alangalangkumitir

Javanese Manuscripts

KUNCI SWARGA (mifttahu’l jannati)


P R A W A C A N A                

Bismi’llahi’ rrahmani’rrahiem

Atas asma Dalem Gusti Allah ingkang maha Mirah ingkang Maha Asih.

KULA NUWUN, anggen kula cumantaka ngripta serat “Kunci Swargo (miftahul jannati) punika, boten saking bade ngongasaken kalangkungan kula ing babagan falsafah tuwin tashawwuf adedasar Islam, ingkang kula pancen boten gadah kalangkungan babagan punika, sayektosipun namung saking kaderenging achlaq, tumrap bangsa kita ingkang sampun uwal saking penjajah punika.

Saking pamanah kula: mubalipun panindak warni-warni ingkang mitunani masyarakat tuwin praja, ngrebdanipun panindak nyulayani wulangan agama ingkang dipun siyaraken para Rasul, tuwin tuwuhipun grombolan “Kabatosan” pinten-pinten ingkang sisip sembiripun cacad-cinacad : andadosaken karingkihaning bangsa, punika boten sanes, jalaran kita kesupen dating ingkang sinebut asma Allah.

Jalaran saking punika, amila serat punika, boten sanes inggih namung bade isi andaran iktikad ingatasipun pangeran ingkang Maha Esa, miturut salah satunggaling paham. Pangandaripun adedasar dalil naqli (kitabing Pangeran) tuwin dalil ‘aqli (akal pikiran) sagadugipun ingkang ngandaraken. Punapa dene kaurutaken wiwit saking tataran iman (percaya ingkang boten namung tiru-tiru) dumugi tataran ma’rifat (weruh, ingkang sanes weruhing netra), kagubah ing basa Ngoko adapur soal-jawab, dados 3 bab.

Sarehning ingkang kula andaraken punika nama satunggaling paham, amila saupami wonten ingkang boten nyuwaweni jalaran ngrungkebi paham sanes, nuwun inggih boten aneh. Ewadene kula inggih ngunjukaken suka sukur kula ing Pangeran dene serat punika, boten ketang namung panda latu sapelik, meksa wonten ingkang rumaos kasuluhan, katitik saking datenging serat-serat saking para maosipun “Kunci Swarga”, ingakang sami mratelaken mareming panggalihipun.

Nalika manitra ( cap-capan I ) sinangkalan : Tri Murti Salira Nabi ( 1883 Jawi = 1952 Masehi ).

Salamipun
PANGRIPTA

———————————————————————

BAB I.
WADARAN BAB SEJATINE DATING PANGERAN KANG WAJIB ANANE
( BABU HAQIQATI DZATI WAJIBI’L MAUJUDI )

1. MUDADAMA :  Mas anggonku sowan mrene iki, mumpung aku libur dawa, sida nyuwun diwejang ngelmu Kasunyatan agem-agemane kangmas.

Dawuhe kangmas nalika setaun kang kapungkur, wis tak lakoni: Aku wis meguru mrana-mrana, lan wis maca laying-layang babagan Agama lan Kebatinan.

Dadi sowanku iki wis kena dibasakake “wong ngangsu pikulan warih” kaya dawuhe kangmas biyen. Apa ora mengkono?

1. WREDATAMA : Sukur, sukur yen kowe biyen kae ora mung mandeg ana ing sedya tok.

Pancen, ora mung kowe dewe kang tak prayogakake kaya mengkono iku. Perlune supaya ora fanatiek. Awit saka panemuku, fanatiek iku dadi pepalang gede ingatase wong ngudi Kasunyatan. Jalaran deweke banjur sepi ing panimbang lan panglimbang, jer wis kedisikan panemu “emoh” marang kaweruhing liyan.

Luwih-luwih pitunane, wong ngudi Kasunyatan katik fanatiek marang sepadaning uwong. Apa pangandikane sang Guru mung tansah di-nun inggih lahir batin, tanpa dinalar babar pisan. Mangka senajan dawuhing Pangeran kang kasebat ing kitab-kitab Agama pisan, penampane iya kudu kanti akal lan pikiran.

2. MUDADAMA :  Aku lagi ngerti saiki, yen dawuhe kangmas iku mengku maksud kaya mengkono. Tak kira, anggone kangmas dawuh dek semana kae, jalaran aku digalih durung kuwat kanggonan ngelmu Kasunyatan, apa piye.

2. WREDATAMA : Durung kuat kepriye? Apa kowe duwe panemu yen wong ngudi Kasunyatan iku ana kang banjur ngengleng gendelang-gendeleng, jalaran durung kuwat? Upama ana ngelmu kang anjalari gendeng, wis kena ditemtokake yen iku dudu ngelmu Kasunyatan.

Cekake Kasunyatan iku babar pisan ora mbebayani lan ora mitunani. Dene yen ketrima maedahi lan murakabi ing ndunya lan ing ngakerat. Mulane ditembungake yen “ketrima” mestine ya ana kang “ora ketrima”. Yaiku pangudi kang ora bisa awoh iman (kapercayan) lan iktikad (gegebengan). Jer taqdir pepestening uwong mono siji lan sijine pancen ora pada. Tembunge kang bregas: “ beda-beda panduk panduming dumadi “.

3. MUDADAMA :  Tumrap kang wis kasinungan iman lan iktikad, apa isih perlu nanding-nanding karo kaweruhing liyan?

3. WREDATAMA : perlu banget, ora. Nanging ora ana alane, tegese ora bakal kapitunan. Kosok baline: yen nampik, kipa-kipa, emoh nyumurupi kaweruhing liyan, iku wis mesthi kapitunan, amarga banjur kecemplung ing jurang fanatiek mau kae.

Fanatiek kang mengkono iku jeneng ora ngrumangsani yen manungsa iku asipat apes, asipat lali, akeh kekurangane. Rumangsane wis bener dewe, wis sampurna dewe, sejatine saka ringkihe, kuwatir yen kena pengaruhing liyan.

Ngundakake kaweruh iku ora susah kuwatir yen imane lan iktikade bakal gempal. Upama kapercayane lan gegebengane iku banjur owah jalaran anggone nimbang lan nglimbang kawruhing liyan, iku rak mertandani yen imane lan iktikade mau pancen durung 100%. Iya apa ora? Rak ora kapitunan ta?

Ingatase wong kang ora fanatiek, upama kawruhing lian iku dianggep kliru, ora cukup mung nganggo waton “aku emoh”. Mesti kanthi alesan kang jelas: perangan endi kang dianggep kliru iku, lan apa sebabe dianggep kliru.

Hla saiki aku takon marang kowe: oleh-olehane anggonmu merguru lan maca layang-layang iku kepriye? Apa durung ana kang andadekake pamareming pikirmu?

 4. MUDADAMA :  Marem maneh yen marema, hla wong ngerti temenan bae: durung, mas. Sebab penampaku teka siji-sijine beda andarane lan tembung-tembunge. Embuh saka bodoku embuh kepriye. Mulane kangmas tak suwun kersaha madangake kabingunganku iki lan paring wejangan Kasunyatan iku.

 4. WREDATAMA : Bab bingungmu iku bisa uga saka salahmu dewe, yaiku madak-madakake barang kang pancen ora pada.

Siji-sijining guru utawa pengarang buku iku pancen ora mesti pada andaran lan tembung-tembunge ( istilah ) kang dipigunakake, mulane ora perlu kok padak-padakake. Panjurusamu gentenan bae. Mengko rak manggruli sebageyan akeh utawa setitik,  saka andaran mau, kang mak tepleg: cocok karo akal pikiranmu.

Nanging bisa uga kabingunganmu iku ora jalaran saka luputmu. Awit ora kurang-kurang juru aweh panerangan, kang mestine bisa anggamblangake perkara kang angel, tibane malah ambruwetake perkara kang gampang.

Sebabe mengkono iku, ana kang ora dijarag, lire pancen ora duwe dasar kabisan bab carane wong nerangake kang gampang tinampa. Ana uga kang pancen dijarag: gawe bingung.

Iki ana werna loro:

I. Deweke dewe pancen ora ngerti bab kang diterangake iku, dadi mung nularake andaran kang tau rinungu, kanthi awur-awuran bae.

II. Deweke dewe ngerti temenan bab kang diterangake iku, nanging pancen emoh ngeblakake; sebabe emoh: werna-werna. Ana kang saka kawicaksanane, ana kang saka…………….. peteken dewe.

5. MUDADAMA : Nyelani atur mas! Mau kangmas ngendika ( Bab I no.2 ) : ana pangudi kang ora ketrima, yaiku kang ora bisa awoh iman lan iktikad. Hla yen panerangan kang tinampa iku cetha gamblang, blak-blakan, tur carane nerangake pancen bisa, apa meksa ana kang ora bisa nampa?.

5. WREDATAMA : Nampane mono iya nampa, ngertine iya ngerti, nanging sanepane mengkene:

A. B lan C pada-pada tampa penerangan bab alane wong udud, sebab tembako iku ana racune kang aran nikotin (nicotine), kang gawe kapitunan tumprap kawarasaning badan.

Si A. ora nganggo ragu-ragu banjur medot anggone ngrokok, jalaran ngerti temenan marang penerangn iku, tur pancen sentosa bebudene.

Si B uga ngerti marang penerangan iku, lan iya percaya yen udud iku mitunani kawarasaning badan, nanging…………… ora bisa medot ngrokok, jalaran, kurang sentosa budhine; medot ngrokok iku rinasa abot banget.

Si C uga ngerti marang penerangan iku, nanging setengah percaya setengah ora. Batine: “perkara racuniku terkadang mung lagi kira-kira bae, hla wong ora katon. Sing genah bae, wong lanang ora udud ki katon saru. Mulane embuh bener ana racune embuh ora, aku iya udud bae, supaya ora katon saru”.

Iku pikiran. Lagi penerangan bab udud bae, ora pada uwohe. Apa maneh penerangan bab Kasuksman kang tikel pirang-pirang yuta pentinge lan paedahe, sebab dadi dalane wong kang bisa munggah  swarga  utawa kecemplung  nraka.

Upama iman lan iktikad iku kena digawe dening titah, hla rak jaman sugenge para Rasul biyen ora ana wong kapir. Iya apa ora?

Hla saiki butuhmu iku apa, kandaa kang jelas.

6. MUDADAMA :  Butuhku ora ana liya, kejaba nyuwun diwejang ngelmu Kasunyatan, kang kanggo ing kene kana (ndunya, ngakerat) bokmenawa aku bisa nampa. Sebab aku rumangsa durung duwe kapracayan lan gegebengan kang gumathok: senajan aku wis merguru-merguru lan maca layang-layang.

6. WREDATAMA : Iya uwis, yen wis terang sedyamu mengkono. Nanging mangertiya, sedulurmu aku iki ora tau “mejang” kaya kang kok karepake iku. Iku pakulinan cara kuna, kang kudu lungguh mori putih, utawa kang kudu ora keyuban wangon kae. Aku ora nindakake.

Becike nganggo cara soal-jawab bae. Kowe takona sak karepmu, apa kebutuhanmu, tak wangsuli sak bisa-bisaku. Yen wangsulane durung maremake, banthahen, kang nganti kowe marem.

Coba kowe saiki butuh arep takon opo?

7. MUDADAMA :  We hla, yen kaya kersane kangmas iku iya angel tumrap aku. Sebab gawe pitakon iku ora gampang. Mengko ta tak pikire: apa kang kudu tak disikake, jalaran saka akehe bab-bab kang arep tak suwunake keterangan.

7. WREDATAMA : Sukur, yen kowe wis sediya pitakon akeh. Takon iku satemene ora angel. Mung bae saka pitakon mau bisa ketitik sepira kawruhe sing takon.

Pancen, kang gampang luwih dening gampang iku, iya mung ngrungokake “wejangan” kaya karepmu mau. Nanging yen cara kaya mengkono iku kang kok kulinakake, nalarmu ora bisa mulur, lan ora bisa owah kapercayan lan gegebengan kang permathi.

Mulane becik nganggo cara soal-jawab iku mau bae. Lan prayogane soal-jawab iku catetana kabeh, bokmenawa ana paedahe tumrap sedulur liyane.

Cateten apa anane bae, ora susah wedi-wedi, jer Negara kita iki adedasar demokrasi : ora ana alangane ngetokake lan nyiyarakae panemu ing bab apa bae.

Supaya pilah ing pangrembuge, kowe ngertiya, kang diarani ngelmu (kawruh) Kasunyatan, Kajiwan, Kasuksman, ka-Rokhaniyan, ka-Allahan, Kabatinan, ana maneh kang ngarani kawruh Sangkan-paran utawa ngelmu Tuwa, iku bakune mung ana 4 bab, pamahame iya kudu urut, yaiku:

I.        Penerangan bab Gusti Allah.
II.      Penerangan bab tinggal dunya.
III.    Penerangan bab dalan makripat ing Pangeran.
IV.    Penerangan bab kang gaib-gaib.

Nanging akeh para sedulur, kang bokmenawa kuwatir selak tinggal dunya, kang

di perlokake iku golek wejangan: mung bab patrape wong arep tinggal dunya. Penerangan liya-liyane ora dadi pawigatene.

Ana uga kang setitik-setitik wis tau krungu tembung “makripat” ujug-ujug banjur anggladi  patrap kang dianggep dadi dalane makripat ing Pangeran. Uga ora duwe pawigaten marang penerangan bab liya-liyane.

Ana maneh kang pawigatane iku mung marang bab kang gaib-gaib, tanpa kanthi penerangan kang jelas. Bab liya-liyane kang luwih perlu ora dadi pawigatene.

Saiki takona sak karepmu, nanging prayogane miturut urut-urutane iku mau, bokmenawa wangsulanku bisa gawe padange lan mareme atimu.

8. MUDADAMA :  Matur nuwun, kangmas maringi ancer-ancer urut-urutane pitakonan. Nanging aku arep nyuwun pirsa disik: kang pangudine ora urut iku kapitunane apa?

8. WREDATAMA : Ora mung kapitunan bae, malah kalebu nempuh bebaya kang nggegirisi. Coba ta pikiren:

Tinggal dunya iku mestine rak: innaa lillahi wa innaa ilaihi raji’uun (Al Baqarah 156 = satuhune asal saka Allah bali marang Allah). Nanging banjur arep bali menyang ngendi, yen bab ka-Allahan deweke isih ragu-ragu imane lan iktikade?

Mengkono uga kang ngudi makripat (ma’rifat), mangka durung jelas bab ka-Allahan. Apa kang arep dimakripati, yen iman lan iktikade isih semang-semang? Hla rak luwih becik taberi nglakoni sembahyang sarengat bae, — miturut agamane dewe-dewe kang dicocogi — kang babar pisan ora ana bebayane.

Dene kang pawigatene marang bab kang gaib-gaib iku, yen nganti lali utawa tanpa penerangan kang jelas, mesti bae dadi begalan kang gede, amarga ora bisa ambedakake antarane “kang iya” karo “kang dudu”.

9. MUDADAMA :  Amit mas, nyelani nyuwun keterangan : ana pangudi kang nganggo ngliwati bebaya, ana kang ora, iku aku durung cetha ing panampaku. Hla yen pada-pada tekan kang, sinedya (bali marang pangayunaning Pangeran) mestine rak milih kang ora ana bebayane bae. apa ora mengkono?

9. WREDATAMA : Perkara pamilih, aku ora bisa ngebabi, gumantung seneng parenge kang milih dewe-dewe. Tekan utawa orane kang sinedya; gumantung kuwose lan adile Pangeran piyambak. Wallahu a’lam, mung Gusti Allah kang nguningani, nanging perkara panguden utawa panembah marang Pangeran, iku pancen ana tatarane 4, yoiku:

I.   S a r e n g a t (syari’at ) tegese: pranatan, awujud pranatan agama bab prentah lan cegah kang kudu diestokake. Dedasare mung kudu percaya, ora ika iki. Iku minangka ujian apa anggone kumawula marang Pangeran iku kanthi temen-temen.

II. T a r e k a t (thariqat) tegese dalan utawa pituduh, awujud pituduh kang aweh pangertining akal lan pikiran, saengga percayane mau ora mung anut grubyug, lan dadi anda panggayuhe marang kasunyatan.

III. K a k e k a t (haqiqat) tegese sejati utawa nyatha, yaiku wis bisa krasa ing ndalem alusing rasa bab bedane kang nyatha (haq) karo kang dudu (bathal), saka wohing pangudi adedasar pituduh mau. Awak liya wis ora bisa cawe-cawe maneh.

IV. M a k r i p a t (ma’rifat) tegese kaweruh, nanging dudu weruhing mripat anggone andeleng. Yaiku wis bisa nyatakake marang kasunyatan, kang nyatane mau babar pisan tanpa piranti. Hla iku kejaba awak liya wis ora bisa cawe-cawe maneh, awake dewe ora bisa nyritakake marang awak liya.

Mirit katrangan mau, dadi kang penting banget iku ana ing tataran tarekat. Nanging wong kang nglakoni sarengat tok, janji temen-temen, yen kepareng uga pinaringan pituduh kang ora lumantar wong liya, diarani ilham. Mulane K.N Rosul tau ngendika mengkene: Aktsaru ahli’ljannati albalhu wa illiyuuna lidzawi alalbaabi (hadis = keh-kehing wong kang ahli swarga iku wong kang bodo-bodo, lan kang ana ing illiyun – swarga kang luwih luhur, iku wong kang pinter-pinter).

“ Pinter “ ing kene dudu pinter babagan kawruh ndonya (mahir), apese babagan Tarekat iku mau. Awit kanggo netepake iki ilham apa dudu, iku kudu ana penerangan kang jelas. Hla upama ilham palsu banjur diantepi, rak iya wurung dadi ahli’ljannati (penghuni swarga).

10. MUDADAMA : Yen mengko, paringe penerngan kangmas iku, upama aku bisa nampa, lagi kalebu tataran tarekat, ya mas.

10. WREDATAMA : Hla saka rumangsamu kepriye?. Kabeh kang isih kena dirembug apa wujud soal jawab, apa dapur wejangan utawa wiridan, iku wis terang lagi kalebu ing ttaran Tarekat bae, mulane diarani tarek. Nanging kang dapur wejangan utawa wiridan, akeh kang tampa penerangan, sarta anggone nampani kudu kanthi tarek (tarikat, sesirik) anjalari akeh kang pada ketarik.

Dene tekane ing tataran Kakekat isih nyamut-nyamut. Tekane tataran Makripat saya nyamut-nyamut banget.

Mulane kowe aja duwe panemu, dumeh wis ngerti, iku wis tekan ing tataran Kakekat utawa Makripat, iku ora. Duwur-duwure mung lagi awoh iman lan iktikad, kang minogko ancer-ancer pangudining Kakekat lan Makripat kang nyamut-nymut iku.

Aja gumampang, nanging iya aja enggal “putus asa” lan aja ngapes-ngapeske diri pribadi

Kita anggayuh Makripat iku ora aran aneh lan nyleneh, amarga Pangeran piyambak andawuhake mengkene : kullamaa ruziquuwa minhaa min tsamaratin rizqan qaaluuwa hadzaa adzdzie ruziqna min qablu wa utuwabihi mutatsabihan (Al Baqarah 25 = menawa wong-wong iku diparingi rejeki saka woh-wohan swarga, pada celatu : “iku rak pada kang wis diparingake marang aku dek biyen”). Tegese wong-wong kang pada nemu kanikmataning swarga ana ing ngakerat iku, wis tau ngincipi kanikmatan (makripat) nalika uripe ana ing ndunya biyen.

Ana maneh dawuhing Pangeran kang mengkene : waman kana fiehadziehi a’ma fahuwa fiel akhirati a’ma wa adlallu sabielan. (Israa’ 72. = sapa wong kang ing kene wutha, mangka deweke ing ngakerat uga wutha tan weruh dalan).

Dadi wong anggayuh Makripat kang sabenere, iku ora liya mung sumedya ngincipi swarga ing sajronng isih kesasaban raga saiki iki, lan supaya ora wuta ana ing ndonya lan ngakerate.

11. MUDADAMA : Iya, iya, mas, aku wis ngerti. Nanging anggonku nyuwun keterangan bab panguden kang ambebayane karo kang orana bebayane mau kangmas durung paring wangsulan. Iku kepriye ta genahe? Mengkono uga kang dingendikake dadi begalan gede, nyuwun dijelaske pisan.

11. WREDATAMA :  Oo, iku pepindne mengkene : Wong kang kandeg ing sarengat tok, lire tanpa kaweruh babar pisan ing babagan Tarekat kang jelas, iku padane wong kang ora tau lelungan, ngumpukake sangu kanggo lunga adoh, upama lunga Haji menyang Mekah. Yen ta bener-benere, kejaba sangu kang wujud duwit, tan kena ora : kudu sangu kaweruh bab carane wong kang nunggang sepur,  carane nunggang kapal, carane sawise tekan ing tanah Arab, lan liya-liyane maneh. Rak iya ta?

Hla upama wong mau tita ora oleh kawruh,  mestine iya ora sida bisa lunga, mung mandeg ana ing omah bae. Nanging rak babar pisan ora ana bebayane, ta, malah wis berhasil bisa ngumpulake duwit kang akeh pigunane iku (‘amal shalih = penggawe becik). Kejaba ta yen banjur pinaringan ilham, iku ora kalebu ing pepindan iki.

Dene kang ngudi Makripat utawa ngelmu Kasampurnaning pati, mangka kurang jelas penerangane mau, padane wong lunga Haji, wis kebanjur ana sajroning sepur utawa sajroning kapal, nanging ora nganggo karcis utawa tiket, tur ora ngerti parane kang ditunggangi iku, lan ora ngerti Mekah iku ngendi pernahe. Wong iku ana kang sesangu ana ing babar pisan ora sesangu.

Apa mengkono iku dudu bebaya gede? Hla iya golongan iki kang adakane banjur nenacad wong nglaloni sarengat, kosok baline banjur diecap “klenik” dening para ahli sarengat.

Wong kang netepi pernatan, mituhu ing prentah, tunduk marang disiplin, . . . . . . .  hla kok dicacad ! iku rak iya kebangeten sing nacad ta? Mestine, senajan awake dewe ora nglakoni Sarengat, ora bisa nenacad wong nglakoni Sarengat iku.

Mulane, upama kowe anggayuh marang Makripat, prayogane uga nglakoni sarengat, agama apa kang kok cocogi. Iku dadi pondemen, lan anggampangake gegayuhanmu, saukuring drajat martabatmu. Yen ora bisa nglakoni, iya mangsa boronga, sok uga aja nyepeleake wong nglakoni Sarengat.

Kosok baline, upama kowe temen-temen panggayuhmu marang Makripat kowe ora usah kuwatir didakwa “klenik”. Saupama angger Makripat iku klenik, hla rak ora ana kang jeneng mu’min Khas, ora ana kang jeneng Wali, lan ora perlu para failasuf ngarang kitab-kitap falsafah lan para shufi ngarang kitab-kitab tashawwut.

Dene kang pawigatene mung marang kang gaib-gaib iku :

a. Yen wong mau wis oleh penerngan kang jelas, lan wis ngancik tataran Kakekat, padane wong lunga Haji, ketungkul nonton ramene kuta Jakarta.

b. Yen wong mau durung oleh penerangan kang jelas, serta durung ngancik tataran apa-apa, padane wong lungan kang sedyane mung arep nonton adi endahing paran, ora ngerti kang adi endah iku apa, lan deweke iku ana ing kuta ngendhi. Bab lunga Haji ora kepikir babar pisan utawa mung dipikir “sambil lalu” bae.

Wis, wis, semene bae, sajake kowe wis sediya pitakonan kang hebat. Mara arep takon bab apa?

12. MUDADAMA : Isih kagolong arep nyelani disik, supaya wuwuh pangertiku, mas. Kangmas mau ngendikake kawruh kasunyatan utawa kajiwan utawa liya-liyane mau kabeh, hla iku pancen pada bae, apa ya beda-beda? Yen seje ucape iku mestine rak iya seje wujude lan seje tegese, ora ketang bedane mung setitik. Apa ora mengkono?

12. WREDATAMA : We lha, yen ngrembug kasunyatan nganggo ngudi patitising tembung, iku ya rada angel. Awit tembung-tembung kang dipigunakake ing andaran Kasunyatan iku kang akeh-akeh tembung Arab utawa Sanskrit, kang wis pada mingsed karo tegese kang bener. Mulane yen kowe mahami salah sawijining andaran iku: rasakna maksude bae.

Mengkono uga bab jeneng-jeneng kawruh kang kok takokake iku, satemene ora mung beda setitik bae, ana kang bedaning tegese iku akeh banget. Nanging lumrahe dirayud bae, dianggep pada.

“Kasunyatan” tembung jawa, iku luguning tegese mung tekan ing tataran Kakekat bae, sebab asal saka lingga “nyata“ kang tegese haq. Nanging Kasunyatan kang asal saka tembung Sanskrit “sunyata“ (babagan surya babagan suwung), iku mengku teges wis tekan ing tataran Makripat (‘arifin).

“Kajiwan“ karo “ka-Rokhaniyan“ iku pancena teges pada yaiku kawruh babagan jiwa utawa roh, lire: badan alus. Nanging ing wektu saiki, tembung “jawi” iku akeh kang mung areges budi-pekerti, terkadang ateges semangat, malah ana kang mung ateges ………….. napsu (nafsu). Hla iku pancen rak dudu kawruh ka-Allahan, awit roh (jiwa) iku dudu Alloh.

“Kasuksman“ iku luguning teges: kailangan, awit “suksma“ mono tegese ilang utawa ora kasatmata. Nanging wis wiwit kuna Mula Gusti Allah iku sok disebut Hyang Suksma, mulane kawruh Kasuksman iku uga dianggep pada tegese karo ka-Allahan.

“Ka-Allahan“ tetembunge Indonesia ke-Tuhanan, iku kawruh kang nerangake bab Dat, Sipat, Asma, Apngaling Pangeran. Kena dijembarake maneh: uga bab carane ngabekti marang Allah, lahir lan batin, iya Sarengat, Tarekat, Kakekat, lan Makripat iku mau.

“Kabatinan“ iku luguning teges: sakabehing kawruh kang dudu babagan lahir. Dadi: sawernaning aji-aji lan kaluwihan iku kalebu kawruh Kabatinan kabeh. Hla iku pancen ora kalebu kawruh ka-Allahan.

“Sangkan-paran“ iku kawruh kang nerangake sangkane (asale) dek durung tumith kepriye, lan parane (ing tembene) kepriye. Dadi upama ora mlenceng iya pada karo Kasampurnan mau.

“Nelmu Tuwa“ iku karepe uga kawruh bab sampunaning pati. Awit wong tuwa iku lumprahe wis cepak matine, awur-awuran. Mengkon ringkese katrangan tumrap pitakonmu mau, miturut pikiranku.

13. MUDADAMA : Iya mas, ringkes-ringkes aku wis trima. Hla saiki aku arep nyuwun katrangan perkara kang baku, miturut ancer-ancere kangmas mau ( bab I no.7 ), yaiku arep nyuwun pirsa bab  Gusti Allah.

Ana kang duwe penemu, satemene Gusti Allah iku mung “asma“ anggep-anggepan utawa pengaran-aran bae. sejatine ora ana. Digolekana ana ing ngalam ngendi bae, ora bakal ketemu. Penemu mengkono mau mungguhing kangmas kepriye?

13. WREDATAMA :  Mengko ta, soale iku kudu dipilah-pilah, aja dicampur aduk, supaya ora kisruh.

Bab tembung “Allah“ iku mula bener pancen mung asma utawa aran yasane si manungsa iki. Dene si manungsa anggone yasa aran iku miturut basane lan panganggepe wong dewe-dewe. Kang yasa tembung Allah iku wong Arab, tegese: kang  disembah. Yen bangsa Jawa ngaturi jejuluk Pangeran, tegese: kang dikawulani (dingengeri). Ing basa Indonesia kasebut Tuhan tegese: “tuan“ utawa “de heer“ yaiku majikan (bendara).

Dadi aja kok-kira yen Allah iku asma eigennaam kaya dene jeneng suta, Naya, iku ora. Anggone nulis nganggo aksara gede (hoofdletter) malah diwuwuhi tembung “Gusti“ iku mung “tata karma“ bae. Dadi anggonmu ngarani mung asma anggep-anggepan utawa pengaran-aran iku  ora  salah.

Nanging wuwuhanmu kang muni “sejatine ora ana“ iku  ora  bener. Sebab sakabehing aran, ora peduli mung pengaran-aran utawa aran eigennaam, kang diarani iku mesti  ana.

Sarehning tembung “Allah“ iku kang yasa manungsa, mengkono uga tembung liya-liyane, mulane ana sawenehing wejangan kang muni: “Manungsa iku dadi kelawan pribadi, sadurunge Allah, malaekat, bumi, langit: ana”. Hla iku tetep mung rembug pokrul-pokrulan, ora perlu dirasakake.

Bah  ana  utawa  ora  ana iku, kejaba ora gumantung arane iku aran anggep-anggepan utawa aran eigennaam, uga ora gumantung ketemu utawa ora ketemu anggone nggoleki. Contone wiwit kang kasar tekan kang alus mengkene:

Baksil iku rak terang ana, ta? Nanging biasane kita yaqin anane, yen kita tonton sarana mikroskoop.

Atoom iku rak terang ana, ta? Nanging luwih lebut tinimbang baksil. Mulane anggone ngyaqinake anane, ora sarana mikroskoop, yaiku sarana piranti liyane kang misahake si atom saka barang kang ana atoome.

Rupa abang iku rak terang ana, ta? Nanging ditontona nganggo mikroskoop, dipisaha nganggo cara kepriye bae, ora bisa. Bola-bali mung bisa kepetuk karo barange kang ketempelan si abang, kayata kembang wora-wari.

Rasa pedes iku iya ana, ta? Nanging uga ora bisa dinyatakake nganggo mikroskoop utawa piranti pamisah, bola-bali kita mung bisa kepetuk karo barange kang kadunungan si pedes, kayata Lombok.

Hla dina Ngahad iku rak iya terang ana, ta? Nanging kepriye bisa kita kepetuk karo si Ngahad mau, kang luwih alus tinimbang karo si abang utawa si pedes?.

Yakin kita kepetuh karo si Ngahad, mestine ora kaya kepetukmu karo aku “tuk“ mengkene iki. Upama weruh kantor-kantor pada tutup,sekolahan lan gadeyan uga tutup, ndadak kelingan dek wingine sore mambu wong ngobong menyan, …………….. rak iya banjur bisa netepake yen wektu iki Ngahad temenan, ta?

Anadene bab Gusti Allah mau, yen mungguhing aku ; aku yaqin kang sak yaqin-yaqine, Gusti Allah iku ana. Iku ora mung ketarik saka tiru-tiru jalaran krungu tembung dzat wajibu’lwujuud (dat kang wajib anane) iku ora. Iya kaya yaqinku bab dina Ngahad mau kae.

Aku lan kowe ora bisa rembugan mengkene iki, cekake uwong iki ora bisa tumindak apa-apa, upama Dat kang wajib anane iku  ora  ana. Mulane ora percumah bae kaum Muslimin saben arep tumandang apa-apa ngucap bismilah utawa bismillahi’rrahmani’rrahiem (atas asma Allah kang Maha Murah lan Maha Asih). Emane, dene kang akeh-akeh, pangucape mau mung kagawa saka pakulinan bae, ora terus ing ati sanubari.

Mengkono uga ora percumah lapel kang muni : laakhaula walaaquwwata illa billah (ora ana daya kekuwatan kejaba kanthi pitulunging Allah). Emane, tumrap bangsa kita kang wuta tembung Arab, lapel mau anggone ngucapake dadi “ wala-wala kuwatta” sarta seje tegese.

14. MUDADAMA : Maaf, mas. Kangmas ngendika “uwong ora bisa tumindak apa-apa, upama Gusti Allah iku ora ana“, iku genahe kepriye? Lan apa ana andaran liyane maneh kang njalari kangmas yaqin sak yaqin-yaqine bab anane Gusti Allah iku?

14. WREDATAMA : Bener, orakena ja wigih-wigih, yen atimu durung marem !

Mestine sapa bae rak iya yaqin ta, yen deweke iku ora bisa tumindak apa-apa, kejaba kelawan pitungganing Allah? Tandane deweke ora bisa migunakake peranganing awake, — kang diaku duweke, — miturut sakarepe dewe. Kayata ora bisa nganggo mripate gentenan, siji turu siji melek. Ora bisa nggondeli umure semenit bae, yen wis tekan mangsane kukud.

Hla sajroning isih urip iki ndadak kadunungan sipat apes lan lali barang.

Iku kahanan kang ana ing badan kita. Saiki coba mikira kahanan alam kang gumelar iki, kayata:

Sapa kang nitahake rembulan lan srengenge serta mernata lakune kanthi ajeg, kang ora bisa dipengaruhi dening manungsa? Sapa kang nitahake bumi, segara, kali, gunung, dalah isine iki kabeh? Sapa kang nitahake udan lan tetuwuhan kang minangka pangane machluq iki? Cekake akeh banget tanda saksine, macaa Qur’an, saiki rak wis akeh kang ditarjamah ing basa daerah utawa basa Indonesia.

15. MUDADAMA : Katrangan iku aku durung marem, mas! Apa kang dingendikakake iku mau kabeh, kita rak mung kari nemoni barang kang wis gumelar. Sarehning rumangsa ora bisa gawe lan ora bisa mernata, banjur tuwuh pangira-ira kita miturut hokum ngadat : mestine ana sing gawe, kira-kira ana sing mernata, patute sing gawe lan sing mernat iku  kuwasa  bange t . Apa ora mengkono?

15. WREDATAMA : Hla mbok ngono ! iki jeneng diskusi (tukar pikiran) temenan. Nanging saiki aku genten wenehana katrangan disik : Perkara kahanan kang wis gumelar iki mau kabeh, mungguhing kowe : kepriye dumadine? Lire saka dayaning apa, lan apa sebabe dumadi ?

16. MUDADAMA : Dumadine iku  dengan sendirinya  (dadi pribadi), mas! Yaiku kang diarani Natuurwet utawa angger-angger Kudrat. Hla sebabe dumadi saka kumpuling adon-adon utawa kumpuling daya tarik-tinarik.

16. WREDATAMA : Bagus! Hla kang nganakake wet utawa angger-angger: yen iki kumpul karo iku dadi mengkene, yen kiye tarik-tinarik karo kuwe dadi mengkono, iku  sapa  utawa  apa  anggonmu ngarani?

17. MUDADAMA : Kang nganakake angger-angger Kudrat iku, ora liya kejaba  Kudrat. Kang nganakake Natuurwet, hiya ………….. Natuur. Hla iya Natuur iku daya kekuwatan kang duwur dewe. Sak nduwure Natuur wis ora ana kekuwatan maneh.

17. WREDATAMA : Mengko ta disik. Kang kok kandakake iku, kowe mung nirokake kapracayan lan gegebenganing liyan, apa kapracayan lan gegebenganmu dewe? Upama iku iman lan iktikadmu dewe, apa ya kowe wis mantep temenan? Wis ora tida-tida?

18. MUDADAMA : We hla konangan wadiku ! Upama aku wis duwe kapracayan lan gegebengan mengkono, rak ora perlu nyuwun penerangan mrene. Aku mung nirokake panemune golongan  Natuuralist  bae, kok mas! Aku dewe isih bingung, embuh-embuh kang tak antepi. Ana panemu kaya mengkono, kaya-kaya arep katut, jer ora bisa ngunggahi maneh, nanging kok hiya ora …….. wani, jer durung sreg.

18. WREDATAMA : Hla ngono ta genahe. Yen “kudrat” kang kok sebut-sebut iku mau kudrat tembung Arab (qudrat), iku pancen saperangan saka sipat-sipating Pangeran, dene tegese:  kuwasa. Sipat “kadiran” (qadiran) tegese:  kang kuwasa. Mulane ora kliru yen Gusti Allah iku sinebut Kang Maha Kwasa, nanging iku mung nyebut saperangan saka sipate bae. Sipat liya-liyane isih akeh.

Dadi:  dudu  si Kudarat iku daya kekuatan kang duwur dewe, benere: daya kekuatan kang duwur dewe iku hiya kang kagungan sipat Kudrat lan sipat Kadiran mau.

Hla…. yen kudrat utawa kodrat tembung Jawa, surasane rada akeh empere karo kang kok sebut natuur mau kae. Yen aku ora kliru “kodrat” tembung Jawa iku ateges  ya wis mengkono iku, dene “natuur” iku ateges  kabeh kang gumelar iki, Indonesiane  alam semesta.

Iku, uga durung sreg yen dianggepa daya kekuatan kang duwur dewe. Awit, upama kenaha tak tembungake makarti, iku mau kabeh mung uwohing makartining Pangeran. Dene Pangeran iku yen kersa nitahake sawiji-wiji : yaquululahu fayakuun (Al Baqarah 117, Maryam 35, Ya’sin 82 = angandika Panjenengane: “anaha”, sira banjur ana)’.

Hla saiki kowe ngertiya kang jelas bukti-buktine, yen natuur kang dianggep daya kekuwatan utawa panguwasa kang duwur dewe dening golongan Naturalist iku, sak temen-temene  dudu  daya kekuwatan utawa penguwasa kang duwur dewe:

(a). Kaum Naturalist duwe keyaqinan, yen kabeh kedadeyan (akibat) iku mesti ana sebabe, nanging nyatane ana pira-pira kedadean kang deweke ora bisa nemokake sebabe, alias ngambah dalan buntu. Sebab dipikir saka kumpuling adon-adon ora tinemu, saka kumpuling daya tarik-tinarik, uga ora tinemu. Kayata:

Apa sebabe watake si A. iku rupak, bingungan, sedihan, nanging si B. longgar, ora bingungan lan tansah gembira? Sebab adon-adone ora pada. Bener! Nanging apa sebabe adon-adone teka beda-beda? Wangsulane mung  k a p i n u j o n  utawa  d u m a d a k a n  (touvallig) mengkono!

Apa sebabe si C. sregep tuku lotre teka ora tau menang, barang si D. jajal-jajal tuku lot sepisan teka oleh pris nomer siji ? Wangsulane iya mung kapinujon utawa dumadakan iku mau.

Mangka kita kang percaya marang ananing Pangeran, ora tau ngambah dalan buntu mengkono iku, senajan kita uga yaqin marang ananing angger-angger sebab lan akibat (wet van oorzaaken gevolk). Kapinujon utawa dumadakan, kang sajak anggungu karepe dewe iku, mungguhing aku: ora ana. Jer iku satemene wis nurut garis kersaning Pangeran kang Maha Adil.

(b).  Natur iku sipate bisu, nanging Gusti Allah iku kagungan sipat Kalam (kalam)  kang tegese :  pangandika  lan sipat Mutakaliman (mutakalieman) kang tegese :  kang  ngendika. Mulane ana titahe kang oleh dawuhing Pangeran, yaiku para Nabi.

(c).  Natur iku sipate wuta, tuli, bodo, lan liya-liyane, cekake hla mbok tak kandakna sawengi natas, mangsa rampunga. Padane nanding wulane sealer gajah karo gajahe.

19. MUDADAMA : Iya, iya, mas, aku wis ngerti. Aku wis yaqin yen Gusti Allah iku  ana, lan Panjenengane iku daya kekuwatan utawa panguwasa kang duwur dewe.

19. WREDATAMA : Sukur, yen kowe wis kasinungan iman. Nanging kowe mangertiya, imanmu iku isih kagolong imane wong  taqlid, tegese mung tiru-tiru wong akeh utawa gugon-gugonen kakangmu, aku, kok piker: mangsa ta duwe maksud nasarake ora.

Syeeh Iman Ghazali, anggone nerangake bab iman iku ana telung warna:

(1). Imane wong gugon-gugonen iku mau, padane kowe percaya yen kampung sentul iku ana wong jenenge Mas Pawira, pawakane bagus, omahe marep ngidul, ngadepake dalan gede. Jalaran wong akeh pada nyritakake mengono. Iman kang semono iku, yen wong akeh kliru, kowe milu kliru. (Mulane iya gampang owah gingsire. Pengutip).

(2). Imane wong ahli kitab Agama (Usuluddin), padane wong kang percaya yen ing kampung Sentul mau mula bener ana wong jenenge Mas Pawira, jalaran wis tau liwat ing ngarepe omahe, lan wis tau krungu suwarane Mas Pawira saka ndalan. Iman kang semono iku iya isih bisa kliru, sebab suwara kang rinungu mau durung karuwan yen suwarane Mas Pawira temenan (Mangka omahe tanpa naambord. Pengutip).

(3). Imane wong Ahli Makripat (‘arifin), padane wong kang percaya yen ing kampung Sentul mau mula bener ana wong kang jenenge Mas Pawira, pawakane bagus, jalaran wis tau maradayoh lan wis tau ketemu karo Mas Pawira dewe. Iya iku iman kang sak bener-benere. Ewadene isih nganggo unda-usik, kayata; yen anganggone maradayoh iku wayah surup, mestine kurang ceta tinimbang karo sawise nyuled lampu. Patemon mawa dammar lampu mestine kurang ceta tinimbang karo mawa dammar srengenge (awan).

20. MUDADAMA : Kepriye nalare, kangmas  kagungan pangira: yen kapercayanku marang anane Pangeran iku lagi kalebu kapracayan kang gampang owah gingsire?

20. WREDATAMA : Mesti bae weruh ! Jer sakawit isih tida-tida, wusana  dengan mendadak sontak  kowe saiki nglahirake wis duwe kapracayan ingatase perkara kang gawat mengkono.

Hara, apa kowe ngerti : apa sebabe titah iki wajib bekti marang Pangeran? Upama kowe wis nindakake bekti, mesti ing angen-angenmu iku ana maksud ngarep-arep tampa ganjaran serta wedi bakal tampa siksa. Rak iya ta ? mangka ing Qur’an nerangake wamaa dhalamnaahum walakin dhalamuu anfusahum (huud 101, Al’ankabut 40 = Allah ora nganiaya kawulane, nanging para kawula kang nganiaya awake dewe).

Apa sebabe kowe ngarep-arep tampa ganjaran serta wedi tampa siksa iku???

Sebabe : Pangeranmu iku kok gambar-gambar wujud anjenggereg lenggah damper kencana ana ing langit. Utawa wujud Markas kang gede banget, kanthi anggota staf kang akeh banget: juru maringi dawuh, matedani ganjaran lan matrapi paukuman. Rak iya ta ?

Mulane yen kowe lagi nemu karibedan. Iyo sok nyenyuwun barang, dene yen lagi nemu kabungahan, adate kowe lali. Elingmu mung yen lagi ngabekti, luwih-luwih yen lagi karibedan iku mau.

Hla yen kowe nyenyuwun mangka ora kalaksanan, atimu kok peksa-peksa milu ngarani yen Pangeran iku  adil. Arep muni ora adil, ora wani. Nanging sak jatine atimu durung nrima, sebab kowe durung dong. Anggonmu ngarani adil iku mung tiru-tiru kandane wong akeh bae. iya apa ora ?

21. MUDADAMA : Aduh kangmaaaas ! Mula nyata mengkono iku pangangen-angenku. Hla gek kang sinebut Pangeran iku apa ? apa hawa ? dudu. Apa cahaya ? dudu. Apa daya ? dudu. Nyuwun diterangake kang sak jelas-jelase :  apa  lan  endi  ta Pangeran iku?.

21. WREDATAMA : Mesti bae kabeh-kabeh dudu, jalaran kang kok sebut-sebut iku mau kabeh barang anyar, kang kena ing aral owah gingsir. Balik Pangeran iku disik tan ana kang andisiki, sarta langgeng tan kenaning owah gingsir.

Cekake : aja maneh Zonnestelsel (wilayahing srengenge), hla wong sak njabaning Zonnestelsel pisan. Uga liniputan Dating Pangeran Kang Maha Agung. Mangka lagi anggambarake Zonnestelsel bae, nalare wong wis ora gadug. Rak iya, ta?

Pitakonmu “Pangeran iku apa lan endi” iku kadohan panjangkah. Becike ngawruhana sipat-sipate bae disik. Sipat-sipating Pangeran iku dipertelakake ceta ana ing Qur’an, sarta wis ana kang ngimpun lan wis dimupakati ing ngakeh : 20 kehe, yaiku:

 1.   Wujud                               =   ana
2.   Qidam                               =   disik tan ana kang andisiki
3.   Baqaa                                =   langgeng
4.   Muhaalafah li’lhawaaditsi =   beda kelawan kang anyar
5.   Qiyaamu bi nafsihi            =   jumeneng kelawan piyambak
6.   Wahdaniyat                       =   sawiji
7.   Qudrat                              =   kuwaos
8.   Iraadad                             =   karsa
9.   Ilmu                                  =   kawruh
10.  Hajjat                                =   gesang
11.  Sama’                                =   miyarsa
12.  Bashar                              =   uninga
13.  Kalaam                              =   ngendika
14.  Qaadiran                           =   kang kuwaos
15.  Muridan                            =   kang kagungan karsa
16.  Aliman                              =   kang kagugan kawruh
17.  Haiyan                              =   kang gesang
18.  Sami’an                             =   kang miyarsa
19.  Bashiran                           =   kang nguningani
20. Mutakaliman                   =   kang ngendika.

22. MUDADAMA : Nyuwun nyelani disik, mas ! Sipate kang angka 14 tekan angka 20 iku mau, kaya-kaya mung ambelani sipat angka 7 tekan angka 13. Apa ana bedane? Yen pada bae, rak kena diarani Pangeran iu mung mengku sipat 13 ora 20 ?

22. WREDATAMA : Kepriye ta kowe iku ? Bedane tembung kuwaos karo kang kuwaos iku rak wis terang : “kuwaos” iku araning kahanan kang andunungi, kaya dene putih, bunder, duwur lan liya-liyane. Dene “kang kuwaos” iku mratelakake kang kadunungan ing kahanan kuwaos iku. Tembung Arab  sipat  (shifat) iku tegese  pambeda, ora mung ateges  kahanan  bae, mulane uga kena ditumrapake marang kang kadunungn kahanan : kang kuwaos beda karo kang ora kuwaos. Iya apa ora?

Bab sipating Pangeran iku satemene akeh banget. Nanging ahli agama dek jaman samana duwe panemu : yen cacah 20 iku wis bisa ngemot sipat-sipat kang kasebut ing Qur’an kabeh, kayata sipat Maha Gagah, Maha Wicaksana, Maha Jembar, Maha Paring Ngapura, lan liya-liyane, apadene kang wis kerep kok rungu (lan uga kasebut ing Qur’an) : Maha Murah, Maha Asih, Maha Adil, Maha Agung, Maha Luhur, Maha Mulya, Maha Suci, Maha Wikan lan liya-liyane. Siji-sijine iku kalebu sipat endi saka 20 iku, mestine kowe bisa mikir dewe.

Sipat 20 iku diarani sipat  wajib, hla sipat  mokal  uga 20, yaiku kosok-baline sipat wajib iku. Banjur diwuwuhi maneh sipat  wenang. Dadi gunggunge sipating Pangeran iku kasebut ing wulangan ‘Aqaid ana 41.

Anadene sipat wajib 20 mau ana ing wulangan Usuluddin diperang (diringkes) dadi 4, yaiku :

a.  Sipat angka 1 diarani sipat Nafsiyah = kang dianggep awak.
b.  Sifat angka 2 tekan 6 diarani sipat Salbiyah = kang ngorakake kosok-baline.
c.  Sipat angka 7 tekan 13 diarani sipat Ma’ani = kang andunungi ing sipat Nafsiyah.
d.  Sipat angka 14 tekan 20 diarani sipat Ma’nawiyah = kang kadunungan sipat Ma’ani.

Ing layang-layang  w i r i d  ana kang pamerange mengkene

a.  Sipat angka 1 diarani sipat jalaal tegese Maha Agung.
b.  Sipat angka 2,3,4,5, diarani sipat Jamaal tegese Maha Elok.
c.  Sipat angka 11,12,13, serta angka 18,19,20, diarani sipat kamal tegese Maha Sempurna.
d.  Sipat angka 6,7,8,9,10, serta angka 14,15,16,17, diarani sipat qahaz tegese Maha Wisesa.

Ana maneh sipat-sipating Pangeran kang kerep kecangking dening para ngudi Kasunyatan, yaiku : gesang tanpa roh, kuwaos tanpa piranti, tan wiwitan tan wekasan, tan kena kinaya ngapa, ora jaman ota makan (makam), ora arah ora enggon, adoh tanpa wangenan cedak tanpa gepokan, ora njaba ora njero nanging nglimputi kabeh kang gumelar iki  ……………..  lan liya-liyane.

Senajan wis dicetak-cetakake kaya mengkono, ewadene kang nampi isih  …………. Bingung, jalaran batine isih madak-madakake utawa ngentha-entha sipating Pangeran iku isih kiwa tengene, yaiku barang-barang kang  ……..  anyar , iki.

Hla nggih tiyang , kok mas !

23. MUDADAMA : Nyata mas ! Pancen aku isih bingung, durung bisa ngecupi endi ta kang sinebut Pangern iku ?

Tak rasak-rasakake kok bener dawuhe para ahli Agama, kang maksude mengkene:

“Ing kaweruh Tashawwuf Islam ora ngrembug kakekate Dating Pangeran, mung aweh pituduh bab pangulahing ati, minangka panggayuhe ngelmu Makripat. Yen pituduhing Tashawwuf iku ditindakake kanthi temen-temen, ora mokal upama oleh pitulunging Pangeran, banjur binuka ing kawruh Kasunyatan, kang bisa terang marang gaibing Pangeran”.

Mengkono dawuhe. Hla panemune kangmas kepriye ?

23. WREDATAMA : Yen bab bener lan ora bener, sak temene mung gumantung seneng parenge wong dewe-dewe, angel anggone ngebabi. Yen bab gampange iku aku wani tanggung: pancen nyata kaya mengkono. Mau (Bab I no 9) aku rak wis kandha : Wong nglakoni sarengating agama apa bae kang dicocogi, janji kanthi temen-temen, yen kepareng uga bisa oleh ilham. Bedane karo kandamu iku mau, saiki nganggo tambah nindakake pituduhe kawruh Tashawwuf, iya luwih prayoga.

Nanging kang kok kandakake iku mau rak panemune pujangga utawa pandita dek jaman semana, ta? Yaiku dek jamane, kahananing masyarakat durung semene majune, ta?

Dadi dudu dawuhing Al Qur’an ! yen Al Qur’an, malah tansah nganjurake supaya uwong pada migunakna akal lan pikirane. Saka panemuku, migunakake akal lan pikiran mono iya ngrembug bab Gusti Allah barang, nganti sakjelas-jelase.

Mulane aku omong mengkono, awit dawuhing Pangeran ing Al Qur’an iku tetep salawase, nanging panemuning wong sok molah-malih, nuting jaman, kayata : Socrates diukum pati, jalaran panemune digelarake dek jaman semana. Bareng wis let pirang-pirang abad, wong-wong lagi pada yaqin yen panemune Socrates mau bener. Iya apa ora?

Para ahli agama dek jaman semna duwe panemu, yen bab Gusti Allah iku ora kena dirembug. Mula bener, sebab nalika semana durung ana Sekolah Menengah Atas, durung ana Universiteit, pikiraning wong-wong durung mletik kaya saiki, isih gampang mituhu dawuhing wong tuwane, deduwurane, penuntune.

Nanging saiki, gelem mituhu iku yen wis ngerti temenan, yan wis akal lan pikirane ngerepi.

Kayo dene maneh, senajan dawuhing ahli agama mau bener, yakin cocog karo kahananing masarakat dek jaman semana, nanging kepriye uwohe ?

a. Negarane Sang Pujangga utawa Sang Pandita kang kagungan panemu mengkono mau : dadi jajahaning liya ing babagan politik utawa ekonomi.

b. Agamane Sang Pujangga utawa Sang Pandita kang kagungan panemu mengkono mau  kususe, lan kawruh Kabatinan  umume  : ora saya maju, malah saya mundur.

Jalaran : panemune mau dadi  rem  mekaring nalar serta andidik marang para penganute Sang Pujangga utawa Sang Pandita dadi manungsa kang  passief   lan  pessimistis  : arep ngene wedi, arep ngono kuwatir, sapiturute.

Hla saiki aku mung sumarah karepmu : apa arep meneng bae, apa arep mersudi bokmenawa pinaringan ilham dewe, apa nerusake gegosokan karo liyan (aku) bokmenawa mundak dawruhmu?

24. MUDADAMA :  Anu, mas. Bokmenwa jalaran aku iki ala-ala iya uwong weton jaman saiki, kang kulina migunakake akal lan pikiran, apa-apa meksa milih ngertine disik, kang iku, yen kepareng, nyuwun supaya kangmas narusake maringi penerangn kang bisa tinampa ing akal pikiranku.

24. WREDATAMA : Iya sak karepmu, nanging akal lan pikiranmu anggonmu nenandingi Gusti Allah karo kahanan kang anyar iki, selehna dhisik. Ora saka bodomu, nanging insyafa, yen Gusti Allah iku pancen dudu bangsane barang anyar, kang kena kok gambar-gambar saran akal lan pikiranmu. Yen wis kok selehake, mengo rak ora bingung, ora barang; Mara, saiki kowe arep takon bab apa?

25. MUDADAMA : Iya mas wis tak selehake akal lan pikiranku anggonku nggambar-nggambar kakekate Dating Pangeran. Hla wong mikir endog pitik karo pitike disik endi bae : ora bisa, ndadak mikir Gusti Allah. Rak iya salahku dewe. Nanging aku arep nyuwun pirsa disik, apa kita iki ora kalebu golongan  Muktajilah  ta, mas?

25. WREDATAMA: Hlo, hlo, hlo kowe kok wis tau krungu tembung “Muktajilah” (mu’tazilah) barang!  …………………..

Tumrap wong kang aktief lan optimis iku insyaf, yen  nasibe  ana ing ndunya lan ngakerat iku tanggungane dewe, dudu tanggungane kana-kana. Mulane kang dianggo gondelan dudu kandane sapa-sapa, yaiku mung siji : wewarahing kitab agama kang rineksa ing owahe. Mangka ing Qur’an terang nganjurake  wola-wali, supaya pada migunakake akal lan pikiran, malah nerangake yen para jin lan manungsa kang pada kecemplung nraka Jahanan iku kang lahum quluubu laayafqahuuna bihaa (Al A’raf 179 = duwe ati nanging ora dianggo mikir).

Bab kalebu golongan Muktajilah utawa ora, iku sak temene gampang anggone anggagapi atine dewe (zelfkorreksi). Pancene ora perlu kuwatir : Samangsa pangulir muluring nalar iku ana ambu-ambune mungkur mungkir bab  ananing  Pangeran, utawa ngurangi ing ka-Agungane, kayata golongan Naturalist kang kok kandakake mau, hla iku mestine kalebu golongan ………… Qadariyah, tetep kasebut  kapir  (kafir). Anadene  Mu’tazilah  kang kok wedeni iku kaya-kaya durung mesti yen kapir. Awit saweruhku, andarane mung perlu dianggo ambantah lan anjajagi iktikade wong ahli  Sunnah, yaiku golongane wong kang panemune kaya pujangga utawa pandita kang mentas digunem iki mau (bab I no.23). Ahli sunnah kang kolot banget, ora mung Qadariyah lan Mu’tazilah bae kang dianggep kapir, dalah para  Failasuf  (ahli falsafah) uga dianggep kapir. Mangka perlune falsafah iku kanggo nandesake  iman, supaya imane ora mung  taqlid  (anut-grubyug) bae.

Ewadene yen kowe tansah kuwatir disalahake kana-kana, kang kok kira bakal nanggung nasibmu ing ndunya lan ing ngakerat, iya uwis, “selamat tinggal” tetepa passief lan pessimistis, aku tak mlaku dewe……………

26. MUDADAMA : Ora kok mas ! Kekuwatiranku bab Muktajilah iku mau jalaran durung ngertiku. Aku saiki wis ngerti garis-garise, mula arep mbanjurake nyuwun penerangan :

Ana golongan kang nekadake ing ndalem iktikade, yen Allah iku sak jatine ora liya kejaba  Ingsun. Hla iku kepriye ta genahe ? Yen iktikad mau cocog karo iktikade kangmas, aku nyuwun keterangan : kepriye gatuke karo bab anggone nitahake isining alam iki kabeh mau, lan kepriye gatuke karo sipat-sipating Pangeran kang wis dirembug mau kae (bab I no. 21,22) ?.

Hla yen ora cocog karo iktikade kangmas, perangan endi kang ora dicocogi iku ?

26. WREDATAMA : Oo, adiku nake si bapa karo sibiyung ! Kowe saiki takon Sastracetha Wadiningrat ? Mara prastawakna kanthi pikiran kang wening, saiki kita ngambah dalan simpangan : kang siji menyang swarga, sijine menyang nraka.

Ing pedalangan dikandakake, sapa kang ngerti marang Sastrajendra Hayunigrat iku, yen raseksa, patine awor lan manungsa kang sampurna, yen manungsa, patine awor lan dewa kang minulya. Mulane digandrungi banget dening Prabu Sumali, kasebut ing layang “Lokapala” mengkene (sinom) :

Sastrajendra Hayuningrat, pangruwat barang sakalir,
kapungkur sagung rarasan, ing kawruh tan wonten malih,
wus kawengku sastradi, pungkas-pungkasaning kawruh,
ditya diyu reksasa, myang sato sining wanadri,
lamun weruh artine kang Sastrajendra.

Rinuwat dening Batara, sampurna padinireki,
atmane wor lan manugsa, manugsa kang wis linuwuh,
yen manugsa udani, wor lan dewa patinipun,
jawata kang minulya, mangkana Prabu Sumali,
duk miyarsa tyasira andandang sastra.

Banjure (dandang-gula) :

Jog tumedak Sang Prabu Sumali, saking palenggahan nawaretna,
angrepepeh neng ngarsane, arsa mangraup suku,
Sang Pandita gupuh nedaki, pan sarwi kipa-kipa,
nyandak astanipun, duh yayi Prabu Ngalengka,
Sampun sampun paduka arsa punapi, anguncapaken asta.

Aturnya lon Sang Prabu Sumali, saking sukune manah kawula,
amiyarsa pituture, ing tyas langkung kapencut,
nugrahanen kakang pun yayi, Sastrajendra juningrat, pangruwating driyu,
pun yayi liwat druhaka, tinitah wil sato padane neng bumi,
pae lawan manungsa.

Sampun tanggung nggen paduka asih, ing kaswasih mbenjang Ngariloka,
cangkingen wosing deweke, prasetyamba pukulan,
sampun menggah nini Sukesi, nagari ing Ngalengka,
lan saisinipun, jro pura katur sadya,
nadyan pejah gesang tan ngeraos ndarbeni, langkung krasa paduka.

Prasetyane Prau Sumali iku ora anggumunake, jer gede-gedening bandane wong urip iku dudu karaton saisine, yaiku nyawane. Ewadene nyawa iku dianggep remeh bae yen ditanding karo ………  kapercayan.  Mulane umat Islam pada wani perang sabil, Umat Kristen pada wani perang salib, wong Jepang pada wani jibaku, sebab duwe kapercayan yen bakal munggah swarga.

Dene bab Sastrajendra iku mau, senajan luwih pengaji tinimbang nyawane, nanging perlu ditambahi :  yen ora kliru penampane.  Hla yen kliru ing penampa, iya raseksaha, iya manungsaha, bakal dadi endog amun-amun ana ing nraka. Hlo rak gawat ta ?

Jalaran saka gawate iku, mula wiwit biyen mula, ing tanah ngendi bae, agama apa bae, dadi larangan. Yen anggone nglarang iku jalaran saka pangemane marang kang kliru ing panampa, iku ya rada ana benere. Nanging ana uga kang anggone nglarangi iku jalaran nguwatake marang kang ora kliru ing penampa. Sebab kang ora kliru penampane iku apes-apese dadi wong kang tatag, tanggon, ora gugon tuhan, ora gampang di pengaruhi jer wis persasat nyekel  Kunci  Swarga. Namung durung mlebu swarga lan durung mangan rejeki woh-wohan swarga hlo (bab I no.10) aja gumampang.

27. MUDADAMA : Iya mas. Hla bebayane kang kliru ing penampa iku genahe kepriye?

27. WREDATAMA : Mau (Bab I no. 11) aku gawe pepindan wong lunga Haji wis kebanjur nunggang sepur utawa kapal, nanging ora ngerti parane kang ditunggangi, lan ora ngerti Mekah iku parane ngendi. Mesti bae bingung, lir kinjeng tanpa soca. Rak iya ta ?.

Hla tumraping Sastrajendra Hayuningrat iki, yen wong kliru penampane, pindane kaya wong lunga Haji, kang ora bingung ora apa, terus nunggang oto mengidul bae, ora menggok-menggok, sebab duwe panemu yen Mekah iku parane kidul. Serta kena diparani sarana oto. Mesti bae wusanane kacemplung ing segara. Mengkono pepindane sasaring pati, uga pepindane sasare nalika isih urip dadi penduduke ngalam dunya iki.

Contone sasar ana ing ndunya: Resi Wisrawa kang mejang Sastrajendra marang Dyah Sukesi iku, kacaritakake: Dyah Sukesi calon mantune iku banjur dialap dewe. Wasana dadi perang rebut rabi karo anake dewe, serta tampa paweleh anak-anake patutane karo Dyah Sukesi pada awujud raseksa, Mangka tindake Resi Wisrawa iku mung kagawa saka  lali; apa maneh tumprap kang  salah  tampa.

Dene salah tampa iku umume rumaket marang wong kang pamarsudine ora urut saka tataran nglakoni Sarengat disik. Awit ing tataran Sarengat iku akeh latihan-latian jasmani lan rohani kang perlu banget minangka pondamen.

Anadene pitakonmu bab wong kang nekadake : “Allah iku sak jatine ora liya kejaba Ingsun”, ……….. aku ora bisa ngebabi kepriye iktikade, embuh pada embuh beda karo iktikadku. Nanging mungguhing aku, ucap-ucapan kang mengkono iku tak anggep groboh lan cepak andadeake  salah panampa.

Hla iku ora perlu tak onceki, mengko kowe bakal ngerti dewe, sawise ngrungokake andaranku.

Ora mung ngerti ucap-ucapan siji iku bae, tak pestekake uga kowe bakal ngerti apa kang dikarepake dening para pengarenge layang-layang bab Kabatinan kang wis tau kok waca.

Ing andaran iki tak jarang ora bakal migunakake tembung-tembung kang wis kerep kok waca utawa kok rungu, kayata:

Ingsun , Aku, Aku-wutuh, sebab adakaning pamikir banjur dipahami: aku Suta, aku Naya.

Pribadi, bisa dipahami ateges: dewe, ijen, ora ana kancane. Manungsa Sejati utawa Sejatining Manungsa (haqiqatul insane) adakaning pamikir dipahami uwong kang krembyah-krembyah iki.

28. MUDADAMA : iya mas aku nderek bae, sok uga aku ngerti. Kepriye tak rungokne kang temenan.

28. WREDATAMA : Kowe ngertiya, sakabehing wong iku, ora pilih lanang apa wadon, tuwa apa enom, sugih apa mlarat ora pilih bangsa lan agamane, …….. adeging uripe kedadean saka :

(1). Dijumenengi Sang Alus,
(2). Badan alus dalah pirantine kang alus,
(3). Badan wadag kang kasat-mata iki, dalah pirantine kang uga wadag.

Dene beda-bedaning kelahiran wong-wong mau, ora liya mung jalaran saka bedaning  dasar  lan  ajar  tumraping si badan alus dalah pirantine lan badan wadag dalah pirantine mau; babar pisan ora merga kurang adile Sang Alus anggone anjumenengi.

Bedaning dasar tumraping badan (alus lan wadag) jalaran ora pada ukuraning adon-adone. Pepindane kopi susu, ana kang kepaiten, ana kang kelegen, ana kang kanyepen, ana kang sedengan.

Hla bedaning dasar tumpraping piranti (alus lan wadag). Pepindane  bekakase wong omah-omah iki, ana kane edi garapane lan awet anggone, ana kang ora.

Bab bedaning ajar tumraping badan wadag, kaya-kaya wis ceta : upama wong kang ora gelem ulah raga lan ora gelem njaga pangan lan papane, amesti kawarasane beda karo kang ulah raga lan njaga pangan lan papane. Hla senajan tumpraping badan alus uga mengkono, lire uga ana cara pangulahe lan penjaganing kawarasane.

Dene bedaning ajar tumraping piranti badan wadag, rak iya wis ceta ta : upama wong ora sinau, iya tangeh bisaha maca lan nulis; wong kang ora kulina memikir iya dadi ketul pikirane.

Hla senajan pirantine badan alus rak iya kaya mengkono uga. Upamane wong duwe montor apik, nanging ora ngerti carane ngrumat lan nglakokake, iya ora bisa migunakake paedahe.

29. MUDADAMA :          Amit sewu mas ! Kangmas ngendikakake “Sang Alus” iku aku ora ngerti babar pisan. Kang wis kerep tak waca lan tak rungu kae mung “badan alus” lan “badan wadag” mengkono bae.

Karo dene maneh, kangmas ngendikakake yen pikiran iku pirantinening badan wadag; mestine pancadriya — mungguhing kangmas — uga kaetung pirantining badan wadag. Mangka mungguhing aku, kang tak anggep pirantining badan wadag iku: kabeh kang awujud jasad jasmani iki; hla kang dudu jasad jasmani iku tak arani pirantining badan alus. Iku kepriye genahe ?

29. WREDATAMA : Mengko ta disik ! Kowe saiki durung ngerti, ora dadi ngapa. Nanging anggere anggonmu ngrungokake temenan bae, mengko rak ngerti dewe. Beda-bedane anggone ngarani, aja kok piker disik. Mengo yen kowe wis ngerti, rak banjur weruh : pada utawa bedane karo andaran kang kok wis tau kok woca lan kok rungu iku. Yen ana kang tinemu pada, padane ana ing perangan endi, hla yen ana kang tinemu beda, bedane ana ing bageyan endi.

Mara tak banjurne ya:

Sakabehing piranti (apparaat, alat) kang bisa kita pigunakake ing ndalem kahanan kita melek-melek biasa iki, tak arani pirantinig badan wadag. Wujude ora mung pancadriya bae, satemene asthendriya. Iku pada kailenan dening “rasa” nanging ing rasaning badan wadag uga. Yaiku:

(1) Blegere aran irung mesine aran pangambu makartine aran ngambu.
(2) Blegare aran kuping mesine aran pangrungu makartine aran ngungokake.
(3) Blegere aran mripat mesine aran pandeleng makartine andeleng.
(4) Blegere aran ilat mesine aran pangenyam makartine aran ngrasakake legi, gurih, sapanunggalane.
(5) Blegere aran kulit daging balung mesine aran panggepok makartine aran ngerasakake perih, linu, sapanunggalane.
(6) Blegere aran jantung mesine aran ati makartine aran ngangen-angen, nyipta lan liya-liyane.
(7)  Blegere aran utek mesine aran akal makartine aran ngeling-eling, mikir, lan liya-liyane.
(8) Blegere aran pringsilan, mesine aran napsu makartine aran muring, kepingin, lan liya-liyane.

Iku mau kabeh tak arani pirantining badan wadag. Dene pirantine badan alus iku mung siji, yaiku rasa-eling utawa rasa-jati. Kang alus luwih dening alus, kang anggone makarti ing ndalem kahanan kita  ora biasa  melek-melekan mengkene iki.

Anadene kang tak tembungake “Sang Alus” iku  ora  ngagem piranti apa bae, amarga Panjenengane iku qadirun bilaaalatin (kuwaos tanpa piranti).

30. MUDADAMA : Anu, mas ! Yen kang lima (pangambu, pangrungu, pandeleng, panganyem, pamggepok) iku dianggep pirantine badan wadag, iya uwis, aku nderek mupakat. Nanging kang telu liyane iku, kepriye, amarga panggonane rempit banget? Mulane ana kang ngiyas, yen ing kono iku dampar (‘arasy) palenggaha-Ingsun. Kang tengah diarani omah larangan utawa betalmukaram (baital muharram), kang nduwur diarani omah perame yen utawa betalmakmur (baital ma’mur), kang ngisor diarani omah pasucian utawa betalmukadas (baital maqdis).

30. WREDATAMA : Hlo, hlo, hlo, kok jebul ngetoni Wirid. Perkara “Ingsun” aku mau wis kanda ora bakal milu ngrembug hlo ! Aku mung arep nerangake bab tembung “palenggahan” karo “piranti” iku mau bae.

Yen dianggep palenggahan, mesti bae tansah genta-genti dilenggahi. Bisa uga dilenggahi bebarengan, sebab kang lenggah iku bisa mencala pira bae kaya Candabirawa. Hla yen kala mangsane telu pisan ora dilenggahi, iku banjur ing  apa  lan ana ing  ngendi ?

Dene yen dianggep piranti, iku rak genah. Amarga ana kala mangasane piranti tetelu pisan iku  dijarag  ora dipigunakake, yaiku menawa kang duwe piranti mau nedya migunakake piranti kang banget aluse, kang tak arani rasa-eling utawa rasa-jati mau. Ana kala mangasane uga, ora makartine piranti tetelu mau jalaran  ora dijarag, kayata ingnalikane lagi kataman lara kang luwih banget.

Hla anggonku tetep ngarani piranti badan wadag iku jer kita  bisa  migunakake lan  krasa  migunakake ing ndalem kajanan biasa mengkene iki.

31. MUDADAMA : Iya, iya, mas. Bab piranti kau wis nampa. Nanging bab Sang Alus aku meksa isih kodeg, geneya ora disebut Badan Alus bae kaya wedaran kang akeh-akeh ?

31. WREDATAMA : We hla, merangi total kowe iki ! Rak wis genah ta, yen Sang Alus iku  dudu  badan alus?  Awit?:

Kabeh kang sinebut badan (likhaam, awak-awak) iku arepa kepriye bae sipate, — kasar, rada alus, alus, alus banget, alus luwih dening alus, — mesti kedadean saka adon-adoning bebakalan (element, anasir), lan mesti mawa wangun (vorm, bentuk).

Kita bisa nyatakake sarupaning badan wadag, sarana piranti-piranti wadag: gawane utawa gaweayane manungsa. Dene badan alus uga kena dinyatakake sarana piranti alus “gawane” manungsa; tekan din iku durung ana piranti “gaweyane” manungsa kang kena dianggo nyatakake badan alus iku.

Anadene kang tak tenbungake Sang Alus mau sarehing  dudu  badan, anggone nyatakake  iya tanpa piranti. Piranti wadag maneh bisaha, senajan piranti kang alus luwih dening alus;  ora  bisa,  jer Panjenengan iku  tan kena   kinaya ngapa.

32. MUDADAMA : Iya, iya mas, wis rada ceta penampaku bab bedane Sang Alus karo badan alus iku. Hla nyuwun diterangake kang luwih jelas : kepriye konstruksine (susunan, dapukane) Sang Alus, badan alus, lan badan Wadag iku mau, saengga wujud manungsa urip kaya ngene iki?

32. WREDATAMA : Oo, yen bab mengkono bae ora pati angel anggonku nerangake.

Kabeh uwong kang bisa lungguhan lan omong-omongan iki, ora mbedakake kang bagus, gagah weton sekolahan luhur, akeh bayarane, dalem gedong gede, karo kang anjeginggis, buta huruf, gawene pepriman, manggon ing ngisor kreteg, …… samangsae dioncati dening “badan alus” dalah pirantine iku banjur ….. nglumpruk tanpa daya babar pisan. Irunge wis ora bisa ngambu maneh, kupinge, mripate, lan liya-liyane. Wis ora bis makarti kaya maune. Hla badane wadag sakojor iku banjur bosok, lebur dadi jasad kang lembut banget, aku lan kowe ngarani …. Mati.

Dadi kanga aran “mati” iku maung rusake si badan wadag iki. Hla si badan alus dalah pirantine. Sarehning isih dijumenengi dening Sang Alus dalah pirantine. Sarehning isih dijumenengi dening Sang Alus ora katut mati. Anadene yen Sang Alus mau ngoncat i, si badan alus dalah pirantine iya bajur sirna, kaya rusake si-badan wadag mau. Hla mung kari Sang Alus kang langgeng ing kahanane, mulih mula-mulanira ………

Yen kok arani “konstruksi”, iya kaya mengkono iku konstruksine. Nanging aja kok cakrabawa kaya dene jago ana ing kurungan, kurungane ana ing sajroning kamar, iku ora. Apese pindakna  banyu segara, kang kadadean saka banyu lan uyah. Hla  banyu  iku kedadeyan saka Hydrogenium (H = dat banyu) karo oxygenium (O = dat pangobong)

Mulane oncate badan alus saka wadag iku tanpa kaweruh iya ngrekasa. Padakna banyu segara dingerteni, uwale diedemake, banjur dadi uyah lan banyu. Hla oncate Sang Alus saka badan alus : saya nyamut-nyamut, padana anggone misahake si banyu dadi hydrogenium karo oxygenium mau.

Saiki Sang Alus mau arani nganggo tembung  Ikheid  utawa  Purusha, lan sabanjur bakal tak sebut mengkno iku, aja salah paham.

33. MUDADAMA : Ngendikane kangmas iku terang gamblang, wijang nanging aku meksa durung …………… damang.

Sak temen-temene kang disebut nganggo tembung Purusha iku apa  Roh  kita iki, apa Urip kita iki, tha mas ?

33. WREDATAMA : We hla kepriye ta kowe iku ? Purusha iku iya Purusha. Upama Purusha iku Roh kita utawa Urip kita, mau-mau aku rak wis muni mengkono, apa kowe perlu ndadak tak bebingung ?

R o h  (ar-ruuhu) iku kang tak arani nganggo tembung “badan alus” mau kae, yaiku bangsane bebakalan lan bangsane kang mawa wangun. Ing Ngayogyakarta kene akeh sedulur kang kasinungan kaluwihan bisa nyatakake kahanane Roh iku, unda-usih : miturut drajatee kang nyatakake sak timbang karo drajate kang dinyatakake. Hla mau rak wis tak kandake, yen Purusha iku  d u d u  si badan alus. Jer Purusha iku kasebut hayyun billaarauhin (gesang tanpa roh), dadi uga si Roh.

Dene tembung urip mau kae, aku ora ngerti endi kang kok karepake ? Apa “urip” kang tegese bisa  kruget-kruget ( kosok baline mati ), apa “kang Urip” apa “Sang Urip?” Nanging telu pisan  d u d u  kang sinebut Purusha. Urip lan kang Urip, iku mung saperangan saka sipat-sipating Purusha bae, dene Sang Urip iku mung salah sawiji saka jejuluking Purusha bae.

Terange yen telu pisan iku dudu sejatining Purusha, amarga Purusha iku sipate angliputi kabeh kang gumelar iki. Senajan watu kang ora bisa kruget-kruget, senajan badan wadaging wong kang wis bosok awor lemah ……….. uga kaliputan dening Purusha.

Upama kowe duwe pangira : Purusha iku napas kita, apa nyawa kita, uga kliru. Jer napas iku mung talining urip, nyawa iku mung pratandaning urip. Uga salah, yen kowe duwe pangira : kang sinebut Purusha iku tirta nirmaya utawa ma’ulhayat (aquaeductus sylvii), jer iku mung praboting urip bae.

Luwih-luwih sasare yen kang kok anggep Purusha iku angen-angen, rasa-eling, soroting mripat, lan liya-liyane maneh. Cekake aja kok goleki ana ing sak njabaning kita utawa sak njeroning kita !

34. MUDADAMA : Upama purusha iku kang kagungan sipat 20 kang wis dingendikakake kae (Bab I no. 21) ? Yen mengkono, hla rak iya Purusha iku kang nitahake bumi lan langit dalah isen-isene kabeh iki ?

Hla iku cocok karo sawenehing wedaran kang ngiyas: tembung “nitahake” iku ing nalikane kita  e l i n g  : gumelar pada sanalika (kun fayakun) ; ing nalika kita lali : sirna kabeh, kasebut kiyamat.

34. WREDATAMA : Purusha iku mula dasar nyata kang kagungan sipat 20 wajibe, lan 20 mokale, mau kae ! Mara rasak-rasakna, sipat endi saka 20 mau, kang dudu sipating Purusha ?

Nanging kowe mangertiya, Purusha iku  dudu  kang nitahake bumi lan langit dalah isen-isene iki.

Dene kang nitahake bumi  lan langit dalah isen-isene iki, kowe aja salah paham tak sebut asmane  Absolute   IK  utawa  Isywara.

Iswara iku, kejaba kagungan sipat 20 wajibe, lan 20 mokale, uga kagungan 1 maneh, yaiku sipat wenang (jais). Tegese wenang nitahake kabeh kang gumelar iki, uga wenang ora nitahake.

Dene kiyasane tembung nitahake kaya kandamu iku mau, trus terang bae mungguhing aku ………….… ora wani ! Rasane kok ya kaya pokrul-pokrulan (Bab. I No. 13)

Awit ngrembug ngono-ngono iku kudune aja mung wewaton akal lan piliran (dalil “aqli) bae, kudu gondelan unining kitab-kitab agama (dalil-“naqli). Mangka ing Qur’an nyebutake : Allahu alladzi chalaqa assamawati wa’lardla wamaa bainahuma fie sitiati syyaami (As Sajdah 4 Al Hadid 4 = Allah iku kang anitahake langit lan bumi dalah kang ana ing antarane ing sajroning nem dina).

Miturut ayat iki mau, tetela bathale paham eling; gumelar, lali sirna iku mau. Dene maksude lapel kun fayakun (anaha sira, mangka banjur ana pada sak nalika) iku sak temene mengkene:

Yen miturut angger-angger kudrating Pangeran kang wis gumelar iki, dadining kabeh kahanan iku mesti saka bebakalan. Nanging nalika sakawiting sakawit, disiking disik. Pangeran anggone nitahake kabeh kang gumelar iki  tanpa  bebakalan, mung sabda “kun” iku mau.

Menawa aku ora kliru kang duwe pangiyas kaya kandamu iku, ngolongane wong nekadake yen manungsa iku asal saka ‘adam (dudu Nabi Adam) kang tegese  suwung, dadi kalawan pribadi ,  sadurunge ana  Allah, malaekat, bumi langit, lan liya-liyane. Sebab jeneng-jeneng mau kabeh yasane si manungsa.

Mula bener jeneng-jeneng iku kabeh yasane si manungsa, …………….. nanging iktikad kang mengkono iku mungguhing aku : tak anggep rembug pokrul-pukrulan (Bab I No.13) aku ora wani temenan kae.

Dene iktikadku : Manungsa iku dijumenengi dening Purusha (Ikheid) kang kagungan sipat wajib 20 lan mokale 20. Hla kang nitahake langit-langit lan bumi iku Isywara (Absolite IK) kang kagungan sipat wajib 20, sipat mokal 20 lan sipat 1. Panjenengane iku jumeneng kelawan pribadi, serta pandamele kahanan kang gumelar iki kabeh : tanpa bebakalan.

35. MUDADAMA : Hla dalah, saiki aku ngerti, dadi kang sinebut Isywara iku sak jatine Pangeran Kang Maha Kuwasa, kang tembung Arab :  Allah. Hla Purusha mau tembunge Arab apa, lan apane Isywara ?

Karo dene maneh, kang uga ngagen tembung Ikheid lan Absolute Ik, hla iku apa ora pada tegese karo tembung Ingsun kang tak aturake mau (Bab I no,26,27) ?

35. WREDATAMA : Wah, wah, pitakonmu teka tirik-tirik, tur angel. Iya ta anggere ora kawohan sentiment bae !

Coba pikiren : upama tembung Purusha iku tak salini X, sarta tembung Isywara iku tak salini Y, rak iya ora ngowahake apa-apa, jer tembung-tembung utawa jeneng-jeneng iku kabeh,mung yasane si manungsa, ta ? Yen genah ora ngowahake apa-apa, pancena, Arab utawa dudu Arab iku ora perlu dadi soal.

Purusha lan Isywara iku tembung Sanskrit anggonku migunakake iku mung tak nggo tetenger  bae, kaya dene X lan Y iku mau,  supaya ora cawuh. Sebab yen migunkake tembung Arab, bok menawa agawe kisruhe penampamu, amarga Isywara iku ana ing Qur’an sinebut  Allah, hla Purusha iku ana ing Qur’an uga sinebut  Allah.

Coba tha wacanen kang teliti, banjur rasakna nganggo pikiran kang wening, kayata : kang mertelake Iblis iku satruning Allah, hla iku rak terang Allah-Purusha,  dudu  Allah-Isywara.

Sebab kakekate Isywara iku ra kagungan satru ora barang, jer kabeh-kabeh iku titahe Isywara piyambak. Iya apa ora ?

Hla yen Iblis ditembungake satruning Purusha iku : mula dasar nyata. Jer uwong kang manut panuntuning Iblis, tan kena ora,  mesti  ora kenal lan ora tunduk marang Purusha, iya dat Kang Maha Suci iku.

Dene Purusha iku ora liya yaiku …………..  wewayangane  Isywara. Poma-poma kowe aja salah paham : “wewayangan“ mono  dudu  cuwilan utawa plitikan, hlo !

Pangerten kang mentas tak kandakake iki mau, dek jaman wingi-wingi digawe wadi banget. Yen diwedarake sarana tulisan, tembunge diubeng-ubeng, ora diblakake. Yen anggone medarke sarana lisan, kudu tuk-tuk gatuk du batuk, tur mung cekak bae utawa dapur perlambang.

Iya pangerten iki mau sak jati-jatining maksude lapal laailaha illaallah muhammadur rosuulullah (ora ana Pangeran kejaba Gusti Allah, Nabi Muhamad saw. iku utusane Gusti Allah). Yen lapel mau diwuwuhi asyhadu anna (aku anakseni satuhune), aran kalimah syahadat  (= ucap-ucapan pasaksen), iya iku rukuning Islam kang “terdahulu dan terutama”

Anggone digawe wadi banget iku, kaya kang wis tak kandakake mau (Bab I no.26) jer pancen gawat keliwat-liwat. Awit saka kliruning penampa, bisa uga banjur ngaku ……………. Allah. Banjur ora perduli batal karam, lan nacad pernataning agama. Sebab pengirane “dosa” iku ora ana, anggere wis mati iya uwis “bar” mesti bali menyang asale.

Nanging kang ora liru panampae, amesti wuwuh bekti marang Pangeran, tumindake dadi wirangi (wira’i = kikrik, ora gumampang), asih marang sepada-pada,  rumangsa yen aku-kowe-deweke iku satemene ………..  siji. Sebab wis yaqin ing ndalem iman lan iktikade, yen Allah iku pranyata cedak luwih dening cedak, nanging ora gepokan, lan yaqin yen Allah iku pranyata nguningani saoba-osiking kawulane.

Anadene anggonku migunakake tembung Ikheid lan Absolute Ik iku, perlune ya mung kanggo mbedakake supaya aja cawuh iku mau. Yen kowe duwe penganggep tegese pada karo Ingsun, iya kena bae. nanging supaya aja cawuh, yen nganggo tembung “Ingsun” kudu diwuwuhi katrangan mengkene :

Ingatase titah : Ingsun iku tugase  dudu  sira. Nanging Ikheid (Purusha) iku : iya Sira iya Ingsun iya Deweke. Cekake Ingsun ora njaba ora njero, kang Maha Suci saka sipat anyar iki kabeh.

Dene Absolute Ik (Isywara) iku Ingsun kang ditekadake dening manungsa : Panjenengane iku kang nitahake, ngliputi, lan nguwasani gumelare alam iku, yaiku Maha Esa serta kagungan wewayangan aran Ikheid (purusha) mau.

Kepriye, bisa wuwuh terang, apa malah saya ruwet ?

36. MUDADAMA : Amit sewu, mas ! Ya sepira bae luputku aku nyuwun pangapura. Panjenegane ngendika Purusha (Ikheid) iku Allah kang mengku sipat 20 wajibe lan mokale, dene Isywara (Absolute Ik) iku Allah kang mengku sipat 20 wajibe, 20 mokale lan sipat wenang 1 . Yen mengkono, apa Allah iku luwih saka siji.

36. WREDATAMA : Kepriye dene kowe duwe panemu mengkono ? Aku mau rak wis kanda, yen Purusha iku mung “wewayangane” Iswara bae, ta?

Upama ing wayah tengange, ing satengahing alun-alun ana jembangan 1000 pada isi banyu kabeh, amesti siji-sijining jembangan ana “wewayangane” srengenge. Rak iya ta ? Apa kowe banjur ngarani yen srengengene loro, telu, utawa 1000 ? Iya kaya mengkono iku pepindane Isywara karo Purusha mau.

Hla siku mesti kowe wis bisa mangsuli dewe pitakonmu bab pada utawa orane : iktikadku karo iktikade wong kang ngucapake “Allah iku sak jatine ora ana liya kejaba Insun” mau kae (Bab I No.26). lan tak kiro kowe ora bakal salah paham marang unen-unenkang bokmenawa wis tau kok rungu, jalaran pancen popular (kerep kocap) banget. Lapale mengkene : waman ‘arafa nafsahu faqaq’ arafa rabbahum, waman ‘arafa rababhu faqad jahila nafsahu (= sing sapa weruh ing Pangerane temen-temen bodo ing ngelmu deweke iku).

Yen penampamu wis terang, banjur kepriye ? kang perlu luwihdening perlu iku ………………..  ber–amal  (tumindak), supaya banyu kang ana ing jambangan mau  bening. Sebab yen banyune butek, amesti wewayange srengenge  ora  katon. Dene yen jembangan pecah, muga-muga wewayange srengenge  ora kraket  ana ing krewenging jembangan, utawa ana ing banyune kang wutah beleberan.

37. MUDADAMA : Iya mas, yen bab Ingsun, kaya-kaya aku wis bisa mangsuli dewe. Cekake gumantung definisine (katrangan patokan) apa kang disebut nganggo tembung Ingsun iku. Apa Roh, apa Purusha, apa liyane.

Senajan kang disebut Ingsun iku Purusha, ewadene kudu mangerti, yen Purusha iku dudu Iswara, mung wewayangane bae.

Dene unen-unen kang mentas dingendikakake mau, senajan aku wis kerep krungu, nanging durung dong. Nyuwun dijelasake pisan.

37. WREDATAMA : Tak kira ya wis ngerti, mung kowe rada kuwatir bokmenawa kliru. Iku genahe mengkene :

Lapel waman ‘arafa nafsahu faqad ‘arafa rabbahu iku tumrap si jembangan isi banyu : sak mangsa bisa weruh Wewayanganing srengenge, wis cukup, prasasat wis weruh marang Srengengene. Pancen mung semono iku pantog-pantonging kaweruh Makripat. Utawa pepindane kaya dene si wayang, sak mangsa bisa ketemu karo Ki Dalang, wis cukup, prasasat wis ketemu karo Sing Nanggap kang munduti lelakon.

Teruse muni waman ‘arafa rabbahu faqad jahila nafsahu, iku tumrap klira-kliruning penganggep :  si jembangan isi banyu teka kepingin kepetuk karo Srengenge kang ana ing langit, si wayang teka kepingin ketemu karo Sing Nanggap kang ana ing Dalem mbri. Hla yen ketemu temenan ……….. regemeng-regemeng, tetep sasare.

Anadene iktikad kang ngaku Allah (kang akeh ora wani terang-terangan blaka suta) serta kang nekadake mati iku wis “bar” ora ana lelakon maneh (Bab I no.35) iku pepindane kaya dene si jembangan isi banyu kang mung nekadake anane Wewayangan srengenge tok,  ora  nekadake  anane Srengenge. Kepriye sebabe Wewayangan mau ana ing banyu jembangan, serta kepriye kedadeane sawise jembangan pecah :  ora  dadi pawigaten. Utawa pepindane kaya dene si wayang kang nekadake anane Ki Dalang tok,  ora  nekadake anane Sing Nanggap. Kepriye sebabe Ki Dalang iku mayang, lan kepriye sawise rampung pamayange :  ora  dadi pawigaten.

Iktikad mengkono iku iktikad madzhab (golongan)  Qadariyah  kang wis tak kandake mau (Bab I No.25). Bangsa kita kang rumangsa ahli Makripat, akeh kang duwe iktikad Qadariyah iku.

Kowe mangerti yen iktikatku  ora  kaya  mengkono iku. Upama Jembangan isi banyu, aku nekadake anane Wewayangan srengenge lan Srengengene. Upama wayang, aku nekadake anane Ki Dalang lan Sing Nanggap.

Nanging upama jembangan isi banyu, aku  ora  nekadake bisa weruh Srengenge kang ana ing langit : upama wayang aku  ora  nekadake bisa ketemu sing Nanggap kang ana ing Dalem mburi, kaya iktikade madzhab  Jabariyah. Bangsa kita kang ahli Sarengat lan ahli Sunnah, akeh kang duwe iktikad Jabariyah iku.

Saka keyaqinanku, sampurnane Kakekat lan Makripat iku kudu urut ngliwati tataran Sarengat lan Tarikat disik. Kosok baline yen ngliwati tataran Sarengat tok isih durung genep. Nanging serehning panemuning wong iku beda-beda, wong Kadariyah bok menawangarani iktikadku iku isih  gugontohan, kosok-baline wong Jabariyah utawa ahli sunnah bokmenawa ngarai aku iki ………..  kapir. Kang mengkono mau : sumangga kersa, pangarem-aremku y aura-ura bae mengkono mau : sumangga kersa, pangarem-aremku ya mung ura-ura bae mengkene (dandang gula) :

Langkung nuwun Kanjeng Sunan Kali, atur sembah sarwi ngaras pada,  nJeng Sunan Benang sabdane, yayi den awas emut, aja kongsi kawedar nglati, iku sabda Larangan, yen kawedar ngurungu, mring sagunging kang tumitah, yen mangerti dadi manungsa sejati, kapir kapur sampurna.

Hla kepriye bae iktikade, kang perlu luwih dening perlu iku  ……… tumindak, ora cukup ngerti tok. Aja gumampang. Awit mung sarana tumindak iku, kang bisa awoh rasa nikmat lan rasa begja, ing sajroning isih urip ana ing ngalam dunya iki, lan ing nalika arep tinggal ngalan dunya iki, lan sawise ninggal ngalam dunya iki.

Wasana welingku marang kowe :

Yen kowe ora (durung) cocog karo andaran iki, kowe aja duwe pangira, yen aku bakalgeting ing kowe. Sebab cocogmu utawa ora cocogmu iku, ora bakal nyuda utawa muwuhi apa-apa tumprap anggonku leladi marang Pangeran.

Hla yen kowe cocog marang andaran mau pamrayogaku :

(1) Yen kowe wis nindakake sarengat, temenana, aja banjur ngowah-owahi. Yen durung, becik nindakna, agama apa kang kok senengi. Sarengat iku dadi “pendorong” kang wigati ingatase gegayuhanmu.

(2) Gegebengan mau aja kok anggo geguneman  p a d i m a n , sebab ora ana paedae babar pisan tumrap kowe lan tumrap kang ngrungu. Dene yen ana kang miwiti ngajak rembugan, iya ladenan, nanging yen sulaya gegebengane : kalahana bae. aja demen bebantahan ngelmu, tiwas tuwas, pada dene ora bisa mbuktekake ing benere. Dene yen kanane katon arep marang gegebenganmu, nanging durung pati jelas, iya jelas-jelasna, aja demen ngumpetake ngelmu. Aweh tekan wong kelunyon iku kalebu panggawe utama.

Wis, saiki kowe ngasowa disik !

38. MUDADAMA :  Pancen aku arep nyuwun penjelasan bab kalimah syahadat, serta bab si wayang kang kepingin ketemu karo sing Nanggap mau, mas, awit umume pancen mengkono. Nanging sarehning penjelasane kiraku rada dawa, mulane tak sabarke sesuk sore bae. saiki aku mung arep nyuwun keterangan setitik baba dawuhe kangmas iki mau.

  1. Ora prayogane dianggo paguneman padimman iku : mung sebab ora ana paedahe bae, apa satemene ……….. ana  halate ?
  2. Kepriye, ingatase barang bener teka ora kena dibuktekake ?
  3. Apa kita iki ora kuwajiban nular-nularke ngelmu kang miturut keyaqinan kita : gede paedahe ?

38. WREDATAMA : Aku manut bae : penjelasane kalimh syahadat lan bab sijine mau disabarake sesuk sore. Nanging kowe ngertiya, babagan iktikad iku  ora  adedasar panemu umum,  ora  kumudu menang stem, hlo !

Dene pitakonmu I, II, III, iki mau panemuku mengene :

Wangsulane pitakon I. Temung halat iku ana werna loro, yaiku :

a.  “halat” kang pada karo tembung jawa “walat” iku tegese  tula h  sarik. Hla iku ora ana walate setitik-setitika. Ngelmuning Pangeran iku ora ana kang nyebabake tampa tulah sarik (kuwalat), tumprap kang guneman utawa kang ngrungokake.

Ewa semono, ngandakake gegebengan secara terang-terangan mengkene iki, tetep ora prayoga dianggeo padiman, lire marang sadengah bae. kudu nganggo pilih-pilih : karo sopo anggone guneman.

b.  “halat” kang asal saka tembung Arab “ghalath” iku tegese  kekliruwan. Hla iku mula bener, saka bodone kang ngrungu utawa kang celatu, bisa nyebabake anane kekliruwan, kayata banjur ……… ngaku Allah iku mau.

Wangsulane pitakon II. Barang bener lan nyata, nanging ora kena dibuktekake, iku rak dudu perkara kang aneh ta ? apa kowe bisa mbukekake anggonmu ngimpi munggah pangkat, senajan bener kowe ngimpi mengkono ? apa kowe bisa mbuktekake lalimu anggonmu semayan, senajan nyata kowe lali temenanan ?

Dene kapercayan (iman) lan gegebengan (iktikad) mungguhing ngelmu iku, kang diarani bener : yen nganggo waton werna loro :

a.  dalil   naqli  (= nukil = metik ) tegese awewaton petikan wewarahe kitabing Pangeran. Nanging sarehning wewarah mau akeh kang dapur pralambang utawa pepindan, mulane panyurasane ora kabeh kudu ditampa letterlijk (apa anane).

b.  dalil  ‘aqli  (akal pikiran), tegese kang bisa disakseni dening akal pikiraning manungsa, kang bebas saka pengaruh. Hla akal pikiran iku werna-werna dasare lan ukurane, mulane uga beda-beda panemune.

Coba pikiren : selagine pada dene nganggo waton werna loro bae, tinemu beda-beda. Apa maneh yen kang siji nganggo waton werna siji, siji maneh tanpa waton babar pisan …………. Hla mesti ora pada panemune !  mangka siji-sijine ora bisa mbuktekake benering panemune iku, kaya dene ora bisane anggone mbuktekake benere “ngimpi” lan benere “lali” mau kae.

Wangsulane pitakon III. : yen miturut ilmu jiwa kang tembange manca psychologie, kudrate manungsa iku kanduningan watak golek kanca. Dadi anggone nular-nularake ngelmune kang kinira maedahi marang liyan, iku ora liya iya mung katarik saka wewatekane anggone golek , ………, ………., kanca, iku mau. Hla ngelmu kang kinira maedahi mau, tumrap kang nularake, nganggep bener lan becik, nanging golongan liya bisa uga nganggep ora bener lan ora becik.

Upama ngelmu kang ditular-tularke iku golonganing manungsa kang sabageyan gede banget nganggep bener lan becik temenen kae, paedahe ora liya iya mung …….. tumrap uripe bebrayan ana ing ndunya iki. Babar pisan ora kalebu sarat mutlak anggone kumawula marang Pangeran, tegese  dudu  penggaweyan wajib. Dene kang aran penggaweyan wajib tumrap kita iki : mung kang didawuhake ing Qur’an : wamaa chalaqtu aljinna walinsa illaa liya ‘bubuuni (Adz Dzariyat 56 = ora nitaheke Ingsun jin lan manungsa, kejaba supaya pada nindakake ngibadah).

Dene kang nedya nular-nularake ngelmune ke-Tuhanana, kalebu bab ngibadah iku mau, dawuhing Qur’an mengkene : wamaa anta bihaadie al’umyi’an dlalaalatihim intusmi’u illa man’yuu-‘minuu biayaatinaa fahum muslimuuna ( An Naml 81 =  o r a  bisa aweh pituduh marang wong wuta atine amarga sasare, lan sira kejaba wong kang percaya marang ayat-ayatingsun lan sumarah marang Ingsun iku kang gelem ngrungokake).

D a d i  : nular-nularake iku iya kena bae. Nanging yen wis genah  diarepi. Rembugan karo sapa bae, kanggo ngundakake kaweruh lan ngresikake panemu, iya apik, nanging bebantahan “rebut bener”  aja  !

Wis saiki ngasowa, aku uga ngaso. Sesuk sore dibanjurake.

TAMAT

Sumber :
Buku KUNCI SWARGA (mifttahu’l jannati), Dening  : FAQIER ‘ABDU’L HAQQ : BRATAKESAWA, Cap-capan kaping VIII, Kawedalaken Keluarga Brotokesawa Yogyakarta.

SERAT SAPALA


Punika Serat Sapala Kawujudanipun Saperangan Ringgit Madya ing Surakarta

Bageyan 1 : Simpingan Tengen

  1. Gandarwa RAJA KARAWU. Narendra ing Parswasta, sumitranipun Prabu Kusumawicitra. Kawujudanipun: Dedeg ageng inggil kados Bima, praupan gusen kados Dasamuka, mawi topong kethu Karna, ngore rikma gimbal dumugi wadidang, mawi acecawet kampuh poleng, tanpa pancanaka. Punika ringgit Madya Yasan MN IV.
  2. Prabu RAJA SINDULA. Narendra ing Mendangkamulan, ramanipun Prabu Dewatacengkar. Kawujudanipun : Dedeg ageng inggil kados Suyudana wanda Jaka, mawi mekutha, jenggot wok, ngore tiga tumumpang pundak. Mawi sampir, rampekan clana cekak, ngagem gamparan/cripu. Punika ringgit Madya ingkang Yasan MN IV.
  3. Harya BANDUNG. Putra ing Pengging, atmaja Raden Darmamaya satriya ing Salembi. Kawujudanipun: Dedeg ageng inggil kados Bratasena, jamang sinom, mawi gruda dhara, ngore dumugi wadidang, rampekan clana cekak tanpa keris, punika ingkang gembleng, punika ringgit Madya ingkang Yasan MN IV. Ingkang badan cemeng jamang bathukan, mawi sampir, ngore tiga tumumpang pundhak, rampek kerisan. Punika Ringgit Madya ingkang Trunadipan.
  4. Harya ANTAWIRYA. Senapati Ngastina jaman Prabu Gendrayana, wayahdalem Patih Danurwenda. Kawujudanipun: meh sami Bandhung ingkang cemeng, kaot boten grudhan, boten sampir, saha jamang sinom, awak gembleng. Punika ringgit Madya ingkang Trunadipan.
  5. Raden BRAJASENA, Senapati Ngastina putra Raden Gathutkaca. Kawujudanipun kados Bratasena, mawi jamang sinom, sumping panjang, boten mawi kuku, rampekan. Punika ringgit Madya Klatenan, yasan Ki Harjasutikna.
  6. Prabu BIMASENDRA. Ratu Trajutrisna anak turunipun Prabu Bomanarakasura. Wontenipun nalika lampahan Jayabaya Rabi, badhe ngayunaken Dewi Sara. Kawujudanipun : Dedeg sami kaliyan Danaraja, mawi topong, sumping panjang gajah ngoling tumumpang pundhak. Praupan gagah kados Gathutkaca, rampek clana panjang. Punika ringgit Madya ingkang Trunadipan.
  7. Prabu BAJRAPATI. Sentana Ngastina, turunipun Gathutkaca. Kawujudanipun : kados Gathutkaca wanda Guntur, tanpa praba, ngore tiga tumumpang pundhak, rampekan clana panjang. Punika ringgit Trunadipan.
  8. Prabu WIRASENA. Narendra Tunggulmalaya, wayahipun Raden Gathutkaca. Kawujudanipun : Kados Gathutkaca tanpa praba, grudhan ageng, sumping gajahngoling. Mawi kalung ulur, rampek clana panjang. Punika ringgit Yasan MN IV.
  9. Harya SANJATA. Senapati ing Yawastina. Kawujudanipun : kados Antasena Sala, rampek clana panjang. Kalung penanggalan. Ringgit Yasan MN IV.
  10. Harya KALANTAKA. Senapati Yawastina, kadangipun Harya Sanjata. Kawujudanipun : kados Antasena Sala, ngore bundhel kados Patih Udawa. Rampek clana panjang, kalung penanggalan.Ringgit Yasan MN IV.
  11. Adipati HARYA TENGGER. Pepatihipun Prabu Dewatacengkar. Kawujudanipun : Kados Duryudana, mawi ngore Udawa, jenggot wok, boten praban. Klamben teni lengen panjang, rampek clana panjang. Ringgit Yasan MN IV.
  12. Patih SUTIKNA. Putranipun Harya Dwara ing Ngastina, sumulih kalenggahan Patih. Kawujudanipun : kados Gandamana mawi ngore setunggal tumumpang pundhak, rampekan clana panjang. Ringgit yasan MN IV.
  13. Harya MAODARA, rayinipun Prabu Gajahsinga, benjang teluk dados sentananipun Prabu Jayabaya. Wujudipun kados Jayadrata tanpa praba, mawi ngore bodhol tiga, rampekan.
  14. Prabu BUMIPALA. Putranipun Prabu Sariwahana ing Yawastina, lenggah wonten ing negari Trajutrisna. Kawujudanipun: kados Raden Krepa, nanging mawi ngore bodhol tiga. Kalung ulur, rampekan jangkep clana panjang. Praupanipun pinulas prada. Ringgit Yasan MN IV.
  15. Prabu JAYAPURUSA. Inggih Prabu Jayabaya duk rikala dereng angelun praja Yawastina. Kawujudanipun: kados Harjuna nanging mawi gelung keling. Sandhangan prabot komplit mawi sampir, rampekan clana panjang. Punika ringgit Yasan MN IV.
  16. Prabu JAYABAYA. Kawujudanipun: kados Rama ngore tanpa praban, sampir, rampekan clana panjang. Ringgit Madya Trunadipan.
  17. Prabu SARIWAHANA. Kawujudanipun: kados Prabu Jayabaya ing nginggil, ananging kaot sumpingipun gajah ngoling, tinutupan rambut ngore abimanyu, tur sepaton. Dene praupanipun radi nglangak kados Kresna wanda Rondhon. Ringgit Madya Kasunanan.
  18. Prabu PANCADRIYA, narpati ing Pengging. Kawujudanipun: Kados Kresna mawi ngore tiga, tanpa praban, rampek clana panjang. Ringgit Madya Trunadipan.
  19. Prabu GENDRAYANA, narpati ing Ngastina. Kawujudanipun: Kados Bambang Sekutrem, mawi rampek, gelungipun buntet. Ringgit Madya yasan MN IV.
  20. Prabu JAYALENGKARA, narpati Medangkamulan pungkasan. Kawujudanipun: Kados Prabu Yudhistira. Mawi sampir, grudhan alit, rampekan cara satriya. Ringgit Madya yasan MN IV.
  21. Prabu YUDAYANA. Narpati ing Ngastina. Kawujudanipun: Kados Prabu Pandhu Praban, nanging rampekan. Punika ringgit wekasan ingkang Praban, wonten ing kothak Madya Kasunanan.
  22. Prabu JAYA HAMIJAYA. Wujud kados Rama makuthan, sumping panjang boten ngore, boten praban.
  23. Prabu ARIDHARMA. Inggih Anglingdharma. Wujudipun kados Parikesit Makuthan, ngore tumumpang pundhak, sumping gajaholing, mawi sampir, rampekan clana panjang. Jamang sinom, praupan pinulas prada. Punika ringgit Madya Yasan MN IV.
  24. Prabu ASTRADHARMA. Pambarep Yawastina, seda dening Prabu Jayabaya. Kawujudanipun meh sami kaliyan Aridharma, kaotipun tanpa ngore. Punika Yasan MN IV.
  25. Prabu KUSUMAWICITRA, inggih Prabu AJI PAMASA. Kawujudanipun: kados Rama, luruhipun sanget, mawi ngore Udawa, rampek clana panjang, praupan prada. Yasan MN IV.
  26. Prabu YUDAYAKA, inggih SUDARSANA. Kawujudanipun: kados Rama, ngore abimanyu, jamang bathukan pulas rai prada, sampir. Punika Yasan MN IV.
  27. Prabu GANDAKUSUMA. Putranipun Prabu Anglingkusuma. Kawujudanipun: Kados Parikesit Ratu, nanging sandhanganipun irah-irahan topong karna. Dodot rampek, praupan prada. Yasan MN IV.
  28. Raden JAYA AMIJAYA, inggih Harya JAYAJAYA, putra Prabu Jayabaya. Wujud kados Harya Prabu rampek. Punika Ringgit Madya Sala, koleksi Museum Wayang Ngayoja.
  29. Raden ANGLINGDHARMA, wujudipun kados Puntadewa Nom, sumping gajaholing, jamang sinom mawi kalung ulur. Ringgit Yasan MN IV.
  30. Raden SUDARSANA. Wujud kados bambang Wijanarka, rampek. Ringgit Yasan MN IV.
  31. Raden GENDRAYANA. Wujud kados Bambang Irawan, rampek. Ringgit Yasan MN IV.
  32. Raden GANDAKUSUMA, wayah Prabu Anglingdharma. Wujud Kados Parikesit Nom, rambutipun ginulung minggah tumumpang pundhak kados tiyang beksan Golek mawi gelung gondhel, kalung ulur, rampekan. Yasan MN IV.
  33. Raden DARMAMAYA, putra Salembi. Wujudipun katongan luruh, mawi sinom. Sumpingipun mawi oncen tumumpang pundhak. Tropong Karna, ngore parikesit, praupan cemeng, kalung ulur. Mawi jenggot kretepan setunggal kados Yamawidura, rampek clana panjang. Punika ringgit Madya Surakarta, tedhakan Kasunanan, koleksi Museum Wayang Ngayogya.
  34. Raden JAKA KANDHUYU, ing benjang dados Prabu Jayalengkara. Kawujudanipun amung Bambangan Alit, luruh praupanipun, ngore kados Parikesit, sumping waderan, sandhangan kados tiyang dhusun (jarik suwelan) tanpa prabot. Ringgit Yasan MN IV.
  35. Raden JAKA JUGULMUDHA, ing benjang dados patihipun Prabu Jayalengkara. Kawujudanipun kados Leksmana Mandrakumara, kaotipun menawi Leksmana punika ketingal pasemon bodho, menawi Jugulmudha pasemonipun gagah, esmu ladak. Tanpa brengos, praupan jambon. Prabot sami kaliyan pun Kandhuyu. Ringgit Yasan MN IV.
  36. Empu PUYWA, saking tanah Jamurdwipa utawi India, suwita Prabu Jayabaya. Kawujudanipun kados Narayana, nanging rambut ingudhal kados Bargawa. Sampir, tanpa clana panjang. Ringgit Yasan MN IV.
  37. Dewi JONGGRANG. Putri ing Prambanan. Kawujudanipun langkung ageng tinimbang Banowati, ngore gendhong, mawi oncen-oncen dugi dhadha. Praupanipun luruh. Punika yasan MN IV.

Bageyan 2: Simpingan Kiwa.

  1. Kawujudan Denawa RATON SRAMBAHAN, ngore udhal, praupanipun kados Yamadipati. Pinulas sawo mateng, punika Ratu Buta Srambahan, kagem Raja Gandarwa. Yasan MN IV.
  2. Denawa RATON SRAMBAHAN ingkang Trunadipan, mripat klekepan, ngore tiga, tanpa kalung, rampek tanpa keris, gusen kados Dasamuka, awak-rai sawo mateng.
  3. Prabu KARUNGKALA ing Prambanan, wujud Kumbakarna wanda Jaka tanpa praba, ngore tiga, rampek kacawetaken mawi keris. Punika ringgit Trunadipan.
  4. Prabu BAKA inggih DARMAMOHA, wujudipun kados Prabu Karungkala, kaotipun mawi sinom. Punika ugi ringgit Trunadipan.
  5. Kawujudan Denawa Raton tropong kethu, klamben, mripat tiga. Mripat klekepan, irung Janma, gusen ngetingalaken untu sisih nginggil kados Kangsa. Awak rai pinulas sawo mateng, dhodhot Jangkahan. Punika Gandarwa Raja WRAHASPATI, yasan MN IV.
  6. Gandarwa SRAMBAHAN, kangge pepatihipun, ugi klamben. Praupan sami kaliyan ingkang nginggil, amung mripat kalih. Rambutipun ginimbal kados Brahala, nanging dipun tatah gubahan, pinulas cemeng. Punika ringgit Madya yasan MN IV.
  7. Prabu PALGUNA, rayinipun Resi Buddha ing Widarba. Wujud Ratu Denawa tropong Karna, ngore tiga, rai gajah. Punika Yasan MN IV.
  8. Prabu MANGGAKALA, rayinipun Resi Buddha ugi. Wujud ratu denawa tropong Karna, ngore tiga, rai macan. Punika Yasan MN IV.
  9. Prabu SUWELACALA, inggih SELACALA, narpati Mendangkamulan, wujud Dasamuka Topong Karna, mawi ngore ngudhal rikma tanpa praban. Tangan setunggal, rampekan tanpa keris. Punika Yasan MN IV.
  10. Prabu DEWATACENGKAR, narpati Mendangkamulan. Wujud kados Kangsa mawi Tropong Karna, mbodhol rikma, klamben werni ijem, mripat Suluhan (Dhondhongan mawi tlapuk), punika ringgit Madya yasan swargi R. Harjasutikna, Jombor, Klaten.
  11. Prabu SANCAYA, ratu Nusarukmi. Pejah nalika tandhing prabu KUSUMAWICITRA. Wujud Prabu Baladewa, ngore parikesit tanpa praba, rampek. Punika Yasan MN IV.
  12. Patih JUGULMUDHA ing Medangkamulan. Kawujudan kados Jayadrata, ngore tiga, mawi sinom. Praupan jambon, tanpa praba, sumpingipun mawi oncen. Rampek clana panjang. Punika Yasan MN IV.
  13. Ki BANDAWASA, Prajurit Prambanan ingkang mbedhat, dados begal. Wujudipun Kados Rajamala, kaot boten breset. Kalung slendhang kados Patih, namung jamang sinom. Sandhangan prasaja, jangkahan cothang kunca setunggal. Punika Yasan MN IV.
  14. Prabu DORADRESANA. Narpati Banjarjunut, putra Prabu Sariwahana. Wujud kados Burisrawa dipun sandhangi mawi Topong, ngore tiga, jenggot wok. Kalung ulur, rampek clana panjang. Punika Yasan MN IV.
  15. Prabu DIPANATA ing Salembi. Kados Basudewa mawi sumping gajahngoling, rampek mawi kalung ulur. Punika ringgit Trunadipan.
  16. Prabu DANURWENDA ing Kertanegara. Kados Kresna nanging sinom, rambut gendhong, rampek clana panjang, praupan jambon. Punika ringgit Trunadipan.
  17. Prabu ANGLINGKUSUMA, kados Parikesit nanging topong Karna, ngore abimanyu. Punika ringgit Trunadipan.
  18. Raden PUTRAKA, putra Prabu Sariwahana. Wujud kados Bambang Sumantri mawi sumping gajahngoling, praupan jambon. Punika ringgit yasan MN IV.
  19. Harya BATHIK MADRIM, pepatih ing Malawapati. Wujud kados Drestajumena ngore tiga, rampek mawi kalung ulur. Punika ringgit yasan MN IV.
  20. Harya SASANA, wayah Dursasana. Wujudipun kados Dursasana nanging dedegipun namung alit, boten jenggot. Rampek kalung ulur. Punika ringgit Madya Mangkunegaran. Menawi ing Kasunanan lajeng kaewahan rupinipun dados bagus, awit kerep kangge perang kembang.
  21. wonten SASRA WOK, nanging rampek, ngore tiga tanpa praba. Punika kangge srambahan Ratu Sabrang. Yasan MN IV.
  22. wonten malih kados KARTAMARMA, nanging topong Karna, grodhan alit, ngore tiga klamben, jenggot wok. Praupan pinulas prada, punika kangge srambahan ugi. Yasan MN IV.
  23. Prabu NGUSMANAJI inggih Prabu KUSUMAJI, narendra Bani Israel, gurunipun Prabu Ajisaka. Menawi boten kalentu punika inggih kawujudan, rupi kados Prabu Kresnadipayana, mawi ngore kados abimanyu. Sinungging praupan prada, mawi klambi lengen panjang tur sepaton. Punika mapan ing kothak Madya Yasan MN IV.
  24. Prabu Jayabaya anggadhahi PANAKAWAN, wujud cebol. Praupan nglangak, rainipun kados tiyang, mripat kedhelen mawi brengos lemet. Sinandhangan topong kados sentana, mawi kalung ulur, rampekan. Punika dipun yasakaken kothak piyambak sami kaliyan Prabu Jayabaya.
  25. Prabu RAJA TUNGU, kawujudan kados Boma Encik nanging ngore tiga, tanpa praba. Rampek clana panjang. Punika ringgit Trunadipan.
  26. Kawujudan kados BOMA ENCIK jenggot wok, pogog ngore udhal, rampekan, praupan coklat. Dereng kadenangan.
  27. Kawujudan kados BASUDEWA mawi serban, tanpa praba, rampek, mawi sampir. Dereng kadenangan.
  28. Kawujudan kados Kakrasana rampek, punika Harya JATHAWIDHA.
  29. Kawujudan kados Narayana rampek, rai gembleng, dereng kadenangan.
  30. Kawujudan kados Pragota mawi tekes centhung, dipun sukani ngore. Punika Harya SUBALA, trah Dursasana.

Wuwuhan gambar :

  1. Buta rai Macan, lanang-wadon, rambutgeni. Punika kangge perang kembang malihan Dewa.
  2. Kados Narayana mawi gelung keling, jamangan. Tanpa ngore, mawi kalung ulur. Punika Bathik Madrim (?)
  3. Kados Patih Dwara nanging kalung ulur, rampekan. Bokmanawi Patih Rajakandhi (Malawapati Nom).
  4. Kados Drestajumena mawi ngore tiga, kalung penanggalan, rampek. Bokmanawi Patih Bathikmadrim ugi.
  5. Wonten kados Parikesit Nom rampek, nanging rambutipun ngore setunggal ing pundhak. Praupan gembleng, jamang bathukan. Bokmanawi punika Raden Sariwahana.
  6. Wonten ingkang kados Parikesit Nom wantah, grudha alit, rampekan. Putran?
  7. Wonten ingkang kados Pancawala wantah, gelung bundhel, mawi rampekan clana cekak. Jaka Kaneraras utawi Kandhuyu?
  8. Putren kados Sembadra Rimong
  9. Putren kados Jembawati Makutan
  10. Putren kados Setyaboma Makutan
  11. Putren kados Banowati Rimong
  12. Kados Kusumawicitra nanging mawi sampir, praupan gembleng
  13. Kados Prabu Kiritin, ngore Rama, rampekan.
  14. Anglingdarma nom mawi kalung ulur.
  15. Anglingdarma nom mawi kalung penanggalan.

Saking buku sanes:

  1. Kados Sucitra nanging kalung slendhang, rampek, punika patih SUNJAYA ing Yawastina.
  2. Kados Prabakusuma rampek, kalung ulur. Dereng kadenangan.

Sejatosipun taksih kathah ingkang dereng sinerat ing ngriki, awit cacahipun ringgit madya setunggal kothak punika dumugi 353 iji. Ewadene gandheng taksih winatesing seserepan, amung sakedhik ingkang nembe saged sinerat ing layang punika. Dene aliya saking punika, wonten katrangan-katrangan ingkang magayutan kaliyan Ringgit Madya punika, kados makaten:

  1. Ing salebeting Ringgit Madya yasan MN IV punika wonten cak-cakan ingkang nyalawadi: dene salebeting ringgit Madya nanging ing simpingan tengen kok mawi kawewahan wujud Petruk Ratu, jamang sinom jenggot wok mawi rampek. Tangan wingking mbithi mawi kuku pancanaka, ketingal gagah birawa. Kamangka ringgit Madya Mangkunegaran panakawanipun sanes Semar, Gareng Petruk, ananging Badhos, Badhagos kaliyan Badhali, ki Capa kaliyan Capi.
  2. Ing ringgit Madya yasan Kasunanan, sedaya jawatanipun mawi tropong Karna. Dene manawi ing ringgit Madya Yasan MN IV taksih sami kaliyan ringgit Purwa. Kajawi Bathara Bayu ingkang malih ngagem topong Karna.
  3. Ringgit Madya MN IV, wujudipun ringgit kadewatan babon cengkokipun sami kaliyan kagungandalem ringgit Kyai Sebet.
  4. Ing ringgit Madya punika, golongan danawa kabage kalih: ingkang danawa wantah sami kaliyan ringgit purwa, saking Santana dumugi Punggawanipun, dene ingkang danawa alus utawi Gandarwa punika racak sami praupan tiyang kados Yamadipati.
  5. Ing ringgit Madya MN IV, miturut swargi R. Sutrisno wonten dhudhahan arupi naga raja gelung keling. Bok manawi punika kangge mujudaken Raden JAKA LINGLUNG putra Prabu Widayaka inggih Ajisaka.
  6. Ringgit Madya Kasunanan punika wiwit cariyos saking Prabu Yudayana, wujud Rama mawi Praban. Dene ingkang Mangkunegaran miwiti kandha saking Gendrayana, dados Prabu Yudayana lan punggawa Ngastina kados Patih Janurwenda, Patih Dwara, lan sanesipun, sami boten wonten.
  7. Wujud MAYANGKARA, manawi ing Kasunanan rupi Anoman tuwa, dedeg ageng inggil, tutukipun mingkem, mawi jenggot wok, untu papak, serbanan. Dene menawi wonten ing Ringgit Trunadipan, wujudipun taksih Anoman wantah, rambutipun sinungging klawu, dene kaotipun mawi sampir tur dedegipun ageng inggil.
  8. Sanesipun ringgit Madya Kasunanan lan Mangkunegaran, wonten ringgit Madya ingkang sumebar ing bebrayan ageng, yasanipun sawargi Ki Harjasutikna, ing Gondangwinangun, Klaten. Cirinipun ugi rampekan, ananging benten wujudipun kaliyan yasan karaton, mila lajeng kathah ringgit ingkang nyele, mrogan enggal boten ndherek babonan kraton. Manawi anut kaliyan cara punika, lajeng wonten paraga kados Raden Brajasena anak Gathutkaca lan sanesipun, ingkang boten kawujudan ing ringgit Kyai Madya punapa dene Madya Kasunanan. Sedaya ringgit punika mawi tandha Garudha Mungkuripun rai methok kados Mangkara. Sak surudipun Ki Harjasutikna, lajeng sami boten kalacak icalipun, sumebar dhateng pundi-pundi, kinukub dening para dhalang ing sakiwa tengening Klathen.

@@@

SERAT DARMOSONYA


® PUPUH 01 ®
DHANDHANGGULA

01. //Lamun sira iku den takoni / nora weruh ya sira tutura / yen during wruh satuhune / aja nyana sireku / abecike tekatireki / yen tan marga sekawan / dalil kadis rasul/ kiyas kalawan ijemak / yen anyana becik liyan marga saking / sekawan dadi kopar//

02. //Marganing asili tan liya sa king / dalil kadis kiyas lawan ijmak / kang maido kapir gedha / kalamun ana ngelmu / nora meta ing catur margi / yekti ngelinuning setan / singkirna den gupuh / kang wajib ginawe pejah / pan sekawan prakara yen kang winarni / iman tokid makripat//

03. //Ping pat Islam sampurnaning nenggih / ingkang iman punika pan ana / semara-kandhi pecahe / sanbayan tesdik iku / ana dene tegese tokid / tunggal lah aja sira / anyana ing kalbu / yen ana roro Pangeran / batik sira anyana among satunggil / kang agung tanpa sama//

04. //Pan wus kocap ing sajroning tapsir / luwili saking gegedlien ing dosa / wong aroro Pangerane / kapir mosrik ranipun / sampurnane kang ponang toki / aja sira rumangsa / ing dhirinireku / andarbeni polah-tingkah / aja sira rumasa yen duweni / pangucap lan paningal//

05. //Pangambu lan pamirsanireki / rupa saha yen titahing suksma / yen ana ta manungsane / kang rumangsa puniku / anduweni polah pribadi / pangucap lan paningal / pangambu pangrungu / rumasa ta dhewekira / kapir mosrik kadariyah iku dadi / langgeng aneng neraka//

06. //Tegese kang mahripat winami / nenggih waspada ing paningalnya / dating Pangeran jatine / yen sira ayun luhung / awas tingalira Hyang Widi / ngajiya kitab Durat / bayan tesdikipun / tegese Islam pan pasrah / ing Pangeran paraboting pasrah nenggih / angajiya ing kitab//

07. //Shitin-mIsa ilmu karat malih / sujak makali ibnu kajar / kunari anwar malihe / bayan patawi iku / istilapilmad abngajid / mutada lawan akrar / mustaal mahriru / samya kitab pekih ika / pan sadaya prabote pasrah ing Widi / caritane ing kitab//

08. //Kitab iniahol lan tashil / wajib wong mukinin samya ngajiya / sarap kalawan midkale / sagunging ingkang nahwu / mantek ngurul nungkayali sami / nahwu kinarya macah / akene tyisipun / wajib padha sembaliyanga / ing wong makmin tatkalanira ngabekti / tan kowang yen tall mangan//

09. //Wajib mangan sadayeki / ing sagunge rijeki kang kalal / mrih kuwata ibadahe / utawi ta pikukuh / ing wong Islam limang prakawis / dhingin maca sahadat / kaping kalihipun / asalat limang wedalan / kaping tiga asung jakat-pitrali nenggih /  ping pat siyam ramelan//

10. //Kaping limane pan munggah kaji / marang kakbatolah yen kuwasa / iya marang dedalane / lire yen darbe sangu / lawan padhang ingkang nyukupi / yen mangkat mantuk sira / lamun mangkaneku / wong Islam ameh kwajiban / angulati sandhang-pangan sangu kaji / kang betah sa king mekah//

11. //Jroning kitab subah sampun angling / nenggih sampurnane ingkang iman / wong ingkang semen kalbune / ngandel nern prakareku / ingkang dhingin ngadek Hyang Widi / lan ngandel malaekat / kang ping tiganipun / angandel ing kitab Kuran / wong ingkang ngandel ing Kuran iki / lan ngegungna ing Kuran//

12. //Litman asih ing Kuran wong mukinin / dadya asili ing kitab sedaya / duk ing Kuran sadurunge / tunggal lan Kuran iku / ping pat ngandel ing para Nabi / ngandel ding kiyamat / kaping nenemipun / ngandel pepesthening litah / andhap dhuwur gedhe cilik ala becik / pan saka ing Hyang Suksma//

13. //Wong angandel ing Hyang Suksma nenggih / asiha sira marang Hyang Suksma / ngegungena Pangerane / kalamun sira ayun / winales sihira Hyang Widi / anuta Nabi data / dadi to sireku / kinasihan ing Hyang Suksma / wong angandel ing Pangeran kang linuwih / waspada ing Hyang Suksma//

14. //Yen Pangeran iku pasthi urip / ing uripe tan kalawan nyawa / langgeng tan keneng patene / lan den awas sireku / yen Pangeran pasthi udani / ing rat Paramudita / kawengan sadarum / jroning Kuran angandika / sayektine Pangeran luwih udani / saosiking wardaya//

15. //Lan den awas sira dena eling / yen asih iku luwih kuwasa was agawe ngalam kabeh / lan kanane Hyang Agung / beda lawan kawula iki / lamun aria gawean / lawan karsanipun / lan den awas malili sira / lamun Allahtangala iku tan jisim / alus tan jisim wadhag//

16. //Jaline beda lan mantingseki / kawula pan sami jisim wadhag /  malaekat Jim lan Setane / kang sami jisim alus / lan den awas sireku malih / yen roh apas lan papas / tan apas lan opus / iku pan dudu Hyang Suksma / pan sedaya kinarya Bening Hyang Widi/ wong bodho kang satengah//

17. //Amangeran kang gumebyar mijil / saking kekonangireng makripat / den arani Pangerane / amikir rasa tuhu/ den arosa sira angaji / ing Durat raosena / mural maksudipun / lan den awas malih sira / yen Pangeran pasthi amyarsa ningali / mring alam samadya//

18. //Aningali pribadinireki / amiyarsa ing piyambakira / tan /wuta tuli jatine / sugih elmu Hyang Agung/ nora lawan akal Hyang budi / aningali tanpa netra / pamiyarsanipun / sayekti tanpa talingan / angandika Hyang Sukma datanpa lathi / tan lesan tan suwara//

19. //Nora lawan kurup linging Widi / nora kena/bisua Hyang Suksma / langgeng salaam-lamine / tan soda datan wuwuh / beda lawan kawula iku / gesang pejah sadaya / andhap nuli luhur / lara aNuh kepenak / asat agung kawula bubuhaneki / lan malihipun awas//

20. //Sipating Hyang tan ireng tan putih / datan pita tail dadu tan reta / tan wilis datan wangune / tan biru tan kadulu / lawan sira den awas malih / yen mungguhing Hyang Suksma / tan surem tan mancur / tan mencorong gebyar-gebyar / lan tan mambet gandane tan wangi bacin / tan apek tango nora//

21. //Pengus tengik tan kecut tan legi / tan karasa eca nora lara / tan adhem datan panase / tan suka datan wuyung / bedane lan kawula iki / lan den awas yen Allah / luwih saking agung / tan ana wekasanira / pangetane ngalor ngulon ngidulneki / ngandhap myang luhurira//

22. //Pasthi datan wekasanireki / para Nabi para wah samya / was ngupakat sadayane / yen tebir-lalatiku / miwah liyaning salat nenggih / Impal Allahuakbar/ Allah luwih agung / pan mangkana tegesira / lamun uwis nguningani gong Hyang Widi/ yen datanpa wekasan//

23. //Nuli sira anyanaa malih / sajatine Allah ingkang mulya / tan obah datan osike / tan kendel tan lumaku / sebab saking ganging Hyang Widi / lan sira anyanaa / yen Gusti kang agung / pasthi amor lawan sira / yen sira yun aningah ing Hyang Widi / tan nyakitana raga//

24. //Nadyan eleta segara wukir / sayogyane sira lampahana / jro kitab jubah wuwuse / tan wenang manungseku / tan nyakiti ragane amrih / kagungane ing donya / wenang manungseku / anyakitana saris / amrih awas ing agama dating Widi / sampumaning taruna//

® PUPUH 02 ®
S  I  N  O  M

01. //Nenggih kang awasta ngalam / bumi kasapta lan langit / asareng lan isinira / suwarga noraka sami / lohkalam alaskursi / sadaya saisinipun / liya Allahtangala / ya marmane den arani / ngelmu iku duduhananing Hyang Suksma//

02. //Anenggih bumi kasapta / lan kang kasapta wiyati / sadaya yen den selehna / ing kursiknira Hyang Widi / kang was kocap sajroning / kitab nenggih wiyaripun / ingkang bumi kasapta / ……………. kadya dirham pepitu stimeleh tanpah//

03. //Pasthi dene kaotira / dirham lan kapah gong neki / kocap kursining Hyang Sukma / yen den selehena malih / ingaran ing Sang Widi / lir siji-sawiji iku / neng ngara-ara jembar / tana makluk saudani / ing pinggire ngaras pana mung Hyang Suksma//

04. //Wikan pepinggiring ngaras / gegedhening alam nenggih / pan inggih ngaras punika / ingkang amawi pepinggir / kang wasta makluk nenggili / iya tunggala lain iku / warnane ingkang aran / jirim punika panunggil / ing alam myang kang aran inunkin ika//

05. //Apan iya alam uga / kabeh iku ngaral sami / sagung ingkang alam-alam / pan asipat ngaralsami / meneng kalawan inosik / lara lan kepenak iku / prihatin miwah suka / gumuyu deduka sami / ijo kuning biru wungu miwah pethak//

06. //Pan iku ngaral sedaya / amis bacin miwah wangi / sarupane warna rupa / kang gumebyar kang kumelip / abulasna sesame / pan sadaya ngaral iku / mung anane Hyang Suksma / kang dude ngaral sejati / dating mulya tan darbeni sipat kathah//

07. //Langkung katliali sipatira / pan datan kena winilis / langkung kedhik kang pinanggya / sipating Pangeran nenggih / ingkang kocap sajroning / kitap Dural mung rongpuluh / sipatira Hyang Suksma / wajib sakathahing mukmin / angajiya Durat bayan tesdik ika//

08. //Dadya awas ing Pangeran / sakathahing alam nenggih / pasthi amor lan Pangeran/ sajawining ala pasthi / paganane Hyang Widi / myang sajroning alam iku / pasthi Pangeranira / kang agung kang Mahaluwih / kasangganing lelumut aneng samodra//

09. //Sajawining lunut ika / jawing iku jaladri / salebeting lelumutnya / pasthine iya jaladri / malih ingkang winarni / iman ping kalih puniku / asiha ing malaekat / aywa na memisuh sami / ing malaekat apa ingkang karya udan//

10. //Lan karya kekayon samya / cucukulan saking bumi / sarta titahing Pangeran / sing sapa wonge kang asih / ing malaekat sami / wuwuh kandel imanipun / sing sapa sengit marang / malaekat mernaoni / tan anacat memisuh kawetu lesan//

11. //Dadi kapir wong punika / lan weruha wong puniki / warning kang malaekat /  kathah pan awarni-warni / ana darbe sawiji / kekalih sawijinipun / ana ingkang sekawan / ana tiga kang suwiwi / ana dada duta mring Nabi Muhkamad//

12. //Ana ingkang agung ngaras / ana ingkang angideri / ing ngarasira Hyang Suksma / ana ingkang aprihatin / ana nurunken warih / ana kang aniyub bayu / ana ingkang malaekat / kalane amecah wiji / saber wiji sawiji siji malaekat//

13. //Satetes kang paring udan / malaekatira sawiji / parandene nora sesak / done jisim alus nenggih / ana kang geret rawi / akathah malekatipun / ana aggeret rembulan / malaekate kathah malih / ana ingkang malaekat ngadek kewala//

14. //Ana kang rukun kewala / ana kang suju salami / ana kang warna manungsa / ana warna kewan sami / menjangan kebo sapi / menda onta kuda manuk / sagunging,  sato kewan / nenggih ingkang sami suci / kang den eba dening sagung kang malaekat//

15. //Langit kang karck winarna / jumerut ijo kinardi / langit ingkang kaping tri / kinten jene batalipun / kinarya kaping tiga / langit ping sekawan nenggih / pan salaka pethak nenggih kang kinarya//

16. //Langit ingkang kaping lima / masaru ingkang kinardi / langit kang ping nem winarna / inter pethak kang kinardi / pan sakathahing langit / tan kawarna agengipun / mung langit kang ping sa pta / agenge ingkang winarni / ingkang kocap lelampahan kawan warsa//

17. //Lawan kafili leksa warna / lawan gangsad warsa malih / langit kang sapta kinarya / cahya ingkang tan nenglahi / namane punang langit / ngarabiyan jenengipun langit kang luhur pIsan / sakathahe punang langit / nenggih kebek dening sagung kang malekat//

18. //Ana kang ngreksa manungsa / ana ingkang nenulisi / dosane mukmin sadaya / lan pangabektining mukmin / wonten malekat malih / nenggih kang manjing ing kalbu / ing kalbuning manungsa /  tatkala langgeng ing dikir / lamun matun dikir malaekate kesah//

19. //Nuli setan ingkang cegah / manjing kalbune wong mukmin / done kang saini punika / manungsa kalawan dikir / amaca Kuran nenggih / lan asalat saminipun / kang rasa andedonga / salameting para  Nabi / para wali myang para mukmin sadaya//

20. //Lawan kang puji-pujian / amuji subkanalahi / kitab akiya angucap / ingkang den arani drengki / sajatinira drengki / rupane pan kadi asu / neng kalbuning manungsa / punika ingkang ngadhangi / lamun ana malaekat bekta rahmat //

21. //Rahmating Hyang mahamulya / marang kalbuning wong mukmin / pun drengki pakaryanira / memurung rahmating Widi / marma den sami eling / drengki aja kongsi muntun / lamun drengki wus kesah / saking tyasing .manungseki / prapta malih malaekat kang bekta rahmat//

22. //Manjing kalbuning manungsa / ngandika kitab Juwahir / yen sira angrasa panas / prenahe ana ing ati / yeku setan kang manjing / pan bakaling setan iku / saking geni neraka / sumuking panas ing galih / pan anerus abrit ngatirah ing netra//

23. //Marmane ngatirah jenar / asale pan saking ati / kitab Juwahir carita / terus sa king Kuran nenggili / ing surat rabilnasi / lawan wentha sireku / malaekat sadaya / yen arupa sato enggih/ nora rupa asu kikik asu ajag//

24. //Lawan malih ora rupa / nienda celeng lawan babi / sekawan nika kang datan / pinindha raring malekati / satengah pandhi na angling / sing sapa wong Islam iku / ngundang asu lawan / ngundang ing celeng nenggih / ingkang tumut ngundang pan dadi wong kopar//

25. //Kutbahi jumungah angucap / sIsa tetilar sami/  ing salat limang wektunya / najine pan najising anjing / lan najise celeng iku / manungsa kang asalat / cegah aja bareng bukti / lan manungsa ingkang atilar ing salat//

26. //Iman ingkang kaping tiga / asah ing kitabing Widi / sagung kitabing Hyang Suksma / kang tinedhakaken maring / para rusuling Widi / satus – sekawan kehipun / kang dhateng Nabi Adam/  sedasa kitab pinaring / dhateng Nabi Sis seketnem kathahnya//

27. //Nabi Edris tigangdasa / kitab-saking ing Hyang Widi/ Nabi Ibrahim sedasa / jangkep sate kitab nenggih / kang sekawan winarni / kitab Toret kitab Jabur / kitab lnjil kalawan / kitab Kuran catur neki / kitab kKran catur neki / kitab Toret ingkang marang Nabi Musa//

28. //Jabur mring Nabi Dawudnya / Injil marang Isa Nabi/ Kuran raring Nabi Mukamad / sakathahing kitab nenggih / ingkang sami rumiyin / tan rusek parentahipun / tan salang-surup ika / pan wus mupakating tokit / kanabeyanipun pun rembag sadaya//

29. //Ngandika wali satunggal / aburaerah kang sami / utawi to wisma ingkang / kinarya dres Kuran nenggih / kang darbe dadya sugih / tan apatot kattiahipun arranging dalem donya / Lawan tinekanan maring / pra malekat setane niedaling wisma//

30. //Ana ing kadis tabsirah / Abu Urerali denya ngling / tan malih kang pangandika / wismaning kang para mukmin / kang tan kanggo anenggih / tilapat ing Kuran iku / ingkang darbe malarat / kedhik kapenedaneki / aneng denya matekate padha lunga//

31. //Setae ingkang padha teka / kang manjing wismane sami / tan malih wus acarita / ki Sahid kang putra Kabib / sakingjengira Nabi / sing saps wonge puniku / anglairaken rapal / ing Kuran lan sinung benjing / dhangan saking siksa tebih ing akerat//

32. //Lan andliapanaken benjang / siksane bapa tan bibi / sanadyan silih anaa / bapa babunipun kapir / andhapatiaken nenggih / siksaning bapa lan biyung / lan malih angandika / ki Abdullah ingkang siwi / Umar Ibnu sami mangkana lingua//

33. //Sing sapa amaca Kuran / sinungan dera Hyang Widi / aluhur ingkang darajad/ baya darajading Nabi / ngantos ing kanan-kering / mung knot lan sinung waliyu / bedane kang darajad / lan Nabi pan lair batin / wabyu lair wahyu batin pan sadaya//

34. //Tan biul apilin kitab / anggen lnanira anianggih / semune sampan mupakat / lan sukbah tabsirah kadis / yen Kuran iku yekti / luwili kautanianipun / iman kaping sekawan / wong mukmin pan arsa mukmin / marang para rusul Widi sadaya//

35. //Lawan asilia to sira / mring sakehing para Nabi / wajib amilang-milanga / ing kathahing para Nabi / satusewu gung neki / kang lawan patlikurewu / ginunggung pitung-jawa / kehing Nabi paksakethi / langkung kalihleksa lawan kawan-nambang//

36. //Satengah kaul pandhita / sadaya kang para Nabi / lan para rusul sadaya / gunggunge pan kalih-kethi / lan kalih leksa malih / langkungipun kawanewu / kinon angegungena / nanging iya nora wajib/ milting-milting para Nabi sadaya//

37. //Pan wajib amastanan a/ kehipun sawiji-wiji / kang mung wajib pracayaa / lan wajib asiha sarni / pan pasthi leres sami / ingkang para Nabi wau / lamun amaidoa / won ika pan dadi kapir / aja esak unine kitab satunggal//

38. //Atawa ing sakalimah / yen maidoa sireki / mernisuh angina-ina / geguyuwa sira dadi / kapir kawak sireki / sing sapa wonge puniku / memisuh ngina-ina / geguyu Nabi sawiji / myang malekat sawiji pan dadi kopar//

39. //Kapir kawak pan prasasat / amomisuh ing Hyang Widi / utawa para abiya / kang dadyang rusuling Widi / lire Nabi kang dadi / utusanira Hyang Agung / triwelas kathahira / tigawelas langkungneki / pan kalebet kang rong-kethi kalih-leksa//

40. //Kawanewu langkungira / warnanen kang para Nabi / kang sami darbe sarengat / nenem kathahe kang Nabi / Nabi Adam rurniyin / sinalinan Nabi ENuh/ Nabi Nuh sinalinan / sarengat mring Nabi Brahim/ Nabi Brahim sinalinan Nabi Musa//

41. //Nabi Musa sinalinan / sarengatira mring Nabi / Isa putranim Maryam / Nabi Isa den saline / sarengate mring Nabi / Muhkamad rosulolahu / langgeng sarengatira / jeng gusti rosullulahi / tanpa wekas praptaning dins kiyamat//

42. //Sigunge para utusan / Nabi katriyantun nenggih / lawane kang tigawelas / samya a lata ran nenggih / malekat Jabarail / saking Pangeran kang agung / apitutur sadaya / ing agama ingkang suci / tan manungsa lan jin den ajak mring swarga//

43. //Sarni leres andikanya / Nabi para rulus sami / rineksa dening Hyang Suksma / tebih saking dosa alit / lan dosa ageng tebih / pra Nabi kang dados rusul / samya manungsa lanang / mardika pan dede abdi / samya suci lawan dede beboyongan//

44. //Kang sinungan wahyu samar / lan sinungan wahyu lair / kadi ta jeng Nabi mungsa / sastanya mancar lir sari / lan tekenira dadi / yen binucal teksaka gung / kathah-kathah mujijat / pra Nabi rusuling Widi / saner-saner mukjijate warna-warna//

45. //Women ingkang luwih nistha / kocapiro kitab Juwahir / para rusul sami nistha / sami pekir sami miskin / trus kitab Lulbab muni / Nabi Suleman ing dangu / sugihira kalintang / nika ing dalem lair / ing batine anunggil pekir kang nistha//

46. //Wus kocap kadis tabsirah / Nabi Soleman ing batin / tan mantra-mantra kagungan / sring amor lan pekir-miskin / jroning kitab Juwahir / dhahare wrung apem jugung / kangjeng Nabi Suleman / aloma asill ing dasih / yen peparing dhahar ingkang eca-eca//

47. //Ingkang adi-adi samya / ingkang pinaringken dasih / ingkang dhinahar priyangga / kang tan eca-eca sami / kitab Juwahir angling / yen akarya wisma iku / sagunge wong kang Islam / yen inggil sasakaneki / lamun lang kung iya saking enem saka//

48. //Wus mupakat jroning kitab / Atkiya lawan Juwahir / manungsa kagengen wisma / yen ageng sanget pan dadi / pasek kang duweni / wonten sabda kang amuwuh / heh manungsa ta sira / karya wisma geng nglangkungi / dadi pasek heh satuhu pasekira//

49. //Lire kang ageng kalintang / iya sesakane inggil / langkung saking enem asta / sapa kang ngina srat iki / sayekti dadi kapir / buda ngareni wong iku / aja maido samya / sakathahe wong kang mukmin / batik padha peken rasane asmara//

® PUPUH 03 ®
ASMARADANA

01. //Angandika kangjeng Nabi / rosullolah kang mustapa / heh wong Islam sakabehe / sapa anglarani liya / marang mukmin satunggal / mangka prasasat wong iku / anglarani jeneng ingwang//

02. //Sing sapa nglarani sami / saksat nglarani Hyang Suksma / sapa kang nglarani wonge / marang ing Pangeranira / sinung lanating donya / prapta ing akeratipun / kadis tabsirah ngandika//

03. //Sing sapa wong Islam sami / nora welas ing sesaina / samaning wong inukinin kabeh / iku durung kinasihan / dening Hyang Mahamulya / tandhaning sinihan iku / yen asih sanianing Islam//

04. //Sing sapa yun katur mating / para Nabi ing sihira / lan ing para malekate / lawan ing para utusan / iya sira asiha / maring ing jeng Nabi rosul / mrung Amad ingkang Mustapa//

05. Sing saga asih ing Nabi / lawan ing para malekat / dadya sampurna imane / lan kinasihan ing suksma / kalawan wonge sapa / samya mirangaken iku / ing sapadha-padha Islam//

06. //Sasat mirangken raring Nabi / sing sapa wonge memirang / mring Nabi duta wiyose / sasat memirang Hyang Suksma / sing sapa amemirang / ing Hyang Suksma dadya sinung / lanat ing donya akerat//

07. //Sapa sengi ing pra Nabi/ dumadya kapir wong ika / lan malih sing sapa wonge / asili inarang wong ulama / sasat asih wong ika / dhateng kangjeng gusti rasul / dadya asih ing Pangeran//

08. //Sing sapa asili wong mukinin / dadya asih ing ulama / lan asih Nabi dutane / kangjeng rasul angandika / sing sapa asih marang / wong alim sawiji iku / dadya sengit jeneng ingwang//

09. //sing sapa sengit ing mami / dadya sengit ing Pangeran / tiba naraka badhene / utawi sampurnanira / wong asih ing sasama / pan arsa asili wong iku / marang wong kang kinasihan//

10. //Droning kitab Subkah muni / kangjeng Nabi angandika / neng kitab Mustahal gone / utawi wong kang ulama / rata saking Hyang Suksma / angratoni jagad tuhu / lan sapa wong nganiaya//

11. //Ya marang wong ingkang alim / dadi rusak dhewekira / jroning kitab amiraos / lair ya ngulu modin ika / wong alim pan kinarya / andel-adeling Hyang Agung / ana ing sabumis alam//

12. //Tan amor pIsan wong alim / lan panggawening satriya / punggawa lawan mantrine / amIsab lan para nata / iman kang kaping lima / padha ngandela wong iku/  ing benjang dina kiyamat//

13. //Kawula pall mati / bumi langit pin rinusak / mung swarga lan nerakane / iku kang nora rinusak / lawan sarisinira / pasthi karsaning Hyang Agung / tengere bareng kiyamat//

14. //Yen srengenge medal saking / kilen unculing raditya / surup mangetan parane / prapta ing dina kiyamat / sami kaget sedaya / sakeh makluking Hyang Agung / dene sangeting prakempa//

15. //Lindhu gonjing lir binanting / asanget kang angin-topan / neng, awang-awang sumerot / arga sontarung samyarga / lintang runtuh lir udan / binedhahan langit pitu / jagad kadya inginteran//

16. //Carita kiyamat benjing / pratelane aneng kitab / Makdinil makluk-malile / tapsir iksan kamil ika / wusnya pejah sadaya / manungsa jim setan iku / miwah malekat sedaya//

17. //Bumi langit wus sirnanting / Allah tangala ngandika / iya lawan pribadine / saga malih kang wisesa / tur jutnencng narendra / luwih mulya luwih agung / jumeneng tanpa sesame//

18. //Pan den sauri pribadi / iya among jeneng ingwang / ratu kawasa kinaot / agawe pejah lan gesang / wau kang sami pejah / den uripaken sadarim / dening ingkang Mahamulya//

19. //Para mukmin samya manjing / ing suwarga tur sirwendah / langgeng sadaya enggone / wimih bagus a nom samya / kocap sajroning kitab / Sanusi Muntabakirun / wong inukinin aneng suwarga//

20. //Asuka-sutra angenting / bebeksa sakarsa-karsa / dene wong kang kapir kabeh / samya menjing ing neraka / langgeng saya alara / wong mukmin kang pasek iku / kawratan sarnya siniksa//

21. //Kira-kira dosaneki / yen sampan kinira-nira / pinanjingken sawargane / mukmin sawiji siniksa / ingkang tinilar salat/  kitab Lubab satus taun / …………….//

22. //Tilar wektu lima dadi / siksane pancatus warsa / angling pandhita saweneh / sewu taun siksanira / tilar wektu satunggal / wektu lima limangewu / taun dadi siksanira//

23. //Iman kaping enem nenggih / padha sira angandela / untung alawan becike / kapir Islam sugih nistha / saking karsaning Allah / Pangeran kang mahaluhur / yen nalikanira karsa//

24. //Akaya ing umat kapir / sinambi sirwi deduka / benjang lan kaya Islame / sinasambi sukarila / marma lahur wong Islam / sing sapa nyana wong iku / kapir Islam dadi dhawak//

25. //Wong puniku dadi kapir / aran kapir kadariyah / dene kang aran sirahe / iman pan dikiring Allah / la ilaha illalah/ Muhkamad rosullolahu / kang aran kalbuning iman//

26. //Amaca Kuran sartaning / uninga ing maknanira / lawan apik wewacane / kang aran uteking iman / rosy denya dedonga / anedho sihing Hyang Agung / ing dalu mutwah raina//

27. //Sihing Hyang kang marang mukmin / sadaya manggiha arja / jro kitab Subkah wuwuse / aja sira aweh salani / miring wong tinggal salat / mring wong minum arak iku / aja anauri sira//

28. //Kocap jro kitab Juwahir / anenggili uteke iman / ihdinas siratal kuwe / prapteng wekasan patekah / lawan malih kang aran / neptuning salat winumis / punika niyating salat//

29. //Niyat punika anapti / marang panggawening salat / sarohing salat wiraos / pan takbir Allahu akbar / tegese pan mangkana / Allah ingkang luwih agung / pinjingna lan lapal Allah//

30. //Gebugena ingkang alip / ingateni kang lapal Allah/ tasjiden lan malihe / eliene lan cendhakena / udekna lapal akbar / ya kongsi kaselan iku / sarana tekbiring salat//

31. //Dipun kongsi amiyarsa / ing talinganta priyangga / aja ambalik tekbire / den nuli sing lapal Allah / marang ing lapal akbar / aja kaselanan iku / dene kaliniah kaliyan//

32. //Nanging kekawenangneki / sethitilik yen kaselanan / apa mengkene lapale / Allahul jalimul akbar / iku pan tan ngapaa/  aliping lapal winuwus/ alip taplul ingkang nama//

33. //Nenggih tegese kang taplil / Allah luwih agungpIsan / yell uwis luwih gedhene / nenggihanyanaa sira / yen ing jero lan jaba / iya pasthi gusti iku / kadi lumut neng segara//

34. //Den pasthing ing lapal takbir / ywa anganggo Allahu Akla / lan aja lapal liyane / utawi ta ingkang aran / nenggih sirahing salat / amaca patekah iku / lawan bismilahe pIsan//

35. //Dawa cendhak den patitis / lawan tasjiding patekah / dipun pratela kathahe / patbelas lan malihira / aksara kang apanjang / pitulas pan kathahipun / madlajam lapal alimnya//

36. //Tigang alip panjang sarni / ele-elat panjangira / sami lan alip pine trine / pandhita setengah mojar / wong lunga lip panjangnya / lan tesjid mating lam iku / lan den apik maca tahyat//

37. //Tahyat akir lan den apik / maca slawat atasira / ing kangjeng Nabi dutane / den apik salam kang awal / dene balunge salat / nengguh rukuk lawan sujud / dene jasat ingkang salat//

38. //Tumaninah dening malih / kang aran tengahing salat / pan taliyat akir dununge / sukuning salat winarna / salam kang dhingin ika / jenenging salat winuwus / wiwit tekbir prapteng salam//

39. //Tegese jeneng winarni / iya aran iya asma / kalawan malih tegese / anenggih ingaran salat / nedha rahmating suksma / lan apuntening Hyang Agung / kitab Juwahir ngandika//

40. //Uteke unan winarni / bahladinas siratal ika / tyasing surat patekahe / kang aran oyoding iman / aja sira rumasa / andarbeni barang iku / amung titahing Pangeran//

40a. //parerenan iman nenggih / parerenan iman nenggih ……………., ……………. / aratib taraweh tangan / lan malih ingkang aran / wewurungu iman iku / asalat sweat sedaya//

41. //Sasampurnaning salat wajib / yen salat telas sadaya / nora sah salat senate / lamun misih sugih kala / yen dereng kasauran / kalane sadayanipun / salate sonar ora sah//

42. //Dosa kang gedhe winarni / janma kang atilar salat / lawan anginum sajenge / lawan nora angsung jekat / lan janma kang ajina / lan amngan riba iku / lan manungsa totohan//

43. //Lan bobegal sami mukmin / merna ling lan ngobong wisma / nora siyani ramelane / tan minggahkaji mring mekah / yen kuwasa ing marga / lan manungsa aneh iku / anjimak dubuting garwa//

44. //Atawa liyaning rabi / wanodya atawa priya / ngandika putra ngabase / dosa-ageng kang winarna / pitungdasa kang kocap / ing tabsir lan kutbah-iku / kang aran wong mukmin ika//

45. //Ingkang pasek anglakoni / dosa ingkang ageng pIsan / dadya pasek ing samane / saderengira atobat / sarat walling tobat / nedya atilar ing kalbu / aywa amasuli dosa//

46. //Lan wong ingkang anglakoni / ing dosa alit sadaya / anetepi salamine / dadya pasek wong punika / saderenge sru tobat / anengoili malih kawuwus / sajroning kitab Adkiya//

47. //Sing saga wong akardi / wisma luhur sasakanya / saking rem asta yen luwih / dadi pasek wong punika / sabab gorge kang wisma / ana kang angundang besuk / mangsanedina kiyamat//

48. //Heh pasek-pasek sireki / retuning pasek to sira / dadya yen kaya mengkono / pasek sanget manungsa kang / kagengen ingkang wisma / angandika kangjeng rasul / sajroning kitab Ahya//

49. //Rembag lawan kitab Sitin / wajib sakehing wong Islam / jalu kalawan estrine / perlu padha ngulatana / ing ngelmu agameslam / pangandikning jeng rasul / kang sinungan sill nugraha//

50. //Tatkalane angemasi / ratu Islam kang ualama / gempal bumi ing donyane / saniya alara karuna / langit melu sungkawa / karuna saisinipun / samodra myang iwak-iwak//

51. //Nyuwunken ngapura sanji / ruing gusti sang mahamulya / rnyang manuk-manuk sakehe / ingkang ana ing awiyat / samya maca istipar / pangandikane jeng rasul / wong mukmin padha ngajiya//

52. //Lamun uwis dadi alien / mangka dadi sugih sira / lan dadi bagus ing tembe / kitab Ahya sampan rembag / lawan kadis tapsirah / pangandikane jeng rasul / pesthi aleres sadaya//

53. //Lamun ana wong misuhi / marang sawiji ulama / padha lan wong amemisoh / marang Nabi pitungdasa / dene wong mukmin ika / atilar salat sawetu / siniksa benjang ing wuntat//

® PUPUH 04 ®
P A N G K U R

01. //Sates taun siksanira / manungsa kang tilar wektu sawiji / jroning kitab Lulbab iku / women malih wirayat/  ing pandhita sewu taun laminipun / atilar wektu satunggal / siksane benjang ing akir//

02. //Sakathe kang manungsa / jalu estri kang sami kapir-kapir / langgeng neraka genipun / ……………. / ejim jalu jim estri kang padha kupur / sami langgeng neng neraka / wong kapir satruning Widi//

03. //Miwah jin kapir sadaya / iya sami dIsatru ing Hyang Widi / lan malih Allah anyatru / setan langan wadonya / jroning Kuran surat Bakarah muwus / Pangeran kang Mahamulya / sayektine luwih asih//

04. //Mring kang mukmin sadaya / luwih malih asanget sihing Widi / mring wong kang ulama iku / luwih sengit Pangeran / mring wong mukmin kang pasok sadayanipun / asanget silting Hyang Suksma / mring mukmin kang ngekas sami//

05. //Jan sanget sihe Hyang Suksma / marang ingkang wong mukmin ngampra sami / jan para Nabi winumus / kang sanget kinasihan / kabibullah Nabi Mukamad jiNuhung / Nabi Isa Nabi Isa / Nabi Nuh Nabi Ibrahim//

06. //Miwah pra rasul saday a/ para Nabi pan samya den kasihi / myang duta sekawan iku / ingkang para malaekat / Jabarail Mikail Israil iku/ ljrail sekawanira / samya kekasihing Widi//

07. //Lan malih sabat sekawan / Abubakar Umar Usman Ali/ kinasihan ing Hyang Agung / lawan malih Hyang Suksma / lang kung asih mring wong mati sabil iku / jan mati salad sedaya / miwah ingkang para Nabi//

08. //Sadaya pan sami bengat / rosa dikir jan salat tahjud nenggili / ing siyang kalawan dalu/  tuwin asalat luka / lang kung asih mungguh Pangeran kang agung/ wong mukmin kang samya ekas/ langkung sihira Hyang Widi//

09. //Kang sugib elmu tur rosa / angabekti ing Hyang kang Mahaluwih / angluwihi manungseku / kang mati sabilolah / aneng rasa ingapura dosanipun / kitab Lul bab was angucap / manungsa mukmin kang alim//

10. //Langkung sanget pangrusaknya / marang setan eblis samya prihatin  tinimbang manungsa sew u/ kang bodho-bodho samya / tur kang padha rosa ngabekti Hyang Agung / maksih sanget pangrusaknya / manungsa mukinin kang alim//

11. //Jeng Nabi data ngandika / manungsa kang padha rosa adikir / la ilalia illahu / Mukamad rasulolah / pan iku luwih / ing utamanipun/ tinimbang lan prang sabilan / kitab Lubab muwus malih//

12. //Wong mukmin kang rosa maca / ya bismihi rahmani rakimi / elit setan lebur rakimi / kadya timah sinangan / ing pawaka kitab Kuran was amuwus / lah aja angucap sira / ing manungsa mati sabil//

13. //Aja sira rani pejah / balik sami urip rohe pan manjing / neng sajroning telihl manuk / manuk ijo kang warna / lincak-lincak aneng sajroning suwarga gung / jro kitab Daka angucap / rohe wong kang sami mukmin//

14. //Tunggal neng jro telih genya / pan telite peksi peking kang sami / lincak-lincak neng swarga gung / kitab Sukbah angucap / sampurnane ing wong aprang sabil iku / angucap ing kalimah kak / ing sandhinge ratu jair//

15. //Endi aran kalimah kak / kadis dalil kiyas ijmak puniki / kadis tapsirah amumus / kang mangka gustinira/  ing mati sahid kang ngucapken iku / kang kalimah kak ngarsanya / ingkang ratu-ratu jair//

16. //Tegese jair punika / ratu ingkang melempeng caking adil / akarya sakarsanipun / nyimpang ing kukum barak / amateni durung bener kukumipun / kitab Nukayah angucap / sor-sorane pati sabil//

17. //Manungsa malebu bengat / rosa salat lawan rosa angaji / dikir rosa dedonga iku / andongakaken wong Islam / rahayuwa ing donya akeratipun / kangjeng Nabi angandika / heh sakehe uniat mami//

18. //Sing saps asalat luka / ing nalika dina Jumungah nenggih / sadurunge wayali bedhug / ingsekawan rekangat / rakangat kang dhingin wewacanipun / patekah kaping sedasa / surate palak winarni//

19. //Pan iya kaping sedasa / surat binas kaping sedasa malih / surat kula ping sepuluh / ayat kursi pan iya / ping sedasa rekangat kapindhonipun / tan sanes lan ingkang awal / wewacane ayatnehi//

20. //Rakangat kang kaping tiga / ping sekawan tan prabeda pan tunggil / wewacane ayatipim / janma kang duwe kala / ingkang asalata sunat-sunat iku / sampuning salani amaca / astapirolah war ngalim//

21. //Ping pitung puluh kalwanya / amaca subkanalah anunggil / iya kaping pitungpuluh / tumuli amacaa / subkanAllah walkanidulilahi iku / la kawala-wala kuwala / illabil aliyie alim//

22. //Walemi telase mangka / angandika Nabi rasullolahi / ganjarane salat iku / pinadhaken wong ika/  apirang sabil iya ping pitungpuluh / kang pejah ing / rananggana / lan pinadhakaken malih//

23. //Ganjarane wong punika / pada ganjarane Nabi Ibrahim / mangka nuli wong puniku / pirepatan margannya / malarat tan pekir binukaken iku / mlarga sugih lawan mulya / pitungpuluh kajatneki///

24. //Kajate duk aneng dunya / lawan pitungpuluh kajating akir / tinekan dening Hyang Agung / apa kang dadya kajat / sikir pitungpuluhhewu miwah telu / ing wong asalat iku//

25. //Kangjeng rasul yen ngandika / pasthi sidik bener pan ora sisip / ngandika malih jeng rasul / sing sapa amhawula / mring wong alim angasorken raganipun / awarali ngalap ngelminya / supaya antuk lan kanthi//

® PUPUH 05 ®
K I N A N T H I

01. //Pitung dina laminipun / pinadhaken angabekti / ing liyang pitungewu warsa / ginanjar dera Hyang Widi / ganjarane kang sadina / padha tan wong mati sabil//

02. //Mati sahid kaping sewu / kang pejah aperang sabil / aneng madyaning ranggana. punika ganjaraneki / asuwita ing ulama / kewala among saari//

03. //Mangkana malih winuwus / sampurnane wong kang alim/  iku kang ngaku narendra / kitab Binayah wus angling / lawan kitah mainalingah / sapa nganoraken ragi//

04. //Mring wong sugih-sugih iku / ilang neng pratigan nenggih / mungguh igamane Islam / kitab Adkiya wus angling / ala-alaning ulama / kang saba wismeng priyayi//

05. //Kang tanpa angarah ngelmu / ing tabsirah wus amardi / becik-becikin narendra / punggawa satriya mantra /  kang perak lawan ulama /  kang manut ngelmu agami//

06. //Tapsirah caritanipun / wong a lim iku pan dadi / andel-andeling Pangeran / aneng saluhuring bumi / kang tan amor lan narendra / satriya punggawa mantra//

07. //Angandika kanjeng rasul / sagunge kang para mukmin / ajana amangan sira / ing limang wismeku dadi / oleh kang ran jenengira / ingkang dhingin aja bukti//

08. //Wismaning wong tinggal wektu / lan aja sira abukti / jro wisma ana wayangnga / rerupan kang tan duweni / ……………. / …………….//

09. //Nyawa pindha-pindhanipun / lan malih aja abukti / wismane wong mangan riba / lan aja abukti malih / wismane wong mangan arak / tinemu ana ing pekih//

10. //Kang awas ta riba iku / kadas bidayah wus angling / sapa ngenoraken raga / mring wong sugih donya nenggih / saingga later asaba / neng jumbleng tan wande ugi//

11. //Atularan tinja mambu / kitab Adkiya wus angling / sapa arsa warek dunya / dadya sor darajadneki / kitab Mustahal ngandika / wong alim kang kuwat nenggih//

12. //Nglampahi bidayahipun / dadya rata ing sabumi / ahyan gulumudin ika / memper mustahal kitabin / pangandikaning ulama / kang pisah lan jalma nenggih//

13. //Dadi andeling Hyang Agung / ing dalem sajagad bumi / yen asalat bar Jumungah / ngandika susunan adi / iya kangjeng rasullolah / wong nistha san.oet puniki//

14. //Celah pangabektinipun/  wiranging manungsa nenggih / papaes mungguhing Allah / ing dina kiyamat benjing / kitab Mustahal carita / angandika kangjeng Nabi//

15. //Mukamad ingkang rinasul / utami Allah sejati / asih raring pekir melarat / lan sanget denya ngabekti / lan rumeksa maring ayat / tyasira ywa kongsi nilib//

16. //Kitab Adkiya ammus / sapa ingkang anglakoni / kang gegampang makruh ika / siniksa benjang ing akir / wekasane dadi karam / lan sapa gegampang malih//

17. //Nglakoni karam puniku / siniksa wekasaneki / dadi kapir wong punika / tumiba angarak kapir / gegampang panggawe karam / kinarya kalal upami//

18. //Kadin atbiya amuwus / miwah kadis insan-kamil / mupakat lan kadis subkah / awone para ulami / kang aseba ing pra nata / ing satriya para mantra//

19. //Angandika kangjeng rasul / jroning mustahal kitabin / wong apik pangabektinya/  wong punika apan dadi / minangka gustining amal / apiking sandhang lan bukti//

20. //Lungguli wirang namanipun / tinggal kang asamar nenggih / aja tineta Hyang Suksma / nora angleraken enggih / ngamalikah polahira / tatapi Allah ningali//

21. //Ing apike tyasireku / lan badanira sayekti / Nabi malih angandika / sing sapa gumuyu belik /  gumuyu suka neng dunya /  neng akerat dadi nangis//

22. //Wong warek aneng dunyeku / neng akerat dadi ngelih / kadis mustahal carita / satuhune wong kang ngelih / kinasilian ing Hyang Suksma /  wong gadhah murka dunyeki//

23. //Pan dadi kekasihipun / ing setan kalangkung asih / Nabi malih angandika / wong ngelih aneng dunyek i/ dadi tuwuk ing suwarga / wong ahlul kakekat angling//

24. //Wajib wong mukmin sadarum / nembah ing wong catur siki / sawiji ingkang sinembah / iya ratu ingkang adil / nembah bapa lawan biyang / kaping pat nembah wong alim//

25. //Ingkang temen ngelmunipun / jroning kadis anwar angling / wong alim iku pan dadya / ratuning Allah neng bumi / sapa tumiba niaya / rusak ing dunya myang akir//

26. //Kadis mustahal amuwus / sapa kangsinau ngaji / pinadhakaken wong ika / salate sewu rekangati / ingkang memuruk wong ika / pinadhakaken ngabekti//

27. //Ing Pangerane sewu taun / kadis jubat mangkya angling / nora wenang wong kang Islam / nyakiti ing raga amrih / kapriyayen aneng dunya / nanging wenang wong kang mukmin//

28. //Anglarani raganipun / amrih ing elmu gagami / sawarsa wuwuh alimnya / tan lawan geguru jalm i/ den arosa atelapa / atilar sandhang lan bukti//

29. //Nalika nyandhang buktiku / kinarya sangu ngabekti / nyamping lan rasukan jubali / dhesthar sebe ali-ali / selaka kehe bobotnya / rinakeni among satali//

30. //Tan ngilangken rasa iku / tigang prakawis winumi / amuwuhi ingkang palan / amari groyok laneki / ingkang dhingin maca Kuran/  sesukur makaping kalih//

31. //Siyam sunat kaping tefti / kadis tabsirah wus angling / lan kadis Juwahir ika / utawi wong pekir-pekir / kang ora tapa ing dunya / nanging sabar ingkang kapti//

32. //SuKuran sakaliripun / kumandel rila ing Widi / luwih caking wong atapa / sihira Hyang Mahaluwih / wong kang memuruk punika / ing elimu agama suci//

33. //Kang soroh ing ngelmunipun / mring wong bodho-bodho sami / tan adol ing elmunira / kang nora lobs ing pamrih / yeku kalangkung sinihan / ing Hyang kang amahaluwih//

34. //Ing dina kiyamat besuk/  wong puniku dadi gusti / atut dadi rerapekan / ing sagunging para mukmin / sakwehning ulama samodra / lan seksi peksi wiyati//

35. //Samya nedhaken puniku / pangapura ing Hyang Widi / lan malekat kiraman / nedhaken ngapura sami / yen wong memuruk punika / kang oleh benduning Widi//

36. //Wong kang adol elmunipun / aloba-loba murka mrih / ing benjung kenendhalenan / kendhah neraka api / mukmin kang sami siniksa / kang sami dosa ing nguni//

37. //Sami dhingin mentasipun / saking salebeding api / wong alim kang asal duka / kang memuruk adol elmi / mentas kari temahira / kadukan tan antuk manis//

® PUPUH 06 ®
DANDHANGGULA

01. //Acarita jronjnq tapsir akir / tuntasing mukinin ingkang siniksa / kang sanget doseng donyane / oleh rong alam iku / nulya mentas wekasaniki / samya manjing suwarga / rong alam satuhu / bumi langit praptanira /  ing wekasan dina kiyamat ing benjing / iku aran sangalam//

02. //Wus atutuk kalih rigulam nuli / angandika Hyang kang amahamulya / wong ingkang kapir sakehe / ajana kang anjaluk / mentas saking neraka api / jinni kang kasab kalal / duk ing dunyanipun / kabutuh ing sandhang-pangan / lan sanguning mring mekah amunggah kaji / iku luwih utama//

03. //Angandika jEng Nabi sinelir / kadis tapsirah ingkang amarah / perluning wong mukmin kabeh / angulatana ngelmu / ing agama rasullolah iki / jalu lawan wanudya / kadis ahya muwus / najis sakathahing Islam / jalu estri angajiya sahwu sami / ngajiya bangsa arab//

04. //Mrih weruha ing basa agami / sumerepa ingkang basa arab / jro kitab dahel delinge / wus kocap sajronipun / tepsir surat asra menget i/ lan jro kitab Anwar / wajib wong mukminun / anembah ing wong sekawan / dhihin bapa lan biyang kang kaping kalih / kang Islam karo pisan//

05. //Kaping tiga rata ingkang adil / ya ta angandika kyai Ahman / kang aran ngadal ing lire / manungsa Islam iku / sasurude jengira Nabi / manungsa kang atobat / saking dosa agung / lan saking dosa lit ika / ingkang sanget atobatira Hyang Widi / anetepi ibadah//

06. //Lawan rahab den ira nglakoni / kehing sunat sa king rasullolah /  iku kang adil mulkade / kaping sekawanipun / wong alim kang sanget denyalim / kang sanget mrih ing siksan / nira Hyang kang Agung / dadya manjing ing bidayah/  sukbalitanhit jawahir lan insan-kamil / lawan kitab atkiya//

07. //Pangandikaning Hyang Mahaluwih / jroning kitab Uddi dhawuhira / heh sagung wong Islam kabeh / ……………., ……………. / aja ta asih sira / lan aja pitambuh / mring wong kang agawe dosa/  jroning kitab insan kamil sainpun angling / manjing naranalala//

08. //Wong tan open duk aneng dunyeki / mring wong bodho-bodho ingkang dosa / atawa sira pamane / rila mring pakaryeku / wong kang dosa tembahaneki / benjang dina kiyamat / ……………./ ……………. / nora oleh tulung sira sahib bening/  tan open duk ing,  dunya//

09. //Jroning kitab tapsirah wus angling / wajib wong mukinin padha ngajiya / ing sahwu basa arabe / karana Islam iku /  supaya sruba agami / usul pekih carita / wong salat puniku / wong Islam kang sanget pisan / ing bodhone patehe nora bangkit / nyang amaca surat//

10. //Kang sami lan patekah tan bang it / yen tan bisa malih amcaa / surat ing Kuran sakehe / dikira bae iku / kira-kira dikirden kongsi / padha lawan patekah / esah salatipun / saking murahing Pangeran / lamun ora bisa dikir sireki / angadega kewala//

11. //Lan menenga kewala den sami / suwene lan amaca patekah / -esah wong ika salate / saking murah Hyang Agung / angandika jengira Nabi / sarehning wong ulama / luwih utameku / tinimbang lan salat ingkang / bodho-bodho utama turuning alim / yen sarta dikiring Hyang//

12. //Angandika jeng Nabi sinelir / utawi wong ulama sadaya / pan dadi andel-andele / ing Hyang kang Mahaluhur / salagine kang para alim / tan amor ing wong kathah / lamun sira ayun / pakenak ing atinira / adikira kang akeh yen sira apti / pakekank ragan ira//

13. //Anyepiya sira lamun uwis / salat bar Jumutingah la wong kathah / wonten malih caritarie / ingkitab asalipun / pun Nabihat ingkang pinethik / jeng Nabi awas dika / pan iya sapuluh / prakara manungsa ingkang / nora tina rima sa’ate nenggih / kang dihin wong kang salat//

14. //Kale iya nora anglakoni. /salat bar Jumungah lan wong kathah / dene ingkang kapindhone / wong kang salat puniku / kale iya nora nglakoni / asung jakat wong ika / kaping tiganipun / wong kang purun dadi imam / ingkang maknum sadaya padha kasengit / dene kaping sakawan//

15. //Wong tetekon ingkang minggat saking / gustine ika kale wong Islam / dene kang kaping imane / iya wong kang anginum / sajeg nora katrima malih / kaping nem wong wadon kang/  mati lakinipun / lakine wong Islam ika / maksih runtik dena tinilar ngemasi / salate nora esah//

16. //Ping sapta wong wadon salat iki / makmun miring wong lanang kawula / wong wadon warni kalire / pan iya nora makmun / wong kang lanang mardika sami / kaping wolu narendra / kang jahir puniku / sing sapa mangan riba / ping sapuluh wong salat kang nora bang kit / nyegah panggawe doso//

17. //Lan wong lanang sawiji kang maksih / anglakoni ing panggawe jina / nora katrima salate / tan olih ngapureku / malah-malah wuwuh atebih / wonten malih kang kocap/  kitab kang amuwus / nenggih saking kitab Sukbah / salat limang wektu sasat sira iki / adus kungkum bengawan//

18. //Kaping tiga sadina saweng / pasthi ilang najise wong ika / dadya lebur sadosane / sarta patobatipun / wonten to pandhita kang angling / kang dhingin manjing swarga / wong kang awal iku / sareng manjing waktunira / lajeng salat tan ngakirken wektuneki/  naraka-wel winarna//

19. //Apan dadi siksaning wong mukmin / kang angakiralien neptunira / jroning Kuran caritane / muni kang suratipun / warahe to mangkata malih / naraka-wel punika / dadya siksanipun / wong ngakirken wektu tiga / lan wong ingkang padha riya-riya sami / wong kurnet sinilihan//

20. //Sami-samining wong padha mukmin / siniksa ing naraka-wel ika / kitab Juwahir wuwuse / sayektining Hyang Agung / tan ningali ngamalireki / myang polah tingkahira / ya mung kang dinulu / dera Hyang kang Mahamulya / mung sucine atinira adoh saking / riya kibir sumegah//

21. //Yen niamgkono katarima ugi / yen tyasira tan buru aleman / tan sumengkuh keh rigarnale / kawruhana sadarum / mukmin lanang lan mukmin estri / sahadating sakarat / lelima kehipun / pesthi tinemu punika / wong sakarat lamun sira aningali / ing cahya kang lelima//

22. //Yeku ngalamat pupating wiji / tannin durung wong iku tumingal / ing cahya kang lelimane / maksih dawa kang umur / warnaning kang cahya limeki cemeng abrit lan jenar / ijo putih iku / lamun aningali cahya / ingkang cemeng aglis amacaa nuli / la iaha illalah//

23. Nora nana Pangeran mungwiddhi / lawan Mukamadan rasullolah / utusaning Hyang Agung / cahya ingkang cemeng puniki / nenggih cahyaning setan yahudi / nuli sira macaa//

24. //La ilaha alallalah malih / hu hu hu pan tegese mangkana / nora nana Pangerane / among Allah puniku / ya Pangeraningsun sejati / yen aningali sira / kuning cahyanipun / punika cahyanipun setan / setan nasa rani arane annuli / age sira macaa//

25. //La ilaha alallalah malih / hu hu hu pan tegese mangkana / nora nana Pangerane/  lamun ningali sira ijo cahyanipun / punika kang darbe cahya / Jabarail nuli amacaa sireki / mangkana kang winaca//

26. //Takabalahu lawan malih / hu hu hu pan tegese mangkana / muga narimaa mangke / Allah kang mahaluhur / ya ing iman nama puniki / hu kang kaping tiga / tegese ya iku / ya iku ya hu ingkang / amurbeng rat karya saliring dumadi / priyangga tanpa rowang//

27. //Lamun eling sahadat puniki / ing nalika cahya ireng ika / mati mukmin pasek rane / lamun mati wone iku / ing sahadat kang kocap iki / ing cahya ireng uga / kapir patinipun / aran kapir jahiliyah / poma-poma den rosa padha adikir / mengeta aywa lunga//

28. //Lamun eling ing sadat marengi / cahya abang wong mati / mukmin-ngam yen lali ing sahadate / iya kang kocap iku / dadya mati kapir yahudi / samya dipun prayitna / wong Islam sadarum / den rosa maca salawat / lamun eling ing sahadat nalikaning / cahya kuning katingal//

29. //Iya iku mati mukmin kasi / lamun lali iya ing sahadat / sahadat kang kocap kiye / mati kapir wong iku / ing kapire pan nasarani/  den aprayitna sira / dikir ing Hyang Agung / lawan ing Nabi Muhamad / lamun eling ing sahadat cahya wilis / yaiku ingaranan//

30. //Mukmin kasul kasi patineki / lamun lali wong iku sahadat / iya kang kocap kiye / mati kapir wong iku / kapir karamiyah namaneki / marmane den enget sira / Hyang Agung katungkul / kamukten dukan eng donya / gawe lali coring sakehe pangabekti / parlu sunat tinilar//

31. //Lamun ana wong iku ningali / maring cahya kang alangkung pethak / Nabi Muhkamad wastane / nuli macaa iku / hu hu pan tegese menggin / ya iku ya iku ya / iku ya Allahu / lawan ya iku Muhamad / pama tesmak den nggo ngaji Kuran nenggih / tesmake tan katingal//

32. //Lamun ana wong iku ngemasi / aningali cahya lang kung pethak / lewih sampurna patine / pasthi eling wong iku / ing sahadat kang kocap iki / karana kang mangkana / pasthi wali iku / lawan maliyek katingal / wus den pasthi para Nabi rong kethi / lan kawanlikur nambang//

33. //Kuneng kang awasta najis batin / kathahipun pan pitung prakara / angrusak kasadehane / ing aural sadayeku / lawan sirna kang pangabekti / siniksa ing naraka / jahanam wong iku / kang sawiji hung akarya / kabecikan ngamale ngujub wong iki / lire ngujub mangkana//

34. //Wong agawe kabecikan kadi / salat liming wektu lan sidekah / siyam kalawan kajine / mrih ginawokan iku / ing manungsa sesami-sami / kadis Juwahir ngucap / lamun ana iku / wong ulama anenedha / ing Pangeran anedha kathahing santri/  mrih gawoking manungsa//

35. //Yeku cacad wckasane dadi / tumiba ing naraka jahanam / tan katarima aniale / saya geng siksanipun / kaping kalih riya nameki / tegese ingkang riya / wong amrih kadulu/  pangabektine kalawan / mrih den alema male sesami-sami / yeku tan katarima//

36. //Sangsaya dadi siksanira / kaping tiga punika sumengah / ingkang sumengah tegese / wong gawe ngamal iku / mrih karungu sami-sami / iku tan katarima / siniksa wong iku / tekabur kaping sekawan / mrih gumuriggong peksa lewili andheweki / piyangkuhue wong ika//

37. //Dentine iku ngrasa linewih / yeku ngamal nora katarima / sangsaya dadi saksine / kadis sukbah wus immus / sapa karya ing ngamal amrih / alem hyaning Allah / ngandika hyang agung / anjaluka lira swarga / ingkang padha angalem mirinq sireki / iku lah jalukana//

38. //Dhawuh pangandikane Hyang Widi / raring malekat sakehing manungsa / kang baru aleman kabeh / denya jigabekti iku / lah sereten jungkelna sami / ing naraka jahanam / jro kitab amuwus / Juwahir kang kacarita / sapa karya pangabekti ngamal amrih / katon rinungu ing lyan//

39. //Nanging sejatine punika amrih / tiniruwa ing manungsa ingkang / tan punin pangabektine / ingkang mangkono antuk / ganjaranta sawarga lewih / nenggih kang kaping lima / ingkang aran kasud / tegese kasud punika / ngarep-arep ingilang nikmating jamni / ingkang Islam sadaya//

40. //Lawan amrih ilaming kang janmi / ingkang aran dengki wong punika / kocap ing dalem tapsire / nguni pandita balngum mete-mete ilate sarwi / marine coati kopar / nenggih dosanipun / dongaken mrih maliratnya / Nabi Musa Juwahir carita malih / lire dengki winarna//

41. //Janma amrih kaprayayen amrih / kagungan ing dunya yen kongsiya / drengki ing sami Islame / ngilangken amal iku / kang kaping enem manungsa asring / nyatur ceaning liyan wong anacad iku / ngamale sinungken marang / kang cinacat kaping pitu wong akardi / ngadu-raja wisuna//

42. //Tumbak cucukan iesane nunggil / angrusak ing ngamal kapenedan / pan sinungaken ngamale / marang wong kang den anu / jroning kitab Adkiya angling / ana kinarya taniba / ya ing dosanipun / wong kang nenacad ing / iya nuli den a lema anututi / ing sami sanalika//

43. //Sasampune den alert wong iki / nuli den tedhakna pangapura / iya marang Pangerane / donya akeratipun / ya antuka ralunating Widi / iku nutup ing dosa ing pribadinipun / manjing kari ing sawarga / wong kang tobat sawusing nacad liyaning / kalamun nova tobat//

44. //Manjing sira ing naraka dhingin / nadyan tobat sira maksih ala / kadis tapsirah wuwuse / ngandika kangjeng rasul / amertaken saking ing dalil / sajroning kitab asra / nenggih siksanipun / ……………., ……………. / sinung kuku kang adawa//

45. //Jroning kitab Asra angling nialih / siksaning wong amangan riba / lan amangan rarebane / wong ika pan dinunung / ing bengawan getih pan sarwi / tinalangan murdanya / binenturan watu / dening kang para malekat / arsa mental sesambate ngerak-ngerik / neng imigawan ludira//

46. //Lara-lara denim sanangis / nanging lamun Islam lama-lama / den entas saking siksane / ngandika kangjeng rasul / wong Islam keng padha ningali / ing Musa kapan dadya / boklining Hyang Agung / lan malih ningali muka / ning wong alim sasat ngabekti Hyang Widi / sing sapa wonge ika//

47. //Dhahar lan wong ulama lan asih / trusing driya sasat wong punika / asih ing Nabi butane / ngandika kangjeng rasul / muga ngasihana Hyang Widi / msring wong ulama ingkang / rosa arne muruk / puniku luwih utamsa / mungguh ing Hyang pan ageng ganjaraneki / lewihna ing wong salat//

48. //Sates warsa ngandika jeng Nabi / sing sapa wonge iya ngawula / ……………. / ing pitung dina iku / pinadhaken ngawuleng Widi / mangka yekline sasat/ ngawuleng Hyang Agung / ya ing pitungewu warsa / laminipun mangka Allah appearing / ing dalem sadinanya//

49. //Padha ganjarane wong kang sabil / sabilolah wong sewu padhanya / ingkang sad ina timbange / jeng rasul malih muwus / jroning kitab Rustatal nengph / wong Islam kang sabaran / denira memunik / kabungahaning ulama / ingkang pekir ing donyeku pan telah dadi / wewiranging manungsa//

50. //Tan tela ing swami-sami / pepaes mungguhing sang Hyang Suksma / kala benjang kiyaniate / lawan malih cinatur / sangking kangjeng rasullolahi / wong ingkang asih marang / ing pekir puniku / lakuning Nabi sadaya / wong kang sengit ing pekir lakuning kapir / kapir pinigon wastanya//

51. //Lawan cinaritakaken malih / saben sawiji duwe pambuka / pambuka ing suwargane / sihing pekir iku / pangandikarie Nabi malih / yekti Allah kang mulya / asih ing wong iku / pekir kang rumekseng rayat / sandhang-bukti myang pangabektining Widi / akanthi titahing Hyang//

® PUPUH 07 ®
K I N A N T H I

01. //Jroning kitab Sukbah terus / lan kitab Dadra denya ngling / jeng Nabi duta duk memba / nglangkungi kubur kekalih / siniksa kalihe pisan / prasamya lara anangis//

02. //Angandika kangjeng rasul / mring para sakabat ngiring / pakuburan roro ika / kang padlia lara anangis / iya sababe siniksa / dosane pan dosa cili//

03. //Apan dudu dosa agung / dosane ingkang sawiji / kalane bobotan tinja/  lan denya nguyuh ing nguni / nora istibrak wong ika / tan tuntas panguyuhneki//

04. //Kang sawiji dosanipun / awing angadon-adoni / angadu raja wisuna / wong tumbak cucukan ugi / tetanggane sami Islam / den prih tukarana sami//

05. //Lamun tangi caking kubur / manungsa ngadon-adoni / lan wong goroh ing pangucap / caremedan remeneki / binalik cangkeme samya / dinokok gegithokneki//

06. //Kitab pekih samya muwus / parlune wong asesuci / ilange tenung prakara / ilane rasane lan malih / ilang ambune kalawan / ilang rupane kaping tri//

07. //Kitab Mustahal amuwus sayektine Allah ugi / tan ningali tingkah-polah / apan to kang den tingali / iya amung apikira / ing lair kalawan batin//

08. //Tegese basa puniku / sayektine ya Hyang Widi / tan narima bektinira / ing wong ingkang ora apik / sanadyan silih bagusa / rupane alirireki//

09. //Kang aran apik winuwus / adoh sakathahing najis / najis lair-batinira / kang sami dipun tebihi / ambuwang najis punika / bidayah ilah Juwahir//

10. //Ratuning najis winuwus / wong kapir ing Allah ugi / lan kapir ing rasullolah / ya iku ratuning najis / samarakandi lan miptah / sitinDurat bayan tesdik//

11. //Kang samya numpes puniku / ing sakehe najis-najis / manungsa kang tinggal salat / puniku patihing najis / anyegah jakat lan siyam / lawan ora munggah kaji//

12. //Wong jina ian jimak-dubur / ajina sami pawestri / lawan jina sami priya / amateni padha mukmin/  angrusak agama Islam / totohan anginum sopi//

13. //Ngobong wismarga memandung / anjarah rna rang wong mukmin / ngapus-apusi bebegal / upas teluh tenting sihir / yeku sedaya minangka / dadya pepatihing najis//

14. //Surat Bekarah amuwus / sihir tenting dadi kapir / kang attunes najis ika / kitab Kuran lawan pekih / Ibnu Abas angandika / tumenggunge najis-najis//

15. //Lan pepatili najis iku / kalebu dosa geng nenggili / marang pitungdasa warna / dene kang anumpes najis / ya kitab pekih sadaya / ilia mukarar masahil//

16. //Sujak tafirir makalahu / anwar kalawan kunawi / ramli lawan ibnu kajar / najis kang batin winarni / tekabur lan ujubriya / sumungah kalawan dangki//

17. //Kang anumpes najis iku / ya kang aran najis batin / sukhah Juwahir bidayah / Adkiya tabsirah kadis / mawalingah muNabihan / tamhid minhan julngabidin//

18. //Utawi parluning wulu / pan among nenem prakawis / ingkang rumiyin aniyat / ping kalih masuh rerai / wajib amasuh punika / marang pinggiring rerai//

19. //Jenggot ari wastanipun / ingkang kulite kaeksi / ing mangsanipun raina / kang sanget padhangireki / lelungguhan aneng latar / katingal kang punang kulit//

 20. //Lan rowangira alungguh / lan rowangira alinggih / lamun ana wong punika / kutel jejenggole wajib / den weruhana jenggotnya / aran ketel lan kaeksi//

21. //Kulite lan rowangipun / cap-pocapan denya linggih / wajib dipun parenggena / miyat ing wulu puniki / wiwitan masuh wedana/  sunat dhinginken kang nginggil//

22. //Kang nginggil wedananipun / parlu ingkang kaping katri / amasuh tangan kalihnya / sarta sikute kekalih / den kapara nyerok marang / ing langenira kekalih//

23. //Yen ana wong kang anuju / duweni nenem dariji / atawa lamun luwiha / sa king nenem kang dariji / ……………. / sartane kang ponang sikil//

24. //Kang kaping pat parlunipun / amasuhi sirahneki / ingkang katanjeban rema / ping lima masuh ing sikil / den kapara nyorok marang / ing dhadhengkulira kalih//

25. //Kang kaping nem wastanipun / tartib tegese kang tartib / oral-orate punika / tan kena lamun binalik / nora esah wulunira / sarat esah wulu enggih//

26. //Kang sami Islam puniku / tan nyegah tamuning warih / kalawan kulit puniku / nora nana angilingi / bataling wulu winarna / anenggih limang prakawis//

27. //Rumiyin ingkang was metu / saking ing marga kekali / liyane mini punika / kang batalken wuluneki / kang kaping kalih anendra / kang tetap saking inggili//

28. //Kang jongkeng bebokongipun / lan wong turu ngadek iki / dadi halal wulunira / wulu ingkang kaping katri / kang angilangaken akal / sabab wulu lan kagingsir//

29. //Dene ping sekawanipun / gegepokan kang dudu mukrim / wong lanang lawan wanudya / kang sama agengireki / dudu biyang dudu anak / dudu kakang dudu adhi//

30. //Dudu bibi uwa dudu / dudu ipene wong iki / kang kaping lima anggarap / ing dakar kalawan parji / dakar parjining manungsa / yen satotan batal weni//

® PUPUH 08 ®
S  I  N  O  M

01. //Wajibing mukmin sadaya / angegungena Hyang Widi / ya salat limang wektunya / sadina lawan sawengi / salat punika wajib / mung lelima tekbiripun / Allahuakbar lirnya / Allah kang agung linuwili / lawan wajibing wong mukmin sadaya//

02. //Angegungena Hyang Suksma / sadina lawan sawengi / sami macaa kehena / panebut marang Hyang Widi / kaping pitulas malih / pan punika lapalipun / alkamdulilahi pan / tegese sakelihing puji / kagungane Allah kang amurbeng jagad//

03. //Lawan rabilalamina / tegese Pangeraneki / iya ing alam sadaya / nulya rahmani rakimi / kang mush ing donyaki / kang asih ngakeratipun / nulya malih ing ngarsa / pan maliki yaumidin / pan tegesing stoning dina kiyamat//

04. //Sakehe lapal kang awal / karya panggunggung Hyang Widi / iku pitulas patekah / iku pitulas patekah / kang wajib wong mukmin malih / ngunjuken sembah puji / dhateng Pangeran kang agung / angunjukaken sembah / ing sadina tan sawengi / iya anakbudu tegese kang lapal//

05. //Angadeg nembah ing tuwan / raga kawula puniki / ing tuwan saged anembah / badan kawula kang langip / lawan wajib wong mukmin / nedha pitulung Hyang Agung / mrih kuwating agama / lapal iyakanastangin / tegesing living tuwan awak kawula//

06. //Anedha pitulung rumen / sagung sariraning mukmin / magi tuwan kuwatena / ing agama Islam semi / tuwan rusaken sami / agama kapir sadarum / ing pitulas prakara / wajib sagunging wong mukmin / ananedha ing Hyang kang mahawisesa//

07. //Linepasena ing iman / tan anedha wuwuh ngalim /  pituwelas wajibira / sadina lawan sawengi / imane man usia jin / kang sami Islam punika / den tedha abenera / sarta wuwuha ing elmi / ya ing rapal bahdinas siratal lingnya//

08. //Mega lumen nuduhena / ing iman kalawan ngelmi / lajeng mustakim kang lapal / tegese kang leres ugi / sarta sakwehing mukmin / tuwan duduhna sadarum / lawan wajibing tuwan / andedonga ing Hyang Widi / ing rapal siratalladina an ngamta//

09. //Ngalaihim lire punika / imane kang para Nabi / lan para wali sadaya / kang asih ing tuwan gusti/  mring sadayane sami / asiha tuwan ing ulun / sarta mukmin sadaya / tuduhna margane Nabi / sadayane nenggih kang para ambiya//

10. //Kerilmahlubi punika / liyane kapir yahudi / kang sami tampi deduka / kang amungsuh kangjeng Nabi / Musa kapir yahudi / maido ing kitabipun / kitab toret punika / wong maido Toret nenggih / dadya kapir ing kitab satu-sakawan//

11. //Lawan lapel walalladina / lawan liyane kang kapir / kapir nasarani sadaya / kang sami sasar sakalir / amungsuh kangjeng Nabi / Isa kapir nasaraniku / maido Injil kitab / wong maido kitab Injil / dadya kapir dhateng ing kitab sadya//

12. //Sapa ingkang maido / dhateng ing Nabi satunggil / dadya kapir wong punika / mring Nabi sadaya nenggih / sapa maido maring / kitab satunggil puniku / atawa sakalimah / wekadane dadi kapir / marang kitab satuse punjul sakawan//

13. //Wajibe mukmin sadaya / arukuk maring Hyang Widi / ing sadalu lan mina / pituwelas rukun nenggih / lan tumaninah malih / pitulas siyang sadalu / wajib mukmin sadaya / tegese rukuk sireki / den rumasa ina cili raganira//

14. //Wajibing mukmin sadaya / istidal dhateng Hyang Widi / sadalu lawan mina / mall ping pitulas malih / tumaninah pan sami / pitulis jro istidalu / muga anarimaha / Allah Pangerane puji / ing pujine ing priyayi mukmin sadaya//

15. //He Allah Pangeran amba / kadarbe ing tuwan gusti / pujine makluk sadaya / sakebeking bumi langit / pepitu punang bumi / kalawan langit pepitu / kebeke barang-barang / liyane kang kocap iki / sakathahe pujine katur ing tuwan//

16. //Lan wajib mukmin sadaya / asujud dhateng Hyang Widi / sadalu lawan raina / tridasa sakawan nenggih / lan tumaninan wajib / tridasa sakawanipun / kocap adeging salat / pitulas adege nenggih / ayatipun sarta lungguhe sadaya//

17. //Selaning sujud punika / wajib alurigguha malih / sadalu lawan raina / malih pituwelas malih / lan tumaninah malih / salebeting lunggihipun / tumaninah pitulas / he Pangeran amba gusti / angapuraa ing dosa kawula amba//

18. //Lan malih tuwan asiha / ing raga amba puniki / lan malih paringa tuwan / ing rijeki raga mami / lan misih saha gusti / tuwening amba pukulun / saking dosa sadaya / tuwan sekehena gusti / raga amba mring pangabekti sadaya//

19. //Lan malih anuduhena / tuwan dhateng raga mami / agama Islam sadaya / tuwan nuduhena gustri / amarasena ugi / sakit kawula sadarum / daraponta kuwata / angabekti rowan ugi / andedonga kawula dhateng ing rowan//

20. //Salawat lawan muwalat / tartib lawan salat dhingin / kalihdasa kathahira / sad ina lawan sawengi / weruha para mukmin / parluning salat puniku / rongatus kawandasa / punjule sakawan malih / ing nalika sadalu lawan raina//

21. //Salat subuh tigangdasa / parlune lang kung kekalih / luhur pan seket winarna / asar seketnem lan malih / kawandasa ing mahrib / lan sakawan langkungipun / seketnenem ing Isa / uninga para mukmin / lawan wajib kang para mukmin sadaya//

22. //Angaturana reruba /  sadina lan sawengi / mring Pangeran ingkang mulya / tegese pan tahyat akir / sadina lan sawengi  kaping lima wajibipun / lan lungguh lan sahadat / ping lima kalimah kalihi / lawan wajibing para mukmin sadaya//

23. //Andedonga ing Hyang Suksma / nedhaa dhawuhe malih / rahmat mring Nabi Mukamad / lapal Allahuma Sali / ngalam muhkamadinas / ing tegese he Allahu / amuwuhana tuwan / rahmat ing atasing Nabi / Muhkamad kang rinasul kang pramudita//

24. //Wajib malih kang wong Islam / andedonga mring Hyang Widi / nedhaa salamet donya / marang raganira sami / lawan sakehing mukmin / saleh den betah sadarum / saleh lawan raina / ping gangsal wajibe malih / iya iku kang anesal rasaning salat//

25. //Assalamu alaena / muga-muga to Hyang Widi / salametena Pangeran /  ing atase raga mami / lan wangalangi badil / laisalikin puniku / lan muga salametna / atas kawulane sami / ingkang penet pangabektine sadaya//

26. //Sing sapa bendu / marang wong alim sawiji / aprasasat bendu marang / jeng Nabi ingkang sinelir / sing sapa bendu miring / jeng Nabi rasul wong iku / sasat bendu ing Allah / sing sapa bendu Hyang Widi / panggenane ing benjang aneng naraka//

27. //Sing sapa ngujung wong ika / marang wong alim sawiji / prasasat ngujung anembah / mring kangjeng Nabi sinelir / sing sapa ngujung ing Nabi / sasat ngujung ing Hyang Agung / sing sapa wonge nembah / angujung dhateng Hyang Widi / panggenane ing benjang aneng sawarga//

28. //Sapa asih ing wong Islam / asih ragane pribadi /  wong sengit marang wong Islam / sengit ragane pribadi / kocap aneng Juwahir / lan kitab Adkiya iku / kinon atut sesanak / sakathahe para mukmin / iya iku salat dalam ingkang nama//

29. //Salat daim jenengira / sampan kendel-kendel dikir / den rasa maca salawat / lan amacaa Kuran nenggili / para Nabi pra wali / guh makaten lampahipun / yogya saini tulada / ing laku kang luwih becik / iya iku tandhane yen kinasihan//

30. //Kadin Juwahir ngandika / sing sapa ayun wong mukmin / sapocapan ling Hyang Suksma / amacaa Kuran nuli / sapocapan sayekti / lamun bIsa lugatipun / bIsa ing maknanira / tan bIsa murade malih / tiyang iku sapocapan lan Pangeran//

31. //Insan-kamil acarita / Kuran akadiyad ugi / kurun swastahulubiyan / basa huluhiya enggih / saben kitab sadaya / satus-sekawan kehneki / yeku aran purkan kabeh samucungnya//

 ® PUPUH 09 ®
P  U  C  U  N  G

01. //Wiwitane ingkang dumadi sadarum / saking nur Muhamad / pan kathah jejuluk neki / nenggih ingkang awasta enur Muhamad//

02. //Kang rumiyin ahyat-sasitah jejuluk / kaping kalihira / ajejuluk adam-mukin / roh-ilapi jejuluke kaping tiga//

03. //Roh-rabani jejuluke kaping catur / ing kaping lima / ajejuluk imam mubin / kaping enem king a ran kainmul asya//

04. //Kaping pitu kanjulkapi ajejuluk / kaping wolunira / jejuluk badrulalami / kaping sanga ajejuluk adam awal//

05. //Ping sadasa kalam ing jejulukipun / kang kaping sawelas / jejuluk rasullolahi / roh-rahmani jejuluke kaping rolas//

06. //Alam-pakir ping telulas ajejuluk / kaping kawanwelas / ajejuluk alum-kabir / liyanipun punika malih tan kocap//

07. //Kang satengah ngucap ing sapa nohra wruh / ing jejulukira / Nabi kita kang sinelir / nora esah Islame wong kang satengah//

08. //Kawania anenggih malih asalipun / limang wektu salat / ya saking nur Muhamadi / johar-awal ya roh-ilapi punika//

09. //Roli-ilapi nyawane jeng Nabi rasul / angsale kang nyawa / saking sipat jalal nenggih / lawan sipat jamal kalihe punika//

10. //Ya iradat kuna karsaning Hyang Agung / wong ingkang ulama / angalap muradeneki / kitab Durat lawan sarah ingkang Durat//

11. //Lawan Mupitalmilani kitabipun / patakul mubina / lawan kitab asanusi / alim-Durat ing kitab sakawanika//

12. //Saking sipat kahar lan iptikar iku / sababe anunggal / ing maklukira Hyang Widi / kawarnaa sipat majing iptikarnya//

13. //Lan kang manjing ing sipat kahar puniku / kodrat lan iradat / ngelmi kayat lawan malih / kadiran-muridan lan ngaliman-kayan//

14. //Wahdaniyah sipat sesanga punika / wajib mungguhing Hyang / kalawan sipat kekalih / ingkang wenang ayaring alam sadaya//

15. //Nora asung anyaring alam punika / was kocap ing Kuran / surat Anbiya kang muni / Nabi Brahim den obong dening wong kopar//

16. //Datan pasah salembara ingkang wulu / tandhane kang alam / pan asung anyar liyaning / kawarnaa sipat kang manjing istigna//

17. //Ingkang dadi nama sugih ing Hyang Agung / Pangeran kang mulya / sahab dening andarbeni / sipat kathahipun kang sawelas//

18. //Ingkang wenang kekalih lan ingkang mangsuk / inama istigna / mungguh jenenging Hyang Widi / karya alam nora wajib nora mokal//

19. //Amung wenang kewala mungguh Hyang Agung / denya karya alam  marmane Hyang manpangatneki / iya alam pan nora alam makpangat//

20. //Bedane lan makluk-makluk sadayeku / kalamuna kasab / angalam manpangatneki / kawuwusa sipat manjing istigna//

21. //Ingkang wajib ing / Allah sawelas iku / wujud kidam-baka / mukal-lapah lawan malih / pan lilkawadi siwalkiyamu lawan//

22. //Binabsi hIsamak badarkalam iku / samingan basiran / mutakaliman pan uwis / sawelas kang manjing ing sipat istigna//

23. //Winastanan johar awal nyawa rasul / pan kinarya tandha / kanyatahaning Hyang Widi / lamun Allah punika luwih kuwasa//

24. //Nora nana ingkang kinarya rumuhun / arming nur Muhamad / nyawa rasul den arani / gedhong samar pan anggoning pasimpenan//

25. //Allah ingkang murba wisesa puniku / animpeni asma / nulya kinon sujud aglis / johar awal tan arsa sujud tumulya//

26. //Dene johar awal punika angaku / dadine priyangga / johar awalkinen kardi / johar awal tan bIsa agawe alam//

27. //Johar awal angrasa yen apesipun / asujud seksana / johar awaling Hyang Widi / kaping lima pasulude johar awal//

28. //Sampunira kinarya dera Hyang Agung / robe lan saris / wusnya balek dadi aji / pan jumeneng Nabi Muhamad minulya//

29. //Wajib nata asalata limang wektu / johar awal ika / tan purun sujuding Widi / iya sabab saking karsaning Hyang Suksma //

30. //Purunipun sujud kaping lima iku / karsaning suksma / pola tingkah kang kinardi / pasthi saking Pangeran kang Mahamulya//

31. //Subuh luhur asar maghrib Isa iku / kinon Nabi-duta / amuji subkanallahi / lan alkamdullulah lan Allahuakbar//

32. //Amacaa alkamdullilah sireki / alkamdu pan iya / lelima aksaraneki / kang rumiyin alip anuduh punika//

33. //Marang wektu luhur patang rekangatu / ngadhepi punika / pangucap paninggal nenggih / pamiyarsa pangambil sakawanira//

34. //Angandika Hyang Suksma ing Nabi rasul / lan lame punika / tuduh wektu asar iki / iya patang rekangat ngadhepi lesinira//

35. //Lan lenglengan grananira loro iku / wektu Isa ika / wektu saking aksara mim / pat rekangat ngadhepi jaianira//

36. //Lawan gigirira landhungireku / tengeh lawan kiwa / wektu subuh metu saking / aksara dal wertakena ya Mukamad//

37. //Marang umatira sadaya ing besuk / rong rekangat ingkang / sarekangat angadhepi / badanira ping kalih ing nyawanira//

38. //Jengkep lima aksara tuduhing wektu / milane patekah / ing saben rekangat wajib / amacaa sakwehing mukmin weruha//

39. //Pan kang darbe Nabi Adam salat subuh / kala Nabi Adam / tinundang saking swagadi / tumedhak mring dunya tiba ardi selan//

40. //Nalikane dina jumungah ing dalu / sanget petengira / ing wektu subuh annuli / bang-bang wetan wiwit ana padhang rina//

41. Nulya Nabi Adam kebat salat subuh / rong rekangat salam/ milane Nabi ligabekti / milane Nabi ngabekti / ing Hyang Suksma dene ta salametira//

42 //Sangking ing papeteng sadalu puniku / rekangat ing awal / sukur ilang ingkang wengi / pepetenge rekangat ping kalihira//

43. //Sukur malih padhang ing rainanipun / punika purwanya / salat luhur kang darbeni / Nabi Brahim kathahe kawan rekangat//

 44. //Nalikane kinon denira Hyang Agung / nambeleh kang putra / Nabi smangil wulan kaji / kang anima wulan kaji mangsanira//

45. //Dyan ingundang Nabi Ibrahim pan gupuh / nalika maragad / mulut ing keblat pat iki / ing masane luhur putra sinalinan//

46. //Lawan menda tan paragat jangganipun / putra masih gesang / sira jeng Nabi Ismangil / ingkang rama suka sokur ing Hyang Suksma//

47. //Nulya Nabi Ibrahim asalat luhur / sakawan rekangat / rekangat ingkang rumiyin / sukur ing Hyang dene tan bIsa maragat//

48. //Mring kang putra rekangat ping kalihipun / sokur ing Hyang Suksma / dene tinebus kang siwi / lawan menda dene rekangat ping tiga//

49. //Sokur ing Hyang icaling prihatinipun / gantya salat asar / Nabi Yunus kang darbeni / tatkalane Nabi den until ing mina//

50. //Nalikane kesah purik Nabi Yunus / kesah saking praja / pinaido raring wong kapir / datan purun Islam andhandhangula//

® PUPUH 10 ®
DHANDHANGGULA

01. //Kawursita nalikane manjing / Nabi Yunus prapta ing nagara / kinon bening Pangerane / selamena puniku / sakathahe manungsa kapir / macaa ya iflalia / ilallah puniku / lawan kinon amacaa / Nabi Yunus caritanira Hyang Widi / pangandikane Allah//

02. //Heh ta Yunus selamana sami / wong kapir iku konen maca / ya ing kalimah rorone / yen ora ana purun / tuturna ing jeneng mami / sun siksane ta padha / sadhela wong iku / yen tan ana gelem Islam / lamun Islam salamet ing dunya akir / Nabi Yunus seksana//

03. //Praptaning praja amarentahi / heh sakehe manungsa ta padha / Islam sira ing mangke / lamun sira tan purun / yekti teka siksaning Widi / yen purun Islam sira / amunggah swarga gung / salamet donya-akerat / kang wong kapir tan purun ature sami / tan ana kang pracaya//

04. //Samya matur sakehing wong kapir / inggih purun kawula Islam / upami dhateng siksane / yen tan prapteng sikseku / datan purun Islam mami / tan parcaya kawula / ing dika puniku / Nabi Yunus nulya kesah / sarwi ngucap iya rasakena ugi / teka tan lebur sira//

05. //Sasampune tebih kangjeng Nabi / saking praja kitin tan katingal / nulya rawuh ing siksane / ngungkuli sagareku / kang wong kapir samya ningali / ajrih anon ing siksa / cipta nora waning / yen siksa ani banana / yekti tumpes wong saironing nagareki / pinangan ing naraka//

06. //Nulya Islam sadaya wong kapir / samya maca kalimah kalihnya / anulya waning siksane / ilang kang aneng luhur / Nabi Yunus datan udani / nyana sampun den siksa / wong sanagareku / kang, kapir maido samya / sampun lebur kena siksa pan dinalih / dereng women kang Islam//

07. //Nabi Yunus wangsul arsa using / bebathangewong  ingkang siniksa/  sanagara panyanane / geseng wus dadya awu / tiningalan saking tebih / wutuh wong sanegara / dadya Nabi Yunus / anyana yen cinidranan / ing Hyang Suksma jatine wong saprejeki / siniksa pinejahan//

08. //Dayda Nabi Yunus langkung isin / datang malebeng ing nagara / ngrasa cinidranan bae / den ira Hyang kang Agung / datan kongsi den pariksani / tan nyana masih kopar / lira Nabi Yunus / tan lacan isining suksma / denya Nabi Yunus wus pegel ing galih / Allah ingaran cidra//

09. //Marma Nabi Yunus kesah purik / nunut juragan kesah alayar / duk adandan ing layare / ngandika Nabi Yunus / marang para juragan sami / anedha lila dik a/ manilarsa nunut / saben juragan satunggal / anaur sumanggup inggih suwawi / inggih sakarsa panduka//

10. //Sasampune malebet sakapir / nulya sangkat dhedhayung wewelah / sarwi ambabar layare / masang kemudhi sampun / kumaracak ungele warih / umpak ambal-ambalan / sampuning adangu / denira ngambah samodra / adan prapta aneng tengahing jaladri / kendhek ponang baita//

11. //Datan kena ambajura malih / mundur-mundur pisan ora kena / juragan sungkawa tyase / sampunira adangu / sami pikir juragan sami / gunem lan kancanira / ana ingkang muwus / satu juragan kang bisa / ing petangan kang dadi sababing mangkin / kandhege ponang palwa//

12. //Mila kendel para upusiki / done woten manungsa kang minggat / apurik sangking gustine / kang aneng jro parau / pra nangkoda sabaturneki / sadaya samya ngucap / kawula pan dudu / inggili tetiyang inggatan / ki juragan ingkang anyandhak kaundhi / sagung wong aneng baita//

13. //……………. / ……………. / ……………. / ……………. / ……………. / ……………. /  sactikupe sadaya mangkana gya numus / ki juragan ingkang awas / ing petangan anjajeni sadayeki / ing mengko iya sapa//

14. //Nyandhak undhi kang amawa cirri / bebandhang iya kang aminggat / kang purik saking gustine / wusnya jangji sadartim / undhi iku binucal aglis / lajeng samya anyandhak / anyatunggal wau / sami salarnot sadaya / datan ana anyandhak bundhelan siji / Nabi Yunus seksana//

15. //Tumut nyandhak kang ngundhi sawiji / ambeneri ingkang bebundhelan / ingkang amawa cirine / wus karsane Hyang Agung / Nabi Yunus mangkana nuli / karsane prajuragan / linabuh ing laut / Nabi Yunus tan sawala / wus linabuh aneng telenging jaladri / den untal dening ulam//

16. //Tigang dina lawan tigang wengi / Nabi Yunus neng wetenging mina / ing tapsir akir wuwuse / jro cacat papal iku / mung sadina laminireki / neng telenging samodra / jro weteng ulam Nun / ingkang satengah angucap / laminipun tigang latri / neng jroning weteng ulam//

17. //Amiraos satengahe malih / Nabi Yunus den untal ing mina / pitung dina lan wengine / kang saweneh amuwus / kawandasa dina lan latri / aneng jro weteng ulam / kangieng Nabi Yunus / nulya amaca mengkana / an laila hailahanta lan malih / amaca sukanaka//

18. //Inakuntu lan minalalimin / ing tegese kang lapal punika / yen tan ana Pangerane / among tuwan puniku / mahasuci tuwan sayekti / wonten kawula karya / niaya pukulan / dhateng ing raga kawula / milanipun niaya dene tanpa pamit / kesah amba mring tuwan//

19. //Penedipun amawia idi / kesah amba ing tuwan punika / kadya aniaya mangke / mring pribadining ulun / sanget tobatira jeng Nabi / ya Allah amba nedha / tulungana ulun / wedalena saking garba / ning kang mina lan tuwan ngentasna mami / saking teleng samodra//

20. //Among tuwan ingkang luwih adi / luwih kuwasa pan among tuwan / gusti kawula yektose / mangkana kang iwak Nun / nulya minggir saking jeladri / lawan titalling suksma / anembusken asru / Nabi Yunus sigra medal / saking wetenging tibeng gegisik / maksib nyepeng undhinya//

21. //Munggeng asta pan tumencep nuli / neng pasisir tuwuh angrembaka / kang imamba gegodhonge / mring kangieng Nabi Yunus / pan asulak panasing rawi / kang dhateng ing sarira/ ……………./ ……………./ kawarnaa women tit kidang satunggil / mring Nabi langkung welas//

22. //Anusoni ing nalika enjing / lawan sonten kidang atur tuwan / Nabi Yunus pangunjuke / malah mantun kang lesu / dadya kuwat sarira Nabi/ mantun kadya duk kina / ing saderengipun / minggat anilar nagar / kang saweneh ngulama ana kang angling / wau kang atur tuwan//

23. //Dudu kidang pan warak sayekti / tunggal lapal pan saje maknane / pa rebutan ing maknane  / ingkang lapal wakdantun / makna kidang ana maknani / waknikdatun iku warak / pan mukjijatipun / Nabi Yunus ana kidang / atur tuwan lan undhiki kang ngatibi / sarira nulak pangs//

24. //Lawan titihing kang Mahaluwih / marmanipun kang aran mukjijat / kang ngowahi ing adate / angapesaken iko / Ing akathah wall kang ngundhi / kang dadya angrembaka / wastane kang kayu / kajeng yatin angrembaka/  wau kajeng Nabi Yunus ingkang dadi / nguni runtuking driya//

25. //Tinena wewastaning nagari / kang tinilar minggat pitulungan / sami Islam sadayane / anulya kinen wangsul / Nabi Yunus marang ing nagri / anulya kinen wangsul / binesawa praptanya / nenggih laminipun / Nabi aneng Binesawa / pan sakethi warsa punjulira malih / pan kalihewu warsa//

26. //Ingkang saweneh pandhita angoling / langkungipun ing sakethi warsa / pan kalihdasa ewune / saweneh kang amuwu s/ langkung tigangewu warsi / saweneh ana ngucap / langkung pitungewu / saking ing sakethi warsa / ana ngucap pitungpuluhewu warsi / sakethi langkungira//

27. //Sinung kuwat Nabi Yunus nenggih / ing nalikanira wektu asar / ayun salat karsane / nulya asalat sampun / angsal kawan rekangat nenggih / rekangat ingkang awal / sokur Nabi Yunus / ical pepeteng samodra / lawan ical obah-obahing jeladri / Nabi sokur ing suksma//

28. //Lan rekangat ingkang kaping kalih / Nabi sokur denya sampun ical / pepeteng saking toyane / ping tri relcangatipun / Nabi sokur hanging nguni / petenging wengi ika / ping sakawaipun / sokur ilanging punika / saking peteng jroning weteng ulam nenggih / sokurena ing suksma//

29. //Salaimete Nabi Yunus nenggih / ing nalika mangksa wektu asar / tinetepaken wetune / asaring Nabi Yunus / karsaning Hyang kang Mahalewih / kuneng malih winarna / mahrib ingkang wektu / tetiga rekangatira / pan kadarbe ing Nabi Isa ing nguni / putrane Dewi Maryam//

30. //Dewi Maryam ingkang asesiwi / kang ana masang Bagendha Imram/ Nabi Isa nalikane / winastanan puniku / mring wong kapir ujatireki / Nabi Isa Pangeran / kang awal puniku / sarta ibune Pangeran / kang kapindho lan Allah kang Mahaluwili / punika ingaranan//

31. //Ya Pangeran ingkang kaping katri / sagung kapir nasarani samya / kang mastani Pangeran / pan Nabi Isa ngriku / nulya tobat dhateng Hyang Widi / salat tigang rekangat / mahrib ingkang wektu / asru sujud ing Pangeran / rekangat kang awal Nabi Isa nenggih / datan rigaku Pangeran//

32. //Prasabene rekangat ping kalih / ibunira tan aPangeran / rekangat kaping tigane / Mahasuci Hyang Agung / asucoken ing Hyang kang kiwili / suci tan apeputra / tan garwa puniku / tan kadi ujaring kopar / nasarani Nabi Isa den arani/  putranira Hyang Suksma//

33. //Lan ibune Nabi Isa nenggih / winastanan garwaning Hyang Suksma / Nabi Isa langkung jrihe / winastan putranipun / sang Hyang Suksma bening wong kapir / marmane Nabi Isa / tobatira asru / salat mahrib tri rekangat / tinetepken dhateng Nabi Isa nenggih / karsane Hyang kang Mulya//

34. //Salat Isa nenggih kang winarni / kang kadarbe ing jeng Nabi Mungsa / nguni tatkata antuke / saking madyan prajeku / Nabi Mungsa nedya raring mesir / lampahe tan kang garwa / nenggih putranipun / jeng Nabi Sungeb punika / pan kasasar aneng tengahing jaladri / tan uninga ing margin//

35. //Nulya paring tuduh Hyang kang tuwih / marang Nabi Mungsa karsanira / ingkang anjog ing mesire / punika to Hyang Agung / selametkun tampahing Nabi / musa saking ing panca / bawaning pakewuh / pinanggihken tan kang garwa / tan pinanggihaken sadherekireki / Nabi Harun kang nama//

36. //Kang pinarakaneng nagri Mesir / ing bani Israil wismanira / Nabi Mungsa pakaryane / ingutus de Hyang Agung / anelasken sang rajeng Mesir / Pirngon sawadyanira / ing reh tan cinatur / bedhah ing Mesir nagara / raja Pirngon kasilem anengjeladri / lebur tanpa kukupan//

37. Tatkalane Nabi musa nguni / amiyarsa sabdaning Pangeran / yen badhe menang jurite / ing wektu Isa iku / mangsanipun mirsa ing wisik / aneng gunung tursina / jeng Nabi mungseku / antuke saking madiyan / marasepuh Nabi Sungeb angebdini / ing mantu Nabi Mungsa//

38. //Amiyarsa sabdaning Hyang Widi / Nabi Mungsa tan mawi larapan / anglimputi andikane / datan kalawan kurup / tan kalawan suwara nenggili / Nabi anulya salat / angabekti sampun / winastanan salat Isa / andarbeni ing waktu Isa jeng Nabi / Musa karsaning suksma//

39. //Kawuwusa rekangat kang dhingin / kangieng Nabi sokuring Pangeran / kaparinggih lawan garwane / rakangat kalihipun / sokur Nabi sihing Hyang Widi / sabab den panggihena / lawan Nabi Harun/ rekangat kang kaping tiga / Nabi sokur genya den menangken jurit / lawan Pirngon narendra//

40. //Rekangat ping sekawan jeng Nabi / Musa sokur renati satilah / saking pandonga Hyang dene / punika angsalipun / salat Isa ingkang darbeni / jengira Nabi Musa / ing writaniptin / nahen malih kang winarna / angsalipun kutbali jumungah puniki / kanthaning pamiyarsa//

® PUPUH 11 ®
K I N A N T H I

01. //Angandika kangjeng rasul / kabibolah kang sinelir / heh sakehe kang manungsa / padha ta amriha sami / ngelmuning Allah kang mulya / ing lawan patang prakawis//

02. //Aja enak tyasireku / balik den rosa angaji / den lorna padhaning Islam / Islam lanang Islam estri / lan aja tekabur sira / mring pepadhaning wong mukmin//

03. //Kang anor sadayanipun / mring kangjeng Nabi sinelir / prakara kaping sakawan / lawanging elmu winami / den wani sira ing lapal/  aja tuwuk-tuwuk bukti//

04. //Dadya peteng ingkang kalbu / yen aluwe ponang jalmi / dadya asila ing Pangeran / yen bakda subuh sireki / aja sira nendra-nendra / dadya atos tyasireki//

05. //Lawan aja turu-turu / ing bakda asar sireki / anyendhekaken ing akal / balik turuwa sireki / ing wancine bakda ha / wuwuh akalira dadi//

06. //Ngandika malih jeng rasul / aja ngekehaken bukti / wuwuh atos atinira / dadya peteng tyasireki / lamun kedhik panganira / iku madhang ken ati//

07. //Ngandika malih jeng rasul / aja nenulis ing wengi / wuwuh lalen atinira / lan aja ngaji ing wengi / ngdmu kang durung anti / ing atinira pan dhingin//

08. //Dadya ilang elmunipun / yen ngaji kang durung using / balik anderesa sira / ing elmu kang wus udani / anirili aja tali lira / ing elmunira kang lami//

09. //Kadin tatsirah amuwus / aja sira anenulis / ing wancine bakda asar / mara anetranireki / balik sira adikira / alara dedongaa ing Widi//

10. //Ngandika malih jeng rasul / sapa ngekehan ing / akeh lupute wong ika / sing sapa keh luputeki / dadi sira anelangsa / ing dunya lawan ing akir//

11. //Sing sapa meneng wong iku / tan ing ling mating Hyang Widi / ingaranan iku setan/  caritane Kuran nenggih / jro surat Rabinas ika / setan manjing tyasing janmi//

12. //Tatkala dikir wong iku / kebat lunga punang eblis / kitab Juwahir cirita / pan lumayu punang eblis / saking anak putus adam / amor ing sariraneki//

13. //Pan kadi lakuning mares / wonten seweneh pawarti / manungsa kang doyan nendra / ling karencang awakeki / aline katon gumawang / gampang panjing ingkang eblis//

14. //Marang ingjro kalbunipun / marina aja doyan gating / kitab Juwahir angucap / yen sanget warege bukti / seten gampang panjingira / mringtyase wong wareg bukti//

15. //Yet, aluwe wong puniku / seseg rapet awakneki / tan bisa manjing kang setan / angandika kangjeng Nabi  wong kang luwe aneng dunya / gustining amal sayekti//

16. //Juwahir ingkang amuwus / dadya entheng sarireki / wong luwe bekti ing suksma / pangandikane jeng Nabi / ing dalam kitab Mustahal / wong mukmin kang sarwa apik//

17. //Gustining anal satuhhu / apik kang sandhang myang bukti / pan wirang ing lapalira / wong ika tinggal saliring / sakehing kang samar-samar / waringinira Hyang Widi//

18. //Kang wajib salat winuwus / kathahe kawan prakawis / ingkang dhingin wong kang Islam / balek Islam kaping kalih / kaping tiga duwe akal / kang wus Islam ingkang janmi//

19. //Kang kaping sakawanipun / wanudya kang uwis sukci / saking ngekel lan wiladah / lan saking nipas wus suci / sartane balek wus Islam / yen tinggala salat nenggih//

20. //Kang wits pepak papat iku / wajib kala nauri / esahin salat winama / anenggih wolung prakawis / kang dhingin pinter sabarang / pratingkahe salatneki//

21. //Kaping kalihipun weruh / parlu kang wolulas iki / kitab Sitin angandika / rebug ilahnya sujangi / parluning salat sadaya / sadina lawan sawengi//

22. //Kalihatus langkungipun / kawandasa papat nenggih / puniku sajroning salat / wektu lelima puniki / mangsaning balek winarna / yen mungguhing rare estri//

23. //Miwah lawan rare jalu / kang umur sesanga warsi / kang aran balek rareka / yen ajimak lan pawestri / metu rna nine wong ika / alawa kewala mijil//

@@@

%d bloggers like this: