alangalangkumitir

Javanese Manuscripts

SERAT TUGU


SERAT TUGU

Anyariyosaken dhateng lampahipun
Kaki Bandhang
Saka putranipun sakawan

Ngantos dumugi jumenengingngipun pandhitha ing nagari
SARUNG BRANA

Kadamel dening tuwan :
ADRIYAN BÉRNER DHISKARLI

Kaecap dening tuwan
GHA : SÉ : TÉ PANDHORÊP DANKO

Ing nagari Samawis
1870

Kasalin saking aksara Jawa
Ing aksara latin dening :

Mas Kumitir
Sidoarjo,  6 Agustus 2017

ѺѺѺ

  1. Ana wong Jawa critané, Pak Bandhang iku jenengé, anak papat lan rabiné, angumpul jero omahé.
  2. Bocah papat jenengira, Siman Sidin, Simin, Sarya, tan ana liya gawenya, ing ngomah sadina-dina.
  3. Kocappa sira Ki Bandhang, ora mlarad déning nguwang,  karyanira adedagang, sakarêppé katutugan.
  4. Bumi kanan kéri, sugih kebo wedhus sapi, lumbung kebah isi pari, Amal tetel jroning pethi.
  5. Bocah papat karom mau, sinuprih padha maguru, sinangngonan nyéwu-nyewu, pinisah lawan kang ibu.
  6. Bocah papat padha pamit, sami bingah déning dhuwit, mung Ati kadya jiniwit,kang rama weling nyarêmit.
  7. Padha menyang tengah sawah, gawétenger jroning lemah, ing kono bakallé pisah, dhuwit mau gawé
  8. Siman mangulon parané, Sidin mangétan jujuggé, Simin ngidul lumakune, Sarya bener ngalor baé.
  9. Kocap Siman kang cinatur, mangulon kalantur lantur, mandheg ngaso sandhing sumur, pinuju ing wayah luhur.
  10. Ngéling éling dhuwitésewu, kang ginanjar dadi sangu, apa kang bakal tinuku, tanggung temen ameguru.
  11. Kapanggih lawan wong sila, tinakonan jenengira, datan gelem nahurana.
  12. Nini iku tan gegawa, amung gendul ngasta kiwa, jaba irêng warnanira, ing jro gendul isi tomba.
  13. Nini mau naurri, kowéiku bocah ngendi, tanpa réwang awak siji, tega temen ing bilahi.
  14. Lan sapa aran jenengmu, ing ngendi bapa biyungmu, apa dénélelungguhmu, menyang ngendi ing sejamu.
  15. Aku iki bocah tugu, Si Siman iku jenengku, dénébiyung lan bapakku, loro pisan padha mampu.
  16. Nanging aku arêp takon, sining gendul arêp tumon, tomba apa satemené, lan apa dadi gawéné.
  17. Nini manéanaurri, gendul iki weton bumi, turunan ing gunung candhi, tomba gedhé kang kaisi.
  18. Sarupanélara gedhé, kang wus kari mati baé, tan ana liya tambané, mung iki kang marékaké.
  19. Tomba dudu dedolanan, iki tomba temenanan, ora ketung wong palastra, yen lagik lakon sadina.
  20. Siman kagét amiyarsa, dénétomba iki guna, ingsun tuku yén kenaha, méndah bungahé
  21. Umatur marang Si Nini, satemenéingsuniki, arêp tuku gendul nguni, kang weton saka ing bumi.
  22. Ora kétung rêga séwu, yén awéh pesthi sun tuku, bok menawa nulung ingsun, lelakuku dadi dhukun.
  23. Muga Nini ngleganana, penganyangku kang semaba, bokmenawa ana beja, ing buri sun ganjar sira.
  24. Iya becik yén mangkene, aku gelem nglilakaké, gendul isi tomba gedhé, dhuwit séwu leliruné.
  25. Gendul sigra dén lungngaké, Si Siman bungah atiné, sarta lajeng dén pasarhké, séwu rupiyah cacahé.
  26. Si Siman wus anampani, gendul saka asta Nini, wau lajeng nyuwun pamit, wus genah étungnging dhuwit.
  27. Bablas baélelakuné, menyang sawah tetengerré, kang jinanji ing mauné, awit pasah golek gawé.
  28. Samona tan kinocappa, wus amulih éneng griya, gawa gendul isi tomba, ngenteni sadulur tiga.

— ѺѺѺ —

  1. Yata genti cinarita, SiSidin wau kocapa, kang mangnntan paranira, nyabrang kali jroning wana.
  2. Nasak alas nebak glagak, urip mati tinékatké, datan mangan datan ngombé.
  3. Satemenéarêp mutih, sarta ngelakoni ngelih, bokmanawa oleh wisik, sangking Hyang kang mobah musih.
  4. Dangu-dangu anéngngriku, sampun angsal pitung dalu, kocap ana swara krungu, wong tuwa banéné
  5. Kumarasak ing lakuné, nrajang glagah bener baé, nunggang manuk kang agedhé, gawa bondha néng gegeré.
  6. Kapapak wong tuwa sigra, Si Sidin atakon nulya, sira iku wong apa, nunggang manuk kang arosa.
  7. Apa sira iku sétan, ana ngalas tan gegaman, nunggang manuk kekebatan, nora mlaku ing dedalan.
  8. Kaki mau anauri, sabab mlaku nengngen nggiri, murih adol manuk iki, kang dok sawang sun tunggangngi.
  9. Karo dénéiki manuk, wus sawindhu ingsun wuruk, dhasar bagus nora busuk, Si Sidin gumuyu guguk.
  10. Gumun Sidin sarêng deleng, manuk gedhékang pinandeng, ing batin banget léseneng, gédhék-gédhék gerêng-gerêng.
  11. Nulya takon ing rêgané, ing manuk sinadé, wong tuwa nauri agé, séwu rupiyah sun culaké.
  12. Si Sidin pan lajeng ngétung, rupyah séwu tinggalundhung, kanthong loro padha suwung, nunggang manuk asemmamprung.
  13. Si Sidin mau mandhuwur, manuk-manuk ingkang mabur, ing batin awake lebur, naming bungah saya galur.
  14. Pujinémuga tutuga, ing ngomah katemu bapa, méndah bapa bungahira, weruh manuk gawa guna.
  15. Datan cinatur ing marga, wus mulih metu nagara, temu biyung lawan bapa, abungah anakké
  16. Kocap pawong tuwa mau, kang nampani dhuwitséwu, bungahé kaliwat-liwat, ateka oléh mukjijat.
  17. Metudalan amangidul, kanthongngira wus pinanggul, lakunéamengkal mekul, tansah rikat kaya drigul.
  18. Katemu lawan rabiné, dhuwitira pinasrahké, wong loro bangnget bungahé, ana beja teka dhéwé.

— ѺѺѺ —

  1. Wau malih kacarita, kocap Simin alelana,  prapta ngidul jujukira, arêp murih oléh beja.
  2. Ngisor ringin wit pinggir sendhang, néngkono angathang-ngathang, ngéling-ngéling duwit séwu, ing kanthong kinandhut mau.
  3. Éca turon rêngeng rêngeng, wau ngrungu swara gerêng, pinggir sendhang ing prenahé, mila kagét namataké.
  4. Begogok angucek-ucek, tangan sikil andherêdhek, nyona macan kang ateka, angelih golék mongsa.
  5. Ménga méngo ngawasaké, néngkono ilang atiné, ora nyana guwa gedhé, anggerêng énéng sendhangé.
  6. Guwa peteng kang akaton, mangkono rinubung tawon, SiSimin marani alon, jroning guwa kang tinonton.
  7. Dhepépéléngna uwit etal, tanana ingkang katingal, guwa tanpa wong satunggal, Si Simin ngupaya inggal.
  8. Guwa sapa kang agawé, kang sun tonton anéng kéné, dénépeteng sepi baé, tan ana uwong banene.
  9. Wau Si Simin kang néng ngriku, nora suwéamalebu, amimikir jroning kalbu, apa kang bakal katemu.
  10. Sigra bablas malebuné, kudu weruh ing watesé, apa dénésaisiné, aja tanggung ing gegawé.
  11. Awakkira tinikatké, mati urip wus bejané, sukur bagéoléh gawé, nemu beja kang agedhé.
  12. Bokmanawa guwa iki, isinéraja brana di, nora wurung anyugihi, sakéh amal amriyayi.
  13. Éca mikir jroning ngati, wau kapethuk wong Nini, rai pucet ngrasa mati, kanthongngira ing gré
  14. Awakkira andharoddhog, wis pinethi ing patiné, neng guwa dadi mangkéné. ѺѺѺ
  15. Nini wau atetakon, kowe sapa ingkang kongkon, wani ngambah ing kadhaton, mlebu guwa alon-alon.
  16. Simin anauri inggal, jroning ati nemu akal, mila kula atumingngal, ngucali barang satunggal.
  17. Nini malih anakoni, sira iku prenah ngendi, barang apa kang kok puji, yén bisa ingsun tulungngi.
  18. Yektosipun kula wau, tinundhung dening si ibu, sinangngonan yatra séwu, dén purih bisa maguru.
  19. Iya becik yén mangkono, sun tulungi sira mengko, iki ujut layang loro, samu barang ana kono.
  20. Éwa dénébarang iku, lironana dhuwit séwu, aja getun adedulu, kang mesthi dadi bejamu.
  21. Pikirên dhisik kang padhang, layang loro padha terang, aja getun asok uwang, samukabar agumuntang.
  22. Sarta ngendi nalara, pasthi bakal weruh sira, maca layang loro padha, kang gelakéjagat omba.
  23. Siman unjal ambegané, dénéiki guna gedhé, ngendi kabar weruh dhéwé, tan ana manah susahé.
  24. Iya becik sun dhuwiti, kanthong gedhéngasta kiri, sigra dén ulungkén Nini, kang gumujeng anampani.
  25. Simin wau pamit nulya, wus pinanggul layangngira, kocapa ing jaban guwa, lajeng mantuk suka-suka.
  26. Jingklak-jingklak jejogétan, nasak alas jujug ratan, pethenthengngan kaya sétan, awit suka ora mangan.
  27. Lelakunéginawéyang, lébéhané asor demang, sikili raje papangngan, nora wedi ing larangngan.
  28. Nora kinocap ing marga, Si Simin wus dumugi griya, bapa biyung suka-suka, bocah telu oléh guna.
  29. Kocap Nini kang néng guwa, dhuwit séwu wus atompa, nulya manthuk griyanira, tan sinipa bungngahira.

