alangalangkumitir

Javanese Manuscripts

SULUK BESI


Anggitanipun Abdi-dalem Pangeran Wijil ing Kadilangu.

® Pupuh 01 ®
DHANGDHANGGULA

  1. Pasang tabe sekar madu manis, wasitagnya sudarmeng susanta, nahan kirtya wuryaning reh, pasal kang tumrap suluk, aneng janma satwa ran ki Besi, langkung mesu wardaya, karyanya alungguh, aneng tepining samudra, kang pinangan mung nginum sajeng tan malih, lawan meneng karyanya.
  2. Aneng pereng ampingan andhemping, wus salama datan kauningan, saking rempit panggonane, laminya tan cinatur, inumanya amung sakupi, sarta gelas tan tebah, palala ing Hyang Ngagung, tan telas salaminira, ing sawiji dina kang ngadarbe siti, nuju arsa leledhang.
  3. Dhasar pinggir desa gening santri, kae guru tan mawi sakabat, saha kaskul jujungkate, atasbeh jubah cripu, sapraptane ing pinggir gisik, madeg anon samudra, nulya dangu-dangu, nolih wuri ana / janma , pinaranan meneng datan ngancarani, ki pangulu angucap.
  4. Rika iki apa wong atapi, yen tapaa sajeng dera pangan, yen mahas seng pratikele, kaya wong tapa nekung, nging degsura tatrapireki, ulate pundirangan, apa dhasar bisu, eh manusa angucapa, apa sira basa sabrang tawa encik, nadyan cik sun kaduga.
  5. Apa kang sasato sira iki, apa bongsa ejin parayangan, apa kesurupan kiye, sarya maca tengawud, duk miyarsa sira Ki Besi, ing wuwus kang mangkona, nlongsa jroning kalbu, nora talah ya Ki Ummah, mring sepadha wuwuse cumeri-ceri, eh ta ewa mangkona.
  6. Ngong jawabe ririh denirangling, pasang tabe sampun aduduka, kawula tebih wijile, sarah katut ing laut, sakawasa kajat mratapi, ki pangulu duk myarsa, mesem sarwi mungkur, tapaning ibelis laknat, mangan sajeng sira lungaa tumuli, aja nunggal ing tanah.
  7. Basa kene panggonan ing santri, bok nunulari ing mumurid ing wang,  ingsun pamulangan gedhe, Ki Besi malih muwus, punapa ta batalna kyahi, ing tyas kajat prawita, marang ing Hyang Ngagung, paduka wus pinandhita, teka cukeng ing tanah kawula geni, ujare wong pandhita.
  8. Wus pinongka jasad bettolahi, anglairken sipat tri prakara, ki guru rengu netyane, aja sira amuwus, kumawawa teka kumawi, puluh sira ngucapa, mung kandheg ing clathu, guci-mu sira guwanga, bokmanawa ingsun sudi angangsuli, sakeh ing wuwusira.
  9. Maksih ririh wuwuse Ki Besi, kang waragang lamun binucala, punapa kaindhakape, ki guru nyentak muwus, iku setan karam linewih, blis tan wruh ing tata, buwangen den gupuh, mengko sun ajag angucap, lamun ora dera guwang sajeng guci, lalu tan sudi mulat.
  10. Besi angling manawa kiyahi, ingsun guwang guci si waragang, yen weruh karam karepe, ki guru jelih muwus, eh / ko kapir karam kang ngarti, timbalan ing panutan, sing sapa anginum, ing sajeng kalbeng naraka, lawan adoh panggawe marang ngabecik, ko setan apa wruha.
  11. Ing kalale sajeng ta ko belis, Besi ngucap eh kyahi menawa, kawasa jawab su’ale, itung ing tyas pukulun, ingkang santri tan pesthi swargi, yen pegata lan nalar, nalara puniku, kalamun tan tinandangan, nadyan silih tandangana saben ari.
  12. Ingkang mangan karam bakal mati, kang tan mangan tan wurung palastra, balik yen mati kapriye, yen pesthiya swarga gung, enak dening gon ambuwangi, ki guru nolih lenggah, basakna sireku, karuhan lamun minulya, wong kang gama cinadhang ingkang swarga-di, widadari nyanyadhang.
  13. Sira wuwus sipat ing Hyang katri, iku ora ta agung lan murah, kawasa kaping telune, Ki Besi aturipun, inggih leres puniku ugi, ki guru ciya-ciya, latah nyablek pupu, Besi muwus kang punika, punapa asipat agung wus darbeni, dene dahwen paduka.
  14. Punapa ta / kawula kiyahi, jinawekna titah ing Hyang Suksma, teka kapati dinahwen, kawula kamipurun, amangsuli atur kiyahi, supados pakantuka, sapangat pukulun, santri ingkang mesthi mulya, leresipun rineksa ing donya ngakir, dene maksih sangsaya.
  15. Kang pinangan jejaluk saari, ari miwah ki guru punika, deningoni mring muride, yen mungguh awak ingsun, siya-siya ingsun mastani, dene kawula ingkang, tan bukti sawindu, amung kang nginum waragang, mung saguci awak rahmat sajeng misih, dene tan bekrakakan.
  16. Pan kagepok wadine ki santri, sru muleleng asta suraweyan, eh apa su’al-mu kabeh, den akeh den-atumpuk, kalumpukna aywana kari, mengko ingsun kang jawab, yen sira nora wruh, ingsun guruning ngulama, kae Besi inggih kawula kiyahi, gadhah su’al wadhagan.
  17. Pan kasengsem duk kalebeng warih, lulumuten kalebeng pawaka, nusup nga/ra-ara gedhe, kagyat ana wong bisu, nguwuh-uwuh melingi kuping, sirna manggung katingal, bagda durung rukuk, ngambil geni tur didiyan, akekebut tur kang kinebutan angin, ngangsu pikulan toya.
  18. Lan isining jagad sadayeki, pinten prakara kabeh cacahnya, lah ika jawaba kabeh, ki pangulu anjetung, wiruruten netyanira nis, legeg tanpa wicara, asawang cungkulub, arsa muwus bokmenawa, tan katuju malah garowah  twasneki, satengah tanpa apngal.
  19. Asru ing ngetak mawanti-wanti, upamane wong tuli awuta, kongsi jinawil pupune, kagya[t] ki guru muwus, sayektose kawula kyahi, basa karana Allah, adhuh minta ampun, pangaksama insa’allah, adhuh kyahi kawula anunuwun yekti, ing paduka mulanga.
  20. Kamiselek ing tyas merbes mili, saking kaduwung salah ing tingkah, Ki Besi awlas driyane, eh reke dika mantuk, sampun siliha wektu tangis, /wus parentah ing Suksma, jer dika kumingsun, reke nunten umantuka, sampun dangun puniki wus metu mahrib, reke andika salat.
  21. Adhuh Kyahi boten purun mulih, nadyan silih jangkepa sawarsa, mati ing gon wus pesthine, Ki Besi awas dulu, bok kiyahi ingsun tuturi, supaya amuliya, aywa wet mor ingsun, mamedhar pruwitaning wang, eh kiyahi pangulu ywa walang-ati, nging nuli alungaa.
  22. Pan kageseng duk kalebeng warih, lulumuten duk aneng pawaka, banyu ing netra tegese, gesenge eremipun, basa lumut sajroning geni, roh ilapi geninya, apngal lumutipun, pramila lumut angaranan, tegesipun undhak ing kawruh sajati, angrampo nora suda.
  23. Nusup ngara-ara semuneki, iku nunggal sirna kang katanial, makripat iku ngilmune, paningal ing reh iku, kagyat ana wong bisu nenggih, rumunggu jroning karna, apngal ing roh kudus, bakda sadurung ing niyat, iya iku kang salat jro sanubari, ngangsu piku/lan toya.
  24. Kita iki kaserenan nasir, geni banyu angin lawan lemah, ajujuluk jagat reke, miwah saisinipun, jagat traya mung tri prakawis, kang dhingin ran nurrullah, kapindhone iku, wujud kahanan ing Ngallah, ing tegese mendhak lan mandhukul nenggih, basa nur iku cahya.
  25. Apa ingkang tanpa cahya iki, sabarang kang katon ngalam dunya, pesthi mawa cahya kabeh, ingkang ngabang kang biru, ana bawuk kalawan kuning, reged resik mawarna, akeh rupanipun, kabeh iku aran cahya, dene mendhak mendhukul puniki yekti, barang kang katingalan.
  26. Pesthi kacek-kacek sadayeki, marma muni sipat jroning lapal, mukallapa tumaninge, lil kawadisi iku, gih puniku muradireki, muwah lokat maknannya, mung prasejenipun, pangulu kala miyarsa, sru marwata kalangkung panuwun mami, saking barkah paduka.
  27. Sajeg kawula dereng amanggih, cipta kadya pangandika tuwan, wasisan mangsuk nuwun, mugi tedah/ena wak mami, wonten su’al rinasan, santri tanpa bedhug, lan tunjung tanpa telaga, lawan ingkang sagara gung tanpa tepi, papan datanpa serat.
  28. Sagara gung laut tanpa tepi, lah punika mugi barkahana, kae Besi ris wuwuse, modin kang tanpa bedhug, sasemune ana kang ngilmi, agama tegesira, agama puniku, nora nana sampurnanya, dudu kalek ing manusa semuneki, tunggal sirnaning nganyar.
  29. Wus jumeneng sahadat sajati, semuning tunjung tanpa telaga, roh ilapi sajatine, ananing dattolahu, iya iku ingkang nguripi, miwah tekeng pralina, iku sawabipun, tandhane kang duwe tondha, kang tumondha aja angrasani gusti, uwisa dening para.
  30. Sagara gung laut tanpa tepi, kanyatahan urip ing Pangeran, kaya mengkono tatrape, miwah urip ing banyu, banyu dening tan keneng pati, sapa silih weruha, pati ning/kang banyu, su’alaning ngurip tunggal, sirna luput (sic) kang nganeng dattolah singgih, yeku sagara mulya.
  31. Papan reke ingkang tanpa tulis, pawor ing solah wujuding tunggal, rasa jati iku reke, ki pangulu umatur, pasang yogya puniku kyahi, leres sarta karasa, mring sajroning kalbu, kuneng ingkang nganeng wisma, arinira ki pangulu angulati, kongsi dalu tan prapta.
  32. Ingulatan dangu tan pinanggih, wus tinurut paran ingkang raka, cineluk sumaur rereh, adhi kene gon ingsun, aja swara ing lyan sireki, lagi lega tyas ing wang, kang rayi umatur, lumebu gampeng gumampang, tumranggal edir ing tyas amemasang dhiri, watak tingkah taruna.

® Pupuh 02 ®
S I N O M

  1. Punapa ingkang kinarsan, lawan sinten rowang linggih, ing ngarsa paduka kakang, tanpa kurmat ing ngalinggih, punapa setan ejin, tan weruh paduka guru, nulya lenggah tan taha, rika reke wong ing pundi, papantese angrimuk mring sinatmata.
  2. Ki Besi anjawat asta, rehning sudaranireki, / mitranipun sang wasita, pasang bage sang ngaprapti, kados yen den-ulati, rakanta tan mawa tutur, leres angulatana, sang liningan tan nauri, teka meneng Ki Besi mesem wardaya.
  3. Ki Besi aris atanya, mring panguluh eh kiyandhi, sinten wastane arinira, ki pangulu lingira ris, kadang ngong kang taruni, awasta ki Ketib luhung, karyanya amratopa, ngibadah ki’at lapali, kae Besi mesem sarwi iyatalah.
  4. Nora kayaa ki umah, numbras edire kepati, kaya dudu titah ing Hyang, apaa tegesing Hyang Widdhi, sih ing sira pribadi, nora asih ing Iyanipun, Hyang Suksma ta kerana, siya esak nandhang milih, sawusira dangu meneng ingenengan.
  5. Ki Ketib Anom angucap, ingsun jawab maring kami, ingsun duga nora watak, kaya kakang tanpa budi, ingsun dening Hyang Widi, sinungan kwasa donyeku, ala becik ingsun kadugi, /panduming Hyang ing dunya sinung pangwasa.
  6. Yen sira mitra mring kakang, apa karti ning ngaurip, atawa jawab maring wang, Ki Besi sumber ririh, linggih ing karya mami, ambekan lawan rumungu, apa kang dera pangan, nginum sajeng kang sun bukti, kae Ketib anjelih ariyak-riyak.
  7. Nora lidok ujar wang, si setan angajak kapir, lungaa teka ing guwa, dawek kakang padha mulih, wong kena ing jeladri, linaden rowang amuwus, Ki Besi lona angucap, eh Ki Ketib kados pundi, ing wuwusta kapir punapa artinya.
  8. Kang raka ris angandika, eh adhi dipun-aririh, micaraa den-atata, sirik alat mring sasami, kang rayi anauri, linggih yen karsanta purun, lumadi sawatara, nanging nunten dawek mulih, eh sang tapa sira tanya kehing kopar.
  9. Satus pitungpuluh lima, munapek lan kapir jindik, lawan kapir mutajilah, munapeg gedhening kapir, Ki Besi anauri, ka/dos pundi artinipun, Ki Ketib ngling mangkona, munapek wong tan gugoni, yen manusa sabarang tan aguguwa.
  10. Sapa sudi tetunggalan, mara jawaba Ki Besi, inggih leres nanging uga, kalamun wong tan gugoni, pama kinarya gusti, pesthi yen kena tinurut, kinarya nara nata, kawula kadugi ngabdi, Ketib angling liya iku ora nana.
  11. Sagung guru kang ngulama, kitab-kitab sun petani, kalamun bisa anyu’al, tetep ingsun anguroni, Ki Besi anauri, kang lewih mokal ing Rasul, nengguh ingkang wiwitan, kang winastan lapal kidib, basa kidib linyok (basa linyok) cidra.
  12. Basa cidra sinten ingkang, kawasa dipun-tunggali, nadyan jasade priyongga, pesthi tan bisa nyundhuki, nadyan silih Hyang Widdhi, tan pinereng karsanipun, sinten remen dinoran, ki guru amuwus aris, yayi bener wecane sang pinandhita.
  13. Destun wong ngulah agama, ngrujugaken tingal batin, mongka manggung aselaya, / kaya paran gon ing dadi, gela tyase Ki Ketib, dene bisa acelathu, arep ingsun wiwirang, teka dadak bisa angling, iya bener Ki Besi kang saprakara.
  14. Ana maning su’al ing wang, rondhon wilis tanpa warsi, mara uga anjawaba, adan sumaur Ki Besi, sipta nguripireki, iya iku uripipun sirnaning nguripira, jumeneng ngurip ing gusti, ywa kaliru mati urip saya nunggal.
  15. Iku sampurnaning ngedat, Ki Ketib malih nauri, tanggal pisan kapurnaman, kerut ing grahana singgih, sentek pisan nigasi, paran uga semunipun,  Besi ngucap punika, sentek pisan anigasi, sasmitanya liru wujud ing kahanan.
  16. Sapa kwasa mulat myarsa, sinten bisa ngakal mosik, siraningali punika, ananya ananing Gusti, aywa angroro dhiri, iku surasaning kumpul, sirnane padha ana, kang sirna wujud yen mati, ingkang padha ana Pangeran lan Suksma.
  17. /Tanggal pisan kapurnaman, tur kelu grahana singgih, puniku reke semunya, ing mangke kadya duk nguni, kang karasa sajati, anaya mangke puniku, tur kinarya lantaran, kang kariyin kurup alip, dede sastra kang tapsir roh kang sampurna.
  18. Nyatane tapsir puniku, wawadhah ing roh sajati, wadhah ing tapsir puniku, lwih alus luwih suci, wus aja angraosi, den awas aja kaliru, lan aja sumambrana, yen sira nora udani, iya iku kang nyata tingal kawula.
  19. Allah Muhkamad pamornya, lan puji pratikelneki, dongane anjawat tangan, jenengingsalat ta mangkin, kang jenengaken ugi, ya paworing salatipun, tan wruh anjawat tangan, tan wruh ing rasa sajati, iya iku aran pamor jeneng tunggal.
  20. Sapa ngawinaken para, Ki Besi yen nyata luwih, Ki Ketib datan saronta, nging misih mempeng tyasneki, Ki Besi a/nauri, Allah kang mongka pangulu, walinipun Muhkammad, Jabrail mongka sesahit, malah aneng sajroning masigit johar.
  21. Monongka karesminira, apa tingkah-mu Besi, eh Allah apulang karsa, iya aneng jroning kapti, apa mas-kawineki, den aglis sira sumaur, nenggih mas-kawining wang, sayektine ngilmu jati, ajejuluk kiyanat kekasihira.
  22. Nging sampun kaliru tompa, wastaning kiyanat singgih, panjenengan ing Sang Hyang Dat, edat mutelak kang jati, kidan lan bakaneki,  wujude datan kadulu, mung Kyang Suksma kang purba, kang kapti sajroning kapti, pan punika sampurnaning mas kumambang.

® Pupuh 03 ®
MASKUMAMBANG

  1. Ya kerana kumambang ingsun arani, napi wujudira, isbate amartandhani, kaya edat jnengira.
  2. Eh Ki Besi sapa nginum lawan bukti, eh singgih punika, engaming dat para iki, sampun amanut ing liyan.
  3. Yen wus bukti arsa nginum toya suci, urip jeneng para, karana ingkang / rohkani, rohkani angsaling cahya.
  4. Cahya iku patibaning johar wening, dhuh sapa rowangnya, lamun sira bisa ngising, bisa mangan lan sembayang.
  5. Lan utawa wruh ing ngiman lawan tokit, kalawan makripat, sira weruh sadat jati, kalawan sadat sekarat.
  6. Apan tunggalipun kawruh rasa jati, iku tan pantara, salate rahina wengi, pan sakehe iku salat.
  7. Punapa ta kepasang yogyaning galih, Ki Ketib karoban, ing pasang siptaning lungit, rong sangat meneng tan ngucap.
  8. Kae uwa pengulu ririh anjawil, mring Ketib rinira, eh kadhi aywa nyampahi, sang wiku sabar waspada.
  9. Angur silih ngalapa barkah ing ngilmi, malar wuwuh bisa, Ki Ketib sendhu dennya ngling, Kakang wong sami tinitah.
  10. Ewa punika kakang ngong ngubayani, lamun saged babar, wasiyating guru mami, kawula dereng kabuka.
  11. Durung gingsir sayarda tyasnya / Ki Ketib, angangseg mangarsa, tur wus wayah lingsir wengi, Ki Besi rika jawaba.
  12. Kaya paran urip tingkah ing Hyang Widdhi, cilik lan gedhenya, akeh lan apa sawiji, kalamun iku akeha.
  13. Pan wus muni sajroning kang dalil kadis, siji pasthineka, yen siji ya kadi pundi, sagunging makluk kahananan.
  14. Lah jawaben dipun-age den-matitis, aywa meneng para, Ki Ketib sajroning batin, durung wruh manising su’al.

® Pupuh 04 ®
DHANGDHANGGULA

  1. Nedha aglis jawaben Ki Besi, teka mulur Ki Besi tyasira, mara rereh apakoleh, eh ananing Hyang Ngagung, secakakan manira wangsit, mani jro samudra, caplek mungguh tengsun, lawan silih warna pira, saisining samudra kang keneng warih, nadyan wedhi lan lemah.
  2. Yayi yuyu yayah yanging warih, warih warateng jiwa rakatha, mina mimi katuwone, wawejingen puniku, pineresa apa kang mijil, mokal metuwa naga, pesthi metu banyu, banyune sayekti padha, lawan ingkang sinaba warih jaladri, iku mungguh manira.
  3. Upamane mina jro jaladri, ye/n mariya pamanganing toya, apa silih jujuluke, tur nora dadya manuk, kari mati apulang [Wi]dhwi, duduh iwak mor tirta, sisik dadi endhut, lah apa winalang driya, kae Ketib sumungkem awetu tangis, ing padanya sang kaka.
  4. Besi angling punapa kiadhi, durung nrima semu kang mangkona, baya maksih aroronce, ing sipta durung cundhuk, Ketib ngucap sarwi anangis, sang pandhita-pinandhita, Nabi Duta langkung, rahmating tingal jro driya, guru amba satus kawanwelas maksih, dereng kapareng uga.
  5. Tangis amba tobat mring Hyang Widdhi, ko mangkene rasaning ngawirang, enak ginebug wong ngakeh, maksih kawasa dulu, lawan jeneng duraka jisim, iki duraka nyawa, baya tegesipun, ebate ing tyas manira, kae Besi bisa ngasmala ngreh mami, malah tan kwasa mulat.
  6. Karunanya asawang pawestri, Ki Pangulu angluluh wuwusnya, adhi mau ngong kapriye, banget pamenging ngingsun, ingsun yayi jer tas nglakoni, wus a/ywa keh rinasan, minta apureku, Ki Besi langkung sagara, Besi angling ana ta kadis sawiji, pangandikaning Suksma.
  7. Sagung manusa titah ing Widdhi, teka nora nimbangi sih ing Hyang, lamun bengi enak sare, sun reksa mangu-mangu, teka ngebuhaken Hyang Widdhi, wong marentah pengeran, kang mangkono iku, samongsa ingsun tinggala, kari rusak bathange pinangan genjig, Ketib apa mangkona.
  8. Nora nana goroh dadi tamsil, lamun turu lali Hyang Wasesa, kadukan cahya waune, sira tangi puniku, eling para lamun anggusti, alip jenengan para, kang sampun angguru, sayekti salat punika, nora kaprah nanging kaprah anglampahi, wau wonten punapa.
  9. Satangining karuna Ki Ketib, anebut pupungun waspa, satata umatur rereh, eh pukulun sang wiku, dhuh kawula paduka neksi, ing jaman wurining wang, aywana kadyengsun, /malar pinongka upama, kalakuhan pangucap anjunjung dhiri, kaenas bongsa kewan.
  10. Kawula dhuh panjingna mumurid, saparanta tan taha selaya, rumusak tapak padane, umangsah arsa ngujung, jawab pada nulya Ki Besi, api ametu toyan, sangadinya nguyuh tinut wuri datan ana, ingulatan wong loro datan pinanggih, emeng tyas sakaliyan.
  11. Wangsul mring guwa arsa manganti, kajat reresik patilasannya, bok keneya suwe-suwe, kupi arsa jinunjung, supayane pernah gyaneki, ginuyuh kupi musna, kari gelasipun, kang gelas anglis tinepak, swaranya jur kumariyek punang bling, binuka datan ana.
  12. Ketib sadhadep Pangulu anjlih, Dhuh Ki Besi punaka kawula, tuwan ilok-ilokake, destun tyas durung tutug, manggung kyadhi kang mamadoni, ya Allah nora talah, maring ngendi mau, tumutur medal singguwa, Ki Panggulu subrata mamati ragi, nedya/sumusul paran.
  13. Niki Besi eh para ta yayi, wus te/k/dire pinaringan susah, sira muliya den sareh, ywa nikelaken tuduh, ing wong tuwa sira gumanti, Pangulu mumulanga, ingsun arsa nglangut, lah poma sira muliya, kur-ungkuran Ki Ketib teka nuruti, tan ana bisa ngucap.
  14. Byar rahina pangulu wus tebih, anut pasisir saparan-paran, kalulun non samudra rob, ribet tyas dennya dulu, kaya paran ingkang jaladri, banjir teka ing ngapa, mring diasastipun, pitekur anjum wardaya, lilingsene lupa luwe sarta arip, ana rasaning driya.
  15. Nulya mangkat wus samangkat ati, ati tata-tataning satitah, katutuh kang durung teteh, tetela lamun luput, lepiyan kang wus kawuri, nulya ana sungapan, anjog samudra gung, gung tikbra anon sungapan, iya talah banyu iki seka ngendi, mring di paranira.
  16. Kacathet durung teka lumaris, datan kena katon ingampiran, binetahan amrih beteh, wus lami lampahipun, /kuneng gantya winuwus malih, Ketib ing lampahira, anilab tan mantuk, tan suda rasaning driya, kae Besi agawe cuwaning ati, mring ngendi paranira.
  17. Cecawetan anjujur wanadri, tan kena janma katon tinanyan, Ki Besi mring di parane, kang tinaken tan weruh, malah ngucap anarka baring, saparannya mangkona, lepas lampahipun, ana lakon pitung siyang, datan ana gubug padesan kaeksi, wus laju lampahira.
  18. Tan ana janma ingkang kaeksi, tinakenan miwah jinalukan, karana telas sangune, sangu antuk jejaluk, nging puniku tan ana kari, susah ketib tyasira, laku durung tutug, kaselak cupet sangunya, tengah wana ana katon janma kaki, kaki tur kawlas-arsa.
  19. Lara lempahreng pinggir ing kali, tunggak dhoyong ingkang ingenggenan, tur bolong pernah bokonge, pamrihnya lamun nguyuh, ywa kongsi susah lumaris, ngarsane ana ancak, sega iwak ngumbug, panganan sunging wong dagang, pinggir dala/n karyane amung ngamini, istijab pandonganya.
  20. Cahya wenes wutuh busaneki, duk umiyat Ki Ketib umarak, takon Ki Besi parane, sinauran tan weruh, atetanya wong ngapa kaki, panggonan panganira, miwah busaneku, sakalangkung tan sayogya, aneng wana panganane sarwa adi, sapa kang manci sira.
  21. Anauri wong liwat kang manci, Ketib mojar eh aja dinawa, ingsun iki selak luwe, musapir segamu, kaki asung karsanireki, paweweh ing Hyang Suksma, den warek den tutug, Ki Ketib sawusnya mangan, atetanya satemene iki kaki, apa panggotanira.
  22. Sun tingali lempoh sira iki, tur adoh pakarang pawisman, pepak sandhang lan pangane, sun banget salang gumun, lawan pira lawasireki, ki Tuha lon saurnya, meh ana sawindu, kamurahaning pangeran, durung ngepot kang sun sandhang kang sun bukti, ya Al[l]ah lewih murah.
  23. Wong adagang sun darma ngamini, dumadakan kolur sandhang pangan, lan tanpa braya sun kiye, murahaning Hyang / Ngagung, lagi durung ginanjar pati, kon urip ana pangan, ning sapanganipun, Ketib angling bener sira, lamun urip sarba istiyare prapti, murah ing Hyang istiyar.
  24. Iku basa kekerasan kaki, sato kewan lawan gagermeta[n], pesthi ana istiyare, marma na panganipun, mongsa kaya Pangranireki, ithik-ithik amurah, pira kadaripun, jatining Hyang Maha Mulya, nora arah mongka ngaku sira kaki, den regsa saben dina.
  25. Sira mongsa kayaa Ki Besi, bisa nora lunga-lunga lawas, nanging tan mangan jatine, mongsa kaya sireku, abung desa ngaku tan gingsir, tekeng panggonanira, tur ngaku sawindu, ithik-ithik kamurahan, ning Pangeran dening ingsun anglakoni, wong padha duwe Allah.
  26. Tan mangkone pratikele kaki, nora murah yen tan lan istiyar, kaki tuwa muwus rereh, mongsa seje ya iku, Allah sira lan Alah mami, amung sira kang beda, kalawan katengsu/n, ana lapal sipat iman, lawan ana lapal yahomil ‘akiri, ngandel dina ing wuntat.
  27. Kae Ketib latah anauri, teka dalurung etunging desa, nadyan lapal kang mangkene, ya iku dalanipun, marma saking istiyar neki, mengko kaki ngong jarwa, jasat lan roh alus, lamun maksih bongsa badan, kamurahan margane istiyar wajib, lamun wong bongsa nyawa.
  28. Kamurahan tanpa dalan prapti, iku kaki yen mungguh manira, ki tuwa meneng eseme, yatalah ta Hyang Ngagung, bisa karya awarni-warni, kuneng kang rebut swala, ana peksi siyung, aneng panging kayu sana, amelingi Ki Ketib rungokna mami, bener si kaki tuwa.
  29. Ingsun uwus belani si kaki, keneng pulut bodhol swiwining wang, tiba ing kali lor kiye, brondhol tan bisa mabur, katuju tan koningan janmi, kasangsang neng perbatang, iku antep ingsun, tur aneng tengah ing toya, nora bisa ngalor ngetan ngulon sami, mung jajah saperbatang.
  30. Duk ing kono ingsun krasa ngati, paran baya / manuk aneng toya, manuk alas ingsun kiye, dudu manuk neng banyu, dumadakan ing luhur mami, kang tumelung nging toya, ana kayu senu, tanpa uwoh ingkang wreksa, osik ingsun lekasana kayu siji, dudu panganan ing wang.
  31. Yen buluwa atawa waringin, lawan enggal ingsun arsa-arsa, wus takdir kene patine, narima awak ingsun, katujune tan mati wingi, umur wuwuh rong dina, ganjaran Hyang Ngagung, tan antara nuli ana, wre branahan angalih panggonaneki, iku neng luhur ing wang.
  32. Kecerane yen mangan kang kopi, iku akeh runtuh neng perbatang, kang sun pangan salawase, sun kongsi bisa mabur, marma sidik wuwusing kaki, iku sira idhepa, Ki Ketib sumaur, sira iki manuk apa, bisa ngucap pakarti tur kaya janmi, layak yen mangkonoa.
  33. Ujer sira malekat sajati, nadyan silih sira malekata, kwasa manusa jatine, jati manusa tengsun, ingsun iki hyan tan udani, sa/polah tingkah ing wang, prentah ing Hyang Ngagung, sun jumeneng rahsaning Hyang, arep apa sira manuk apraduli, tan arep pangrehira.
  34. Gantya menco ngling tutur sajati, ingsun ingon ing anak sudagar, sun cumbu uculan bae, mati aneng wana gung, gustingsun sadagar sugih, binegal aneng alas, dadya sun nglangut, marma bisa ngucap janma, tan pantara sang menco wus mabur tebih, Ketib sumelang ing tyas.
  35. Arsa ginugu datan kadugi, tan ginugu ing tyas tan anduga, enget tyas meneng asuwe, ngur malekat ta iku, nora tanggung gon angrasani, mudhun mring kaki tuwa, lah kaki lilamu, sega ingkang wus sun pangan, lawan ingsun anjaluk kang sega aking, ngong karya sangu marga.
  36. Eh ya apa sakarsanireki, aran iku kamurahan ing Hyang, Ki Ketib mesem wuwuse, ewa ingsun rumungu, kecap mangap murah ing Widdhi, ingsun arsa nyatakna, murah ing Hyang Ngagung, sawusira asadhiya, sangu karak umangkat ngujur wanadri, ngulati kamurahan.
  37. Ingkang marga tumeka pribadi, wus alawas tan ana karasa, antara sangu wus entek, lapa lupa kalangkung, dadya rereh dennya lumaris, ngendi gon sun istiyar, neng tengah wana gung, ingsun mangana godhongan, iya maksih tumeka istiyar mami, kang tan metu wak-ing wang.
  38. Kang katongton mung ujaring paksi, apa nyata ingsun tan kaduga, yen nyataa kaya priye, polah pratikelipun, kamurahan teka pribadi, lan samarga tan pegat, Ki Besi kinayun, kapapag janma lumajar, bokmanawa wineyan sega sun iki, saksat misih waking wang.
  39. Saksat jaluk upama nakoni, pasthi sumaur yen ingsun lapa, wineyan mengko temahe, durung murah ta iku, lamun durung teka pribadi, temah nyimpang sing marga, neng ngisor wreksa gung, kayu growong sinusupan, kang supaya aywana janma udani, kang liwat wong adagang.
  40. Juragan ageng keh motan sapi, dumadakan sapine gambi/ra, wowotane padha kecer, sapi patinng salusup, bubar mawud maring wanadri, gumeder ingadhangan,  wonge ting salusup, Ki Ketib inginjen tumingal, wowotane kecer datan pinarduli, Ketib ling inng wardaya.
  41. Iki godha donya kocar-kacir, durung murah yen ingsun juputa, ngong jajal sun meneng bae, gumeder ngalor ngidul, ting bilulung ngulati sapi, Ki Ketib mulat nulya, api-api tan wruh, wong dagang prapta genira, tinakonan Ki Ketib sayapi mati, nom tuwa padha prapta.

® Pupuh 05 ®
S I N O M

  1. Wong dagang pating gurayang, wong ngiki satengah mati, kaliren neng tengah alas, mesakaken sun tingali, tawanana abukti, pasthi arep yen karungu, prapta angambil sega, Ki Ketib meneng tan angling, mata merem cangkeme mingkem kewala.
  2. Ki Ketib osiking nala, lamun ngucapa sun iki, dadi dudu kamurahan, marga pangucap puniki, lamun ingsun bukti, tanganingsun maksih muluk, maksih istiyar ing wang, Ki Ke/tib malah mundelik, wong kang dagang alok mati mengko uga.
  3. Eh batur sira ngambina, maduning tawon sathithik, prapta madu winadhanan, tinetesken tan ngecapi, cangkeme saya kancing, ki juragan saya gugup, mengko mati temenan, wengkangen dimen ngecapi, sru winengkang ngesokan madu cangkemnya.
  4. Maksih kinembeng kewala, durung gelem angecapi, cangkem wus kinebekan, gelagepan apaneki, kaselak madu keli, kaulu wus prapteng gulu, Ketib gumuyu latah, murah temen Maha Suci, tinakonan wus jarwa sasolahira.
  5. Ngungun gumuyu kang myarsa, sakehe ingkang ningali, wus amit ungkur-ungkuran, samarga ngungun Ki Ketib, tobate andhericis, biyen uwus tobat ingsun, ngina sapadha-padha, mengko iki kaping kalih, tan antara peksi menco prapteng ngarsa.
  6. Mamelehken wuwusira, sita tan ngandel Hyang Widdhi, ing mengko wus kalampahan, tobata sira deneling, Ketib gu/muyu belik, eh menco bener sireku, payo sira sun gawa, mring wismengsun sun ingoni, gya dinekep kang peksi menco wus sirna.
  7. Sajatine malaekat, Ki Ketib ngungun tan sipi, yen weruha malaekat, sun takon gone Ki Besi, mupus ing tyas wus pasthi, polah titah ing Hyang Ngagung, wus lepas lampahira, kuneng gantya kang winarni, Ki Pangulu kang nganut pinggir samudra.
  8. Kang pinangan mung gogodhongan, kang dinugan kang kinapti, miwah woh katuting sarah, mangkona salamineki, cinipta mung Ki Besi, datan ana lyan kadulu, munggah ing parang sengkan, anulya ana kaeksi, kanang guwa luhur respati tur padhas.
  9. Cala lit tanpa kakaywan, padhase kaya ingukir, wancak suji ana pindha, kang pindha bale mangapit, ana manusa siji, wayahe satengah sepuh, kukap cawet babakan, tan ana karyanya malih, mung ngusungi sarah ingkang warna/-warna.
  10. Godhongan ingkang katingal, jinuput aneng ngarseki, mung cinekel tininggalan, manggung angiling-ilingi, bos[en] amendhet malih, tanpa ngucap tanpa turu, Pangulu duk umulat, ririh teka angunggahi, wusnya tata lungguh Pangulu atanya.
  11. Paduka sang maha brata, ing pundi ingkang kawijil, lan punapa kang kinarsan, Sang Tapa datan nauri, ing ngulate amanis, trepsila ing lungguhipun, dhapure analongsa, Pangulu keguh tyasneki, Kyahi Tapa muga sampun aduduka.
  12. Ing wau kula gumampang, dereng wruh karsaning brangti, Pangulu tumungkul sarta,  mangen-angen rehireki, yata ana kapyasi, sajroning talinganipun, eh ki prapta ywa duka, kawula wong kemul langit, kandhang mega akadang wukir samudra.
  13. Ki prapta sampun duduka, ambisu sun sedya ngati, andika punapa gurnan, jagongan kalawan mami, kawula sapuniki, boten kenging acelathu, dene dika/ ngupaya, enggone Kiyahi Besi, ing puniki duk mulih mring nagri Wandhan.
  14. Kagyat pangulu jenggirat, tiningalan maksih linggih, tan montra netya ngucapa, tinanyan malih tan angling, meksa meneng tan muni, Pangulu garjiteng kalbu, aneh wong iki uga, jajal ingsun meneng maning, jroning meneng Pangulu ana pangucap.
  15. Tur pangucap sarwi suka, malah katon jroning ngati, punapa andika ngucap, wonganeh maring wak mami, Pangulu manas angling, nging tanya sajroning kalbu, malah merem netranya, Pangulu kadya wong ngipi, atatanya Ki Besi benjing punapa.
  16. Prapta panggih lan kawula, lan sinten wasta sang branti, eh Ki Besi pan meh prapta, aran ingsun ing saiki, Kalam-molah wak mami, ingsun tutur ing sireku, arinira meh prapta, anusul maring ku Besi, lawan sira bakal aneng ing laotan.
  17. Pangulu malih atanya, punapa ingkang kinapti, sakeh sareh gogodhongan, paduka iling-ilingi, ingsun nora jarwani, takona Ki Besi besuk, Pangulu malih turnya, kawula tur pati urip, nuhun lebur tapak padasta paduka.
  18. Kang pesthi donya ngakerat, sang maha brata lumaris, wong punapa awak ing wang, tuhu dahad dameng ngilmi,mung kojah para wali, warah ingsun mring sireku,nat kala  musawarat,kumpulan sagung pra wali, angrujuken ing kawruh lah piyarsakna.

® Pupuh 06 ®
MASKUMAMBANG

  1. Maskumambang kang mongka murdaning gupit, aneli kang sabda, ambuka rerasan adi, manitreng duk Sunan Benang.
  2. Pakumpulan kalawan Susunan Giri, Sunan Ampeldenta, kapat Sunan Geseng angling, aris maring Sunan Benang.
  3. Kados pundi panggerane kawru[h] jati, pangawruh paduka, Jeng Sunan Benang lumaris, anadene yen manira.
  4. Yen jenenging rupa puniku sayekti, ananira nyata, kelokaning rupa jati, jatine karsa manira.
  5. Angling malih Jeng Susunan Geseng maring, Sunan Giri-gajah, pekenira kadi pundi, menggah panggeran paningal.
  6. Manabda ris Kangjeng Susunan ing Giri, kang puji punika, sayektine / rupa jati, iku sapamirsa paduka.
  7. Lingnya malih Pangeran Gageseng aris, mring Kangjeng Susunan, Ngampeldenta kadi pundi, ing sapamirsa paduka.
  8. Anauri Jeng Susunan Ngampel-gadhing, ingkang salir nyawa, solah tingkah muna-muni, sakyehning panggawe ngalam.
  9. a. Uliye mring sampurna jatining kapti, iya iku ing wang, ya iku sajatineki, kang ran lah sun yyan manira.
    b.  Sebute Allah sun nabda dat alahi, nulya kang pangucap, Pangran Gageseng yen mami, ingsun wong kandheg ing Allah.
  10. Kang puniku den-ukumaken tan apti, ngukumi tan arsa, angling Sunan Ngampel-gadhing,  punapa boya kantenan.
  11. Ing karsanta sampurna sapraptaneki, miwah saulihnya, anenggih sang suksma jati, tan kajero tan kajaba.
  12. Nora lapal lawan tanpa makna ugi, tanpa padha neka, tanpa kahananireki, puniku lawan malihnya.
  13. Loro datan ana Pangerane kalih, jawab kang punika, suka Pangran Ampel-gadhing, eh eh anak putuning wang.
  14. Padha sira teki-tekiya ing ngilmi, panggeran sampurna, iya kang jumeneng wali, sadaya ngisep punika.
  15. Bo/ya ana Pangerane myang Nabyeki, miwah tan mangeran, ing Ngal[l]ah lan iku Nabi, sayekti dudu panutan.
  16. Mantep suksma kewala poma den gemi, rerasan punika, binunuh ukume yekti, buka gaib tebenging Hyang.
  17. Ki Pangulu sangsaya padhang ing galih, lir mas sinepuwan, lir malam katrapan api, nging maksih kadya supena.
  18. alam-molah atanya osiking ati, lah punapa rena, pituture wong tanpangling, nging kawruh taksih taruna.

® Pupuh 07 ®
S I N O M

  1. Pan dereng montra miriba, lan Ki Besi guru mami, Ki Pangulu aturira, kalangkung nuhun ingkang sih, nokitken tingal batin, Ki Kalam-molah amuwus, lah wus para meleka, Pangulu nulya anglilir, wus kapanggih neng pulo tengah samudra.
  2. Sang Tapa datan karuwan, Ki Besi katemu linggih, gelas kupi wus sumadya, pulone alit tur inggil, sadhepa apasagi, tan ana watu myang kayu, mung padhas amenthilas, Pangulu gugup ngabekti, kae Besi cineke/l tan kena uwal.
  3. Pangulu amatur nembah, pulo pundi dhuh puniki, aripak aneng lautan, kawula kalangkung ngajrih, kae Besi nauri, iya layaran rong taun, saking nging nagri Wandhan, hyan teka ngomahireki, ana uga lalayaran pitung warsa.
  4. Iya yen ngidul rong wulan, rong sasi mangetan malih, ngalor ngulon padha uga, tan ana dharatan keksi, pulo sikareng keksi, sira mau atatemu, lawan Ki Kalam-molah, iku uga mitra mami, pakaryane ngiling-ilingi godhongan.
  5. Mau tuturmu maring wang, akon sajarwa sireki, marma godhong tiningalan, pan iku minongka tasbih, apngalliya asuci, tekeng ngriku tuduhipun, kang manggung tiningalan, kaliyang sirnaning kuning, dadalane kang manggung ngiling-ilingan.
  6. Lan tinitah beda-beda, ana karyane pribadi, iku kang pinaham-paham, Ki Kalam-molah sayekti, Pangulu tanya malih, punapa kang samodra gung, yen rob wewah kalintang, yen angok suda kepati, dhuh puniku punapa ta sababira.
  7. Ki Besi tutur sajarwa, sababe ingkang jaladri, kang dhingin sabab agungnya, kapindho sabab ing angin, angin ing jagat iki, yen sore mirih mindhuwur, banyu satengah nglempak,ing pinggir kathah wong neki, marma angin mindhuwur sabab ing surya.
  8. Yen sore srengenge ilang, punang jagat temah atis, yen esuk aruna prapta, kasumukan jagat iki, susumuk dadi angin, warata mring bawana gung, nempuh maring samudra, banyu ber udaya banjir, dudu banjir banyu angalih panggonan.
  9. Pangulu umatur nembah, menggah ing jasat puniki, punapa inggih sanesa, sami nama jagat singgih, Besi nauri aris, padha uga solahipun, yen santri kitab rancang, nanging durung amatitis, satemene ingsun muwus cara Jawa.
  10. Den dhemen sira miyarsa, lan rasakena pribadi, aja sira musawarat, yen durung nunggal sakapti, bok tan nyandhak kang myar/si, satemah ingaran kupur, ingkang pinalang-palang,setengah ambuka gaib, kaya bisa yen wus wijiling ganjaran.

® Pupuh 08 ®
M I J I L

  1. Ingkang ingaran manusa kulit, dene kang sipat wong, anging kulit mung buntel gawene, kang supaya ing jero ywa garing, kerasaning kulit, yen ginepok iku.
  2. Marma krasa sabab saking getih, marmane mangkono, lamun badan gringgingen rasane, jiniwita nora montra sakit, gringgingen puniki,  meneb daraipun.
  3. Obah ing balung kang gawa daging, iku saking ngotot, obah ing ngotot pikiren reke, yen tan wruha uripe tan tertib, basa nora tertib, tegese tan urut.
  4. Aja sok ngaku urip sawiji, kang mangkono goroh, marma ngong ngarani goroh mangke, tanganing wong anambur upami, wong gambang kumitir, mokal dhewekipun.
  5. Mongsa kobera aduwe kapti, / karepe semono, lawan malih yen obah drijine, ngisor kuku miwah ing jejenthik, yen uripa siji, jenthik otot nurut.
  6. Wiwit jenthik prapta jroning ngati, mongka tan mangkono, Kya Pangulu angangsek ature, dereng serep nanging jeg matitis, ingkang pundi ugi, nenggih dunungipun.
  7. Besi angling pawore sayekti, ingkang ngaranan roh, roh panekar iku upamane, ingkang ngakeh-akeh ingarani, tegese puniki, sabab aranipun.
  8. Sawab dudutane molah mosik, bubuhan ingkang roh, roh pipikul upamane kabeh, kang sawiji upama roh carik, amratikel kardi, marentah sedarum.
  9. Balung daging ngotot miwah kulit, karyane meh awor, padha jumeneng dandanan kabeh, seje lawan banyu angin getih, kang telung prakawis, dadi sabab iku.
  10. Mulane tangan bisa amosik, kaceneng ing ngotot, kang cineneng iku ba/balunge, obah ing oto[t] saking ing getih, getih kang neng daging, nglawani karyeku.
  11. Dening ngobah ingkang punang getih, babayu kang ngoyot, obah ing banyu iku sawabe, ingkang ngirit angin ingkang aris, teges ingkang ngangin, aris iku sumuk.
  12. Sumuk ing ngurip ingkang amawi, kang kukutha kono, mongsa borong gon andunungaken, susuh angin ya canduning ngangin, wus bangsaning gaib, tan kena winuwus.
  13. Yen-nganasir owah salah swiji, jeneng lara encok, lamun getih angowah arane, lara apus emar rasaneki, kurang panas sakit, kemel kekes iku.
  14. Lara telung prakara puniki, iku laraning wong, kang wus tuwa mengkono tindake, marma owah paningalireki, banyune mung kedhik, tan kaya duk agung.
  15. Mila suda pamiyarsaneki, susumuke kalong, mila aber kang lidhah polahe, otot alum getih mung sathihtik, / yen mamangan kaki, suda rasanipun.
  16. Dene sungsum karyane nguripi, balung kang den emong, sabab kang sungsum lenga dhapure, iku banyu ingkang gawa geni, yen ngamungna warih, berek maring balung.
  17. Dhapuring lara mung rong prakawis, tegese kang roro, dhingin owah pasang ing nasire, iku uga aran lara wajib, ingkang kaping kalih, panganan margeku.
  18. Lara wenang kang saking ngabukti, kang kajaba kono, lara duraka iku maknane, keneng bendu ujar sok alali, marang ing Hyang Widdhi, kang lara kabentus.
  19. Ki Pangulu umatur aririh, palaling Hyang Manon, basa istiyar lawan papesthen, kados pundi pasang ingkang yekti, wenang wajibneki, Ki Besi umatur.
  20. Aja kakeyan pamekireki, kang satengah ing wong, kang istiyar marganing papesthen, ana satengah ana wong akiwit, rosa istiyar ing, pakaryanireku.
  21. Ana ma/ning ingkang den karemi, mung pesthi wus dheprok, ubang-ngubeng mung pesthi andhege, kang mengkono yen mungguh ing mami, bener sadayeki, karo padha luput.
  22. Karanane kawruh ingkang dhingin, wong ngengkel mring Manon, kang sawiji ngresula semune, pangulang ling adhuh ingkang pundi, tyas langkung kagimir, su’al kalihipun.
  23. Mungguh manira kang prapteng tokit, kinumpul kang roro, yen wus kumpul ngalih jujuluke, ki istiyar kalawan ki pesthi, arane puniki, pinareng punuju.
  24. Iku kang wus tegdir dalil kadis, kusus para raos, kalawan ana patarangane, lamun arsa masang susuh pesthi, ngesemana ngilmi, sira den tuwajuh.
  25. Basa ngilmi kawruh warni-warni, peten salah sithok, upamane pandhita gawene, sring niteni gagak lamun prapti, palaling Hyang Widdhi, gagak margenipun.
  26. Tur ta gagak tan pisan ngawruhi, itung kareping wong, mila dadya pandhita ngilmune, jer ing batin ing tyas wus ubanggi, ajana kang prapti, dhangdhang yen tan pethuk.
  27. Kadyangganing wong ngaduwe / ngilmi, olan-olan alon, dennya ubaya mring santikane, nora nana ula ingkang mandi, lamun ana mandi, Ngijrail neng ngriku.
  28. Ana maning upama sawiji, wong ahli maido, lawan wong ahli gugon pamane, tur ta karo iku padha sidik, wus karseng Hyang Widdhi, genti patrapipun.
  29. Endi lire ingaranan ganti, yen wong kang maido, bakal ana warta tan kayekten, demadakan karsaning Hyang Widdhi, kang maido prapti, bener wuwusipun.
  30. Lamun bakal warta kang sayekti, dilalah kang gugon, ingkang ana ing kono wartane, ginugu dadi kang warta sidik, wong maido tebih, dumadak tan ayun.
  31. Iku lire patarangan pesthi, antep kang mangkono, Ki Pangulu legeg jro driyane, sakalangkung lumeket ing ati, rumasuk ing budi, karaket jajantung.
  32. Kawula kamipurun mangsuli, katur kang katongton, Ki Kalam-molah pundi wismane, kawula dahad dereng dumugi, gen kula kapanggih, Ki Besi gumuyu.
  33. Teka meneng solahe Kya Besi, Pangulu duk tumo/n, ana karaseng tyas kaduwunge, gennya munjuk arsa apapanggih, kang katon ing galih, Kalam-molah wau.
  34. Kya Pangulu meneng datan angling, tan dangu karaos, jro talingan ana swara rereh, muni Kalam-molah datan molih, nging swara anitir, tan salin kang wuwus.
  35. Jroning netra tan liyan kaeksi, Kalam-molah katon, manggung katongton aneng netrane, mulat samudra milu kaeksi, dulu langit-langit, tumut aneng ngriku.
  36. Kalam-molah kang manggung kaesthi, bosen dennya tumon, manggung katon tan ana karyane, miwah kang karungu tanpa kardi, mung manggung mumuji, maring jenengipun.
  37. Kalam-molah tan liyan kapyarsi, bingung dennya anon, Ki Pangulu amubeng polahe, mulat lor kidul milu kaesthi, miwah kang kapyarsi, merem andhekukul.
  38. Maksih katon sigra angrubungi, ing pada rawat loh, adhuh kula edan temah mangke, yen tan padu/ka sih ing kaswasih, rucaten puniki, kula kesel dulu.
  39. Malah ajrih bosen aningali, yugya tan antuk don, minta apura punapa sak reh, tan uninga ing wau sayekti, ing tindak puniki, kang angreh pukulun.
  40. Duk ing wau paduka sung warti, mimitra kimawon, marang Ki Kalam-molah ing mangke, dene paduka kang ngreh sayekti, pakarti puniki, dhuh bosen pukulun.
  41. Kae Besi wus menenga ugi, pratingkah guguyon, balik payo mring dharatan age, sun arsa nemoni rinireki, wong nguwis ya uwis, payo padha laju.
  42. Duk umadeg sing sasana nuli, sumaput kang panon, Ki Pangulu nora wruh parane, wusnya eling byar aneng wanadri, neng prabatang nginggil, panggih rinireku.

® Pupuh 09 ®
KINANTHI

  1. Kinanthi janma katelu, Ketib Pangulu Ki Besi, wusnya takon-tinakonan, ing sasolah tingkah neki, kupi kapanggih sumadya, Ki Keti/b umatur aris.
  2. Nanging batine kasusu, atur takone Ki Ketib, muwus atur cecandhakan, sarwi kurmat mangku kupi, pukulun ingkang waragang, punapa karyanireki.
  3. Kebangrasen aturipun, Ki Besi aris nauri, pakaryane kang waragang, kitab tasbeh aneng kupi, samongsa ingsun nginuma, kang panon rasane salit.
  4. Miwah wuwus lan pangrungu, sayekti rasane salit, supaya sun kelingana, apesing ngaral puniki, jer ki ati sok gumampang, angaku tawekal ugi.
  5. Yen durung kalebon iku, rumasa eksas sayekti, satengah mendem karasa, taliyuring tingal batin, supaya wet elinging wang, lan wuruke guru mami.
  6. Tan kena mareni ingsun, gon ingsun kulineng kupi, kalawan angudang gelas, yen durung lir guru mami, guru ningsun yen waragang, den inum nora ngendemi.
  7. Tanpa sarat lawan ismu, mung tewajuh den geladhi, yen nginum kebag gya mutah, utahan den inum janmi, nora o/wah endemira, iku sun sedya ing ati.
  8. Ketib matur kula suwun, paduka inumi kedhik, destun arsa ngraosena, endeming anginum awis, Ki Besi nauri aja, ngeman ngibadahireki.
  9. Sira wong bakal pangulu, anempuh karam binukti, Ki Ketib aparikedah, kenging ngugi wong ngayoni, asanget pameksaning wang, paduka paring sakedhik.
  10. Punapa sayektosipun, ngowahken ing tingal batin, Besi muwus eh ta nyata, marma kinaramken niki, nadyan silih mengkatena, destun arsa angraosi.
  11. Ki Ketib sinung wus nginum, tan pantara endem prapti, rada kaduk panginumnya, netra bilut ngemu getih, sura ing pamuwusira, sumaguh maring binatin.
  12. Kadariyahe kumebul, kumruwuk anjunjung dhiri, iki uga bisa gampang, gon ngumpul mring iman tokit, sarwa kaconggah tyas ing wang, umatur maring Ki Besi.
  13. Paduka duk wau dhawuh, ing / timbalan maring mami, supaya ing tyas ajriya, goroh paduka puniki, dene ta amindhak sura, agampang mring barang kardi.
  14. Sakeh mring panggawe saguh, ambubrah sakeh ginaib, pnalangan nora kena, malah ngaku wujud Widhi, lelungguh asila tumpang, tangane manggung nudingi.
  15. Kya Pangulu salang gumun, banjur edan iki ugi, si Ketib polahe anyar, jer sok alat mring ki Besi, puluh-puluh wus dilalah, ki Besi amuwus aris.
  16. Nginuma maning sireku, Ki Ketib sumaur inggih, mandah nginuma ping tiga, ngong kira bisa tubadil, kaping pitu bisa mikrat, temah ngrasa suksma batin.
  17. Gelas tinampan wus nginum, gelas geng tur den kebeki, kasusu suka kaselak, awahing marebe[s] mili, endeme sangsaya ngrebda, dhasar nembe nginum sopi.
  18. Pecak pisan rada kaduk, durung sumene tinuli, gelas geng tur kinebekan, duk kaping kalih / gumuling, nulya salin sambatira, peteng temen netra mami.
  19. Cat-ecatan yen rumungu, gumarebeg kadya angin, panon ingsun belang-belang, mumete kapati-pati, angenting sasambatira, kapoyuh sarwi anangis.
  20. Mutah banyu mancur-mancur, dhasare wong tanpa bukti, sumaput lajeng kantaka, mesem amulat Ki Besi, Kya Pangulu wuwusira, wurung edan sida mati.
  21. Kantakanira kadulu, tan winarna nulya nglilir, sauwusira waluya, tinakon marang Ki Besi, kapriye rasane uga, duk kathah lawan duk kedhik.
  22. Ing mau gon-mu anginum, gedheg-gedheg ngling Ki Ketib, punapa ingkang amawa, kaconggah duk lagya wiwit, lawan kapenak maring tyas, duk sanget teka asalit.
  23. Teka bingung tanpa tembung, amubeng temah alali, adhuh aleres paduka, arale kaesi-esi, adhuh tobat temen ing wang, go/ningsun manggung alali.
  24. Angina wus kaping telu, sapisan durung beneri, angina mring kaki tuwa, mring Ki Besi wus ping kalih, iki apa ati bakal, ngalamat naraka geni.
  25. Wong berbudi kang amuwus, kang mangkono dadi tamsil, tegese tamsil upama, ajana padha nglakoni, angina sapadha-padha, iku kancane Ki Ketib.
  26. Panggawe sabab ing dhapur, seje rupa seje kardi, yen rupa iku padhaa, pesthi panggawe mung siji, mulane awarna-warna, sabab kang rupa mawarni.
  27. Anenggih mangsuli catur, patakone mring Ki Besi, sababe wong ngumbe arak, Ki Besi wuwusira-ris, mulane wong ngumbe arak, yen kedhik tyasnya amingis.
  28. Mulane ana dem iku, babanyu kalawan getih, sumilak ngalih panggonan, sumungsung mawaning ngawis, padha abanyu yen arak, angsaling kukus sayekti.
  29. Kang kukus kudu mindhuwur, angirid banyu lan getih, getih sumungsung mring muka, / peteng mring netra myang kuping, marma iku padha owah, paningal myang pamiyarsi.
  30. Her netra kasaban marus, marma peteng temah abrit, yen sedheng keh kedhikira, sedheng rasa mundhak mingis, yen kaduk temahan kalah, kang jiwa ongga puniki.
  31. Seje endeming kacubung, endeme kadukan angin, tan montra sikareng toya, sawab iku tanpa warih, endeme amung parungsang, mung nempuh jiwaning dhiri.
  32. Netra kuping maksih bakuh, mung lupa rasaning dhiri, sabab tanpa wuwuh toya, iku amung deming angin, yeku araling kawula, ki jasad sring ngowah gingsir.
  33. Aja sring ngaku sireku, kawasa ngreh jiwa dhiri, yen sireku kawasaa, pagene nora udani, cukuling wulu kukunya, iku pratondha sayekti.
  34. Wus karo muliya iku, ya padha ingsun amini, Pangulu matur sandika, Ki Ketib lengganeng kapti, durung tutug karsanira, pinaksa datan nuruti.
  35. Ki Besi lon wuwusipun, apa mantep karo sami, yen nyata anut maring wang, sun nyatakaken sire/ki, mara kupi tututana, endi kang kebat sayekti.
  36. Kupi inguncalken gupuh, mangisor pambuwang neki, saking luhur ing prabatang, sigra kalih tan udani, anjlok kupi tinututan, byar ilang alam wus salin.
  37. Kapanggih neng wismanipun, Ki Besi wus tan winarni, kupi kang kinarya gelar, tan pandon datan kawarni, Pengulu wus prapteng wisma, miwah ari[n]ya Ki Ketib.
  38. Ki Pangulu langkung sukur, upama bedhah nagari, kaboyongkena putrinya, kadyangganing wong angimpi, praptaning wisma kalawan, duk panggih aneng jeladri.
  39. Ki Ketib kang manggung ngungun, upama wurung ing rabi, mongsa borong patrapira, sagung tarekat kekating, ngilmu kang rinasa-rasa, kuneng mas kentir ing warih.

Kapethik saking Serat suluk jaman karaton-dalem ing surakarta.

SERAT PARAS


Naskah Serat Paras punika anggitanipun Kanjeng Sunan Kalijaga.

Serat paras menika cariyos ingkang nggambaraken pasuryan utawi tindak-tanduk ingkang endah lan patut dipun tuladhani saking Nabi Muhammad. Ananging menawi dipun tinggali inggih namung nyariyosaken Kangjeng Nabi Muhammad nalikanipun cukur rema.

° PUPUH I °
ASMARADANA

  1. //Ingsun amimiti[1] amuji / anebutna maning sukma, / kang murah ing dunya mengko / tur kang asih ing ngahirat / kang pinuji tan pegat / angganjar kawelas ayun / angapura ing dong dusa//
  2. //Wonten carita winarni / caritaniya[2] para ngulama / murmane ginurit mengko / carita sinungan tembang / anembang[3] asmaradana / kasmaran ingsun ngrungu / bagindha Ali winarna//
  3. //Kang sinisiyan ing nyuwang[4] Widi / bagindha Ali miharsa / saking Nabi Rasul mengko / kang sinungraha dengan Yang / ing dunya ing ngahirat / Nabi Rasul mangke muwus / ing sapa kawulaning nyuwang//
  4. //Kawulane nyuwang[5] kang mu’min / anulisa sipat ing Yang / lamon wis katulis mengko / simpenen ing numah hiro / sawabipun akathah / angedhohaken setan iku / luputa libaning raja//
  5. //Lawan luput bilahi malih / adoh saking panyakitan / tan kena cilaka mengko / tan kena drengkine jalma / luput teluh tetreganyana / lawan ngedohaken satru / tan kena sesuker ika//
  6. //Miwah datan kena lali / lawan oleh kabecikan / salawase urip mengko / lan tekan tanggane pisan / lan sing sapa amacaha[6] / gawanen jimat puniku / padha lan wong haji//
  7. //Lawan malih sami neki / mardikaaken wong satunggal / den dohaken bilahine / lan dosane kang kaliwat / angendika[7] Rasulullah / lamon winacakaken wong iku / ing wong lara agelis[8] waras//
  8. //Aparanen dosa neki / dening Nyuwang Agung Kang Maha Mulya / saking berkahe[9] rosul mengko / lan anak putu Muhamad / Hasan Husen puniku / kinentujan[10] dening Yang Agung / saking mu’bal mu’tal ika//
  9. //Lan saking Seh Mahpul puniki / Seh Mahpul ika miharsa / saking Abu Rohoiroh[11] mengko / kang sinung rohmad dening Yang / Abu Roiroh puniku / amiharsa carita puniku / saking Gusti Ali ika//
  10. //Angendika[12] Bagendha Ali / kang sinung rohmad dening Yang / kang kawikanan to mengko / dening satuhune[13] utusan / Nyuwang[14] Agung Kang Maha Mulya / Nabi Muhamad puniku / kekasihira Nyuwang[15] sukma//
  11. //Panutan sakehe Nabi / pangulune[16] Nabi sadaya / pangulune Nabi kabeh / kedadiyane[17] Nabi Adam / antarane kang toya / kelawan lebu punika / Nabi Rasul ta mangkono//
  12. //Anderbeni[18] andika Nabi / ing telaga kalkahosar / kahananira Nyuwang[19] sekabeh / amuji pinuji ika / tan pegat pamujinya / aweh mupangat ing bisuk / ing tembe hari kiyamat//
  13. //Panutan kang bangsa Hasim / lan bangsa Qures ika / lan kang bangsa Ngarab mengko / lan ihrom punika Mekah / kelawan ing Medinah / lan bangsa Ngarab puniku / kelawan bangsa Istitamah//
  14. //Lawan malih anderbeni / ing toya air janjam punika / lawan padhukuane[20] mengko / ing Ihjar namine ika / qolbune Nabi hiya / kelawan bangsa rohani puniku / nyawane rohmane ika//
  15. //Kang ibu namine singgih / Aminah nami ika[21] / kang rama ika westanya / abdulah asal wong Ngarab / anak puntune Nabi Adam / saturu turune iku / saking Nabi Ibrohim ika//

° PUPUH II °
S  I  N  O  M

  1. //Kang bangsa Nabi utusan / kelawan Nabi Ismail / bangsanira Ngarab / punika wuwuse malih / sabda ngandika Nabi / panjenenganira dinulu / apan nurapati andhap / yen jumeneng lan wong kathah luhur dhewe//
  2. //Cahyanipun kang wedana / melak melak anglir sasi / rema lemes ketelaten / irenge yayah manangsi / saben riyaya haji aparas jenggasti rasul / gumawang cahyanira / pamulunira akuning / yen dinulu kadiya mas tanpa huna//
  3. //Alise angrerunge ngimba / idepe tumungging ngawit / netrane jahitan raras / aminis yen den tingali / semu belut ya lindri / yen mesem lir pindah curut / madu wus pinesti ika / kang lathi anurut adri / wajanipun gumubyar kadiya mutiyara//
  4. //Miwah bebrengose ika / sumrebeng tur jularit / miwah jejenggote ika / patang nyari panjang neki / irunge kerana neki / tenggaknya anglunge gadung / bahunya anglir wijang / tengahe amatrem kenges / yen asare kang jaja muji sumbawa//
  5. //Suwara pan kadiya kumbang / tan pegat pamuji neki / sawungunira anendra / tumulya agelis ngabekti / Nabi Muhamad suci / tan kelawan toya wudhu / Nabi mangke angendika / sare netraning sun iki / nora sare ing jerone atining sun ika//
  6. //Astane kadya gendhewa / alemes yen den tingali / tulise walikat kanan / lailahailallah iki / walikat ingkang keri keri / tulise mangke puniku / Muhammad Rosulullah / Nabi Muhammad iki / utusane Nyuwang[22] Agung Kang Maha Mulya//
  7. //Nabi Muhammad punika / apan ika anderbeni / wulu kalih lembar ika / gandane mrabu awengi / mapan kadya kasturi / gandanipun amperi arum / astane kalih pisan / rajahe teka angrawit / jarijine judhun melathi indah//
  8. //Cahyane kang pusere ika / angebeki ing sabumi / wangkonge lir mas gumawang / asingset yen den tingali / pupunira puniki / lir pudhak sinumpet iku / karone kang delamakan / gamparan pepede singgig / sampeyane medal toya kalis ika//
  9. //Mowah mangke yen lumampah / agancang utusan singgih / dening Nyuwang[23] Agung Kang Maha Mulya / marang manusa lan jin / lamun kinen amerangi / sakehe kapir puniku / derepun padha Islam / anuta agama suci / yen aperang sekedang kung puruna ika//
  10. //Den iring iring ing wewayangan / pinayungan mega esri / yen udan ora kodanan / lamun lumampah ing warih / datan teles puniki / sekedhik guyune iku / lamun katekanan sakit / dadi bekti pan serta wuwuh ganjaran//
  11. //Burok tetunggangan nira / jemparing senjata neki / kucing kekasihira / nanging asu alas nenggih / cecek kasakitaneki / susure waja puniku / bebalunge menyawak / amenging wong susur singgih / yen uluk salam datan kena kadinginan//
  12. //Adil yen andum jarahan / ing rena kencana rukmin / sesutya lan inten mulya / sekehe wong Islam iki / sabda andika Nabi / anak yatim datan kantun / Kanjeng Nabi punika / datan arsa anggadhuhi / ing sadirham datan arsa anggadhuhana//
  13. //Kang manah nora kangungan / gandanipun amrit wangi / anerus gandane kalembak / karingetepun awangi / abecik pakertineki / wuwusipun beber alus / wijiling pangendika / arumanis tur anglungit / pangulune mukmin anuntun wong kesasar//
  14. //Asih ing tetemu ika / anderbeni sarengat singgih / lan amijiaken ing toya / saking selaning jariji / Nabi Muhammad iki / sekelangkung mujijatipun / watu bisa rerasan / wulan aningarsa neki / angelokaken ing gunung hud punika//
  15. //Awirang ing pangeranira / Nabi Muhammad iki / agung penangisira / ing siyang kalawan latri / angkung sholating wengi / tan pegat pamujinipun / puwasa yen rahina / isnen kemis bel puniki / siyang ndalu datan pegat pamujinira//
  16. //Kekasihe jeng Nabi ika / tetiga kabehe singgih / ingkang rumiyin ika / wewangi kang suci / kaping kalih pawestri / nenggih kaping tiganipun / kang tansah ing wedaya / tan nana pamada neki / amung sholat kang dadi telenging nala//
  17. //Kang umur nabi panutan / sewidak tahun puniki / punjul tigang tahun ika / anulya ngandika nabi / mapan pan Kangjeng Nabi / garwa putra samiya muhun / ing wulan rabingul awal / ing tahun dal puniki / ing dina Isnen tanggalipun kalih welas//
  18. //Putra nabi panutan / wewolu cacahe singgih / ingkang pembayute ika / Dewi fatimah puniki / panggulune ta singgih / Dewi Hafsah Jenab iku / lawan Mahemunah / Suwiyah Sodah puniki / kang kekasih awesta Dewi Rukiyah//
  19. //Putra ingkang jalu ika / anama Rahaden Qosim / sumandene puniki / Raden Berahim nama neki / lan malih sumande neki / Raden Toyib namanipun / putra ingkang taruna / Raden Tohir nama neki / garwanipun Jeng Nabi ika sesanga//
  20. //Garwane kang sepuh dewe / Dewi Khatijah nenggih / panggulune Dewi Hangisah / kang panengah nama neki / Umi Habibah iki / Dewi Hafsah jengeng ika / lawan Mahemunah / Suwiyah Sodah puniki / kang pamekas awesta Umi Selamah//
  21. //Anenuhun ingkang wewenang / umat tuwan ingkang anulis / angrumpaka sipat tuwan / ing kirang langkunge singgih / amung tuwan puniki / yen wonten salahe tanduk / tuwan ingkang ngapuntena / marang tuwan ingkang anulis / muga-muga angsal supangat tuwan//
  22. //Panedhane ingkang anurat / tetepana ing iman neki / ing donya rawuh ngahirat / antuka sihe nyuwang[24] widi / lan malih supangat nabi / punika panedhanipun / den dohaken ing marga sasar / bidengah wilalat singgih / muga-muga antuka sihe nyuwang[25] sukma//
  23. //Luputa ing ila-ila / liputa lan sarik / amba nedha pangapura / marang nyuwang[26] kang maha suci / kaping kalih jeng nabi / rosulullah kang linuhung / nedha berkah supangat / ing dunya tekan ngahirat / muga-muga angsal sih pangapura//
  24. //Allah tangala ngandika / dateng nabi kang sinelir / duk kalanira aparas / ana perapta wong sawiji / atakan mara jeng nabi / Abu Bakar delingipun / tuwan kadiya punapa / tetkala paras jeng nabi / aparas ambatangan dateng tuwan//
  25. //Sapa siten kang amaras / dateng tuwan kangjeng nabi / jeng nabi ngandika alon / lah iya kekasih mami / kang aran Jabarail / serta ndikane nyuwang[27] agung / iku kang amaras / angendika Jabarail / Allah tuwan rosulullah jumenenga//
  26. //Nabi sinten ingkang uninga / ten kala[28] paras jeng nabi / sinten ingkang maras ika / kekuluke saking pundi / miwah dintene singgih / lan punapa tahunipun / lawan pinten tanggalnya / sasine sasi kang pundi / lawan pinten umure tetkala paras//
  27. //Lah tuwan carita kena / bagindha Abu Bakar angling / du’ kala nira aparas / Muhamad ingkang linuwih / kala andika nabi / kala perang wulanipun / amungsuh lan Raja Lahad / ing bumi Mekah go neki / malem Isnen wektune Mekah punika//
  28. //Nabi kala maca qur’an / mangke prapta Jabarail / ambekta ayate ika / mangkono unine singgih / iki andikane nyuwang[29] widi / pinesthi andika rosul / nabi nulya angendika / ataken ing Jabarail / nulya matur Jabarail marang Muhamad//
  29. //Eh nabi yuwang[30] kang mulya / iki andikane nyuwang[31] widi / ingkang aning qur’an ika / amesthi ing tuwan singgih / tuwan kinen paras ugi / Nabi Muhamad amuwus / dateng Jabarail alon / Jabarail sanak mami / mangsa apa duk ingsun manke pinaras//

° PUPUH III °
K I N A N T H I

  1. //Jabarail mangke amuwus[32] /mangke sun matur yang widi / tan na suwe nulya prapta / ing ngarsane nyuwang[33] widi / Jabarail matur inggal / dateng wahu ing nyuwang[34] widi//
  2. //Lan punapa sasinipun / angendika nira nywang[35] widi / ing wulan ramedhon ika / kekasih ingsun paras nenggih / Jabarail wangsul inggal / perapta[36] ngarsane jeng nabi//
  3. //Jabarail nulya matur / dateng nabi kang sinelir / andikanira nyuwang[37] sukma / tuwan kinen paras nenggih / ing wulan romedhon ika / matur aris kangekjng nabi//
  4. //Dateng Jabarail wahu / tetkala paras jeng nabi / ing ngarsane sapa hiya / Jabarail kesah gipih / matur marang Allah tangala / sesangat anulya bali//
  5. //Kang weruh namane[38] nywang[39] agung / Jabarail mangkat agelis / patera kastuba salembar / awilis ing werna neki / wernane tuhune indah / pan tan ana ing dunya iki//
  6. //Awerna kadiya[40] puniki / agelis binekta tumuli / tan na dangu nulya perapta[41] / ing ngarsane jeng nabi / Jabarail aris amujur / dateng wahu kangjeng nabi//
  7. //Ngambil kastuba iku / kinen denira yang widi / angangge yaiku iya / kekuluke dateng tuwan singgih / yen sampun paras tuwan / kinen nganggiya puniki//
  8. //Godhonge kastuba iku / ing dunya dereng amanggih / ing werna kadiya punika / angendika jeng nabi kang sinelir / dateng Jabarail ika / sinten kang maras iki//
  9. //Jabarail mangke amuwus / wus matur ing nyuwang[42] widi / kawula kang kinen maras / dateng tuwan kangjeng nabi / atan perentahe nyuwang[43] sukma / angendika kanjeng nabi//
  10. //Inggih punapa kasraha nyuwang agung / kasraha ing nyuwang widi / inggih punapa kasraha nyuwang sukma / Jabarail muwus aris / kawula ingkang amaras / nabi kekasih nyuwang widi//
  11. //Manira kang maras iku / pangendika nira nyuwang widi / kawula kang kinen maras / dateng tuwan kanjeng nabi / tetkala nabi pinaras ika / jeng nabi ing Jabarail//

° PUPUH IV °
S  I  N  O  M

  1. //Tetkala nabi pinaras / dateng wahu Jabarail / ing tanggal sawelas ika / ing wulan romadhon singgih / ing dina Isnen nenggih / sedaya sahabatipun / mangu sakehe tumingal / tetkala paras jeng nabi / pan sedaya pepek aning ngarsa//
  2. //Rema kapupu sedaya / tan nana tumibing siti / malah sami rerebutan / sekathahe widadari / jeng nabi alon ngendika aris / pira kehe remaning sun / Jabarail aris mujur[44] / kehe rema tuwan singgih / pan sakethi tigang laksa tigang nambang//
  3. //Tigang atus tigang dasa / tiga welas punjul neki / kelawan langkung tetiga / punika cacahe singgih / sekathahe widadari / sedaya sami ngrebut / uman salembar-lembar sewang / sekathahe widadari / angendika nyuwang agung kang maha mulya//
  4. //Allah tangala angandika / mangke dateng widadari / padha mangkata sira den inggal / maringa kekasih mami / kebeh sira puniki / padha mupuha rambet / padha gawenen jimat / remane kekasih mami / talekena marang jariji nira//
  5. //Supaya nira sadaya / sun luputaken ing benjing / ing sakehe dusa nira / miwah ingkang animpeni / ing carita puniki / kekasih ingsun acukur / saking enggon punika / perapta[45] anggone kang suci / sekathahe kang miharsa angetokena//
  6. //Sekathahe umat sedaya / para soleh para mukmin / sedaya sun wehi rahmat / umat ingsun kang nimpuni / ing carita puniki / kakasih ingsun acukur / ingsun lebaraken ika / sekathahe dosa neki / sun apura ing tembe hari kiyamat//

° PUPUH V °
ASMARADANA

  1. //Sun luputaken ing benjing / ing nalikane sekarat / lagi den ambil nyawane / benjing sun wehi rahmat / lan sing sapa amacaha / miwah sekehe kang angrungu / sipat nabi caritanya//
  2. //Miwah ta ingkang anulis / atwa simpena ika / senejan nyiliha bahe / miwah ingkang anggawaha / atawa muru kapisan / miwah sekehe kang angrungu / caritane jeng nabi paras//
  3. //Ingsung wehi selamet[46] benjing / ing dunya tekan ngahirat / sun dohaken bilahine / ing benjing hari kiyamah / kerun wana kerun ika / sekathahe siksa kubur / miwah ing dina kiyamah//
  4. //Lan tan pegat sun tingali / tan pegat sun wehi rohmat / lan sun reksa rencanane / jim lawan iblis laknat / lan ora simpena ika / caritane jeng nabi rosul / miwah yen ora macaha//
  5. //Wiwah yen ora ngajeni / lan sing ora arsa maca / sanak-sanak ingsun sakabeh / amung aja wong satunggal / wong munapek punika / aja den kon maca iku / miwah lamon andelenga//
  6. //Aja den kon maca tulis / aja den wehi miharsa / kerana ta mangkene / sejatine nora arsa / lamun yen angrungu / aja den wehi pitutur / tuwa mahido ing saatar//
  7. //Utawi carita iki / simpenen ing umahira / ingsun reksa sak isine / ing umahira sedaya / adoh ing bilahinya / ing dunya ngahirat iku / miwah kang panggawe ala//
  8. //Caritane kanjeng nabi / lamun den gawe lampahan / marang pekir upamane / iku lamon den gawaha / yen arep anganggawe / anenedha mangke iku / pesthi kathah ingkang welas//
  9. //Upami arta sademik / den ileni pitung dosa / ingkang aweh iku mangko / saking momane nyuwang[47] sukma / marang wong Islam ika / pesthine iku rahayu / kang siji mulih sedasa//
  10. //Lan antuk supangat nabi / lan sinung kanugrahan / saking brekahe nyuwang manon / pan sekehe umat ing wang / lan sing sapa arep begja / amacaha ta ping pitu / saweni aja nendra//
  11. //Dateng carita puniki / tetkala nabi pinaras / katurunan iku mangko / rohmating wong tunggal dina / lan rijenike perapta[48] / esuk sore ora surud-surud / peraptane[49] teka ya gampang//

° PUPUH VI °
K I N A N T H I

  1. //Nabi Muhamad mangke amuwus / ataken ing Jabarail / Jabarail aturira / paduka sampelen gusti / kala dhohir paduka tuwan / ingkang mongmong kawula gusti//
  2. //Angendika kanjeng rasul / ataken ing Jabarail / ingkang ana iku apa / matur malaikat Jabarail / bumi langit durung ana / loh kalam sampun dadi//
  3. //Ngaras kursi dereng andulu / suwarga naraka pan sampun dadi / dhindhing jalal pan sampun dumadi / Nabi Muhamad angendika / ingsun taken kang seyekti//
  4. //Anegendika kanjeng rosul / ataken ing Jabarail / ingkang aran lintang johar / iku ngendi surupe sayekti / Jabarail aturira / amba nan dereng ningali//
  5. //Inggih leres tuwan ingkang sepuh / angendika kanjeng nabi / Jabarail aturira / sumungkem ing kanjeng nabi / Nabi Muhamad angendika / Jabarail sanak mami//

° PUPUH VII °
DHANDHANGGULA

  1. //Wonten kidung rumeksa ing wengi / teguh rahayu[50] luputa ing lara / luputa bilahi kabeh / jim setan datan purun / paneluhan tan nana wani / miwah panggawe ala / gunane wong ngaluput[51] / geni temahe[52] tirta / maling adoh datan[53] ana ngarahing kami / guna tutupan sirna//
  2. Sekathahe[54] lara padha bali / sekehe ngama pan saminya[55] miruda / kawelas asih pandulune / sekehe braja luput / kadiya kapuk tibane reki / sekehe wisa tawa / satru galak samiya tutu / kayu agung lemah sangar / siyunge landhak guwaning wang silemah[56] miring / miwah pangipone merak//
  3. //Paguyangane warak sekalir / den winaca ing segara asat / pan bisa ngambah telenge / mapan sari rahayu / ingiderane widadari / rineksa ing malaikat / sekathahe rasul / nabi temahe tunggal / ati Adam uteke Bagendha Esis / pangucapku Nabi Musa//
  4. //Napasku Nabi Isa kang linuwih / Nabi Yakub pamirsaning wong / Yusup rupaku mangke / Nabi Dawud suwaraku / miwah Sulaiman kasekten mami / Ibrahim nyawaning wang / Idris ing rambutku / Bagindha Ngali kuliting wang / Abu Bakar getih daging Umar singgih / bebalung Begendha Usman//
  5. //Ya sungsumku Fatimah kang linuwih / kang minangka rahayuning badan / Ayub minangka ususe / sekehe wudhu tuhu / mapan tunggal kelawan nabi / netraku ya Muhamad / pangulune rasul / pinayungan adam sarap / sampun pepek sekathahe para nabi / pan dadi sarira tunggal//
  6. //Wonten wiji sawiji / mulane pan dadi pan pinencar dadi saisine jagad / kesembadan dening date / sekathahe kang angrungu / kang amaca kang nimpeni iku / iku dadi rahayuning segara / pan ginariya sesembur / lamun winacakaken ing tuya / kinariya aduse rare tuwa pan gelis laki / kinariya tambane wong edan waras//
  7. //Lamun sira arep nandur pari / puwasaha sawengi sadina / iderana galengane / wacanen kidung iku / pesthi adoh ama bilahine iki / lamun sira arep lunga perang / wacanen ing sekul / antuka tigang pulukan / mungsuhira rep sirep tan nana wani / andulu marang sira//
  8. //Lamun sira ayun teguh sekti / lakonono pateng puluh dina / pati geni wekasane / amutiha karuhun / yen wus tutugira ngelampahi / mutih patang puluh dina / iku wus jangjine yang agung / yen udan ora kodanan / datan lara katibanan pukul wesi / miwah wesining gorenda//

[1]  amiwiti
[2]  carita
[3]  nembang
[4]  ywang
[5]  ywang
[6]  macaha
[7]  ngendika
[8]  gelis
[9]  berkah
[10]  pinentu
[11]  roiroh
[12]  ngendika
[13]  satuhu
[14]  ywang
[15]  ywang
[16]  pangulu
[17]  kedadiyan
[18]  ndarbeni
[19]  ywang
[20]  padhukuan
[21]  punika
[22]  ywang
[23]  ywang
[24]  ywang
[25]  ywang
[26]  ywang
[27]  ywang
[28]  tetkala
[29]  ywang
[30]  ywang
[31]  ywang
[32]  muwus
[33]  ywang
[34]  ywang
[35]  ywang
[36]  prapta
[37]  ywang
[38]  nama
[39]  ywang
[40]  kadya
[41]  prapta
[42]  ywang
[43]  ywang
[44]  matur
[45]  prapta
[46]  slamet
[47]  ywang
[48]  prapta
[49]  praptane
[50]  ayu
[51]  luput
[52]  atemagan
[53]  tan
[54]  sakehe
[55]  samya
[56]  lemah

SERAT JANGKA RANGGAWARSITA


JANGKA
RANGGAWARSITAN
.I. JAKA LODANG, II. KALATIDA, III. SABDA TAMA,
IV. SABDA JATI, V. KALITIDA PININGIT,
VI. WEDATAMA PININGIT.

 

@@@

 

Ingkang ngimpun lan nyukani
Centangan
B.K.

 

Cap-capan IV – 1961

 

Penerbit
KELUARGA BRATAKESAWA
Yogyakarta

supaya pada emut
amawasa mbenjang jroning taun
windu kuning kono ana wewe putih
gagamane tebu wulung
arsa angrabaseng wedhon

(“Sabda_Tama” pada 15)

PRASABEN

ANGGEN KULA ngimpun lan ngedalaken serat “jangka” punika, boten jalaran kula rumaos mangertos dateng suraosipun, utawi boten sumedya ajak-ajak dateng para maos supados anggilut, langkung-langkung ajak-ajak gegan-geganen tanpa panimbang lan panglimbang, punika babar pisan boten. Tancebing sedya kula namung ngrecangi memetri ingkang nama kasusatran Jawi.

Kawuningana, para linangkung ingkang yasa jangka sakawit punika saged ugi asalipun saking tampi “ilham” ingkang dipun-alami salebetipun ….. sagebyaring kilat. Amila tangeh lamun sageda jelas jlentreh, destun titi mangsanipun kemawon terkadang mlesed.

Ingkang anggegelani manah punika, dene katah kemawon “jangka” susulan, ingkang asal-asalipun namung saking pangotak-atik utawi pangajeng-ajenging manahipun, terkadang angewahi utawi mewahi jangka ingkang sampun wonten, dipun-akeni damelanipun piyambak utawi dipun awadaken damelanipun tiyang sanes.

Bab nyuraos ungeling “jangka’ punika pancen angel. Para sarjana sujana anggenipun nyuraos jangka punika asring kapirid saking pipindaning kawontenan, tuwin kapirid saking tetembunganipun ingkang sinandi.

Ingkang kapirid saking pipindaning kawontenan, kados ta ungel-ungelan “begjane ula dahulu, cangkem silite anyaplok” (Sabda Tama 12) punika gampil pambatanganipun, inggih punika : tiyang ingkang mangro tinga. Sareng ungel-ungelan “ana wewe putih” (Sabda Tama 15), punika punapa, kula trima jembit.

Ingkang kapirid saking tetembunganipun ingkang sinandi, kados ta : kala 10 – 1 – 1955 wonten satunggaling priyagung atitel Mr. nglahiraken pamanggih wonten ing madyaning papanggihan : ngalembana kawicaksananipun Ki Pujangga Ranggawarsita, awit wontenipun ungel-ungelan “beda-beda ardane wong sanagara” (Katatida 2) tuwin ungel-ungelan “tyas riwut rawat dahuru, korup sinerung ing goroh” (Sabda Tama 4), punika dipun tegesi P.I.R. (Wangsanagara lan Hazairin) kala samanten, punapa dene ngrebdanipun tindak korupsi punika. Apa tumon? Kula trimah jembit, jer sanes bangsanipun sarjana sujana.

Titi mangsa ingkang kasebut ing “jangka” pinika nuwun inggih boten sadaya gampil dipun tegesi. Kados ta tumrap ungel-ungelan ing Jaka Lodang : “sirna tata estining wong” (1850), “nir sad estining urip” (1860, “wiku sapta ngesti ratu” (1877), “nembah nukswa pujangga ji” (1802) punika sadaya gampil dipuntegesi, awit punika sengkalan limrah. Ananging ungel-ungelan ing Sabda Tama : “taun windu kuning” punika tegesipun ingkang boten gagap-gagap : kados pundi?

Tumrap serat : “jangka” ingkang nama Kalatida Piningit tuwin Wedatama Piningit, atur kula dateng para maos perlu kula ambali malih : sampun ngantos anggega lan kuwatos, amargi :

  1. Jangka wau sampun kliwat, tetela boten wonten punapa-punapa.
  2. Snajan redi Merapi kala-kala bade kurda, nanging Pamarintah tansah anjagi lan damel ririgen saperlunipun.
  3. Mirsanana centangan kula tumrap “jangka” wau ing kaca 34-35-36.

Ingkang ngimpun.

Karangbolotan, akhir Juni 1957.

@@@

I. JAKA LODANG

B E B U K A

Ronggh jleg tumiba | gagaran santosa | wartane meh teka | sikara karoda | tatage tan katon | barang-barang ngerong | saguh tanpa raga | katali katawar | dadal amekasi | tanda murang tata.

G A M B U H

  1. Jaka Lodang gumandhul | praptaning pang ngethengkrang sru muwus | eling-eling pasti karsaning Hyang Widhi | gunung mendhak jurang mbrenjul | ingungsir praja prang kasor.
  2. Nanging awya kliru | sumurupa kanda kang tinamtu | nadyan mendak mendaking gunung wis pasti | maksih katon tabetipun | beda lawan jurang gesong.
  3. Nadyan bisa mbarenjul | tanpa tawing enggal jugrugipun | kalakone karsaning Hyang wus pinasti | yen ngidak sangkalanipun | sirna tata estining wong.

S I N O M

  1. Sasedyane tanpa dadya | sacipta-cipta tanpolih | kang reraton-raton rantas | mrih luhur asor pinanggih | bebendu gung nekani | kongas ing kanistanipun | wong agung nis gungira | sudireng wirang jrih lalis | ingkang cilik tan tolih ring cilikira.
  2. Wong alim-alim pulasan | njaba putih njero kuning | ngulama mangsah maksiat | madat madon minum main | kaji-kaji ambataning | dulban kethu putih mamprung | wadon nir wadorina | prabaweng salaka rukmi | kabeh-kabeh mung marono tingalira.
  3. Para sudagar ingargya | jroning jaman keneng sarik | marmane saisiningrat | sangsarane saya mencit | nir sad estining urip | iku ta sengkalanipun | pantoging nandang sudra | yen wus tobat tanpa mosik | sru nalangsa narima ngandel ing suksma.

MEGATRUH

  1. Mbok parawan sangga wang duhkiteng kalbu | jaka Lodang nabda malih | nanging ana marmanipun | ing weca kang wus pinesthi | estinen murih kelakon.
  2. Sangkalane maksih nunggal jamanipun | neng sajroning madya akir | wiku Sapta ngesthi Ratu | ngadil parimarmeng dasih | ing kono kersaning Manon.
  3. Tinemune wong ngantuk anemu kethuk | malenuk samargi-margi | marmane bungah kang nemu | marga jroning kethuk isi | kencana sesotya abyor.

CENTANGAN

(1). Bubukanipun serat “Jaka Lodang” punika mesi sandi-sama. Wiwitaning garis mangadep mungel “Ranggawarsita basa Kadaton”, dening pungkasaning garis mangandap mungel “Basa Kadaton Ranggawarsita”.

(2). Limprahipun serat “Jaka Lodang” inggih namung dumugi sekar Megatruh pada angka 3 punika. Nanging serat “Jaka Lodang” wedalan “Maha Dewa” tanpa bubuka, sarta wewah sekar Asmaradana kados ing ngandap punika :

ASMARADANA

  1. Ingkang bisa nemu iki | nora saben sok uwanga | kudu ana pilihane | kang weruh jangkaning jaman | eling kanti waspada | tindak tuwajuh lan jujur | ingkang antuk kamurahan.
  2. Aywa sira banjur wedi | samar nora kapanduman | elinga marang kodrate | Pangeran luwih kuwasa |  adil tanpa upama | sapa angestokna dawuh | sayekti antuk nugraha.
  3. Nugrahanira Hyang Widi | tan kena kinira-kira | margane sewu dadalane | Yogja den sebar darana | aywa kasesa-sesa | grusa-grusu narung binuh | ngrusakke tanceping tekad.

WEWAHAN

Wonten serat Jaka Lodang ingkang sanes yasanipun Ki Pujangga R.Ng. Ranggawarsita, isi sekar : (1) Dandanggula, (2) Pangkur, (3) Maskumambang, (4) Kinanthi, (5) Blabak, (6) Pucung, (7) Mijil, (8) Durma, (9) Asmaradana, (1)) Gambuh, (11) Sinom, (12) Megatruh, (13) Pututgelut, sami nigang pada gunggung 39 pada.

Ing wiwitanipun pupuh Gambuh inggih mungel, “Jaka Lodang gumandul, praptaning pang ngetangkrang sru wuwus sami kados Jaka Lodang hiyasan Ranggawarsitan. Nanging inggih namung 2 pada lingsa ing sekar Gambuh punika kemawon ingkang sami kaliyan “Jaka Lodang” Ranggawarsitan. Sanes-sanesipun boten wonten ingkang sami.

Dene isinipun serat wau ringkesipun kados ing ngandap punika :

Ken Limaran ing Dekah Dadapan nyapu, nanging tansah pulih malih larahanipun. Lajeng ngucapaken pasang giri : sinten ingkang saged nulungi damel resik, yen priya dadosa jatu-krama, yen wanita dadosa saderek sinarawedi.

Jleg, wonten wanara nama Jaka Lodang : dateng tanpa sangkan, sage ngleksanani pasang-giri wau. Ken Limaran lajeng dados simahipun Jaka Lodang. Ing wanci dalu, Jaka Lodang meling dateng simahipun, supados enjingipun ngintun dateng sabin, piyambakipun bade anggaru.

Enjingipun, Ken Limaran ngintun sayektos, nanging Jaka Lodang boten woten ing ngriku. Lajeng katungka Raden Putra (Panji Ino Kartapati) kanti punakawan, Ki Jodehsanto, rawuh ing ngriku, nitih kuda. Ken Limaran katantun bade kapundut garwa : purun. Wusana Jaka Lodang jleg dateng.

Raden putra trangginas bade ngayati jemparing, Jaka Lodang lajeng prasaja, yen piyambakipun punika dutaning Dewa, kinen manggihaken Ken Limaran kaliyan Raden Putra. Sampun pinasti jodo, benjing saged nurunaken ratu salebetipun pitung jaman. Jaka Lodang lajeng medaraken “jangka” salebetipun pitung jaman punika.

Pungkasanipun serat punika wau (sekar pututgelut) ungelipun :

Prapteng kono jangkane wus titi | pama gancaring wayang | carangane kang dinapur | neng jroning rat Jawa | tekeng jaman wekasan | trahira tumaruntun.

Punika ngewrat sandi-asmaning pangriptanipun, manggen wonten  ing pungkasaning garis, mungel : “Tiyang Purwasantun” (= Purwasari, Surakarta), inggih punika K.R.T. Tandanagara Bupati Nayaka, pangiketipun nalika taksih asma R.T. Suradipura Buoati Anom.

Panjenenganipun rumiyin asmanipun M.Ng. Reksadipraja inggih Ki Jagawigata.

Serat wau nalika kaecap lan kawedalaken dening pangecapan Mardi Mulya ing Ngayogjakarta (± taun 1922) kanamakaken, serat Jaka Lodang. Sareng kawedalaken dening Toko Buku “Sadu Budi” sarta kaecap ing pangecapan “Marseh” Surakarta, (taun 1940) kanamakaken serat “Jangka Ketek Ogleng”.

Pancen lampahing cariyos ing serat punika wau sairib kaliyan lampahing cariyos tontonan kala jaman alitan kula, ingkang nama tontonan Ketek Ogleng. Bedanipun : Ing tontonan Ketek Ogleng, ingkang dipun kintun punika Raden Putra, ingkang ngintun anama Endang Lara Tompe. Wonten ing margi pun Endang dipun begal dening Ketek Ogleng, salajengipun pun ketek kaprajaya dening Raden Putra.

Wasana nyumanggakake.

@@@

II. K A L A – T I D A

S I N O M

  1. Mangkya dalajating praja | kawuryan wus sunya ruri | rurah pangrehing ukara | karana tanpa palupi |  atilar silastuti |  sujana sarjana kelu |  kalulun kalatida |  tidhem tandhaning dumadi |  ardayeng rat dene karoban rubeda.
  2. Ratune ratu utama |  patihe patih linuwih |  pra nayaka tyas raharja |  panekare becik-becik |  parandene tan dadi |  paliyasing Kala Bendu |  malah sangkin andadra |  rubeda kang ngriribedi |  beda-beda ardane wong sanagara.
  3. Katatangi tangisira |  sira sang parameng kawi |  kawilet ing tyas duhkita |  kataman ing ren wirangi |  dening upaya sandi |  sumaruna anarawung |  pangimur manuara |  met pamrih melik pakolih |  temah suka ing karsa kurang wiweka.
  4. Kasok karoban pawarta |  bebaratan ujar lamis |  pinudya dadya pangarsa |  wekasan malah kawuri |  yen pinikir sayekti |  mundhak apa aneng ngayun |  andhedher kaluputan |  siniraman banyu lali |  lamun tuwuh dadi kekembanging beka.
  5. Ujaring paniti-sastra |  awawarah asung peling |  ing jaman keneng musibat |  wong ambeg jatmika kontit |  mengkono yen niteni |  pedah apa amituhu |  pawarta lalawara |  mundhak angreranta ati |  angurbaya ngiketa cariteng kuna.
  6. Keni kinarya darsana |  panglimbang ala lan becik |  sayekti akeh kewala |  lelakon kang dadi tamsil |  masalahing ngaurip |  wahananira tinemu |  temahan anarima |  mupus pepesthening takdir | puluh-Puluh anglakoni kaelokan.
  7. Amenangi jaman edan |  ewuh aja ing pambudi |  milu edan nora tahan |  yen tan milu anglakoni |  boya kaduman melik |  kaliren wekasanipun |  ndilalah karsa Allah |  begja-begjane kang lali |
  8. luwih begja kang eling lawan waspada.
  9. Semono iku bebasan |  padu-padune kepengin |  enggih mekoten Man Doblang |  bener ingkang angarani |  nanging sajroning batin |  sajatine nyamut-nyamut |  wis tuwa arep apa |
  10. muhung mahas ing asepi | supaya ntuk pangaksamaning Hyang Suksma.
  11. Beda lan kang wus santosa |  kinarilan ing Hyang Widhi |  satiba malanganeya |  tan susah ngupaya kasil |  saking mangunah prapti |  Allahu paring pitulung |  marga samaning titah |  rupa sabarang pakolih |  parandene maksih taberi ikhtiyar.
  12. Sakadare linakonan |  mung tumindak mara ati |  angger tan dadi prakara |  karana riwayat muni |  ikhtiyar iku yekti |  pamilihing reh rahayu |  sinambi budi daya |  kanthi awas lawan eling |  kanti kaesthi antuka parmaning Suksma.
  13. Ya Allah ya Rasulullah |  kang sipat murah lan asih |  mugi-mugi aparinga |  pitulung kang anartani | ing alam awal akhir |  dumunung ing gesang ulun |  mangkya sampun awredha |  ing wekasan kadi pundi | mula mugi wontena pitulung tuwan.
  14. Sageda sabar santosa |  mati sajroning ngaurip |  kalis ing reh aruraha |  murka angkara sumingkir |  tarlen meleng malat sih |
  15. sanityaseng tyas memasuh |  badharing sapu dhendha |  antuk mayar sawetawis |  borong angga sawarga mesi martaya.

CENTANGAN :

(1)     Sasumerep kula serat-serat “Kalatida” cap-capan, ing pada 1 garis 1 punika sami kaserat “Mangkya dreajating praja”, namung “Kalatida” wedalan Pustaka Nasional Surabaya kaliyan serat punika ingkang kaserat “Mangkya dalajatingpraja”. Kinten-kula leres “dalajat”, amargi darajat ateges : ngalamat.

(2)     Woten serat “Kalatida” ingkang ing pada 1 garis 5-6-7 punika mungel : “ponang parameng kawi, kawilet ing tyas malat-kung, kongas kasudranira”.

(3)     Serat “Kalatida” seratan tangan kagunganipun R.Ng. Dwijawiyata, pensiunan Kepala Sinder pamulangan ing Ngayogyakarta, wonten 13 pada. Inggih punika : saderengipun mungel “Mangkya darajating praja” mungel makaten :

Wahyaning arda rubeda | ki pujangga amengeti |  mesu cipta mati raga | medar warananing gaib | ananira sakalir | ruweding sarwa tumuwuh | wiwaling kang warana | dadi badaling Hyang Widi | amedarken pari-bawaning bawana.

Miturut keterangan ingkang kagungan, serat “Kalitida” 13 pada wau ugi sampun nate kaecap ing Surakarta, panjenenganipun asli nurun ingkang sampun cap-capan wau.

(4)     Sadaya serat “Kalitida” ing pada pungkasan garis pungkasan, mungel : borong angga suwarga mesi martaya, punika mesi sandi-asmanipun ingkang mangripta (R.Ng. Ranggawarsita).

WEWAHAN :

Woten serat nama “Kalabrasta” nanging dereng nate kawedalaken warni serat mirungan, nalika ± taun 1910 nate kaewratwoten ing ari-warti “Darma Kanda” Surakarta, ± taun1930 nate kaewrat wonten ing ari warti :Sedya Tama” Ngayogyakarta. Ing jaman merdika punika nate kawedalaken awor serat-aerat jangka sanesipun, dados sabuku. Tuwin nate kaewrat wonten ing kala warti “Panyebar Semangat” Surabaya.

Serat “Kalabrasta” punika sekaripun Sinom kados “Kalatida” katahipun inggih 12 pada kados “Kalatida”. Bokmanawi ingkang ngripta dereng nate mrangguli “Kalatida ingkang 13 pada. Dene suraosipun angosok-wangsul serat Kalatida. Ing pada pungkasan mungel makaten :

Ilang kasmalaning nusa | yen minum tirta martani |  warsitaning Kalabrasta | sirna sagunging prihatin | pan ing mangkya wus wanci | pambudi kamulyan umum | aywa katungkul pada | ambudi ajining diri | kang amangun dwijaning atmaja tama.

Ing garis pungkasan “kang amangun dwijaning atmaja tama” punika mesi sandi asmaning pangarangipun, inggih punika saderek Mangunatmaja, tilas lurah ing Karangwungu, bawah kabupaten Klaten, panuntunipun paguron “Sarekat Abangan”, kasebut ing serat “Falsafah Sitijenar” wedalan Kulawarga Bratakesawa.

Dados pangarangipun serat “Kalabrasta” punika  priyantun jaman sapunika kemawon. Suraosipun : manawi para saderek Jawi sami kersa necep kawruh Sarekat Abangan (+minum tirta martani) bade sirna sadaya prihatos lan bebendu ing tanah Jawi punika. Para necep kawruh wau sinebut atmaja tama. Makaten punika panganggep lan pangajapipun sang dwija ingkang yasa serat “Kalabrasta” kala taun……  ± 1910.

@@@

III. SABDA TAMA

G A M B U H

  1. Rasaning tyas kayungyun | angayomi lukitaning gambuh | nyambi-wara kalawan eninging ati | katenta kudu pitutur | sumingkir ing reh tyas mirong.
  2. Den samya amituhu | ing sajroning jaman Kala-bendu | yogya sami nyunyuda ardaning ati | kang nuntun mring pakewuh | uwohing panggawe awon.
  3. Ngajapa tyas rahayu | ngayomana sasameng tumuwuh | wahanane ngendhak angkara klindhih | ngendhangken pakarti dudu | dinuwa luwar tibeng doh.
  4. Beda kang ngaji mumpung | nir waspada rubedane tutut | akinthilan tan anggop anggung tut-wuri | korup sinerung ing agoroh.
  5. Ilang budayanipun | tanpa bayu weyane ngalumpuk | sakciptaning wardaya ambabayani | ubayane nora payu | kari ketaman pakewoh.
  6. Rong asta wus katekuk |  kari ura-ura kang pakantuk | dandanggula lagu palaran sayekti | ngluluri para leluhur | abot ing sihing swami karo.
  7. Galap gangsuling tembung | Ki Pujangga panggupitanipun | rangu-rangu pamanguning reh harjanti | tinanggap prana tumambuh | katenta nawung prihatos.
  8. Wartine para jamhur | pamawasing warsita tanpa wus | wahanane jaman owah angowahi | yeku sangsaya pakewuh | ewuh-aya kang linakon.
  9. Sidining Kala-bendu | saya ndadra ardaning tyas limut | nora kena sinirep limpating budi | lamun durung mangsanipun | malah sumuke angrandon.
  10. Tatanane tumruntun | panutaning tyas angkara antuk | kala-desa wenganing karsa kaeksi | limut kalimput angawut | mawut sangyaning dumados.
  11. Ing antara sapangu | pangungaking kahanan wus mirut | morat-marit panguripane sesami | sirna katentremanipun | wong udrasa sa-nggon-enggon.
  12. Kemat isarat lebur | bubur tanpa daya kabarubuh | paribasan tidhem tandhaning dumadi | begjane ula dahulu | cangkem silite anyaplok.
  13. nDungkari gunung-gunung | kang geneng-geneng padha jinugrug | parandene tan ana kang nanggulangi | wedi kalamun sinembur | upase lir wedang umob.
  14. Kalonganing kaluwung | prabanira kuning abang biru | sumurupa iku mung soroting warih | wawarahe para Rasul | dudu jatining Hyang Manon.
  15. Supaya pada emut | amawasa benjang jroning taun | windu kuning kono ana wewe putih | gagamane tebu wulung | arsa angrebaseng wedhon.
  16. Rasane wes karasuk | kesuk lawan kala mangsanipun | kawisesa kawasanira Hyang Widhi | wahyaning wahyu tumelung | tulus tan kena tinegor.
  17. Karkating tyas katuju | jibar-jibur adus banyu wayu |yuwanane turun-temurun tan enting | liyan praja samya sayuk |keringan saenggon-enggon.
  18. Tatune kabeh tuntunm | lelarane waluya sadarum | tyas prihatin ginantyan suka mepeki | wong ngantuk anemu kathuk | jro mesi dinar sabokor.
  19. Amung padha tinumpuk | nora ana rusuh colong jupuk | raja kaya cinancangan aneng njawi | tan ana nganggo tinunggu | parandene tan cinolong.
  20. Diraning durta katut | anglakoni ing panggawe runtut | tyase katrem kayoman ayuning budi | budyarja marjayeng limut | amawas pangesthi awon.
  21. Ninggal pakarti dudu | kadarpaning parentah ginugu | mring pakaryan saregep temen nastiti | ngisor dhuwur tyase jumbuh | tan ana waon winaon.
  22. Ngratani sapraja agung | keh sarjana sujana ing kewuh | nora kewran ing wicara agal alit | pulih duk jaman rumuhun | tyase teteg teguh tanggon.

CENTANGAN :

(1)     Serat “Sabda Tama” sekar Gambuh 22 pada ing nginggil punika wau mesi sandi asmanipun ingkang iyasa, manggon wonten ing wiwitaning pada, mungel : “Raden Ngabehi Ranggawarsita ing Kedung Kol Surakarta-Adiningrat”

(2)     Sandi-asma punika pancenipun kenging kangge titikan ingkang permati, nanging emanipun katah sandi asma ingkang gadungan. Boten kirang-kirang serat waosan tembang ingkang wonten sandi asmanipun Ranggawarsitan ananging sanes iyasanipun R.Ng. Ranggawarsita.

Ugi woten “jangka” sekar Gambuh 5 pada mawi sandi asma Ranggawarsitan gadungan, nate kaewrat wonten ing ari warti “Darma Kanda” ing Surakarta taun 1900 langkung welasan, ungelipun makaten :

  1. Rong netra wus tumlakup | merem dipet ngatas mring Hyang Agung | nyuwun uning wahananira ing wuri | byar sumilak katon lugu | bakal ananing lalakon.
  2. Galagate ing pungkur | wahanane jaman saya kisruh | akeh laku kang sungsang bawana balik | wanodya yun ngarah luhur | temah priyane keh asor.
  3. Warnanen tyasing kakung | keh amirib pra wadon satuhu | cupar memet wetuning butuh tinliti | wit samar paparingipun | Hyang Suksma yen tan dumawoh.
  4. Singlaring tyas puniku | nyudakaken tumuruning wahyu | sirna gempang pangandele mring Hyang Widhi | marma jagade barubuh | keh laku ingkang mbesejol.
  5. Tatas katresnanipun | wonge cilik mring bangsa ngaluhur | wit kang ngembat praja yekti kurang adil | akeh raja tinarungku | ngono karsane Hyang Manon.

Makaten ungeling “jangka” wau. Miturt kasumerepan kula, ingkang andamel : salah satunggaling guru Sekolah Rakyat, asli Surakarta.

Wusana nyumanggakaken.

@@@

IV. SABDO JATI

M E G A T R U H

  1. Hawya pegat ngudiya ronging budyayu | margane suka basuki | dimen luwar kang kinayun | kalising panggawe sisip | ingkang taberi prihatos.
  2. Ulatna kang nganti bisane kepangguh | galedehan kang sayekti | talitinen awya kleru | larasen sajroning ati | den tumanggap dimen manggon.
  3. Pamanggone aneng pangesti rahayu | angayomi ing tyas wening | eninging ati kang suwung | nanging sejatining isi | isine cipta kang yektos.
  4. Lakonana klawan sabar ing kalbu | yen obah-obah niniwasi | kasusupan setan gundhul | ambebedung nggawa kandhi | isine rupiah kethon.
  5. Lamun nganti korup mring panggawe dudu | dadi pakuwoning iblis | mlebu ing alam pakewuh | ewuh pananinging ati | temah wuru kabesturon.
  6. Nora kengguh mring pamardi reh budyayu | ayuning tyas sipat kuping | kinepung panggawe rusuh | lali pasihaning Gusti | ginuntingan kaya mranos.
  7. Parandene kabeh kang samya andulu | ulap kalilipen wedhi | akeh wong kang padha sujud | kinira yen Jabarail | kautus dening Hyang Manon.
  8. Yeng kang uning marang sejatining kawruh | kewuhan sajroning ati | yen tan niru nora arus | uripe kaesi-esi | yen niruwa dadi asor.
  9. Nora ngandel marang gaibing Hyang Agung | anggelar sakalir-kalir | kalamun temen tinemu | kabegjane anekani | kamurahaning Hyang Manon.
  10. Anuhoni kabeh kang duwe panuwun | yen temen-temen sayekti | Allah aparing pitulung | nora kurang sandhang bukti | saciptanira kelakon.
  11. Ki Pujangga nyambi wara weh pitutur | saka mangunahing Widi | ambuka warananipun | aling-aling kang ngalingi |  anglingkap temah katon.
  12. Para jalma sajroning jaman pakewuh | kasudranira andadi | dahurune saya ndarung | keh tyas mirong murang margi | kasetyan wus nora katon.
  13. Katuwane winawas dahat matrenyuh | kenyaming sasmita yekti | sanityaseng tyas malat-kung | kongas welase kepati | sulaking jaman prihatos.
  14. Waluyane mbenjang lamun ana wiku | mumuji ngesthi sawiji | sabuk lebu lir majenun | galibedan tudang tuding | anacahken sakehing wong.
  15. Iku lagi sirep jaman Kala-bendu | kala-suba kang gumanti | wong cilik bisa gumuyu | nora kurang sandhang bukti | sedyane kabeh kelakon.
  16. Pandulune Ki Pujangga durung kemput | mulur lir benang tinarik | nanging kaserang ing umur | andungkap kasidan jati | mulih sajatining enggon.
  17. Amung kurang wolung ari kang kadulu | emating pati patitis | wus katon neng lokil makpul | angumpul ing madya ari | amerengi ri Budha Pon.
  18. Tanggal kaping lima antaraning luhur | sela-ning tahun jimakir | talu uma aryang jagur | sengara winduning pati | netepi ngumpul sak enggon.
  19. Cinitra ri Budha kaping wolulikur | sawal ing tahun jimakir | candraning warsa pinetung | sembah mukswa pejangga ji | Ki Pujangga pamit layon.

CENTANGAN (mirsani kaca 25)

Manawi kula kapareng matur bares, sayaktosipun kula dereng yakin manawi serat “Sabda Jati” punika hiyasanipun swargi R.Ng. Ranggawarsita, amargi miturut pangenyam-kula : beda kaliyan serat-serat sanesipun hiyasanipun swargi wau. Kinten kula “Sabda Jati” punika damelipun saderek ingkang mewahi “Kalatida” dados 13 pada (mirsani kaca 14), sedyanipun ngluhuraken Ki Pujangga, dipun gambar-0gambar anggenipun saged miyak warana tuwin lepas pandulunipun “mulur lir benang tinari”. Punapa inggih tampi ilham punika kados makaten gambaranipun?

Dene titikan ingkang gampil kita raosaken, inggih punika bab pamasanging sandi asma ing pada wiwitan, garis 1,2,4,5, punika boten manut patokan. Ingkang sampun-sampun, manawi Ki Pujangga masang sandi asma sapada boten wonten ing wiwitaning garis punika, amesti dawah pedotaning wirama :

Aywa pegat ngudiya ronging baudyayu, manawi manut patokan umpamnipun : aywa mirong ngudiya marang budyayu;

Marganing suka basuki, manawi patokan umpananipun : den wrin marganing basuki;

Dimen luwar kang kinayun, sampun leres.

Kalis ing panggawe sisip, manawi miturut patokan upamanipun : ulah brata myang prihatos.

Ananging sarehning para sarjana sujana sami kagungan panganggep, bilih “Sabda Jati” punika karanganipun swargi, malah pada 14 punika kadamel rerenggan banciking reca Ranggawarsita ing museum Sriwedari Surakarta, jalaran ungel-ungelan “galibedan tudang-tuding, anacahken sakebhing wong” punika kaangep pralambangipun pemilihan umum, kula inggih namung nyumanggakaken.

@@@

V. KALA-TIDA PININGIT

S I N O M

  1. Sinom susulan wirayat | Kala-tida kang piningit | calon kang gumantya nata | maksih sinengker Hyang Widi | ing ura-uru mbenjing | kang sumela dadya ratu | turune ping sadasa | nutuigaken wibawa mukti | pangarange Dyah Behi Ranggawarsita.
  2. Duk kalanira angarang | wonten Landi sing Ustenril | Wenen nenggih kutanira | mlancong mring nagari Jawai | cekak minggah mring wukir | nyuwun premisi Sang Prabu | ningali kawahira | pucaking ardi Merapi | wangsulira pun tuwan asung carita.
  3. Dateng nJeng Gusti kaping pat | enget kula sangkalani | gusti mbenjing ngesti nata | critane kang ardi mbenjing | kobong wit saking agni | slira catur ngesti ratu | pecahing ardi sigar | Yogya Kedu risak sami | yen ing Sala risake mung sawatara.
  4. Nulya nJeng Gusti kaping pat | pangandikanira aris | dumateng Ranggawarsita | dulunen telenging ati | eningna aja gingsir | samdika umatur nuhun | Radyan Ranggawarsita | panca-driya kang kaesti | sapandurat tan antara ntuk wewengan.
  5. Umatur leres pun tuwan  mbenjing kalamun marengi | bade pecahing kang arga | lindu rambah kaping katri | punika pan sayekti | kapara dados susungut | kirang pitung ri dina | pitulas dinten marengi | pitulikur punika sampun pungkasan.
  6. Derenging ambles kang arga | model sakit kang nganehi | mung sakedap nuli sirna | ing tanah Jawi meh wrdin | Sala Yogya akeni | lamine amung tri tengsu | wirayate wong wignya | nuju Panjengengan Aji | ping sadasa Nata krama ing Ngyogya.
  7. Pra pangreh ing Surakarta | katah sumelang ing galih | wasana ngupaya mayar | angesti angga pribadi | kirang dwi warsa mbenjing | kalawan pecahing gunung | yen wus praptaning jangka | pecahing ardi Merapai | njeblos mawut sumebar ya banjir lahar.
  8. Yogya karatone ilang | pecahing ardi Merapi | tirta ndut Sala lan Yogya | pisan tan anunggali siti | tengahing ardi dadi | kali agung anjogipun | samodra ingkang wetan | kilen Praja risak sami | ing Madura meg gatuk lan Surabaya.
  9. nJeng Gusti malih ngandika | payo pada den-titeni | pinengetan mbok-manawa | anak putu amenangi | sandika Dyan Ngabehi | ing mbenjing sarenginipun | lawan ardi ing Clacap | ambles sareng ardi Merapi | rawa Pening kabeh kaurugan brama.
  10. Risak tanah kilen Praja | katah jalma ingkang mati | antara mung panca dina | kobong ingkang para ardi | Gupermen anulungi | lawan praja liyanipun | durung kobong kang arga | lindu sadina kaping tri | jamanira sapungkure Jayabaya.
  11. Meksih ratu ping sadasa | iku ingkang amandiri | praja di ing Surakarta | yen wirayat saking Jawi | taun Be ing wingking V sangkalanira pinetung V netra ngesti raja V ing Mangkunagaran mbenjing V kasusahan tan suwe antuk ngapura.

CENTANGAN :

Mirsani centanganipun serat “Wedatama Piningit” ing kaca 34-35-36.

@@@

VI. WEDA-TAMA PININGIT

PANGKUR

  1. Sekar Pangkur pari purna | amedaraken weda-tama (kang) piningit | mirib jangkaning pra jamhur | jamane Jayabaya | iku mbenjang kang jumeneng madeg ratu | maksih putra ping sadasa | ingkang ngrenggani praja di.
  2. Ingkang nutugna wibawa | wus ndilallah karsane Kang Luwih | bareng lan jaman dahuru | keh janma nandang susah | wit kawrattan pranatanireng praja | larang boga miwah sandang | katah kang nandang kaswasih.
  3. Ya ta wonten resi Landa | asalira saking praja Ustentrik | Wanen kita krajanipun | mlancong mring tanah Jawa | sapraptanya nyuwun premisi Sang Prabu | sedya minggah mring aldaka | pucaking wukir Merapi.
  4. Arsa amriksani kawah | dupi sampun terang anggenya ningali | wangsul sowan mring Sang Prabu | prelu atur uninga | praja tanah Jawa mbenjang risakipun | jalaran saking aldaka | wukir Mearapi kang mesti.
  5. Dupi ingkang arga sigar | apan dadi kali Tanggung raneki | njog samodra ingkang kidul | Sang Nata dupi wus trang | sasmitaning dwija Landa gya dadawuh | dumateng Ranggawarsita | lan Gusti Mangkunagari.
  6. Lah ta wa Ranggawarsita | apa nyata tuture swija Landi | Ranggawarsita amesu | ngeningaken panca-driya | anunuwun marang Iangkang Maha Luhur | katrima antuk wewengan | wus luwar saking samadi.
  7. Glis munjuk mring Sri Pamasa | nggih leres aturipun resi Landi | mbenjing bade pecahipun | saderenge arga sigar | mawi gara-gara kalangkung gengipun | lindu sadinten ping tiga | kapareng dados miwiti.
  8. Duk samana sami terang | resi Landa gya pamit mring Sang Aji | amundur pan nedya wangsul | mring Wanen kita raja | nanging mampir redi Clacap ciptanipun | kapriksa sawise terang | bareng bres lang gunung Merapi.
  9. Duk samana sinengkalan | esti catur sabdanireng narpati | dene mbenjing pecahipun | Merapi ponang arga | wulan Sura taun Be sengkalanipun | wsti catur asta nata | Sang Nata ngandika aris.
  10. Payo pada tinitenan | mbok-manawa anak putu menangi | Nata ping sanga ngadatun | kondur (nJeng) Mangkunagara | Raden Ranggawarsita nderek tut pungkur | mring dalem Mangkunagaran | anjujug ing ujung puri.
  11. Nutugna wirayatira | lawan Ranggawarsita Dyan Ngabehi | priye dadine ing mbesuk | matur Ranggawarsita | apan sampun pinasti karseng Hyang Agung | risakipun Surakarta | karatin mbenjing ngalih.
  12. Kacarita wetang bengawan | pan ing wana Ketangga dunung-neki | mangsuli wirayat wau | bade pecah kang arga | apan tirta amili campur lan endut | yogya karaton ilang | tuwin Kedu risak sami.
  13. Rawa Pening ing mBarawa | mubal geni katah jalma ngemasi | kilen praja ugi katut | katah jalma pralaya | nanging, jaman punika mbenjing panuju | Si Narendra ping sadasa | ingkang ngrenggani praja di.
  14. Yen wirayat saking Jawa | dupi woten penyakit nganeh-anehi | lamine tri wulan iku | wrata satanah jawa| pra kawula katah susah manahipun | kataman duhkitaning tyas | bareng lan mangsa paceklik.
  15. Tuwin panjenengan Nata | ping sadasa krama putri linuwih | ngupaya lajering wahyu | daup putri Ngayogya | pun punika timbul lajering karatun | ing tanah Jawa wus sirna | surem sunaring praja di.
  16. Sengkalanira ingetang | netra nenem Narendra nitih esti | neng Gusti ngandika arum | lah kang Ranggawarsita | payo pada pinengetan jroning kalbu | wisiking propesor Landa | kalawan wisiking Jawi.
  17. Apa cocog apa ora | nanging ingsun lan sira pasti tan wrin | marma kawrta ing sastra yu | dimen putra wayah | ingkang mesti bisa menangi sastra wruh | jaman ingkang wus kawedar | supaya dadi pepeling.
  18. Ilang kuwunging nagara | ingkang mengku praja ing wuri mbenjing | ugi anandang wulangun | ananging datan lama | antuk supangatira saking Hyang Agung | risakipun babar pisan | ing Surakarta praja di.
  19. nJeng Gusti malih dawuhnya | marang Ranggawarsita Dyan Ngabehi | lah tutugna wirayatmu | kang kaweca ing jangka | Raden Ranggawarsita alon turipun | yen ing praja tanah Jawa | mulyane kalamun mbenjing.
  20. Jumeneng Narendra | kaping kalih welas ingkang mandiri | bilih Nata ping sapuluh | ngalamat praja rengka | wit candrane narendra si Kala-mrecu | patihe Kala-wasesa |Kala-tida jamaneki.
  21. Wong agung remen mbebahak | marang raja brananira wongcilik | ilang labeting budyayu | kisruh adiling Nata | pra kawula katah kang nandang margiyuh | kawrattan kang sapu-denda | kenging pajeg rupi kalih.
  22. Katah gelaring kawula | kumpul-kumpul ting galubrag ting kacemil | pan wis ilang kemilipun | wit kapidih pranatan | ingkang ngasta pangadilan kwasa ngukum | wis pasrah mring seje bangsa | pan wis makaten kang jangji.
  23. Ing tanah Jawa ketaman | ingkang ngasta nyakra (mang)gilingan (ra)neki | rikala kala jaman rumuhun | swarga eyang paduka | tabe-tabe nJeng Sinuwun Sultan Agung | ketaman pranatanira | Juru-taman kang sayekti.
  24. Puniku pinanggihira | ngantos mbenjing dumugi Nata kaping | sawelas Kangjeng Sinuwun | punika sadaya wrat | pra kawula katah susah manahipun | ananging punika jaman | mung sakedap meh ngengkoki.
  25. Wangsule wahyu Nurbuwah | mulih mulya praja ing tanah Jawi | namung wus pindah kadatun | ing Surakarta risak | apan dadya wana tuwin dados dusun | santun praja ing Ketangga | Nata kalih wlas mandiri.
  26. Pulih gemah sarta harja | tata tentrem suka manahe tyang alit | sirna kang samya laku dur | murah sandang lan pangan | wit wong agung asih mring kawulanipun | gung paring dana tan kendat | murah pajegireng siti.
  27. Sajung pajege satengah | tanpa uba-rampe lan biwit-biwit (?)| sirna ingkang raja pundut | tuwin pra luhur Jawa | pisah nggone saudara lan guprenur | kabeh ingkang bangsa sabrang | samya mulih sirna gusis.

CENTANGAN :

Serat “Kala-tida Piningit” punika anggen kula manggih wonten ing lacinipun redaksi ari warti “Sedya Tama” Ngayogya, kala taun 1930, awor naskah warni-warni ingkang dipun pekir. Wujudipun inggih cekak namung 11 pada sekar Sinan punika.

Dene serat “Weda-tama Piningit” punika anggen kula nurun kangunganipun R. Dibyaharjiya ing Ngayogya, kala taun 1951, seratan latin tik-tikan. Panjenganipun nurun saking pundi, kulo boten nyuwun katrangan, ananging kula saged nginten-inten : asal usulipun saking “Wedda-tama Piningit” aksara Jawi cap-capan. Amargi kala taun ± 1940 kula sampun nate sumerep serat wau ingkang cap-capan kadasaraken wonten sangajengipun Hotel Pasar Pon Surakarta, ananging kula boten nyatitekaken sinten Penerbitipun, kaecap ing pundi, taun pinten ngecapipun.

Serat warni kalih punika wau kula katutaken wonten ing serat “Jangka Ranggawarsitan” amargi wonten ing serat-serat ngriku ugi kasebutaken makaten. Ananging sinten kemawon saged mastani bilih serat-serat wau sanes yasanipun swargi Ranggawarsita. Kirang langkungipun wicalan wanda sekar, ingkang kula sukani tanda, saged dipun awadakane bokmanawi saking lepatipun nurun, ananging miturut pangenyam kula wonten titikanipun makaten :

  1. Pangarangipun dereng kulina ngarang, kacihna wadag wadehing damelanipun.
  2. Pangarangipun boten katah kawruhipun, kacihna anggenipun mastani tiyang Ustentrik : Landi, tuwin gadah panginten bilih Clacap utawi Tlacap (Kt.Pin. pada 9, Wt.Pin. pada 8) wonten redinipun latu. Bokmanawi ingkang dipun kajengaken punika redi Krakatau.
  3. Pun pangarang kirang mangretos kraton Sala, kacihna anggenipun nyebut lan ngrumpaka imbal sabdanipun S.D.I.S. Kangjeng Susuhunan, K.G.P.A.A. Mangkunagara, tuwin R.Ng. Ranggawarsita : boten kantenan.
  4. Pun pangarang gesang salebetipun abad 20 Masehi, kacihna ing Kt.Pin. wonten tembungipun : permisi, model, gipermen (pada 2-6-10); ing Wt.Pin. wonten tembungipun premisi, penyakit, propesor, guprenur (pada 3-14-16-27).

Miturut keterangan kula, sumiyaripun “jangka” punika wau anyarengi sumiyaripun pawartos bilih S.D.I.S. Kangjeng Susuhunan PB X bade daup akaliyan putri dalem S.D.I.S. Kangjeng Sultan HB VII. Pun pangarang ngenta-enta sinten ingkang bade jumeneng PB XI benjing, tuwin ngenta-enta lalampahan manawi pikraman wau saestu kalampahan, ingkang sajakipun pun pangarang boten nyuwaweni. Dene daup dalem PB X akaliyan putri dalem HB VII ingkang lajeng kajumenengaken G.K.R. Emas punika saestu kalaksanan nalika 17 Besar Jimawal 1845 (29-10-‘ 15).

Panginten kula Kt. Pin. punika wedalipun ngrumiyini, lajeng dipun monceraken dening pangarangipun Wt. Pin. mawi kaewahan lan kawewahan miturut sakajengipun piyambak, kados ta :

(1). Kt. Pin. “kali agung” (pada 9) = lepen ageng, ing Wt. Pin. ewah dados “kali Tanggung ranireki” (pada 5) = lepen anama Tanggung.

(2). Kt. Pin. “netra nem ngesti raja” (pada 11) = taun Jawi 1862, ing Wt. Pin. Ewah dados “netra nenem narendra nitih esti” (pada 16) = taun …….(?).

(3). Kt. Pin. Nyariyosaken datengipunsarjana Ustenrik punika kala jamanipun P.B. IX, M.N. IV lan Ranggawarsitan, kala taun Jawi “benjing gusti ngesti nata” (pada 3) = taun ……. (?); sarjana wau ameca panjeblugipun redi Merapi ing taun Jawi “slira catur ngesti ratu” (pada 3) = tahun 1848; ananging manawi miturut wirayat Jawi panjeblugipun ing taun Jawi “netra nem ngesti raja” (pada 3) = taun 1862, pinuju krama dalem P.B. X daup putri Ngayogya. Dene ing Wt. Pin. kacariyosaken bilih datengipun sarjana Ustenrik punika ing taun Jawi “esti catur sabdanireng narpati” (pada 9) = taun 1748, panjeblugipun redi Merapi ing taun Jawi “esti catur asta nata” (pada 9) = taun 1848, manawi miturut wirayat Jawi ing taun Jawi “netra nenem narendra nitih esti” (pada 16) = taun …… (?), ugi wekdal krama dalem P.B. X daup putri Ngayogya. Centangan : Kala taun Jawi 1748 punika dereng jaman P.B. IX, M.N. IV lan Ranggawarsitan, inggih punika jaman P.B. V, M.N. II lan Yasadipura I-II.

(4). Taun Ebe (Be) ingkang kasebut ing Kt. Pin. pada 11 punika sampun terang lepat panuruhipun, leresipun Eje (Je). Dene tembung “kilen praja” (Kt. Pin pada 8 , Wt. Pin pada 13) punika bokmanawi rumiyin mungel “kilen Praga”.

Wusana nyumanggakanen.

@@@

%d bloggers like this: