Category Archives: WIRID HIDAYAT JATI

APA KANG BAKAL KALEKSANAN ING JAMAN KARAMATULLAH


Iki wangsite Kanjeng Susuhunan Kalijaga, amratelakake kang bakal kaleksanan ing sajroning jaman Karamatullah, kaya mangkene.

Ing atasing aral basariyah kabeh, yekti pada anandang jawaliyah, tegese pepalanganing manungsa iku pada kena owah gingsir, iya iku dadi pratandane apesing kawula, kayektenan ing dalem adam kukmi, katon saka pangrasa kaya ing ngisor iki :

1. Alam Rochiyah.

Kang dingin, awit katon alam Rochiyah, tegese alaming nyawa, apadang dudu padanging rahina, tanpa keblat wetan lor kulon kidul ing tengah ing ngisor ing duwur, ing kono aningali sagara tanpa tepi, iku wahananing ati kawimbuhan cahyaning utek, satengahing sagara katon ana duryat pancamaya warna kaya teja gumawangcahyane, iku wahananing jantung kawimbuhan cahyaning johar awal, iya iku manik, kang pancamaya anglimputi jatining ati, dadi pangrasaning sarira, empane dumunung ana ing cipta papane ana ing paningal pamiyarsa pangganda pangrasa pamirasa, diarani muka sifat, kawasane amung anuntun sakaliring sifat kabeh, ing nalika iku aja nganti kasamaran marang panengeraning rupa kang sajati, iya iku rupa kita pribadi.

2. Alam Siriyah.

Kang kaindo, sasirnaning alam Rochiyah, katon alam Siriyah, tegese alaming rahsa, padange angluwihi padanging alam Rochiyah, ing kono tekaning cahya patang warna ireng abang kuning putih, iku wahananing budi, ametokake kahananing napsu patang prakara, kang pada dadi durgamaning ati, katone tumurun siji-siji, kang wiwit katon dingin, cahya ireng, iku kahananing napsu Luwamah, hawane ing nalika urip amarakake dahaga arip luwe sapanunggalane, wahanane ing waduk, wahyane saka lesan, kadadiyane ing sajroning cahya ireng katon sakaliring sato kewan miwah gegremet, pada angragada kaya anganggep Pangeran, prabawane bumi ganjing, alaming napsu diarani alam Nasut, tegese lali, ing nalika iku panggonaning lali, poma dienget, sarta santosa, aja nganti korup ana sajroning cahya ireng, bokmanawa anitis marang sato kewan miwah gegremetan.

Ora antara suwe cahya ireng sirna, nuli katon cahya abang, iku kahananing napsu Amarah, hawane ing nalika urip amarakake angkara, panaten deduka sapanunggalane, wahanane ing amperu, wahyane saka karna, kadadiyane ing sajroning cahya abang katon sakaliring budi srani brekasakan, iya pada ngragada kaya anganggep Pangeran, prabawane geni murub gede angalad-alad, alaming napsu diarani alam Jabarut, tegese asreng, ing nalika iku panggonaning rekasa, poma disareh sarta santosa, aja nganti korup sajroning cahya abang, bokmanawa anitis marang brakasakan.

Ora anatara suwe cahya abang sirna, nuli katon cahya kuning, iku kahananing nafsu Sufiyah, wahanane ing nalika urip amarakake murka, pepinginan pakareman kabungahan sapanunggalane, wahanane ing lelimpa, wahyane saka netra, kadadiyane ing sajroning cahya kuning katon sakaliring manuk miwah bangsa iber-iberan, iya pada angragada kaya anganggep Pangeran, prabawane angin pancawara gede, alaming napsu diarani alam Lahut, tegese gingsir, ing nalika iku panggonaning renggang saliring anggaota, poma ditetep, sarta, santosa, aja nganti korup ana sajroning cahya kuning, bokmanawa anitis marang manuk miwah bangsa iber-iberan.

Ora suwe cahya kuning sirna, nuli katon cahya putih, iku kahananing napsu Mutmainah, hawane ing nalika urip amarakake lobaning kautaman sapanunggalane, kaya ta anglakoni puja tapa brata kang kalantur-lantur, ora mawa watara, kahanane ing balung, wahyane saka ing grana, kadadiyane ing sajroning cahya putih katon sakaliring iwak loh, miwah bangsaning beburon banyu, ana ing sagara rahmat, iya pada angragada kaya anganggep Pangeran, prabawane banyu wening tanpa sangkan, alaming napsu diarani alam Malakut, tegese karaton, ing nalika iku panggonane uninga ing karaton kang rinakit Maha Mulya, aja nganti korup ana sajroning cahya putih, bokmanawa anitis marang iwak loh miwah bangsaning beburon banyu.

3. Alam Nuriyah.

Kang kaping telu, sasirnaning alam Sariyah, katon alam Nuriyah, tegese alaming cahya, padange angluwihi padanging alam Sariyah, ing kono tekaning cahya amancawarna, ireng abang kuning putih, ijo gumelar bareng pada katon karaton sarwa raras kabeh, iku wahanane pancadriya, kawimbuhan cahyaning pramana, alaming pancadriya diarani alam Hidayat, tegese pituduh, dening anuduhake panggonane ing nalika gumelaring karaton, anaging dudu sejatine karaton kang rinakit Maha Mulya, iya iku karatoning panasaran, kaya ta, karaton kang katon ana sajroning cahya ireng, iku dzating sato kewan miwah gegeremetan, kang katon ana sajroning cahya abang, iku karaton dzating brekasakan, kang katon ana sajroning cahya kuning, iku karaton dzating manuk miwah bangsa iber-iberan, kang katon ana sajroning cahya putih, iku karaton dzating iwak loh miwah bangsaning beburon banyu, kang katong ana sajroning cahya ijo, iku karatong dzating tetuwuhan, ing nalika kapiyarsa swara kaya anuduhake karatong kang agung kang Amaha Mulya, poma dijinem sarta santosa, aja nganti anyipta milih salah sawiji, bokmanawa kalebu ing karaton panasaran.

4. Alam Nuriyah Luhur.

Kang kaping pat, isih ana sajroning alam Nuriyah, ing kono katon cahya wening, sajroning cahya ana murub sawiji angadeg sasada lanang gedene, darbe sorot wolung warna, ireng abang kuning putih ijo biru wungu dadu, gumelar pada katon swarga asri kabeh, iku wahanane warnaning pramana, kawimbuhan dening sukma, alaming pramana diarani alam Iskat, tegese birahi, dening panggonane rumasa brangta marang gumelaring swarga, ananging dudu sajatining swarga kang amaha suci, dudu panggonan kang nikmat manpangat rahmat, iya iku kahyanganing jin kabeh, amung panggonan kamukten bae,kaya ta :

a. Kang katon swarga sarwa ireng meles meleng-meleng mimba mustikaning bumi, iku kadadiyan saka kanistaning cipta, yen jumeneng ana ing kono, bokmanawa dadi ratuning jin ireng.

b. Kang katon swarga sarwa abang abra marakata mimba sesotya geniyara, iku kadadiyan saka dustaning cipta, yen jumeneng ana ing kono, bokmanawa dadi ratuning jin abang.

c. Kang katon swarga sarwa kuning sumunar mimba retna dumilah, iku kadadiyan saka doraning cipta, yen jumeneng ana ing kono, bokmanawa dadi ratuning jin kuning.

d. Kang katon swarga sarwa putih maya-mayawenes mimba manikmaya, iku kadadiyan saka setyaning cipta, yen jumeneng ana ing kono, bokmanawa dadi ratuning jin putih.

e. Kang katon swarga sarwa ijo angenguwung mimba manik tejamaya, iku kadadiyan saka santosaning cipta, yen jumeneng ana ing kono, bokmanawa dadi ratuning jin ijo.

f. Kang katon swarga sarwa miru muyek mimba manik nilapakaja, iku kadadiyan saka sambawaning cipta, yen jumeneng ana ing kono, bokmanawa dadi ratuning jin biru.

g. Kang katon swarga sarwa dadu muncar mirah pusparaga, iku kadadiyan saka sambadaning cipta, yen jumeneng ana ing kono, bokmanawa dadi ratuning jin wungu.

h. Kang katon swarga sarwa dadu muncar mimba mirah dalima, iku kadadiyan saka owah gingsiring cipta, yen jumeneng ana ing kono, bokmanawa dadi ratuning jin dadu, ing nalika iku kambu gandane sakehing kahyangan mau amrik arum angambar kaya anarik rahsa, poma aja nganti karasakake, bokmanawa kalebu ing swarga panasaran.

5. Alam Uluhiyah.

Kaping lima, sasirnaning alam Nuriyah, katon alam Uluhiyah, iya iku alam Ilahiyah, tegese alaming Pangeran, padange angluwihi padanging alam Nuriyah, ing kono katon cahya mancur, sajroning cahya ana sifating rerupan kaya tawon gumana, jumeneng ing makam pana, iku warnaning sukma kang amimbuhi ing saliring warna kabeh, anglimputi saubenging jagad cilik jagad gede ing saisen-isene, ananging uripe saka pramananing rahsa, ing nalika iku tekaning malaekat awarna bapa kaki, sapanunggalane leluhur lanang, angaku utusaning Dzat Kang Amaha Suci, kinen angirid marang chalaratullah, poma disantosa aja nganti angimanake, sabab iku afngaling suksma kita pribadi.

6. Alam Uluhiyah Luhur.

Kang kaping nem, isih sajroning alam Uluhiyah, sangsaya wuwuh padange, ing kono katon cahya mancorong, sajroning cahya ana sifating rerupan kaya golek gading asawang peputran mutyara, dudu lanang dudu wadon, dudu wandu, jumeneng ing makam baka, iku pramananing rahsa, kang amurba amisesa ing alam kabeh, ananging uripe saka dzating atma, ing nalika iku tekaning widadari awarna biyung nini, sapanunggalane leluhur wadon, angaku utusaning Dzat Kang Amaha Suci, kinen angirid marang chalaratullah, poma disantosa aja nganti angimanake, sabab iku afngaling rahsa kita pribadi.

7. Alam Uluhiyah Luhur Dewe.

Kang kaping pitu, isih sajroning alam Uluhiyah, tanpa kira-kira padange, ing kono ora katon apa-apa, amung cahya gumilang tanpa wewayangan, iku Dzating atma, anunggal sajatining Dzat Kang Asifat Esa, ora jaman, ora arah, ora enggon, tanpa warna, tanpa rupa, kadim azali abadi, kang amurba amisesa, kang kawasa anitahake sakaliring alam, anglimputi ing alam kabeh, apranawa mengku saliring makam sampurna, urip dewe ora ana kang nguripi, dibasakake : chayun bila rochin, tegese urip tanpa nyawa, iya iku Tajalining Gusti Kang Amaha Suci Sajati, kang Agung Dzate, kang elok sifate, kang wisesa asmane, kang samprna afngale, dumunung ing urip kita pribadi, ing kono tanpa antara pamoring kawula gusti, iya iku urip kita mulih dadi Sajatining Dzat mutlak kang kadim azali abadi, dibasakake : chayun pitdareni, tegese urip ing kahanan loro, ana ing alam Sahir kita urip, ana ing alam Kabir iya urip, pada sanalika banjur enget ing wentehan saniskaraning purwa madya wasana kabeh. Aja uwas sumelang maneh, ing wekasan sumelang maneh, ing wekasan sumangga, anggon-anggon ana ing karsa, katarima ing sarira, aku mung drema angimpun sakaliring ngelmu saka wewejanganing guru sawiji-wiji, pangrasaning ati wis genep, kuranga kaya ora akeh, anjaba amung wejangane Kyai Ageng Liman, iku pakewuh enggonku matrapake, sabab unine kaya ngelmu Kabuddan, mangkene pamejange.

“Hyang-hyang jawata yoganing ngulun, kawidekna kapiya karep, gunung lawu sap pitu iku kabeh”. Saka pamikirku iya prayoga ing surasane, kaya amemuji aja nganti mati ing saenggon-enggon, bisaa mati kaulesan lawon lapis pitu, ananging pakewuhing patrap dening unine kang andadekake ora pakoleh.

Ing wusana aku matur ambodoni, ana kang durung pati terang ing sesurupanku, iya iku pambirating ganda ala bisaa angganda becik, menawa ing buri ana kang wis oleh katerangane ing sesurupan, anyumanggakake patrape pangganggone.

Dene pemutku Wirid iki ora kena kapariksa marang kang durung tunggal ngelmu, bokmanawa kawancenan mundak apa pakolehe, destun amung bebantahan bae, mulane banget-banget ing welingku, aja nganti para bantahan, muga kagaliha ing sayektine.

WUWUHAN
BAB PAMBIRATING GANDA ALA
BISAA ANGGANDA ARUM

Bab pambirating ganda ala, bisaa anganda becik, saiki aku wis oleh sesurupane, saka pamejange sawijining guruku, samengko ngelmu mau kagelarake ing kene, katambahake nunggal ana sajroning Wirid iki, manggon ing pungkasan.

Dene asale ngelmu mau, kacarita ing kuna saka wasiyate Kanjeng Susuhunan Kalijaga, kang kawasiyatake marang putra wayah kabeh.

Saka pituduhe Kyai Guru, mungguh kang katembungake Kanjeng Susuhunan Lepen, tumrap surasane ngelmu iki, sajatine iya Banyu Urip, iya ananing urip kita pribadi.

Wondene patraping pangonane, surasane ngelmu ikikaesti ing dalem cipta, ing nalika anyipta cancuding amatrapake psnjenenganing Dzat, utawa kawisikake marang wong kang wis ngangkat sakarat.

Para kang pada nganggo ngelmu iki, kang wis katatan (kalakon), jisime banjur bisa anggando arum, dadi kang pada ngupakara pada rahab kabeh, resep enggone ngrukti.

Iki Ngelmune Kang Kaesti :
²
Bismillahi-rrahmani-rrahim, Sabda angin, tansah murba wisesa, sah ganda kari rasa, badanku arum, selehku arum, rak-lap tan ana karsa, dong ginendong saking karsane Gusti Sunan Lepen, radia Allahu anhu alaihi salam². (R.Tanoyo)

————————————————————————————————————————————————–
Alang Alang Kimitir
Kapethik saking Buku Wirid Hidayat Jati.

ANGETRAPAKE PARABOTING NGELMU KASAMPURNAN


Panengeraning Dina Kiyamat .
Bebukane amratelakake kang dadi Panengeraning dina Kiyamat, tegesing Kiyamat, jumeneng, kasebut ing gisor iki.

1. Panengeran Kang Dingin.

Kang dingin, yen wis asring uninga kang ora katonton, tanda kurang satuan, ing kono panggonane anyaketi tapa brata anyenyuda pakareman, anetepana panggalih : trima, rila,, temen, utama, mungguh utama iku dumunung ana ing sabar darana.

2. Panengeran Kang Kapindo

Kang kapindo, yen wis asring mireng kang kapiyarsa, kaya ta, mireng rerasaning jin setan, sato kewan, tanda kurang setengah taun, ing kono panggonaning kurmat sapanunggalane anglakoni panggaweyan becik, kinantenan angati-ati marang uripe dewe.

3. Panengeran Kang Kaping Telu.

Kang kaping telu, yen wis salin ing paningale, kaya ta, ing sasi Muharram, Shafar, andulu langit katon abang; Mulud, Rabiul Akhir, srengenge katon ireng; Jumadilawal, Jumadilakhir, rembulan katon ireng; Rejeb, Ruwah, banyu katon abang; Pasa Syawal, wewayangane dewe katon loro; Zulkaedah, Besar, geni katon ireng; kabeh iku tanda kurang rong sasi, ing kono panggonaning wasiyat karo riwayat, tegese amemeling karo wewarah, kinantenan taberi asesuci.

4. Panengeran Kang Kaping Pat.

Kang kaping pat, yen dariji panungguling asta dibekuk, kapetelake dalah epek-epeke, dariji manis kaangkat, yen wis kaangkat anjunjung dariji manise mau, tanda kurang patang puluh dina, ing kono panggonaning afiyat, tegese pangapura. Iya iku anenuwun pangapura marang Pangerane, saha banjur angapura marang kang pada kaluputan, utawa aminta pangapura marang kang pada rumasa kalarakake atine.

5. Panengeran Kang Kaping Lima.

Kang kaping lima, yen asta kawawas ing netra loro darijine wis katon kalong, ugel-ugele wis katon pedot, tanda kurang sasasi, ing kono panggonaning amatrapake pikukuhing ngelmu kasampurnan kaya kang kasebut ing ngisor iki :

a. Iman, tegese angandel, kang diandel kudrate, tegesing kudrat : kuwasa.

b.Tauhid, tegese muhung sawiji, tegese pasrah marang iradate, tegesing iradat : karsa.

c.Makrifat, tegese waskita, kang diwaskitani ngelmune iya iku anguningani dununging Dzat, sifat, asma, afngal, tegesing Dzat : kanta, sifat : rupa, asma : aran, afngal : pakreti.

d. Islam, tegese slamet, kang slamet iku chayate, tegesing khayat : urip, dumunung ana ing sifat jalal, jamal, kahar, kamal, tegesing jalal : agung, kang agung iku Dzate, dening anglimputi ing alam kabeh, tegesing jamal : elok, kang elok iku sifate, dening dudu lanang dudu wadon, dudu wandu, sarta ora arah ora enggon, tanpa warna tanpa rupa, tegesing kahar : wisesa, kang wisesa iku asmane, dening ora nama sapa-sapa, tesegesing kamal : sampurna, kang sampurna iku afngale, dening bisa gumelar pada sanalika pakretine, saka kawasa tanpa sangsaya.

Mungguh dununge mangkene, iman dumunung ana ing eneng, tauhid, dumunung ana ing ening, makrifat dumunung ana ing awas, islam dumunung ana ing eling.

6. Panengeran kang Kaping Nem.

Kang kaping nem, yen wis asring katonton warnane dewe, tanda kurang satengah sasi, ing kono panggonaning Pamuja, aneges karsane Kang Kawasa, patrape ing saben apangkat arep sare, Pamujane kasebut ing ngisor iki :

“Ana pujaningsun sawiji, Dzat iya Dzatingsun, sifate iya sifatingsun, asmane iya asmaningsun, afngale iya afngalingsun, Ingsun puja ing patemon tunggal sakahananingsun, samprna kalawan kudratingsun”.

Ing nalika iku ciniptaa kang pinuja tunggal, kaya ta Bapa, Biyung, Kaki, Nini, Garwa, Putra, Wayah, sapadane kang dadi pelenging cipta bisaan anunggal ing jaman kalanggengan.

7. Panengeran Kang Kaping Pitu.

Kang kaping pitu, yen wis rumasa larakasandang, tegese ora arep apa-apa, tanda kurang pendak dina, ing kono panggonaning tobat, patrape manawa lagi wungu sare, kasebut ing ngisor iki :

“Ingsun analangsa maring Dzatingsun dewe, regeting jisimingsun, gorohing atiningsun, serenge ing napsuningsun, laline ing uripingsun salawas-lawase, ing mangko Ingsun ruwat sampurna ing sadosaningsun kabeh kalawan kudratingsun”.

8. Panengeran Kang Kaping wolu.

Kang kaping wolu, yen wis karasa gerah uyang saranduning sarira ing jaba jero kabeh, terkadang asring andadekana wetuning sesuker tinja taun, kara tinja kalong, utawa cacing kalung karo cacing tembaga, ing wekasan pucuking parji karasa anyep, andadekake teranging nutfah, iku tanda wis parek ing dina Kiyamat, amung kurang ing saantara dina, ing kono waktuning Dajal laknat katon arep agawe arubiru, marang kahanan kita, iya iku pangonaning katekan rancana saka sadulur papat, kalima pancer dumunung ana ing badan kita dewe, panangkise anapekena rahsaning jati wisesa, tegese angenirake angen-angen, banjur karuwata kaya ing ngisor iki :

“Ingsun angruwat kadangingsun papat kalima pancer kang dumunung ana ing badaningsun dewe. Mar marti Kakang Kawah Adi Ari-ari Getih Puser,sakehing kadangingsun kang ora katon, lan kang ora karawatan, utawa kadangingsun kang metu saka marga hina lan ora metu saka ing marga hina, sarta kadangingsun kang metu bareng sadina kabeh pada sampurna nirmala waluya ing kahanan jati, dening kudratingsun”.

Nuli asaksiya kalayan Dzat kita dewe, kaya asahid marang wahananing sanak kita, iya iku kahananing dumadi kang gumelar ing alam dunya, wis kasebut ing ngarep ana wekasaning wewejangan.

9. Panengeran Kang Kaping Sanga Utawa kang Wekasan.

Kang kaping sanga, yen ketek ana ugel-uegeling asta wis ora ana, andadekake oncate pramananing kanaka, sarta pramananing tingal wis sepen, andadekake rupeking pandulu rengating alis, utawa garebeging talingan wis meneng, andadekake pengeng sanalika, ing wekasan garing-gingen kang sarira banjur kambu gandaning sawa, iku tanda wis muncad ing dina Kiyamat, jumeneng kalayan pribadine, ing kono panggonaning anucekake sakehing anasir, tegesing anasir : bangsa, iya iku bangsaning khak kang dumunung ana ing Dzat, sifat, asma, afngal, kaya ta : anasir badan asal saka ing bumi , geni, angin, banyu, iku kaciptaa suci mulya mulih marang asale, saampurnaa anunggal kalayan anasiring roh, kang sumende ana kahananing wujud, ngelmu, nur, suhud; Tegese wujud : wahana, iya iku getih, amarga getih iku dadi kanyatahaning roh, Tegese ngelmu : paningal, iya iku paningaling netra balaka, amarga paningal iku dadi pamawasing roh, Tegese nur : cahya, iya iku cahya kang anglimputi ing sarira, amarga cahya iku dadi pratandaning roh, Tegese suhud : saksi, iya iku napas, amarga napas iku dadi saksining roh.

Dene enggone anucekake kasebut ing sajroning cipta mengkene :

“Ingsun anucekake sakalaliring anairingsun kang abangsa jasmani, suci mulya sampurna anunggal kalawan sakaliring anasiringsun kang abangsa rochani, nirmala waluya ing kahanan jati dening kudratingsun”.

Yen wis mangkono, nuli Nur Muhammad tumimbul, gumilang-gilang ana ing ana ing wadana, tanda bakal binuka kijabing Pangeran, meh katone sakehing cahya, ing kono panggonaning ngawinake badan karo nyawa, kasebut ing sajroning cipta mangkene :

“Allah kang kinawin, winalenan dening Rasul, pangulune Muhammad, saksine malaekat papat, iya iku Ingsun kang angawin badaningsun, winalenan dening Rahsaningsun, kaunggahake dening cahyaningsun, sinaksenan dening malaekatingsun papat, Jabrail, iya iku pangucapingsun, Mikali, pangambuningsun, Israfil, paningalingsun, Ijraril, pamiyarsaningsun, srikawine sampurna saka ing kudratingsun”.

Nuli anyiptaa sangkan paraning Tanazultarki, kasebut ing ngisor iki :

“Ingsun mancad saka alam Insan Kamil, tumeka maring alam Ajsam, nuli tumeka maring alam Misal, nuli tumeka maring alam Arwah, nuli tumeka maring alam Wachidiyat, nuli tumeka maring alam Wahdat, nuli tumeka maring alam Achadiyat, nuli tumeka maring alam Insan Kamil maneh, sampurna padang terawangan saka ing kudratingsun”.

Nuli anyiptaa ing pambirat asaling cahya sawiji-wiji kasampurnakake saka kudrat kita, supaya aja nganti kalimputan dening cahya kang andadekake durgamaning sangkan paran, mangkana pambirate ing sajroning cipta :

“Cahya ireng kadadeyaning napsu Luwamah sumurup maring cahya abang, cahya abang kadadeyaning napsu Amarah sumurup maring cahya kang kuning, cahya kuning kadadeyaning napsu Sufiyah sumurup maring cahya kang putih, cahya putih kadadeyaning napsu Mutmainah sumurup maring cahya kang amancawarna, cahya kang amancawarnakadadeyaningpramana sumurup maring Dzating cahyaningsun awening mancur mancarong gumilang tanpa wewanyangan, byar sampurna padang terawangan, ora ana katon apa-apa, kabeh-kabeh pada kalimputan dening Dzatingsun saka ing kudratingsun”.

Ing nalika iku upama ana karasa apa-apa ing badane, angusapa puser kaping telu (3), upama angrasa liwung kaya mendem, angusapa dada kaping telu (3), upama angrasa arip arep sare, angusapa batuk kaping telu (3), upama angrasa arep lali, angusapa embun-embun kaping telu (3), banjur tata-tata dandan kaya ing ngisor iki ptrape :

1. Wiwit asidakep suku tunggal anutupi babahan nawa sanga, dirijining asta pada antuk ing selaning dariji kaya angapu-rancang, jempol diadu pada jempol, banjur tumumpang ing dada, dibener sesipatane lawan tengahing dada, salonjoring sikil awit jempol sikil katemokake pada jempol sikil dipapak, polok ketemokake pada polok digatuk, dengkul katemokake pada dengkul dirapet, palanangan sapalandungane sinipat karo jempol sikil aja nganti katindihan.

2. Nuli amawas pucuking grana, disipat ing dada tumeka ing puser, ing palanangan, ing jempol sikil, banjur angeningake cipta.

3. Nuli angeremake netra kang alon, angingkemake lambe kang adamis, untu gatuka pada untu kang rata, ilat katekuk manduwur kapadalake ing cetak, banjur pasrah analangsa ing Dzate dewe.

4. Nuli amegeng napas ing sanalika banjur anyipta matrapake panjenenganing Dzat, wiwit angumpulake kawula gusti mangkene:

“Ingsun Dzating Gusti Kang Asifat Esa, anglimputi ing kawulaningsun tunggal dadi sakahanan, sampurna saka ing kudratingsun”. Ing kono pamegenging napas tinurunake metu ing grana kang alon aja nganti kasusu.

Yen wis sareh, amegeng napas maneh ing sanalika banjur anyipta maha sucekake ing Dzat kita kaya mangkene :

“Ingsun Dzat Kang Maha Suci Kang Asifat Langgeng, kang amurba amisesa kang kawasa, kang sampurna nirmala waluya ing jisimingsun kalawan kudratingsu”. Ing kono pamegengeng napas katurunake metu ing grana maneh, kang alon aja nganti kasusu.

Yen wis sareh, amegeng napas maneh ing sanalika banjur anyipta angrakit karatoning Dzat kita kang amaha mulya kaya mangkene :

“Ingsun Dzat Kang Maha Luhur Kang Jumeneng Ratu Agung, kang amurba amisesa kang kawasa andadekake ing karatoningsun kang agung kang maha mulya, Ingsun wengku sampurna sakapraboningsun, jangkep saisen-isening karatoningsun,pepak sabalaningsun kabeh ora ana kang kekurangan, byar gumelar dadi saciptaningsun, ana sasedyaningsun, teka sakarsa-karsaningsun kabeh, saka ing kudratingsun”. Ing kono pamegeng napas tinurunake metu ing grana maneh, kang alon aja kasusu.

Yen wis sareh, amegeng napas maneh ing sanalika banjur anyipta angracut ing jisim kita kaya mangkene :

“Jisimingsun kang kari ana ing alam dunya, yen wis ana jaman karamat kang amaha mulya, wulu kulit daging getih balung sungsum sapanunggalane kabeh, asale saka ing cahya muliha maring cahya, sampurna bali Ingsun maneh, saka ing kudratingsun”. Ing kono pamegeng napas tinurunake metu ing grana maneh, kang alon aja kasusu.

Yen wis sareh, amegeng napas maneh ing sanalika banjur anyipta anarik marangpara akrab sapanduwur sapangisor kang wis pada ngajal, kasampurnakake kaya mangkene :

“Jaganingsun sapanduwur sapangisor kabeh, kang pada mulih ing jaman karamating alame dewe-dewe pada suci mulya samprnaa kaya Ingsun saka ing kudratingsun”. Ing kono pamegeng napas tinurunake metu ing grana maneh, kang alon aja kasusu.

Yen wis sareh, amegeng napas maneh ing sanalika banjur anyipta angukud gumelaring alam dunya kasampurnakake kabeh kaya mangkene :

“Ingsun andadekake alam dunya saisen-isene kabeh iki, yen wis tutug ing wewangene, Ingsun kukud mulih mulya samprna dadi sawiji kalawan kahananingsun maneh saka ing kudratingsun”. Ing kono pamegeng napas tinurunake metu ing grana maneh, kang alon aja kasusu.

Yen wis sareh, amegeng napas maneh ing sanalika banjur anyipta ambabar marang tedak turune kang pada karikaya mangkene :

“Tusasingsun kang maksih pada kari ana ing alam dunya kabeh, pada nemuwa suka bungah sugih singgih aja ana kang kekurangan, rahayu salameta sapanduwure sapangisore saka ing kudratingsun”. Ing kono pamegeng napas tinurunake metu ing grana maneh, kang alon aja kasusu.

Yen wis sareh, amegeng napas maneh ing sanalika banjur anyipta amasang pangasihan marang para tumitah kabehkaya mangkene :

“Sakehing titahingsun kabeh, kang pada andulu kang pada karungu pada asih welasa marang Ingsun saka ing kudratingsun”. Ing kono pamegeng napas tinurunake metu ing grana maneh, kang alon aja kasusu.

Yen wis sareh, amegeng napas maneh ing sanalika banjur anyipta amasang kamayan marang para mahkluk kang pada angarubiru, utawa ora angendahake marang jisim kita kaya mangkene :

“Sakehing mahklukingsun kabeh, kang ora angendahake maringsun, pada kaprabawa ing kamayan dening kudratingsun”. Ing kono pamegeng napas tinurunake metu ing grana maneh, kang alon aja kasusu.

Dene enggone amatrapake panjenenganing Dzat kabeh mau yen karingkes dadi sawiji ana pratingkahe, wiwit pamegenging napas amung sapisan bae, ing sanalika amatrapake kaya mangkene :

“Sakaliring cahya kabehpada kalimputan dening Dzatingsun, iya Ingsun Dzating Gusti Kang Asifat Esa, iya Ingsun Dzat Kang Maha Suci asifat Langgeng, iya Ingsun Dzat Kang Maha Luhur Kang Jumeneng Ratu agung, kang amurba amisesa kang kawasa angracud jisimingsun, anarik jaganingsun, angukud jagadingsun, amababar turasingsun, amasang pangasihan marang titahingsun, amasang kamayan marang mahklukingsun kabeh sampurna saka ing kudratingsun”. Banjur kaciptaa ing sasurasane, sarta pamegenging napas tinurunake metu ing grana kang alon aja nganti kasusu.

Mungguh cancude ing sajroning amegeng napas mau uger enget ing cipta bae, patrape kabeh iku iya wis kacakup, sabab yen sajroning jaman karamatullah ing tembe waktuning makam ijabah, tegese panggonan katarima, apa saciptane dadi, amarga sirnaning mudah kari wajah, mudah iku Dzating kawula, wajah iku Dzating Gusti Kang Asifat Langgeng.

Yen wis mankono, maras kita tumangkep ing ati, andadekake seseke ing napas, ing kono banjur anarika napas saka kiwa mubeng anengen, saka tengen mubeng ngiwa, kakumpulake dadi sawiji ana ing lintang johar akhir, iya iku puser, katarik manduwur bener kang sareh, leren tinata ana ing maligening Bait al Muharram, iya iku dada, banjur anyipta cancuding amatrapake panjenenganing, dienget aja nganti tumpang suh kumpuling napas, tanapas, anpas, nupus, napas iku tetalining jisim, dumunung ana ing ati suweda, tegese woting ati, wahanane dadi angin kang metu saka badan wae, tanapas, iku tetalining ati, dumunung ana ing puser, wahanane dadi angin kang manjing marang badan bae, anpas iku tetalining roh, dumunung ana ing jejantung, wahanane angin kang tetep ana ing jero bae, nupus iku tetalining rahsa, dumunung ana ing puat kang aputih, iya iku ana ing woding jejantung, wahanane dadi angin kang metu angiwa anengen saka badan, pakartine anglimputi sakaliring jasmani rochani.

Yen wus kumpul dadi sawiji, napas, tanapas, anpas, nupus, mau banjur katarik manduwur kang alon, leren tinata ana ing maligening Bait al Makmur iya iku ing sirah, ing kaciptaa licin dadi nukat gaib, tegese saliring jasmani kaciptaa luluh dadi banyu, nuli kaciptaa luyut dadi nyawa, nuli kaciptaa lenyep dadi rahsa, nuli kaciptaa layat dadi cahya gumilang tanpa wewayangan ing kahanan kita kang sajati.

Yen wis mangkono, erah kita parad banjur karasa walikaten salir anggaotaning sarira kabeh andadekake : netra bawur, talingan pengleh, grana mingkup, lidah mangkeret, ing wekasan cahya surem, swara sirna, ora bisa aingali, miyarsa, angganda, amirasa, amung kari cipta bae, amarga wis kinukud tataning sarengat, tarekat, hakekat, makrifat : * Sarengat iku lakuning badan, dununge ing lesan, * Tarekat lakuning ati, dununge ing grana, * Hakekat lakuning nyawa, dununge ing talingan, * Makrifat lakuning rahsa, dununge ing netra, mula sejatining sarengat ikulesan, tarekat : grana, hakekat : talingan, makrifat netra, kaupamakake bawure kaca wirangi, utawa esating banyu zamzam, nuli pamiyarsaning talingan, kaupamakake rentahing godong sajaratilmuntaha, utawa kangsrahing hajar al aswad, nuli panggandaning grana, kaupamakake guguring wukir ikrap, utawa rubuhing ardi tursina, nuli pamirasaning lesan, kaupamakake bubrahing wot siratalmustakim, utawa rusaking ka’batullah, ing kono banjur karasa nikmat saliring anggaotaning sarira kabeh, angluwihi nikmating sanggama ing nalika metokake rahsa, amarga awit binuka kijabing Pangeran, waktuning sirnaning warana banjur katoning jaman karamatullah, tegese jaman kamulyaning Allah, pangrasane ing dalem adam kukumi tekane sakehing cahya kang pada anglimputi ing Dzating karaton, ing nalika iku amung amustiya pepuntoning tekad kang santosa, kaya ngibarating aksara Alif kang ajabar jer apes, unine : A, I, U, tegese : Aku Iki Urip, banjuranyipta brangta ing Dzat, supaya aja kengetan marang kang keri kabeh.

—————————————————————————————————————————————————
Alang Alang Kumitir
Kapethik saking Buku Wirid Hidayat Jati.

RUPA-RUPA WEJANGAN SAKA PARA GURU


Ing mengko amratelakake wewejanganing guru sawiji-sawiji, iku ing pamedare rahsaning ngelmu kang kawejangake awarna-warna, iya pada angestokake urut-urutaning kekiyasan saka Dalil pangandikane Pangeran Kang Amaha Suci, kang kadawuhaken marang Kanjeng Nabi Muhammad Rasulullah kasebut ing ngisor iki.

1. Ana wewejanging guru kang amedarake rahsaning ngelmu Wisikan Ananing Dzat, kekiyasan saka Dalil sapisan.

2. Ana wewejanganing guru kang amedarake rahsaning ngelmu Wedaran Wahananing Dzat, kekiyasan saka Dalil kapindo.

3. Ana wewejanganing guru kang amedarake rahsaning ngelmu Gelaran Kahananing Dzat, kekiyasan saka Dalil kaping telu.

4. Ana wewejanganing guru kang amedarake rahsaning ngelmukayektening kahanan, kekiyasan saka Dalil kaping pat, ayat kang kapisan Pambukaning Tata-malige ing dalem Bail al makmur, terkadang ayat kapindo Pambukaning Tata-malige ing dalem Bait al muharram, terkadang ayat kaping telu Pambukaning Tata-malige ing dalem Bait al mukaddas.

5. Ana wewejanganing guru kang amedarake rahsaning ngelmu saka Santosane Iman abebuka sahadat jati, utawa saka Sasahidan.

Mungguh surasane kabeh iku iya pada bae, mula pepangkataing ngelmu mau katata dadi sawiji, kang supaya mupakat ing surasane, kajaba amung pepangkataning ngelmu Talek, kara ngelmu Fatah, yen pangiwane ngelmu panitisan, iku pada mawa empan sarta papan dewe, tegesing ngelmu Talek, iku ngelmu ametokake kaelokan kehe pitung prakara :

1. Ngelmu Sepi.

2. Ngelmu Mungin.

3. Ngelmu Mubin.

4. Ngelmu Ahyan.

5. Ngelmu Barayan.

6. Ngelmu Mahbut.

7. Ngelmu Gaibulguyub.

Kabeh iku panganggone amung piranti amujudake pepangkataning kaelokan, kang dadi tandaning tontonan ing lahiriyah bae, tegese ngelmu Fatah iku ngelmu sorogan, kehe sangang prakara :

1. Ngelmu Makdum Sarpin.

2. Ngelmu Satariyah.

3. Ngelmu Sirasab.

4. Ngelmu Charajek.

5. Ngelmu Majalin.

6. Ngelmu Fatakurrahman.

7. Ngelmu Sufi.

8. Ngelmu Khak.

9. Ngelmu Nakisbandiyah, diarani Nakisbandiyatulchak.

Kabeh iku panganggone amung piranti amujudake malaekat kang dadi tandaning badan alus ana ing dunya bae, ora mupakat karo rahsaning ngelmu kasampurnan, upama katunggalake karo pepangkataning ngelmu kang sajati, mangka salah surupe kang angrasakake, bokmanawa anekakake pamaido, pamaido iku mundak dadi padu, para padon iku isih kekurangan, kekurangan iku kang amarakake kepanasan, kepanasan iku amarakake para bantah karo sesualan, para sesualan iku pakolehe amung rebut unggul ing pangawruh, rebut unggul ing pangawruh iku ora wurung andadekake pasulayan, mulane para sujana kang putus temenan iku ora sedya sesualan, amarga ora darbe ati kepanasan, jatmika rehne wis amumpuni saliring pangawruh, dene manawa ana kang sumedya amadoni muga dikalahana bae, aja nganti lumawan mundak kabarabeyan, ing wekasan kalonglongan, manawa meksa kaburu asengadiya isih kekurangan surup, mangkaono bae wis cukup.

————————————————————————————————————————————————
Alang Alang Kumitir
Kapethik saking buku Wirid Hidayat Jati.