nagatatmala, tuwin Semar, Nalagareng, Petruk. Patih Jayaprayitna kinen tengga praja, lajeng bidhal.
  1. Madeg ing nagari Wiratha, prabu Matswapati miyos ingadhep kang putra raden arya Seta, raden Wratsangka, tuwin patih Jayanirbita, patih Wijayanirbita. Ginem : Sang nata andangu mring putra denira dinuta maring Astina. Kang putra raden arya Seta matur : “Kakang prabu Krenadipayana sampun sagah”. Kasaru rawuhira bathari Sri, tuwin prabu Darmasara dalah garwa, kanthi ambekta putra panganten, bathari Sri dalah panganten ingaturan lumebet ing dalem, prabu Matswapati lajeng mangg’ihi sang hyang Narada, sang hyang Bayu, tuwin kang putra prabu Kresnadipayana. Lagya eca denira imbal wacana, kasaru sowanipun patih Jayanirbita, atur uninga, bilih ing jawi wonten parangmuka adhatengi saking praja Guwarejeng, prabu Suryakumala, tuwin prabu Sasradewa, sawadya balanira. Sang prabu Matswapati sasmita mring kang rayi prabu Kresnadipayana, lajeng samya medal ing jawi, sareng dumugi ing alun-alun sampun panggih ayun-ayunan, prabu Kresnadipayana prang tandhing kaliyan prabu Suryakumala, prang rame, danguning prang, prabu Suryakumala jinemparing pejah. Kang rayi prabu Sasradewa mangsah, jinemparing pejah. Patih Baudhendha sareng uninga gustinira kakalih sami seda, patih bramantya, lajeng mangsah, pinapag dening sang hyang Bayu. Patih Baudhendha pejah, sawadyanira ditya tumpes sadaya, tan mangga puliha, sampak kang unggul ing yuda lajeng sami mundur, arsa wangsul maring pasewakan.
    Madeg ing nagari Wiratha, sang prabu Matswapati, lenggah tuwin sang Hyang Narada. Ginem : Sang hyang Narada mundhut resi Nagatatmala, arsa binekta maring Suralaya, sang prabu ngaturaken, kasaru rawuhira para nata kang samya kondur saking ing ngayuda, lajeng pinethuk prabu Matswapati, samya kinanthi, binekta lenggah satata. Sasampuning imbal wacana, sang Hyang Narada, tuwin sang Hyang Bayu amit maring kahyangan, resi Nagatatmala dalah garwanira sami andherekaken sang Hyang Narada.
    Sapengkerira sang hyang Narada, para nata sami mangun bojana andrawina, tanceb kayon.
  1. LAMPAHAN PURWAKALA (MURWAKALA) 
  1. Jejer bathara Guru, kaadhep Dewi Uma, hyang Narada. Dereng ngantos ginem, kasaru sowanipun bathara Kala, amargi paringipun tedha ingkang rumiyin, lobanglojo, boten eca katedha, hyang Guru lajeng maringi tedha, kadosta :
    a. Ontang-anting, inggih punika lare jaler ingkang boten gadhah sadherek,
    b. Untang-unting, inggih punika lare estri ingkang boten gadhah sadherek.
    c. Lumunting, inggih punika lare ingkang lahiripun tanpa ari-ari,
    d. Sarimpi, inggih punika sadherek sakawan sami estri,
    e. Saramba, inggih punika sadherek sakawan sami jaler,
    f. Pandhawa, inggih punika sadherek gangsal sami jaler.
    g. Pandhawi, inggih punika sadherek gangsal sami estri,
    h. Pandhawa madhangake, inggih punika sadherek gangsal, jaler 4 estri 1.
    i. Pandhawa ipil-ipil,inggih punika sadherek gangsal,estri 4 jaler 1.
    j. Uger-uger, inggih punika sadherek kalih sami jaler.
    k. Kembang sepasang, inggih punika sadherek kalih sami estri.
    l. Gedhana-gedhini,. inggih punika sadherek kalih jaler estri (sepuh ingkang jaler).
    m. Gedhini-gedhana, inggih punika sadherek kalih estri jaler (sepuh ingkang estri).
    n. Sendhang angapit pancura, inggih punika sadherek 3, estri 2, jaler 1, (jaler panengah).
    o. Kajawi ingkang kasebut ing nginggil, sang hyang Guru ugi maringaken tedha malih dhateng sang hyang Kala, nanging boten mawi karuwat, kadosta :
    1.Jisim lalampah, inggih punika tiyang satunggal lumampah kekesahan,
    2. Bathang ucap-ucap, inggih punika tiyang kakalih lumampah tebih.
    3. Gotong mayit, inggih punika tiyang tiga lumampah tebih.
    4. Tiyang lumampah ing wanci tengange, boten manjang boten ngidung.

Dewi Uma ugi maringi tedha, ingkang kaparingaken tiyang ingkang tiwas angrisakaken dandananing wadon, kadosta :

  1. Tiyang ngrebahaken dandang.
  2. Tiyang nugelaken gandhik.
  3. Tiyang mecahaken pipisan.
  4. Tiyang darnel griya saweg kaadegaken dereng rampung.

Tegesipun dereng kenging dipun enggeni, lajeng ambruk.

  1. Bathara Kala lajeng pamit mundur, sapengkeripun bathara Kala, lajeng ginem, sarehning kekathahen ingkang kaparingaken dados tedhanipun bathara Kala, kagalih mesakaken sadaya titah, mila sang hyang Guru lajeng dhawuh dhateng Narada, supados andhawuhna dhateng sang hyang Wisnu, kadhawuhan lampah andhalang, kangge anjabel ingkang sampun dados dhawuhipun dhumateng bathara Kala. Bathara Brama dadosa panggender, Narada dadosa panjakipun, bathara Wisnu ingkang dados dhalang. Hyang Narada mundur, sapengkeripun hyang Narada, sang hyang Guru kaliyan Dewi Uma lajeng nitih lembu Andini anganglang jagad.
  1. Gentos kacariyos, hyang Kala kaliyan kang garwa bathari Durga, tuwin bala, Ginem badhe dhateng sendhang talaga Madirda, perlu ngupados tedha, lajeng mangkat.
  1. Madeg ing Utaralayu, Hyang Wisnu, Hyang Brama, kasaru dhatengipun Hyang Narada, andhawuhaken dhawuhipun hyang Guru dhateng Hyang Wisnu, supados anjabela ingkang sampun kadhawuhaken dhateng hyang Kala, sarananipun hyang Wisnu dadosa dhalang, Brama dadosa panggender, Narada dadosa panjak, aturipun sandika, lajeng sami bidhal, anjujug dhukuh Dhadhapan.
  1. Gentos kacariyos, Hyang Kala anggenipun dhateng talaga Madirda kapethuk sang Hyang Guru, kadangu matur ngupados tedha, lajeng kaparingan dadamel : badhajna, manawi angsal tetedhan ingkang sampun kadhawuhaken, kapaesana ing badhama, manawi mboten kapaesan ing badhama, badhe kajawekaken yoga dewa, utawi manawi wonten tiyang sumerep dhateng saranduning badanipun, punika kadhawuhan angaken bapa. Bathara Kala matur sandika, lajeng sewang-sewangan.
  1. Kacariyos ing dhukuh Mendhangkawit, mbok randha Sumawit, kaliyan anakipun nama Jaka Jatusmati, sarehning Jaka Jatusmati wau ontang:anting, miia kapurih adus dhateng Talaga Madirda, supados icala mala sukeripun, lajeng bidhal.
  1. Madeg ing talaga Madirda, hyang Kala wonten salebetipun sendhang, Jaka Jatusmati dhateng, dipun takeni dhateng bathara Kala, wangsulanipun badhe adus, lajeng kapurih malebet wetengipun bathara Kala, Jaka Jatusmati mboten purun, sarta lajeng kesah, kabujung dening Hyang Kala. Jatusmati malebet ing bumbung, bumbung kacepeng Hyang Kala, Jaka Jatusmati ical, andhelik dhateng panggenanipuri tiyang dandos-dandos griya. Jatusmati lajeng mendha-mendha tiyang dandos-dandos griya, kasumerepan bathara Kala, kabujung malih, Jatusmati mlajeng griya ambruk, Jatusmati andhelik dhateng panggenanipun tiyang mipis jampi, bathara Kala sumerep, lajeng kabujung. Jatusmati mlajeng, pipisan pecah, gandhik tugel. Jaka Jatusmati andhelik dhateng panggenanipun tiyang adang, ugi kabujung dening Hyang Kala, dandang ambruk. Jatusmati lumajeng, Hyang Kala ambujung malih, kasrimpet ing wit Waluh dhawah. Pambujungipun dhateng Jatusmati kakilapan. Sigeg genti kacariyos, wonten tiyang estri panganten enggal, ngajeng-ajeng semahipun, Jatusmati dhateng ing ngriku, lajeng nunggil tiyang estri panganten enggal wau. Hyang Kala sumerep, lajeng dhawuh dhateng Bajobarat, supados nenggani wonten panggenanipun panganten enggal wau.
  1. Madeg ing dhukuh Mendhangkamulan, kyai buyut Wangkeng, kaliyan anak estri, lan anak mantu nama buyut Geduwal, inggih punika bojonipun anak estri wau. Ingkang estri nedha dhateng bapa supados dipun pegataken, nanging bapa boten suka, sarta lajeng kaserep-serepaken, inggih lajeng narimah boten saestu nedha kapegataken, nanging nedha panggil supados katanggapaken ringgit (wayang). Bapa mituruti, mantu kakengken ngundang dhalang.
  1. Madeg ing dhukuh Dhadhapan, ingkang wonten ing ngriku :
  2. Dhalang Kandhabuwana, 2. estri, panggender nama Surani, 3. Jaler warni awon, nama panjak dhalang Klungkungan, 4. mBok randha Dhadhapan. mBok randha dipun takeni kyai dhalang Kandhabuwana, dene boten dhateng peken, wangsulanipun sampun tuwuk. Nyai randha lajeng kasantunan nama nyai randha Asemsore. Anak putu yen moyoki jangan. asem lare encok. Kasaru dhatenge buyut Geduwal, angaturi kyai dhalang Kandhabuwana dhateng griyanipun marasepuh, katanggap. Kyai dhalang anyagahi, kothak sapirantosipun kabekta rumiyin, lajeng sami bidhal.
  1. Madeg ing dhukuh Mendhangkamulan, ki buyut lan anakipun estri. Ing sapengkeripun mantu ngupados dhalang, ing padhukuhan ngriku dipun ambah buron wana. Sagedipun waluya, anakipun karuwata. Boten dangu dhatengipun anak mantu, ambekta kothak wayang sapirantosipun, katungka dhatengipun kyai dhalang Kandhabuwana. Kyai dhalang lajeng kapasrahan angruwat anakipun estri, kangge sarana nyirnakaken buron wana ingkang ngambah ing padhukuhan, kyai dhalang sagah, ki buyut dipun purih marnekaken sajen-sajen, inggih. sampun dipun wonteni sadaya. Ki buyut nedha lilah manggen wonten salebetipun kelir. Sarampungipun panata, kyai dhalang Kandhabuwana wiwit andhalang Lampahanipun Manikmaya. Tiyang ningali jaler-estri, sepuh – anem, kathah, kados dipun welingaken. Jaka Jatusmati mireng lajeng ningali, sarta tumut nabuh kethuk, ing satengahipun ringgitan. Sanes dhusun wonten tiyang alok pandung, cacahing pandung sekawan, palajengipun pandung, ingkang kalih terus, ingkang kalih dhateng panggenan ringgitan, sarta lajeng sami tumut nabuh. Ingkang satunggal nabuh kenong, satunggalipun nabuh kecer. Hyang Kala ugi mireng yen ing ngriku ringgitan, lajeng aningali, anjujug ing palataran sendhen wit cikal sarwi ngantuk, sarta cangkemipun menga. Kyai Kandhabuwana uninga, hyang Kala dipun sawat ing tigan, kenging telakipun lajeng tangi, saha lajeng aningali ringgit, rame-ramening babanyolan, hyang Kala gumujeng, tiyang ingkang ningali lajeng bibar. Bathara Kala pitaken dhateng dhalang Kandhabuwana, sababipun punapa teka lajeng bibar. Wangsulanipun kyai dhalang Kandhabuwana, amargi sami sumerep sang Hyang Kala. Hyang Kala nedha murih lekas ringgitan malih. Kyai dhalang inggih kadugi, manawi mawi sarana satak sawe dinar. Hyang Kala kadugi nyukani sarana, namung kapiliha prabotipun ingkang dipun engge kemawon, awit boten ambekta dinar, Kyai dhalang lajeng milih bedhama, hyang Kala inggih nyukakaken, nanging nedha prajangji : Aja legi dadi pahit. Wangsulanipun kyai dhalang, ora watak, lajeng wiwit andhalang malih.
  1. Sawatawis dangunipun, Hyang Kala pamitan ngisis. Dumuginipun ing njawi, Hyang Kala mambet gandaning bayi lahir, inggih punika bayi anakipun panganten enggal wau, lajeng kapendhet sarta badhe kauntal, nanging lajeng kengetan, manawi bedhamanipun wonten kyai dhalang, mila enggal wangsul dhateng ing palataran, nalika punika Jaka Jatusmati pamit dhateng kyai panjak, badhe mantuk dhateng griyanipun, kalilan, dumugi palataran dipun cathok bathara Kala. Bathara Kala enggal manggihi kyai dhalang, pikantukipun bayi tuwin Jaka Jatusmati wau kalintokaken bedhama. Kyai dhalang Kandhabuwana inggih suka, lajeng sami lintonan.
  1. Hyang Kala nedha rucatipun kelir, saha ngaken menang sepuh tinimbang kyai dhalang, kyai dhalang amangsuli : Bilih kyai dhalang ingkang sepuh tinimbang Hyang Kala, sarta Hyang Kala punapa purun dipun wastani sadaya saranduning badanipun. Hyang Kala inggih purun, kyai dhalang Kandhabuwana lajeng nandukaken sampurnaning puja, dhalang lajeng ngucapaken : Hong, prayoganira sang hyang Akasa lawan Pratiwi, mijil yoganira sang hyang Agilang-gilang ing siti, binuwang aneng samodra, kumambang lembak-lembak. ana daging dudu daging, ana getih dudu getih, aranmu sang Kama salah, akiri sakilomaya, kadya manik amesthika, gya murub angarab-arab, nekakaken prabawa, ketug lindhu lan prahara, lesus hanggung aliweran, geter pater tan pantara, murub ingkang kaladora, gumesang aneng triloka, nguni weh kang padmacakra, nguni weh bathara Guru, Awigena purnama siddi, hong namu namas swah hah.

Dhalang anglajengaken ngucap santi purwa : Hong dinuk aku purwanira ring pustaka, ginutuk ing padmacakra, ingkang minangka sirahmu, ginutuk ing kurameyan, ya ta kang dadi rambutmu, ginutuk sirengpanelan, ya ta minangka bathukmu, ginutuk ing rengas wastra, ya ta kang dadi alismu, ginutuk ing suryakantha, ya ta kang dadi netramu, ginutuk sireng kilatnya, ya ta kang dadi kedhepmu, ginutuk sireng mani, ya ta kang dadi kupingmu, ginutuk sireng momaka, ya ta kang dadi pipimu, ginutuk sireng panayan, ya ta minangka pasumu, ginutuk ing rindhung wastra, ya ta minangka irungmu, ginutuk ing langkap wastra, ya ta kang dadi tutukmu, ginutuk ing rejek wastra, ya ta kang dadi untumu, ginutuk ing waja lidhah, ya ta kang dadi ilatmu, ginutuk sireng panawan, ya ta minangka telakmu, ginutuk ing waja sumeh, ya ta minangka janggutmu, ginutuk sidhang panawan, ya ta minangka uwangmu, ginutuk ing wesi panggak, ya ta kang dadi gulumu, ginutuk wesi gulam, ya ta kang dadi baumu, ginutuk sireng candrasa, yata minangka tanganmu, ginutuk ing palempengan, ya ta minangka salangmu, ginutuk ngambil wastra, ya ta minangka dhadhamu, ginutuk sarwa sanjata, ya ta kang dadi igamu, ginutuk sireng padupan, ya ta minangka atimu, ginutuk sireng geni-tri, ya ta kang dadi amperumu, ginutuk ing sandiwiddi, ya ta kang dadi jantungmu, ginutuk sagara ampenan, ya ta minangka wetengmu, ginutuk sireng lukita, ya ta minangka ususmu, ginutuk ing rancang wastra, ya ta minangka ototmu, ginutuk ing wajasari, ya ta minangka balungmu, ginutuk pancuran racah, ya ta minangka dakarmu, ginutuk ing baka wastra, ya ta minangka wangkongmu, ginutuk sireng deksana, ya ta kang dadi pupumu, ginutuk ing bindi wastra, ya ta minangka garesmu, ginutuk ing waja niwal, ya ta kang dadi sikilmu, ginutuk ing gora wastra, ya ta kang minangka gedhemu,- ginutuk ing krama krama wastra, ya ta minangka nepsumu, kumejod molah anibegan, angadeg kagiri-giri, awakmu wegah uger asalit ajatha gimbal, angerik anguwuh-uwuh, sira mulat amangetan, sakehing para jawatan kagegeran, dening sira, awedi andeleng rupamu, aranmu si kama salah, Awignam astuna purnama siddi. Hong namu namas swah hah.

Dhalang anglajengaken ngucap aksara bathuk :

Caraka balik : Nga, tha, ba, ga, ma, nya, ya, ja, dha, pa, la, wa, sa, ta, da, ka, ra, ca, na, ha.

Lajeng aksara telak : Sang Kala lumerang sangkaning lara, Wisnu kena ing lara, lungguh ing otot lan ing amperu, kang alara mulya, mulya dening bathara Brama. Brama kena ing lara, lungguh ing Guru kena ing lara, lungguh ing tutuk, gurune lumumah lan saranduning awak, kang lara mulya, mulya dening sang hyang Wenang. Sang hyang Wenang tan kena ing lara, marang sang hyang Wenang kumpul panunggaling rasa, rasa tunggal lan jati, jati tunggal lan rasa, rasa jati mulya, mulya saking ingkang wasesa.

Dhalang lajeng ngucapaken sastra ing dhadha, sastra bedhati :

Hong ilaheng sawedana, Durga Kala sawedana, kreti ndaru tumuruna nur ring madya, aworing dewata muja, aji sang hata hati, hama raja ta ajiku, hama raja ta wuwusku, hama raja jara maya, amarani rimu maya, asi raya para siya, amidosa sadomiya, amidara rodamiya, ya midosa sadomiya, ya siya ya palasiya, ya sira para asiya, ya siya papara siya, lawagna lawagni, sikuthara sikuthari, sibrenggala sibrenggali, si-bitapa sibitapi, sibintaka sibintaki, sidurbala sidurbali, sirumaya sirumayi, sihudaya sihudayi, sisrimaya gedhah maya, sidayudi sidayiida, adiyuda adiyuda, adayudi nihudaya, hong namu namas swah hah.

Dhalang lajeng ngucapaken sastra gigir : Hong yogyanira sang Hyang Pratiwi mijil kamulan, bathari Uma mijil saking limu-limu, ingusap sariranira, mijila sang Hyang Kusika, mijila bathara Gagra, saking balung kamulanya, ana ta sang Hyang Kurusa, saking daging kamulanya, ana kang bathara Metriya, saking otot kamulanya, mijil sang Hyang Pritanjala, saking sungsum mulanira, kinen agawe lekaha, kusika milu alumeh, tinut denira sang Gagra, Hyang Gagra milu alumeh, tinut dening sang Hyang Kurusa, Kurusa milu alumeh, tinut dening hyang Metri, sang Hyang Metri milu alumeh, teher mijila wikalpa, neher ing ipat-ipatan, Kusika mesat mangetan, katemah andadi emong, Hyang Gagra mesat mangidul, atemah andadi sarpa, Kurusa mesat mangulon, atemah andadi buta, Hyang Metri mesat mangalor, atemah andadi dhengen, kuneng sang Hyang Pritanjala, ingkang kinen gawe loka, angenjali ring bathara, kang riwe arereweyan, dinilat arasa asin, atemah andadi uyah.

Kuneng bathara Uma, sinasayeng jagad nata, atemah papacintraka, cinandhak suku sinungsang, anjerit angrik anguwuh, asalit ajatha gimbal, nguni weh bathari Durga, Hong namu namas swah hah.

Sasampuning rampung, kacariyos bathara Kala lajeng ambapa dhateng kyai dhalang Kandhabuwana, sarta matur ingkang kapundhut punapa. Kyai dhalang Kandhabuwana mangsuli, ingkang kapundhut paringipun tedha sang hyang Guru sadaya, sarta bathara Kala katundhung sagarwa balanipun saking dhukuh Mendhangkamulan.

Kala matur sandika. Nanging panundhungipun nyuwun mawi santi Kukus, kyai dhalang Kandhabuwana nyagahi. Ingkang andhalang lajeng ngucapaken santi Kukus : Hong, purwa yanti yogya yanti, kaget Hyang Mandhalagiri, sinurak para jawata, amijilaken kasekten, ana banyu teka wetan, aputih mili mangulon, ngileni bathari Sri, guru warda wardi dadi. Hong, purwa yanti yogya yanti, kaget hyang Mandhalagiri, sinurak para jawata, amijilaken kasekten, ana banyu teka kidul, abang mili mangalor, ngileni bathari Sri, guru warda wardi dadi. Hong purwa yanti yogya yanti, kaget Hyang Mandhalagiri, sinurak para jawata, mijilaken kasekten, ana banyu teka kulon, kuning amili mangetan, ngileni bathari Sri, guru warda wardi dadi, Hong purwa yanti yogya yanti, kaget Hyang Mandhalagiri, sinurak para jawata, mijilaken kasekten, ana banyu teka elor, ireng amili mangidul, ngileni bathari Sri, guru warda wardi dadi. Awignam mastuna purnama siddi. Hong namunaswah hah.

Kyai dhalang lajeng ngucapaken Balasrewu : Hong ilaheng minangka ranku, ya sang Gandhusekti, ya sang ila-ila, santi guna ila warna, sang hyang hayu palungguhku, sang hyang toya pangadegku, nagaraja ing dhadhaku, naga milet ing guluku, gelap ngampar suwaraku, iduku tawa ing sakalir, netraku sang surya kembar, kilat mbarung ing cahyaku, durga durgi ngiring aku, sang Kala rumekseng aku, buta kabeh ring omahku, kaomahan dhengen kabeh, kang sun deleng padha lengleng, kang ndak pandeng teka bengeng. Hong namu namas swah hah.

Dhalang lajeng ngucapaken Banyak-dhalang : Hong resang tabe, sun angidung, kidungku si banyak-dhalang, ngendi enggonira alinggih, rajasa, kumitir, amerteng sinapragnyana, agupita narawangsa, gendere pinatut barang, hulung kenyar ing prasada, sira kaki atangiya, angadeka wringin sungsang, ameranga ampel gadhing, tugelen gawenen sanggar, sanggar-sanggar pangruwatan, pangruwatan ujar ala, pangruwatan sara supata, supataning sanak tuwa, angruwata supataning maratuwa, angruwata supataning wong ngatuwa, angruwata sagunging mala cintraka, angruwata lalara roga, rara gung rara wigena, gelah talutuh ilangna, katuta ing barat lesus, katuta ing lesus agung, lebur ajur musna ilang, ilang saking tan ana. Hong namu namaswah hah. Hong latak rowang maring sendhang, sendhang-sendhang samandhala, mandhalane wong mengari, anake ki Ulungkembang, kudu osik bisa ngaji, dhukuhe ki empu ana bale anyar tanpa galar, ana ta kang sumur bandhung, timbane timba kapala, tatali ususing maling, siwur burut tanpa kancing, garane winadu aji, sulur kamudhi waringin, banyune ludira muncar, iline mili mangetan, ala elo, katuta ing banyu mele, lebur ajur musna ilang. Hong lata rowang, ana jaka amek kembang, amemenek anguthapel, den gebagi jejomponge, anon siparawan liwat, dinulu rupane ayu, parawanan ngaku rara, lah tan mara sing rarawan, anononton kintel muni, ting caremplang ting caremplung, hanggero kang kodhok niyo, tingkahe arangkal-rangkal, sedyane arep nauta, anauta roroga, lara gung lara wigena, tatangga yen angrungokna, wong angidung Banyak-dhalang, saben dina tanpa dadar, yen ana parawan tuwa, utawa jajaka tuwa, dumadakan gelis krama, yen ana wong gring kadadak, dumadakan gelis mulya, yen ana kang sedya ala, teka mundur tanpa krana, sampurna ing Banyak-dhalang, kang ngidung temah sampurna.

Hong lata rowang, mring bangawan, anontona larung keli, larunge si Banyak-dhalang, loro sanake den larung, ing benjang jaja murdipa, akutha ing kurayana, ana manuk cucuk waja, anucuka larung keli, iberna gawanen lunga, awigna astuna purnamasiddi. Hong namu namas swah hah.

Sasampuning rampung sampurnaning puja sapanunggilanipun wau, Hyang Kala nedha adus, kyai dhalang inggih anuruti, sarta ingkang andhalang wau lajeng ambedhol dhalang Kandhabuwana kaliyan bathara Kala saking gadebog, cempuritipun kacemplungaken ing pangaron enggal, ingkang sampun kasudhiyakaken isi sekar sataman sapirantosipun. Ingkang andhalang lajeng ngucapaken japa padusaning Kala : Tunjung adus ing banyuning banyumili tlaga manik, Uma kang ngedusi, Durga kang ngosoki, Wisnu kang ngentas. Lajeng winisik ing japa : Kala den eling sira, sira muliha ing jatisorangan, asalira teka ora, sira muliha marang ora, asalira teka ing jati, iya muliha maring jati, ingsun sajatine wisesa.

Lajeng dipun kudang : Hong, anake ki Kurameyan, agedhe aseseg dhepah, mBangbang bus pasthi kamaya, ana maya-maya katon, kang anonton milu katon, kang tinonton ora katon, byang-byang byos, golong-golong gumelompong, gulung-gulung gumalumpung.

Hong namu namas swah hah.

Bathara Kala lajeng kesah, sagarwa balanipun, kaliyan sami nedha sangu sadaya, Wangsulanipun kyai dhalang Kandhabuwana : Iya padha anjupuka. Lajeng sami mendheti, (ingkang dipun pendheti sajen), lajeng kesah.

Kyai dhalang Kandhabuwana lajeng nandukaken japa Kumbalageni : Buk-buk maga rubuk, gerobyog padha rusah, suwung sepi sumleng balaning Kala.

Lajeng Dewi Sri Sadana dhateng, kapanggih kaliyan dhalang Kandhabuwana, pamit mantuk, sarta nyuwun sajen ingkang dados waijibipun, dhalang Kandhabuwana pareng, lajeng kapendhetan, sarta lajeng mantuk, kyai dhalang Kandhabuwana lajeng dhawuh dhateng panjak dhalang Klungkungan, Jaka Jatusmati supados dipun guyang. Lajeng kaguyang kaliyan dipun mantrani padusan Jatusmati, : Bogenira sira prasini, jiwanggana patrayana, prakasiwah prakasipa, boga-boga wali purna, Hong bestu waluya, waluya temah anjati, jati temahan waluya, Hong bestu waluya.

Ing sarampungipun, Jaka Jatusmati lajeng pamit mantuk, kalilan, saha lajeng mangkat, lajeng wonten nyai randha dhateng, nyuwun mantukipun bayi ingkang dhawah sampir (bayi lahir wonten salebetipun tangga nuju ringgitan) dhalang Kandhabuwana marengaken, lajeng kabekta mantuk. Pandung ingkang tumut nabuh kenong kecer sami nyuwun pamit mantuk, sarta ngaturaken prasetya, anak putunipun manawi ngantos purun ngawoni dhateng kyai dhalang mugi saturunipun sampun ngantos manggih panjang umuripun, sampun kalilan lajeng mantuk. Saantukipun pandung, buyut Wangkeng kengkenan tiyang estri, nerangaken dhateng kyai dhalang Kandhabuwana, kados pundi tindakipun rara Pripen, inggih punika anakipun estri ingkang nedha ringgitan wau.

Wangsulanipun dhalang Kandhabuwana : Aku mengko adus, sarampunge adus, kembang sataman dianggoa adus rara Pripen, iku sirna mala sukertane. Dhalang Kandhabuwana, panjak lajeng sami adus, sarta mawi japa padusan dhalang lan panjak.

Driyakdasa gunem, gramina satardi nayem, ping sapta muni dewa yu. Hong bestu waluya, waluya temah anjati, jati temahan waluya, Hong bestu waluya.

Lajeng matak aji weling. Sarampungipun, boten dangu dhatengipun Sapujagad, ingkang ngresiki balane Kala kabeh, pasangone poleng sakayuh, pantun kalih gedheng, cikal kalih, badheg sagoci, sekul wuduk ulam lembaran, sampun resik, namung kantun bala satunggal, angentosi jenang baro-baro. Sapujagad lajeng mantuk, dhalang Kandhabuwana lajeng sumbar-sumbar : Aku dhalang Kandhabuwana, angadeg pusering jagad, aningali memelok ing kalangan, tanggal pisan patbelase murub tan kenaning pati, mancur tan kena surem, aku

dhalang Jatiwasesa, ora wenang diwasesa, iya aku kang wenang misesa sakalir. Dupi kapyarsa sumbare kyai dhalang Kandhabuwana, ambaledug balanipun Kala. Tanceb kayon.

Ingkang andhalang lajeng ngucap, “Awignam astu namas sidhem, lungguhku pakuning bumi, talapakane sanggabuwana, gadebog Hyang Nagaraja, kelirku sang Tinjomayu, widadari kang anggameli, widadara kang anonton, kang anonton padha katon, kang tinonton ora katon, hong mastu namas sidhem”. @@@

SULUK MARTABAT SANGA


PUPUH
P U C U N G

  1. Kang pinucung nenggih urut-urutipun, kang martabat sanga, teruse kang maha suci, iya iku martabat ing Rasullullah.
  2. Kratonipun, kang maha suci maluhur, tetep aneng kita, pribadiing awal akhir, lahir batin yogya sami ngawruhana.
  3. Ing wong kang wus putus ing ngelmu rahseku, yen sirarsa wikan, ing karatone pribadi, kawruhana duk misihe awang-awang.
  4. Uwung-uwung bumilangit durung wujud, ingkang ana sapa, junun mukawiyah singgih, ing aranan junun iku makna tata.
  5. Tegesipun mukara rahi puniku, wiyah jagad jembar, tegese tata kang dhingin, den anaken ing arah jagad kang jembar.
  6. Pan ing ngriku durung ngarsa lagi iku, arahe kewala, pan iku kang maha suci, kang jumeneng aneng junun mukawiyah.
  7. Iya iku sajatiningurip ingsun, sadurunge ana, bumi langit trus samangkin, mongka karsa malih apa kang kinarsan.
  8. Nenggih maklum suksma arane puniku, maklum makna wikan, suksma ing karsanireki, durung karsa lagi ngawruhi kewala.
  9. Sapa iku kang jumeneng lagi maklum, sapa iku ingkang, maha luhur maha suci, iya iku nyata uripira dhawak.
  10. Tegesipun maklumat kumpul ing kawruh, pepeke ingngumat, durung karssa apan lagi, papak bae sapa madeg ing maklumat.
  11. Iya iku kang mahasuci maluhur, nyata nora liyan, ing uripira pribadi, sadurunge bumi langit trus samangkya.
  12. Lajengipun, kang kinarsakakeniku, apan iya ngadam, ilapi wujud ilapi, tegesipun basa ngadam iku ora.
  13. Artinipun, ilapi upama iku, lire wujud ana, kang ilapi ing pribadi, ing anane dadi metu saking ora.
  14. Awitipun upamane pisan iku, ora dadi ana, tetep upama pribadi, purwanipun ana iku saking ora.
  15. Sapa iku kang jumeneng aneng ngriku, ngadam ilapi myang, wujud ilapi pan mami, sadurunge dadi jagad trus samangkya.
  16. Lajengipun akarsa malih puniku, apa kang kinarsan, pan iya alip mantili, lire alip madeg mantili lirira.
  17. Kang gumantung dhewe bongsa madeg iku, tan lawan kinarya, rasane dhewe kinardi, kang jumeneng ing mantili iku sapa.
  18. Iya iku kang Mahasuci Maluhur, nenggih urip kita, pribadi duk sadurung ing, ana bumi langit terusing samangkya.
  19. Lajengipun apa den karsaken iku, nenggih johar awal, johar sosotya lirneki, apan dhingin basa sosotya punika.
  20. Kumpulipun ing putih lan kuningipun, pan ananing rahsa, bongsa dhingin kumpul ing brit, dadi ireng kang madeg ing kono sapa.
  21. Iya iku kang mahasuci maluhur, iya urip kita, pribadi duk sadurung ing, ana bumi langit terusing samangkya.
  22. Lajengipun apa kinarsaken iku, alam ulu hiyah, tegese alam udani, ulu luhur hiyah apan jagat jembar.
  23. Iya iku dadining karsa rumuhun, karsa kang sapisan, ananing kang bumi langit, sapa ingkang ngadeg alam ulu hiyah.
  24. Iya iku kang mahasuci maluhur, nora liyan-liyan, ya urip ingsun pribadi, sadurunge bumi langit trus samangkya.
  25. Lajengipun akarsa malih puniku, pan akyan sabitah, pan akyan nyataning urip, kang sabitah iku tetep tegesira.
  26. Tetepipun kuku wulu kulit bayu, tetep-tinetepan, balung otot getih daging, lawan sungsum dene tetepe kang jagat.
  27. Sarta gunung geni miwah angin laut, cleret thathit kilat,kuwung lawan obar-abir, iya iku ing uriping rasullullah.
  28. Sapa iku kang jumeneng aneng ngriku, pan akyan sabitah,pan inggih kang mahasuci, mahaluhur mapan nyata ora liyan.
  29. Urip ingsun sadurunge jagat wujud, terusing samangkya, mongka nuli karsa malih, apa kang den karsaken ngadam perpuwan.
  30. Ngadam iku ing orane tegesipun, dene kang perpuwann, pepeking rupa pribadi, kaya putih ireng kuning ijo abang.
  31. Dadu biru wungu kalawan kulawu, iku ananira, dhewe tan lawankinardi, iyaiku tetepe rupa mukhamad.
  32. Sapa iku kang jumeneng mahaluhur, ing ngadam prempuwan, iya iku maha suci, mahaluhur nyata lamun datan liyan.
  33. Uripipun pribadi sadurungipun, bumi langit dadya, tanliyan prapta samangkin, sampun tamat kag aran martabat sanga.
  34. Poma dipun pracaya ja pindho wuwus, lan aja was-uwas, yenmaido temah kapir, lawan aja kawetu ing wong akathah.
  35. Den aserung kang sarombong den barukut, wong kang ahli sarak, sireken aja den wruhi, nadyan liyanipun kudu nganggo parah.
  36. Marmanipun banget pemut-pemut ingsun, nyata wus katondha, ingsun dhewe wus nglakoni, ahli sarak tur durung kongsi ngulama.
  37. Maksih busuk parandene angguguru, duk lagya sapisan, nora tumancep ing ati, angguguru malih kaping dho pan maksa.
  38. Tyas baliwur kaya iya kaya dudu, kalabetan sarak, melang-melang pecat mati, angguguru malih jangkep kaping tiga.
  39. Lagi iku wiwite rada sumurup, nanging durung ngilang, labete sarak sak serik, siyanglatri tyas ingsun aponca
  40. Tan kaetung angguguru awak ingsun, pan jangkep kaping pat, ing kono gagah tyas mami, anampani wahyu geng tompa nugraha.
  41. Dadya rampung sumilak nirmaleng kalbu, wus datan kalingan ilang kang bongsa ling-aling, lengleng liwung tan mangmang marang sikepan.
  42. Saya darung birahi ningsun mring ngelmu, anggung puruhita, nedya musawarat batin, sun antepi nora wedi beya wragad.
  43. Sawus ingsun tutug gon ingsun guguru,ing batin tan kewran,lahire sasat sun pingit, angibadah tanpa pedah ingsun temah.
  44. Kadya edul, tanpa mongsa dhikir ingsun, anggung ratip samad, ngumpulaken para kaji, kongsi miskin labet ingsun karya buja.
  45. Eh ta sagung gung alit nak muridingsun,padha kawruhana, luluhure guru mami, luwih aplal tinimbang lan maca Kur’an.
  46. Guruningsun tan akeh mung tigalikur, nanging kang sun etang, luluhure kang sawiji, kang pawitan nenggih saking jeng panutan.
  47. Kang rumuwun, jeng rasullulah mumuruk, marang sayidina, ngali kang putra bunta lit, lajengipun sayidina ngali mulang.
  48. Marang sun Sayidina Kusen iku, lajeng amumulang, mring Sayid Jenal Ngabidin, lajeng mulang mring Ngumar Mukamad Bakar.
  49. Lajengipun Mukamad Bakar mumuruk, marang Rokaniyah, Japarsidik muruk maring, Jeng Sultan Ngaripin abiyajid Bislam.
  50. Lajengipun Sultan Ngaripin mumuruk, marang Seh Mukhamad, Marip lajegn muruk malih, mring Seh Ngarbiya Jidil Ngasli tumulya.
  51. Amumuruk nenggih marang Kutub Abu, malapir Mulana, Rum Tuwasi muruk malih, mring Seh Kutub Ya’abikapanilkakan.
  52. Ya seh Kutub, lajenge malih mumuruk, mring Seh Kut-kalima, wurina amuruk malih, maring Sayid Mukamad Ngasik lajengnya.
  53. Amumuruk, Seh Mukamad Ngarab iku, lajenge mumulang, mring Seh Ngabdullah sAtari, lajegn mulang mring Iman Kaliyussatar.
  54. Lajeng muruk, mring Seh Idayatulahu, sarmasti amejang, marnag Seh Kaji Kusiri, mejang Sayid Mukamad Hos putranira.
  55. Sayid katru, dinil lajeng amumuruk marang Sayidina, waji udin bongsa ngulwi, lajeng muruk marnag ing Sayid Abdullah.
  56. Putranipun Sayidina Rohkullahu, lajeng mulang mring sang, Sayidina Wisnamuwa’il, Amad Ibungali ingkang bongsa Ngabas.
  57. Prajanipun ing Sanawi lajeng muruk, mring Seh Amad ingkang, putra Seh Mukamad nagri, Madinah kang mashur lan Seh Amad Kusal.
  58. Lajeng muruk marang ing Seh Ngabdul Raup, putra Ngali ingkang, bongsa Seh Kamyah Pansuri, prajanira ing Singkil pan lajengira.
  59. Amumuruk mring TuwanSeh Kaji Ngabdul Mukiyi ing Karang, padhukuwan Saparwidi, mejang putra kang dalem ing Bojong-Karang.
  60. Krajanipun ing Saparwidi kadhukuh, mejang putranira, kyai mas ing Saparwidi, desa Karang dene ta ing lajengira.
  61. Amumuruk mring Kyahi Talabudinu, kang dalem Banyumas, mejang Seh Mukamad Salim, ing Madahab mejang den Ronggasasmita.
  62. Wismanipun ing Surakarta ibenu Mas Ngabehi Yasadipura kang kaping kalih, trah pamaseng jawil kabir Pengging Pajang.
  63. Sampun putus, luluhuring para guru, poma wekasing wang, den agemi den nastiti, den taberi lan den ngati-ati padha.
  64. Tegesipun, gemi den aja kawetu, marnag wong ing kathah, dene tegesing nastiti, denwaspada ing ngelmu aja was padha.
  65. Dipun terus, ing batin lan lahiripun aja kongsi mamang, senggga den tumekeng pati, dene ingkang teberiing tegesira.
  66. Siyang dalu den talaten maca iku, sagung kang lepiyan, supaya dadiya misil, masalahe wasiteng tyas aja samar.
  67. Yen tan kaur, mamaca ing saben dalu, yen ratri kewala, den sregep ngiling-ilingi, rasakena murade lan masrudira.
  68. Den gumathuk, ing tekadnya nyambut-nyambut, manawa kapiran, utawa kang tutul petis, dene ta yen saben dalu tan kacagak.
  69. Apesipun, ing pendhak Jumungah iku dalu tuwin siyang, dene apesipun tuwin, ana nora sapisan ing saben wulan.
  70. Supaya ntuk ing kamulyan dennya lampus, mengko sun wawarta, pirsakena duk sawargi, kang sinare ing Pengging Darul ngaliyan.
  71. Tur ta sampun, kasebut yen ahli ngelmu, parandene karsa, lepiyaning para wali, tuwin lepihane guru kang sampurna.
  72. Ingsun weruh nalika kalane dalu, yen tan tatamuwan, sakendeling nganggit-anggit, nora nana malih ingkang tiningalan.
  73. Amung suluk kalawan tasawub dipun parandene ana, manuswa ing jaman mangkin, ingkang datan arsa ulah ing lepiyan.
  74. Ciptanipun, nanging kudu dadi guru, ngelmu pepogotan, kang mengkono muridneki, dadi wong berwangkal gurune ber nakal.
  75. Lamun durung ber mokid wong dadi guru, sanadyan ber nakal, aja kang ber nakal malih, lamun nora misih akeh kalongkangan.
  76. Dene iku, kasusu rangkah tan pecus, dastun tanpa kojah, tumandang amumuradi, suluk iku den susul muluk kiwala.
  77. Anggegampung muride kudu amenthung, mongsa tarimaa, ingkang padha ahli budi, apa nora bisa gawe murad dhawak.
  78. Muradipun, kang terus lan lihatipun, pan suluk punika, dadalan marang kajatin, dene ingkang muradi suluk punika.
  79. Wong kumlunthu pantes dinulang ing watu, pipitu kang samya, agenge sabithi-bithi, mokal bae ingkang para aoliya.
  80. Nganggit suluk, yen tanana pedahipun, pan pasthi kinarya, wuwulanging wuri-wuri, dene ingkang ngati-ati tegesira.
  81. Aja tungkul, ing kauripan ing dunyeku, sajroning kawiryan, sasambinen lan prihatin, den aulah pati sajroning ngagesang.

@@@

WONTEN ING DALEM PANGIMPEN


SINANDI
DHANDHANGGULA

  1. || Rangu-rangu rongehing tyas tistis | den ta dahat katanceban coba | masthi trenyuh sabarang reh | ngalumpruk angken kapuk | bebas kyehning kaarsan sami | idhepe mung udrasa | karkating tyas suwung | tatas rantas nir budaya | dupyantara katrahan truh geng makingkin | tangeh ywan bisa rena ||
  2. || Rana-rene muhung dicecenggring | tansah susah gresah den gegasah | netepi paribasane | tan kapenak yen turu | nora enak kalamun bukti | matangnya mung kekadhar | kedher ngekep dhengkul | andhekukul munggwing natar | tataraning driya rekane sesanti | mrih antuk parmaning Hyang ||
  3. || Nuju madyeng ratri mak les guling | nadyan amung nendra saliyepan | nanging nglangut pangimpine | neng kanane lumaku | turut pinggir padesan nuli | keplantrang prapteng wana | akeh kang kadulu | gawe gawok jro supena | gunung- gunung kang angongkang tepi tasik | pindha pagering jagad ||
  4. || Pucaking kang ancala kaeksi | kumeluning nenggih ampak-ampak | yayah kukusing dupane | pakartine pra wiku | kang awikan wengkoning gaib | memuji arjaning rat | de pongoling gunung | anggeneng ngungkuli guwa | anyelingup mesmu singup yayah kadi | dununge risang dwija ||
  5. || Ramyang-ramyang Hyang Baskara nglentrih | katawengan dening imamanda | suntrut kadi wadanane | sang dyah kang nandhang mepu | mempen munggwing pahoman sarwi | memuji pajampua | jro jagad rahayu | dene kyeh sekar kang mekar | mekrok ngambar ambabar gonda rum wangi | lumrang sinrang pawana ||
  6. || Rontog runtuh sumawur ing siti | sinatmata lwir warsa puspita | saking wiyat peparinge | Sang Widhi dhustha luhung | ngayem-ayem mring titah sami | kang nandhang sapudhendha | mendhaa ywa linglung | kyeh bremara samya mara | marepeki ring unggyaning sarwa sari | brengengeng kapiyarsa ||
  7. || Bela-bela milu amemuji | rengkaning rat menggala waluya | dene sakyeh para kethek | angglathak pating plangkruk | neng kakaywan sarwi angemil | ting cruwet ingkang swara | lwir cantrik manguyu | myang jejanggan ngupaboga | sarya muji jaya-jayaa kang bumi | raharja nir kalesa ||
  8. || Kutut manggung mangun kung dumeling | merak ngigel amurwa wibaksa | cenggeret nong lir sendaren | lengkawa myang kaluwung | angawengi inganing langit | taksaka pepuletan | mulet mandireng gung | pethit molah sarya ngakak | sato wana kaluruk kagyat miyarsi | kyeh swara jroning wana ||
  9. || Alun tempuran muncrat manginggil | lir tempuhing asmara dilaga | samyambeg sura karone | isine kang wana gung | manggung karya eraming ati | tarlyan sakyeh kaanan | jroning wana wau | sung sasmita amemudya | kang kuwasa misesa sasameng janmi | ywa nityasa akarya ||
  10. || Rudahing tyasira sanggyeng dasih | kang wus kawus kawawas mlas arsa | mugi salin slaga age | anggempur kyeh rubiru | berat dening dedeling adil | dilalah mung susanta | santosambeg sadu | sedya sidi sudagnyana | nihan reke kang supta dyan gregah tangi | gugup kagyat kalintang ||
  11. || Dening jeriting lare sru nangis | ngres-eresi rose sotaning tyas | tandya linggih dhewe emple | anggagas impenipun | kang kacetha cinathet nginggil | puwara paraning tyas | mugi enggal kabul | kabuka bakuning sedya | pudyarcana tetep impen duradasih | mrih dadya raharjeng rat ||
  12. || Rengka-rengkuk rengkeng-rengkeng tapis | bengkas dening parmaning Hyang Suksma | mung kari entheng mathentheng | mathentheng gantheng pengkuh | bakuh kukuh kridhaning dhiri | dennyarsantuk aksama | tentrem myang rahayu | lwir mangkana kang cinadhang | sanggyaning kang impen mugi duradasih | kula trah kaping tiga ||@@@

MET IDUL FITRI


Myspace Marquee Text - http://www.marqueetextlive.com

Mas Kumitir

Lumantar blog : http://www.alangalangkumitir.wordpress.com,
hambok bilih wonten silap tangsulipun tulis lan wicoro,
ugi solah bawa lan tindak tanduk kirang trapsilo
ingkang handadosaken kirang renaning panggalih,
kawulo ing dinten riyadhin puniko
nyuwun agunging samodra pangaksami
dumateng sedaya Sesepuh Pinesepuh,
lan sedaya sutrisna budaya Jawi.

Dalah hangaturaken
SUGENG RIYADHIN,
1 SYAWAL 1434 H

SULUK SUJINAH


Dhandhanggula

  1. ||Wonten carita winarni | pawestri bekti mring priya | rabine andhita kaot | kelangkung dennya utama | ara Dewi Sujinah | iku prayoga tiniru | pawestri bekti mring priya||
  2. ||mulane estri alaki | amrih kecangking ing priya | aja nuhung dunya bae | nek teka dunya akerat | tan arsa melecaa | mulane geguru kakung | amrih sampurnaning krama||
  3. ||Sang dewi umatur aris | atakon jroning papreman | andika rabi maringong | kula kinarya punapa | kawula nyuwun wejang | yen wus panggih lawan ingsun | ing pundi nggone kapanggya||
  4. ||Kelawan andika gusti | punapa andika aras | punapa cinulu mangko | andika cekel punapa | kawula nyuwun wejang | yen ora mejang maringsun | kawula tan arsa krama||
  5. ||Mojar pandhita Mustakim | kang sun tuhu aranira | sihira sun cekel mangke | sun tinggal edatira | lawan sipat kang mulya | sukmane sun aras iku | kepanggih ing rahmatolah||
  6. ||Ingsun gawe sira yayi | kanyatahan rasa mulya | lawan ingsun gawe mangke | wedale sihing Pangeran | punapa arsa andika | puniku pamanggih ingsun | iku sajatining krama||
  7. ||Sang retna umatur aris | wonten malih tur kawula | sampun salah tampi mangko | kawula matur ing tuwan | leres karsa paduka | andika sare lan ingsun | milane tek asiram||
  8. ||Punapa kawula najis | pak tuwan siram punika | najis punapa westane | mapan sami wujud tunggal | kawula ndika wejang | yen nora muruk maring ingsun | kawula tan arsa krama||
  9. ||Milane jinabat gusti | pinten kehe mukaranah | pencar catunggal-tunggale | ingkang aran mukaranah | kawula nyuwun wejang | kados pundi tegesipun | raja pandhita ngandika||
  10. ||Milaneingsun adus yayi | ngistoni turning johar | ingkang aran johar mangko | banyu urip pinangkanya | tumiba bumi rahmat | wajibe adus puniku | ana kang melu dinusan||
  11. ||Kang milu dinusan yayi | sipatolah ingkang mulya | kelawan date ta mangko | lan sipat patang prakara | lawan kang awujud tunggal | nora loro wujud iku | nanging hyang jatining sukma||
  12. ||Dewi Sujinah turnya ris | inggih leres karsa tuwan | among tuwan guruningong | kawula malih tetanya | pernatane asalat | inggih kang kawula suwun | sampurnaa kadi tuwan||
  13. ||Mojar Pandhita Mustakim | yayo pernataning salat | limang perkara kathahe | iku sejatining tingkah | angadeg lawan lenggah | arukuk kelawan sujud | aniyat ingkang sampurna||
  14. ||Kang estri umatur aris | punapa jatining niyat | edat kang pesthi langgenge | matur ni Dewi Sujinah | yen ngadeg asal punapa | raja pandhita amuwus | angadeg asal dahana||
  15. ||Dudu geni kena pati | pan dudu gene kemasan | dudu geni kang ginawe | dudu geni gingsir owah | lan dudu genine kawah | dudu geni sangking watu | apa dudu geni gelap||
  16. ||Dudu geni gegosongi | dudu geni sangking arga | dudu geni sabangsane | lan dudu geni agaran | dudu geni mujijat | sejatine geni iku | aksara alip kang mulya||
  17. ||Ya alip tegese urip | uripe tan kena pejah | iku cahya sejatine | kang padhang aran sirullah | yaiku wejang ingwang | kang garwa nungkemi suku | inggih leres karsa tuwan||
  18. ||Woten atur kula malih | tegese rukuk punika | raja pandhita wuwuse | yayi manira miyarsa | tegese rukuk ika | among sira garwaningsun | prayoga ingsun wuruka||
  19. ||Arukuk asale angin | dudu angin kena pejah | dudu angin meghot-megot | lan dudu angin prahara | lawan dudu angin barat | pan dudu angine lesus | dudu angin awing-awang||
  20. ||Dudu angin angatisi | dudu anging saking arga | angrubujhaken kekayon | dudu angin ke tingalan | sejatine angin mulya | nora kandheg siyang dalu | yen owah rusak jagate||
  21. ||Kang amuji rina wengi | iya kang sampurna | lir banyu mili sembahe  nora pegat sanalika | iku jatining napas | yaiku sukma kang luhur | ingkang amisesa jagat||
  22. ||Napas iku kang rumiyin | kathahe patang prekara | kaping kalih napas mangko | anenggih kang kaping tiga | tanapas kang rumeksa | kaping sekawane nupus | kang medal keketegira||
  23. ||Tanapas kang medal kuping | nupus medal irung ika | napas kang medal cangkem | napas putih cahyanira | anpas kuning cahyanya | tanapas ijo puniku | nupus ireng cahyanira||
  24. ||Pujina napas puniki | rabbana rabana ika | ilolah anpas pujine | pujine tanapas ika | lailahailolah | anenggih pujine nupus | yahuallah kang sampurna||
  25. ||Kaya paran sira yayi | iku pamanggih manira | Dewi Sujinah ature | inggih leres garwa amba | kawula malih Tanya | tua mejang angsal sujud | raja pandhita ngandika||
  26. ||Asujud angsale warih | bukan toya agung asat | pan dudu toyaning oyod | dudu kali lan telaga | lan dudu toya segara | dudu toya sumber sumur | dudu toyaning bengawan||
  27. ||Dudu toya legi pait | dudu toyane deresan | dudu toya bithek mangko | dudu toya wedang udan | lawan dudu toya pohan | lawan dudu toya embun | lan dudu toya mujijat||
  28. ||Dudu toya owah gingsir | dudu toya kena rusak | sejatine toya mangko | anenggih eberubiyah | tegese iku nyawa | nora buthek siyang dalu | datan samar ing paningal||
  29. ||Sejatine toya yayi | patang prakara kehera | mani kang rumiyin mangko | wadi kang kaping kalihnya | madi kang kaping tiga | maningkem sakawanipun | punika angsale toya||
  30. ||Kaya paran sira yayi | iku pamanggih manira | Dewi Sujinah ature | inggih leres karsa tuwan | pundi angsale lenggah | tuwan wejang angsalipun | raja pandhita ngandika||
  31. ||Alungguh angsale bumi | dudu bumi kena rusak | dudu lemah ginawe | dudu bumi gena gempal | dudu bumi padhas gragal | dudu sangking gunung | dudu bumi rug-urugan||
  32. ||Kaya paran sira yayi | iku pamanggih manira | kang garwa atur sembahe | pan sarwi nungkemi pada | aleres guru kawula | among tuwan lakeningsun | Pangeran dunya akerat||
  33. ||Kawula estu alaki | ngaturaken pejah gesang | among tuwan guruningong | sinambut Dewi Sujinah | marang pandhita rahmat | sirahe nulya pinangku | liniling sarwi winejang||
  34. ||Kelawan murade yayi | sejatine langit ika | iya roh ilapi mangko | retune nyawa sedaya | wenang aran datolah | langgeng pamisesanipun | iya tan sandhane rasullolah||
  35. ||Lah yayi murade api | rukhani cahya ing kana | ingkang mimbihi anane | ananing kang sinung rasa | wenang aran sirullah | kahananing asung wimbuh | tersandhane rasullah||
  36. ||Sejatine toya yayi | iya sira rabiningwang | wong ayu nggon ingsun ngenger | rasa kang luwih utama | ingkang padhang kaelokan | kapurba nugraha agung | pan wenang aran sirullah||
  37. ||Sejatine toya yayi | iya roh jasmani ika | kawimbuhan iku mangko | kalbu mukmin baetullah | kang tan pegat sahadat | kawasesa marang yah hu | wnang aran wujuddullah||
  38. ||Murade kang angsal api | uripe sadrah punika | ingkang angsal angin mangko | uripe napas kewala | ingkang angsal toya ika | iya uriping pandulu | pan langgeng paningalira||
  39. ||Uripe kang angsal api | pesthi uripe kang rasa | kelawan malih murade | kang angsal api punika | makbul reke imannya | lir kumala cahyanipun | medal ati putih ika||
  40. ||Kang tetep tingale reki | kang angsal angin punika | ya inan sadrah arane | lir marcu cahyane ika | kadi wulan purnama | medal saking ati dadu | punika dipun waspada||
  41. ||Ingkang angsal saking wari | uripe sadrah punika | lan imane iku mangko | ing ati puat punika | ingkang angsal bumi ika | iya imane puniku | hidayatolah wastanya||
  42. ||Endah warnanira yayi | murade api punika | tan kena owah cahyane | langgeng ing salawasira | kelawan uripira | tan kena pisah sireku | dadine aran lautan||
  43. ||Murade kang angsal angin | iya idhep ing sirullah | kang kadya lintang cahyane | gumilang gilang apadhang | kadi wulan purnama | kang angsal banyu puniku | madhep maring rasa mulya||
  44. ||Nora kena owah gingsir | kang cahya kadi purnama | ingkang angsal bumi mangko | kang cahya asri punika | ingkang angsal bumi ika | burhanu ingkang kaetung | medal maring biblatullah||
  45. ||Murade kang angsal bumi | rahmani kang katur ika | wus katur sang nata reke | Pangerane wong sajagat | yaiku pemanggih ingwang | kang garwa nungkemi suku | pan asru denya karuna||
  46. ||Aduh lakeningsun gusti | Pangeran dunya akerat | kang asih marang rabine | among tuwan guru kula | apa ingsun walesena | dumateng tuwan punika | rabine tekeng sampurna||
  47. ||Wonten muradipun malih | anenggih patang prakara | wujude kanga pi reke | ingkang dihin dadi rupa | lawan jezakha ika, khata kaping tiganipun  ping sekawan led-eledan||
  48. ||Anenggih murade angin | punika limang prekara | wujud asma lan apngale | jinem kelawan limpa | anenggih kaping lima | iya ingaranan peru | dununge rasa sekawan||
  49. ||Anenggih murade kalih | punika limang prekara | ingkang angsal bumi mangko | wujud kahanane ika | ingkang klawan sipat | daging balung tegesipun | kahanan kareping kiblat||
  50. ||Dhadha tegak lawan gigir | tangan lawan sikut ira | lambung kiwa lan tengene | irung lawan kupingira | cangkem kelawan sirah | sekathahe kena lebur | iku kanga ran salat awal||
  51. ||Yayi kawruhana malih | wernane wong kang sujana | ingaranan salat mangko | iya ingkang nglampahena | satus tan ana satunggal | sewu tan ana tetelu | ingkang aran salat awal||
  52. ||Awor tingkah lawan budi | iya tunggal lakunira | kumpulena sabenere | ingkang aran salat awal | lamun arsa wuninga | yen wus mangsud tingalipun | gampang salat awal ika||
  53. ||Teekbir usalli nameki | kawruhira | weruha tatakramane | lamun nora den rungokna | salah kersane nala | nyatane iku wong luhung | datan kena tinirua||
  54. ||Aja ningali kang wajib | lampahena den rumeksa | wetu lelima kathahe | uya pakoning Pangeran | nyatane rasululloh | iya salat limang wetu | dene iku sih sinihan||
  55. ||Kasaraha ingkang sinelir | mulane nggonira salat | anglairaken karsane | pepak panggaotanira | sangking wetu lelima | pamyarsa lan pandulu | wetu luhur nggone nyata||
  56. ||Patang rekangat puniki | pamyarsa kalihira | kelawan paningal mengko | anenggih kang wetu ngasar | patang rekangat ika | gigir dhadha lawan lambung | tengen lawan kiwa ika||
  57. ||Kaping tiga wetu magrib | tigang rekangat assalam | nabiyullah tersandhane | grana kalih lawan lambung | tengen lawan kiwa ika||
  58. ||Kang sarira nabi singgih | wetu subuh rong rakangat | punika kanyatahane | eroh lawan jasatira | mangkana wetu ngasar | kang sukma sarengatipun | iku lampah ingkang mulya||
  59. ||Aja pegat sira yayi | anglampahi pakoning hyang | pan agung maha mulyane | limang wetu lampahana | aja ginawe ora | lah yayi sesampunipun | iku lampah ingkang mulya||
  60. ||Kang garwa asru anangis | adhuh tuwan guru amba | sarta nungkemi padane | among tuwan lakiku pangeran | ingkang agung suwarga | andika rabi rong puluh | kawula ingkang momong||
  61. ||Sinambut wau kang yayi | kang asta Dewi Sujinah | raja pandhita delinge | among sira rabiningsun | dene tunggal lawan tingal||
  62. ||Lamun sira anglampahi | yayi pamejang manira | munggah suwarga patine | yen sira aneng neraka | ingsun kang yogya ngentas | sakathahe ujaringsun | iku rasaning mertabat||

@@@