SULUK DUMUNUNG ING TOYA


Anggitan-dalem Ingkang Sinuhun Kangjeng Susuhunan Pakubuwana kaping IV.

D U R M A

1. Kawruhana banyu telulas prakara, den wruh sawiji-wiji, kang dhingin punika,  banyu batin wastanya,   kang dadi rupa puniki,ping kalihira, banyu layat puniki.

2. Banyu layat kang dadi napas punika, kaping tigane enggih, toya cara rannya, dadi urip kewala, ping sakawan ponang / warih, toya wilayat, dadi swara puniki.

3. Kaping lima toya dat westane ika, dadi pangwasa nenggih, kaping nem punika, mani westaning tirta, kang dadi budi puniki, pipitunira, banyu mukinat wening.

4. Gih puniku kang dadi pangucapira,   kaping wolune nenggih, kang toya maniyat, dadi pangambunira,kaping sanga ponang warih, mandiku rannya, dadi pangrungu iki.

5. Ping sadasa puniku wastaning toya,   manikem ingkang warih, kang dadi paningal, toya kaping sawelas,      iradat westaning warih, kang dadi rasa, kaping rolas winarni.

6. Banyu mursal puniku araning toya, dadi cahya nelahi, malih kang winarna,jangkepe tigawelas, toya matek ingkang nami,  toya punika, dadi kaketek iki.

Kapethik saking Serat suluk jaman karaton-dalem ing surakarta.

Advertisements

WASPADA DADI SUCI


Rokok sudah aku nyalakan, kopi jahe yang panas telah tersedia betapa nikmatnya hari ini. Libur panjang dapat kunikmati dengan membaca dan menyalin naskah-naskah karya sastra yang sudah dilupakan banyak orang, jangankan mengerti bahasanya judul dan bukunya saja banyak yang tidak tahu.

Sudah tiga kali sruputan kopi jahe hingga badanku terasa hangat dan sudah tiga batang rokok sampoerna mild telah kuhisap, demikian juga jari jemariku menekan huruf demi huruf dipapan kybord dan sudah beberapa halaman telah kusalin yaitu naskah Tapel Adam karya Ng. Ranggowarto. Naskah tersebut sudah sangat langka sekali dan tidak mungkin kita jumpai di toko-toko buku, ….. kadang aku heran sendiri,…… kok mau-maunya ya…? menyalinnya….. entahlah aku juga tidak tahu jawabannya!!!!! Barangkali mungkin suatu saat pasti ada gunanya.

Sambil menikmati aroma kapi jahe dan bau asap rokok  anganku jadi teringat pepatah jawa yaitu “Durung gedhe yen durung wani ngaku cilikyang artinya kurang lebih : Manusia hidup di masyarakat hendaknya memiliki sifat rendah hati. Manusia merasa belum besar apabila belum berani menjadi orang kecil. Orang yang berjiwa besar dapat merasakan penderitaan orang lain. Orang besar hendaknya menghargai orang kecil. Para pejabat yang kaya hendaknya mau menyantuni fakir miskin. Pejabat yang mau memperhatikan nasib orang kecil akan disayangi masyarakat. Begitulah kira-kira maksudnya.

Terasa sudah jariku pegal dan linu, mungkin waktunya harus istirahat… sambil minum kapiku yang tinggal separo, kurang lengkap rasanya bila belum mendengankan lagu gending Jawa yaitu Sekar Macapat Waspada dadi suci sinawung ing Sinom, yang menceritakan tentang keadaan dunia bahwa akan banyak orang yang meninggalkan adab sopan santun, hanya mengejar harta benda dan tidak mengindah tatanan serta mengumbar angkara murka. Dalam Sekar macapat tersebut juga mengandung pitutur (nasahat) yang patut kita contoh dan renungkan agar dalam menjalani hidup kita sehari-hari mendapatkan ketenangan dan ketentraman : yaitu kita harus selalu waspada menjaga segala tingkah laku dari pengaruh yang kurang baik, dan jadikan hidup kita berguna untuk sesama.
Andai kita berkuawasa,
Disitulah kita di uji,
Dan apabila kita hidup jadi rakyat,
Disitu juga kita diuji,
Seberapa kuat hatimu,
Getah didalam batang ubi kayu,
Tanah dan air ibaratnya,
Dibutuhkan orang satu negara,
Itu dapat sebagai sarana untuk beramal.

Sumangga dipun sekecakaken sinambi udud lan nyruput kopinipun….. mugya sekar macapat  sinom punika sagetha damel renaning panggalih kita sedaya. nuwun.

S I N O M

Sinom paringane bapa,
warisan tumrap wak mami,
ingsun dadekake jimat,
mangkene unine nguni,
heh thole bagus siwi,
lah mangkene critanipun,
papan iki aran donya,
ingkang pepak kebak isi,
mula angger crita iki rungokna.

Jaman mengko donya bakal,
klakon ramene kepati,
manungsa padha ramonan,
datan eling marang budi,
mburu gesang pribadi,
tatanan tan den paelu,
nggugu mring angkara murka,
marang kanca ‘ra preduli,
gedhor copet maling garong gentayangan.

Nanging sira den elinga,
jaganen nggenira urip,
tindak tanduk solah bawa,
iku kudu ngati-ati,
pangaruh ala kuwi,
luwih lembut luwih alus,
nanging yen sira waspada,
bakal dadi wong kang suci,
ngger putraku dadia wong kang piguna.

Kalamun sira kuwasa,
ing kono sira den uji,
lamun urip dadi rakyat,
ing kono iya den uji,
spira pamone ati,
gegetih munggwing wit pohung,
lemah banyu saupama,
den butuhke wong sanagari,
iku kena kanggo sangu golek ngamal.

Kapethik saka buku Warisan, Geguritan Macapat, karyane Suwardi, weton Balai Pustaka, 1983.
 
Sidoarjo, 15 Mei 2011, 22:30 WIB
Mas Kumitir

SULUK DUMUNG ING MANAH


Anggitan-dalem Ingkang Sinuhun Kangjeng Susuhunan Pakubuwana kaping IV.
ASMARADANA

pada 01

Kawruhana kang sayekti,
kang basa ati punika,
nem prakara sadayane,
kang rumiyin ati pu’at,
miyarsa salirira,
gantilane ing pupusuh,
iku wismaning ngambekan.

pada 02

Ping kalih puniku malih,
ati mujarat kang nama,
ati mujarat tegese,
gantilane jantungira,
pan kinarya wangsulan,
sakeh kang miarsa iku,
ngelingaken lalenira.

pada 03

Ping tiga ati pengasih,
tegese pengasih ika,
dene ta kenyatahane,
gantilane ati abang,
pan kinarya wangsulan,
sakathahe kang ngamuwus,
weruh kang ngabang sadaya.

pada 04

Kaping sakawan puniki,
ati mukabilah rannya,
tegese atine reke,
gantilane ing lilimpa,
pan kinarya wangsulan,
ing ngesemira puniku,
ing kono pinangkanira.

pada 05

Kaping limanipun malih,
ati malam westanira,
tegese atine reke,
gantilane ginjelira,
pan kinarya wangsulan,
sakathahe kang gumuyu,
ing kono pinangkanira.

pada 06

Kaping nem ati nurani,
tegese nurani ika,
gantilan rempelu kiye,
apan kinarya wangsulan ,
sakeh pangawruhira,
miwah sagung pikiripun,
ing kono pinangkan.

Kapethik saking Serat suluk jaman karaton-dalem ing surakarta.

PEMUT WARAH WULANG WELING KGPAA MANGKUNAGORO IV


PEMUT
WARAH WULANG WELING
KGPAA MANGKUNAGORO IV

TUMRAP CANGGAH DALEM
R.Ay. HILMIYAH DARMAWAN PONCOWOLO

LUMANTAR
BAMBANG SUPARMANTO

KAWEDALAKEN : ING SURAKARTA
KEMIS KLIWON, 28 OKTOBER 1993.

PEMUT WARAH WULANG WELING  I

Dhandhanggula

<< 01 >>
Yektine akèh kang angrasa urip,
Unjuk kawruh tan samya pirsa,
Pilih jalma sayektinè,
Yektos ngertos kang satuhu,
Tumrap urip kang den lampahi,
Purwa madya  wasana,
Wecanipun tembung,
Bungah rasa kang ngukara,
Ngawuningi tyang kang karsa ngupadi,
Kawruh para minulya.

<< 02 >>
Mituhu piwulang kang wus jati,
Jati titi tinitah jalma,
Mawas papan ing uripè,
Umbul napsu wus tan wetu,
Wewèka sirna amung bekti,
Tinulad mring para samya,
Sami suka sayuk,
Sinuyudan putra wayah,
Wuwusing atur kapundi aji sami,
Myak angga amung mulya.

<< 03 >>
Mula dèn ngerti tinitah urip,
Urip linantaran biyung bapa,
Pinaring cahya kwasanè,
Kalabetken jroning nur,
Nur winadhahan dados urip,
Uripnya kasandhangan,
Manungsa lan aku,
Akunya pinaringan cipta,
Nalar rasa angen-angen lan pakarti,
Titisa jroning ngrasa.

<< 04 >>
Kawedaring ilmu kang sejati,
Sinandhang uga ing manungsa,
Sifat lan dat sandhanganè,
Rasa rumangsa amèlu,
Panca dria sandang pinaringan,
Pinaton jalma nyata,
Tinitah ing sinung,
Sisipa tembung tan katah,
Kawula amung ngluntur tutur sakdermi,
Sedya drona ing karsa.

<< 05 >>
Ambuka nyata jiwangga jati,
Titi tinulis alam pana,
Sastra samya sanyatanè,
Nètra rasa yèn andulu,
Dumadi piwulang piweling,
Pinda sanak lan mitra,
Asung sih lan dunung,
Titèn titi manungsa kang ngerti ilmi,
Tan sawyah ing sesami.

Sabtu Legi, 4 September 1993.

PEMUT WARAH WULANG WELING  II

Titi yekti tinitah jalmi,
Tinulis titis pra winasis,
Tinatar kadadar ing jagad gumelar,
Tetepa tata laku utama,
Tapa brata dèn kanthi uga,
Tri nugraha ganjarannya,
Nadyan tan kabèh salah sawiji mesthi olèh,
Yèn tan bisa sira turunira,
Wis mesti tampa,
Anyegah sarè anapakakè suksma,
Makolèhi panjang yuswa, leksana, lantip rasa,
Anyegah dhahar anapakakè raga,
Ganjaranè sekti, singgih, sugih,
Suraning kasa unggahna ing suralaya,
Sura wani laya mati,
Titah ingkang wani mati ing laku,
Yekti dados mligi cipta teka kang sinedya,
Yèn ngarah kabegjan kudu mbirat pepènginan,
Pepènginan bisa sirna dènging kawicaksanan,
Kawicaksanan bisa teka kanthi gulang piwulang tama,
Tan ana laku kang ilang muspra,
Tan ana laku kang tanpa godha.

Ahad Pahing, 5 September 1993.

PEMUT WARAH WULANG WELING  III

Ngumbar hardaning suka nglelèna rasa,
Suminggah nedya ing alam maya,
Mapanakè tekad kang tanpa mupakat,
Ngudi raga tan dirasa,
Sami ngunjuk tirta dahana,
Nalar tinilar rena nistha,
Tan pilih kutha punapa Dèsa,
Sami kèrem ing karemenan kang damel lingsem,
Sempoyong karobyong kakèhan omong,
Ompak rupak kapapak datan nyandhak,
Nyata ana kahanan kang dèn rasa,
Sapisan ngunjuk sumriongah katingalipun,
Kaping kalih abyor abrit kahananè,
Katelunè gagar nalar tan ngerti pakarti,
Kapatipun kadya wanara rebut tedha,
Teteping lima sura wani kang dèn rasa,
Sad ing ukara kakèhan wewèka tanpa guna,
Sapta nyata kadya kukila kakèhan swara.

Astha ngerti ing tata krama,
Munggahing sanga awak lungkrah sirna daya,
Dadining dasa buta buta mati mung nggegulani,
Nilar sami ing pakarti utami,
Minger saka wewaler kang bener,
Nerak sarak sisip tumindak,
Dahana murub jroning rasa,
Sipat jalma wus tan ana,
Ananing drubeksa lan sato wana,
Waliking jaman wus saya krasa,
Saya angèl amilah jalma lan sato wana,
Wawur kacampur wuwuh kampyuh wus tan weruh,
Wedya ing nistha lelana ing karsa,
Sanadyan tan rena nanging taksih manungsa,
Mangerti lan sinung ing cipta rasa lan karsa,
Sumangga samya nengga ing karsa.

Senen Pon, 6 September 1993.

PEMUT WARAH WULANG WELING  IV

P a n g k u r

<< 01 >>
Sedya nya sowan ing ngarsa,
Nglelèna raga ngliyep nètra sinambi,
Mbikak rasa ngrakit tembung, temenè tan prayoga,
Praptakna rasabika myang kang ma luhur,
Longgarna rasa lan nalar,
Aja nilar tata krami.

<< 02 >>
Milanè yèn dèn upama,
Paringè sandhang tedhi ja disambi,
Bibar samya dados bingung,
Ngungkit anggit tan trima,
Mangertiya kabèh tan kena dèn singkur,
Datan bèda sèba raja,
Yekti tan nilar pakarti.

<< 03 >>
Tetep angga ing bawana,
Anyipta raga ngilangakè panganggit,
Anggonè rasa mung hayu,
Unggul ing tata napas,
Pasrah sumarah kanthi tutur kang turut,
Tumandhuk kang Maha Mulya,
Yektènana jroning ati.

Senen Pon, 6 September 1993.

PEMUT WARAH WULANG WELING  V

A s m a r a d a n a

<< 01 >>
Ěwuhnya jaman puniki,
Kusem tilar kesaènan,
Krasa lingsem tindak saè,
Suka samya tindak nistha,
Amung lumban ing sukan,
Sukèng manah yèn aweruh,
Abyoring donya ing warna.

<< 02 >>
Wadon wus tan duwè wadi,
Wanita nilar susila,
Lali marang kwajibanè,
Kuwawa pamèr sarira,
Rinengga lan rinagatan,
Tanduk manis pipi alus,
Antuksuka nadyan nistha.

<< 03 >>
Tandukè pra priya sami,
Minger saking paugeran,
Andhedher daredah wosè,
Wuwusè mung nedya èca,
Corak caruk ing cara,
Clathu tan kena dirungu,
Rusak rasa nilar tata.

<< 04 >>
Tuwa tuwuh datan tuwi,
Tuna rasa nilar rena,
Namung ana ing rasanè,
Nedya amung tetep mudha,
Mobah ngowah sarira,
Rerakit jatu lan jamu,
Mulat wayah wus sejinah.

<< 05 >>
Samangkè den sami uning,
Ningali kahanan praja,
Pranatanè sampun sae,
Ěmanè para nayaka,
Kasisip ing tumindhak,
Tumut tutut katut kènyut,
Kèlu samya mètung kala.

<< 06 >>
Kalanganè dèn lilani,
Nilar arta adu begja,
Bujènng lèlè antuk sèntè,
Sarat nèkat dadi bejat,
Jinawil garwa suta,
Sudi mantuk karo ngamuk,
Ngrasuk upas ngajab tiwas.

<< 07 >>
Ěwuh aya jroning ati,
Tumut ombyah Wedi gupak,
Kukuh dhèwè kasingkirè,
Nyingkur jaman ora mangan,
Nut mangsa wedi kala,
Lumuh lali luwè luwung,
Unggul rasa tetep tata.

<< 08 >>
……………………………..
Lurahè luru larah,
Lirang larang dèn larungi,
Carikè cecorèngan cerak carang,
Corak caruk nedya curang,
Bayanè boyong bèya,
Bayayakan weruh baya bayu buyar.

Rabu Kliwon, 8 September 1993.

PEMUT WARAH WULANG WELING  VI

Sedyaningsun tan mangkur,
Nanging makarya,
A ing aksara panca pancer kanggo ngrasa,
Krasda ing pancadriya ngerti kang sinedya,
Suku tan kanggo mlaku,
Nanging suka ing karana,
KU dudu kuwasa,
Nanging KA ananing karsa,
Sayekti sinisip sandi aksara :

“Rasa utamanira sarana amanis tata”
“Rasa
narima sangu ati tama”
Datan nèndra nètra melèk golèkana.

Rebo Kliwon, 8 September 1994.

PEMUT WARAH WULANG WELING  VII

JAWA NYATA KATATA ANA ANGGA,
WANGUNING PIWULANG KANG DÈN GULANG,
JIWANGGA TATA JRONING RASA,
NARIMA ANA ING T ÈKAD NULAD ING PIWULANG,
WAJIB YEKTI TINITAH JAWI,
AMEPER KRIDAWA DENING PAKARTI KANG KEBAK,
NATA RASA NISITA SIRNA ING JALMI,
KANG NGERTI WERDI (NISITA, NISTHA…?),
RASUKNA DRIYA DIM ÈN PANA,
SANGU ÈLING WENING YEKT ÈNANA,
WIBAWA SANYATA ANA RAGA,
NAWUR KARYA NGILANGNA WUWUS,
DINADAR RENCANA KAPALANG RUB ÈDA IKU MESTHI,
ING TEKAD DISANTOSA PUGUH ING TATA,
WERUH YEKTI TAN GAMPIL JALMI TINITAH,
DIANGGEP ING WAJIB DIMÈN DADI YEKTI JALMI.

Cathetan :
Sandi aksara lampah mangandap.
Kiwa : JAWA JINARWA ANA RASA WINADI ING WERDI.

Sandi aksara lampah mangandap.

Tengen :
ANGGA GULANG RASA PIWULANG JAWI
KEBAK WERDI PANA ANA RAGA WUS MESTHI
TATA TINITAH JALMI.

Setu Pon, 11 September 1993.

PEMUT WARAH WULANG WELING  VIII

P a n g k u r

## 01 ##
Yèn wus samekta ing tekad,
Temen gulang kawruh kang dèn tampi,
Tindakna ing wayah èsuk,
Suku sila katata,
Tinarika napas krana lon lumebu,
Lerem jaja sawetara,
Wedalnya kanthi lon titi.

## 02 ##
Tetep tata laku napas,
Nilar wedal sak tabuh kanggo nggladhi,
Ngajab manggih daya luhup,
Lumebet jroning angga,
Gawa segering pana ing kalbu,
Kanthi patrap kang tumata,
Tamtu manggih daya luwih.

## 03 ##
Luwar saka padhang surya,
Surup wedalipun kanggè nggladhi,
Anggulang karna king tembung,
Titrisa saking swara,
Srana milih swara siji kang dèn rungu,
Rungokna kang kanthi cetha,
Cepet nora tamtu tampi.

## 04 ##
Tan nilak kang Ma Kawasa,
Satuhu netepi ing pamuji,
Jinarwa werdining kawruh,
Karana sedya tama,
Makarti pakarti saking pra luhur,
Huripè kanggo tuladha,
Tumandukè sarwa tami.

Setu Kliwon, 18 September 1993.

PEMUT WARAH WULANG WELING IX

Tundhonè tandhon katandukan tindak titi,
Titinè pamawas kanthi tetep titi tata napas,
Ngolah ngelih bakal luwih,
Ngolah ngalih tan pinanggih,
Ngelih ngalih tan pinilih,
Ngalih ngolah ngelih pinanggih pinilih luwih.

Selasa Pon, 22 September 1993.

PEMUT WARAH WULANG WELING X

Rasa nyata tinarbuka,
Nalar mekar kababar,
Yè ta weruh durung jumbuh,
Yèn ta ngerti kurang tiniti,
Katon amung durung maton,
Makarti ing pakarti kudu titi ing werdi,
Weruha kang sanyata,
Tinemunè jodho tibanè pati tekanè rejeki,
Rinegem ing werdi kasimpen ing wadi,
Disedyaa yèn ana amung gaduk tuna,
Tan disedya yèn teka tan kurang marga,
Caranè jalmi amung ana ing pambudi,
Panampaning rejeki kang dèn tampi,
Tan njalari rasaning nistha angga,
Angrasaa nistha yèn murih pamrih ing karsa,
Karana dudu talang kang aparing tirta,
Ananging mendhung gegana kang tumiba,
Tumimbal bali wus pinesti,
Tibaning udan yekti warata,
Amung pambudi, pangruti,
Panampi kan tan sami,
Mila tumatane titah tan sami ing tatanan,
Tetepa puguh gulang kaweruh,
Kanthi sithik mletik dadi mèlik,
Mèlu tuhu tamtu hayu,
Yekti akèh wadi kang tan kawedènan,
Kuwasanè manungsa kadya,
Tètèsing tirta ing samodra kang tanpa wates,
Waspaning nètra nora kanggo ngrasa nistha,
Nanging waspaning batin kanggo,
Landhesing prihatin,
Titia tata ing tatanan tama,
Makartia ing pakarti kang aji.

Rebo Wage, 23 September 1993.

PEMUT WARAH WULANG WELING XI

Dhandhanggula

## 01 ##
Pratelanè anampi ing gisik,
Ginanjar kaweruh mring Jeng Sunan,
Sumurupa ing welingè,
Werdinèbaital makmur,
Mungguh kang dèn waler mung siji,
Ja padha dhahar otak,
Otak amung semu,
Satemenè kang dèn karsa,
Karengkuha pikir ja tilar utami,
Mikira kang utama.

## 02 ##
Otak nggonè paremenan yekti,
Tuhu nglimputi mosik lan mobah,
Bawa rasa mring nètranè,
Èndah nyata kang dinulu,
Lèsang yèn ngucap kang utami,
Mireng tama ing karna,
Katitia ing ambu,
Ambuwang ganda kang ala,
Lamun pakarti ki sami dèn lampahi,
Linuput king rubèda.

## 03 ##
Rumasuk rasa titi ing werdi,
Wedharipun baital muharam,
Anyirik iwak jrohanè,
Jrohan kang satuhu dudu, dat nya sewakanè ing ati,
Ati anglimputi rasa,
Sedya cipta iku,
Kuwat ngrasa kang prayoga,
Gawè sedya kang migunani sasami,
Samya nyipta kang tama.

## 04 ##
Manèh wewalerè Sunan Kali,
Kasirika ulam pelanangan,
Papan pasucen wedharè,
Werdine ingkang satuhu,
Huriping sahwat kang samesthi,
Tan ngumbar harda suka,
Sukèng murih hayu,
Yekti ngajèni wanita,
Tetepè baitul mukadas ing uni,
Nedya tata tinitah.

Senen Wage 27 September 1993.

PEMUT WARAH WULANG WELING XII

P a n g k u r

@@ 01 @@
Wruhanira kang sanyata,
Nyata kawruh kan dèn esti pra Wali,
Walaka sami ing tembung,
Mbabar lampahing nyawa,
Nyawijèkna ing karti ngerti ing tuduh,
Turut tan susup ing lampah,
Lamun bali mring Hyang Widi.

@@ 02 @@
Wijang mring sapta,
Sarta mangerti marang pitung kori,
Rinegema alam pitu,
Tumanduk dèn prayitna,
Pratitisa samekta tata ing laku,
Lali lampah dalan lana,
Namung rubèda wus mesti.

@@ 03 @@
Titi uning ing kawitan,
Wiwitanè saka pagelangan sikil,
Suminggah rasanè bayu,
Ya king lawang mukadas,
Muntakir segara nasir alamipun,
Lampahnya sareng ing napas,
Napak sami ing alam dwi.

@@ 04 @@
Dwi alam nggon lawang upas,
Pasebanè nyawa ing alam assin,
Ananing ing jejengku,
Segaranè istigrak,
Tinilarè alam dwi minggah mandhuwur,
Mandeg ing alam katiga,
Titisa amanggih kori.

@@ 05 @@
Kang aranè kori lepas,
Lenggahnya ana kebokongè jalmi,
Miderè ing alam nasut,
Sumiyak ing lelayar,
Layar budi angin napas anempuh,
Nempuh segara istikna,
Ati minangka kemudi.

@@ 06 @@
Dèn tilar alam katiga,
Karsa minggah maring alam kang inggil,
Ing arannya alam lahut,
Lawang kang kaping kapat,
Kapratèlanè arasi namanipun,
Puser dados palereman,
Maripat segara yekti.

@@ 07 @@
Lakunè nyawa ing telak,
Temenè segara pana kaksi,
Kantia titi ing laku,
Lawang arih kang ana,
Alamè arwah kang kaambah satuhu,
Satemah tataa nyawa,
Nyawijèkaken ing widi.

@@ 08 @@
Wis nèng alam palindungan,
Papanè nyawa ing segara tokhid,
Teteping baital makmur,
Munggah nyawa kaping sat,
Satemenè kori jumirah dèn dulu,
Luhurna jatining rasa,
Satemah ngerti ing werdi.

@@ 09 @@
Wekasè kori pamungkas,
Panggonan kaluhuran kang sejati,
Juminten kori kapitu,
Kaca segaranya,
Nyawa nilar raga suwan ing pangayun,
Panggiha kang murbèng gesang,
Gelaring urip wus titi.

@@ 10 @@
Titisa gulang piwulang,
Pamelengna rasa ngertya weling,
Wedaring werdi kang tuhu,
Ngupaya marganing nyawa,
Wajib pada mangertèni nadyan durung,
Dumadi pati wus nyata,
Tan bingung yèn tinimbali.

Jum’at Pon, 1 Oktober 1993.

PEMUT WARAH WULANG WELING XIII

Rasukè rasukan agawè rasa risi,
Rusakè rasa agawè rusek lan rusuh,
Kusemè karsa yèn kèrem ing karemenan,
Karegema karsa rinasukan rasa,
Rasa resik karsa utama dadi prayoganing karya,
Rena ing karya aja lena ing rasa,
Kukuh pangrengkuh puguh panggayuh,
Kuat ing tèkad agung mupangat.

Minggu Kliwon, 3 Oktober 1993.

PEMUT WARAH WULANG WELING XIV

UKARANÈ WUS KATATA ING CARA,
CARIKANÈ CETA CINARUK ING CARITA,
TETEPING TÈKAD AGAWÈ MUPANGAT,
NGADI KARYA KANG ADI GUNA,
GULANG PIWULANG GELUNG ING MENDHUNG,
MENDHEM NISTHA NANDUR UTAMA,
TEMÈNGÈ BUDAYA BÈNTÈNGÈ PRAJA,
PRAYOGA MÈLU NETEPI DARMA,
MANGERTI KARTI TINITAH JALMI,
JUMBUH ING KAWRUH JEMBAR ING PAMAWAS,
PANEDYA UTAMA TAN LUPUT RUBÈDA,
AMBÈDANG AMBENDUNG ANGRIBETI,
TINILAR UJAR KAWUWUS ING KUKUS,
KUWATA LAMUN ANAMPI IKI,
KIYASING SAMI WOLAK WALIKING DHUWIT,
DUNUNGÈ PADA DAPURÈ BÈDA.

BÈDA ANGGONÈ PADA ENGGONÈ,
ENGGIH UNIKA PAKARTI ALA LAN BECIK,
BEBASAN ANA SEDYA BECIK ING KONO,
SEDYA ALA TEKA,
TETEPA  TITI TATA ING RASA,
SATUHU NIAT AKANTI TEKAD,
TEPAKNA LANGKAH JRONING JUMANGKAH,
JURANG JERO SINAPU MARUTA,
AJA WEDI SWARA KANG TANPA WERDI,
WERUHA SAYEKTINÈ DRANA,
NADYAN TANPA ARTA BISA UGA,
GAGAHING RAGA GIGITING ANGGIT UKARA TAMA,
TUTURING TUTUK DADI SARANA,
SAMEKTAKNA GELAR AMBABAR AJAR,
JARWANÈ JAWA JINARWA NYATA,
NYATA JALMA WERUH ING RASA,
RASA KUAT AGUNG MUPANGAT.

Jumuwah Kliwon, 8 Oktober 1993.

PEMUT WARAH WULANG WELING XV

Mular mulur maleri wewaler,
Lirak lirik nglarik mèlik,
Mulat melat malati welat,
Weruh masuh nedya ngisruh,
Nginang tan abang golèk menang,
Weruh werdi kanggo jati,
Aji ajag ajangè aju,
Julung pulung amung nimbrung,
Nimbrung gowang menthang wenang,
Weruh alur ngluru larah,
Nglarabsawab dasar musabab,
Babar bubur mblabar aju.

Ajèr rasa tan kuwasa,
Kuwatnya kawelat ing walat,
Warana wewèka winenga wangkin,
Wangkè tali tinilar sami,
Samya metuk titinè kethuk,
Kalantur atur mingkur tutur,
Tumenga luhur rumangsa nandur,
Nanding mitra nyanding rasa,
Rasa mèlik malah kuwalik.

Akad Pahing, 10 Oktober 1993.

PEMUT WARAH WULANG WELING XVI

Telas tales tilar tilas,
Tilas talang tilar teles,
Telung taler tolèh talang,
Tumalung tulung tiling taling,
Tulus taler tinulung teleng,
Taler telu tolèh tilas,
Tilas teles tilar talu,
Tilap talup tolak talak,
Tumalung tulus tinulung tilas.

Jumuwah Pahing, 15 Oktober 1993.

PEMUT WARAH WULANG WELING XVII

Yèn dirasa wus mesthi krasa,
Yèn diteliti wus mesthi ngerti,
Yèn dinalar wus tan samar,
Sayektinè iku ora wigati,
Gatèjna apa kang dèn tampa,
Tan guna ngrasa kang ngukara,
Karana ukaranè kang kudu dèn rasa,
Sandyan sudra kang ngukara,
Yèn ta utama luwih aji,
Atimbang sabda raja kang murah tata,
Tetepa tata olah ing rasa,
Satemah mahanani jiwangganira,
Awasing rasa sayekti ngungkuli sèwu nètra,
Tyang wuta tan klèru neda,
Lakuning asta tan bakal mlebu ing grana,
Nadyan nètra ora ana,
Awasing rasa kanggo sarana,
Aja kagubel ing anggit,
Mundhak karèka ing sanggit.

Sangunè olah rasa kanthi meneping driya,
Lugu lugas lega lan legawa,
Wani lugas lega lan legawa,
Wani wawuh jumbuh bakal tuwuh.

Senen Kliwon, 18 Oktober 1993.

PEMUT WARAH WULANG WELING XVIII

P a n g k u r

@@ 01 @@
Kawuwus wawas ing lampah,
Lamus wus laku kwata nandang coba,
Bisanè pikantuk unggul,
Uger ngerti ing tata,
Tatananè uwis tinata ing atur,
Katutur dèn èlinga,
Enepna sajroning batin.

@@ 02 @@
Kang kawitan rasa pasrah,
Srawung ing batin tan tilar ing wajib,
Wajib sedya ati luhung,
Lubèr ing pangapura,
Becik ing sami titah pinangka rabuk,
Rasa rena ragem ing tyang,
Tan ngrasa rumansa becik.

@@ 03 @@
Rumangsa luput lan nistha,
Dimèn pinaringan gung pangaksami,
Panelangsa kang dèn langkung,
Longgarna rasanira,
Rasa ngrangsang kabuwang kanti manungku,
Mawas awas jroning karya,
Karegem rena dènling.

@@ 04 @@
Èling marang kang kawasa,
Geniara dadi laku,
Kuat ngrungu ing swara,
Banyuara nadyan anut datan katut,
Kapendem beciking nala,
Lakuning ngluwat wus mesti.

@@ 05 @@
Sagaduking rasa nampa,
Patrapna ing laku mesti ndayani,
Nilara rasaning ragu,
Nggugaha kasantosan,
Sanitiyasa pinrihatin nilar nafsu,
Neter santosaning rasa,
Satria jiwangga dadi.

Senen Kliwon, 18 Oktober 1993.

PEMUT WARAH WULANG WELING XIX

KADUK KENDEL KUDHUNG KADANG,
KADANG KONDHANG KEDHUNG KIDUNG,
KIDUNG KANDUT KENDIL KANDHI,
KEDAL KANDHI KENDIH KENDHI,
KADHUNG KORDA KENDIT KENDHANG,
KEDHUK KADHUK KADEK KADANG,
KADYA KONDHANG KENDHANG KADANG,
KEDAL KUDHUNG KENDHIT KANDHI,
KANDEL KANDHI KADHUNG KONDHANG,
KANDHI KENDIH KIDUNG KENDHANG,
TEPUNG TAPA TAMPI TAPAK,
TEPIS TAPIH TANPA TUMPAL,
TUMPENG TUMPUK TEPIS TUMPES,
TAMI TEPUNG TEPAK TEPA,
TEPAK TAMI TAMPI TEPUNG,
TAPEL TAMI TEPAK TUMPENG,
KENDEL KANDEL KANDHI TEPIS TAPAK TAPA.

Rebo Pahing, 20 Oktober 1993, Jam 24.00.

PEMUT WARAH WULANG WELING XX

Kemul kamulyan karimuk kamuktèn,
Karegem karemenan nala tan lana,
Nalisir nalusur pakarti kang sasar,
Uripè amung ngalap ing karopyan,
Karopyak ing ompak,
Karenan kang gawa lèna lan nistha,
Tangèh bisa mangrèh mangun yuwana praja,
Jaja tan jajag, jejeg tan ajeg,
Nolèh nedya olèh mantuk nedya antuk,
Antepè yèn antuk pengarep,
Ngrakit wuwu dimèn kawuwuhan,
Wuwusè tan waton amung waton wuwus,
Wawasè amung kebak ampas,
Ambegè kadya ambeng tumpeng,
Tumpak tapak tepis tapih,
Tepung durung tepak turas.

Tuwuh tawas tiwas tinitah,
Titipan sayekti kang dèn sandhang,
Sandhungè yèn ta hangrasa duwèni,
Wuwuh luluh hangengkoki,
Handela mring jiwangga nira,
Beja tinitah turasing luhung,
Urip ngaup ing wibawa kagawa prabawa luhung,
Unggahna rasa aja ngrasa yèn luhur,
Lamun durung bisa napak lan nepakè kaluhuran,
Hurip satuhu tan undur,
Uninga aja nyawang  gumilange luhur,
Luluha ing pitakon mring pribadi,
Sapa lan apa kang wus dèn karya,
Kala tan kikis ing mangsa.,
Mangsa mangsanè kala,
Kala mangsa bisa ana.

Ahad Legi, 24 Oktober 1993.

PEMUT WARAH WULANG WELING XXI

P a n g k u r

^^ 01 ^^
Èwuh luluh yèn dèn rasa,
Rasukaning tutur katutur wayah siwi,
Suwung rasa jroning kalbu,
Karana rebut rena,
Karèka paèka nistha kang dèn dulu,
Luhurè satriya sirna,
Nalisir tapaking aji.

^^ 02 ^^
Jinarwa wus kaukara,
Krana welas kena walating Widi,
Wengkana korining kalbu,
Lumebu wulang tama,
Tumama maring angga kang arsa ngrungu,
Ngupaya raharja angga,
Anggonen piguna yekti.

^^ 03 ^^
Dermaning darma wus nyata,
Nyawiskè angga anggelung drubeksi,
Dredah sami rebut luhung,
Lubèr donya ing karsa,
Sakmurwatnya nedya tentreming prajamu,
Jer sira amung sarana,
Netepi darmaning jalmi.

^^ 04 ^^
Miyarsakna kang sanyata,
Nyata katata lan singsid widi,
Wedal wedal wus winantu,
Wijangè tan kagrayang,
Kantia tetep tata ing wulang luhur,
Uripira nguripana,
Anapak turasing aji.

Senen Pahing, 25 Oktober 1993, Jam 13.30.

WARAH WULANG WELING KGPAA MANGKUNAGORO IV


SULUK BAYAN MAOT


Anggitan-dalem Ingkang Sinuhun Kangjeng Susuhan Pakubuwana kaping III.

Sekar Megatruh : 8 / pada

Dema awas amengku kraton linuhung
ing nguni kitab pethik
Bayan Maot kang winuwus
wewarahe  bener becek
carita samya ning Maot.

Manlasara ngilman mut abadanipun
tegese  wong kang tan dadi
ya ngilmune uwong ngiku
mati donya prapteng ngakir
iku samya den waspados.

Anak putu ati-atinen den-matuh
temen tumana becik
carita manut Jeng Rasul
elinga sajroning batin
tutumanen eling manggon.

Manggonena yaman sara ngilman lamut
kaya na badan tegesing
wong kang dadi ngilmunipun
urip donya prapteng ngakir
ngalih gon boyong karaton.

Lapal wa mandaka lapil mut pajismun
suma sipatu rabuning
wong manjing ing pati iku
sirna ilang ingkang jisin
mulih sipat ing Hyang Manon.

Eh ta anak putu ing ko/no gon ewuh
ewuh tumpang soning ngati
yen tiba soning  ngati
yen tiba sor dadi luput
pantaka ing donya ngakir
iku wong kulineng ngasor.

Barang karya ati-atinen ing kalbu
den-awas lawan kang werit
ing tindak kalawan tanduk
duga prayoga lat liring
kitarsa waspadeng batos.

Yen wus weruh antep lan panarimeku
iku utamaning ngurip
elinga aluran luhur
ing nguni Jeng Duta Nabi
manut Jeng Rasul kinaot.

Kapethik saking  Serat Suluk Jaman Karaton Dalem ing Surakarta.

DAWUH DALEM KGPAA MANGKUNAGORO IV


KGPAA MANGKUNAGORO IV
Surakarta, Akad Legi, 3 Maret 1811
(Jum’at Pahing, 2 September 1881).

R. Ay. HILMIYAH DARMAWAN PONCOWOLO
Tawangmangu, Karanganyar
Senin Pahing, 30 Juni 1941
Sekretaris Rekso Budoyo
Istana Mangkunagaran, Surakarta.

BAMBANG SUPARMANTO
Surakarta, Senin Pahing, 29 Maret 1954.

Dawuh I

Titi temen iku witing tinemu,
Nanging tinemu iku ora gampang,
Karananè apepikul tanduk,
Tandya tanggap lan tanggon.

Mulat mulet mangertiya,
Ing pakarti utami,
Samun suwunging rejeki,
Ngedhohna sabarang pakarti kang cidra,
Dimèn ora kanyut-kenyut,
Handadra dadi rubèda.

Kamis Pahing, 22 Juli 1993.

Dawuh II

Ngribeti rekasanè nerang anerak sarak,
Rembugè andaliga,
Mawali prawali,
Winalon kurang walaka.

Setu Wage, 24 Juli 1943.

Dawuh III

Tinulis tatananè wus tinata,
Tinular ujar kababar lan kawedhar,
Sinung èman amalikè jaman,
Raja tan bèda sèla,
Ratu watu sasamiya.

Raja tama tinuladha,
Sèla aji rinukti,
Ratu tinutuhu,
Watu tinatu,
Antepa ing karya,
Darma dadi tapanira.

Aja wedi ing karya tami,
Nadyang bilah satrunira,
Ing tèkad dipun santosa,
Aja ngrasani pati,
Pan tan wenang sira ngrasani,
Kersaning Hyang Widhi.

Yèn wus tibaning pasthi,
Nora pilih marga lan karana,
Kala mati ing wisma,
Kala sirna ing laga,
Becik mati kang utama,
Sumbaga dadi ngamalè trahira,
Ěstu jaya sadaya samya raharja.

Selasa Pahing, 27 Mei 1993.

Dawuh IV

Tepa tepas tan bakal titi,
Luwè luwar saka luweng sedyanira,
Angga gawa gawè iku wus utami,
Gawè gawa gawat iku maksiyat.

Sega sagolong,
Gabah satampah,
Kamamah ora bakal turah,
Ěman dènnya  snilsr nalar,
Nalurèkna nala,
Nalangsakna jiwa,
Tata laku wis linakonan,
Agung ruginya yènta bali,
Ambablas tiwas yènta nyangking upas,
Gurung garing ginarang ngorong,
Luwè lawet lawè lali wulang luhung,
Ěling dèn èling,
Awas lan mawas,
Lungguhnya,
Longgarna,
Nglengganakna nalarira.

Kamis Wage, 29 Juli 1993.

Dawuh V

Wengkonè wis kawikan,
Nambak, nambeng ning nampani,
Ditya kala kang dèn rasa,
Ngupasi, ngapesi lan ngapusi,
Katawur kuwur kurdanya,
Uwas samar,
Samat angrasa,
Nyingkur utama,
Bandha donya kang dèn sedya.

Warangka yen winarangan,
Wirang wragadipun,
Datan suluk kang  kantuk,
Malah sulak ing akathah,
Lir sampir sinampir ing sampur,
Nglemprek nglempara guwaya sirna.

Setu Legi, 31 Juli 1993.

Dawuh VI

Wikanana werdining ilmi,
Wijang tan winulang bisa tana tuladha,
Wengkonè wadi wis winenga,
Nengga angga kang santosa.

Puger puguh anggulang,
anggelung kawruh,
Yènta wis mangerti aja kusung makarti,
Teliti setiti ngati-ati,
Iku kang kudu dèn kanthi.

Awit makarti ing pakarti,
Tan rena yèn dirasa,
Tabah, tabuh, tambal winadalan,
Amung jalma kang awatak satriya,
Santosa ing karsa,
Ngeningakè maligining cipta,
Lepas pangèksi,
Datan samar pamoing parasedyanira.

Sangkanè siku,
Yènta manungsa rumangsa bisa,
Bisa rumangsa iku utamaning laku,
Rasa dèn rasuken nala rasukanè,
Rasa rinasukan driya,
Rumangsa kahananè.

Aja kemba yèn tiba,
Aja mundur yèn kebentur,
Tiba akarana dosa lan coba,
Padha uwitè sèda awohè,
Sinung sunu pinulang mlaku,
Yènta wedi tatu,
Tan bakal lumayu.

Telengè tales tinulung pulung,
Tanpa aling-aling,
Lumunturè pakarti luhur,
Datan gawè kuwur ing catur,
Wuwus wawas kang lagi kinupas,
Waspada ing karsa,
Nupiksi ing ngèlmi.

Setu Legi, 31 Juli 1993.

Dawuh VII

Nupiksia marang tuladha utami,
Sang Adipati limalas warsi mesu budi,
Mlebu wana andon yuda,
Yudaning raga.

Sarta yudaning rasa,
Raga rusak tan dèn rasa,
Amung sedya maligining karsa,
Sedya utama mbangun praja,
Mukti wibawa sawadyanira,
Putra wayah sami sumrambah.

Yènta jaman puniki,
Sang Adipati kadya cendhana wangi,
Nadyan cendhana wus sirna,
Ambetè tksih kalebet,
Mula dèn uninga,
Aja ngrasa hangengkoki,
Hangrasaa mèlu nempil mulya,
Kasembet ambet kang wus kalebet.

Pamoring curiga anggawa daya,
Pamèring donya anggawa nistha,
Pepering angkara kang kudu dèn sedya,
Bener lan pener aminger yèn dèn uber,
Amalik kuwalik,
Ora gedhè ora cilik,
Akèh kang wus padha sirik.

Bener ora pesthi yèn pener,
Salah akèh sing pada kaprah,
Anapakna raga dimèn waskitha,
Pangekesing pancadriya agawè uwal ing angkara.

Jumuwah Pahing, 8 Agustus 1993.

Dawuh VIII

Paranpara pirang-pirang paraganè,
Pira-pira paring pepèrangan,
Purun paring yènta pinaringan,
Rasa rusak anilar nalar,
Nalar nalisir ing utami.

Tamèng tambeng kang dèn gebeng,
Bengkung mlengkung ora tepung,
Tepak jalak ora gupak.
Pakarti aji wis tinilar sami,
Minger saka waler kang bener,
Makarti aji datan diudi,
Tata cara amung ukara.

Rasakna yèn rumangsa sinatriya,
Aja bungkem asta kagegem,
Gempilè praja kewajibanira,
Aja suwala ing karya,
Aja sèlak ing tumindak.
Pudhak pungkur bisa kaukur,
Pendhok curiga bisa karèka,
Karengkuh ing pakarti tami.

Mirengna panjeriting rasa,
Sunu lara tan ana tamba,
Bandha lunga kapaèka,
Kacampur awur tan bisa diatur.

Turasing luhur dalah turasing sudra,
Dranakna kasisanira,
Aja mèlik nugraha kang tinampa,
Pancènè iku kuwajibanira,
Netepi darma jejeging praja.

Jumuwah Pahing, 6 Agustus 1993.

Dawuh IX

Angudang kadang katantang,
Tinudhing nyandhing kantandhing,
Rasa ruse racik rinucik,
Rèwang rowa rawit rinawè,
Sarèh sumèlèh sura ing rasa.

Galerè galar tan mesthi galur,
Galurè galar wis mesthi galer,
Gulang piwulang dimèn wijang,
Gelar kawedhar dhatan samar,
Gelung kidung tansah manekung.

Dumadi wis pinasthi,
Kangèlan lan kèlangan iku sandhangan,
Kekurangan pinangka wewayangan,
Budi daya datan tinilar,
Raharjaning angga dèn upaya,
Manungku puja,
Angèsthi tentreming driya.

Setu Pon, 7 Agustus 1993.

Dawuh X

Tetepa titi ing tatanan,
Taberi makarti tepa ing tuladha,
Tularna samya mandhap ing kawula,
Kawuryanira nggawa kuncaraning praja,
Praptèng manca wus mesthi teka,
Tèkadna sabarang pakarti utami,
Utamakna raharjaning praja,
Pradhaha jaja ing sabarang ukara,
Ukirna salebeting nala,
Nalarna kanthi meneping rasa.

Rumangsa kuwasa datan utama,
Ubalè hawa balèkna ing karsa,
Karana sira mung sarana,
Andhedhera wewaler kang bener,
Anandura pakarti kang luhur,
Rinukti klawan nastiti,
Rinabuk piwulang Jawi,
Wikanana sajatining Jawa.

Waja salebeting rasa,
Santosa ing karsa,
Kuwat ing tèkad,
Kawuwung yèn tan ngerti.

Tinularna mring para mudha,
Dahat sami anupiksi,
Sigra sigrak amemiyak,
Kawruh Jawa kang adiguna,
Nadyan rasa durung kuwawa,
Warinna samurwatira.
Randhu kèntir tan susup ing banyu,
Nyucèkna jiwangganira,
Rakiten busananing jurit,
Junjungen warastra budaya.

Budi kang luhur,
Daya kang santosa,
Samektakna tamèngè rasa,
Antepa ing karsa dadi bètèngè praja.

Jawa jinawat datan pegat,
Gatining cipta,
Gatining rasa,
Gatining karsa,
Sejatining caraka kang nyata.

Senen Kliwon, 9 Agustus 1993.

Dawuh XI

Angga anggadhang nugraha,
Amung gela kang dèn tampa,
Pana sajatining kang kawasa,
Saka mosiking nala,
Lamun sira durung priksa,
Satuhunè kang dèn sedya,
Aja ngukara ing pepènginan,
Nanging panalangsa kang dèn rasa.

Tukunè ilmu karana laku,
Lakunè ngèlmu wis mesthi tatu,
Tatunè titi yèn tinitihan.

Selasa Legi, 10 Agustus 1993.

Dawuh XII

Wira wiri waraganè golèk wuruk,
Wara-wara andum warih wewirèngan,
Waranggana warung wirang kawirangan,
Weruh-weruh pra wira pasang warang.

Kayu turu tumelung tirta,
Lèmèk raga siniram toya,
Krenteg tama gawa begja,
Tandhuk tama antuk nugraha.

Tlaga jembar tepis praja,
Mbarawa dèsa dèn uninga,
Weninga sira dalem sadina,
Sabarang dadi kang cinipta.

Dhayoh wengi nggawa graji,
Nedya teka golèk lèna,
Ělinga sira dalem sadina,
Sabarang ana kang sinedya.

Suka samya ing ukara,
Gancaranè panganggitè,
Temena sira ing salawasè,
Nugraha gedhè kang diparingakè.

Rebo Pahing, 11 Agustus 1993.

Dawuh XIII

Makarya iku sejatinè darma,
Memayu raharjaning warga,
Gawè renanè suta,
Tinabekti ing rabi,
Bisa linulutan ing mitra,
Rasakna sihing palimarma,
Makarya amung minangka srana,
Aja mètung akèh lan sithik,
Sinengker ing ukara yè dirasa.

Sethithik turah yèn antuk berkah,
Akèh kurang yèn kena penandhang,
Angga gawa gawè,
Gawè anggawa arta,
Dayanè arta agawè suka lan rena,
Nanging èling dèn èling,
Linggara saka gawènè maksiyat.

Antepa ing tèkad,
Kinanthi mulat lan nulad,
Nuladhaa urip kang prasaja,
Jamanè saya kusem,
Akèh pakarti kèrem.

Tirta damar sinebaring latar,
Lonthang-lanthung rasa rusek ati bingung,
Unggulè sedya amung kandheg ana rasa,
Saparan-paran tansah krasa kasamaran,
Nganti ratri amung ana rasa sepi,
Sepi sepa,
Rasa jalma kang tanpa karya,
Aji kayu garing kanggo nggarang.

Yogyanira para mudha,
Aja wegah olah ilmi,
Ilmi gelar wis sinebar,
Ilmi karti diudi sami,
Minangka sangunira.

Anamgun yuwananing wisma,
Makarya ing upaya,
Upayanen rahayuning warga,
Galah gndhing tinata miring,
Tetulunga samya lir legawa,
Wajib netepi darmaning gesang,
Sangunè bali yèn wis titi,
Tinimbalan sang Hyang Widhi.

Kemis Pon, 12 Agustus 1993.

Dawuh XIV

Titinen tataran kang tinata,
Tatananè wis mesti tinitihan,
Titinè nengga tatanan kang tumata,
Ěwuh aya yèn dirasa,
Rasa runtik yèn digitik,
Kagèmbol malah mrojol,
Mlorot kadya krokot ana ngepot,
Gayuhen tuwuh aja kakèhan èwuh,
Tan rumangsa ilang nanging menang,
Aja ngrasa kekeranè kang kawasa,
Kuwasanira amung ana ing pambudi,
Diantepana darmanira ing karya.

Jumuwah Wage, 13 Agsutus 1993.

Dawuh XV

Yekti ngelmi dèn ngertiya,
Sithik kacuplik walik ing ukara.

Hanacaraka carakanè,
Dhat tan suwung ing angga,
Padha jaya samya prapta ing alaga,
Manggih bathang dèn ngantya,
Kala nyanga lakonana.

Huripè hanguripana,
Nuladha pakarti kang wus trawaca,
Cidra aja dèn ukara,
Rembugnya ingkang walaka,
Krana walaka nyedhakaken panedya,
Dèn lali ing paminta,
Tumelung marang kang kawasa.

Setu Kliwon, 14 Agustus 1993.

Dawuh XVI

Sedyanè karsa ambuka nala kanthi basa ngliga,
Gitik rasa ngrumangsanana jawanira,
Werdinè sinengker ing wadi,
Karana kebak ilmi,
Ngilmi tami tinutur saking praluhur,
Lumuntur kita sami,
Samya kasrambah ing berkah.

Winadi ing werdi wulang wuruk,
Piwulang kang walaka,
Ing rasa mung welas tan karana wales,
Leksanakna ing jiwangga,
Anggawa gegaraning guna lan gati,
Tinulad ing sesami,
Tinular mring para siwi.

Akad Legi, 15 Agustus 1993.

Dawuh XVII

Yektos ngertos ing batos,
Wening uning ing uni,
Panjeting rasa angajab ing karya,
Amangun yuwananing warga,
Gegaraning urip tumitah ing praja,
Jangkanira bener amung kurang pener,
Yènta luput amung kepèncut ing patut.

Tumalunga ing rasa,
Apa karya kang sanyata,
Tindak tama,
Tepa tuladha,
Wur lan sembur,
Rinakit ing karya uga,
Gancarè ukara,
Karya nora kudu nangkarakè upa,
Panaa sajatinè kang ana,
Nataa ing rasa uninga karyanira,
Rabuking jiwa.

Kang dèn ukara wis sanyata,
Tan ngemungakè upa kang den sedya,
Ananging pakarti utama kang dèn utamakna,
Ora ngemungakè sawarga,
Nanging sumrambah sapraja,
Jembarna pamawasira,
Jumbuhna mring kaweruh,
Wruhana kang sayekti,
Yektinè tan kabèh pikolèh amakarya,
Angukara ing pakarti tami iki beja,
Bisa angrasa angukara ing karya tama.

Senen Pahing, 16 Agustus 1993.

Dawuh XVIII

Antepa ing laku dimèn linakonan,
Anepakna tapa dimèn tinapakan,
Yènta wani memet wus mesthi kamomotan,
Tuwa mesthi tuwuh,
Tuwuhing umur,
Tan mesthi gawa sembur lan tutur,
Tuwuhing tuwas malah anggawa upas,
Hangupayaa tuwa tuwuh kang sepuh,
Sepi sepa ing pamrih,
Murih gawè rahayunè sasami,
Sami samya rinesepan ing kawruh.

Wruhana sanyatanya,
Tuwa tuwas ambrabas kaya gambas,
Tuwa tuwuh tan kena digegayuh.

Tuwa sepuh tan sepen ing kawruh,
Melati saji bisa malati,
Menganè lathi bisa ndrawasi,
Meneping ati kang kudu dèn udi,
Megaring budi kanthi pakarti kang utami.

Senen Pahing, 16 Agustus 1993.

Dawuh XIX

S i n o m
Tinitah satriya praja,
Jibahanè ing nagari,
Rialatè ja tinilar,
Lara lapa jroning ati,
Dimèn wening lang uning,
Ing kawruh kang karengkuh,
Utama tumrap sira,
Santiyasa (sanityasa) pinrihatin,
Tilar hawa napsu cipta mulya ana.

Angayun ing kayuwanan,
Karaharjaning sasami,
Samya kasrambahing berkah,
Berkahing kang Maha Asih,
Antepa ing pakarti,
Paring tuladha kang tuhu,
Tinulad ing kawula,
Kuwawa ing pangaji,
Jiwaning satriya kang netepi darma.

Mawarna laku ing cara,
Cara kanggo ngudi ilmi,
Mingkur saka ing ukara,
Rasa utama ing werdi,
Ingaran maling yekti,
Tan ana jalma kang sinung,
Nupiksi sedya karsa,
Amung angganing pribadi,
Ing sayekti mangerti sedyaning rasa.

Ana manèh ing ukara,
Utang aja dèn sauri,
Sanyata wadi ukara,
Karana tan nèndra wengi,
Iku yektinè mung apus,
Panedya tanpa guna,
Arasykna aja sisip,
Saè ing werdi ala ing pangukara.

Rebo Wage, 18 Agustus 1993.

Dawuh XX

…………………
…………………

Dawuh XXI

G a m b u h
Samektana ing atur,
Tumrapa sami mring para luhur,
Lumuntura welas dahat anupiksi,
Sigra arsa paring byantu,
Tumut mbèngkas ing lelakon.

Kanthi teteping laku,
Kuwat ameper sakèhing napsu,
Sumundhul gegana marak mring Hyang Widhi,
Wijangna sadaya atur,
Tumandhes saklèbet batos.

Budi daya tan langkung,
Lirnya nundhung mendhung kang tumlawung,
Tetepa anetepi ati kang suci,
Sedya rasa dadi laku,
Kukuh manggih karahayon.

Setu pahing, 21 Agustus 1993.

Dawuh XXII

Amiya tirta awatang warih,
Warana rasa rinengga karya,
Kapatah mbedhah rasa resah,
Ranu tama nengga samya.

Myarsakna apa kang wus kaukara,
Ukaranè rinacik walik,
Walaka nyata wijang ing piwulang,
Pranyata ana lan wis kaukara.

Rasa nala kang sira sedya,
Semang-semang tan gawa padhang,
Piwulang tama ginulang,
Sinung nupiksi werdi kang nyata,
Tan bakal sisip susup ing surup.

Rupa-rupa rerupan kang kasat nètra,
Ana ganda tan tinanpa ing grana,
Ana swara tan tinampa ing karna,
Kekeranè alam suwung asepi,
Pirang-pirang wadi kang tan kawedènan,
Karana kasengker ing Widhi.

Wikanana kang anyata,
Anulada kang utama,
Makarti tami nugraha katampi,
Piwulang aji tinemu mesthi.

Selasa Kliwon, 24 agustus 1993.

Dawuh XXIII

P a n g k u r
Yektinè sun tan amulang,
Alangkung amejang medhar bab pati,
Pangaksami kang dèn langkung,
Longgarna ing pangrasa,
Sedyaning rasa amung urun ing tembung,
Tekanè rasa kang ana,
Aja dadi ing pangrasa.

Sakgaduking rasa ana,
Ngaurip kapindho pisan ing pati,
Titisa sanadyan durung,
Dunungè ingkang sirna,
Sayektinè mung pancadriya lan napsu,
Sumilak ilang sipatnya,
Suminggah ing sukma ing sukma lunga.

Ngawuningana ing badan,
Bali mula kumkumaning alami,
Angin rinasuk ing bayu,
Banyu bali ing tirta,
Titipaning latu luluh myang agni gung,
Amanjing siti bawana,
Bubar anengga kababar.

Kawruhana kang sanyata,
Nyatanya jasad pun maksih makarti,
Tilaraning sutapa luhung,
Ludira geni donga,
Nguripi ing tandur tirta saking balung,
Bawana subur dagingnya,
Hawa sèta king napasnya.

Nyawisna ing laku tama,
Manekung manungku puja mring Widhi,
Dimèn antuk ing sesurup,
Sumurup kang tan pana,
Priyangga praja kang luhur lan wis dunung,
Nunggalkè rasaning angga,
Gaduk nora mung punika.

Kamis Pahing, 26 Agustus 1993.

Dawuh XXIV

G a m b u h
Sedyaningsun wèh tutur,
Thukul rasa asih kang lumuntur,
Lumintua berkah mring kang arsa ngèksi,
Sinau sanèpan luhung,
Unggulè laku ing lakon.

Kanthi meneping kalbu,
Bukak wrana crita kang dèn rungu,
Ngawuningana caritanè sumantri,
Sanèpaning tyas manekung,
Mangèsthi sucining batos.

Binujeng hawa napsu,
Sukasrana pralambang ing tembung,
Tembung sanèpan srana sukaning ati,
Tinilar kedah dados laku,
Kukuh sowan mring Hyang Manon.

Ma prabu sasrabahu,
Bahu panguwaos sasra sèwu,
Wuwusing tembung yekti mung Hyang Widhi,
Wijangna lebetna kalbu,
Buntas kawruh landhep raos.

Rakitaning pra luhur,
Luwes lemes ing piwulang semu,
Sedya paring pitutur mring kita sami,
Sampun sisip susup surup,
Sumurupa mring wewaton.

Setu Wage, 28 Agustus 1993.

Dawuh XXV

Rinasa pinesepan lan rinasukan,
Anilar sabarang kang gumebyar,
Bareng tinilar anggit kang ginigit,
Gebeng tan ginebengan mung kari anteng,
Anteng rinasa ing teleng,
Lengudè ana liyepè sirna,
Sir hening gaib hening sir daya gaib daya,
Cinipta dadi kang sinedya,
Sonya sepa ing rasa,
Krasa ana nanging ora,
Ora krasa nanging ana,
Wus nyawiji dadi siji.

Setu Wage, 28 Agustus 1993.

Dawuh XXVI

Dhandhanggula
Yektinè sun atandang ing asih,
Amanis ukara kang tinampa,
Paring luhur dèn lunturkè,
Lumantar rasa tuhu,
Upadinen akanthi ilmi,
Miyaka rasa angga,
Nggonen yèn wus weruh,
Wruhana yèn durung pirsa,
Satuhu sinisipan ing ilmu jati,
Titia tinitah jalma.

Manungkul mangèsthi maring batin,
Bubarè alaming kasunyatan,
Sumilaknya kahananè,
Karasa tan binendung,
Alam padhang kang tanpa tepi,
Tetepana ing karsa,
Sumarah Hyang Ma Gung,
Unggahè ing alam nyawa,
Nyawijèkna rerupanira pribadi,
Dèn ngerti lan waspada.

Wenganè marga maring alam sir,
Sinung alam rasa ya siriyah,
Sinusul catur warnanè,
Wahyanya saking napsu,
Sèta abang cemeng lan kuning,
Kukuhna tèkadira,
Tan susup ing samun,
Sayektinè godha ana,
Nawur samya maring pakarti kang suci,
Sumangga dèn prayitna.

Pranyata wus minggah lan ginanti,
Tinilar sampun alam siriyah,
Alam cahya dumadine,
Dudut rasaning kalbu,
Babar ginelar panca warni,
Wahyanya pancadriya,
Ya alam pituduh,
Nuduhakè kraton kang ana,
Nanging dèn titi dudu kraton kang jati,
Jer kraton panasaran.

Sarengè cahya ireng kang manjing,
Ing kono kratonè gegremetan,
Gumawang abang warnanè,
Bekasakan kang dunung,
Datè peksi ing cahya kuning,
Kang sèta sato tirta,
Sarta buron banyu,
Babaring ijo ing warna,
Alaming datè tetuwuhan sawiji,
Wijanga jroning rasa.

Sirna cahya lima mijil siji,
Sinawang nggawang sak sada lanang,
Lajer manther kahananè,
Kaliput warna pitu,
Ungu dudu ijo lan kuning,
Abrit pethak tan tilar,
Tut cemeng lan biru,
Binabar alam pramana,
Prayoga dèn titi ing alam puniki,
Papanè jin sanyata.

Nyata wus gumanti dèn cumawis,
Wis tinilar alaming nuriyah,
Yuwana ing wewengkonè,
Kawengku jroning hayu,
Uluhyah alaming Illahi,
Lamus wis bisa teka,
Tekadnya dèn tuhu,
Tumandukna jroning rasa,
Awit iku alaming Pangèran jati,
Titisa jroning ngrasa.

Saya ngrasuk ing alaming jati,
Jatinè wahyaning saking Atma,
Maya mayung kahananè,
Kabèh rinasa hayu,
Urip tanpa nyawa mung jati,
Ilang atma sampurna,
Sampun cipta antuk,
Cipta purna tuk kawasa,
Kwasanè ilang purba wasèsa dadi,
Dumadi myang waskitha.

Wuwus wawas padha dèn wikani,
Winedhar kababar lan ginelar,
Ginancar ing ukaranè,
Nedya gampil dirasa,
Sinisip piwulang kang aji,
Ageman dèn tan samar,
Samangsa manungku,
Myang ngarsanè kang ma wikan,
Kanthi rasa kang tan kwasa ing ilmi,
Sun urun ing ukara.

Senen Legi, 30 Agustus 1993.

Dawuh XXVII

Nglentur tutur myang ukara,
Ukaranè kinarya pangupadi,
Dimen sinung ing pepètung,
Pètung ing kamulyan,
Mulyaning raga sumrambah ing rasa,
Sumurupa kang sanyata,
Sanyatanè dudu wadi.

Witing antuk kasugihan,
Krana saka laku tindak kang becik,
Becik ing laku lan tembung,
Bungah dadi awohnya,
Ngupaya sugih ja tilar kautaman,
Aja golèk kasenengan,
Kanthi wragad rasa becik.

Katiban benduning dosa,
Yèn linaku linambar pamrih,
Pitulung tan bakal antuk,
Tumrap sugih tan drana,
Datan bakal tulus marang turunira,
Anabet dateng rubèda,
Dadi dredah wus pinesthi.

Tibaning udan wus nyata,
Tulus ing bumi nuwuhken wiji,
Wijanga yektinè kawruh,
Wruha ing sastra nyata,
Mendhung yèn tan udan ametengi rasa,
Sami sumimpenè bandha,
Buceng cukeng datan dermi.

Dumadinè kasangsaran,
Karana karegem bodhoning pikir,
Rinakiting begja iku,
Urip mring kabatinan,
Karsa ngendhih sedya ingkang tanpa guna,
Gulung gulang marang rasa,
Sedya prasaja ing urip.

Aja ngumbar pepènginan,
Punggelè kanthi pakarti utami,
Tinambaka ing sesuluh,
Sirna kang wicakana,
Wicaksana ana krana wulang tama,
Tumanduk lebeting rasa,
Satemah mageri dhiri.

Sastra aji tutur luhur dawuh dalem sawargi tumrap canggah dalem lumantar R. Ay. HILMIYAH DARMAWAN PONCOWOLO, Tawangmangu, Karanganyar, Senin Pahing, 30 Juni 1941, Sekretaris Rekso Budoyo, Istana Mangkunagaran, Surakarta.