Category Archives: WAHYU MATARAM

WAHYU MATARAM


TRIPANAYUH, TRIBAWA LAN TRIDAYA

Kiraku isih ana sing bingung yen aku nyebut Wahyu Mataram. Ora perlu tidha-tidha. Wahyu Mataram, pancen isih siningit. Arang sing kober mbukak, jer wujude pancen sasmita lungit. Mung wae, lilakna (amit sewu) aku dakmucuki mbabar dununge Wahyu Mataram.

Wahyu Mataram asring disebut uga Klimah Mataram (wahyu aji). Uga ana sing ngarani Wahyu Panca Purba. Ing lakon kethoprak, kang njumput babad Mataram, durung ana sing wani nggelar Wahyu Mataram. Wahyu mau, jane klebu wahyu keprabon, sing dadi babone panguwasa Mataram. Wahyu aji kasebut, satemene ditampa kanthi laku kejawen dening pepundhenku sepuh. Laku kang diayati ing pucuke pagunungan kasebut, kasil nampa wisik tanggal 31 Maret 1988 utawa 15 Ruwah 1920 Be candrasengkalane muni Sampurnaning Netra Trusing Nata. Pepundhenku sing wis wareg ngenut laku batin sesilih Ki Sabdacarakatama mau, sekawit bebarengan karo paguyuban Mandiri Caraka Trah Mataram, nedya ngeningake cipta ing laladan Kembang Lampir, Playen Gunung Kidul.

Adhedhasar iku, Wahyu Panca Purba uga asring dijenengi Wahyu Kembang Lampir utawa Wahyu Gagak Emprit. Merga, ditampa nalika para sutresna paguyuban mau maneges ing patilasan Mataram, jeneng Kyai Gagak Emprit. Ing patilasan iki, nuju Malem Selasa Kliwon kasil nggembol piweling gaib kang luhur. Mesthi wae, anggone padha tarak brata, uga direwang-rewangi dening juru kunci trah Sri Sultan Hamengku Buwana IX kang jejuluk Ki Suraksa Puspito. Jeneng Puspito, wis nuduhake kembang, mula papan kang direksa uga disebut Kembang Lampir.

Ing patilasan wingit mau, ana tinggalane trah Mataram, wujud makutha kagungane Ki Pemanahan, Ki Ageng Giring, lan Panembahan Senapati. Ing papan iki, para among kejawen kudu sedheku marikelu, ora kena sembrana, lan kanthi temen nyenyuwun. Yen dikabulake, ana tandha-tandha tertamtu, kayata barat ngleses ora pedhot-pedhot. Barat gedhe mau kaya-kaya arep njongkeng anggone padha lungguh sila tumpang. Yen ketrima, najan dijongkeng barat, lungguhe tetep ora minger sarambut.

Wose, Wahyu Panca Purba isi limang bab kang dadi piyandele trah Mataram. Seka limang bab mau, sing paling wigati yaiku bab Manembah Jati lan Leluhur Mataram. Panembah jati nggambarake yen trah Mataram kasinungan pangaribawa, uga kaprabawan pletiking gaib. Suwara gaib Panembah Jati mau, gerbane diarani tripanayuh, mangkene:

Sepisan, Panayuh Rumekseng Tulis. Tegese, trah Mataram duwe kekuwatan kang rumesep ing awak, kang wis sinurat ing kitab. Merga wis dadi kodrat, kaya kojahe wayang sinurat ing Jitapsara, trah Mataram kudu mangastungkara marang Gusti. Tegese, kanthi temen lan ikhlas nyembah marang Gusti, amrih uripe bisa
sampurna.

Kapindho, Panayuh Ginalang Winih. Tegese, trah Mataram rumangsa kayadene thethukulan kang tuwuh mrajak. Tetuwuhan mau winengku dening kodrat iradat. Tetuwuhan kudu manut pakeme Kang Maha Agung. Mula, bakal urip apa mati, tetuwuhan wus ginaris. Manungsa wis angel bisa endha seka pepancen. Najan ngonoa, uga diwenehi naluri kuwat kanggo mbubidaya apa wae, kanthi kupiya kang tinemu nalar.

Katelu, Panayuh Renggapratala. Yaiku gumelare kahanan ing bumi, kang nglimputi uripe trah Mataram. Manungsa diwenehi pakarti kanggo ngolah bumi. Ning merga bumi uga, manungsa dadi saya winates. Manungsa kudu bisa hamengkoni, ora mung marang bumi, uga marang isen-isening jagad.

Bab leluhur Mataram, uga menehi pepuji marang trahe, kanggo sangune urip. Pepuji trah Mataram wus diwejangake dening Kangjeng Sunan Kalijaga. Pepuji mau kasebut tribawa. Yaiku, sepisan bawaning restu kamulyan. Tegese, bawane kasubratan. Trah Mataram tekan seprene isih nuhoni agama ageming aji, mesu budi, kanthi lara lapa lan meleng cipta. Kabeh iki diayahi kanggo srana katiyasaning batin. Kapindo, bawaning rahayu. Tegese, trah Mataram ora mung pengin mukti aji trahe raja lan kadang sentana, ning uga kemput tekan brayat lan kawulane.

Dening : Suwardi Endraswara, pengajar sastra lan budaya Jawa, FBS .

Advertisements