Ingkang dipun wastani kawruh Sastra Jendra anênggih punika pituduh ingkang sanyata, anggêlarakên dununging kawruh kasampurnan, winiwih saking pamêjangipun para wicaksana ing Nungsa Jawi, karsa ambuka pitêdah kasajatining kawruh kasampurnan. Kawruh Sastrar Jendra Hayuningrat pangruwat barang sakalir, kapungkur sagung rarasan ing kawruh tan wonten malih, wus kawengku sastra-di, pungkas-pungkasaning kawruh, ditya diyu raksasa myang sato isining wanadri, lamun weruh surasane kang Sastra Jendra saged rinuwat dening bathara, sampurna patinireki, atmane awor lan manungsa, manungsa kang wus linuwih yen manungsa udani awor lan dewa patinipun, jawata kang minulya mangkana duk miyarsa tyasira andhandhang sastra. Ingandhap punika wedharing kang Sastra Jendra Hayuningrat saking Serat Lokapala.
Pupuh 177
Dhandhanggula
1. Mas Cebolang kalawan Nurwitri rêsêping tyas de binojokrama tan mantra-mantra yrn nêbe, supêkêt imbal wuwus, dyan tumênggung maringkên aglis, srat Lokapala kawya, dumuginya kondur, risang Rama mring Ngayodya, lah anakmas kinarya sasamben linggih, jujugên kaca sangga.
2. Caritane sang Prabu Sumali, ing Ngalengka kala puruita, mring Bagawan Wisrawa-ne, sêrat tinampan sampun, wus binuka turira aris, nuhun kauningana, estu jugul punggung, têmbung tuwin sêkarira , sajêg ulun sawêg sapisan puniki, sumêrêp sêrat kawya.
3. Sagêd maos nanging dlêmik-dlêmik, dyang tumênggung alon angandika, lah rêka wacanên wae, ywa nganggo têmbang lagu, wus winaca kalankung rindhik, angel kêdaling lesan, dyang tumênggung nuntun, miwah anjarwani pisan, ragi lanyah nggigit suraosing tulis, têmah kataman rimang.
4. Wêdharing kang Sastra Harjendra di, wus tinangkêp sêrat kang winaca, makidhupuh trapsilane, ing nayana mawêlu, dyan tumênggung mesêm ing galih, ing tyas tan kasamaran, kalejêming sêmu, minawas wawas jroning tyas, anaratas pantês lamun dentêtêsi, luwês lon angandika.
5. Babo jêbeng ngagêsang puniki, mrih waspada pandoming kadadyan, kang pasthi ring pangesthine, panjutaning tyas tuhu, tarlen kawruh jiwa sajati, mangsa suryaning alam, wikan kang manglimput, myang pandak panduking driya, kasantaning udaya kang anartani, ing surasa kêrtarta.
6. Kang kapusthi pangesthining kapti, tan lyan mamang katamaning tingkah, ing tumitah mammrih lanteh, tinêtah siang dalu, tinalisik osiking ati, tiniti mrih tetika, kasidaning dunung, dumunung reh sangkan-paran, aywa samar pamoring kawula Gusti, mangkana duk miyarsa.
7. Mas Cêbolang matur mangênjali, dhuh pukulun sêmbahan kawula, mugi mêlasa ta mangke, maring pun mudha punggung, kang tuhu tan satmateng gati, ring silastutining tyas, trapsilaning tuwuh, tumuwuh tanpa pituwas, têmah tiwas ing pangesthi tanpa dadi, saking kirang wêjangan.
8. Ingkang wijang jerenganereki, pakartine ing reh jagad raya, tan mantra uning jatine, marmantakêdah matur, minta tanya kawruh kang jati, jatine kang winastan, kawruh kang linuhung, Sastra Jendra Hayuning-rat, ing nguni kang piningit Jawata luwih, myang kang ran Sastra Cetha.
9. Mênggah têgêsipun kadospundi, miwah dununging pikajêngira, kang wijang wiji-wijine, dyang mênggung maluya rum, dhuh anakmas kalangkung rungsit, mungguhing patanyanta, Sastra Jendra iku liring sifat kayuwanan, -nira Sang Hyang Endra kang mêngku ling-aling, badaling Hyang Wisesa.
10. Yen wus wikan ing kajateneki, sayêkti yen têtêp hayuningrat, lire raharjeng jagade, dene ta inggahipung, Sastra Cêtha dipun wastani, liring kang Sastra Cêtha, kalêpasanipun kawaskithaning panunggal, nora samar sangkan paraning dumadi, dumadya mardikeng-rat.
11. Lire pamijining jagad yêkti, marma tan kenging kengis ing kathah, sinêngkêr ing Batara-ne, kajaba para Dewa ku, kang linilan ing Jawata di, Sang Hyang Sukma Kawêkas, myang jalma linuhung, kang katimeng pamêsunya, puja brata sinung wahyu dyatmikani, nanging mawa prabawa.
12. Guntur wisesa myang guntur agni, guntur bumi miwah guntur braja, guntur ranu myang gunture, awang-awang punika lamun datan tumama yêkti, pratandha katrima, dene cihnanipun, ingkang datan katrima, yêkti sirna tanpa sesa ing dumadi, marma ta wis kaduga.
13. Mêdhar ngilmi gaibing Hyang Widdhi, saking makatên ing purwanira, jrih sikuning Hyang Murbeng reh, nanging ta puntonipun, reh ta sami ngudi wawadi, mrih sidhine kasidan, titising pangawruh, kasampurnaning ngagêsang, kadipundi mungkêring reh tekat yêkti, mrih babaring kamulyan.
14. Yêkti wontên upamane anti, ing pangrêman sarta kang tan lana, kumalêkêrên dadine, tan nêtês dadinipun, tanpa kardi dennya dumadi, tiwas tanpa pituwas, kangelan saumur, luhung aywa dumadia, manungsa yen tan sampurna gêsangneki, lir sato tanpa tekad.
15. Babukaning carita ing nguni, karsaning Sang Hyang Girinata, angumpulakên ing kawruhe, wit saking mêntas kawus, kawruh jati kalindhih dening, Rêsi Kanekaputra, mila tinartamtu, ngumpulkên para kadang Dewa, Rêsi Nrada kalih Bathara Basuki, tiga Sang Hyang Sriyana.
16. Iya iku kang sinêbut nami, Sang Hyang Panyarikan paparabnya, kalawan putra kaliye, Bathara Endra dwi Wisnu, samya têdhak pucuking wukir, ing ardi Jamusdipa, dennya mêdhar kawruh, sawusing pêpak sadaya, Sang Hyang Guru ambukani kawruh jati, ing ngarêp wus binabar.
17. Purwaningkang dumadi rumiyin, ingkang wrêda pribadi pan cahya aulya dahana rumiyin, ingkang wrêda pribadi panca jaladri, puniku pinabênan, ing Kanekasunu, ing pangancas taksih lêpat, de mangeran marang kahananireki, sisip-têmbire* (sisip-sêmbire) dadya.
18. Sumurupe têteja sayêkti, sarta maring kêkuwung maring wangkawa, amarga ing sadurunge, isining rat kadulu, maksih awang-uwung awingit, wus ana swara kadya, gêntha keleng ngungkung, iku Sang Hyang Girinata, sru anggilut jablasing surasaneki, Bathara Nrada sigra.
19. Mêjangakên ing atur dumêling, manis tutuk tatasing kang sabda, Hong Hyang Hyang ulun yêktine, mênggah ta sagungipun, kawontênankesthi kajatin, kajatosan punika, wonten kahaneku, saksine wontên wonten manungsa, jagad ingkang manungsa estu tan pangling, lawan jagading donya.
20. Mila binasakkên saderenging, wontên cahya wus ana swara, apindha gêntha kakêleng, pinika wardinipun, liring swara ingkang kapyarsi, yeku bawa jatinya, gêntha jatinipun, kantha-kanthining kang warna, kêkêleng pan dudunungan jatineki, anjinging kang bicara.
21. Dununging bawa neng kantha singgih, kantha punika sayêkti samar, samar elek satuhune, elok gaib liripun, dene gaib punika mawi, sasandha kadadosan, babasaning catur, nora warna datan rupa, amimbuhi sipat wawarnen sakalir, tan ênggon ora arah.
22. Nanging tansah dennira nglimputi, sagung ingkang gumêlar neng donya, ngandika tanpa lesane, muhung nyawa puniku, ngganda tanpa garananeki, muhung purba kewala, myat tanpa netraku, muhung saking ing waskitha, amiyarsa tanpa karnanira kalih, muhung saking wisesa.
23. Myang angraos tanpa raos nênggih, muhung pangraos sajatinira, dene ta kosok wangsule, purwaning ana estu, saking ora witipun lair, saking ing kabatosan, witing rame estu, saking ing ênêng sanyata, wit gumêlar saking ing sonya sayêkti, nanging aywa kadriya.
24. Tawang-tuwang tanpa wasananing, bêbasane mangeran kumandhang, wusing atur ulun mangke, sirik saestunipun, anênampik tanapi milih, kalamun anampika, ing sadayanipun, kang gumêlar ngalam-donya, punapinggih tan ginulung malih, kalamun amiliha.
25. Punapa tan uninga manawi, sakehing kang kawontênan apan, saking gaib sejatine, babo ywa nganti kerut, utamine mandar ngurubi, myang sampun kawimbuhan, malah asung wimbuh, punika kewala cêkap, dhumatêng ing dunungnya pangsethi jati, jatining kauwusan.
26. Sigêg ture Sang Kanekasiwi, Sang Hyang Guru sawusing miyarsa, saklangkung lêga ing tyase, rumaos yen panuju, dennya darbe pangesthi bangkit, kadya Sang Hyang Athama, ngratoni sawêgung, de kang nama Hyang Athama, ing srat Jitabsara panjênêngan Nabi, ya Adam Abul Awan.
27. Sang Hyang Guru nulya dhawuh maring, para kadang Dewa miwah putra, bisa-a ngudhuni* (ngudhoni/nguruni) ing reh, ambawa-rasa iku, Hyang Basuki wacana aris, mênggah atur punika, wus lêrês sadarum, namung ing pamanggihingwang, sawêg têlêng dununging pangesthi jati, mring Kang Murbeng Gaiba.
28. Analisir pantoging kang gaib, namung dunungipun kang pinurwa, ing suraos wau dereng, Hyang Guru ngndika rum, palibaya pantareng mami, mara katêrangêna, babar-pisanipun, sabda dadining kasidan, Hyang Basuki mangênjali turira ris, mêdhar wangsit angandhar.
29. Dhuh pukulun saking wasitaning, guru-ulun Pêksi Rukmawatya, wukir Mahendra dhepoke, Hyang Kang Murbeng Gaibul, lajêng murweng anasir rannya, gêni bumi angin we punika dadi, kaananing manungsa.
30. Latu dadya napsune kang jalmi, martandhani cahya catur warna, abrit cêmêng jêne putih, bumi badan jasmanu, martandhni sakawan warni, kulit daging myang tosan, sungsum jangkêpipun, angin kaananing napas, pan ing lesan ing grana ing netra kalih, myang pamyarsaning karna.
31. Dene toyo dados kaananing, êroh catur isining wiryawan, ing Jitabsara têmbunge, inggih asrar puniku, roh jasmani êroh kewani, êroh nabati lawan, roh nurani catur, punika bilih kawula, sigêg ture Bathara Basuki sukci, mangkya Sang Hyang Sriyana.
32. Matur alon ring Hyang Odipati, dhuh pukulun sang Padawinênang, manawi ing wasitane, ing gurunadi-ulun, parab Rêsi Pramana tunggil, saking pangraos-amba, langkung tlêsihipun, ingkang wus kasêbut ngarsa, pasêmone Sang Hyang kang Amurbeng gaib, mênggah pralambangira.
33. Catur sastra-suwara winarni A, I, O Rê*) myang antanwyanjana* (urut-urutaning aksara Jawi), sastra tridasa saptane, makatên wijangipun, aksara A (
) mila puniki, angka sakawan (
) lawan, aksara SA (
) wau, mênggah ing pikajêngira, pan wijining panunggal kawan prakawis, Bahni bantala bajra.
34. Myang baruna wijangipun nênggih, agni bumi angin miwah toya, dene aksara BA (
) sinung, cêrêg ngandhap (
) pikajêngneki, bayi dene tan sondha, dados wujudipun, manungsa ingkang sampurna, sarwa sangkêp tan wontên kang kirang luwih, aksara O (
) wijangnya.
35. Mila aksara WA (
) denpasangi, aksara DA (
) mênggah pikajêngnya, mungêl wêdal ing têgêse, pan katingal puniku, aksara Rê (
) wijangireki, mila PA cêrêg ngandhap, padha kanjêngipun, antara ing têgêsira, sampun jangkêp catur swara têgêsneki, gantya wijiling dênta.
Pupuh 178
M i j i l
1. Myang wyanjana ing jarwanireki, pêpêking ponang wong, nanging dereng mawa repa lire, mabusana jangkêping pakarti, lir jabang duk lair, sing garbaning biyung.
2. Muhung Swara pracihnaning urip, de wujuding karo, sastra dwidasa lan pasangane, yeka kang ran dênta-wyanjaneki, ha na ca ra ka– ki *) (



); sapiturutipun.
3. Ha na ca ra ka têgêsneki, won duta kinaot **) (wonten duta kinaot), dunungipun winangsul swarane, ka ra ca na ha lire puniki, lesan ngucap ing da ta sa wa le-ku *) (



).
4. Têgêse Dat kacihna swareki, dununging suraos, wangsul swara la wa sa ta da-ne, nggih punika pratandha salami, pa dha ja ya nya-ki, (



) lire sami unggul.
5. Pan punika pancadriya yêkti, dununging suraos, wangsul swara nya ya ja dha pa-ne, lirnya tan pêgat pangidhêpneki, ma ga ba tha nga-ki (



), nênggih têgêsipun.
6. Babatangan sarira puniki, wit dadosing kawroh, dunungipun winangsul swarane, nga tha ba ga ma têgêsireki, ngentha satataning, ngantareng Hyang Agung.
7. Sajatine wontên manungseki, srêngkaraning raos, liring srêngkara abên-manise, rasa-rumangsa saliring osik, kawula lan Gusti, pamor ing sawujud.
8. Dene pasangan pêcahireki, ricikan rajah wong, munggeng angga makatên wijange, ha (
) lidhah mila dipuntêgêsi, ngetokkên sakapti, awit lidhah wau.
9. Anut pakening karsa sayêkti, clupakan netra ro, pasangan na (
) mila ing têgêse, katêrangan wit luwakan aksi, pan karya wênganing, Hyang Pramana tuhu.
10. Pasangan ca (
) tangan têgêsneki, kancuhaning batos, awit tangan dados kancuhane, osiking tyas nartani pakarti, ra (
) manik winardi, sosotya punika.
11. Wit têrsandhanira wontên manik, rahsa saraseng don, kang manrangi ing lair batine, ka (
) cangklakan pundhak denwêrdeni, kukuh dene kardi, pikuwating bau.
12. Pasangan da (
) kalamênjing warni, apanjang kinaot, wit manjangkên ing jangga wujude, pasangan ta (
) cangklakaning sikil, winastan cacêthik, prênah têgêsipun.
13. Dene dadya lantaran yêkti, kuwatin ngalunggoh, anartani tata-trapsilane, pan minangka lambaraning takrim, antuk suku kalih, dadya ugêripun.
14. Pasangan sa (
) jaja antaraning, têgêsipun golong, dene dadya kanthi sayêkti, awit jaja dununging piranti, pirantining urip, parabot kang parlu.
15. Pasangan wa (
) bau ingkang kering, tinêgêsan karo. Dene dadya kanthi sayêktine, bau kanan lalawananeki, jangkêping pakarti, bau ro puniku.
16. Pasangan la (
) gêgêr kanan kering, têrusan njaba jro, dene nêrusi jaja ngajênge, pasangan pa (
) lambe ngandhap nênggih, mila dentêgêsi, patitis puniku.
17. Dene bangkit mijilkên yêkti, pangucap cumêplos, tan kaleru tampining osike, pasangan dh (
) nnggih dentêgêsi, dadalan sêjati, wit dhadha puniku.
18. Dados margi pratandhaning uirp, kakêtêg ing jêro, mangka paliwaraning Atmane, pasangan ja (
) sandhing thêthêngiling, jaja dentêgêsi, patitis puniku.
19. Dene dados pangajênging ciri, ayu kajêngipun peranging kono, aksara *) (wujuding aksara tuwin pasanganipun sami) ya (
) babau kanane, tinêgêsan cuthat wit nampeni, karêntêging ati, tumindak sakayun.
20. Pasangan nya (
) luwakaning ngaksi, kang kering kinaot, mila tinêgêsan mulung lire, dene bangkit amêngani kapti, sasmitaning liring, ngênani panuju.
21. Pasangan ma (
) janggut dentêgêsi, bundêran wang karo, aksara ga *) (wujuding asksa sami kalaiyan pasanganipun) (
) jangga wingking lire, agêng dene panggenaning nginggil, sanginggil angkeki, kêrêtang pok gulu.
22. Pasangan ba (
) pasu wujudneki têgêsira karo, lire kêmbar nrambahi mukane, pasangan tha (
) wujuding thi-athi, tinêgêsan nênggih, tulising mukeku.
23. De mimbuhi asrining suwarni, antareng karno ro, pasangan nga (
) nênggih bolongane, ing grana mila dentêgêsi, pangingsêp wit saking, panggandasmareku.
Pupuh 179
Asmaradana
1. De cêcêg (
) grana lirneki, sami lawan aksara nga, wulu (
) sirah ing têgêse, pêpêt (
) têgêse mbun-êmbunan, layar (
) lirira jaja, sami lawan ra punika, dene cakra (
) têgêsira.
2. Midêr lawan amêngkoni, yeku dhadha têgêsira, ingaran sawarga lire, pangiraning tyas punika, kawêngku jroning dhadha, marma pasangan dha jumbuh. Pikajênge lawan cakra.
3. Taling (
) têgêsira kuping, tarung (
) thêthêngêling karna, ingaranan srêngkara, abên-manis têgêsipun, marma ingaran mangkana.
4. Krana dadi lantaraning, pacampuring rahsa mulya, dene wa (
) gêmbung têgêse, pan punika bau kiwa, pengkal (
) pan bau kanan, wignyan (
) cangkêm têgêsipun, ing dununging pamicara.
5. Winastan wisarja nênggih, lire bêcik klawan ala, saking tutuk ing margane, rinan malih awiyarja, luwih bêcik têgêsnya, saknya malih têgêsipun, nut sapakon têgêsira.
6. Pakoning manah sayêkti, mulya sae nulya ala, tutuk darma mêdharake, pangkon (
) pandhaku lirira, ingaranan pêjahan, sing aksara kang pinangku, sayêkti wujud manungsa.
7. De cahya kawan prakara, cêmêng abrit jêne pêthak, nênggih ing panjing surupe, cahya cêmêng anjingira, sumurup cahya rêta, rêta manjing surupipun, nênggih maring cahya jênar.
8. Jênar manjing surupneki, maring cahya ingkang pêthak, cahya pêthak ing surupe, maring cahya mancawarna, cahya kang mancawarna, mring cahya mancorong iku, nênggih panjing-surupira.
9. Cahya kang mancorong manjing, mring cahya mancur surupnya, cahya umancur surupe, mring cahya wêning punika, cahya wêning surupnya, mring cahya gumilang iku, cahya gumilang surupnya.
10. Marang cahya ingkang gaib, têgêse gaib pan samar, kendêl Sriyana ature, Hyang Guru kelangkung suka, karênan ing wardaya, dene ta punika kawruh, kapralambang saking sastra.
11. Sang Hyang Sriyana sinung sih, pinaraban Panyarikan, jawata jumurung kabeh, mangayubagya ing karsa, sigêg Sriyana turnya, tandya Sang Endra sumambung, matur sarwi ngaraspada.
12. Saking raosipun maksih, kadho-kadho ing pangancas, nênggih dhatêng ing kajaten, awit maksihkaroneyan, bokbilih tidha-tidha, pamanthênging tyas kalentu, korup dhatêng panguripan.
13. Manawi pamanthêng kami, namung riningkês kewala, dhatêng ênêng lan êninge, dene dadose dumadya, rupa warna busana, pangracutipun pan namung, rasa ambu warna rupa.
14. Mênggahing pangancas-kami, saestu datan nalimpang, muhung mring nukat gaibe, pukulun pangraos amba, wus tan ana tisna-a, nêtês naratas wus putus, wasana ulun sumangga.
15. Sigêg Sang Hyang Endrapati, dennya medhar pangawikan, mangkya Hyang Wisnu ature, nuwun mênggah aturira, risang Hyang Panyarikan, kawruh kapralambang dhaup, lawan sastra samoanya.
16. Ingkang punika mêwahi, têranging kang sasêrêpan, mênggah saking wasitane, Sang Ngusmanajid gurwamba, kaananing manungsa, punika anunggil dhapur, lan kang nglimputi sarira.
17. Purwanya namung satunggil, kadamêl kalih ilapat, dene ta binasakake, kakalih ingkang ilapat, langkung kang amicara, winastan kalih saestu, winastanana satunggal.
18. Sayêktosipun satunggil, mênggah sastra tanah Ajam, kang tumrap angga kathahe, jangkêp tigangdasa sastra, saking enget kuwula, Hyang Pramesthi ngandika rum, mara kulup wêdharêna.
19. Sang Hyang Wisnu mangênjali, sareh wêdaling wacana, alip (…ﺍ…) maripat kalihe be (…ﺏ…) bolongane kang grana, te (…ﺕ…) ing utêng dunungnya, se (…ﺙ…) daging jim (…ﺝ…) sirah lungguh, ke alit (…ﺡ…) karna kang kanan.
20. Ke ageng (…ﺥ…) karna kang kering, dal alit (…ﺩ…) bau kang kanan, dal agêng (…ﺫ…) bau keringe, ra (…ﺭ…) iga têngên kiwa, je (…ﺯ…) iga ingkang kiwa, sin alit (..ﺱ….) têngêng kang susu, sin agêng (…ﺵ…) susu kang kiwa.
21. Sad (…ﺹ…) lambung kang têngên nênggih, êdhot (…ﺽ…) lambung ingkang kiwa, te (…ﻁ…) kukulung ati nggonne, dha (…ﻅ…) ing jantung dunungira, ngain (…ﻉ…) pupu kang kanan, ghin (…ﻍ…) pupu kiwa dumunung, fe (…ﻑ…) suku têngên ênggonnya.
22. Khaf (…ﻕ…) ing dhêngkul têngên nênggih, kaf (…ﻙ…) suku kiwa dunungnya, lam (…ﻝ…) ing wêtêng, min (…ﻡ…) otote, nun (…ﻥ…) balung, wawu (…ﻭ…) gigirnya, ehe (…ﻫ…) tlapakan kanan, lam-alip (…ﻻ…) dunungipun, aneng lathining manungsa.
23. Ambyah (…ﺀ…) dhêngkul kiwa nênggih, ya (…ﻱ…) tlapakan ingkang kiwa, jangkêp sastra tridasane, mangkya rêringkêsanira, badane kang manungsa, ing saestunipun sampun, inggih angucap piyambak.
|