— ѺѺѺ —

  1. Séjémaneh caritané, bocah sarya lelakuné, ngalor iku ngener baé, tan ana siji réwangngé.
  2. Liwat marga kang asepi, jujugira gunung wedhi, metu alas kebak eri, ora mikir ing bilahi.
  3. Alas kono kang wus klakon, bebégal lan sagon-sagon, sigra wong loro kang katon, kang nyedhak Sariya alon.
  4. Sarya bacut ing lakuné, wong loro padha ngiringké, ana marga tan liyané, amung mikir pabégalé.
  5. Jejawilan ing kancané, mungguh kang dadi akalé, ambégal ana ing kéné, sarta murih ing amalé.
  6. Adhi wus menenga baé, sun papaknéuwong kiyé, pedhang keris sun ligané, kang mesthi inggal telukké.
  7. Wong begal nututi sigra, dén purih nyekel Sariya, pedhang larak ngasta kiwa, kang tengen ngliga curiga.
  8. Kagyat sarya sarê nolih, ngrasa binégal wong kalih, wau sambat ajejelih, nora kelar asuh linggih.
  9. Tinakonan bégak wau, sapa kowéing jenengmu, ulungna mréné barangmu, ja nganti pedhangku kali.
  10. Sarêng sarya ngrasa dhéwé, tanpa gaman énéng kéné, segra dhuwit dén ulungké, mung nyuwun pangnguripané.
  11. Atinétan waget adhem, pikiré kadi wus kerêm, seméndhéna ing ngisor asem, kang bégal atiné
  12. Suwé-suwéwus anemu, akal sangking jroning kalbu, karsa males begal wau, kang anyiksa ing badanku.
  13. Inggal sarya anauri, ingsun iki kok pléciti, kapriyébésuk ing tembé, yén tan bisa ngaturaké.
  14. Saban ingsuniki abdi, dén utus maring déwa ji, kinén numbas kébo sapi, lawan asok pajeg bumi.
  15. Wong loro sami nepsuné, iku aku badhokaké, dénén kowémetukéné, wus weruh larangan gedhé.
  16. Apa kowétéga pati, kok purih aku nelasi, lawan pedhang landhep iki, mesyat turum soka kaki.
  17. Sangnget gén kula narimah, dénékula boten pejah, naming kula nuwun tenger, yén kula kabégal bener.
  18. Asta kula katigasa, dén purih dados pratondha, ampun ngantos dados duka, gén kula ngaturken bondha.
  19. Wit jati ngajeng punika, ingkang rêbah tengah wana, damel gabjel asta kula, pinedhangna ingkang rosa.
  20. Wau wong kalih nauri, dénétegek wong puniki, dhuwité sawu téga pati, angelong tangan sawiji.
  21. Wau wong kalih nyaguhi, ngliga pedhang kang amandi, tinamakken asta kiri, kang tinumpangkén ing jati.
  22. Pedhang sinabetken nulya, astanétinarik sigra, kang pedhang ambles ing jati, sinendhanl sendhal tan kwawi.
  23. Sarya inggal amarani, anyandhak pedhang mandi, tinarik sarta begagah, si pedhang angantos klumuh.
  24. Cinekel pedhangngégedhé, wong loro dén amuk agé, pinaténan saréwangé, pinendhet malih dhuwité.
  25. Tujunéora amati, malah bathi pedhang siji, lawan keris ingkang mandi, sarya inggal nurut margi.
  26. Lakunétinutukaké, menyang gunung wedhi kaé, dén purih dadi bejané, mila mlampah agé-agé.
  27. Éca tindak kloyong-kloyong, lengnger-lengngel amalompong, wau kang suku kajeglong, ing gunung sajroning rong.
  28. Tinarik sikil kang siji, sinuprih bisa atangi, nanging saya ambles bumi, tan katon awak lan rai.
  29. Lowok wau kang néng kono, wus séwy taun samengko, dénéjeroné rong iki, tan kena tinukur jalmi.
  30. Mila sarya babar pisan, klebu kono katiwasan, ana dalan kabégalan, néng kénékajégal sé
  31. Katula-tula lakuné, mawu binegal dhuwité, saiki kaya mengkéné, baya kéri mati baé. ѺѺѺ
  32. Kalengnger wus kaya mati, jepapang ngisoring bumi, dhuwit séwu kanan kéri, sami mawut carub siti.
  33. Kocapa kang ngreksa kono, aranira jim sithoklo, mila inggal amarani, ngucali kang dhawah siti.
  34. Kagyat thoklo amiyarsa, dénéiki wong ber désa, gawa amal pira-pira, dén purih ginawé
  35. Si thoklo banget welasé, mring Sariya ing ngajengngé, jin nujung tangan sikilé, tinumpangkén ing pangkuné.
  36. Dén grayang saryw wus mati, rêmuk karêbah ana siti, inggal thoklo ngrogoh jampi, kang néng cupu ngasta kiri.
  37. Wau lajeng tinambanan, ing sikil dumugi tangngan, saekal ababar pisan, mila sarya guragapan.
  38. Kocapa sarya kang pinangku, kagyét sarêng andedulu, ngéling-éling dhuwit séwu, kang mawut tibané
  39. Amamikir jroning ngati, aku iki anéng ngendi, apa aku uwus mati, dénépinendhem ing bumi.
  40. Rumasanétangi turu, untu kancing kadya bisu, ajrih uwong kang  amangku, manawa mungsuhé
  41. Jim si thoklo anuturi, aja sira wedi-wedi, aku iki kang nambani, awakmu kang bakal mati.
  42. Ayo gage gék tangiya, mengko sun takoni sira, lelakumu golék apa, anggagawa sakéh bondha.
  43. Anauri si Sariya, temenéaku cilaka, wus bin sariyagal dalan kana, ora wurung ambles tela.
  44. Saiki apa karêpmu, wus mawut dhuwitku séwu, murungakéamaguru, mulih ngomah kaya asu.
  45. Mindah bapa lédukani, bondha ilang katon bali, jim si thoklo anahuri, aku wongngé kang nulungngi.
  46. Dhadhung iki sun udhar, jenengngétambang kamtular, aja kowé duwé samar, iki sira ingsun ganjar.
  47. Karo dénétali mau, iku medéni satuhu, ora weruha kang lara, mengko tali dadi guna.
  48. Yén arêp weruh gunané, udharên bongkot pucukké, talénana ing ngastané, mring kang sakit sasuwéné.\
  49. Dénésira yén tan kena, weruh marang ingkang lara, tur konca dhéwé bab susahé, sarta madhangké
  50. Iku sira ngati-ati, bongkot dhadhung ngasta kiri, nyebut tatambang kamtular, jeneng iku dadi ujar.
  51. Ana jim mengko wus masthi, kang jebol songka ing tali, nyadhong dhawuh mendhak dheku, mring kang ngasta tambang mau.
  52. Masthi sira dén ujari, sakitira kaweruhi, mring kang mombong tambang ili, kwasanékapati-pati.
  53. Jenengngira jim si Pupon, wus ajulik tur rakaton, si Sariya ngupaya alon, saumurku durung tumon.
  54. Banget bungahéing ngati, sabab ana kang dén puji, ora mikir bondhonéki, kenceng banget mring sitali.
  55. Mendah suwuréwong tugu, yén aku jinujung guru, ora wurung kanggep ratu, sinembah sembahwong sé
  56. Karo jeneng ratu dhemit, kanan keri sugih dhuwit, tan ana wani cumuwit, padha wedi yén sunthathit.
  57. Wau Sarya angraritih, mring thoklo si nandhing linggih, tambang tali kang dén purih, iku dadékké
  58. Umatur terus  ing ngati, satemenéingsuniki, nyuwun jimat kang jinanji, kang wastha tambang tali.
  59. Jim si toklo anauri, iya becik sun wénéhi, janjiku tambang sitali, jimat turun songka kaki.
  60. Mung aku duwépanjaluk, prelu bangnget tur sadumuk, yén gelema sira iku, ngakonana yén anakku.
  61. Lamun sira bésuk susah, ing paprangan banget wegah, nyebuta kaki pratanah, sarta gegedruga lemah.
  62. Mesthi ingsun banjur muncul, songka bumi kang gemadul, nadyan mungsuh ngalor ngidul, ingsun sebul masthi kabul.
  63. Sarta ingsun duwéupas, ing musthaka jroning ngendhas, iku kena ingsun lepas, mring musuh sinuprih tiwas.
  64. Wau Sarya anyanggupi, barang panjalukkékaki, sigra tambang dén ulungké, mring si sarya ing ngastané.
  65. Nuli inggal nuwun pamit, atinékaya jiniwit, tanyona dadi mangkéné, yén dinulu ing susahé.
  66. Inggal Sarya dénateraké, si kaki anéng buriné, jebol bumi metu nglatar, mila Sarya banjur bigar.
  67. Mendhek dheku pamit nuli, anyaoskén sembah bukti, ing bapaknératu bumi, kang lajeng tinilar nuli.
  68. Sinigek wau lampahnya, si Sarya samarga-marga, wus dumugi tengah wana, kemutan cilakanira.
  69. Nanging sarêng grayang tali, keslamur émuting ngati, rêngngeng-rêngngeng turut margi, wus kaliwat gunung wedhi.
  70. Wau ing telung dinané, wus tumeka ing ngomahé, jujug sawah tetengngeré, sadulur papat klumpukké.
  71. Sami padha tinakonan, apa kang dadi kebegjan, apa manéh kaslametan, wau sami sila mapan.
  72. Si Siman nuli carita, apa kang dadi bejanya, mila lajeng matur sigra, lawan sadulur tatiga.
  73. Lah padha delengngen iki, rupanégendul sawiji, gunané kepati-pati, sabab bingén wus nglabeti.
  74. Ing jero isinétomba, pinesthi marang wong lara, tan ana ing ngalam dunya, tomba kang mamadha ika.
  75. Barang jalma yén sun grayang, nadyan klengnger bisa padhang, yén tan nganti ngumbéiki, wus masthi waras tumuli.
  76. Yén arêp weruh rêgané, dhuwit séwu bingén kaé, barang sekti kéh gawéné, mongsa nganti nunakaké.
  77. Lah kakang apa gawamu, gon mulangnga amaguru, ingsun niki arêp weruh, apa kang dadi tumuwuh.
  78. Sidin lajeng anauhuri, satemenéaku iki, gawa manuk mung siji, kang sun tuntun énéng buri.
  79. Yén arêp weruh sektiné, manukiki kang agedhé, bisa gawa wong salawé, rosa tan ana samané.
  80. Lepas banget iberira, sarta ngambah jumantara, nagri ngandi kinarsakna, ing sajam amasthi teka.
  81. Gonku tuku uga séwu, wijil gunung  maha meru, saiba-iba bejaku, kagugung pari polahku.
  82. Lar Sarya apa gawamu, kaya kebotan pasungu, dénédhelek-dhelek baé, kaya kélangan bandhané.
  83. Sabeneréaku iki, dhelek-dhelek ngrasa mati, kaping pindho cilakaku, tayona manéh katemu.
  84. Naming aku gawa bondha,  gunung wedhi sangkanira, ujut réméh tur prawira, sapa nyona yén mangkana.
  85. Jenengngétambang kamtular, kaya inten pating glebyar, séwu dhepa yén sun udhar, jenengiku dadi ujar.
  86. Gawénéngéram-mérami, ambek sekti ing pribadi, lamun ana wong lelara, ingsun masthi weruh sigra.
  87. Nadyan ora weruh pisan, ana laran ing daleman, tali iki dadi gawé, dén gubetna ing ngasthané.
  88. Mesthi aku nuli weruh, sabab wus katiban dhawuh, sangking Hyang kang taluruh, jebol tali atumuwuh.
  89. Wau ta sadulur tiga, lenger-lenger nglaras pada, dénétali iku kuna, sayekti akéh gawé
  90. Jaka telu padha mlompong, si Sarya angrogoh kanthong, talinékaton gumalong, pating glebyar kaya barong.
  91. Sami éram sadulur tiga, ana teka luwih guna, kaya apa bésuk tembé, yén nganti dadi gawéné.
  92. Wau genti cinaita, si Simin ingkang pendhawa, kitap angasta kiwa, ngulesan bindhé
  93. Telu padhamanju samya, si Simin gelar kitapnya, tinumpangken pangkonira, nuli lajeng acarita.
  94. Lah iki padha delengen, kang sun asta tangan tengen, setinékaliwat-liwat, ing kéné lan jaman ké
  95. Karosa rumaning kabar, jroning kitap wus kagelar, ana dénégégér ngendi, pan masthi aku meruhi.
  96. Jagat lagit nagri ing grisa, tumekanédhongka éblis, nadyan dhelik bumi lapis, kabéh iku wus tinulis.
  97. Wau ta sadulur tiga, kang ngadhep sandhing kitapnya, sami éram atetanya, alah gelar kayeté
  98. Adhi wacanen kitapmu, kabar ngendi ingkang prelu, karo ngendi gégér gedhé, mengko padha nyambut gawé.
  99. Simin wau lajeng mempeng, maca kitap amandheleng, wau dugi mangsi cemeng, maca alon rêngeng-rêngeng.
  100. Lah iki padha rungngokna, ing nagara Sarung Brana, ingkang jumeneng raja, banget susah galihira.
  101. Putranira kang sawiji, jenengngéPurnamasidi, lara banget bakal mati, yén tan ana kang nulungngi.
  102. Lah Sarung Brana rathuné, wus metu dadi ujaré, sapa yogamarékaké, kapundhut dadi mantuné.
  103. Naming sapa kang nyanggupi, oléh inah pitung bengi, sinuprih bisa amutih, sarta ngelakoni ngelih.
  104. Dénéing pitung bengnginé, raja putri tan marine, aja ana molak-malik, masthi sikil mlaku dhisik.
  105. Ginantung sira wus masthi, tan kena dén apurani, sabab iku pasang giri, wus kundhang ing wong sanagri.
  106. Sadulur tiga kocapa, sami padha gunem rasa, apa kang dadi akalnya, dén suprih bisa amrona.
  107. Gampang baépratikelé, sektén padha duwé dhéwé, manuk gedhé iku baé, dén tungangngi ing gigirré.
  108. Masthi kuwat manuk iki, wus adatéénéng ngredi, dén momoti séwu kati, mandhak nuwuh tinunggangngi.
  109. Sarta lepas ing lakuné, mongsa nganti dadi gawé, Sarung Brana cedhak baé, ora nganti sepasaré.
  110. Ayo padha rinasakna, kapriyédadi énaknya, aja mikir awak inya, bab manut ombaking konca.
  111. Aja suwépadha mikir, koya bocah weton kapir, bocah tugu wus watakké, babanteran rêrêmbugé.
  112. Byar wus putus rêmbugikira, nuli sami tata-tata, kitap tambang gendulira, wus primpen kepék sadaya.
  113. Wahu lajeng sami numpak, si manuk anganggo tesmak, jaka papat padha ngamplok, ana geger kaya kadhok.
  114. Manuk dedel jumantara, lakunéamoring méga, kebatira kaya bledhék, swara kepék pating klothé
  115. Sakéh nagri padha katon, mila sami padha nonton, saumurédurung tumon, mila manuk laku alon.
  116. Wus katingngal soka prambé, nagri gedhéngrejakaké, apa déné kedhatoné, bagus tan ana samané.
  117. Wahusami ngéling-éling, kagyet katon bono keling, lajeng ta sami amawas, kedhaton kang kadya emas.
  118. Apa dénéomah réméh, pinroda jabané kabéh, ambek anom tur prawira, bono keling ratonira.
  119. Antara ing telung dina, dumugi ing Sarung Brana, nuli manuk tinuturi, kinén mandheg tengngah nagri.
  120. Cemlorot manuk samberé, kadya méga tiba dhéwé, wau wong ing dalem nagri, sami kagyét aningngali.
  121. Jujugkira ngringngin kurung, sakéhing wong padha ngrubung, miwah dhukun ingkang bingung, pating kloyong kaya lutung.
  122. Ana teka gawa kembang, tanapi wong awéh uwang, cah papat bungah atiné, oléh bondha pating sarwé.
  123. Tan ana dhukunyaguhi, marga wedi pasanggiri, yén putri tan bisa mari, amasthi ginantung mati.
  124. Bendhémuni ngalor-ngidul, wong sanagri pating brubul, padha nonton manuk gedhé, songka méga tumekané.
  125. Séjégenti cinarita, kang anom jejuluk natha, iya Prabu Sarung Brana, kang susah penggalihira.
  126. Ngéling-éling raja putri, putranékasih sawiji, banget lara ing saiki, panesthékké bakal mati.
  127. Natha miyos tamanané, amarga banget susahé, sinuprih nglipur manahé, nglalékna emutané.
  128. Éca miling-miling blumbang, aningali wader abang, kang obah gilang gumilang, byaring sisik kadya lintang.
  129. Ing ngriku alelenggahan, gugup lajeng sinowanan, gandhék kalih arênggosan, kang amatur babarêngan.
  130. Kagyét sang natha andulu, eong iki amasthi prelu, sang natha nulya ngandika, ana apa jroning pura.
  131. Wong kalih nembah aturé, abdinta ngawuningngakké, ing jawi wonten lelaré, sami jarot ing rupiné.
  132. Dhatengngira numpak peksi, ageng tan wontenyaméni, ujarira dhukun gedhé, miwah sagah mantunaké.
  133. Menggah putra dalem pejah, gesangngaken boten wagah, aturira sami genah, naming sami sawek sayah.
  134. Proyogi dipun timbali, praptaa ing ngarsa aji, tinanggapa aturipun, temenira dados dhukun.
  135. Sang Prabu lajeng ngandika, gelis padha timbalona, panakawan loro padha, kinén angirit lakunya.
  136. Panakawan wus kapethuk, bocah papat lengnguk-lengnguk, lagya ana  jimaté, kang pinesthi dadi gawé.
  137. Bocah papat kadhawuhan, nuli sami padha dandan, sanalika padha rampung, nulya mlampah runtung-runtung.
  138. Datan kinocap ing margi, wus prapta ing dalem puri, tinakonan ing Sang Prabu, dhukun apa sira iku.
  139. Sami nembah aturira, mila sami sowan natha, abdita dhukun sadaya, punika tan mawi dora.
  140. Ajrih sangnget ing Sang Natha, margi notohaken nyawa, naming mugi kayektosna, supados dados pratondha.
  141. Sang natha lajeng nauri, yén ta temen bisa mari, masthi sira mantu mami, sarta mrajani ing nagri.
  142. Naming putri ing saiki, tan kena tinonton jalmi, yén sira dhukun sanyata, badhénen apa kang lara.
  143. Kocapa ingkang sami nonton, kebak jejel kadya tawon, miwah dhukun ingkang kabul, pating jronggol kaya kuntul.
  144. Wau sarya gugup ngudhar, jimatétambang kamtular, bongkot pucukcinekeli, nulya maju mring Sang Ngaji.
  145. Mendhak mendhak matur sigra, punika jimatan kula, yén boten dados duka, mugi punika pucuk kaastaha.
  146. Sang natha nuli nuruti, karêpéSariya iki, cinadhak ing ngasta kiri, jimaté tambang sitali.
  147. Sariya gadhah panuwun, ampun Gusthi ngantos gumun, tambang ingkang Gusthi asta, gubetna putri astanya.
  148. Ulun masthi saged badhé, putra Gusthi ing sakité, miwah waged nerangngaké, ingkang adados sababé.
  149. Sang natha sigra nuruti, ngasta jimat tambang tali, datan gelem pinercaya, dénétali duwé
  150. Wau Sang natha nimbali, para bedhaya sawiji, cinekelan tambang tali, kang dén asta ing Sang Ngaji.
  151. Sang natha medal ing jawi, arsa weruh akal iki, mila lenggah ngawasaké, mring si Sarya kang ambadhé.
  152. Si Sarya bangngetésamar, mila nyebut ing kamtular, wau kagyét jim si Pupon, kang néngkono anggedhaton.
  153. Sarêng sinebut aranya, wau dhodhok mara sigra, naming tan ana weruha, mung sawiji Sarya ika.
  154. Jim Si Pupon wruh gawéné, mila ing gal nerangngaké, si tali tambang kamtular, cinekelan ing wong lanjar.
  155. Kagét Sarya angarungu, apa dora Sang Ngaprabu, si Pupon nauri seru, sira ngandela ujarku.
  156. Sarya matur ing Sang Ngaji, margi déning tambang tali, pasthi cinencaken abdi, para bedhaya sawiji.
  157. Sang Natha éram aturnya, dénéwong iki aguna, ngalahken marang pandhitha, Sang Natha angucan dhadha.
  158. Iya becik yén wus terang, sun léhétali sitambang, wau kocapa Sang Ngaji, lajeng blebet ing jro puri.
  159. Tambang nulya dén gubetaké, raja putri ing ngastané, wau ta lajeng tinilar, Sang Natha jumeneng nglatar.
  160. Jim si Pupon metu dhéwé, misik Sarya agé-agé, miwah malih nerangngaké, apa kang dadi sakité.
  161. Sang Natha lajeng ngandika, Sarya aja kongsi cidra, yén putri ta bisa mari, masthi sira mantu mami.
  162. Sarya nembah aturira, temenipun putra natha, sakitipun kénging guna, rathu sétan kang nyikara.
  163. Rathu sétan karan wau, apeputra larébisu, ngedhaton ing rêdhi lawu, sekti medéni satuhu.
  164. Ambek julik tur prawira, tan wonten ingkang nyenyoma, ratu wruh durung winarah, naming dalem boten wegah.
  165. Abdi dalem boten gumun, sabab masthi saged mantun, naming dalem kalilanan, mriksani ing sakitira.
  166. Sang Natha amasrahaké, putranipun ing ngastané, mandhak Sarya dén lilani, amondhok ing dalem puri.
  167. Bocah papat padha nata, jimatanéingkang guna, nulya Sarya mlaku ngarsa, kang tiga ngiring wurinya.
  168. Sarêng dugi ing  jro puri, Sarya klawan ingkang rayi, katuntun déning Sang Ngaji, lumebet ing kamar putri.
  169. Sami éram aningngali, gebyaring raja branadi, datan wonten ayaméni, rathu sugih kaya iki.
  170. Bocah papat jejagongngan, sami mikir ingkang terang, apa dénénutukaké, sapa kang gentén gawéné.
  171. Déréngngipun natha kundur, Sarya inggal gugup matur, Sang Natha  kayét ngulatké. ѺѺѺ
  172. Yén boten dadosna duka, sadaya kaprintahan, abdinta éstri jalera, linarangngan mlebet pura.
  173. Patih lajeng tinimbalan, gugup dhateng gurawalan, wau lajeng aprintahké, Si Sarya ing karêpané.
  174. Sang Natha jengkar akundur, susahipun wus kaslamur, wau ta kocapa dhukun, papat sami padha rukun.\
  175. Nuli Sarya masrahaké, mring Si Siman ing marine, iku duwétomba gedhé, kang isi ing jro gendulé.
  176. Siman lajeng anyelaki, pasaréhanéSang putri, sarwi ngincupkén astané, Sang putri angulataké.
  177. Gumun Siman aningali, sakitipun Raja putri, kantun kulit lawan balung, tumeka atiné
  178. Wau Siman pangraita, dénéwong kaya mengkana, apa ta bisa mariya, yén ngumbé tomba aguna.
  179. Yén andulu ujar Nini, kaya-kaya bisa mari, aja tumeka wong lara, mati bisa mari uga.
  180. Nembah dhukun aturané, abdi dalem mantunaké, sakitipun Gusti kula, ampun ta kalontra-lontra.
  181. Siman wau angarimuk, dén suprih darsa angunjuk, tomba gedhéing gendulé, kang ngéramké panggawéné.
  182. Rapa putri anuruti, ngunjuk tomba ingkang adi, wau ta ing telung jamé, angarasa salirané.
  183. Rumongsa yén bisa mari, sakitipun kang girisi, ing ngriki tan wonten dhukun, kang nambani bisa mantun.
  184. Saekal angrasa ngelih, animbali éstri kalih, kang caos ing rinten dalu, ing ngandhap saréyang wau.
  185. Wong kalih gugupnyelaki, saréhanéRaja putri, kadhawahan kalih sami, kinén nimbali Sang Ngaji.
  186. Naming sami dén pinengnging, déning Siman kang sumandhing, margi ajrih yén kagyéta, saya banget ing lelara.
  187. Siman wau nangletaké, punapa dados karsané, Sang putri inggal nauri, ngrasa perih jroning ngati.
  188. Siman lajeng ngrogoh kasang, amendhet salering gedhang, cinaosken Raja putri, ingkang gugup anampani.
  189. Nulya kadhahar tumuli, gedhang ingkang langkung legi, saekal rumongsa mari, arsa medal jaban puri.
  190. Malah badhédedolanan, arsa menyang patamanan, naming linarang Si Siman, marga lara kang dén é
  191. Kocapa séjédinané, ing kaputrén panjujugé, arsa nemoni putrané.
  192. Kagyét Sang Natha mriksani, pesaréyanéSang ngaputri, kayata ora alora, guling kalih kanan kiwa.
  193. Cahyanémamelas banget, kaya lintang barêng séket, pangebyaring énéng nglangit, Sang Natha kadya jiniwit.
  194. Tan betah suwéngadhepi, trisnané kepati-pati, lajeng rinangkul sang dé
  195. Kocapa limang dinané, wus pulih kaya mauné, tan sawiji kaciwané, Sang putri mundhak ayuné.
  196. Sang Natha suka tan sipi, ora nyana bisa mari, miwah wong ing dalem nagri, kalilanan amriksani.
  197. Kebak jejel ing kedhaton, déning wong kang padha nonton, sakéhing dhukun kang kabul, sami jrunthul ngalor ngidul.
  198. Sang Natha printah susuka, winangngenan pitung dina, kedhatonku lawan jaba, samya bingngah wong nagara.
  199. Wau ta ing pitung dinané, samya bubar susukané, Sang Natha asiniwaka, bocah papat padha sé
  200. Sang Natha rubet galihé, kapriyékaputusané, sarta sapa kang wajibé, kang mungguh dadi mantuné.
  201. Sang Natha amasrahaké, lawan Sarya tuwa dhéwé, apa kang dadi énaké, kinén ngrembuk ing adiné.
  202. Umatur sami amésem, Si Sarya atinéayem, amung abdi dalem kula, kang wajib mantuning Natha.
  203. Sang Natha wau nauri, aturéSi Sariya iki, aku uga anglilani, yén adhimu anglegani.
  204. Saéstu nglegani sami, margi dalem kang ngwajibi, déning sektinipun tali, waged mantunaken putri.
  205. Si Simin nuli macucu, kapriyéaturmu iku, apa putri bisa mari, yén tan ana tomba mami.
  206. Apa aku tanpa guna, kang nambani saben dina, Si Sidin nauri sigra, tanpa manuk kaya apa.
  207. Apa kowébisa mréné, yén aku tan nambangngaké, lawan manuk kang agedhé, séwu rupyah ing rêgané.
  208. Iya becik bocah telu, ngunggulakéing ngawakmu, lamun ana kitap gedhé, apa krungu kabar kiyé.
  209. Sapa krungu angin-angin, anjaba songka Si Simin, aku wajib satemené, sabab weruh sadurungngé.
  210. Bocah papat garêjegan, kudu arêp padha menang, suwémetu basa ala, mila pinengnging Sang Natha.
  211. Sang Natha gumuyu suka, asta kalih nangkep dhadha, apa dénéSang ayu putri, gumuyu sanget ningali.
  212. Sang natha nulya ngandika, aja padha dadi gatra, ingsun arêp takon sira, apa sira duwé
  213. Sabab ingsun nora bisa, ngrungokkérêmbug mangkana, wong tuwamu iku mesthi, kang bisa milih sawiji.
  214. Mula aja dadi ati, yén sira sun tundhung bali, matura wong tuwanéki, kinén séba ngarêp mami.
  215. Mengko iku bisa milih, marga kang nurunken getih, Si Sarya gugup nauri, lerês paduka Sang Ngaji.
  216. Bocah papat mit nuli, wau prapta jaban puri, lumancat manuk si beri, kang mumbul dhuwuring bumi.
  217. Kocap Sang Natha cinatur, wau ta jengkar akundur, tinayap para ing dalem puri.
  218. Kocapa kang sami matuk, sami padha numpak manuk, sekti tan kena kinira, mila ngambah jumantara.
  219. Kaya bledhék ing lakuné, wus dumugi soka prembé, nalika ing telung dina, sami anjok griyanira.
  220. Katemu ibu bapakné, bocah papat kéh omongngé, apa dénébab susahé, kaaturké ibu bapakné.
  221. Kang rama bungah atiné, inggal nata rêrangkepé, tan gelem ngenténi suwé, marga éling mesir kaé.
  222. Wau sami tata-tata, barang kang bakal ginawa, wus rampung sadaya iki, lajeng sami numpak peksi.
  223. Mumbuléamoring méga, si manuk banget akurda, nalika ing sadina, dumugi dalem nagara.
  224. Jujuk tengngahing kadhaton, si manuk clorotéalon, kocapa kang caos puri, samya kagyét aningngali.
  225. Barêng weruh yén Sariya, gugup dhadhak nembah sigra, marga pandhitaning natha, kang jejuluk guru putra.
  226. Wong caos dén ngandikani, kinén matur ing Sang Ngaji, ing saiki wus abali, dhukun papat wonten jawi.
  227. Wong caos umangkat sigra, nuli matur ing Sang Natha, ingkang sawek siniwaka, lajeng kagyét amiyarsa.
  228. Sang Natha gupuh nangleti, wong sowan kali sesami, apa ta ana preluné, dénégugup amaréné.
  229. Wong kalih nembah aturnya, mila sowan ngarsa natha, dhedhukun kang mantuk sami, sapunika wonten jawi.
  230. Sang Natha nulya ngandika, apa ta kanthi wong tuwa, wong kalih natur inggal.
  231. Kocapa  wau Sang ngaji, kemutan ingkang jinanji, mila nimbali pawéstri, déniring medal ing jawi.
  232. Pinapak kalawan Sarya, miwah malih ingkang rama, umajeng ngarsaning natha, nyaosken sembahanira.\
  233. Sang Natha kéwedaa galih, margi bingngung ing pamilih, kaki bandhang kang tinolih, kang sawek atata linggih.
  234. Pangandikaning Sang Natha, kaki hya mongsa bodhowa, marga kowéjeneng bapa, iku wajib amranata.
  235. Umatur Ki Bandhang nuli, sarta nyembah ing Sang Ngaji, mugi dalem kalilanana, andangu laré
  236. Kaki iya sakarêpmu, ingsun manut ing ngujarmu, ala becik kang tinemu, marga wis dadi janjiku.
  237. Mugi Sang Natha nyerêpi, génipun dalem nangledi, nuli Sarya tuwa dhéwé, kinén majeng ing ngarsané.
  238. Dinangngu déning bapakné, apa kang dadi karêpé, apa dénépanggawéné, aku ingkang mutusaké.
  239. Bapa marga putri mari, déning jimat Thambang tali, bokmamanawa tanpa kiyé, sapa ingkang wruh larine.
  240. Jalma tan kena sawiji, kalila  nyedhak Sang putri, kang iku wus dadi janji, sapa wruhmantuning Gusti.
  241. Saiki apa susahé, wus apadhang aku dhéwé, kang wajib dadi mantuné, marga weruh sadurungngé.
  242. Ki Bandhang anuri alon, meko sira ingsun takon, jimatan tambang tali, wijilésongka ing ngendi.
  243. Yén kowétakon si tali, jimat mijil gunung wedhi, gunané kepati-pati, séwu rupyah rêgané
  244. Iya becik rêmbuk iku, naming marga dhuwitésewu, oléhmu songka ing ngendi, lan sapa kang menhi.
  245. Bapa dhuwit bingnngén kaé, oléhku songka ing kowé, rikala ku lunga lelona, tumeka oléh ing bekja.
  246. Ki Bandhang umatur nuli, kulawan ingkang déwaji, Gusti mugi kasekséni, aturéSarya puniki.
  247. Yatra séwu sampun terang, marganpun sangking ingwang, mangkégampil pratikelé, miwah pranata kang saé.
  248. Sang Natha suka ningngali, aturéSi Bandhang kaki, lajeng wau kasekséni, rêmbuk kang nganéh-ngané
  249. Gumati Simin pangulu, dénawékinén amaju, tinakonan karêpira, apa kang dadi aturnya.
  250. Rungngokna dhisik ujarku, aja ta dadi atimu, tumekanégarêjegan, sabab aku wajib menang.
  251. Oléh kabar songka sapa, Siman Simin Si Sariya, lamun ana kitab ingsun, guna apa dadi dhukun.
  252. Ora weruh Sarung Brana, yén ana lelara ala, iya bener kang nambani, ming aku wajib dewé
  253. Dénépanjalukku ika, muga aku kakersakna, munggah mantuning Sang Natha, sabab aku janjé
  254. Aku arêp anyurupi, kitab iku songka ngendi, mengko Simin aku wongngé, kang mranata nalar kiyé.
  255. Dénékitap sebut mau, oléhku songka guru, leliruné dhuwit  séwu, kang kokéhké dadi sangngu.
  256. Ki Bandhang nolih Sang Natha, umajeng wau ngarsanya, sarwi ngunjukken pariksa, kang rinembuk babing yatra.
  257. Iya kaki sun sekséni, kandhanéSi Simin iki, dhuwit séwu ing margané, tumekané songka kowé.
  258. Gumanti Sidin amaju, dén takoni dhuwit séwu, rikala sinangngokaké, apa kang dadi bejané.
  259. Dhuwit kang wus kok paringké, dak tukokkémanuk gedhé, bokmanawa tanpa kuwé, apa ana bisa mréné.
  260. Ing wusana aku iki, kang dhuwur dhéwékasekti, arêp ora oléh putri, apa lumrah adil iki.
  261. Masthi aku ora nrima, marga padha bisa teka, ing nagara Sarung Brana, déning manuk kang kuwasa.
  262. Lah bapa mangko bodhowa, aturku ingkang samana, Ki bandhang nauri sigra, aku ingkang amranata.
  263. Genti Siman wus pinanggil, iku ingkang anak ragil, tinakonan ing bapakné, dhuwit séwu bingngén kaé.
  264. Iki rama gendul siji, isinétomba kang adi, déné mungguh rêga mau, bingngén kaé dhuwit sé
  265. Aku ingkang mulasara, Raja putri ingkang lara, aja ana tomba kiyé, mesthi tiwas ing sapréné.
  266. SaréhnéPutri wus mari, aku nagih ing prajanji, muga bapa ngrampungana, panjalukku kang samana.
  267. Siman wus menengnga baé, aku bakal ngrampungngaké, dak matur  dhisik Sang Natha, sabab iku kang kuwasa.
  268. Umatur Ki Bandhang sigra, lawan Prabu Sarung Brana, aturanéSi Sariya, apa déné bocah tiga.
  269. Saréhnésami ngaku, anampéni nyéwu-nyéwu, rêmbuk wau gampil mawon, Sang Natha nangngledi alon.
  270. Kaki apa ing karêpmu, énakkébakal katemu, apa déné salah siji, kang mungguh mantuning mami.
  271. Gusthi mugi kamirêngna, kang saéatur kawula, dalem nuwun pangngapura, Gusthi sampun ngantos duka.
  272. Saréhnésampun aterang, yatra wau sangking ing wang, kados ta wonten susahé, margi terang ing nalaré.
  273. Anjawi amung kawula, ka inggahna mantu natha, sabab ingkang gadhah bondha, kados kang dados aturnya.
  274. Ampuna dalem bandhani, yektos boten dumugi ngriki, napa malih dados dhukun, saéstu wandé
  275. Dénten Sidin Simin Siman, kang wajib minggah Pangngéran, napa dénten Si Sariya, Sénapathi ingngalaga.
  276. Dalem nrimah amandhitha, margi sepuh badan kula, Sang Natha nauri suka, iya becik yén mangkana.
  277. Puluh-puluh gék kepriyé, janjiningsun wus mangkéné, Sang Putri nrima abaé, sabab wus dadi bejané.
  278. Kocapa larésekawan, wus trima dadi Pangéran, Simin, Siman, Sidin Sarya, jinunjung lungguh sadaya.
  279. Wus anama Kangjeng Gusthi, wau nuli dén praboti, wong sanagri mendhak-dheku, mring Pangéran papat wau.
  280. Sang Natha sigra utusan, Bupathi Ngulama pisan, kinén séba sowanan, tan kena siji kliwatan.
  281. Wong kang ora tinimbalan, gugup nonton gurawalan, wus nglumpuk sadaya sami, Sang Natha medaling jawi.
  282. Geger gumuruh kedhaton, kebak wong kang padha nonton, nuli sami sinirêpan, tan kena jalma rêrasan.
  283. Wau ngandika Sang Ngaji, mring wong ing dalem puri, lah ta padha angrungokna, ingsun awéh kabar sira.
  284. Putraningsun raja Putri, ing saiki wus amari, rikalanéeméh mati, ingsun duwé pasang giri.
  285. Sapa-sapa marékaké, Raja Putri ing sakité, iku wus dadi bejané, amrajani nagri kéné.
  286. Lawan rabu putriningsun, kaarak ing ngalun-alun, supaya apadha gumun, bejanéwong dadi dhukun.
  287. Nulya Sang Natha marani, Ki bandhang kang lenggah ngarsi, sinandhingken ing Sang Putri, suka Sang Natha ningali.
  288. Iya iki mantu mami, gunanékepati-pati, ing ngélmmu nujum wus anelas, mula aja ana uwas.
  289. JenengngéGuru pandhitha, ingsun kang maringngi nama, aja ana wani-wani, mring Pandhitaningsun iki.
  290. Sekti tan ana madhani, wong sanagri banget wedi, éram sami aningali, prkara anéh-ané
  291. Lawan sapa kang kapregok, néng dalan amasthi dhodhok, tan kena wani nyak-inyok, apa manéh gawé
  292. Ki Bandhang atinébigar, rinaja-raja ing ngunggar, gumanti kocap Sariya, kalawan sadulur tiga.
  293. Sang Natha malih ngandika, dénébocah papat ika, jenengngira Kanjeng Gusthi, aja ana wani-wani.
  294. Sarêng sampun pandikané, nuli dhawuh ramé-ramé, salapan dina wangngené, wong nagri bunngah atiné.ѺѺѺ
  295. Sarêng sami sampun bibar, Sang Natha lajeng ajengkar, tinayap para pawéstri, lumebet ing dalem puri.
  296. Pangéran papat kocapa, wus kabagi lungguhira, mila lajeng kundur samya, ing pondhok kedhatonira.
  297. Bingngahira tan sipi, bejanékepati-pati, wong sanagri padha gumun, ngasi pirang-pirang taun.

titi
— ѺѺѺ —

 

Advertisements

SERAT CINGKARA DEWA


SERAT CINGKARA DÉWA

Jarwa sarta sekar macapat
Anyariyosaken piwulangipun Papatih Raja Sukatha,
dhumaten Ratunipun Sanghyang Cingkaradéwa
ing Giling Wesi, inggih punika anjumbuhaken
dhateng kawruh raos ingkang ugi winastan
kasampurnaning ngagesang.

saha :

Anerangaken lampah gangsal prakawis puja brata,
Tapa brata, lampahing badan (raga) manah,
(poncadriya)  tuwin jiwa,
sarta lampahing praja.

Mawi rinengga ing gambaripun : Sang Sri Bathara Wisnu.

 

1e DRUK

1925

ALGEMEENE JAVAANCHE BOEKHANDEL
“TRIMOERTIE”
TAMBAKSEGARAN – SOLO.

Kasalin saking aksara Jawa
Ing aksara latin

dening :
Mas Kumitir

Sidoarjo, 20 Agustus 2017

ѺѺѺ

[1] Punika cariyosipun nalika, Hyang Cingkara déwa badhé jumeneng natha binathara wonten ing nagari. Giling Wesi, dipun aturi déning Patihipun nama : Patih Raja Sukatha, kados ing ngandhap punika :

  1. Paduka kedah angngabekti ing jawatha, tegesipun anyirnakna pakartining poncadriya. Ingkang dipun wastani poncadriya punika, bangsanipun napsu, kadosta. Cengil, éwan, panastén kemérén dahwén kumingsun, sengit, cekak, rupak, lan sasaménipun, bongsa kinten-kinten punika kedah boten katandukaken ing budaya.
  2. Paduka kedah ajrih ing rathu, ingkang dipun wastani rathu punika, ati. Ati punika rathuning badan, kalampahanipun, tata, titi, teteg, ngatiyati. Dados anggénipun ngasta pangadilan makaten wau, badhe kaendel ing ngakathah, wekasan dipun ajrihi ing sasami[2]nipun tumitah.
  3. Paduka kedah angngidhep ing ngibu rama, tegesipun anucéni roh. Kalampahanipun, eneng, ening. Awas, éling. Angicalaken sakathahing hawa nepsu, anggawontenaken murah lan asih. Ingkang maten wau saéstu badhé kinédhepan ing sesaminipun.
  4. Paduka kedah mituhu angger ugering guru, tegesipun raos, kalampahanipun wanuh. Wani. Uninga. Angicalaken pakartining pangraos, ingkang makaten wau, saéstu badhé pinituhu dhateng ing sasamining manungsa.
  5. Paduka kedah asih ing manungsa, supados kinasihan ing jawatha, saéstu lajeng pinaringan pangkat, dados natha binathara.

Déné kalampahanipun sadaya wau, sami saking tapa brata, utawi puja montra, déné ingkang dipun wastani tapa brata wau, gangsal prakawis kados ing ngadhap punika :

  1. Angngirangi dhahar, sarananipun panarimah, senanjan cegaha dhahar, yén boten narimah sawontenipun inggih [3] gagar.
  2. Anyuda saré, ingkang pinandeng énget, sanadyan nyuda saré, yén sinupé-supé, katrangipun nyuda saré punika makaten manawi sampun ambaliyut sampun ngantos koyup dhateng pakartining ambaliyut.
  3. Angngawissana sanggama, sarananipun, rila, pakartining nyuda sanggama, makaten, yén lajeng, sampun ngantos kalajeng kaajakka ambujeng rahayu.
  4. Angngampeta pangandika, tegesipun, panggagas, inggih punika pangandika ingkang tanpa damel, kalampahanipun saking santosa. Sanajan boten ngandika , yén taksih mengku karsa, inggih sandéya.
  5. Angngicalna duka cipta, sarananipun saking martha, tegesipun marta, angngresepi ingkang sami suméwa, sanajan boten duga cipta, manawi kirang marta, inggih boten widada.

Amratélakaken lampah kawan prakawis kados ing ngandhap punika :

  1. [4] Lampahing badan, yén kataman coba. Kedhah angésthiya, trima. Temen.
  2. Lampahing manah, yén kataman panguwah, kedhah angésthiya, rila. Legawa.
  3. Lambahing jiwa, saréhning jiwa punika sampun alus tuwin sukci, kedah angésthiya, ngandel, kumandel.
  4. Lampahing rahsa, saréhning rahsa punika sampun mulya, kedhah angésthiya, awas, émut.

Menggah lampahanipun ing ngagesang punika, saéstu mawi kadunungan suka, tuwin sungkawa, punapa déné bekja, tuwin cilaka, wondéning ingkang dipun wastani ageng-agengnging kabekjan punika, kawan prakawis, kados ing ngandhap punika :

  1. Gunawan, tegesipun, kalantipan.
  2. Wiryawan, kaluhuran.
  3. Hartawan, kasugihan.
  4. Barayan, sugih putra.

Kasebut kawan prakawis wau, sampun tampu, tétéla, da[5]dos panggayuh golongnganing ngagesang, punapa malih sadaya, botenipun sageda kalampahan ing salah satunggal, éwa semanten kathah ingkang boten kalampahan, jalaran boten kuwawi ananggulang pakartining ponca wisaya, mongka punika dadossa sepuhing badan, tuwin sesangnglingnging budi, menggah sangitanipun makaten, badhé tumamaning sedya punika, sampun tamtu mawi sangsara, sapira gedhéning sangsara, dadi dalaning nugraha, sangsara mau yén tinampan sajatiné amung dadi coba.

  1. Rogarda, tegesipun sakiting badan.
  2. Sangsalarda, rêkaosing badan.
  3. Wirangharda, sakiting manah.
  4. Cuwarda, rêkaosing manah.
  5. Durgarda, pakrêweding manah.

Menggah gangsal prakawis punika, sarananipun makaten :

  1. [6] Yén kataman sakiting badan, angngésthiya, rila, temen trima, legawa.
  2. Yén ketaman rêkaosing badan,angngéthiya, betah, ngangkah, lembah, memanah.
  3. Yén ketaman sesakiting manah, angngésthiya, tata, titi, teteg, ngatiyati.
  4. Yén kataman rêkaosing manah, angésthiya, eneng, ening, awas, éling.
  5. Yén kataman pakéweding manah, angésthiya, ngandel, netel, kumendel.

Ingandhap punika lampahing ngagesang, wonten : 7 prakawis :

  1. Tapaning badan, anorraga. Jakatipun taberi olah pandamel saé.
  2. Tapaning manah, anarima. Jakatipun angicalaken panginten pandamel awon.
  3. Tapaning nepsu, rila. Jakatipun sabar coba ing bilahi.
  4. Tapaning nyawa, temen. Jakatipun boten dahwén muna[7]sika.
  5. Tapaning rahsa, utama. Jakatipun kandel analongsa.
  6. Tapaning cahya, sukci. Jakatipun ening.
  7. Tapaning atma, awas. Jakatipun émut.

Ing ngandhap punika lampahing badan, wonten 7 prakawis :

  1. Tapaning nétra. Cegah saré, jakatipun lumuh anunggali sawarninipun pamrih.
  2. Tapaning karna. Cegah hawa nepsu, jakatipun lumuh angngingsep tuwin amirêngaken wiraos awon.
  3. Tapanipun grana. Cegah ngunjuk, jakatipun lumuh angisep ingsepan damel awon.
  4. Tapaning lésan, cegah dhahar, jakatipun lumuh ngraosi awoning liyan.
  5. Tapaning ngasta. Cegah nyolong, calimut, jakatipun lumuh angeban marang asta.
  6. Tapaning dakar. Cegah sahuwat, jakatipunlumuh anglampahi bandrék jina.
  7. [8] Tapaning suku. Cegah lumampah, pandamel awon, jakatipun rêmen lumampah istirakattan.

Ingkang dados pangésthining manungsa punika, kathahipun : 7 prakawis kados ing ngandhap punika :

  1. Kasuran, tegesipun kapurunan tuwin kawanteran, pamrihipun kéringan witipun saking kasektén kalampahanipun saking cegah bukti, kadadosanipun saking santosa, nanging ingkang dados sambikalanipun, yén anjejodho, tuwin anganiaya.
  2. Kagunan, tegesipun kasagedan, pamrihipun kinédhepan, witipun saking puruhita, kalampahanipun saking cegah néndra, kadadosanipun saking  ataberi, nanging ingkang dados sambikalanipun yén lampah rêsah, tuwin sungkanan.
  3. Kabegyan, tegesipun kasugihan, pamrihipun kinalulutan witipun saking anggaot, kadadosanipun saking gemi nastiti, sarta angngati-ati. Nanging ingkang dados sqambikalanipun yén lérwéh sarta [9] angumped.
  4. Kabrayan, tegesipun sugih putra wayah, pamrihipun kopén linamulén, witipun saking sih, kalampahanipun saking ambisu, kadadosanipun saking montra, lan sarana, nanging ingkang dados sambikalanipun yén para sengit an lan sumelangan.
  5. Kasigihyan, tegesipun kaluhuran pamrihipun kajén kinurmatan, witipun saking nastapa, lan téki-téki, kalampahanipun saking puja, lan ngabekti, kadadosanipun saking anorraga, nanging ingkang dados sambikalanipun, yén lomba angkara murka.
  6. Kayuswan, tegesipun panjang yuswanipun, pamrihipun kinandel, witipun saking sadu budi, kalampahanipun saking cegah sahuwat, kadadosanipun saking setya tuhu, nanging ingkang dados sambikalanipun yén dora lan cidra.
  7. Kapidakdan, tegesipun kayuwanan, pamrihipun kinopaman, witipun saking suci, kalampahanipun saking cegah minum, kadadosanipun sang[10]king utami, lan paramarta, nanging ingkang dados sambikalanipun, yénistha, lawan sugih duka.

Sadaya wau kedah mawi empan-papan, empan wau, manawi mongsa dalu, andulutur bukaning kalbu, kabuka saking sarat saréh sarékaning karsa.

Tegesipun, amuriha papan ingkang samun, anyirnakna songga runggi. Songga runggi punika kinten-kintening manah, ingkang tanpa wekasan, wasana ambebawur pamoring Gusthi kawula.

Menggah kasebut mulang nginggil punika bilih dipun lampahi, kaliyan tetep, utawi irib-irib bok manawi saged dhumawah ing kasaénan, tuwin karaharjan, kasarasan, sarwa wilijeng. Thithi tamat.

Kasambet Sekar Sinom Sawatawis.

Rarasing wéni winudhar, dénya arsa yéng tyas mamrih, la[11]kuning sujana tama, linuwihing nguni-yuni, tatarana mrih dadi,ingkarsa mongka  sasepuh, kluhurané ing sedya, raharjeng ngangga binudi, andalejet yayah pangangnglanging praja.

Panggayuh ésthining jlma, pitung prakara punika, inkang rumiyin kasuran, kagunan kang kaping kalih, kabegyan kang kaping tri, kabrayan kaping patipun, kasinggiyan ping lima, ayuswan kanemiréki, kawidadan jangkep ping kacipta sapta.

Wijang-wijangé jinawa, ran kasuran dén tegesi, kakendelan pamrihira, kinéringnganing sasami, saking kasaktén kang wit, cegah bukti lakunipun déné kadadéyanya, saking santosa ing budi, sambékalayya jajodholaniyaya.

Ping kalih aran kagunan liré kapinterana mrih, kinédhepaning sasama, saking anguguru kang wit, lakuné cegah guling, déné kadadéyanipun sing taberi ing karya, sambékalané puniki, yénna laku rusuh,  kesétan sungkanan.

Kaping tri aran kabegyan liré kasugihana mrih, kinalulutaning kathah, saking anggaota kang wit laku nariméng ngati, déné kakdadéyanipun  sing gemi nastityéka, sambékalané puniki, yénna lérwéh lana ngumped darbékira.

Kaping [12] pat aran kabrayan liré sugih wayah siwi, mrih kopén kinemulanan puniku witing saking sih, lakuné mepeta ngling, déné kadadéyanipun, sing montra lan sarana, sambékalané puniki, lamun para sengitan lan sumelangan.

Ping lima ran kasinggihan, liré kaluhurana mrih, kaajén lan kinurmatan wit sing nastapa tétéki, déné lakuniréki, puja lan ngabekti ngéstu, kadadéyané saka, sila krama anoragi, sambékala yén coba angkara murka.

Ping nem mé aran kayuswan, liré panjang yuswanya mrih, kinanadelaning sasama, witing saking sadu budi, laku cegah sarêsmi, déné kadadéyanipun, saking tuhu susetya, sambékalané puniki, yén na laku doracara lawan cidra.

Ping sapta ran kawidadan liré kayuwanana mrih, kinopamaning sasama, pirayaté saking sukci, lakuné cegah warih, minum; dé kadadyanipun iku saking utama, lan para martha ing budi, sambékala yén nistha lan sugih duka.

Nihanta genti wicara, wawarahé sawusing dika, apan manungsa kang bisa, dadya wengkuning sasami,ingkang bisa nglakoni, pangéstu lima kéhipun tinetepan kalawan margawéng tyas tan saka serik, [13] iki liré dunungé paangéstu lima.

Ingkang sapisan sing sapa, manungsa tansah ngabekti, mring Alah kang sipat murah, iku puwarané mesthi, kinabektén sasami, ping ro sapa puniku, ajrih ing rathunira, iku wekassane yakti, kinajrihan wong ngiku maring sasama.

Kang ping telu sing sapa, ngedhep marang yayah bibi, sayekti wekasanira, kinédhepaning sasami, ping pat sing sapa yekti, mituhu marang ing guru, prapténg don katemahan pinituhu mring sasami, kaping lima sing sapa asih sasama.

Kadadéyané sanyata, kinasihan ing sasami, wus jangkep pangéstu lima. Iki ana warah maning, sabdané Sang Maharsi, Poncabratha aranipun, tegesé laku lima, ingkang sapisan winardi, wadhah nyuda mangan ingkang winadhahan,

Iya iku panarima, sanadyan pasa upami, kalamun noranarima, saanané kang binukti, yekti kurang prayogi, wit ing tyas gresah mawelu, kapindho wadhahira, nyegah anyunyuda guling, iya iku éling ingkang  winadhahan,

Nadyan silih datanéndra, lamun sinamur sinambi, mét suka kurang prayoga, karana rêknaning ngati, wéh lalining pangésthi, déné ingkang kaping telu, wadhah nyunyuda sahwat, [14] tata ingkang dén wadhahi, nadyan arang sahwat yén sanggama rêsah.

Bandrék jina sasamanya, sayektiné kurang adi, wit tinggal tata prayoga, kaping pat wadhahiréki, nyunyuda serêng runtik santosa ingkang pinuntu, nadyan sabar darana, yén dahwén sendho nyampahi, tan prayoga wit jroning tyas nemu duka.

Dumadi nora santosa, ping lima wadhahiréki, nyunyuda wijiling sabda, panlongsa kang dén wadhahi. Nadyan bisu tanangling, yé mangsih mengku karsa duka wit tanpa panalongsa, temah tan marta martani, dén nastiti mawas rasaning surasa.

 

— tamat —

 

 

 

SULUK DAKA


SULUK DAKA

 [1] Punika carita Daka

Kasalin saking aksara Arab
Ing aksara latin dening :

Mas Kumitir
Selasa, 1 Agustus 2017

@@@

Bismillahir rahmanir rohim

PUPUH I
ASMARADANA

  1. Nenggih punika kinardi, ingkang anggurit tembang, Suluk Daka caritane, auliha ngulama kang gita, ambabareken ing ujar, pitutur ingkang satuhu, kang tarus lan dalil Kur’an.
  2. Isun amimiti amuji, anabut namaning suksma, kang murah ing dunya reka, ingkang asih ing aherat, kang pinuji tan pegat, kang akarya ngalam iku, kang asih Nabi Muhammad.
  3. Ampuranen sun angawiti, isun anurun  carita, saking kitab daka asale, den sami angapuraha, sakehing kang amaca, den weruh ing tegesipun, caritane suluk daka.
  4. Lamun anembah amuji, pujine katur sapa, yen katuring Pangerane, mapan ora erna rupa, lamun ora katura, tampa gawe sembahipun, angur aja amujiya.
  5. Lamun ngaturaken puji, maring Allah sumantana, [2] mapan dudu papadane, mapan Allah kang amurba, kang misesa ing sira, den weruh kawitanipun, kang nembah kang senembah.
  6. Puji sapa kang duweni, lan puji pujining Allah, kawula ora duduwe, lawase ora kuwasa, miwah panggawenira, lawan bedane sakojur, anging Allah kag karya.
  7. Pundi ingkang aran puji, tegese puji punika, pan nugrahan sajatine, kang tumiba ing kawula, tegese kanugrahan, iya urip tegesipun, urip-uriping sapa.
  8. Lamun uriping Hyang Widhi, kalawan nyawa punika, tegese nyawa ta mangke, kang tumiba ing kaula, ingaranan kanugrahan, tegese nyawa punika, iya uriping manusa.
  9. Pundi tegese ahurip, wong anom ngaweruhana, becik ing tarimane, angel jenenging agesang, tegese urip iku, katitipan kang tetelu, iman tauhid lan makripat.
  10. Tegesing iman lan tauhid, kang iman pangetonira, ngetokaken Pangerane, [3] ajujuluk ingkang Esa, lawan kang amisesa, tan nana roro tetelu, Allah ingkang tunggal.
  11. Pundi ingkang aran tauhid, mapan tunggal sajatinya, pengleburan ing rorone, ing Gusti lawan kawula, yen atunggal kaya apa, yen bedhane bedhanipun, nora tunggal ora pisah.
  12. Salamet oleh ngaweruhi, tegese tauhid punika, tunggak lawan kawulane, mapan kawula tanana, apan jenenging kawula, sajati jatine suwung, tanpa polah tanpa tinggah.
  13. Katuring sembah lan puji, pan katuring dewekira, deweke Allah jatine, tanana sembah sinembah, endi kang ing ngaranan, Dat iku wajibul wujud, sajatine ingkang ana.
  14. Iya kang nembah amuji, kanyatahanning Datullah, pan dudu unine dewek, manteb jenenging panarima, kawulane lan Pangeran, tanpa polah tanpa wujud, lir sarah aneng lautan.
  15. Jenenging sembah lan puji, pan sarah ing panarima, pan konangan salawase, [4] dening Pangeran kang mulya, cilik dalasan tuwa, den becik tarimanipun, angel jenenging panarima.

PUPUH II
DHANDHANGGULA

  1. Angandikan nabi kang sinelir, angrasani jenenging sembahyang, arep weruh ing Pangerane, lamun ta ora weruh, siya-siya dennya ngalampahi, pertingkahe sholat den weruh satuhu, weruhe kadi punapa, yen tan weruha, sameloke jadi kapir, atuduh warna rupa.
  2. Yen tan weruha sira ing Widhi, yakti wuta besuk ing akherat, arep wruh dsameloke, yogya sami akukuru, ing pangeweruh ingkang sajati, pertingkahing sholat, kang tunggal lan wujud, iku kawula tanana, wujud iku campuh kawula lan Gusti, kang dadi wujud atunggal.
  3. Weruhipun ing kawula Gusti, jenenging niyat pan tigang perkara, qasdu ta’rudh lan ta’yin, weuha bedhanipun, niyat iki sawiji, qasdu ing panedya, niyat kang amengku, dadi basa lan [5] swara, kang angadeg ruku’ sujud alinggih, iya jenenging niyat.
  4. Ping kalihe pardhu kang gumanthi, lungguhira bedhaning rakangat, papat lawan titigane, ngasahar tan kena shubuh, dipun awas sawiji-wiji, jenenging rakangat tan kena kaliru, jenenging ta’yin kakaping tiga, nyata kena waktune subuh lan maghrib, miwah bangsane pisan.
  5. Yen takbira , ora nganggo ta’rudh ta’yin, apa iku tan durung sampurna, angangeha kafirohe, pan badal sholattipun, mapan niyat jenenging wajib, ora kena tininggal, jenenging tetelu, lamun maksih anganggoha, tan sampurna qasdu ta’rus lawan ta’yin, sholate tan sampurna.
  6. Waler sangker pocapan puniki, kang sawane nora anduga, dening ewuh babasane, saweneh anguguyu, pasthinira angaweruhi, angucap sadabangga, pada wani wong bingung, kudu ngajak tutukaran, kang sawaneh ngangungaken ngaji tafsir, katungkul amamaca.
  7. Teka kena ingkang pada [6] mukmin, jenenging sholat den ati-ati pisan, den weruh pisah kumpule, endi kang mukmin atuhu, iya iku kang angaweruhi, sajatine asholat, pisah lan kumpulipun, dadi sholat ing kawula, sajatine kanugrahan ing Yang Widhi, kang tumiba ing kawula.
  8. Lamun tinggal sholat pan wajib, sajatine iku kang mulya, wong kang tunggal panggawene, lamun ta ora weruh, takokena dipun sayekti, angel jenenging sholat, manawa kaliru, den dalih atinggal pisan, ambasane atinggal sholat sajati, wajibe kang linakonan.
  9. Lamun tinggal sholat pan kafir, ora eshah mayite dinusan, wong mati bangka hukume, lawan tumulihipun, ora kena atinggal bakti, ingkang atinggal sholat, mapan jangjinipun, lan malihe ora eshah anumbeleh, lan angruksak kalimah kalih, wong atinggal asholat.

PUPUH III
S I N O M

  1. Kafire kang tinggal sholat, [7] yakti ora anglampahi, atinggal pan sarwi ngucap, tanna gawe sholat iki, lawan ingkang angisi, sholat angu-guyu rasul, dadia ratuning syaiton, lir kafire wong yahudi, pasthi lebur ajur luluh ing naraka.
  2. Luhure kang tinggal sholat, kaya apa oleh ngaweruhi, wajibe atinggal sholat, pundi kang dados amargi, atinggal sholat lan bathin, tanana liyan kang ketang, miwah panggawenira, mapan ora anderbeni, anging Allah polahe ingkang asholat.
  3. Ilang jenenging kawula, sirna datan ana kari, datan ana gentene, dening kang amaha suci, kawula jenenging napi, lir carman perlabinipun, lir lintang karahinan, kasenenan Sanghyang rawi, lintang ilang kasorotan surya,.
  4. Wong tumeka ing sholat, tunggal qasdu ta’rudh ta’yin, iya iku kang sampurna, angaweruhana ing budi, lawan ati kang wening, tegese mangke puniku, pan arep ngaweruhana, [8] qasdu ta’rudh lawan ta’yin, paringena wiwitane lafadz Allah.
  5. Huruf alif parengena, wiwitane Alif puniku, mapan hakekating niyat, Lam awal lawan Lam akhir, parengena niyat singgih, niyat iku tibaning Hu, Allah jumeneng Dzat, tibaning niyat sayekti, lafadz akbar iku sampurnaning niyat.
  6. Jenenging niyat tanana, pangleburan ing sakalir, tanana Gusti kawula, mapan dereng utami, pira yen salameting kaweruh, roro dadi satunggal, satunggal dadi kalih, nora pisah kawula lawan bendara.
  7. Ing pangaweruhing kawula, pareng asih ing Yang Widhi, lamun tunggal ing kawula, tanana ingkang ngaran, kang anebut ing Gusti, tan liyan kawulanipun, dadi nyataning Pangeran, kang anembah kang amuji, pan kawula ingkang dadi kanyatahan.
  8. Endi kang aran manusa, tarusa dzohire lan bathin, anarima ing Yang sukma, tan darbe polah pribadi, ing Yang Kang Amaha Tinggi, kang asih nugrahan agung, den tarima [9] ing kawula, asih nugrahan Yang Widhi, pan gumetar ora kumpul ora pisah.
  9. Wondening jenenging sholat, lima katahingreki, kang dhingin asholat Jumngah, kang kawetu saking lathi, pakumpulaning jalmi, sholat Jumngah aranipun, sing sapa angucapena, ingkang dzohir saking lathi, iya iku lakune asholat Jumngah.
  10. Pan sapa angucapana, saking dzohir lan bathin, aja tunggal ing panutan, Nabi Rasul kang sinelir, kakasihing Yang Widhi, pan puniku lakunipun, den ngaweruhana, basa dzohir baa bathin, iya ikukang sholat Jumngah.
  11. Ping kalihe sholat wasta, andelengaken ing ati, tegese kang ora pegat, paningalira ing ati, sapatemon ing Widhi, kadhos pundhi beneripun, lamun atetemuha, mapan ora warni-warni, sapatemon Pangeran Kang Maha Mulya.
  12. Pan aja aja angroro tingal, jenenging kawula Gusti, tan kawula ora nana, kawula jenenging napi, mapan [10] ora anderbeni, kawula jenenging suwung, pan kagenten ing Yang Sukma, tan darbe polah pribadi, polah tingkah tingkahe Allah kang murba.
  13. Sholat khaji kaping tiga, nora atinggal kakalih, ruh jasad pan kawicara, jasad ruh kadi pundi, mapan dadi kagenti, dening Yang Sukma Agung, pan sajatining tunggal, tunggale tekadipundi, iya jasad iya ruh iya Allah.
  14. Iku pundi duwe rarasan, lan ewuh oleh ngaweruhi, luput bener winicara, lupute tekadi pundi, lupute kang dereng dugi, benere kang sampurna weruh, yugna pan burukena, punika jenenging ngalim, kaweuraha sholat khaji aranira.
  15. Waler sangker kang satengah, lamun micaraken ngilmi, nora nedya muwapakat, satengah pating burikeh, olehe rebut ngilmu, tan ayun kasuran kaweruh, ngangungaken yen ngulama. (kirang 2 gatra).
  16. Iku laku luput singgih, sasar susur lampahipun dadi sasar. (kirang 7 gatra).
  17. Dadi wong kuma bisa, angrasa [11] bisa pribadi, tan angrasa yen kapriba, ujare ngilmu sajati, yugya sami ngaweruhi, maring Pangeran kang agung, dadine wong punika, weruhe sajati andhap asor tan angrasa lamun bisa.
  18. Sholat dhaim kang kaping pat, tegese angaweruhi, nyatane maring Pengeran, nora lali saking ati, awasa ati ningali, maring Pangeran kang agung, pan jenenging maksifat, tanana Gusti kakalih, kang kasebut ing ati Allah kang tunggal.
  19. Aja angroro Pangeran, ing awal miwah ing akhir, awale kang dereng ana, jenenging akhir kang kari, iya kang aran jisim, kang awal jenengingipun, pan jadikanyatahan, pan pahesaning jati, iya punika ingkang atunggal katunggalan.
  20. Tegese kang kaping lima, kanugrahan kang sayekti, sholat ngelmu ngalim iki, jenenging roh lawan jisim, yugya sami angaweruhi, tegese maring kang agung, namaning Allah punika, tan pegat oleh tingale, mapan nyegah ingkang dadi kanyatahan.
  21. [12] Datanana tingalira, dadine bumi lan langit, iya iku kanyatahan  kang dadi ayat sayekti, kukuh jenenging ngilmi, tanana roro telu, jenenging kanyatahan, wajah jati ingkang suci, eroh iku tegese kang aran wajah.

PUPUH IV
DHANDHANGGULA

  1. Angandika Nabi kang sinelir, kang suci jenenging sareat, thariqat lan hakeqat, miwah sarettipun, mapan tunggal dadi siji, lamun pisah abathala, nenggih lampahipun, sareat ora khakeqat, mapan bathal sareate ora dadi, lamun ora khakeqat.
  2. Kang thoriqat mapan ora dadi, lamun ora sarta khakeqat, mapan bathal ing karone, kang khakeqat winuwus, mapan bathal oleh ngaweruhi, yen tan anganggoha ma’rifat, bathal kaweruhipun, yugya sami angaweruhana, mapan wijib sareat dennya ngaweruhi, lan aja sira pepeka.
  3. Aja sira tungkul bisa ngaji, kang sapane den gawe kabisa, ngarih kuncara ngilmu, [13] sajatine durung weruh, kang satengah den gawe tuqbil, ngagungaken yen ngulama, tansah ajajaluk, ngelmune den gawe bandha, dipun anggo saba omahing prayayi, mlaku pinaringan.
  4. Mapan pegat ya jenenging ngilmi, ingkang saba omahing nangkoda, miwah mantri apa dene, mapan ujaring ngilmu, ora wenang saba wong sugih, asor jenenging ngilmi, sangujaring pitutur, ngelmu kang sampurna nyata, mapan adhoh wong sugih den kalumuhi, tan arep kalepeyan.
  5. Wenang sama omahing preyayi, lan nangkoda wong kang saba iku, yen abecik pinuture, lamun ora kaya iku, tanpa gawe dennya ngaweruhi, ngilmune digawe banda, sasar susur iku, wekasane dadi sasar, kang tumeka ngilmu kang sampun luwih, tan angreksa lamun bisa.
  6. Yen angrasa bisa pribadhi ya ngilmune pandhita, [14] angrasa bisa dheweke, mapan ujaring ngilmu, ora nana ingkang duweni, anging Allah kang atunggal, tan ana roro tetelu, kang amurba kang amisesa, ing ngulama kinarya pahesan jati, kinarya katunggalan.
  7. Tunggal wujud tunggal dadi siji, yen tunggal dadi wujud tunggal, kaya apa pangaweruhe, lamun weruha kupur, kaya priye lehira ningali, lamun weruha kasasar wong ngiku, Gusti pan dadi kawula, pan kawula iya nora dadi Gusti, datan kumpul tan pisaha.
  8. Lamun beda mangke kados pundi, yen tunggal pan dadi punapa, den weruh pisah kumpule, lamun ora kayeku, ngaweruhi jenenging ngilmi, akeh-akeh kewala, tan ana ing besuk, ngulamane den gawe pokal, den rarasan kaya wong adagang singgih, den anggo kasuciyan.
  9. Kang tumeka ing ngilmu sajati, apitutur weh tuturonehan, amrih jejeg amalane, amuruk wong balilu, amrih bisa [15] jenenging ngilmi, mariya yen wis bisa, oleh tuduhioun, tuduhan kang sampurna wikan, pan ulama kinarya kateran jati, lan ulama ora bisa.
  10. Dipun angas aja sak lan sirik, yen mumuruk ing para shokhabat, pan amrih luntur asihe, ngilmune kang satuhu amumule maring santri, ora kena santri ingatur pikir, nganggungaken yen bisa.
  11. Yakti bathal pan jenenging ngilmi, paksa bisa kados sumantana, tur dudu unine dewek, lan Pangeran kang agung, ngujub riya sumaah takabur, tan riyaning kawula, kagungan Yang Agung, pan kibir kibire sapa, puniku pan sabaring Yang Widi, kang asih ing kawula.
  12. Lamun ora sampurnaning kibir, laku pan jenenging kawula, kaya prihe pertingkahe, jenenging kawula, upamane lir sarah keli, anut milining toya, ing saparonipun, anut saparoning toya, saparone tan bisa polah pribadi, [16] iku jenenging kawula.
  13. Kibir iku sapa kangduweni, kanggoha jenenging kawula, kaya prihe panganggone, lamun nganggoha luput, lamun ora nganggo iki, kaprihe pangngowanya, salameting kaweruh salameting lakuning lampah, ora ilang kawula kalawan Gusti, kang roro dadi tunggal.
  14. Lawan ingkang jenenging dadi siji, tunggal wujud lan tunggal kahanan, pangkeburan ing karone, iya haq lafadz iku, mapan iku jenenging Gusti, ilang kaya apa, endi tegesipun, ora rupa ora warna, pan rupane wus ana ingkang sajati, lafadz lakuwata.
  15. Tunggal tan ana rorone, miwah dzat sipatipun, apngalira datan kakalih, wus nyata ing manusa, endi tegesipun, kang ingaranan manusa, iy rasul panutan sajagat bumi, kang tinut agama Islam.
  16. Inggih punika jenenging urip, wajib anembut ing Nabi Muhammad, dadi urip salawase, tan beda uripipun, lamun sira [17] anut sayekti, pan lakuning Rasulullah, jenenging lumaku, sareat lawan thoriqat, khakeqat makrifat, denya ngaweruhi, ing panggawene Muhammad.
  17. Endi inkang aran sareat jati, lan thoriqat hakeqat makrifat, endi nyata iku lungguhe, sareat badanipun, kang ing ngati lungguhe reki, lungguhe ingkang sipat, khayat tegesipun, muhayati ingkang lampah, pan puniku ingkang jenenging urip, ingkang roh Rasulullah.
  18. Pan tegese makrifat ngaweruhi, lungguhira jenenging makrifat, iku ing rarasane, iku kakalihing Rasulul, wus tumaka den ngaweruhi, samiya ngaweruhana, aja ana kaliru, ingkang aran wujud tunggal, badan iku pikukuh dunya ngaweruhi, ing pangucap ilallah.
  19. Ilallah sahadat kang jati, ingaranan kalimah kang tunggal, den weruh ing pasejane,tegese ati lulut, mapan sampun denya ngaweruhi, ujar ilallah ika, ingkang pikukuhipun, [18] ing ati tan kena obah, kalimahe ati tan kena gingsir, ing pangucap illalah.
  20. Mapan erohku jenenging urip, pikukuhe iya iku Allah, dadi urip salawase, iku pikukuhipun, jenenging roh tan kena gingsir, yugya angetokaken, anejaha iku, endi pikukuhing rasa, pan Muhammad kahananira Yang Widi, jujuluk Rasulullah.
  21. Pan mulane ana kalimah kalih, jenenging Nabi kita Muhammad, nyatakaken ing sipate, lamun nora kaya iku, nora nyata jenenging Gusti, kang amuji kang anembah, marang Gustinipun, yugya sami mancanana ing pangewruh, weruhe kalaning sufi asale Kitab Daka. Wallahu alam.

Tamat

%d bloggers like this: