alangalangkumitir

Javanese Manuscripts

SULUK SEH SITI DJENAR


PUPUH I
DHANDHANGGULA

  1. │Nahen wonten  Wali hambeg luwih │ nguni asal wrejid bangsa sudra │ antuk wenganing Tyas bolong │ tarbukaning Hyang Weruh │ Sunan Benang ingkang murwani │ tatkala mejang tekad │ muruk mirid kawruh │ ring jeng Sunan Kalijaga │ neng madyaning rawa nitih giyota di │ Sitibang antuk jarwa│
  2. │Mila mangke tyasnyarda kelair │ Umahywa tekad kajabariyah │ kadariyah mangsud tyase │ andhaku datullahu │ Budi eling den anggep Gusti │ Pangeraning manungsa │ isnipat rongpuluh │ mawujud kidam lan baka │ mukallapahlil kawadis nyulayani │ gumlarnya barang anyar│
  3. │Kodrat iradat jumenengnya elmi │ kayan samak basar lan kadiran │ muridan ngaliman kehe │ dwidasa cacah kaglung │ rumaket ing bumi lestari │ tegese wujud mutlak │ dadya dzat ranipun│ tan wiwitan tan wekasan│nora sangkan nora paran ngenalyakin │ ing tekad sipattolah│
  4. │Seh Sitibang manganggep Hyang Niddhi │ wujud nora kang katon satmata │ sarupa yayah dheweke │ sipat-sipat mausup │ lir wujudnya bleger tar kaksi │ warnarda tarpa ceda │ mulus alus lurus │ kang nyata tan wujud dora │ lirnya kidam dhihin jumeneng tan kari │ saking pribadinipun│
  5. │Basa baka langgeng tampantawis │ nora rumaket lara kapenak │ jumeneng neng kana kene │ tan ikut nora iku / mokallapah lilkawadisi │ pradikane prabeda │ lan sakehe wujud │ barang anyar gumelar ing rat │ nyulayani sipat kahanan dumadi │ jroning bumi akasa│
  6. │Tembung kodrat kapasang pribadi │ nora ana kang mirib kang madha │ tur buda datanpa prabot │ ngadam praptaning wujud │ jaba jero sebab sawiji │ iradat tegesira │ karsa tanpa ngrembug │ elmu kawruhing kahanan │ ingkang pisah saking pancadriya tebih │ ngungkuli punglu tinggar│
  7. │Kayad urip sarana pribadi │ tes-tinetes kayunya pribadya │ uripe nora nganggo roh │ tan melu lara ngelu │ sirna bungah susah norapi │ jumeneng sakarsa-karsa │ yeku kayad kayun / Seh Siti Jenar waskitha │ tertela trang waskitheng  jalma linuwih │ marga ngaku Pangeran│
  8. │Salat limang wektu puji dhikir │ prastaweng tyas karsanya pribadya │ bener luput tampa dhewe│ sadarpa gung tertamtu │ badan alus kang munah karti │ ngendi ana Hyang Suksma │ kajaba mung ingsun │ mider donya cakrawala │ luhur langit sapta jro bumi tan panggih │ wujudnya dat kang mulya│
  9. │Ngendi-endi kabeh sepa-sepi │ ngalor-ngidul ngulon ngetan tengah │ kana-kene mung neng kene │ kena wujudku dudu │ anging jroku awang uwung sunyi │ isi daging jrowan │ rereged dalemku │ dudu jantung dudu utak │ ingsun ingkang pisah lir culing jemparing │ Mekkah Madinah kambah│
  10. │Dudu budi angen-angen ati │ beneh eling pikir  beneh niyat │ hawa barat napas dene │ suwung  lan wang wung dudu │ wandaningsun jisim kawadis │ tan wun dadya Gusthika │ bosok mawor lebu │ napasku mindraweng jagad │ Bumi geni banyu angin mulih asli │ yeka anyar sedya│
  11. │Wangsul ingsun dat kang muksmeng Widdhi │ pangeranku sifat jalal kamal │ nora karsa salat dhewe │ nora arsa dhadhawuh │ de wong salat pakoning budi │ budi lanat musibat │ tan kena kagugu │ salin-salinparentahnya │ menela-menele tatemeni nora dadi │ tansah ngajak durjana│
  12. │Jroning salat budiku memaling │ jroning dhikir budi nyidrasmara │ kadhang melik amal akeh │ seje datul guyubu │ ingsun iki kang Mahasuci │ dat maulana nyata │ kang layu kayapu │ tur nora kinaya ngapa │ mila Siti Jenar budi nuksmeng Widdhi │ ngrusak gama Mustapa│
  13. │Datan nggugu prentahing si budi │ jengkang-jengking neng masjid ting krembyah │ ganjarane besuk tembe │ yen katarimeng laku │ sejatine nora pinanggih │ neng dunya bae padha │ susah samya mikul │ lara sengsara tan beda / marma Siti Jenar mung ngantep siji │ Gusti dat Maulana│
  14. │Kang sudibya gunardika murti │ tur kang mengku sipat kalidasa│ atas sabarang karsane │ kuwasa murweng kawruh │ ing jalal kahar jamal kamali │ nirmala muka warna │ yayah kawulanipun │ wahyeng angga tan katara │ sekti murti mumpuni salwir dumadi │ mindrawa Endraloka│
  15. │Yeka ingkang den anggep Hyang Widdhi │ Seh Sitibang darmastutyeng karsa / sumarah ing reh dhawuhe │ Tekad jabariyah kaglung │ Kadariyah wimbaning lahir │ madhep mantep tur panggah │ kuwat ing pangaku │ kukuh kasmala nirdaya │ angantepi urip prapteng layu yakin / tan mangran budi cipta│
  16. │Ciptaning tyas Siti Jenar maksi │Wujudira den anggep Mukamad │ mengku rasul sanyatane │ Mukamad sipat kudus │ anyar urip padha nganyari │ rumaket pancandriya │ sajatine gadhuh │ yen wus kapundhut kang gadhah │ dadi lemah bosok mumur dadi najis │ paran dadya gandhulan│
  17. │Budi pikir angen-angen eling │ tunggal wujud akal keneng edan │ susah bingung lali sare │ budya keh nora jujur │ rina wengi mangayu drengki │ mrih raharjane pribadya │ rusaking lyan sokur │ srei wekas nrak durjana │ tur gumunggung umuk temah tibeng nisthip │ ngalani wandanira│
  18. │Getun yen wus tumiba ing dhiri │ seje dat wajibul mulyaning rat │ mulyaning budaya kabeh │ wandaning jalma amung │ ana wujud karsa sawiji │ iku bae tan bisa │ ngakoni sadhawuh │ roro maneh kuwawaa │ lah ta endi pisahe dat lawan budi │ supaya janma nrima│
  19. │Seh Lemahbang rumaket jatining │ eneng sirnaning antaya mulya │ dat kadimah budayane │ dalilnya ramahetu │ sah manganil kahub lirneki │ uculing jemparing plas │ gendewane embuh │ srengat tarekat kakekat │ myang makripat palastha tanpa kang budi │ dat tajalining wanda│
  20. │Lapal Allah tanpa warna kaki │ sajatine bingung embuh nyata │ anulya jumeneng wit bingong │dadya musamanipun │ jati asma neng kalmisani │ yantayumin kaolina │ cukul reh pamuwus │ Muhammadun Rasulullah │ wujud kapir sipat jisim bosok mimir │ mumur dadya bantala│
  21. │Seje kita mukmeng dat linuwih │ kang sadarpa sakti dibyeng laya │ midraweng rat Pangraningong │ murba masesa ulun │ sipat wahadaniyat sawiji │ Esa langgeng ngembara │ angungkuli punglu │ dudu budi dudu nyawa │ dudu urip tanpa sangkan saking pundi │ tanpa paran ing sedya│
  22. │Dadya sejati yayah wujud mami │ tan rekasa kodarat warnanira │ mlaya saparan-parane │ nora nglak nora lesu │ tanpa lara lapa myang ngelih │ gunardi karjeng kara │ adreng cipta luluh │ lebdane saking jiwangga │ tan ketara wahywanya nora nglabeti │ pangya wus aneng kana│
  23. │Siti Jenar pamengkuning urip │ aneng donya  punika pralaya │ nyipta rinten ratri maot │ purwaning kuna idhup │ ngunandika Pangeran Sitibrit │ ngungun rumaket pejah │ kyeh nraka kerasuk │ lara lapa adhem panas │ putek bingung risi susah jroning pati │ seje urip kang mulya│
  24. │Indhup mulya jumeneng pribadi │ nora lelantaran banyu bapa │ sabarang karsane dhewe │ tan asal angin bayu │ bumi geni kabeh kawadis │ alaming karusakan │ kyeh siksa tinemu │ Allah jumeneng sipat anyar │ gothak-athik ngetutken panggawe silib│ Durjananign Agama│
  25. │Punggung mudha wong kadhadhung budi │ cipta iblis lanat pikir setan │ angen-angen jaba gedhe │ nenuntun maring dudu │ wong katiban naraka api │ saka panggendheng driya │ ngraket catur  nepsu │ ireng abang kuning seta │ pira-pira maleksa  makethi-kethi │ rumasuk mring jiwangga│
  26. │Getun temen uripku ing  nguni │ tetep sukci tan kacakrabawa │ nora arah nora enggon │ ireng bang putih embuh │ iji biru dadu myang kuning │ kapan sun bali marang │ uripku rumuhun │ wahyeng pati madyapada │ kok mangkono rasane wong darbe pati │ wong mengku kayad anyar│
  27. │Kayun anyar kodrat iradati │ elmu samak basar myang aliman │ ngrekasa temen rasane │ panca pranawa kudus │ kabeh wandaningsun sekalir │ jro jaba ora ana │ kang ginawa mantuk │ kanggo uripku neng kana │ datan kena kabeh iki wujud najis │ jember tur dadya wisa│
  28. │Rupa-rupa gumelar jroning pati │ pati donya ngraket pancadriya │ nganggo kayad kayun kiye │ cacah sipat rong puluh │ meh kapencut dereng sun mati / panasaran mayuta │ swarga naraka gunggung │ kabeh iku kena rusak │ wujud bathang reged arus amis bacin │ cocok daliling Kur’an│
  29. │Wahama ngamaluje patuni │ gumlaring alam donya gusthika │ lah bener temen maknane │ mayid pating bilulung │ ngetan ngulon angupaya duwit│ busana wastra mulya │ sesatya mas mancur │ datan wruh kabeh gusthika │ nunggang kreta siyas bondhi iku mayid │ prandene ambeg siya│
  30. │Wong den seba ngedhangkrang neng kursi │ sugih bandha wismadi rinengga │ bungah temen panganggepe │ apa ta nora weruh │ barang gumelar donya sekalir │ yun pulastha wong kisma │ prandene gumunggung │ ojo wlas temen sun padha │ nora weruh ciri yen wandana mayit │ de harda kumawawa│
  31. │Drenging cipta Jeng Pangeran Sitibrit │ kayun kayad mampir raganira │ nyipta kesasar parane │ donya neraka agung │ mengku pancandriya kawadis │ lumyat gumlar ing jagad │ surya surup-surup / wulan isining donyarja │ rajabrana dadya panggodhaning pati │ marma tekad pulastha│

PUPUH II
S  I  N  O  M

  1. │Derambeg ulah jiwita │ Seh Siti Jenar  kaesthi │ mrengkang saking Wali-sanga │ jemak kiyas dalil kadis │ tumullar nyakrawati │ kasub kasumbageng catur │ budyarda widayaka │ gunardika ngatas kawrin │ kang cinipta donya ingaranan laya│
  2. │Jroning pati swarga nraka │ bagya cilaka pinanggih │ yeka gumelaring donya │ cocok dalil asmarakandhi │ analmayid pikubri │ wayajidu kalibahu │ satuhune wong pejah │ rumaket jiwangga manggih │ geganjaran swarga lawan naraka│
  3. │Iya iku sapunika │ wis pira-pira nandhani │ suprandene Wali Sanga │ akeh kaliru nampi │ mangkya ingaran urip │ besuk den arani lampus │ mangka Sri Lemahbang │ rinten dalu mardi budi │ guna dibya ing kawruh muksaning angga│
  4. │Muridnya Jenar sekawan │ kang wus bijaksana kakiki │ Juga wasta Ki Busana / Ki Wanabaya kekalih / Ki Canthula kaping tri │ Ki Pringgabaya ping catur │ punika kang wus pana │ Pramanem tekad sawiji │ mantep tetep kamulyan ing tembe gesang│
  5. │Donya ingaranan pejah │ mengku ala lawan becik │ lara kepenak myang bagya │ cilaka nraka suwargi │ tetep sajroning pati │ marma kabeh kang wus gilut │ ngraket kawruhnya Jenar │ rinten ratri minta urip │ tan kawawa nglakoni pati neng donya│
  6. │Kathah para siswantara │ manca desa manca nagri │ ngatas pojaran mulyarja │ anom tuwa jalu estri│ reraton ulah mardi │ de wewejanganing kawruh │ Lemahbang ring sekabat │ winruhken purbaning urip │ kaping kalih wruhken pelawangan gesang│
  7. │Ping tiga panggenan benjang │ urip langgeng tan pantawis │ ping catur panggenan pejah │ kang linakon ing semangkin │ lawan malih paring wrin │ jumenengnya Kang Mahaluhur │ dadine bumi kasa │ para murid ingkang tampi │ kathah siswa kang nglalu golek prakara│
  8. │Liwung aneng marga-marga │ yayah kunjana ambeg diri │ lumaku tan gelem nyimpang │ nekad nunjang cipteng galih │pamrih karampok nuli │ mulih marang tetep idhup │ tan betah aneng donya │ darpa ngupaya yun panggih │ samya gila sedaya nukrata│
  9. │Ing pasar geger puyengan │ wong nekad ngupa prakawis │ mamrih songkolan tabokan │ pepenthungan ngunus keris │ gya konjuk sri Bupati │ tumulya dhedhawuh mikrut │ kacekel gedheng asta │ sekala laju den sepir │ aneng buwi samya manglalu pralaya│
  10. │Tur dereng nganti kapriksa │ ketrangan sedyaning kapti │ denira karya ruhara │ Sri Narendra dhawuh malih │ kinen ngupaya murid │ Seh Lemahbang kang majenun │ yuh kapriksa ingkang trang │ dupantyara ari malih │ nuju pasar ana catur sabat Jenar│
  11. │Karya dedrah murang kaprah │ gya cinekel ing panjagi │ bintara wus tinalenan │ katur ngarsaning narpati │ kapriksa paran marmi │ murang silaning tumuwuh │ mangsuli tanpa krama │ mung ngupadi dalan urip │ nora kuwat lama nglakoni palastra│
  12. │Ingsun muridnya Sitibang │ kang gunardika reh elmi │ putus duga lan watara │ tetela ing donya mati │ jleh bosen sun umaksi │ gumlaring bangke ting blulung │ mayid sapirang-pirang │ ratu pangulu pepatih │ jaksa kabeh susawa temeh gusthika│
  13. │Pra oliya Walisanga │ santri-santri kyai-kyai │ batang kabeh nora wikan │ prandene paksa ambleg dir │ kumawawa wong mati │ pinardi sembahyang sujud │ manembah Nama Allah │ Sejatine donya iki │ nora bisa weruh sipatnya Hyang Suksma│
  14. │Guyub muridnya Seh Siti Jenar │ marang kramaning lestari │ estri priya beg barama │ marma kyeh prakara dadi │ daredah kadya baring │ warna-warna ngupa layu │ ana ngajak sudukan │ tumbak pedhang cipteng galih │ supayane mulih marang jaman gesang│
  15. │Murid kang tan nglalu jiwa │ ngumbar wicara  tan apti │ marang tangga-tangganira │ mangkana wuwusnya murid │ heh kanca-kanca mami │ ana dene kawruhanmu │ sira keneng pitenah │ pembujuknya Wali mukmin │ kang supaya ngereh tan nganggo prabeya│
  16. │Semana Sultan Bintara │ sadarpa ngungun ing galih │ dupi kathahing prakara │ saben-saben tampi warti │ ing mancapraja desi │ ana wong liwung reh dudu │ ngrusak arjeng pranata │ ngayu pati lir punagi │ wong kunjana muridnya Seh Sitiretna│
  17. │Sedene Sri Naranata │ tampi pratelaning patih │ lapurnya pratinggi desa │ wonten durkertateng bumi │ datan mamrih punapi │ mung ngupadi marga layu │ sabatnya Pangran Jenar │ nata gya ngandikeng patih │ heh ta paman sira nglakokna duratma│
  18. │Caraka mrang kartibaya │ sandi tarek talbul ngelmi │ marang dhukuh Krendhasawa │ ring wismeng Pangran Sitibrit │ pethuk myang slajeng warti │ derandum kawruh beg guru │ mahywa mejang penasar │ geseh ngadating leluri │ matur nuwun sandika kyanapatya│
  19. │Manuding kalih punggawa │ kang ahli rasaning elmi │ tur wong gunarda susastra │ surtning sedya winangsit │ sendika wisata glis │ lestari prapteng dhudhukuh │ wus panggya ngataskara │ ing reh lukitaning kapti │ Pangran Jenar sigra jarwa tanpa warna│
  20. │Kathah panunggilanira │ sesarengan tampi elmi │ dupi wus trang Cakrakarwa │ pamitan mantuk lestari │ tantara aneng margi │ prapteng Bintara cumundhuk │ ngarsane kyanapatya │ gya den irid manjing puri│ konjuk nata matur lampahnya dinuta│
  21. │Purwa madyaning wasana │ langkung ngungun Sri Bupati │ Ngandika heh paman patya │ paran pamunahmu dadi │ srananen brastha weri │ Sitibang maling majenun │ menawa ngambra-ambra │ buka rusiyaning bumi │ kyana patih matur dhuh Gusti prayoga│
  22. │Paduka pribadya pangya │ matur pramodaning wali │ wonten durtaning wali │ wonten durtaning Agama │ murang pranataning dini │ rehning puniku mukmin │tur antuk asma kasebut │ Pangeran tandha muktas │ kawruh susilaning Gami │ ngatas karsanira Kangjeng Walisanga│
  23. │Pethuk narendra busana │ rumanti tindak ing Masjid │ tantra prapta tur pranata │ pra wali kurmat sing linggih │ gya salaman waradin │ gantya-gantya nulya lungguh │ parek lang srinarendra │ cinakra na karya gati │ Walisanga reh lukita pasang karna│
  24. │Nulya Sinuhun Bintara │ matur ing Benang sang yogi │ pukulun atur uninga │ ing waktu mangkya keh jalmi │ nglebur pranateng adil │ brastha silaning tumuwuh │ sekel mlija sunarta │ suda kertaning bumi │ praja rengka gempal harjaning widada│
  25. │Pasar-pasar marga-marga │ dhusun-dhusun tegal sabin │ pundi nggen pangupajiwa │ kadhatengan janmi karti │ mangarep enggal mati │ dereng panjagi amikut │ kula priksa aturnya │ angupadi dalan urip│ piyambakipun donya ingaran pralaya│
  26. │Sesambatnya boten kiyat │ kadangon rumaket pati │ tandang bisana beg durga │ yayah rasmala met pati │ salajengipun manjing │ panjara neng buwi layu │ sampun kathah lepiya │ mekaten wahywaning pamrih │ dene dhusun ayom sami ngrampok siya│
  27. │Dadya tawuran bujana │ datan kendhat siyang ratri │ kula upadi kang murwa │ weh kawruh mekaten panggih │ jeng Pangeran Sitibrit │ kang kondhang jumeneng guru │ kagugu para mudha │ temah mursaling urip │ reh wejangan donya punika gusthika│
  28. │Kawula lajeng nyundaka │ kita purih manjing murid │ dwi Ginasrana Bijaksa │ sampun kawejang nampeni │ tiyangipun puniki │ kang kula kinen geguru │ dupi sampun matur trang │ amta lajeng sowan mriki │ ngasta karsa sarehning bangsa uliya│
  29. │ Lamun kula rudapaksa │ tindaking nagari krami │ pinten bobotnya Seh Jenar │ Sunan Benang ngandika ris │ bener jebeng narpati │ kudu rembug Wali Wolu│ Sebab Pangran Lemahbang │ wus jumeneng wali luwih │ yen mengkono sun pribadi kang utusan│
  30. │Wis Sultan sira kondura │ tembe yen ana gineming │ jebeng pasthi kaaturan │ tibaning krampungan mesthi │ sandika  Sri Bupati │ mundur wus datan cinatur │ ucapen Walisanga│ samya gusthi ingkang dadi │ sayogyarja mahyeng kukum madya-tama│

PUPUH III
DHANDHANGGULA

  1. │Kangjeng Sunan Benang   ngandika ris │ heh kanca mukmin paran sayogya │ Pangran Jenar karya dede │ mindaka tameng kawruh │ ngelmu srengat sintruning lahir │ parentah subkanallah │ nyegah dursilayu │ mamrih sampurnaning gesang │ mangkya Sitireta buka wewadi │ babar wadining jagad│
  2. │Srengat Nabi Mustapa weradin │ midraweng rat ngluhurken pangeran │ sarana salat pujine │ junjung kraton Hyang Agung │ brastha weri tobat mring masjid │ supaya pra widada │ idhup pranteng layu │ kagantungan swarga-nraka │ wus binantu wong jawa keh ngleksanani │ wirya tentrem sukarta│
  3. │Mangke Jenar miyak aling-aling │ miridaken elmu ngrusak sarak │ kadipundi sayogyane │ lah punapa karampung │ punapa ta dipun timbali │ tanggap Jeng Kalijaga │ reh prayoganipun │ katimbalan ngaben rahsa │ yen tan arsa pinaring sasmita gaib │ kinen mancas kang cetha│
  4. │Leres lepat pangucapnya misil │ sasaged-saged winulanga │ ywa kalurung elmu aneh │ lamun maksa beguguk │ kula miwah sakanca wali │ prapta ngampil krampungan │ wedananing kukum │ de lamun pareng ki lurah │ kang kautus murid kawula kekalih │ Pangran Bayat Seh Dumba│
  5. │Aben rahsa sasmita kang gaib │ nulya Sunan Benang andhedhawah │ Pangran Bayat wus cumaos │ lan Seh Dumba neng ngayun │ liningan heh Pangran sireki │ sun duta ngataskara │ panggya wong majenun │ kang dhedhukuh Krendasawa │ Seh Lemahbang harda mindakeng gami │ timbalana mring Demak│
  6. │Lamun mopo paringana misil │ lambang sasmita patang prakara │ konen ngecup sabenere │ lan jarwanana hayu │ yun punapa derambeg tikin │ sudarmaning suksma │ dalil Ku’ran sun wruh │ pira-pira cecegahan │ lamun meksa mredut silaning Agami │ enggal nuli baliya│
  7. │Lakunira jebeng sun kantheni │ Ki Seh Dumba kalih wus sandika │ lumampah amung wong loro │ tan dangu karwa rawuh │ dhukuh Krendhasawa umanjing │ bale langgarnya Seh Beng │ salam ngalaekum │ pinuju Seh jenar lagya ingkang │ sung sajarwa murid anyar ingkang manjing │ neng sadaleming langgar│
  8. │Marma datan open tamu prapti │ mung marsudi denira memejang │ para murid lanang wadon │ Pangran Bayat ping telu │ uluk salam tan den wangsuli │ laju mlebu kewala │ karwa jajar lungguh │ brasta silaning pranata │ Sitijenar nora ngengewa sedami │ tansah pambengatira│
  9. │Nyambung sabda Pangran Bayat angling │ heh anak Seh Jenar praptaningwang │ dhapur lumaku sapakon │ pra wali sabiyantu │ animbali mring sira nuli │ kerida laksitengwang │ mandheka caturmu │ rengen sandeng Wali-sanga │ wantu-wantu nora kena mopo karsi │ kagyat Seh Sitireta│
  10. │Heh paman sira lumakyeng tuding │ Wali-sanga nimbali maringwang │ bab iku apa perlune │ sanadyan parilatun │ sun tan arsa reh dudu abdi │ kita nora kaprentah │ jer wali lan ingsun │ padha daging wujud bathang │ sawetara engkas bosok dadya bumi │ kok cumanthaka angundang│
  11. │Ngong neng luhur bumi ngisor langit │ darbek ingsun pribadi purwengwang │ surya candra mlaku dhewe │ tandhane ngguni suwung │ nora kantha tan ika-iki │ dupi ngong prapteng pejah │ neng  donya dedulu │mubarang isining donya │ ananingsun dene kere melu darbi │ padha lan Wali-sanga│
  12. │Nimbalana wong kang mudha pingging │ pasthi gelem sowan dherakalan │ saking wong cubluk budine │ seje kaya wakingsun │ wong waskitha surtyeng pangethi │ sudibya mardiguna │ tan kena kasedul │ kapusan wong santri nglompra │ sulap palsu ngaku cedhak Mahasuci │ tan wruh wandane bathang│
  13. │Ider elmi saben wong den doli │ kinen nembah Hyang mring masjid Demak ││ jrone ana Allah goroh │ sun nguni melu sujud │ prapteng mangkin getun kapati │ tan wruh kuwandaningwang │ lairnya Hyang Agung │ anane jeneng manira │ mangke kena ngarani Kawula Gusti│ reh aneng jaman pejah│
  14. │Besuk yen wus sun pribadi urip │ tamtu tan ana Gusti – kawula │ mung kang urip ingsun dhewe │ langgeng tan ana layu │ judheg nikmat neng tepet sukci │ marmengsun harda susah │ sedhih mengku layu │ rumaket swarga  neraka │ panasaran pira-pira jaman pati │ yeka donya punika│
  15. │Nora betah sun neng riki mati │ kepengin mulih jumeneng gesang │ jaba jero nora duwe │ dene kene kemaru │ jawi kalbu kawula Gusti │ mengku lara kepenak │ sajroning sun layu │ heh Pangran Bayat nek sira │ nora wikan wuwusku mengkono iki │ tetep sasar sewu pejah│
  16. │Pantes bae seneng jaman pati │ kasenengan sarwa-sarwi ana │ pancadriyamu nenonton │ kupingmu krungu angklung │ jroning ati wruh gendhing bribil │ nadyan ati ngulama │ kethuk kenong ya wruh │ rumesik nuci wedana │ esok sore kicah-kicih sabeng warih │ kinarya mrada raga│
  17. │Sajatine budimu pratitis │ abalithuk nasarake umat │ jengkang jengking esuk sore │ jarmu ganjaran besuk │ swarga naraka kanthil rumakti │ wong nganti karanjingan │ dening ujar palsu │ kaseb sembahyang trataban │ wus mangkono wong keneng pambujuk eblis │ gebas gebes dhikiran│
  18. │Apa tan wruh yen wandane daging │ otot balung sungsum bakal rusak │ priye lehmu ambecikake │ nadyan salat ping sewu │ sadina tan wurung mati │ awakmu kang kapulas │ bakal dadya lebu │ jer wardanira gusthika │ apa wali mulih bisa nggawa daging │ paman iku wis ora│
  19. │Lah bok aja dahwen marang mami │ nimbali Seh Jenar wong bijaksa │ manawa kawiyak warnane │ palsune nora payu │ lamun nganti akeh jalma wrin │ jer wali kabeh krenah │ngapusi wong cubluk │ coba sira Pangran Bayat │ sun takon apa wus Mahasuci │ pethekku durung priksa│
  20. │Aja maneh rupane Hyang Wuddhi │ malaekat bae durung wikan │ nadyan malaekat kang copot │ sireku durung weruh │ mung bingungmu dhewe kopikir │ ngupaya Gusti Allah │ tan bisa ketemu │ kana-kana ora ana │ kene dudu temah budimu keesthi │ ngangen-angen Pangeran│
  21. │Kagyad Pangeran Bayat nabda aris │ myang Seh Dumba nglairken panedya │ heh Seh Jenar ywa mangkono │ paduka sewu kliru │ donya iki ingaran pati │ ana swarga naraka │ iku tembung luput │ nora kaprah jamak kiyas │ dalil kadis sulaya kang sira esthi │ nut pikir kurang arja│
  22. │Magkya srengat Arab maratani │ Tanah Jawa temah narik tama │ kabeh wus hayu budine │ mangke sira mathungul │ kabul wrata mancanagari │ memuruk ngrusak sarak │ donya aran layu │ akir ingaranan gesang │ swarga nraka katemu ana ing ngriki │ yeka wong nglebur kaprah│
  23. │Katampanan wong kang mudha pingging │ mangke harda wong murang kartarta │ awit wejangta mangkono │ lah endi gandhulanmu │ ku’ran apa kadis punapi │ dene tan lumrah kathah │ Lemahbang sumambung / o o dene sira tuna │ dadya wali tan weruh unining tapsir │ becik dadiya bujang│
  24. │Abelayang luwung angger urip │ yen tinari mati kipa-kipa │ ambegmu pasrah jiwane │ kapundhut rinten dalu │ lega lila wuwusmu kidip │ tur weruha ngrejahan │ dijaluk nyawamu │ lah ku bedane apa │ bujang Baujayan karo para wli │ yeka lah lagi padha│
  25. │Heh Pangeran Bayat sira yun wrin │ gegandhulanku mamet kitab apa │ e, e bodho temen kowe │ lehmu ngaji geguru │ wong Samarang prapta ing ngriki │ pruwita ngelmu rahsa │ dene sira limut │ ngesthi catur ngayawara │ dalil Kuran nora pisan sira budi │ mung mestu swara dora│
  26. │Nora pisan nyukmeng tyas utami │ yen mangkono ciptamu kasasar │ luwih becik dadi kadhet │ Iku wong dhemen idhup │ nadyan ngutil anggere urip │ warokan Panaraga │ kang kaya tekadmu │ ngaku wali luwih gampang │ suprandene kaget wruh klakuwan mami │ mamet sorah musakap│
  27. │Rungokena rapale kang muni │ kayun dakim lamatuha badan │ kang mangkono pardikane │ bangsa urip tan layu │ langgeng ing salaminira urip │ mila donya punika │ dudu aran idhup │ pratandhane sira pejah │ aneng donya donya ingaranan pati │ lah paman rasakena│
  28. │Wal mayyitu pingali milkubri │ yujidu kalibahu tegesnya │ wong neng alam kubur oleh │ awak-awakan nemu │ marma tanpa nraka suwargi │ wruhanmu samangkya │ Pangran Bayat muwus │ lah endi swarga neraka │ sun yun weruh duduhena sun catheti │ katur ing Wali │
  29. │Pangeran Jenar angandhika malih │ mring kang paman Pangeran Tembayat │ mangkana pangandikane │ heh paman wruhanmu │ swarga nraka wujud kekalih │ tur saking kadadeyan │ kitab Mupit nebut │ analjana tuwannara │ wujudani makhlukakatani limeki │ alana sapunika│
  30. │Swarga nraka samya wujud kaksi │ tur ndina deken mangke iya │ ingsun kiyas planggerane │ kabuh wujud kang lebur │ tandhanira suawarga manik │ ngong bengkas babar pisan │ sawarga kang luhung │ seneng lan condhonging manah │ nora kurang wong neng kreta brebes mili │ ojogan ngura-ura│
  31. │Gandhang sindhen gendhing Jenthikmanis │ giyak-giyak nembang lam lumampah │ kinanthi melung swarane │ tan dumeh wong memikul │ gendhong nyunggi barang nyenyangking │ ojogan mring ing Demak │ ana swarganipun │ reh seneng parenging prana │ turu sewan bantal dhingklik akeh tinggi │ jro jiwa sukawirya│
  32. │Wong neng swarga barang sarwa sarwi │ yen lelungan kapenak kang badan │ bendhi kreta gledheg-gledeg │ yen nerakane rawuh │ mrebes mili sagarwa siwi │ wus pira-pira lunya │ mokal sira tan wruh │ kadhang nglakoni wus paham │ nora susah paman sun jerengi malih │ kang muruk marang sira│
  33. │Marma wus tetela donya iki │ jeneng pati mengku swarga nraka │ para Mukmin wali bangke │nadyan saiki durung │ nora suwe bakal nemahi │ ingsun lan sira padha │ Gusthika lelaku │ lah elinga ywa mengkana │ kumawana dadya kongkonan sumrinthil │ mung dupahi carita│
  34. │Sang Seh Dumba anambungi angling │ adhuh Kangjeng Pangeran Lemahbang │ bok sampun mekaten angger │ kaprah punika unggul │ nadyan leres namung sakedhik │ salah nratani jagad │ tur sajatinipun │klintu pamurading Kuran │ kalih dening malih jumenengnya Gami │ antuk bebaluh nata│

PUPUH IV
P A N G K U R

  1. │Jeng Sultan Adi Bintara │ nyantosani Arab Hukum agami │ sing sapa nacad geguyu │ tentu antuk siyasat │ boten yogya boten kiyat kawon guyub │ srengat wor nagara krama │ tan gandra sapinten ngriki│
  2. │Punapa boya kengetan │ brastha Majalengka purwaning santri │ suprandene sirna larut │ katempuh sabilollah │ tur narendra binathara sugih wadu │ angreh pra bupati arya │ boten kwawi mengsah santri│
  3. │Reh lagi jinurung ing Hyang │ gama Arab awrat tataning bumi │ mula ing mangkya dika yun │ mindakeng Wali-sanga │ boten wande Krendhasawa dadya awu │ agama rumaket praja │ lan enggeta narik yekti│
  4. │De paduka mengaku tekad │ Kang mekaten yogya kagem pribadi │ samun kinarya memuruk │ rign siswantara mudha │ reh ruhara daredah dadya majenun │ suda widyaning widada │ druhaka gung manjing sepir│
  5. │Wonten kang dadya tawuran │ tur karampok sinempal-sempal mati │ wong karya ruhareng dlanggung │ pasar-pasar sungkawa │ de hardawalepa denya gilut  kawruh │ nadyan ngupa dalan laya │ nanging penasaran kang margi│
  6. │Saru pocapaning wuntat │ kondhang catur terah turuning weri │ weri-werining praja gung │ kagunggung murang arja │ ngrusak karta saruning jana sawegung │ wong yun sae wonten ngrika │ kedah sae wonten ngriki│
  7. │Ucapen para sakabat │ Seh Sitibang sekawan kang wus muklis │ tan tebih marek neng riku │ wasta Ki Pringgabaya │ dupi mireng sabda Seh Dumba gya nambung │ nabda kaduk manuhara │ heh kadang Dumba prayogi│
  8. │Atur dika mring Jeng Pangeran │ sarta leres-leres dika pribadi │ jer sampyan seneng tumuwuh │ neng donya barang gumelar │ sarwa-sarwi bangsa wastra bagus-bagus │ gampang ngrenah adol ucap │ sasat buruh adol trasi│
  9. │Wirang isin angger gesang │ lamun murid Sitibrit kang wus muklis │ ring rerupan tan kapencut │ aseneng gumlaring rat │ mung angesti trusthaning tyas tembe idhup │ mangke jiwaningsun tunggal │ lan bathang kang jejemberi│
  10. │Sabisa-bisa kumedah │ ngupa marga direngsun ngupa urip │ jiwengong boten andulu │ kenunutan bebathang wuda │ wuda ngelih sun katempuh luru butuh │ sanadyan ana Pangeran │ nora kena den jaluki│
  11. │Jaluk bebed jaluk sega │ nora oleh katempuh sun pribadi │ jarik klambi iket sabuk │ tuku marang prombengan │ ingsun ngelih jajan sega iwak duduh │ kapriye gonku mangeran │ Allah-Allah ketan lopis│
  12. │Pinuji sinembah-sembah │ jebul ora bisa aweh rijeki │ temah katempuh uripku │ ngupaya saben dina │ dijaluki maring mayit daging nunut │ kang bakal sun tinggal bathang │ tan kena ginawa malih│
  13. │Heh rasakna Ki Seh Dumba │ catur kita lebokna sanubari │ yen wus trang buwangen semprung │ rehning tan seneng sira │ mung anggugu bathangmu kogawa mantuk │ mring akerat gawa bathang │ nora wurung mati malih│
  14. │Jer ciptanta mring sawarga │ kotemeni gawemu jengkang jengking │ kicah-kicih keceh banyu │ yen wis nuli sembahyang │ marep kulon reh kulon enggong Hyang Agung │ nanging kojaluki sandhang │ pangan pesthi ora oleh│
  15. │Lamun pangaringwang │ Seh Sitibang donya ingaranan pati │ marma tan ana Hyang Agung │ malekat donya sonya │ nanging besuk yen urip ingsun katemu │ kadhang sun jumeneng Allah │ lah ing kono kita mulih│
  16. │Yen saiki kinen nembah │ maring masjid ingsun dudu wong Kapir │ kapiran Pangeran embuh │ buh kene buh kana │ wus mengkono yen lakune santri gundhul │ gegandhulan kandhilollah │ mendem Allah wuta tuli│
  17. │Seje sun murid Seh Jenar │ nora nggugu catur yen datan uning │ ngukuhi sarengat durung │ yen bakal tembe tuna │ heh ta Dumba kabeh pikiren wuwusku │ jro dhadhamu ana Kuran │ rujuke Seh Pesthi uning│
  18. │Pangran Tembayat ngandika │ he wis padha menenga ywa cariwis │ mung anak Jenar karepmu │ katimbalan ring Demak │ apa gelem apa mopo ngong yun ngrungu │ ywa kakehan mendhar cipta │ padu balung tanpa isi│
  19. │Pangran Sitibang wacana │ o, o dene ngeyel temen sireki │ wong dadya duta mung tutur │ sun tan gelem tumrapta │ aja ingkang ajur mumur dadya glepung │ manira pasthi tan sumelang │ malah bungah kita urip│
  20. │Sun mati sugih druhaka │ rina wengi rumaket nraka api │ lara kapenak tinemu │ bungah susah sun sandhang │ seje lamun kita mahywa saking lampus │ tumeka urip sampurna│ langgeng nora ika iki│
  21. │Pangran Tembayat nabda │ heh anak mas tetep sira wus beling │ lumuh kareh ambeg liwung │ tan singlar lara-lapa │ yen mangkono karsanra ingsun sokur │ kejaba iku sun tampa │ welingnya Jeng Sunan Kali│
  22. │Kinon maringken sasmita │ patang pasal cupen ingkang patitis │ siji bak kala Hyang Agung │ karya gumelaring jagad │ prabot apa barang apa bakalipun │ loro bab kinen tetanya │ Endi omahnya Hyang Widdhi│
  23. │Telu bab kalonging nyawa │ saben dina nganti entek mring endi │ catur bab kang Mahaluhur │ rupane kaya ngapa │ Pangran Jenar manthuk-manthuk guyu guguk │ iku cangkrimaning bocah │ gya lon reh nambung maring murid│
  24. │Ki Bisana kang neng ngarsa │ heh Bisana babaren lambang iki │ reh cangkriman remeh cubluk │ kowe bae kang mancas │ lah majuwa sira dadya wewakilku │ matur sandika Krepana │ ngangsek kepara neng ngarsi│
  25. │Munjuk yayah madubranta │ dhuh Jeng Pangran Tembayat amba darmi │ mituhu dhawuhing guru │ mancas sasmita Tuwan │ lamun lepat sayektine meminta ampun │ pinten banggi kaleresan / kula tiyang daya pingging│
  26. │Janma sudra turun desa │ nora karya kuthung silaning krami │ sajeg jumbleg ing dhedhukuh │ tuna pasang wicara │ dereng nate wrin pasamuwan janma gung │ tamtu kirang yudapraja │ wimbaning ling tuna luwih│
  27. │Tur gumeter guragapan │ glogap-glagep kuwur kaworan ajrih │ jirih jaragan wong dhusun │ sampun kirang aksama │ budi kethul kithal gratul lantih blilu │ kajibah sumanggem karsa │ wakilnya jeng gurunandi│
  28. │Kasikuning tuna krama │ dadya wuruk kulesthi jroning pati │ kapatuh salaminipun │ Pangran Bayat ngandika │ sun tarima sadurunge wahyeng wuwus │ wus jaragan kowe desa │ cingkrang kramaning priyayi│
  29. │Malah yen bener sabdanta │ ingsun guu mring sira kopratitis │ luput kleru panggonamu │ lah wis pecahen mara │ Ki Bisana sendika bab kang rumuhun │ Allah kang akarya jagad │ punika sayekti kidib│
  30. │Jagad rat punika anyar │ Gusti Allah boten karsa kawadis │ dalilnya layatadkiru │ ila muhdis tegesnya │ boten karsa dedamelan barang wujud │ menggah dadosnya alam-rad │ wus yudriku mahiyati│
  31. │Liripun manggih kahanan │ alam donya punika la-awali │ tan wonten wiwitanipun │ kathah yen kula babar │ bok menawi kertas sakendhang tan cukup │ met wewaton saking kuran │ anyaring alam sakalir│
  32. │Kang kaping kalih pralambang │ Tuwan tanya wismanira Hyang Widdhi │ bab puniku boten ewuh │ Allah manksma ign Dzat │ Dzat wajibul wujud pacangkramanipun │ la jamana la makana │ munggeng dzat wisma kakiki│
  33. │Kathah manawi kabuka │ boten cukup kertas pos pitung kodhi │ samanten kewala kacup │ gantya lambang kaping tiga │ longing nyawa rinten ratri ngantos puput │ dhateng pundi sirnanira │ iladalah langkung gampil│
  34. │Nyawa boya boten saged suda │ boten wewah gingsirnya karsa mulih │ saking pejah dhateng idhup │ langgeng tantara lama │ yen kalonge sasat kawadis mathuthuk │ gripis lir den mangsa rayap │ panjang yen kawula tulis│
  35. │Nadyan kula sudra desa │ nanging  putus parama basa Kawi │ Krama ngoko nawung kidung │ lagu Sansekrit tembang │ boya kewran ukara anjereng ejum │ nadyan dede empu jangga │ widayaka sawatawis│
  36. │Cukup silaning disastra │ pawiyatan Pangran Sitibang ngenting │ siswa ngataskareng tuduh │ kang ngajar lwih bisana │ ingkang tanpa yayah jamuna beg cukup │ mardi gunardi kapasang │ karna jiwatma nampani│
  37. │Patanya kaping sakawan │ mundhut priksa warnanya Mahasuci │ Kitab Hulumodin sung wruh │ wallahu lahirpisan │ watinulinsan, baetullilahu │ jarwanya jaba manungsa │ puniku warnaning Winddhi│
  38. │Batining janma wismeng Hyang │ kathah-kathah jarwanya Hulumodin │ yen kula tur priksa bingung │ paduka boten tapa │ bok menwi kula kagalih majenun │ wejanganipun Seh Sitibang │ kang sampun amba tampeni│
  39. │Mila yen amung penanya │ kang kadi yeka kula sakethi gampil │ kagulung gilig lir punglu │ kabengkas sirna ilang │ temah wang wung klowongan jagad suwung │ yen kajereng ibekan │ makaten kawruh Seh Abrit│
  40. │Purweng manungsa winejang │ wijang-wijang siswa gampil nampeni │ sora cetha boten bingung │ ing reh jiwita tama │ tameng budra saking layu prapteng idhup │ wela-wela kasatmata │ ngegla kenging den sekseni│
  41. │Tanpa sintru tanpa lambang │ ngeblak blaka suta boya met pamrih │ sirna panyakraning buju │ lan sukrenah blas ilang │ slaya lawan guru-guru sanesipun │ ting klesik lir adol dandang │ tur datan sepi met pamrih│
  42. │Kula sampun rambah-rambah │ puruhita winejang wali mukmin │ winruhken Muamad Rasul │ Allah Pangeran amba │ wahyeng sabda nenuntun kawula bingung │ kondheng mirang-miring ngawak │ ngawur pepathokan sepi│
  43. │Ngelmu Arab dados Buda │ Buda mukir pamet waton Jeng Nabi │ tanpa matiraga ngluyur │ mubeng agiras papriman │ lamun kawruh Arab sirna tapanipun │ kejawi wulan Ramelan │ cegah bukti boten apti│
  44. │Nanging wali maksih Buda │ tandhanipun sring manjing marang sepi │ guwa-guwa kayu watu │ gunung alas segara │ linebonan gentur karsa ngiras laku │ pamrih katemu Hyang Suksma │ yeka kedhadhung ijajil│
  45. │Critaning para ambiya │ boten wonten kang cegah mangan mutih │ ngluwat melek cegah turu │ puniku boya klampah │ kajawi wong Buda badane winasuh │ lah sumangga kagaliha │ pamanecas kawula misil│

PUPUH V
ASMARANDANA

  1. │Langkung wagugen  ing galih │ Jeng Pangran Bayat Seh Dumba │ wrin pamecahing pasemon │ amung muridnya kewala │ panngran Ki Bisana │ makaten pangawruhipun │ saiba Seh Sitireta│
  2. │Ngunandika jroning galih │ tuhu mardiguna dibya │ Pangran Jenar samuride │ trustha budyambeg widada │ ing kene-kana kena │ layak bae tega layu │ bajaksaneng kawruh mulya│
  3. │Semana duta kekalih │ dupi sampun tetela trang │ elmu myang kelakuwane │ Siti Jenar muridnya │ sadene mecah lambang │ tumulya pamitan mundur │ Pangran Bayat lan Seh Dumba│
  4. │Nanging datan den wangsuli │ laju mundur palarasan │ neng margi grenengan karo │ Seh Dumba matur Jeng Pangran │ kula biyantu tekad │ yen makaten kang tinemu │ karya trimaning wardaya│
  5. │Para siswa angantepi │ saking judheg reh pamardya │ Pangran Jenar wejangane │ upami kula mruhita │ balik mestu sukarta │ neng ngrikyamba yun mituhu │ wangsul brangta mareng ngelma│
  6. │Pangran Bayat langkung wengis │ ngandika dhateng Seh Dumba │ heh Dumba aja mangkono │ nguni sira bangsa sudra │ ing mangke manjing waswa│ kawiryan jenengnmu arum │ wus dadya santri suhada│
  7. │Paran karya malih kapti │ mituhu Seh Lemah Lincat │ ngelmune tan lumrah ngakeh │ de sirarsa muruhita │ ing Demak kurang apa │ barang kawruh nora ewuh │ kadibyaning Wali-sanga│
  8. │Wus payo enggal lumaris │ ngleksanani reh dinuta │ tan antara laksitane │ prapteng Demak nuju pepak │ pra wali lenggah rampak │ neng surambi samya gugup │ wrin cundaka dwi tumrapta│
  9. │Wusnya samya krameng  mukmin │ sinreng wigatining sabda │ ring Jeng Benang andikane │ heh jebeng Bayat kaya apa │ duta Seh Lemahlempung │ derarda kagila-gila│
  10. │Umatur duta kekalih │ leres pabrataning warta │ pra siswa sampun reraton │ Jalu priya talbul ngelma │ ing reh endraning laya │ leres tekadipun idhup │ donya puniki pralaya│
  11. │Kathah-kathah titi ngenting│ purwa madyaning wasana │ sadene wahyweng pasemon │ tumrecep kacup sadaya │ tur wakil pamecahnya │ muridipun kang kasebut │ Ki Bisana nora karya│
  12. │Trah dama srawungan desi │ prandene gunarda krama │ yayah carakan karaton │ cukat terampil trangginas │ genep susila madya │ kuciwa srengat kelebur │ Jabariyah Kadariyah│
  13. │Rumaket kalih tan yukti │ mrengkang saking Wali-sanga │ mulyeng masjid badhe asor │ brastha nembah rabul ngalam │ yen pun Jenar kapanjang │ menggah latu dereng murub │ prayogi siniram toya│
  14. │Menawi tembe malahi dadya wong ulah praktiknya │ ngrusak sukarta prajajeng │ Wali-sanga temah ina │ yen jenar tan pulastha │ boten wande hera-heru │ rerusuh marang kertarta│
  15. │Yogya nunten den lampahi │ sirnane kawruh dupara │ wejangnya Seh Sitiyampo │ Sunan benang angandika │ heh yayi Kalijaga │ priye prayoganing laku │ pandoning Hyang reh pidana│
  16. │Umatur Jeng Sunan Kali │ sae nglempakaken para │ sagung mukmin ngulama kyeh │ lan malih perlu katuran │ Sultan Adi Bintara│ klempakan wahywaning kukum │ Siti Jenar den pancaka│
  17. │Yogi dinten benjing-enjing │ pinrih rawuh wanci loka │ nanging utusan mangke │ Jeng Benang nud ing sekabat │ wus winangsit reh kajad │ ngaturi ingkang sinuhun │ pra-wadya wuwah praja│
  18. │Ing wanci tabastha enjing │ pepak kang para uliya │ lungyeng srambi lir adate / satengah nawa Jeng Sultan │ patih pangulu jaksa │ rawuh para wali methuk │ kurmat tataning ngulama│
  19. │Lenggah kangjeng Sribupati │ pra punggawa tata atap │ jajar urut klenggahane │ mukmin samya jawab asta │ mubeng ganti gumantya │ gya so ing wetaranipun │ Sunan Benang angandika│
  20. │Heh Jeng Sultan marma sami │ sun aturi siniwaka │ neng srambi sapara rate │ yun ngrembug prakara durta │ leres atur andika │ Pangeran Jenar abeguguh │ migena tindak agama│
  21. │Kita wus nyundaka maksi │ elmu kalakuwanira │ dera memirid muride │ tetela ngrusak kertarta │ silaning yudapraja │ anenuntun telah dudu │ kathah siswa mrih ruhara│
  22. │Donya ingaran pati │ tembe ingaranan gesang │ kajabariyah tekade │ kadariyah mangsuk angga │ reh endraning pralaya │ sakabat kang tampa bingung │ majenun ngrusak widada│
  23. │Paran yogyaning pambudi │ kang kapenak linakonan │ Sultan matur kula dherek │ biyantu pulsthanira │ srana prajurit praja │ Pangran Modang gya sumambung │ puniku kirangg sakeca│
  24. │Yen rinabaseng prajurit │ puniku dede wong ngraman │ sae den alus kemawon │ sanadyan kukum pralaya │ saking lembat kewala │ kawula sakanca rawuh │ samya maninggal lungaya│
  25. │Kangjeng Rahdyan Bupati │ Wanasalam nambung sabda │ yen makaten kulo mopo │ nyulayani tatapraja │ tindaknya janmi byuha │ nglairaken ukum saru │ antuk dhendhaning bawana│
  26. │Pejahnya janma tan kenging │ mahywa saking palacidra │ reh wonten jenenging kraton │ kedah ratu karya prentah │ mupakat katimbang rat │ katimbalan yen tan ayun │ dadya nawala masesa│
  27. │Kenging tinelasan awit │ mogok dhawuhing narendra │ punapa marginya dados │ wus dhawah serat prampungan │ winisesa sakarsa │ boten kenging songkol penthung │ sah tibaning kukum pejah│
  28. │Reh punika bangsa wali │ kalebet agung uliya │ tan kenging swiyah sedane │ nadyan kang kaleres ngisas │ kedah sami pangkatnya │ mekaten piagem ulun │ byakta met prajurit byuha│
  29. │Yen boten mekaten Gusti │ cingkrang jejering wiradya │ pun patih sadarpa mopo │ nistha donya ngakir siksa │ den geguyu buwana │ surya candra susup-susup │ ngereng erengadil kerta│
  30. │Lamun yun kacidara nguni │ sampun ngaturi narendra │ dhedhemitan inggih dados │ nanging maksaa tumindak │ manawi waris gugat │ sinten mangentar saestu │ antuk wasisaning praja│
  31. │Mila prayogamba Gusti │ paduka paring nawala │ wasesa caraning kraton │ patih pangulu lan jaksa │ samya tur tandha nama │ tetep krampunganing kraton │ makaten reh witaradya│
  32. │Narendra pethuk ing galih │ sedaya mukmin uliya │ memuja mantra rumojong │ aturnya naya,’ waktra │ tetes met waton byuha │ Jeng Sultan sigra dhadhawuh │ karya nawala wasesa│
  33. │Juru panitra tinuding │ gya manurat waton adat │ lepiya kuna-kunane │ tantara rampung panitra │ katur rekyana patya │ nulya konjuk Jeng Sinuhun │ kapriksa tembayeng sastra│
  34. │Penget nawalanira Ji │ Sultan Adi Natagama │ Bintara mandhireng kraten │ dhumawuha pakenira │ Pangeran Sitirekta │ ing Krendhasawa dhedhukuh │ liring sarta jeneng manira│
  35. │Tampi aturing pra elid │ kang kumpul prajeng Bintara │ sartane wus mirengake │ paturaning Wali-sanga │ pakenira mindaka │ nglebur silaning tumuwuh │ nyenyampah dinil Mustapa│
  36. │Mangkya karsaning para lid │ biyantu jeneng manira │ ingsun timbali tetemon │ mring Demak mangadu rahsa │ barenga duteng praja │ yen mopo nora umestu │ wasesa pegas lungaya│
  37. │Titi wahywaning srat Pati │ Bintara kaping dwidasa │ Jumadilakir taun Be │ Tumpak ing candra sengkala │ Nir Jalma Catur Tunggal │ katandhan Sinuhun Prabu │ Sultan Adi Natagama│
  38. │Wusnya nata anandhani │ patih pangulu lan jaksa │ samya mestu teken kabeh │ wilapa kabungkus sutra │ jenar dadya pralambang │ kenging rukun kenging rampung │ gya katur Jeng Suna Benang│
  39. │Wus tinampan  gya anggalih │ kang sayoga dadya duta │ ngampil karampungan srate │ sastra nawala wasesa │ Jeng Sunan Kalijaga │ umatur prayoganipun │ kanca sadaya lumaksa│
  40. │Angandika Jeng Mahribi │ lelima bae utama │ gawa sabat dhewe-dhewe │ siji jebeng Sunan Benang │ loro jebeng Malaya │ telu kaki Pangran Ngudung │ kapatnya Pangeran Modang│
  41. │Lima Suna Geseng kanthi │ sabat muridnya sadaya │ de Pangran Bayat neng kene │ tunggu masjid lan Seh Dumba │ Sultan sa-abdinira │ kondura ngrekas kadhatun │ yen muridnya Jenar ngroda│
  42. │Paksa baring lir kang uwis │ prajurit wira tamtama │ konen nganglang esuk sore │ rumanti yitneng prajarja │ Kangjeng Sultan sandika │ gya kondur sawadya mestu │ patih sampun kadhawuhan│
  43. │Warata para Bupati │ kinen yitneng kartibaya │ Seh Jenar sabat muride │ ucape gangsal uliya │ wali sampun sumakta │ bekta santri patangpuluh │ bidhal dhateng Krendasawa│
  44. │Elur nganggo sarwa putih │ samya nyangkelit jambiya │ gangsal wali ngarsa dhewe │ Sunan Benang pangajengnya │ tantara enggal prapta │ aneng Krendasawa dhukuh │ jujug wismeng Prangran Jenar│
  45. │Kapareng lenggah neng masjid │ lagya mulang para sabat │ kang lagya nyar manjing tarek │ estri priya jejel rangap │ saking mancanagara │ pinuju ingkang cinatur │ dadine bumi akasa│
  46. │Saking tapsir Kaelani │ nulya wali gangsal merak │ neng pante langgar nabde lon │ tatakramaning ulama │ kangjeng Wali lelima │ sarwi salam ngalaikum │ Pangran Jenar tan nglawe│
  47. │Eca denya marid ngelmi │ lawan sakabt sekawan │ wali-wali tetamune │ dera pasangkara  arja │ Pangran kendel kewala │ sigra Sunan Benang mlebu │ buka pintu langgar menga│
  48. │Wali gangsal samya manjing │ pra murid neng panti jaba │ lenggah tan ana swarane │ Seh jenar maksih memejang │ kang swara cetha sora │ tan maelu mring tetamu │ gya Sunan Benang ngandika│
  49. │Heh jebeng leren dhisik │ sun dutaning pengadilan │ kinan kapangya ring kowe │ karsanireng Wali-sanga │ biyantu Kraton Jawa │ lah iki nawalanipun │ enggal sira tampanana│
  50. │Pangran Jenar tan marduli │ eca denira jejarwa │ gya serat inguncalake │ tibeng pangkone Seh Jenar │ maksa api tan mriksa │ kang serat cinadhak gupuh │ dening Suna Kalijaga│
  51. │Gya wecana  sora titi │ tembayeng sasra wasesa │ purwa madya wasana tek │ Pangran jenar tan miyarsa │ Jeng Benang angandika │ sarwi ngasta tanganipun │ heh Jenar kang lagya laya│
  52. │Menenga ingsun tuturi │ gya leren Pangran lemahbang │ pasang karna mirengake │ dhawuhnya Sinuhun Benang │ lah mayid prapteningwang │ sakanca dinuteng kukum │ pangadilan ing Bintara│
  53. │Kinen nimbali sireki │ srana nawala wasesa │ rukun rampung dina kiye │ yen mopo tampa pidana │ yen sandika raharja │ adu surasaning kawuh │ mupakatan Wali-sanga│
  54. │Pangran Lemahbang nabda ris │ heh Benang nimbali kita │ marang Bintara sun lumoh │ nora kabawah kaprentah │ kejaba jroning manah │ kang dhedhawuh sun mituhu │ liya punika tan arsa│
  55. │Sabab mayid padha mayid │ pagene nganggo paprentah │ wong nora ana bedane │ padha tan weruh Hyang Suksma │ tan pae nembah asma │ de kumawawa kumingsun │ dhawuh samining gusthika│
  56. │De sira yun ngadu elmi │ ngusussake gilut rahsa │ payo aneng kene bae │ janji wewaton musakap │ kitab alam ibarat │ nadyan anggitnya │wong layu │ ingkang nganggo padha laya│
  57. │Pangran Modang nambung angling │ heh kakang Seh Siti Jenar │ lah punapa patakone │ donya ingaran pralaya │ benjang nama jiwita │ coba manira nedya wruh │ lairna wirayatira│
  58. │Pangran lemahbang mangsuli │ heh Modang prastawakena │ tandhane urip lapale │ kayun daim layu muta │ abadan tegesira │ urip jumeneng tan layu │ abadan salaminira│
  59. │Denen mangke jeneng pati │ jarwane kitab Talmisan │ heh rungokna rapale │ wal mayid alamul kobra │ yajidu wakaliba │ mayid aneng alam kubur │ anemu awak-awakan│

PUPUH VI
DHANDHANGGULA

  1. │Mila kubur sun gonken samangkin │ awit urip kita nemu wanda │ wujud kawadis mangkene │ dene planggeranipun │ al ngalamu kulu mijidin │ saben alam kuwanda │ de ngong yen wu idhup │ tertamtu nemi angga │ yen manggiha katon tiningalan mangkin │ kusus catur manira│
  2. │Boya samar ingsun besuk urip │ nora ngawur sapunika pejah │ uripku cangkrameng kene │ anemu jisim wujud │ balung sumsum otot myang daging │ getun kesasar pejah │ penasaran agung │ godha rencana blis setan │ pira-pira neraka rumaket jisim │ balenggu rante wedang│
  3. │Getun temen dene kita mati │ nganggo pancandriya sipat anyar │ weteng jerowan angame │ ngelak ngelih katempuh │ lara lapa kajibah mami │ getih daging nununtun │ tar wun dadya lebu │ luru ingon saben dina │ besuk ingsun urip pesthi kari │ tanpa kena ginawa-a│
  4. │Akeh temen rencananing pati │ anak bojo bapa biyung sanak │ kabeh dadi godha gedhe │ seje karo wong idhup │ tanpa apa amung pribadi │ ngelak ngelih nesu nora │ mung mupangat nutuk │ Sunan Geseng nembung  sabda │ heh Seh Jenar iku tan kaprah sireki │ bener salah tan lumrah│
  5. │Kang mupakat dalilmu wong mati │ nemu awak benjang neng kerat │ kang tampa ganjaran tembe │ swarga nraka sing wujud │ kang nampani ganjaran akir │ esthimu harda salah │ nylayani pra jamhur │ kitab Kuran Tanah Ajam │ prapteng Jawi Sinung murad mring munasip │ alam besuk kasiksa│
  6. │Anenarik tyas tameng dumadi │ ywa nerajang budi kadurjanan │ masjid dadya kijab gedhe │ manembah ring  Hyang agung │ ngegungaken keraton Widhhi │ supaya kyeh widada │ dadining tumuwuh │ ngeker durtaning agama │ raja-kaya kewan wana samodradi │ nora karya duraka│
  7. │Anging janma manungsa kang juti │ jeneng ala kahananing dunyo │ kabeh janma saantero │ kamulyan uga manus │ mangka sira ngantepi budi │ kalurug durteng gama │ brastha sembah sujud │ nyenyampah hambaning tama │ wus byawara warata wedi ring Gusti │ sumebar tyas susela│
  8. │Mangke sira babar kawruh pingging │ ngabaraken mejang elmu nasak │ temtu kajurang lakune │ krana donya kotemu │ katon ala tumular warti │ mratani cakrawala │ jagad anggeguyu │ ngerang erang marang sira │ kawruh donya kang katon sira singkiri │ tansah ngrabaseng karsa│
  9. │Seh Sitibang mesem-mesem angling │ Geseng caturmu tan payu sigar │ bribil sawiji sun emoh │ padene wali ngasruh │ catur methit saluhur langit │ ko tunjang brangkang nglongan │ san atimu luhur │ ingsun wus tutur bab donya │ enggon nraka duka cipta panas perih │ wruh kabeh wong pralaya│
  10. │Wus enggone paran kita mungkir │ sanadyan Jeng Mukamad ing kuna │ antuk siksa nraka gedhe │ kaburak mlayu nyingkup │ nyingit manjing guwa tana wrin │ saking delape sungkan││ mulih marang idhup │ gumlar donya owel eman │ emoh ninggal blubut luwung aneng bumi │ seje lan Sitirekta│
  11. │Rina wengi nangis ngeling-eling │ getun temen lameng sun kasasar │ mring donya mati mengkene │ anganggo daging balung │ nunggang kreta payungan sakit │ neng kasur kinebutan │ awak sruwa kaku │ tur wardayanipun susah │ mikir-mikir sarwa kurang kyai pikir │ tetep donya naraka│
  12. │Sunan Ngudung pasrangkara aris /heh ta paman Pangran Siti Jenar │ benermu tekadmu dhewe │ amung gedhening luput │ sira wani-wani memarid │ mejang elmu kadyeka │ wong kang tampa manut │ bubrah harjaning pranata │ akeh janma nekad ngupa dalan pati │ reh tembe nyipta gesang│
  13. │Marga-marga pasar-pasar tintrim │ muridira karyarda ruhara │ kapethuk wong nekad bae │ rehning donya na ratu │ wenang wajib bengkas duskarti │ kang kadya siswanira │ samya keh kapikut │ tinanya jawab tan krama │ pinanjara aneng sepir nglalu pati │ wus pira-pira janma│
  14. │Marma ingsun sakanca tumrapti │ wus kajibah bangsaning uliya │ nyirep tekadmu mengkono │ aja kebanjur-banjur │ sira mangke dipun timbali │ dening Sultan Bintara │ iku suratipun │ karan nawala wasesa │ lamun mopo wus kena ingsun ngrampungi │ jabut lunganyanira│
  15. │Wasesaning ratu trang Hyang Widdhi │ reh wus mupakat para bijaksana │ sarak yudanagri awor │ dadya rad juga rembug │ mutus nalar kadya sireki │ beguguk bangkang karsa │ bebaluhi dudu │ hawa durtaning prajarja │ jaman mulya temah ruhara wit dening │ Jenar klakuwanira│
  16. │Sunan Kalijaga manabda ris │ heh Siti Jenar sun ringkes kewala │ akeh padu tanpa gawe │ mung loro lakunipun │ lah pilihen sawiji │ urip kalawan laya │ ywa mangro karepmu │ Pangran Lemahbang sru tanggap │ pindho gawe sapa gelem pilih mati │ mati sugih druhaka│
  17. │Ingsun milih urip kang tan mati │ balik langgeng ora iki-ika │ nanging yen milih sun emoh │ nadyan sun karsa idhup │ ya sakarepingsun pribadi │ tan nganggo Wali-sanga │ ngulihake mringsun │ kaya dudu mukmin tama││ wong yun uirp jaluk tulung mring sesami │ lah mara saksenana│
  18. │Ingsun mulih pribadi ring urip │ Sunan Benang sumambunga wecana │ Jenar kapriye kanthane │ apa kang kanggo manthuk │ lelantaran dalan ngendi │ mesem Pangran Lemahbang │ kowe wali cubluk │ dhemen gumlaring donya │ lamun Siti Jenar bosen nora apti │ wus lantih dalan gesang│
  19. │Yen si Jenar nutup banyu-urip │ bangsa nyuda tirta nirmala │ banyu kayad cara Rabe │ sajratul makripatu │ cacah telu ping telu siji │ gungung sanga tirmaya │ mratani sakojiur │ katelu mumpuni karsa │ nomer juga perlu wruh luwih premati │ telu purbaning kodrat│
  20. │Nomor loro kodrat dayeng urip │ yen kinukut budaya subrastha │ nomer tri telu cacahe │ pandulu myarsa ambu │ dayeng  tirta kayad murbani │ pancandriya susawa │ kampulnya katukup │ UNING UNONG UNINGENA│ pintu telu kagulung dumadi siji │ jumeneng suksmantata│
  21. │Warnanira ijo biru wening │ maya-maya lir bun tempuh surya │ yeka purbaning para wong │ bangsa bajingan kecu │ kere ngemis nglemper neng margi │ padha lawan narendra │ wali Nabi Jambhur │ tan siwah yayah kalpika │ ngudrat purwa madya wasananing urip │ ingkang murba amasesa│
  22. │Dudu daging balung getih kulit │ dudu eroh napas beneh nyawa │ eling angen-angen dede │ tatkala ngendranipun │ saking karsa kasasar mampir │ nemu wanda manira │ pati aranipun │ cangkrama wujud Gusthika │ mung rasane wus yayah rahsaning urip │ uninong uningena│
  23. │Cacah sanga tumengkaring wali │ Wali-sanga dijejeri nama │ dhewe-dhewe kaya kowe │ nanging sira buh mau │ sun pestheken durung mangerti │ jaba Seh Maolana │ Sunan Benang embuh │ embuh denger embuh ora │ Sunan Kali mung rasane bae uwis │ sanga ora uninga│
  24. │Jer iku kang karan uwoh kuldi │ Nabi Adam kadukan caluthak │ mangan woh kuldi lir ingong │ sanandyan para manus │ kabeh padha tau ngicipi │ temah kasiku kita │ wahyeng donya nemu │ sawarga lawan neraka │ aran pati lan rasakna para wali │ bingung sajarwaningwang│
  25. │Awit kowe weruhmu mung siji │ dene ingsun telu babar pisan │ yeka woh kuldi rasane │ banyu kayad ranipun │ kang cangkrama murba kawadis │ manusa nora bisa │ mobah mosik muwus │ jumenengnya pancandriya │ saking tirtamaya suryaningrat Jisim │ Gunawan Wibisana│
  26. │Barang apa katiban mosik │ budayeng tirtamaya luwih kuwat │ getih daging nora bosok │ napas jumeneng tulus │ kadum sanga midraweng jisim │ jamaknya dadya tiga │ jroning siji telu │ Sunan Benang nambung sabda │ heh ta Jenar pajarna sawiji-wiji │ cocoknya Jawan kitab│
  27. │Paran denya ngracut siji-siji │ satemene sun durung waskitha │ ngleksanani gawe │ prapteng telenging banyu │ kodrat sirna panulak silib │ temah nora kuwawa │ dibyeng kayad banyu │ Pangran Jenar mesem nabda │ layak kowe kelingan budining santri │ nistharda tanpa krama│
  28. │Nadyan bisa pasthi tuna luwih │ luput-luput korup panasaran │ weruh barang sarwa aneh │ sesotya mas umancur │ rajabrana boga mawarni │ jer pangertimu salah │ ngimpi kang kok gilut │ terkadang nora supena │ wus mangkono santri gundhul luru pokil │ bungah ana sedhekah│
  29. │Heh kabeh kang neng kene pra wali │ prastawakna pangracutingwang │ kodrat lawan iradate │ aja nganti tumpang suh │ akul mukmin saru yen mulih │ tan wun dadya pocapan │ yen kleru pamugut │ marma akeh wong sekarat │ kodrat durung sirna angen-angen menit │ purwane jempalikan│
  30. │Ana maneh sekarat macicil │ pandirangan jlalatan lir kampak │ yeka salah pangracute │ tandha wong durung tau │ anglakoni rasaning pati │ mulane wajib wenang │ wong sinau ngunjuk │ nginum dhewe nora bisa │ Wali mentah nginumi tanggane wasis │ poma aja mengkana│
  31. │Sunan Geseng nulya nambung angling │ sok makaten kakang Siti Jenar │ kathah wong klentu yen layon │ sasar kelantur-lantur │ pancandriya masih rumati │ pepak cangkrameng murda │ napasnya kagulung │ angen-angen wus rumangsa │ nadyan loncat banyu kayat dereng apti │ dadya manggya sarwendah│
  32. │Tamtu den anggep jana tunangim │ kerup karem angen-angen murtat│ │ kabudayane meh layon │ seneng donya tumuwuh │ cipta rahsaning pikir │ kuripan donya nikmat │ punika tyas buruh │ bujang kang dhemen klayaban │ tan amaksi tembe urip nora mati │ donya puniki nraka│
  33. │Leres kyai Jenar kula esthi │ sojar tuwan mutakad mukminkas │ sayogya dadya pangilon │ tar kumasi wallahu │ donya campur Kawula Gusti │ kawulane neng swarga │ Gusti neng nraka gung │ Pangran Jenar nabda sugal │ hus sireku Cakrajaya mukmin lamis │ yen nyata payo gesang│
  34. │Yen tan gelem sira sun jak urip │ bareng sadina iki heh Cakra │ tetela budimu remeh │ gumunggung karan jamhur │ waliyollah den aji-aji │ jinunjung winiwaha │ mring wong Buda cubluk │ yen gelem saiki sira  │ sun jak urip tetep mukminngil malahi │ tegese wruh Pangeran│
  35. │Kagyat Jeng Sunan Kalijaga maksi │ tetela trang Sunan Geseng Nedya │ mestu Jenar mutakade │ duka sadalem kalbu │ mring Ki Geseng sarwa netrandik │ tumungkul Cakrajaya │ wrin semuning guru │ deduka pasang sasmita │ harda getun Sunan Geseng tobat sarwi │ nangis mahywa swanita│

PUPUH VII
S  I  N  O  M

  1. │Warnanen kang lagya layar │ Seh Siti Jenar amusthi │ nutup nupus napas-napas │ panggulungnya rahsa muksis │ ngukut munggeng dimagi │ gyan kayad kayun munpakun │ pecat yayah cancala │ pleng pulastha Jeng Sitibrit │ wus tan kena kinira kacakrabawa│
  2. │Tetep pratelaning Kuran │ hidajakka ajalidin │ layatah kiru sangatan │ tegese rapal puniki │ tatkala prapteng pati │ tan darbe karsa samenut │ mengkono kodrattollah │ kang muktasbilla alatin │ tan ketara Ijrail angambil nyawa│
  3. │Gangsal uliya sung salam │ Jenar wus tanpa mangsuli │ tetela dadya susawa │ Jeng Benang ngandika aris │ mring Kalijaga yayi │ bangke bungkusen kang brungkut │ wali catur tumandang │ anggulung sekala tartib │ kawuwusa sabat Jenar catur siswa│
  4. │Kang munggeng sadalem langgar │ samya matur ing pra wali │ Kyai Bisana pangarsa │ heh wali wruha sun iki │ yun labuh guru mami │ neng kene barengan lampus │ Neng kana bareng gesang / puluh-puluh wus pinasthi │ kene-kana mati urip kumpul juga│
  5. │Payo santri saksenana │ kita nutup banyu urip │ ingsun uncat saking bathang │ yen wujud sipatulkadim │ kang langgeng jeneng urip │ lah tirunen panutupku │ reh sira wali majas │ lima pisan durung muklis │ gegurua patrapku nganyut kang nyata│
  6. │Heh Benang Kudus ki Jaga │ Modang Geseng kang nastiti │ pangukutku awasena │ supaya mirid sathithik │ ring Jenar guru mami │ kang putus pramaning indhup │ nulya sabat sakawan │ nepal made asta kiri │ ngayuh tirta maya plas dadya gusthika│
  7. │Sigra kabungkus sadaya │ nganggo wastranya kang lalis │ dadya bangke cacah lima │ Sunan Benang ngandika ris │ mring Seh Mlaya heh yayi │ jinasah gawanen metu │ bangkene Siti Jenar │ kewala sun gawa mulih │ katur naranata lawan Wali-sanga│
  8. │De catur sabat pasrahna │ wong kene kang darbe waris │ sarta yayi jarwanana │ tata silaning agami │ Islam mestu wong Ngarbi │ lah wahywakna mujijadmu │ supaya padha nrima │ patine wong papat iki │ anganangi dredah timbuling prakara│
  9. │De sabatmu kabeh padha │ dhawuhna tata mranti │ pante-swara dinggo gawa │ Mayid Jenar marang Masjid │ sandika Sunan Kali │ mahywa tata-tata matut │ piranti pante sawa │ sumapta pangupa kardi │ bangke Jenar medal dinunung bandhosa│
  10. │Sunan Benang Pangran Modang │ Pangran Geseng Kudus mijil │ saking langgar Sunan Benang │ mayid kagotong neng ngrasi │ kang wuri samya dhikir │ samantareng lelayu │ Jeng Mlaya teksih tengga │ bangke sabat Sitibrit │ animbali warisnya jalwestri priya│
  11. │Jeng Sunan Kali ngandika │ heh wong kene jalu estri │ iki mayid tampanana │ para warise pribadi │ aja getun sireki │ pasthi karsane Hyang Agung │ janji  ten kena owah │ saiki tekaning pati │ para waris samya pasrangkara arja│
  12. │Heh Seh Mlaya wruhanira │ sun suka tan darbe sedhih │ dene ing mangke wus gesang │ nora ingsun anututi │ seje budining santri │ grejegan nyawane jabut │ anggepe suka bungah │ yen awake dhewe suthik │ aneng donya papriman anggere gesang│
  13. │Nulya bangke tinampanan │ maring warisira sami │ catur  wus pinaripurna │ tan ana den sidhekahi │ gugu weling duk maksih │ warnanen layon kang mlaku │ kang kagawa mring Demak │ tansah puji samra dhikir │ wanci mahrib jujug srambi masjid Demak│
  14. │Pepak pra Wali-sanga │ Seh Maolana nabda ris │ heh kanca mukmin sadaya │ bangke punika prayogi │ kadunungna jro masjid │ reh tengadur wanci dalu  │ benjang enjang kewala │ paripurna lir kang wis │ bengi iki payo padha rineksa│
  15. │Lan ngenteni jebeng Mlaya │ sigra den angkat tumuli │ sinung made pangimaman │ tabelanya Seh Sitibrit │ tantara Jeng Sunan Kali │ prapta genira kautus │ bakda mahrib satata │ Wali-sanga ngreksa mayit │ Sunan Benang dennya lumaksana│
  16. │Mangetar oliya murtat │ Seh Lemahbang kang wus mati │ aturnya murwani dadya │ wasana titi lestari │ ring Jebeng Sayid Mahribi │ nglairken panrimanipun │ sarwi alon ngandika │ heh ta kanca benjing enjing │ angaturi Sultan panguburnya Jenar│
  17. │Ing mangke payo rineksa │ ngiras sunnat puji takbir │ mangkya bakda salat isa │ sedaya pra wali inggih │ lagyeca salad witri │ ana ganda marbuk arum │ merdu kasturi jebad │ lir minyak rum tanpa coli │ ngambar jroning masjid Wali-sanga kagyat│
  18. │Ngandika Seh Maolana │ heh kabeh sagung wong santri │ kang neng jro masjid metuwa │ mulih ywa na keri siji │ kejaba para wali │ sawiji aja na manthuk │ ngreksa kang mayit Jenar │ wusnya bubar santri-santri │ gya tinutup wiwara kinancing kabeh│
  19. │Mung kantun Wali-sesanga │ Maolana nabda aris │ heh payo kanca sedaya │ iki mayit den priksani │ paran wadine jisim │ de mawarda ganda arum │ merdu kagila-gila │ nulya krendha den ungkabi │ duk kapriksa bangke katon lir candrama│
  20. │Tur mawa wangkawa liwran │ menuhi sadalem masjid │ asor malading panjuta │ nuksmeng rina bra nelahi │ trangginas pra wali │ bangke lineggahken gupuh │ sadaya Wali-sanga │ manembah manguswa mahit │ tekweng jempol suku kacucup werata│
  21. │Gantya-gantya pangarasnya │ gya manjingken tarbla malih / nanging Jeng Seh maolana │ kipa-kipa tan marengi │ heh kanca-kanca mukmin │ mangke pamikir sun tuwuh │ yogya mahywaken srana │ akal dadya sintru lair │ kang supaya aja na kang kelu cipta│
  22. │Ring klakuwane si Jenar │ metu kramatnya linuwih │ Mlaya mahywakna pandhega │ dadya pangilon ing wingking │ si Jenar karsa mami │ sun kubur ywa na kang weruh │ neng ngisor pangimaman │ mujur ngulon ingkang rempit │ de jro tarbla becik liniru srenggala│
  23. │Jebeng Kudus ngupayaa │ kirik gudhig wengi iki │ sandika Jeng Kudus mentar │ Wali-sanga kang neng masjid │ karya kaluwat dadi │ jero jembar mamet ukur │ tantara Kudus Pangran │ pribadi ngupaya anjing │ kaleresan kirik kuru lorek abang│
  24. │Sajuga wus kaperjaya │ binakta manjing ring masjid │ katuju kluwat wud dadya │ binopong bangke Sitibrit │ Dening sedaya wali │ lineboken kluwat sampun │ inguruk wus sampurna │ warnane kirik kang gudhik │ sinung tarbla tinutup payah gusthika│
  25. │Rineksa sadalu natas │ ring Wali-sanga byar enjing │ bakda subuh pra ulama │ mijil lenggah ing surambi │ prapta sagung wong santri │ wruh kabar Jenar kapikut │ sumahap pira-pira │ rare gung alit wus prapti │ nadya nonton  peputusaning prakara│
  26. │Plataran masjid lir pasar │ tumulya Kangjeng Mahribi │ ngandika mring pra uliya │ gangsal kang lumakyeng tuding │ amundhi nawala Ji │ wasesa mikut Seh Lempung │ rehning wus kaleksanan │ karsanya kinen tur paksi │ sa-anane prakara kang wus kalampahan│
  27. │Heh Jebeng Benang Seh Mlaya │ Pangran Modang Kudus nuli │ Geseng mlebuwa mring pura │ tur uning srinarpati │ sandika kang sinung ling │ gangsal lumaksana gupuh │ tantra prapteng wiwara │ ing Danapratapa manjing │ amarengi Kangjeng Sultan siniwaka│
  28. │Punggawa gung alit pepak │ Bupati panewu mantri │ tuwanggana kawireja │ kesaru ulama prapti │ dumrojog tanpa wigih │ kagyat Narendra jog tumrun │ saking sana sewaka │ ngacarani gangsal wali │ samya tata lunggyeng ngarsaning kyapatya│
  29. │Sri prasistheng ampar-rukma │ wusnya karamaning ulami │ Jeng Sunan Benang ngandika │ heh jebeng srinarpati │ sun kanca lima uwis │ mituhu dhawuhing ratu │ ngampil sastra-wasesa / mring Seh Lemahbang wong mesrik │ wus sun gawa nanging padhem reh tan arsa│
  30. │Temah mangke neng  bandhosa │ samangkya taksih neng  masjid │ dumunungira pantesawa │ dhawuhnya Kangjeng Mahribi │ Sultan enggala prapti │ paring kurmat jujug kubur │ pangluwarnya si Jenar │ Jeng Sultan sandika inggih │ nulya tindak patih pangulu lan jaksa│
  31. │Prapteng natar srambi para │ ulama tumrah ngurmati │ Sultan lenggah saha wadya │ nulya sesalaman wradin │/ wusnya so Seh Mahribi │ ngadika Sultan wruhamu │ panguburnya Sitibang │ sun petak sadina iki │ aneng kulon masjid kumpul pra ulama│
  32. │Jeng Sultan biyantu karsa │ tarbla gya binekta mijil │ para santri cukat ngangkat │ sumeleh samade srambi │ nata patih darbyapti │ kabuka yun wrin kang wujud │ tutup krendha den angkat │ kagyat narendra pra mukmin │ duk nupiksa jro krendha bathang srenggala│
  33. │Gudhig kuru lorek abang │ sadarpa ngungun ing galih │ kabeh santri tebah jaja │ santosane gama Ngarbi │ wong mukir dadya kirik │ dipaning kusuma dhawuh │ wreka jroning tarbela │ kinen gantung madyeng margi │ perapatan supaya dadya paesan│
  34. │Nata dhawuh juru-sastra │ karya ondhang-ondhang maring │ siswantara Pulo Jawa │ kabar sajarwa weradin │ mindraweng bumi-bumi │ tirah cakrawala kemput │ wus yayah Serat Babad │ sandika empu jru tulis │ tan antara dangu dadya sang nawala│
  35. │Kanan kering srat katandhan │ gambar sastra dwi nudingi │ mengkana tembayeng ondhang │ awit kang asma Narpati │ Sultan Penatagama │ Bintara mandhireng kratun │ ing Jawa lan ing Sundha │ wus myarsa turnya pra mukmin │ paring dhawuh sarupaning bangsa Jawa│
  36. │Tan kena nyampah Agama │ memaoni ngisin-isin │ kaluhuraning dat-mulya │ myang panembahing Hyang Widdhi │ prapteng kiyamat benjing │ tumindak tan kena lebur │ sing sapa wong kang murang │ sarengat Rasulullohi │ bagya antuk kisas adiling prajarja│
  37. │Lan dhendhane dat kang mutlak │ kang sarupa Seh Sitibrit │ murud layang jisim dadya │ asu abang lorek gudhig │ ingkang kagantung iki │ Pangran Jenar warninipun │ titi srat ondhang-ondhang │ katandhan Jeng Sribupati │ Sultan Alif Panatagama Bintara│

PUPUH VIII
ASMARANDANA

  1. │Tumindak karseng narpati │ dennya gita serta ondhang │ sona cinancang gulune │ neng luhur margi prapatan │ katemplekan srat ondhang │ supaya akeha kang wruh │ dumadya kaca benggala│
  2. │Ing tembe ywa na kang mirib │ klakuwanira Seh Jenar │ marang sarengat maido │ kang gumlar narik sutama │ semana wus werata │ kasub kasumbageng catur │ Jenar mati dadya sona│
  3. │Midraweng rat nyakrawati │ mancapraja desa-desa │ alas gunung wrata kabeh │ wus dangu antaranira │ bathangnya sona abang │ mudhun wus kanpundhut wangsul │ sinung jroning krendhasawa│
  4. │Dhawuh kinibur lir mayit │ pratistheng kulon Mukaram │ tanpa kurmat pangubure │ semana wus paripurna │ kuburnya Siti Jenar │ bangke ingkang dadya asu │ neng kulon masjid gonira│
  5. │Rampungnya pangupakarti │ pangubure sona abang │ Jeng Sultan sapunggawane │ pepatih pangulu jaksa │ nulya nata ngadhatyan │ pra punggawa bubar mantuk │ warnanen muridnya Jenar│
  6. │Sajuga lagya ngon kambing │ wasta Ki Luthang Semarang │ mireng tumularing wartos │ yen Pangeran Lemahbang │ sedane dadya sona │ kagantung prapatan lurung │ pandhegane Wali-sanga│
  7. │KI Lunthagn ngartikeng galih │ iyatalah guruningwang │ kinarya tontonan ngakeh │ keneng krenahing musibat │ santri gawe kiyanat │ supaya ngelmune payu │ ngala-ala kawruh liya│
  8. │Sajeg jumbleg sun durung wrin │ jalma mati dadya sona │ mung akale santri bohong │ ragane dhewe sampurna │ mring kerat gawa bathang │ ciptane mring sawarga gung │ nemu barang kanikmatan│
  9. │Lumrah banget santri niship │ nistha lakuning pralaya │ ginawe mulang muride │ kang kranjingan nganti ngedan │ ngarep=arep swarga │ endi nyataning swarga gung │ yen satri semaya benjang│
  10. │Besuk nek wis tekan pati │ bisa temu Allah │ aneng swarga panggonane │ widadari ewon jaga │ kang mengkono ulama │ dikon dumuk embuh mau │ iku wali ngayawara│
  11. │Yen saiki durung uning │ besuk maneh yen weruha │ kang nora ana nyatane │ nadyan santri bisa pana │ manggon neng nur Mukammad │ ana santri manjing suwung │ wang-wung kang kaya wong nendra│
  12. │Ananing ngadebun dambi │ brutune dhewe suwarga │ ana manjing jagad kiye │ kang kothong dadi hurara │ saweneh manjing rahsa │ nyawa wahya saking kakung │ manjing kasapah narendra│
  13. │Dalane wus den liwati │ lembut sungil dadya bocah │ mimil saking ratu gedhe │ apese jumeneng Pangeran │ bagya sumilih nata │ kang saweneh santri kampung │ utak dinalih│
  14. │Ana maneh santri ngemis │ patine anuju badan │dadya samrica gedhene │ metu saking githokira │ jing ring ula-ula │ ana nuksma alam nukus │ ana manjing Darussalam│
  15. │Seje kaya guru mami │ Seh Siti Jenar mukmin kas │ mutakat tur yan lapale │ maksi panggonan pralaya │ tan ingan ratrinira │ antamutu kablamutu │ sayujadu ngalimullah│
  16. │Ngukut sarana pribadi │ mring kamuksan wus partiknya │ nyatane ing kana kene │ ngelmune agal ngalela │ siswa winejang  cetha │ gampang pangestining maut │ terus terang padhang nrawang│
  17. │Sun iki Lunthang Semawis │ kalebu muridnya rucah │ tinimbang santri moncol │ sanadyan waline pisan │ sayekti durung eram │ ana wali tikel satus │ payo ngadu kasantikan│
  18. │Ki Lunthang nulya mring masjid │ tantra dangu laksitanta │ prapta tratak srambi ngopres │ dlajigan ambanda tangan │ ngalor-ngidul rang-erang │ mring jenenge Wali-Kutub │ miwah mring pra santri sabat│
  19. │Waktunya Lunthang dremimil │ wali maksih lenggah atap │ kathah muridnya wredha-anom │ mabukuh sumiweng  karsa │ wruh Lunthang tanpa krama │ akeh para santri ngungun │ angira janma kunjana│
  20. │Nulya Jeng Mulana Mahribi │ ngandika ing Sunan Benang │ lah apa dulunen jebeng │ wong ngungkak silaning krama │ tur mangerang uliya │ Sunan Kali nembah matur │ punika sabatnya Jenar│
  21. │Wasta pun Lunthang Semawis │ kang harda yayah kunjana │ denira ngrusak krahayon │ nguman-uman Wali-sanga │ ngunggulken Seh Sitibang │ Jeng Mahrib ngandika arum │ heh ta Benang timbalana│
  22. │Apa ta ingkang kinapti │ wong ngrusak harjeng pranata │ kang wus gumlar ing rat tinon │ lawan malih takonna │ Sunan Benang sandika │ gya marek janma kang muwus │ mengkana pangandikanya│
  23. │Heh sira Lunthang Semawis │ angecepres paran karya │ trang wuwusmu tanpa gawe │ malah nyuda tentremira │ luput-luput srinata │ antuk pidananing ratu │ lah Lunthang sira linggiha│
  24. │Ingkang liningan gya linggih │ kaleres jajar Seh Dumba │ neng surambi marep ngulon │ jegang Lunthang tanpa krama │ lir silaning pranata │ Seh Malaya ngandika rum │ heh jalma sireku sapa│
  25. │De lebur yudaning urip │ kang tinanya pasrangkara / heh heh dene pangling kowe │ nguni wus kumpul lan ingwang │ keplek gimer yen kalah │ angon ulat mubeng braung │ mangke wus dadya ulama│
  26. │Bingen aranmu Den Sahid │ anake Dipati Tuban │ mankya dadya santri gedhe │ aran wali alul ngilma │ silaning Gama Arab │ layak kowe ring sun tambuh │ wasta Ki Lunthang Semarang│
  27. │Muridnya Pangran Sitibrit │ masih blilet durung muksa │ rapal wulang durung entek │ nanging pamikirku lawan │ uliya nora eram │ angadu diguna kawruh │ mati-urip kanyata-an│
  28. │Seh Dumba sumambung angling │ heh Lunthang praptanta paran ing kene │ wuwusmu ngopres │ ngungkak leksaning tata │ muwus lir balang udan │ tan kocathet wahyweng wuwus │ nora wurung dadya wisa│
  29. │Semak wandane pribadi │ sebak panglu saking tinggar │ Lunthang bok iya aja mangkono │ sun tangguh dudu wong edan │ nora angowel badan │ jamak lakuning tumuwuh │ kudu rumakseng sarira│
  30. │Sasat ngratoni Hyang Widdi │ ngratoni donya akerat │ temah ko alani dhewe │ mangka wicaraning miptah │ waman ngarapan anas │ pakat ngarap parabahu │ sing sapa wruh ing sarira│
  31. │Temen-temen wruh ing Widhhi │ wong taklim sapadha-padha │ ngurmati awake dhewe │ sapa pamrih kaluhuran │ ngluhurna awak liyan │ kale sira ngrusak hayu │ nglebur jamaking manungsa│
  32. │Yen wong nedya luru becik │ abuwanga kabecikan │ kang sekadar samurwate │ met panimbang wajib wenang │ ywa tinggal kira-kira │ duga wataraning idhup │ mengkono jenenging gesang│
  33. │Dene wong yun darbe elmi │ aja pedhot pamrihira │ Kitab Akait warahe │ mengkono tembayeng lapal │ anal ngilma matluba │ maklum tegese puniku │ wong yun elmu ngupaya-a│
  34. │Kang mangka sireku musrik │ nora pisan ngalap dalan │ kang kanggo ing kana-kene │ sira mestu Pangran Jenar │ patine wus sira dadya asu │ wus ilang tinggal pocapan│
  35. │Ki Lunthang sumambung wengis │ hus kowe tekad warokan │ ngalor-ngidul adol goroh │ nuturi wong Buda desa │ donya ana Hyang Suksma │ singa krungu anut gemblung │ mestu ujarmu nyarkara│
  36. │Endi ana Mahasuci │ ing donya-akerat sonya │ ingkang ana ingsun dhewe │ setun benjing uripingwang │ pribadi tanpa rowang │ lah ing kono datollah-hu │ pepasihan dadya kita│
  37. │Reh sun mati sun wastani │ jaba-jero sapunika │ kang jro uripku ing tembe │ jaba pati sapunika │ lah Dumba rasakena │ aja gugup sira rengu │ pandheganing Wali-sanga│
  38. │Sun wus mlaya jajah gemi │ Aprikah Cina Welanda │ Alupuru wong Hotentot │ Hindhu Butun gama Buda │ bangke mulih wreka bang │ yeka sadarpa tan gugu │ tetep pra wali duskarta│
  39. │Kang mangka ujaring dalil │ Kuran gegandhulaningwang │ tembunging lapal mengkene │ munpakun nganil mayita │ ramimun pituraba │ tegese pecating idhup │ mayit bosok dadya kisma│

PUPUH IX
PANGKUR

  1. │Getun ngungun pra uliya │ kang neng srambi wrin Lunthang denirangling │ memancah Agama Rasul │ kang gumlar narik tama │ samya jetung wali sedaya gegetun │ priksa muridnya Seh Jenar │ kang wasta Lunthang Semawis│
  2. │Nulya Jeng Benang ngandika │ heh la Lunthang sun antep sira, mangkin │ nglakonana sujud rukuk │ ing reh dinil mustapa │ anandhani rukuning Islam lan santun │ mila kudu tumindak kas │ temtu sira dadi wali│
  3. │Sun sakanca kang misudha │ anggenteni gurumu Seh Sitibrit │ nanging rinten ratri kudu │ nglakoni waktu lima │ yen Jumungah nglakoni ring masjid makbud │ anjunjung dat Rabullalam │ malikul ing donya-akir│
  4. │Sira karan wali tama │ kang sinihan dening Hyang Mahasukci │ nanging wrat patukunipun │ sedyambeg paramarta │ sabar rila ing donya mangajab hayu │ yeka wong dadya ulama │ sun wetara sira bangkit│
  5. │Nglakoni santa derana │ gumyah sagung wali jumurung amin │ samya mupakat biyantu │ Ki Lunthang kipa-kipa │ kirig-kirig getem-getem sarwi muwus │ heh Benang yen ingsun sagah │ keneng begalaning pati│
  6. │Pira lawase sun pejah │ aneng donya klorehan dadya wali │ ingkang saben dina bujuk │ ngapus nyudel manungsa │ sun wong Islam ing tembe urip tan layu │ kinon salat limang wekdal │ sun iki dudu wong kapir│
  7. │Ring masjid saben Jumungah │ jengkang-jengking manembah suwung sepi │ yen wejanganing guruku │ Sitibang marang kita │ wong sembahyang nora pedhot rinten dalu │ he Benang weruhanira │ wahyweng napas dadya puji│
  8. │Lebune napasku salat │ reh pangucap pamyyarsa lan ningali │ kinen awas ing pandulu │ yeka salat manira │ ingkang langgeng sajroning kita layu │ ananging maksih kiniyas │ mengkono satengah kapir│
  9. │Yen bijaksa nawung kridha │ tanpa karya wong nembah rabulngalim │ jer donya tana Hyang Agung │ rehning rumaket bathang │ nadyan den cet kemalo tan wurung lebur │ mumur mor lemah makaman │ paran goningsun ngaosi│
  10. │Yen jarwane Seh Sitibang │ wong sembahyang tan antuk mrika mriki │ nek katekan lara bingung │ yen turu yayah bujang │ lamun mlarat jaluk sugih nora entuk │ lwih maneh lamun sekarat │ jlalatan kadhang macicil│
  11. │Saking sungkan ninggal donya │ kang mengkono wong gendheng maring pamrih │ prandene santri kepaung │ dhikir pan api isbat │ nganggit-anggit narupaken datullahu │ nuli ana rupanira │ iku den anggep Hyang Widdhi│
  12. │Apa iku dudu sasar │ pratandhane ciptane nora panggih │ prandensun kinen amakbut │ salat karya sarengat │ yen Jumungah maring masjid pating kranthuk │ memuji Pangeran sonya │ dede ngrika dede ngriki│
  13. │Ingsun kinon makbudullah │ den apusi arsa den angkat wali │ mung ngaluyur adol catur │ luru wuduk rasulan │ babon putih bumbu lembar cekoh muluk │ sengadine nora mangan │ keh iku ratuning kidib│
  14. │Bok aja mengkono Benang │ wruhanmu ing donya iki pati │ kang akerat jeneng idhup │ langgeng tantara masa │ keneng godha sing sapa wong seneng layu │ rumaket swarga neraka │ panas perih ngolak-ngelih│
  15. │Jeng Mahribi Maolana │ nambung sabda he kanca-kanca mukmin │ wis aja kakehan wuwus │ bab si Lunthang Semarang │ mung tarinen bae apa sedyanipun │ sandika para ulama │ Sunan Ampel ngandika ris│
  16. │Marang Ki Lunthang Semarang │ heh ta Lunthang  sira ingsun takoni │ rehning gurumu wus mantuk │ mring jaman kauripan │ mangka sira Lunthang aneng kene layu │ lah apa ta nusul sira │ ingkang ngater para wali│
  17. │Ki Lunthang gumuyu latah │ tanpa karya wuwusmu marang mami │ wong nedya mulih ten ewuh │ yen murid Siti Jenar │ gampang bae sadurunge wus kacakup │ kene wruh rasane kana │ kana wruh rasane ngriki│
  18. │De sira nari maringwang │ jeneng pati sakarsanengsun pribadi │ urip nganggo sakarepku │ bab kondurnya Seh Jenar │ ingsun nedya labuh bebarengan idhup │ kang wus tan kacakrabawa │ sedhela mengko sun mulih│
  19. │Mung perluku mrene iya │ yun sidhekah pitutur mring pra mukmin │ ywa isin ngalap turuku │ cacah telung prakara │ kang sapisan aja nindakake apus │ kang ninggal duka watara │ mundhak den geguyu wingking│
  20. │Kang kapindho aja sira │ ngrusak barang tinggalan barang dhingin │ kayata rontal sastrayu │ tulis-tulis neng sela │ kayu watu patilasan ywa kalebur │ wruhanira bangsa Jawa │ Budine tan bisa enting│
  21. │Kang kaping tri bok menawa │ kowe rujuk buwangen mesjid iki │ sirnakna sarana latu │ sun owel turunira │ nora wurung tembe kanut mendem kulhu │ edan kedanan mring Allah │ nganggit-anggit nora panggih│
  22. │Kana-kana nora ana │ temah santri manut mangeran budi │ angen-angen Hyang Agung │ lir Prabu Brawijaya │ tembe ana santri kang mangeran bumbung │ galih kangkung wuluh wung wang │ suwung wang wung klowong angin│
  23. │Iku dinalih Pangeran │ kang nguripi antara bumi langit │ ana maneh santri bingung │ napas den anggep Allah │ mlebu metu amemuji dhewekipun │ luwih maneh tembe ana │ asnamning Allah pinuji│
  24. │Jaman iki Wali-sanga │ akeh asma pinangeran ting jerlih │ neng masjid kabeh kancamu │ tur nora wruh Pangeran │ yen wong kapir Pangerane bisa weruh │ wangsul met wewaton Kuran │ Allah tan mruhi wong muji
  25. │Allah tan kena sinembah │ cecek bae lan guruku Seh Abrit │ rujuk Kuran jarwanipun │ mokal sira tan wikan │ mangibadal lahuduna lasma kupur │ tegese wong nembah Allah │ yen dudu asmallah kapir│
  26. │Waha mangibadah lasma │ dunnalmakna panana haya lir ning │ wong nembah asma tan wujud │ temen-temen kacegah │ marma poma sira ywa kedawa palsu │ rucaten masjid punika │ jer sira gadha sesiwi│
  27. │Nurunken terah tumerah │ yen kebanjur turunmu tekeng akir │ tan wurung akeh kang kumprung │ wedi ring Gusti Allah │ wani marang pangwasa pranateng ratu │ bubrah rusak akeh nasak │ ruwed tataning Agami│
  28. │Wus sun ringkes jarwaningwang │ panedyaku yun nusul guru mami │ sanadyan urip tan pangguh │ pati budiku tunggal │ lah ta payo tontonen derengsun mantuk │ yen wus mulih salinana │ bangke sakarepmu dadi│
  29. │Kadhal kodhok rase luwak │ kucing kuwuk kang gampang lehmu sandi │ upaya sadhela antuk │ wangsul sinantun gajah │ sun pestheken sira nora bisa luru │ reh Tanah Jawa tan ana │ gya Lunthang manjing jro masjid│
  30. │Jujug ngimbar pangimaman │ para wali maksih keri neng srambi │ sang Lunthang trangginas mungguh │ tirtaning kang nirmala │ wus munpakun kayatu donya munpakun │ yayah lir kilat tas ilang │ gumilang-gilang kang mayit│
  31. │Kagyad wali kang neng jaba │ dupi swara gumebrug kapiyarsi │ nulya sadaya lumebu │ wrin Lunthang wus palastha │ samya gumun sadaya ulama ngungun │ rikatnya endraning laya │ gya bangke kabekta mijil│
  32. │Ibut santri kang tumandhang │ karya kluwat neng daganya Sitibrit │ dupi pangupakara wus │ sawa Lunthang den angkat │ wus pinethak lir caraning uwong layu │ bubaran para uliya │ kondur kasaput ing wengi│

TITI TAMAT INGKANG SULUK 

@@@

KAPITAYAN JATI


Karipta dening :
Drs. Chunaidi Soleh Masrum 

DHANDHANGGULA

  1. Amiwiti sekar dhandhang endhisa, angleluri ciptaning Jeng Sunan, kalijaga kang asmane, amurwa kani iku, piwulang kapitayan jati, tedhakan pangriptanya, Bisri Musthofa gung, nama Rowihatul Aqwam, anggennya paring gampil amangertosi, mring Aqidatul Awam.
  2. Slawat salam kunjuk Kangjeng Nabi, janma linuwihing sasama, anggenna nyawijekake, Gusti Allah puniku, raharja katetepna mugi, sakehing pra krabatnya, myang pndherek tuhu, margining agami nyata, sanes margining kang nalisir sami, kanthi pitaya bid’ad.
  3. Sun wiwiti nyebut asma Gusti, kang paring welas asih kawula, kang langgeng kebagusane, mangka memuji ingsun, maring Allah kang sipat Qadim, nora purwa wusana, ingkang langgeng iku, datan gingsir nora owah, mula sira padha mangerteni kaki ing kapitayanira.

KINANTHI

  1. Sigeging pambuka niku, ginantos sekar kinanthi, anggitaning Wali Sunan, Giri ing dhusun Geresik, Jaka Samudra alitnya, Raden Paku sami ugi.
  2. Temen sira padha weruh, sipating Allah kang wajib, cacahing ana dwi dasa, kang wajib den mangertosi, sipat ingkang wus tetepa, datan kena den selaki.
  3. Allah ingkang dzatNya Wujud, tegese “Ana” kang sayekti, datan wonten amuraka, inggih nama sipat Qodim, sipat Baqok salajengnya, tan wonten kanfg angakhiri.
  4. Lan sipat Mukhlafatu, Lil hawaditsi kang werdi, datan sami maklukNya, Qiyamuhu binafsihi, dzat kang jumeneng diriNya, adeg mring dhiri pribadi.
  5. Myang sipat Wahdaniyatu, sawiji saha ngijeni, salajengnya sipat Qodrat, makna ingkang nguwasani, Irodat werdinya kersa, sipat ilmu angawruhi.

MEGATRUH

  1. Agantos salajengnya pupuhe megatruh, inggih kang karya puniki, Sunan Mas Pratikal Ratu, ugi nama Prapen Giri, nglajengaken caos ngertos.
  2. Mutakaliman dzat ingkang paring dhawuh, inggih ingkang amungkasi, sipat dwidasa rumuhun, wajib kita angawruhi, supadya teguh ing batos.
  3. Kawruhana ugi sipat jaizu, Allah wenang ing sayekti, kalamun paring bebendu, iku krana sipat adil, paring ganjar iku fadhol.
  4. Hayat gesang Samak tegesnya angrungu, Bashor liripun miarsi, Kalam maknanya adhawuh, Qodiran dzat nguwasani, Muridan puniko artos.
  5. Dzat ingkang ngersakaken Aliman niku, dzat ingkang amirsani, Hayyan dzat kang midhangeti, dzat kang miarsi Basiron.

ASMARADANA

  1. Kasmaran mring para nabi, sinartanana nyekara, asmaradana pupuhe, Jeng Sunan Giri kang karya, ing samangke punika, amicara sipat Rasul, wajib dalah mustahilnya.
  2. Catur sipat ingkang wajib, Fathonah werdinya limpat, Sidiq punika temene, Tabligh paring pawarta, inggih wahyuning Allah, sipat amanah puniku, temen-temen pinercaya.
  3. Dene sipat mustahili, werdinya asipat datan, Baladatun iku purwane, cubluk puniku tegesnya, Kidzbun puniku dora, Kitman nyingitaken iku, khiyanat alampah cidra.
  4. Pra muslim kang sejati, den wajib kalamun pirsa, pacadasa wilangane, dwidasa wajibing allah, dwidasa mustahilnya, sifat wajib nabi catur, catur ugi mustahilnya.
  5. Dene cacahe sipat jaiz, tumrapipun Gusti Allah, satunggal kang wilangane, sipat jaiz Roasulullah, inggih naming satunggal, kados dhahar ugi ngunjuk, nggih sipat janma sawantah.

SINOM

  1. Den eling heh pra kanoman, maring kidung sinom iki, Sunan Giri ingkang karya, minangkanya anyarengi, Nabi Rosul kang name, lawan den wilis selangkung, kang wajib kinawruhan, tumrap para muslim sami, Nabi Rosul pradaning sagung janma.
  2. Baopa Adam ingkang purwa, salajengnya Nabi idris, Nuh Hud Sholih salajengnya, Ibrohim Lud lan Ismail, Ishaq lan Y’kub nuli, Yusup Ayub Syueb Harun, Musa Dzulkipli Yasa’, Dawud Sulaiman nuli, Ilyas, Yunus, Zakariya Yahya Isa.
  3. Sae ugi kawruhana, kang sinebut ulul azmi, gesnya ageng ing rubeda, nggennya sami anemahi, Muhammad kang sawiji, Ibrahim Musa Isa Nuh, Rosul Nabi lelima, tansah rineksa mring Gusti, pantes tinuladha tumraping umatnya.
  4. Nabi kita Muhammad, pungkasaninfg Rosul Nabi, data nana nabi liya, kalamun sira miyarsi, kang ngaken-aken nabi, yekti iku nabi palsu, mula den singkirana, satemah anyilakani, mring ngagesang kita akherat lan donya.

DURMA

  1. Sekar durma kang badhe prapta punika, yasa Makdum Ibrahim, nggih Jeng Sunan Bonang, ingkang sampun kaloka, anggenipun olah ringgit, kinarya dakwah, Islam ingkang agami.
  2. Wilangan malaikat iku sadasa, kapisan nama Jibril, Mikail kapindhonya, Isrofil salajengnya, Izzroil Munkar lan Nakir, Roqib atid lan, Ridwan kalawan Malik.
  3. Sekar durma kinarya ambabar nama, pra malaikat suci, samya makarya datan, kasinungan ing pakarti, dhahar lan nendra, tan bapa biyung ugi.

PANGKUR

  1. Sekar pangkur kang winarna, Kanjeng Sunan Muria kang yasani, Raden Prawata satuhu, minangka ingkang asma, anyartani nama-nama kitab Rosul, ingkang captur wilangannya, minangka pandaming janmi.
  2. Poma-poma tan sawala, kang jinejer ing kitab para nabi, tansah sami setya tuhu, anindakaken printahnya, murih tebih saking lampah kang binendu, ing pangajab gesang mulya, lahir dumugining batin.
  3. Sapisan kitab Taurat, pinaringna Musa ingkang nabi, Kapindhonya kitab Zabur, Nabi Dawud kang nampa, kitab Injil maring Isa kang katelu, caturnya kirab Al-Qur’an, Muhammad ingkang terami.

MASKUMAMBANG

  1. Sinareng sekar mas kumambang niki, Maja Agung Sunan, pangriptaning sekar niki, arsa asung pariwara.
  2. Kalamun sintena ingkang amakarti, ing lelampahira, dating kadurjanan yekti pinaringan siksa nraka.
  3. Mila dumateng pra umat muslim sami, ambudi daya, ing lampah ingkang utami, tebih king lampah culika.
  4. Wontenipun dinten qiyamat ing benjing, tan bisa sawala, dateng sedaya pakarti, yekti den katiti pirsa.
  5. Allah ingkang sampun aparing cecawis, sinten kang makarya, ing kesaenan sayekti, pinaringan swarga loka.

M I J I L

  1. Kekidungan sekar mijil niki, Kanjeng Syekh Nurullah, mila minangka kang pangriptane, nggih sinebut Sunan Gunung Jati, kinarya ngertosi, Muhammad kang Rosul.
  2. Eyang asma Abdul mutholib, bapanya Abdulloh, Aminah Zahroh ingkang ibune, Halimah Sa’adiyah kang nyesepi, kutha Mekah lahir, Madinah alayu.
  3. Nabi Muhammad den utus yekti, aparing pangertos, mring umat manungsa sedayane, samya nuju ing lampah utami, gegulang ing budi, pakerti kang luhung.

P U C U N G

  1. Sekar pucung ingkang ngripta Sunan Gunung, Jati ingkang asma, lahir wonten nagri Pasai, wafat dateng Cirebon dusun Astana.
  2. Mango wangsul carios Muhammad Rosul, yuswa swidak tiga, warsa anggennya palastri, tampi wahyu ing yuswa sekawan dasa.
  3. Putranipun pitu cacahipun, kakungnya tiga, ingkang sekawannya putrid, dene kita kedah pirsa ingkang asma.
  4. Qosin iku ingkang asma bajengipun, myang Sayid Abdullah, putra kakung kaping kalih, Ibrahim putra ingkang kaping tiga.
  5. Putrid nipun sekawan sedayanipun, Zaenab kang asma, bajengipun ingkang putrid, kang kalihnya asma Sayidah Ruqoyah.
  6. Ummu Kaltum putrid kang katiganipun, jangkepnya sekawan, Siti Fatimah kang name, mugia Gusti Allah paring nugraha.
  7. Garwanipun wonten sanga cacahipun,kang katilar seda, ibunipum pra mukmin, mugi tansah pinaringan beja mulya.
  8. Aisyatun ingkang sapisanan, kang kapindo Khofsah, salajeng Saudah nuli, Shofiyah Maimunah Zainab Romlah.
  9. Nama Hindun kaping wolu jangkepipun, Juwariyah sanga, sadaya dipun ridhoi, dening Allah Gusti ingkang Maha Kwasa.
  10. Khadijatun garwa kang paling rumuhun, nalikane seda, taksih sugeng Kanjeng Nabi, panyengkuyung dakwah Nabi kanti dana.

G A M B U H

  1. Mungkasi sekar gambuh, nggennya caos pangertosan iku, kapitayan tumrapiun para muslim, ing pamrih sami atuhu, anuladha Rosululloh.
  2. Ing riwayat rmuhun, nalikaninfg sungkawa ing kalbu, kang kasandhang ing oanggalihnya jeng Nabi, paman lan garwa alayu, Allah paring isrok Mi’roj.
  3. Isrok lampah ing dalu, Mekah dugi Baitul Maqdisu, wondene kang ingaran Mi;’roj puniki, minggah langit lapis pitu, sareng Jibril nitih Buroq.
  4. Nabi atampi dhawuh, sholat wajib gangsal siang dalu, Subuh Dhuhur Asar Isak niki, den estokna kang satuhu, minangkanya unjuk bektos.
  5. Sinten kang sami tuhu, lampah sholat genep gangsal wektu, pesthi pinaringan nugrahaning Gusti, tinebihna ing bebendu, ayem tentrem lahir batos.
  6. Kanthi muji Alhamdu, Lillah Robbil Alamin tumuju, amungkasi kidung piwucal puniki, sinarengan anyenyuwun, dados muslim kang sayektos.

@@@

PUSTAKA RADJA MANTRAYOGA


Kiriman dari
Sdr. Jebalkober
Email : jebalkober@gmail.com 

Saka kitab ilmu-ilmu kasekten gaib 

SANG HARUMDJATI

 Kaecap kaping VI 

SB 

TOKO BUKU “SADU-BUDI” SOLO

 Penerbit “KANGAROO”

ISINE PUSTAKA

1. Soroging kori alam gaib.
2. Kasekten iku bisa tumeka kalawan cara kapriye ?
3. Sakti mandraguna.
4. Kalawan cara kapriye bisane nuwuhake kekuwatan ing ilmu kaluwihan (-Hikmah).
5. Tapa – yoga.
6. Ilmu cipta.
7. Kawigaten kang prelu ing dalem kasutapan.
8. Sirikan-sirikan kang prelu ing dalem kasutapan.
9. Maluyakake sakehing lelara kalawan kekuwatan gaib.
10. Ilmu maluyakake saka kadohan.
11. Ilmu maluyakake dhiri pribadi. 

@@@@@@@@ 

I
SOROGING KORI ALAM GAIB

Lumrahe kita pada ngarani mujijad, tumrap marang samubarang prakara kang kita ora bisa nerangake, utawa ora mangreti sabab sababe.

Dhek nalika lagi miwiti gawe dalan trem antarane secang lan Pingit iya iku terusane dalan saka Magelang menyang Bahrawa ing kono  ditindakake dening wong-wong kang padha nyambut gawe ora kurang saka 2000 bebau lan 50 mandor bangsa warna-warna sarta dilurahi dening sawijining bangsa manca aran S. Saben saben ana rerusuh kang kadadiyan, iya iku anane para mandor dikeroyok dening bebaune nganti akeh para mandor kang banjur dirawat ana ing rumah saking saben ana kadadiyan mangkono iku sanalika uga banjur sirep manawa lurah S mau nekani kalawan nguwuh uwuh kanthi wara wengi wis tau kelakon ana atusan bebau padha rerubungan ana ing ngarepan omahe lurah S metu ing sanalika kono swara ribut mau banjur sirep tanpa sabawa.

 Lurah S banjur cucul klambi karo ngungalake dhadhane sarta nantang para bebau mau supaya ngajoni dheweke nanging wong samono iku ora ana siji-sijiya kang wani cumuwit bareng digetak dening lurah S

wong samono mau banjur padha bubaran. Pira pira lurah bangsa manea arep tiru tiru nandakake patrap kekerasan kang kaya mangkono tumuju marang para bebaune, ananging uwohe malah dadi kosokbali saka sedyane dheweke malah banjur dilabrag dening para bebaune nganti setengah mati.

 Akeh wong kang padha gumun banget andulu marang lurah S enggone anduweni daya prabawa kang samono kuwate akeh wong kang ora uwis-uwis pangungune mangka salugune gampang bae enggone nyumurupi sababe iya iku lurah S pancen sakti dheweke anduweni cecekelan ilmu kang anggedegake prabawa, iya iku daya gaib kang metu saka ing badane.

Pira pira kadadiyan kang ngagumake satemene pancen akeh banget yen ditulisi kabeh bisa ngebak ebaki isine buku iki, nanging sawijining conto bae kaya kang kasebut ing dhuwur iki mau layak wis cukup kanggo nyatakake yen sawijining ilmu kang wis ditapani nganti gentur pancen ora kanggo dembranan.

 Kaya kang wis kasebutake ing dhuwur mau, saben prakara kang gaib wong wong banjur ngrasani kalawan gampang gampangan “mujijad” awit saka carane kadadiyan kalayan peteng iya iku kang ora gampang diterangake. Ing mangka uga bab kang gaib iku kalebu golongane kawruh ilmu alam kang ora kasumurupan.

“Kasekten” utawa ilmu gaib kena uga disebut “Kawruh mligi” karana wis kawruhan yen ilmu iku ora gampang tinemu dening sadhengah wong ngemungake dening wong kang badane wis ono dhasare utawa dening wong kang mrihatinake dhirine kalayan temen-temen sarta kanthi tekad kang gedhe utawa katembungake maneh dening wong kang wani lan kuwat nglakoni kalawan kapracayan kang santosa.

Wiwit dhek nalika puluhan taun kang akhir iki wong-wong bangsa Eropah kang ahli ilmu wis niti-priksa marang kahanane ”Kasekten Gaib” ing tanah Asia kalayan kamempengan antarane para ahli mau iya iku tuwan-tuwan Moselli, Asakow Geley lan liya liyane maneh dheweke iku wis nyoba arep menehi aran kang trep tumrap kawruh gaib iku dene kang dianggep luwih trep iku dienggo dening Asakow lan V Sehrenck Notzing “ilmu gaib” iku disebut physisch mediumale met obyectieve physische manifasties en mentaal mediumale met subyectieve vereschiyuselen; uga kalayan rengkes disebut “mediumitic phenomena”.

Paracelsus nyatakake : “Anjuran astrani kang diwetokake dening kekuwataning Makrokosmos (=Jagad gedhe) iku makarti ing Mikrokosmos (=Jagad cilik, manusa) sarta andadekake sakehing owah owahan ing jagad cilik iki mangkono uga anjuran utawa ilen-ilen astral kang diwetokake dening sedya lan kekarepan saka sawijining wong iku andadekake uga marang owah owahan ing Alam kang katon : pakarti iki kekuwatane bisa tumeka ing panggonan kang antarane nganti adoh banget karana panguwasaning cipta iku bisa tumuju adoh banget kaya dene lakuning pikiran uga bisa tumuju marang ngendi bae.

Ana kang wis dikandakake teka ing kene ditembungake yen “Kekuwatan Gaib” kalawan mangkono bisa kadadiyan karana wis gawaning badan lair mula, utawa karana saka laku tapa kanthi kayakinan kang nyata.

 Nitih kanyatahan kang mangkono iku tumrap wong kang pancen wis anduweni dhasar gawaning badan lair mula mangka banjur diwuwuhi kalawan laku tapa kang nganti gentur iku kadadiyane mesti dadi luwih maju lan luwih sekti tinimbang karo wong kang olehe “Kekuwatan Gaib” iku mung mligi karana laku tapa bae Kang sababe endhek dhuwure kasaktene wong wong ing jaman kuna, iya iku beda-bedaning kasaktenemanusa dhewe Bab iku uga dadi kanyatakan tumrap benering tetembungan : “luhuring ilmu kasakten iku miturut takeraning manusa dhewe-dhewe.

Piwulang piwulang ilmu gaib saka padri padri tuwa bangsa Tiong Hoa tujuwane kang premati iya iku kanggo ambangun adeging ilmu kasakten kang kalawan disuburake kanthi laku tapa. Mangkono uga anane piwulang-piwulang saka wong-wong Hindu bab iku wis dititipriksa lan diyakinake dening Panyali, katerangake ana ing dalem bukune kang ingaran Yoga Sutra, ing kono bisa tinemu piwulang piwulang kang becik, antarane ana piwulange bab nyatitekake pranatan-pranatan babagan ilmu batin, kayata : cara-carane Matrapake badan, nata lakuning napas samadi ngumpulake pikiran lan dieneake marang sawijining arah kang katamtokake, pralambang-pralambang praboting badan kayata jantung lan liya-liyane. Nanging kabeh iku dudu tujuwan kang premati saka piwulang Yoga. Kasakten kasakten kang tinemu lan digunakake mung kanggo samben bae, Tujuan kang wigati yaiku panunggaling Roh karo kang Maha Eka.

Saben ilmu ana kanthine cara matrapake dewe dewe, kang tanda tetep wiwit dek jaman kunane, kang mangkono iku ora anggumunake, yen nitik anane piwulang piwulang mau wiwit saka Hindu mencar marang nusa Jawa lestari tetep, kaya dene pusaka warisan. Tembung “tapa” kang kuna-makuna anane, nganti saprene isih lestari urip ana ing dalem batine wong-wong ing Indonesia.

Paniti priksane para ahli ilmu iku anuduhake uwohe kaya ing ngisor iki :

Muncule cipta kang santosa kalawan disengaja utawa orang, iku andarbeni panuwasaning cipta iya iku ing jero utawa ing jaba wateswatesing badan banjur owah dadi rupa utawa pawakan kang maujud. …(hilang satu kata) saka megaring pikiran bisa mujudake sawijining pawakan utawa …(hilang satu kata) kang katon, kaya dene kanyatakane saka kekuwatan gaib ing sajroning badane manusa mangka uga megaring pikiran iku uga bisa nuduhake dayane ilmu urip (biologie), iya iku ilmu kang bisa neluhake kekarepane wong liya.

Kekuwatan-kekuwatan gaib gaib kang kapratelakake ing duwur iku satemene ora luwih lan ora kurang saka kanyatahan panguwasaning makrokosmos utawa alam kabeh, katemenan bab iki ora kena pinaido sanadyan uga mung saperangan cilik bae kang bisa kawruhan.

Kasaktene alam bisa dinulu lan rinasa dening pancaindriya katemenane bab iki kena dinyatakake kalayan gampang yen wong gelem nyatitekake marang uriping jiwa, tuwuhing sakehing tanduran mubening bumi, lakuning rembulan, gumuruhing guntur, mbledosing gunung, gumrubunging prahara, lan liya-liyane maneh.

Manusa ing donya gunggunge ana atusan juta jiwa, nanging mung satitik banget antarane kang bisa nindakake kasaktine kekuwatan gaib iku, kayata : ilmu tenung, ilmu kawicaksanan, ilmu kasekten gaib lan liyaliyane sabangsane.

Waja kang mawa kekuwatan anarik (magneet) bisa narik waja-waja liyane. Waja kang mangkono iku disebut “wesi weram” utawa “besi brani”. Para wong pinter wis analiti sebab sebabe, saka ngendi asale kekuwatan gaib iku. Kalayan migunakake piranti microscop (kaca praksana) besi brani iku dititi-priksa, banjur kanyalaan yen rakitane uga padha bae karo wesi lumrah, mung pasangane molekulen (peranganperangan kang lembut) ana bedane. Saben molekulen sambarang waja padha anduweni kekuwatan anarik, sanadyan saka waja besi brani utawa saka waja lumrah kang ora anduweni kekuwatan sathitik-sathitika. Ing saben kekuwatan anarik iku ana adegane saka sawijining Pul Lor lan sawijining Pul Kidul manawa wong anepungake Pul Lor iku saka magnet kang siji karo Pul Kidul saka magnet liyane sakarone magnet-magnet iku dadi padha anarik kalawan keras. Ananging manawa uwong anepungake Pul Kidul karo Pul Kidul, sarta Pul Lor karo Pul Lor, wis mesthi bae magnet-magnet iku dadi padha anulak. Mangkono sababe, mulane waja lumrah ora anduweni daya anarik, sanadyan waja iku uga adegan saka milyunan magnet kang lembut, mung bae pasangane yutan magnet iku tanpa aturan, utawa tansah molak-malik enere ora karuwan. Beda karo sakabehing molekulene besi brani pasangane padha rata jujur sajurge, sakehe Pul Pul Lor padha nuju marang sawijining arah sakehe Pul Pul Kidul uga padha nuju marang sawijining pungkasan sakehing Pul Pul Lor iku anarik, mangkono ugo sakehing Pul Pul kidul ing pungkasan liyane uga anarik, nganti nuwuhake kekuwatan anarik kang rosa.

Samengko dadi tetela terang, yen magnet-magnet Pul Lor (positif) lan magnet-magnet Pul Kidul (negatif) kang makarti marang sawijining ener iku anduweni kekuwatan anarik dene kosok baline magnet-magnet kang campur bawur iku ora bisa oleh kekuwatan sathitik-sathitika.

Wong-wong kang sakti iku sarupa besi brani dene wong-wong lumrah iku sarupa wesi lumrah.

Akeh bae wong-wong padha nemoni rasa gela lan banjur prihatin karana enggone nyoba murih kekuwataning mantram utawa isih nemoni tanpa daya. Uwong wis bisa ngapalake sawenehing japa lan banjur nyoba migunakake mandining japa iku, nanging nyatane tanpa ana asile apa apa. Sakehing kagagalan iku wis ora anggumunake karana wong wong kang nindakake coban iku wong wong kang lumrah bae kang kekuwatane anarik isih pating bececer.

Isi mantram, ilmu kasekten gaib, ilmu tuwa, padukunan gaib lan liya liyane sapanunggalane bakal dadi kanyatan kaampuhane uger katindakake dening sawijining wong sakti iya iku wong kang wis moncol saka kalumrahane.

Kalawan tapa utawa ambudidaya, wong bisa dadi sakti. Carane nindakake sakehing tapa utawa ambudidaya sarta sirikane sawiji-wijining ilmu bakal katerangake ing bageyan bageyan candhake.

II
KASAKTEN IKU BISA TUMEKA KALAWAN CARA KAPRIYE?

Wong kang ambudi daya kalawan anglakoni tapa iku kudu kanthi kapracayan kang nyukupi, apa dene serenging pangudi lan kamempengan anggone nindakake, atine kudu santosa temenan supaya wong kang nindake sedyane mau ora nganti kadadeyan entek pangarep-arepe yen kagawa saka kuciwa dening kahanane badane, wong mau kudu nindakake pambudi dayane luwih saka wewangening wektu saka katamtuwaning laku kang dikantekake marang sawiji wijining mantram lan ajaran ilmu gaib awit gede gedening kagelan iku ora kaya wong kang gagal enggone nindakake lakune rasa kuciwa kang mangkono iku nuwuhake prihatin lan getun, nganti andadekake ciliking ati lan enteking pangarep-arep. Sawise wong mau entek pangarep arepe lumrahe banjur trima bali bae marang panguripan adat sakene, mung dadi wong lumrah maneh. Kawruhana wong kang lagi miwiti ngyakinake ilmu gaib sok sok deweke iku mesti nemoni kagagalan-kagagalan kang nuwuhake rasa kuciwa.

Sawijining wewarah kang luwih becik tumrap wong kang lagi nglakoni kasutapan, iya iku ati kang teguh santosa aja kasusu-susu lan aja bosenan. Ngemungake wong kang anduweni katetepan ati lan sentosaning sedya sumedya ambanjurake ancase iya iku wong kang bakal kasembadan sedyane.

Wong kang ngyakinake prabawa gaib, iku anduweni kekarepan supaya dadi wong lanang temenan kang diendahake dening wong akeh, iya ana ing ngendi bae enggone nyuguhake dhirine, amarahe diwedeni ing wong akeh, panguwuhe gawe kekesing wong, yen anyentak dadi panggugupake lan gawe gumeter, dhirine ditresnani ing wong akeh, pitembungane digatekake lan pakartine diluhurake ing wong akeh. Iya pancen nyata, wong liyane mesti tundhuk marang sawijining wong kang ahli ilmu.

Wong ahli kasutapan tansah yakin enggone ngumpulake kekuwatan gaib ing dalem dhirine.

Ana paedahe kang migunani banget, manawa wong anindakake pambudi daya kalawan misah dhewekan ana ing papan kang sepi, karana tinemune kekuwatan gaib iku sok-sok tinemu dhewekan ana ing pasepen.

Wong ahli kasutapan kudi mbudidaya bisane nglawan marang napsune kekarepan umum (kekarepan wong akeh kang campur bawur ngumandhang ana ing swasana) kalawan tumindak mangkono wong ahli kasutapan mau dadi anduweni pikiran-pikiran kang mardika iya pikiranpikiran kang mangkono iku kang bisa nekakake kasekten gaib.

Sangsaya akeh kehing napsu kang kena tinindes, uga sangsaya gedhe tumandhoning kekuwatan gaib kang kinumpulake.

Kekuwatan gaib tansah makarti tanpa kendhat enggone mujudake sedya lan nganakake kekarepan.

Wong ahli kasutapan kudu anduweni ati kang tetep lan kekarepan kang dereng, kalawan ora maelu marang anane pakewuh pakewuhe lan kagagalan-kagagalaning.

III
SAKTI MANDRAGUNA

Apa kang kita rembug ing kene iku wong wong sakti ing tanah asiyah. Dheweke iku padha wong wong ahli ilmu kang wicaksana amarga satemen temene uga dheweke iku kang kena dianggep bangsane wongwong mulya kang agung.

Kasekten iku kena kaperang dadi rong warna iya iku kasekten putih lan kasekten ireng. *)

*)  kasekten gaib ireng =  Zwarte magie.
     kasekten gaib putih =  Witte magie.

Awit saka anane pamerang iku uga banjur dadi kanyatan yen perangan kang sawiji iku becik, dene perangan liyane iku ala.

Kasekten putih iku satemene ilmu Allah Kang Maha Luhur wis mesti bae kagunakake mligi kanggo keslametane wong akeh.

Dene kasekten ireng iku ilmu kaprajuritan kang kapigunakake luwih-luwih kanggo nelukake kalayan paipaksa, sarta bakal anjalari kacilakaning wong liya.

Ananging sakaro karone saka sumber ilmu Allah sarta sakaro karone iku padha dipigunakake kalawan atas asma Allah.

Tinemune ilmu-ilmu kasekten iki sararane kalawan kekuwataning pikiran-pikiran iku manawa kagolongake meleng sawiji bisa nuwuhake kekuwatan kaya panggendeng kang rosa banget tumrap marang apa bae kang dipikir lan disedya.

Upama salagine ana ambah-ambahan lelara kolerah manawa sawijining wong tansah anadesake pamikire marang anane lelara iku wis mesthi bae dheweke bakal ngrasa dhewe wetenge mules yen saya nadhes maneh enggone mikir-mikir bab iku bae nganti gemblenging pikirane mung isi prakara lelara kolerah iku saya nggegirisi uga enggone ngrasakake lara ing wetenge nganti tumeka wusanane banjur kelakon ketularan lara kolerah temenan.

Ana tuladhane maneh marang sawijining wong wadon ing wayah bengi mulih saka enggone mentas nonton kumidhi, satekane ing omahe kalawan kasusu dheweke ngombe sisa wedang teh sagelas kang sumeleh ing meja sawise wedang teh mau diombe dheweke lagi rumasa yen wedang teh mau kacemplungan cecak cilik katut kolu ingombe, iya wiwit wektu iku dheweke tansah krasa ing gorokane ora uwis-uwis kaya ana cecake kruget-kruget bae wusanane wong wadon mau dadi anandhang lara kang ambebayani tumrap jiwane sawijining dokter kang mitulungi dheweke, kalawan reka-reka nindakake carane angupakara ing gulune, dokter reka-reka ngirisa sathitik kuliting gulu mau sarta banjur nyekel cecak saka tembok banjur kalebokake ing gendul, gulune wong wadon mau banjur diblebet, wusanane dheweke banjur dituduhi cecak kang ana ing sajroning gendul saka dokter mau kandha, yen cecak kang lengket ing gurung samengko wis diwetokake, iki lho cecake saiki wis mati lan karendhem banyu obat sajroning botol iki. Sabanjure wong wadon mau dadi waras saka pangrasane lara iku.

Samengko banjur terang nalare, nyatane pikiran iku yen digelengake lan katujokake meleng marang sawiji, yekti andarbeni daya kekuwatan anarik kaya dene wesi brani.

Wong kang nglakoni tapa kalawan nindakake laku-laku kang tinamtokake, wis mesti bae gumolonging pikirane bebarengan padha kumpul dadi siji, sarta katujokake marang apa kang disedya kalawan mangkono iku kekuwataning daya anarik migunakake saro saning kekuwatan banjur anarik apa kang dikarepake.

Swasana kang katone kaya dene kothong bae, iku satemene ana dzate rupa-rupa, kayata : geni, banyu, emas, kayu, lemah, waja, elektriciteit, zuuratof, koolzuur, sarupaning zuur lan isih liya liyane maneh.

Samengko upamane bae ana sawijining wong kang lagi tapa, kalawan duwe sedya supaya andarbeni daya prabawa kang luwih gedhe, sarta anindakake sakehing kekuwatan pikirane kalawan ditujokake marang sedyane mau nganti nuwuhake daya prabawa. Kekuwataning daya anarik saka pikiran iku banjur anarik dzat ing swasana kang pinuju salaras karo daya prabawa mau. Kalawan saka sathitik sarta sareh, dzat dya prabawa kang ana ing swasana iku katarik mlebu ing dalem badane wong kang lagi tapa mau. Kalawan mangkono dzat “prabawa” iku dadi kumpul ing dalem badane, wong kang ahli tapa iku bisa metokake daya prabawa kang gedhe daya karosane. Wong kang andarbeni ilmu kang mangkono iku dadi sawijining wong kang sakti mandraguna.

Mangkono uga kanggo ilmu-ilmu kasekten liyane, sanadyan tumrap kasekten gaib ireng siji-sijinine tetemon karo jodhone dhewe-dhewe.

IV
KALAWAN CARA KAPRIYE NUWUHAKE KEKUWATANING
ILMU KALUWIHAN (=HIKMAH) ?

Kita kena nganggep, yen kodrat alam lan kekuwataning ilmu kaluwihan kang samengko ana, iku uga wis ana dhek nalika ewon taun kang kepungkur, nalikane manusa durung pati maju tumrap pamandengane marang kadadiyan-kadadiyan ing alam jagad.

Wong bisa andulu sasawangan kang dituwuhake dening kekuwatan gaib sarta kalawan laku tapa bisa nuwuhake kekuwatan iku, ananging sabab saka apa uwong bisa aweh katerangan.

Tarkadhang bisa anggunakake yen nitik saka kehing laku-lakupralambang lan mantram-mantram, kang digawe dening wong-wong kang ora mangerti, kang kalawan ngawur dheweke coba-coba arep nekakake karepe.

Ing antarane sakehing pralambang-pralambang, mantram-mantram ajaran-ajaran saka para guru lakuning kasutapan-kasutapan kang sarana nyiksa badan, lan aturan kang gawe giris ing nalika nindakake cara kang winadi, lan liya-liyane maneh sapanunggalane cara kang kaya mangkono iku, kabeh mau padha nyatake dhasare kang sarupa.

Dasar dasar iki bisa menehi pituduh yen satemene pancen ana temenan kekuwatan gaib iku, awit saka anane kekuwatan gaib iku uga, mulane para wong wong sakti ing tanah Hindu, Mesir, lan Assyria dadi andarbeni panguwasa gedhe kang bisa mrabawani marang wong akeh.

Dhek jaman kuno kira kira 2000 taun (sadurunge taun masehi) kang kapungkur wong wong bangsa Griek Yunani, nalika sarawungan karo kasusilane bangsa mesir bareng nyawang kahanane pralambangpralambang

lan laku lakuning agama jaman kuna, dheweke kagum banget banjur tumindak niti priksa kalayan mempeng, sarta banjur nyinau marang ujar ujaring pralambang kang surasane luwih jero nganti ora gampang dingerteni ing sadhengah wong.

Panaliti kang katindakake ing jaman kang kari kari wis bias buduhake, yen wong wong Griek mau mung ambuntut bae marang tapak tilase padri padri bangsa Mesir kuno, kang mujudake upama upama kaya dene pralambang pralambang kang sinamar, nganti ora kena diterangake surasane.

Aturan mantram tinemu saka kono, akeh kang ora kena ditaliti mangkono uga pangrakiting ukara uga ora gampang dingerteni.

Sanadyan mengkonowa nanging sanyatane ing dalem mantram mantram iku uga ngandhung kekuwataning pikiran kang asli, Duk ing jaman ka wong wong Mesir lan Griek uga ora bisa nyumurupi anane kekuwatan gaib iku ananging kita kena nganggep yen daya prabawaning pralambang-pralambang lan mantram mantram iku bisa nelukake jiwane wong akeh.

Sepira bablasing panaliti kang wis bisa tinemu, iya iku padri padre Mesir iku bener anduweni kayakinan tumrap sakehing kawruh kawruh kalairan ananging dheweke ora mung nganggep marang sakeh ing kawruh-kawruh kalairan iki minangka pangajaran kang premati deweke iku tansah amburu ilmu kang ora kena diyakinake saka buku buku utawa kalawan tetembungan bae, awit saka iku mulane dheweke iku uga banjur misahake dirine saka golongane wong akeh pada nindakake pakarti sarana tanaganing badan wadag nanging golongan padri kosok baline pada makarti anguwatake batin, sabisa-bisa mung mligi ngudi kauripan batin bae.

Akeh cara-caraning kasutapan kang katindakake antarane : nyiksa badan, pasa nindakake sarananing urip kalawan cara kang siyo sakehing cara kang mangkono mau prelune kanggo ngeukti panguwasaning pikiran kang kena kapigunakake miturut sedyaning ati lan saguh urip ing dalem kegaiban bab iki bisa dingerteni karana rasa kang tuwuh.

Caraning urip kang mangkono iku mung bisa diudi dening wong sawatara bae, akeh wong kang ora kuwawa ngajokake dirine ing dalem ilmu gaib mestine dheweke iku wis krana seneng kalawan rupa lair bae.

Eliphas levi nulis ing dalem bukune “Dogme et Rituel de la Haunte Magie.” Yen ilmune wong ahli kasutapan iya iku kasekten ora saben wong bisa nekakake lan mangerti.

Banjur pitembunge : “Kasakten iku sawijining kerajaan kang angker, ngemungake tumrap wong-wong ahli kasutapan lan raja raja, wong ahli kasutapan kang sakti dudu salumrahe wong tapa bae lan karajane ora sesambungan karo raja-raja ing donya iki”.

Akhire pitembungane : “Sing sapa kang sedya luwung mati tinimbang karo ambuwang hakekat, iya dheweke iku kang ngudi kauripan kang sajati sabab kalawan mangkono iku dheweke dadi ora bisa mati jiwane ing salawas-lawase”. Iya iku sedyane kang premati kang disedyakake dening wong-wong ahli kasutapan.

Pythagoras aweh pangajarang murid-muride, supaya bisa anteng lan netepi nyegah sabarang sirikan.

Wong-wong fakir lan brahmana padha nindakake sakehing siksa tumrap dirine dhewe, kalawan sedya arep tumeka ing dalem karajan saka karep kang mardika lan saka kamardikaning Allah sakehing cara panyiksa diri iku kapetik saka pranatan kasutapaning ilmu gaib ing jaman kuna.

Ing sauruting dalan kawruh gaib wong ora kena tumindak kesusu papan pacampuhan antarane menang ngulup utawa kalah sirna tumindak kalawan ragu ateges ilang akal budine leren ateges rubuh mundur ateges mlesetake dhiri marang sajroning jurang.

Ilmu kaluwihan saka wong wong Mesir wis cecampuran karo ilmune wong wong Griek lan Yahudi ilmu kasekten kalawan cecampuran karo ilmu Hindu lan Arab awit saka cecampuraning ilmu gaib kang wis dadi banjur dumadi laku kasutapan tumrap kawruh gaib.

Ing jaman tengahan wong wong Eropah wis pracaya marang kaampuhane tetembungan mantram.

Tumrap wong wong kang nglakoni tapa ditetepake pralambang telu : diyan, jubang, teken.

Diyan minangka pralambanging pepadhang tumrap kahanan kang umpetan (gaib) jubah minangka dadi pralambange katentremaning ati kang sampurna dene teken iku minangka dadi pralambanging kekuwatan gaib.

Antara liya-liyane uga kekuwatan pikiran iku diyakinake tumrap kanggo naliti bab bab kang wis kalakon lan bab bab kang bakal kalakon kalayan kekuwataning pikiran iku dudu prakara omong omong bae. Manusa iku dumadi saka wohing panyipta saka kekuwatan pikiran.

Saben manusa kang ana ing ngarepan kita bisa lumaku urip makarti ngucap, nembang, ngobahake sikil utawa tangan, dheweke iku menehi sumurup marang kita, sawijining lelakon uripe lan sawijining rancangan lelakone ing tembe.

Wong kang wis mangerti temenan marang keluwaraning pikiran bisa maca kalawan katamtuan kauripane wong sarana nyawang tanda tanda kang katon.

Tumrap migunakake badan wadhag kalawan sampurna iku uga sesambungan karo kekuwataning pikiran manusa iku dumunung ana ingdalem apa apa kang lagi pikiran dene badane iku wujude kang katon wewongunane awit saka iku mulane uga pikiran pikiran kita iku bias ngemudeni badan.

Dek nalika puluhan taun kang kapungkur ana sawijining fakir teka ing kuta paris, dheweke bisa maca layang kang isih tinutup ing sajroning amlop.

Nalika ditakoni kapriye carane dheweke bisa tumindak mangkono wangsulane fakir mau mangkene.

Aku anarik pikiran pikiran kang ana sakitare layang iku sawise aku banjur nuturake unine unine pikiran pikiran iku saben wong bisa nyinau kapinteran iku kalayan yakin.

Pirang pirang puluh tahun kang kapungkur wong wong kang padha nunggang kapal api mail Hindhu nyawang kalawan gumun marang sawijining wong Hindhu kang ana sandhuwuring dhag panganggone clana cekak kang isih kembroh banyu segara, dheweke banjur ngetokake saka dhadane arupa watu gedhe gedhe sapirang pirang nganti tumpuk tumpuk.

Saka pitakoning wong dheweke mangsuli mangkene : aku nyipta watu watu iku kalayan pikiranku !

Ing dhuwur iku conto rong rupa kang prasaja banget saka pakartine kekuwataning pikiran kadadeyan-kadadeyan kang katurake iku mau memper kaya dene sulapan mangka panggawe panggawe iku sanyatane sesawangan saka makartine kekuwataning cipta saka pikiran pikiran, conto conto iku mung nuduhake yen wujud wujud kang prasaja saka kekuwataning pikiran uga bisa kena ing antarane wong wong kang ora kalawan ikhtiyar luwih dhuwur karo dheweke iku kang anduweni kapinteran kang wis tinemu.

J Gambell Omah, ing dalem bukune kang dialamati : The mystics ascetica and saints of india, nuturake sawantara kadati yen kang mujijad, kang digawe dening kaum yogi ing Hindhu.

Ing dekhan ana sawijining Sardar kang ora pracaya marang ananing memedi sawijining Sadhu carita marang dheweke yen sanyataning memedi iku pancen ana temenan. Apa maneh Sadhu mau uga sadiya mitongtonake wujuding memedi sawatara marang dheweke. Saka pitakoning                      wong dheweke mangsuli mangkene : aku nyipta  watu watu iku kalayan pikiranku !

Ing dhuwur iku conto rong rupa kang prasaja banget saka pakartine kekuwataning pikiran kadadeyan-kadadeyan kang katurake iku mau memper kaya dene sulapan mangka panggawe panggawe iku sanyatane sesawangan saka makartine kekuwataning cipta saka pikiran pikiran, conto conto iku mung nuduhake yen wujud wujud kang prasaja saka kekuwataning pikiran uga bisa kena ing antarane wong wong kang ora kalawan ikhtiyar luwih dhuwur karo dheweke iku kang anduweni kapinteran kang wis tinemu.

J Gambell Omah, ing dalem bukune kang dialamati : The mystics ascetica and saints of india, nuturake sawantara kadati yen kang mujijad, kang digawe dening kaum yogi ing Hindhu. Ing dekhan ana sawijining Sardar kang ora pracaya marang ananing memedi sawijining Sadhu carita marang dheweke yen sanyataning memedi iku pancen ana temenan. Apa maneh Sadhu mau uga sadiya mitongtonake wujuding memedi sawatara marang dheweke.

Kalawan mitrane telu Sardar ing sawijining wengi padha lunga marang panggonan kang wis katamtokake ing sajroning alas Sadhu mauuga ana ing kono, sawise pada kumpul Sadhu iku banjur anggarit lemah sarupa kalangan ing sakitare grombolan iku, dheweke padha dipacuhi ora kena metu saka sajroning kalangan, sing sapa nrajang pepacu iki bakal kaancam bebaya pati.

Wis mesthi bae wong papat iku ana ing tengah tengahing kalangan atine tansah senak senik.

Kalawan ati kang rada wedi Sardar nyawang ing panggonan peteng, dumadakan dheweke banjur weruh sesawangan awujud sagrombolan wong wong cebol kang endhase gundhul, katon lumaku dampyak dampyak ana ing sawijining panggonan kang do murub arupa obor.

Akhire rerupan mau padha jingkrak jingkrak sawatara menit suwene, nanging tansah pisah adoh saka kalangan, nganti kawusanane Sardarnyatakake durung marem atine, lan durung pracaya temenan karo anane memedi lan iblis.

Temenane Sardar nyatakake kepingine neksekake maneh kalawan terang, Sadhu uga nyaguhi.

Ing wengine maneh permainan memedi mau diambali, nanging samengko kang katon kawujudan prawan-prawan kang padha anggawa damar-damar cilik, katoning kawujudan iku ora pati adoh saka garis kalangan.

Sardar nuli nyatakake yen wis marem atine, lan pracaya temenan yen memedi iku pancen ana nyatane.

Kaum yogi ora mung bisa gawe bab-bab kang becik bae, sarta ora angganggu apa apa nanging uga bisa gawe sakehing piala.

Nalika taun 1899, ing sawijining omah warung ing Amritsar ngalami kobongan kang andadekake karugian gedhe, lan ana sawatara wong kang nemahi kacilakan.

Ana sawijining Sadhu lumaku liwat ing panggonan sauruting warung warung saben dheweke papriman, wong-wong kang padha dodolan ing kono tansah nyentak-nyentak, lan ana sawiji kang ngina : “kowe wong ora duwe isin, panganggomu bregas kok ngemis”.

Satemene Sadhu mau pancen iya manganggo sara bregas temenan, saka pawehe sawijining nyonyah, deweke dadi napsu banget awit saka tembung pangina iku mulane banjur angobong sandhange dhewe ana ing dalan sangareping warung mau.

Sawise Sadhu mau ngilang dumadakan ana geni murub mubal mubal saka wuwungan omahe sudagar warung kang ngina marang Sadhu mau. Kalawan rikat geni nular mremen marang kanan kering kalawan gupuh ana wong kang nusul parane Sadhu iku, nanging wis ora katemu omah telung wuwung wis kobong entek-entekan.

Wong wong ahli kasutapan uga gawe kabecikan deweke iku nulak nularing lelara, nyirep mubaling geni lan liya liyane.

Nalika taun 1898 kalane ing Punjab usum lelara pes ing antarane rakyat tuwuh kewuhane kang gedhe banget. Kabingungane rakyat iku akeh kang kadadiyane lantaran anane aturan-aturan bab panyegahing lelara kang kudu katindakake nganti angluwihi kasamarane marang anane lelara mau sajrone kabingungan iku dumadakan ana sawijining yogi teka saka pratapane ing Amritsar deweke linggih ing sacedake ing panggonan patandhon banyu sanjabaning kutha dheweke banjur kongkonan sawijining murid supaya aweh weruh marang wong akeh yen tekane deweke ana prelune arep nyingkirake anane pageblug pes ing kutha iku,sawijining prajanjian kang katetepake iya iku para wong wong sugih ing sajroning kutha iku, gelem mendem deweke duwit sapantase perlu kanggo nyadiyani pangan marang wong wong miskin, nyata temenan pageblug pes mau banjur bae sirep ora nganti nular maneh ing sajroning taun iku ing kutha Amritsar ngalami kaslametan.

Wong loro kang padha ahli tapa aran Haridas lan Hassan Khan tansah sadiya arep mitongtonake bab bab kang mujijad ing sangarepe wong wong Eropah.

Luwih maneh Hassan Khan iku sawijining wong kang aneh deweke iku agamane Islam, deweke dudu juru sulap dene enggone ngupaya kalawan mitongtonake kahanan kang aneh, dheweke gelem mitongtonake kabisane ngemungake yen ana wong kang ngresaya marang dheweke ana ing sajroning pakumpulan.

Upama ana sawijining wong anjaluk anggur sagundel kang wis misuwur mereka, ora luwih utawa rokok srutu lan liya liyane, wis tau kelakon pinuju lagi kentekan sampanye kalawan pasamen ana wong anjaluk marang Hassan Khan supaya nganakake sampanye Hassan khan banjur menyat saka palinggihane kalawan ngrasa kurang seneng, sarta ngucapake panggrundeling atine padha sanalika ing dhuwur banjur ana gendul sampanye anglayang, gendul minuman iku banjur tumiba ing dhadhane wong ahli tapa mau, sabanjure tiba ing jobin sumyur pating bececer belinge, dene isine sampanye wutah dlabaran.

“Dulunen!” pangucape Hassan : “Aku wis mitongtonake kasektenku ananging awit saka kagugupanku, nganti anjengkelake atiku.

Sawijining kadadiyan maneh kang mujijad ing dalem sepur salah sawijining wong anjaluk ngombe marang Hassan.

Klaweka tanganmu marang sanjabaning jendela. “mangkono wangsulane Hassan, padha sanalika iku tangane wong mau wis anyekel gendul isi anggur kang becik.

Campheli Oman mitembung anjaluk sumurup kapriye carane Hassan dene bisa oleh kasekten kang mangkono iku.

Wong ahli tapa iku banjur ngandakake mangkene :

“Nalika aku isih nom ing desa bita, katekan sawijining Sadhu kang rambute dipapal sarta rupane ala banget, akeh bocah bocah padha gegrombolan ing sakitare karo ambebeda, bareng aku weruh patrape bocah bocah iku lan banjur padha tak kon ngendahake marang wong alim iku sanadyan dheweke iku wong Hindhu uga pantes ingajenan, Yogi mau banjur mandeng raiku ing sawise iku saben-saben kepethuk dheweke nalika dheweke isih dedunung ing desa kita, aku rumasa ketarik atiku marang wong ahli kasutapan mau, aku uga sok nekani ing omahe ing sawijining dina dheweke nawakake marang aku sawijining ilmu kasekten uger aku delem nindakake kalawan tertib miturut pituduhe, aku saguh nglakoni mangkono kalawan miturut pangrehe, enggale aku uga wiwit nindakake kasutapan lan laku liya liyane nganti 40 dina suwene. Guruku aweh pangajaran ilmu gaib kalawan donga donga sawise rampung enggone nglakoni tapa, dheweke banjur akon marang aku supaya lumebu ing sajroning guwa kang peteng ing gunung, saulihaku saka kana, aku mesthi kudu matur marang guruku apa kang tak weruhi nalikane aku ana sajroning guwa iku, kalawan gumeter lan giris aku ngestokake apa kang dikarepake dening guruku wusana aku mulih sarta tutur marang dheweke yen ing dalem guwa mau aku mung bisa nyumurupi wewujudan sawijining mata-mata gedhe lan mencorong.

“Yen mangkono iku becik banget” pangandikane guruku.

Kalawan eram aku durung mangreti marang anane kasekten apa kang wis tak temu.

Guruku wis bisa ambatang marang osiking pikiranku kang mangkono mau deweke banjur nudingi watu sawetara cacahe kang anaing dalan sarta akon marang aku supaya dongani watu watu iku.

Sawise tak leksanani apa barang pakone, guruku banjur ngandika “saiki kowe kena mulih lan banjur kancingan lawang ing sajroning kamarmu, samasa kowe ngucapake prentah supaya anjupuk watu watuiku mesthi banjur klakon.

Aku banjur mulih kalawan dheg-dhegan atiku, sarta gugup banget.

Sawise teka ing omah aku banjur kancing lawang ana sajroning kamar. Aku nuli prentah marang jin supaya nekakake watu watu mau, ora antarane suwe kalawan kaget banget aku nyumurupi wujudipun watuwatu iku wis tetumpukan ana sangareping sikilku.

Aku enggal-enggal banjur marani guruku ing omahe sarta nyritakake marang dheweke bab lelakon kang mentas tak alami.

Guruku ngandika : “saiki kowe wis bisa nindakake panguwasa kangkaya mangkono tumrap sakehing barang, ananging kowe kudu migunakake ilmu iku kalawan kira-kira lan pangati-ati sarta ora bias ngumpulake barang-barang kang tinemu saka panguwasa ning ilmu ikudadi darbakmu dhewe.”

Mung tumeka samene ceritane Hassan Khan.

Sawijining panggede bangsa Perancis aran Jacolliet wis nyumurupi dhewe marang ilmune fakir Govindo Swami.

Fakir iki mitongtonake rupa kagunane ing ngarepe panggede Perancis mau antarane kaya kang kasebut ing ngisor iki. Sawise fakir mau luwar saka enggon anglakoni tapa 20 dina suwene, dheweke lumaku mlebu ing sajroning gedhonge jacollet dene sandhangane fakir mau mung cawet bae kang ambane kira kira 10cm rambute gombal sarta anggawa teken kang nganggo kancing pitu kang dadi tandane sawijining padri. Nalika dheweke miwiti mitongtonake kasektene luwih dhisik ambuka cawete dadine mung wuda blenjet.

Tuwan Jacolliet prentah marang fakir iku teka ing sawijining loteng sajroning omahe sakehing lawang lawang lan gang gang banjur padha tinutup rapet, kacaba mung kamar siji kang diwengakake.

Ing wektu iku wis wayah mahrib, ing loteng lan sajroning kamar iku digantungi diyan-diyan lenga cocos kang madangi satebaningi panggonan iku nganti tumeka pojok-pojoking kabalat kabeh.

Ing satengahing loteng iku, enggone Govindo Swami ngatur syaratsyarat, ngobong dupa lan ngucapake donga kalawan linggih sila, tangane tengen ana sanduwuring pulung ati tangane kiwa lendhehan tekene. Fakir iku mau pisan pindho bae enggone molahake tangane tengen ing sandhuwuring sirahe.

Bareng wis antara setengah jam, kalawan dumadakan sajroning kamar iku nuli ana kang muncul arupa sagolonganing mega cilik kang nyumunarake cahya terang banjur ana kang muncul saka ing mega iku sarupa wewayangan lan banjur ilang.

Sawise antara sawatara menit ana kang muncul maneh arupa tangan tangan, kawitane mung katon samar samar nanging suwe suwebanjur dadi luwih cetha. Kehe ana 16 tangan kang ana wayangane, sanadyan uga ana antarane kang katone rada samar-samar.

Nalika ana pitakon kang ditujokake marang fakir iku apa tangan tangan kang pada katon iku kena digrayang, dumadakan banjur ana salah sawijining tangan kang nyekel tangane tuwan Jacolliet tangan setan iku karasakake gepokan kaya dene cilik lan teles memper tangane wong wadon.

Govindo Swami manuhake uga marang tuwan jacolliet supaya wawan gunem karo tangan iku.

Ing sanalika kono tangan mau banjur metuk sawijining kembang soko ing pot kang ono ing kono, sarta banjur nibakake kembang iku ingsangareping sikile tuwan Jacolliet mau.

Nganti meh rong jam suwening pitongtonan iku fakir iku tansah tetep enggone linggih anteng sabanjure mega kang terang kalawan sajroning tangan-tangan mau banjur pada mlayang-mlayang kakiteraning sajroning kamar iku kalawan ngepet ngepetake epek-epeke, nyawurake kembang kembang, nenulis ing dhedhuwuran mujudake aksara aksara kang mawa cahya kaya deni geni, antarane mujudake tetembungan sanskrit kang unine mangkene : Diayavapur gatra, kang tegese mangkene : “Aku padha nglimputi badan kalawan daging cuwer”.

Ing sacedhaking anglo padupan ana rerupan pega kumelun-kelun kang banjur mujudake pawakane sawijining brahmana, brahmana iku banjur  ngepyur epyurake jantu apa apa ing padupan kono, brahmana mau banjur nyekel tangane tuwan Jacolliet tangan iku panggepoke karasa anget lan urip wusanane sakehing rerupan kang katon mau banjur padhangilang.

Wong-wong ahli kasutapan ing tanah Hindhu padha ngyakinake ilmu cipta, ilmu ngobahake barang tanpa nganggo digrayang, ilmu nekakake daging cuwer (fluidium of ectoplasma) kang bisa mujud pawakan manusa, ilmu mati raga ing dalem 40 dina suwene, ilmu ora mempan kena ing geni, ilmu mati rasa, ilmu ora mempan ing braja (barang landep saka wesi utawa waja), lan liya liyane maneh. Dheweke bisa oleh sakehing ilmu ilmu iku kalayan laku tapa, mesu brata murih majuning kekuwataning batin lan nglrani badane wadhag kang katon ing kalairan iki.

Ananging keh kehing wong uga kerep bae tinemu golongan ing wong ngapus-apusi kang akudung kasutapan lan migunakake ilmu sulap, padha galandhangan turut dalan kalawan sedya arep ngapus-apusi marang wong wong kang bodho, tindak pangapus-apus kang mangkono iku ambebayani banget tumrap keslametan akeh.

V
TAPA – YOGA

Tapa-Yoga iku satemene sawijining pasinaon kang wis kuna, mula anane gunane kanggo ngajokake kekuwataning pikiran.

Sakehing pambudidaya tumrap anata lakuning napas iku kalebu salah sawijining bageyan kang luwih kuna saka pokoking Tapa-Yoga, ing pamburine banjur kasusul tekane tambahan pambudidaya warna warna tumrap badan lan batin kaya dene rupa rupa daya kanggo nyampurnakake samadi utawa meditasi (ngenengake utawa ngeningake pikiran).

Ing ngendi endi panggonan bisa tinemu patrape wong wong ahli tapa kalawan nata lakuning napas (prana). Napas iku dianggep kaya dene sawijining pralambang saka ing roh (atman) lan sakehing kekuwatan kang nguripake (brahmana) napas iku angisep swasana kalawan ‘aether’ kang tansah mili ing sauruting ewon kehing ilen-ilen ing saindenging badan.

Tapa kalawan napas enering sedya kang premati iya iku ngisep ‘aether’ nganti daging cuwer sajroning mangkono iku bisa tinutupan dening badan rohani sabisa-bisa mung sathithik bae kang di alang-alangi obahe dening badan jasmani.

Kalawan ngemudekake lakuning napas iku satemene uga ateges bisa ngemudekake (mangreh) kalawan prayoga marang badane kang wadhag lan uga bisa nguripake tanganing pikiran, kang panguwasane bias andayani marang makartining badan.

Akeh wong kang ora ngreti bakal dadi gumun, yen meruhi caracarane nata lakune napas, nganti ana 84 rupa patrapan ing nalika ngyakinake napas lan tansah ngucapake ukara ukara saupa bae kaucapake marambah-rambah.

Pirang-pirang rupa caraning nindakake patrap iku ana prelune kabeh tumrap pambudi daya marang lakuning napas, dadi patrap patrap iku mung tanpa gawe.

Mula bukane kaum yogi mikir mikir obah osiking dhiri pribadi upamane : “aku mlaku” “aku nulis” lan liya liyane. Awit saka dene pirangpirang dina terusan bae pikirane dikumpulake marang rupa rupa obahing badan, lan tansah ngucapake marambah rambah sawijining donga kang wis katamtokake, badan dadi tundhuk marang karep, aliya saka iki uga ing dalem pikiran dadi tuwuh rasane bosen marang obahan kang sarupa bae katindakake marambah rambah, awit saka iku, mulane pikiran banjur wiwit dumunung ing sandhuwuring badan.

Manawa yogi wis bisa nundukake temenan marang badan lan sakehing patrape lan obah osike dheweke banjur wiwit nata anarik lan mijilake napas (prana yama) tansah kalawan bebarengan mikirake “aku saiki narik napas, aku saiki mijilake napas, aku saiki nahan napas, aku saiki ngringkesake badan lan narik napas saka lenging irung kiwa”, mangkono sabanjure.

Kasutapan kang mangkene iki katindakake terus nganti bias nyarehake kalawan sengaja tumrap tumindake napas lan jantung, nganti lakuning napas bisa dadi alon banget saengga wong dadi kaya dene mati.

Wong ahli kasutapan yoga sumedya mumbul kang luwih dhuwur, kang panguwasane ana sandhuwure tumindhaking napas, ana sandhuwure kamurkaning badan, lan ana sandhuwure pakareman amburu kasenenganing badan.

Samasa dheweke wis bisa mangreh badan kalawan sampurna lan sakehing obah osik utawa pakarti bisa ditata miturut sedyaning ati, dheweke bakal wiwit ngancik marang : sangan rupa sesawanganing bab mati, dheweke banjur anyipta : kapriye carane badan dadi mati lan dadi rusak, nganti tumeka akhire mung kari balunge bae.

Panyipta mangkene iki diambali marambah-rambah nganti akhire wong yogi nganggep sangsaya enteng lan ora ngajeni marang badane dhewe, saselot selote pikirane banjur dadi mangkene “badanku lumaku………aku ora, badanku ngadeg………aku ora, badanku linggih………aku ora, badanku leyeh-leyeh………aku ora” mangkono sabanjure.

Samasa yogi wis bisa oncat saka badane dheweke wiwit nujokake pikirane marang kasutapan kang luwih alus, sakehing pepenginan kamurkan, napsu ala lan napsu arep ngetogake kasenengane nganti samareme, iki kabeh mesthi kudu biniat.

Kekuwatan pangucape dadi tuwuh kalawan mandi, karana pangucap kang kaucapake iku mesthi mijil saka roh sajati. Awit saka iku mulane pangucap kang ambendoni utawa amberkahi slamet saka sawijining yogi iku gedhe banget dayane.

Wong wong ahli kasutapan yogi kalawan auto sugesti (daya pengaruh pribadi) anyambung utek lan urut-urut anggotaning badan kang winadi, lan ing liya liyane bageyan badan, kalawan mangkono panguwasaning pikiran bisa ngolah-ngalih panggonan ing bageyanbageyan badan ing ngendi bae kang dikarepake.

VI
ILMU CIPTA

Pikiran kang tuwuh ing dalem utek bisa ngalih marang utek liyane kalawan pitulungane kekuwatan gaib, alihane iku kadadiyan karana dayaning kasekten gaib, nganti bisa mujudake kawujudan-kawujudan kang katon.

Wujud wujud kang dumadi karana ilmu cipta iku anuduhake kalawan terang tumrap makartine kekuwataning pikiran.

Unsur utawa dzat kang kawetokake saka ing badan kalawan diturut dening tenaga gaib kang tuwuh karana kekuwataning pikiran. Iku bias dadi sawijining wujud kang katon wungkul.

Tumrap bab iki, Dr. Von Schrenk ngandika mangkene :

“wujud wujud kang katon karana anane sesambungan gaib telekinesise lan telepatie, ku adegan saka rupa-rupa masa saka makartine sarupa uga kalawan rohing manusa kang gumantung marang sabab kang nuwuhake kadadiyan kadadiyan ing dalem dhasaring jiwa.”

Nyonyah Julette Alexandre Bisson wis gawe sakehing coban-coban karo pambantune kang aran nonah Eva C, nonah iki sawijining prawan kang prasaja, nyonyah Bisson aweh pangajaran marang dheweke bab kawruh gaib.

Pangajaran iki tumindak nganti kira kira limang taun suwene. Sajroning samono taun, prawan iku mondhok ing omahe nyonyah Bisson, kang aweh pangajaran marang dheweke tumrap kawruh ilmu cipta.

Ing dalem tahun 1913, pandadaran kang katindakake wis asile.

Prawan mau, bisa ngetokake dzat warna putih utawa klawu metu saka ing sirah, cangkem, pundhak, dhadha, lan liya liya anggota badane, wujud kang saka dzat iku bisa mujudake tangan, driji, sirah, lan pawakan manusa.

Akeh foto foto kang wis digawe, kang bisa nyatakake yen kadadiyan kadadiyan iku lawan sabenere, karana wujud wujud iku uga kena digambar.

Sing wis kerep kelakon pitongtonan iku suwene kira kira 30 tumeka 60 menit.

Nalikamasa padhidhing sajroning taun 1917 lan taun 1918, Dr.Geley wis tau nyoba marang Eva C lan wusanane kapangandhikakake kang cinipta tarkadhang katon samar, tarkadhang katon cetha.

Para ahli panaliti, Prof W. Crookes lan Rechet wis nulis kalawan katerangan kang nggalur ing bab wujud wujud kang cinipta kalawan sampurna, karo sesawangan sesawangan iki ora gegandhengan anane sesawangan badan alus, nanging iku sesawangan sesawangan saka sipate wong urip miturut kodrat.

Tuwan Jacolliet dadi kagum banget luwih luwih nalika pirongtonan iku wis rampung, ing sanalika sajroning kamar iku muncul sagolonganingmega.

Saben saben aku bisa weruh sawijining raj sawijining tangan lan liya liyane anggota kang urip.

“Sangareping mripatku sesawangan sesawangan iku nuduhake wujud wujud kang mujudake rupa-rupa anggone badan”.

“Tarkadang katon driji-driji kang pepisahan lan banjur sesambungan dadi sawijining tangan wusanane tangan iku mulur metu lengene lan mobah mobah wusanane muncul sawijining tangan maneh lan sawijining sirah”.

Dr.Geley ing dalem taun 1920 ana ing Paris uga wis nyoba marang sawijining wong bangsa Pool kang dhuwur pasinaone iya iku tuwan Franck Kluski.

Tuwan Kluski aweh sumuruh cipta-cipta kang sajati Dr.Geley anggawa malam, Kluski nuli anyitak wujud wujud kang kacipta, kacipta ing malam iku arupa tangan sikil lan liya-liyane.

Wujud-wujud iku sawise kacitak ing malam nuli ilang awor swasana. Mangkono uga Kluski iya wis mitongtonake kapinterane anyipta kawujudan manuk, manungsa, kewan-kewan kang galak lan liya liyane maneh.

VII
KAWIGATEKNA KANG PRELU ING DALEM KASUTAPAN

 

Ana sawijining wong nom noman aran B kang nyambut gawe ana ing sawijining pabrik roti ing Nenburg sajroning jajahane bangsa Donou. Ing sawijining saro mbarengi masa panas sajroning taun 1900 sawise nyambut gawe dheweke mlaku mlaku ing alaing kono dheweke ketemu karo sawijining wong wadon tuwa kang wis misuwur dadi dhukun patenungan.

Awit saka B katon susah banget, mulane wong wadon tuwa ahli patenungan mau banjur pitakon marang dheweke, geneya B susah banget.

B mangsuli yen sabenere dheweke iku mung nyedihake dirine dhewe kang tinakdir kojur. Wiwit cilik mula dheweke mung tansah nandhang sarwa ing pabrik roti iku bae, apa maneh mung tansah nandhang sarwa kucingkrangan.

Dhukun patenungan iku banjur pitakon maneh apa ta B kepengin nuli dadi wong sugih.

Wis mesthi bae B banjur mangsuli kalawan cetha : “Iya”

Calathune dhukun patenungan “Yen mangkono gampang bae” “iki ana ruji kayu siji, kok jupuk. Manawa mengko bengi ana ing panggonan kang sepi iki kok japani telung rambahan saka ngisor manduwur lan saka dhuwur mangisor kanjut ana kang metu saka ing kono nemu dhuwit ringgitan siji tinemu ana sawijining pojokan kowe aja wedi wedi. Dene japane iku mung cekak bane mangkene…….

Wong nom noman mau banjur dadi bungah banget sawise ngucapake trima kasih banjur mulih marang pondokan ing sajroning pabrik roti.

Wengine dina mau dheweke lumebu ing dalem senthonge nuli kancing lawang sawise nata panggonan kang prelu deweke banjur ngadeg ing tengahing sentongan kalawan anjapani ruji kayu mau telung rambahan munggah mudun.

Lagi rampung bae enggone ngucapake japa ing sanalika kono sajroning senthongan iku ana kang muncul sawijining wong bajang kang panggonane sarwa aneh. Badane sakojor nyumunarake cahya biru putih, demit iku banjur jingkrak jingkrak mrana mrene sawatara menit suwene, dumadakan banjur ngilang lap ora katon nganti sajroning godhakan iku dadi sepi nyenyet. Wong nom noman mau kang maune lagi manoni pitongtonan kang aneh iku kalawan mengkring githoke samengko banjur inceng-inceng ngawasake ngiwa nengen ngarep mburi, menga mengo kekiteran kaya wong anggoleki kalawan tuntunane aku nglakoni pasa apa-apa wusanane ing sawijining pojokan, bener uga deweke nemu dhuwit saringgit. Dheweke banjur enggal enggal anjupuk dhuwit iku kalawan bungah kang kaworan rasa wedi.

Mangkono sabanjure saben wengi dheweke nindakake pitongtonan setan iku kalawan dhewekan bae, sangsaya suwe atine dadi saya rumangsa kawatir.

Ing wengi kang kaping pat salagine ngucapake japa dumadakan dheweke dadi kaget karana kaya dene krungu kaya ana swaraning tindakan rikat ngener marang lawanging senthonge, kalawan gugup dheweke nylingkuhake rujine lan banjur ngengakake lawang sumedya meruhi apa kang ana ing jaba mbok manawa juragane teka niliki ananging sanyatane ing jaba kahanane mung sarwa sepi bae mulane dheweke banjur kancing lawang maneh.

Lagi bae dheweke ngucapake japa kang sarambahan ing sadhuwuring rujine pada sanalika dheweke kapeksa nyumenekake maneh kalawan kaget amarga krungu swara kaya lawange kitetek saka ing jaba dheweke banjur ngengakake lawang maneh, nanging tetela yen ing jaba ora ana manusa siji sijiya.

Kaya mangkono saben-saben dheweke nindakake upacaraning japa setan iku sadhela-sadhela dheweke nemoni gangguwan.

Sajroning rong minggu raine wong nom noman B, mau wis katon akeh owahe dadi pucet banget, mripate ketara kayawong kang tansah arip bae, apa maneh polah tingkahe banget enggone lesu bae polatane katon kaya wong kang sedhih kawoworan gugup.

Juragane kaget banget bareng nyumurupi kahanan kang mangkono iku karana suwe suwe B dadi sangsaya linglung lan mripate katon towong nganti juragane nguwatirake yen B temahane gek dadi wong lara owah, enggetane begja banget dene ing sawijining dina ditekani Dr.A. Mesmer, sawijining wong ahli ilmu sihir, wong ahli ilmu sawise bisa nyumurupi pasemon raine B wis ora kasamaran marang apa kang dadi sababe wong nom noman iku dadi linglung kaya mangkono iku wusana B dadi waras saka larane asabat dening gaibe Dr.A. Mesmer.

Ana sawijining wong bangsa Amerika kang anduweni pikiran kepengin banget bisa dadi sawijining wong kang sakti, deweke oleh pangurungu ing bab mujijad saka ilmu ilmune wong yogi ing tanah Hindhu, banjur bae ninggal anak bojone dheweke mangkat lunga marang tanah Hindhu, ngarep bareng sawetara sasi dheweke bali maneh marang Amerika nanging kalawan kena gangguwan asabate lan tansah rumasa wedi yen dheweke nganti nemahi lara owah engetane.

Conto wong rupa kasebut ing dhuwur iki dadi pepeling tumrap marang wong kang nyinau ilmu-ilmu gaib, bebaya apa kang tansah ngancam marang wong kang nyinau ilmu-ilmu kasekten kalawan dedalan kang kliru sarta kalawan sumengka panindake.

Ing dalem bageyan bageyan kang wis kasebut ing ngarep mau wis anuduhake kapriye carane nindakake kasutapan, apa maneh para kang tinemu kalawan laku kang akeh banget begalane ing dedalan kang diambah kanthi susah payah.

Uga ora saben wong bisa oleh kekuwatan gaib kalawan sampurna,  awit sawiji wijining wong iku wis anggawa takerane dhewe-dhewe.

Ananging sakabehing wong iku padha anduweni kekuwataning pikiran lan kekuwatan iku kena lan bisa digedekake prabawane.

Sawijining murid kudu miwiti kalawan mikirake kahanan lan obah osike badane dhewe. Deweke mesthi kudu bisa nelukake napsu lan tindaking dhirine, dheweke mesthi kudu sujud kalawan temen temen marang panguwasane Kang Maha Agung, apa maneh pikirane tansah tentrem lan tetep.

Piwulang ing dhuwur iki minangka dadiya dhasare sakehing kasutapane, ilmu kekuwatan gaib.

Sawijining yogi ngandika marang murid muride : nandura dhewe bibitmu, pethiken dhewe pangan duwekmu, kawigatekna : “urip lan pikiren”.

Luwih luwih ujaring piwulang ilmu gaib mengkene : “udinen panguripan umum kaya dene saben saben bae ananging elihen boboting timbangan pikiren marang prenahing kauripan batinmu.

Pangalahan iki diajokake kalawan tetimbangan bab bab kang ana ing dalem kauripan batin, tetembungan iki dadi lawanane panguripan lain.

7

Sajroning batin kudu ana uriping angen angen pokok kauripan alam kabeh tuwuh kabeh urip.

Murid mesthi kudu samadi kalawan nujokake gumolonging pikiran tumuju marang bibit sawiji nganti dadi wit kang nguwoh kalawan subur, wusana rontog godhonge dadi layu, akhire banjur mati lan gapuk.

Patrap patraping pangudi kang kaya mangkene iki ana pigunane kanggo nglilirake budine para murid supaya mangerti kalayan terang ing bab wewadining urip kalawan mangkono, atining wong banjur bisa tetep temenan, ora bakal was semelang maneh.

VIII
SIRIKAN SIRIKAN KANG PRELU ING DALEM KASUTAPAN

 Ing dalem sasuwene wong nglakoni tapa iku prelu banget kudu migatekake marang sirikane, kayata : wedi, napsu, sengit, semang semang, lan drengki.

Rasa “wedi” iku sawijining pangrasa kang luwih saka angel panyegahe. Manawa isih kadunungan rasa wedi ing dalem atine, wong ora bakal bisa kasembadan apa kang disedyakake. Kalawan “rasa wedi” iku atining wong dadi keder engetan dadi bingung lan andadekake wong dadi ora bisa anduweni budi daya apa apa.

Sajrone nglakoni tapa utawa salagine ngumpulake kekuwatan gaib, atining wong iku mesthi kudu tetep tentrem lan ayem sanadyan ana kadadeyan apa wae. Manawa atine wong iku nganti gugur, kasutapan uga dadi gugur lan kudu lekas miwiti maneh.

Gegeman kalawan wadi sakehing ilmu gaib kang lagi pinarsudi, luwih becik murih nyataning kasakten tinimbang karo susumbar kalawan kuwenthos kaya kenthos.

“Napsu” iku andadekake tanpa dayane kekuwatan batin.

“Semang semang” iku andadekake ati kang peteng ora padhang terang.

“Sengit utawa drengki” iku uga dadi mungsuhing kekuwatan gaib.

Wong kang lagi nindakake katamtuwan-katamtuwan ing dalem kasutapan kudu kalawan ati kang sabar, anteng, lan tetep.

Patrape badan kang kaku lan kau utawa kagugupan kudu diadohake.

Aja sok singsot.

Aja duwe lageyan sok nethek-nethek kalawan driji tangan marang meja kursi utawa papan liyane.

Aja ngentrok entrokake sikil munggah mudhun.

Aja sok anggigiti kukuning dariji tangan.

Aja mencep mencepake lambe.

Aja molahake lidhah lan andilati lambe.

Aja narithilake kedheping mata.

Ngedohna sakehing saradan utawa bendana kang ora becik kayata glegak glegek, molah molahake sirah, kukur kukur sirah, ngangkat pundak, lan liya liyanesabangsane saradan kabeh. Satemene perlu banget nyirnakake kekarepan “drengki” luk wit ngrasaning karep drengki iku banget nindhih marang dhiri pribadi.

Apa maneh “drengki” iku kaya anggawa sawijining pikulan abot kang tansah nindhes marang dhiri lan sarupa ana barang atos medhokol kang angganjel pulung ati.

“Drengki lan meri” iku mung anggawa karugiyan bae tumrap kita, ora ana gunane sathithik thithika. Kodrat alam wis atamtokake yen sakehing kekuwatan gaib iku bisa dadi entek lebur marang sajroning drengki lan meri iku.

Salawase wong isih anduweni pangrasaning karep meri iku ora bakal bisa tumeka kamajuwane tumrap dunya prabawaning gaib.

IX
MALUYAKAKE SAKEHING LELARA KALAWAN KEKUWATAN GAIB

 

Ing dalem daya-prabawa pamaluyaning lelara kalawan kekuwatan magnetisme, iku sang tabib menehake sabagean saka darbeke kekuwataning urip marang wong kang lara.

Pamaluya sarupa iki, iku ora kalawan migunakake ilmu ilmu gendaco enoverbrenging, sugestie, consentratie utawa hypnotisme.

Magnetisme lan hypnotisme iku kawruh rong warna, kang adoh banget bedane, maluyakake kalawan kekuwatan magnetisme lan hypnotisme iku ora kena pisan-pisan dipadakake.

Kekuwatan magnetisme iku wiwitane makarti ing asabat-asabat, banjur nglantarake daya prabawa kang waras marang uthek. Kosok baline hypnotisme iku wiwitane makarti ing utek lan terus nglantarake daya prabawane marang asabat-asabat.

Mungguhing hypnotisme iku perlu uga sabageyan saka kekuwatan kekarepane wong kang lara digunakake kanggo maluyakake : cara mangkene iki ngemungake bisa kadadiyan manawa wong kang lara iku pinuju turu, kosokbaline maluyakake kalawan kekuwatan magnetism (daya panarik), iku ora usah nganggo nurokake wong kang lara, sabab daya prabawaning kekuwatan iku ngemungake bisa kapigunakake nalika wong kang lara iku pinuju eling.

Ilmu kanggo maluyakake iku sawijining ganjaran kang suci apa maneh ilmu iku manggone umpetan ing dalem sakehing wong, deweke mung bisa anggugah, ngopeni kalawan becik lan migunakake samasa ana prelune.

Sedya kita mung nglairake wewarah supaya para maos, dimene sanadyan sajroning lagi bagas kewarasan utawa salagine nandhang larakarsa nyinau kepriye carane dheweke bisa oleh kekuwatan tumrap kanggo maluyakake, utawa mitulungi marang sapepadhaning manusa kang lagi kena gangguwan kawarasane.

Asale ilmu iku ora saka diweruhake marang wong wong, sabab sakehing kekuwatan gedhe saka alam, iku kekuwatan kang meneng tumrap dheweke kang ambuwang waktu kalawan ora mrelokake panaliti bab iku, wis mesthi bae sajege tansah mung umpetan bae. Ananging tumrap dheweke kang pracaya marang anane ilmu ilmu iku ora suwe banjur bisa nekakake sedyane kang mulya.

Wiwit dhek jaman kuna kaya kang wis kasebut ing dalem carita kang wis padha kasumurupan lan rinungu, yen dhek jaman samana ana pira pira wong pinter kang bisa maluyakake wong lara mung kalawan epek-epeking tangan kanan lan kiwa, samengko para kang sinau mesthi nglakoni dewe yen sadhengah wong uga anduweni sawijining kekuwatan kang manawa kagedhekake dayane, bisa maluyakake larane dhewe, mangkono uga tumrap larane wong liya. Coba kawigatekna apata kang dikarepake tumrap bab iki? Bokmanawa sadulur sadulur wis anduweni wijine, ananging sadulur sadulur durung padha ana kapracayaning ati, niyat ngyektekake nyoba gawe warase wong lara. Kang wis dadi pakulinane manawa sadulur pinuju nemoni kapreluwan apa apa, banjur bae marang ing panggonane dhokter utawa marang rumah obat, mangka sanyatane sadulur sadulur dhewe uga anduweni kekuwatan kanggo maluyakake kahanan iku.

Kekuwatan narik-sakabehing wong kena diumpamakake kaya dene magnet, kang tampa lan nulak. Dheweke dhewe ora mangerti, kapriye enggone makarti? Maluyakake kalawan kekuwatan magnetisme, iya iku ngelihake marang wong liya kalawan migunakake sawijining tenaga gaib.

Tangan = tangan tengene manusa, iku kang positif, dene tangan kiwa, iku kang negatif. Wewadine maluyakake kalawan kekuwatan magnetisme, wong ngelihake kekuwatan iku kalawan tangane kiwa tengen kang dipatrapake ing badane wong kang lara tangane kang kiwa kapigunakake kanggo nyambung ilen-ilen iku kaya uga diumpamakake anjuran electrisch.

Minangka kanggo ilen-ilening kekuwatan iku, uwong migunakake tangan-tangane karana ing kono iku magnetisme luwih gampang makartine tinimbang karo liya liyane anggota badaning manusa.

Magnetisme kang kailekake saka pucuk pucuking driji terus marang sajroning badane wong kang lara, wusana bali marang tangan kiwa, mesthi bae wis ora pati kuwat maneh kaya maune, mulane sang tabib kawarasane dhewe bisa uga kaganggu, manawa dheweke ora anduweni daya sathithik thithika kanggo ngumpulake maneh marang kekuwataning urip iku.

Nampakake lan nampani, manuwa sadulur kalawan temen temening ati arep mitulungi marang liyane sadulur miwiti kalawan aturan iki iya iku tumindaking daya kekuwatan kang makarti ing dalem badane sadulur, nganti sadulur dhewe simpenane kekuwatan tetep satimbang kalawan apa kang sadulur wetokake.

Awit saka iku sadulur ora susah kuwatir ambuwang sabagian saka kekuwatan uripe sadulur dhewe, sabab kekuwatan iki bakal bali marang sadulur kalawan tenaga kang luwih kuwat maneh.

Dumadine kekuwatan iku, badaning manusa kena diumpamakake kaya dene sawijining panggaotan dagang, manawa kita ing dalem wektu sawatara suwe ora sesambungan sawiji apa karo jagad ing padagangan, wis mesthi padagangan kita ora bisa tambah luwih gedhe, tinimbang karo manawa kita nindakake pawitaning padagangan iku kang ora suwe nambahi gedhe, sawijining ahli magnetisme ora mung sapisan bae dheweke simpen kekuwatane utawa nindakake kapinterane wong kanggo maluyakake wong loro bae.

Prelu nyambut gawe bebarengan sawijining tabib luwih begja manawa wong kang lara iku aweh bantuwan marang deweke. Bantuwan iku ora liya saka anduweni “sawijining kapracayan gedhe” tumrap kapinterane tabib iku kang mesthi bisa ngentas dheweke saka tindhesaning penyakite, ora prelu sadulu nyinau luwih dhisik marang sakeh tambane lelara rupa-rupa ngemungake sadulur kudu nyumurupi yen sakehing lelara iku ngemungake kadadiyan saka sawijining ganguan ing dalem badaning manusa saka sabab ing bageyan iku asabate ora tumindak kalawan bener.

Kita wani namtokake yen sakehing penyakit bakal waluya kalawan enggal manawa wong kang lara iku gedhe pracayane marang tabib kang nambani iku.

Kahananing asabat-asabat kekuwatan kekuwatan magnetism kawitane ditampa dening asabat-asabat saka kene terus kabagekake marang getih lan liya-liyane. Sawijining asabat iku adegan saka seratserat putih kang mujudake kotak-kotak kang bisa kabage maneh ing dalem telung bageyan iya iku gemuk, putihing endhog lan banyu. Banyu iki kang luwih premati dhewe gegayutan karo makartining asabat-asabat kang kena diumpamakake sawijining anggota kang ngilekake sakehing panganjuran marang saindenging badane manusa.

Saka kang mangkono mulane asabat-asabat iku dadi enggon padununganing kapinterane manusa. Dheweke nampa lan prelu oleh pangan saka ing getih.

Kapriye enggone karasa lara. Umpamane uwong krasa lara ing bageyan dhengkul, kapriye kadadiyane iki? Ilen-ilen kang liwat saka bageyan dhengkul iku kang arep gawe sesambungan marang hawa ing jaba lagi kena ganguwan saka sabab asabat-asabate ing bageyan kono pinuju rusak. Mangka kanggo ngilangake rasa lara iku ilen-ilen iku mesti kudu dimulyakake kalawan ilen-ilen anyar genahe wong kudu mulihake maneh marang asabat-asabat kang rusak iki bisa kadadiyan kalawan sampurna, manawa wong kang lara iku tanpa ilen-ilen saka wong liya kang isih ngandhung kekuwatan urip.

Gawe sadhiyan kalawan tangan ing saben-saben arep maluyakake kalawan tangan ana prelune wong kudu gawe sadhiyan kaya kang kapretelake ing ngisor iki.

Anggosok epek-epeking tangan karo pisan siji lawan sijine kang seru banjur dikepet kepetake marambah-rambah nganti sawatara saat suwene, nganti epek-epek iku krasa kaya dene tuwuh kekuwatane urip samasa epek-epek tangan iku ngepel lan megar maneh kalawan rikat, sarta patrap kang mangkono iku diambali marambah rambah, wong bakal krasa kagugah kekuwataning urip.

Pamaluya umum –– wong kang lara kapatapake turon mangkurep, sangisoring dhadhane diganjel bantal supaya dheweke bias matrapake sumelehing janggute kalayan kapenak ing sanduwuring bantal iku, lengene karo pisan kakendokake, luwih prayoga kajujurake kalawan lemes ing sauruting lambung kanan kering.

Banjur matrapna driji panuduh lan driji panunggulmu tangan tengen, ing kanan keringing ula-ulane wong kang lara iku, dadi ula-ulane wong kang lara mau ana ing antarane driji loro iku. Driji mau banjur urutna alon-alon nanging sing nandes, sauruting ula-ula mangisor.

Manawa nemoni sawatara sambungan-sambungan kang kendo iki nandakake anane sawatara asabat kang tuwuh saka lonjoran ula-ula mau nemoni gangguwan, awit saka iku mesthi ana sawijining anggota badan kang lara.

Ana dene manawa nemoni ing sawijining panggonan kang krasane ana kang luwih anyep utawa luwih panas, tinimbang karo ing panggonan liya ing sakitare, iku anandakake yen ana urat ing dalem wewengkoning ula-ula ana kang mengkeret, kang angganggu marang cakra manggilinganing asabat-asabat saka pusere asabat (Zenuw nitra) kang mangkono iku dadi tuwuh rasaning lara lan tumindake ing dalem anggota badan iku dadi ora bener.

Kawigatekna ing panggonan-panggonan iku  supaya bisa ngambali tumindaking pakaryan kalayan taliti.

Wasana prayoga wong kang lara iku supaya leyeh-leyeh mlumah banjur uruten kalawan tangan loro ing badane sakojor kalawan nyatitekake ing ngendi anane urat kang mengkeret panggonan kang lara lan liya-liyane.

Caraning pamaluya umum iku kudu katindakake kalawan tementemen, kang carane enggone miwiti kaya kang kapratelake ing ngisor iki :

Kawiwitan saka sacedhaking gulu kaurut terus kalawan alon lan taliti ing sauruting ula-ula, mangisor kalawan nyatitekake panggonanpanggonan kang karosa lara, utawa panggonan kang katara rasane anyep lan panas, kaya dene kang wis kapratelake ing dhuwur.

Luwih dhisik ing saurute sisihing ula-ula nuli sauruting sisih liyane kalawan tansah nyatitekake kanti tretib ing saben-saben kebener panggonan kang karasa lara.

Nuli kena banjur migunakake caraning pamaluya nganggo geteran ing sauruting ula-ula, wusanane kena banjur digosok kalawan alon pirang-pirang rambahan kang bakal andadekake kamayaran.

Sawise mangkono banjur kena nindakake cara pamaluya ing gulu kaya ing ngisor iki.

Miwitana mijet-mijet urat-urat ing bageyan lan ngurut-urut kalawan alon ing gulu bageyan ngarep, patrap mangkono iku ana pigunane kanggo nglestarekake lakuning getih kang saka lan marang utek, supaya lestari lakune kalayan omber.

Tumuli banjur mijet-mijet lan ngurut-urut pundhak kiwa tengen genti genten, banjur lengene kiwa tengen saka pundhak nganti tumeka pucuking driji.

Banjur nyandak gilirane ing dhadha geger lan lambung kanan kering ing saben saben nindakake sarana mijet-mijet dhisik banjur ngurut urut.

Migunakna caraning pamaluya kalawan geteran nganggo driji-driji mangkono iku manawa prelu kanggo mayarake rasaning lara uga kena anggunakake dhodhogan lirih ing panggonan-panggonan kang kandel ing antaraning badan manawa ana prelune kudu katindakake nganggo cara mangkono.

Sawise iku kena banjur anggarap sauruting sikil kanan kering kang tansah kawiwitan saka dipijet-pijet dhisik banjur diurut urut kaya kene kang katindakake ing lengen-lengen tangan mau. Migunakna sarupaning daya kang kinira rinasa perlu ing penering panggonan panggonan kang lara.

Daya kang luwih becik iya iku matrapake tangan kanan ing prenah ing sangisoring pulung ati, dene tangan kiwa ing prenah tengah tengahing geger kalawan patrap mangkono iku bisa nuntuni dalan ilen ilening prana utawa kekuwataning urip marang sajroning badan suwene kira-kira limang menit.

Yen arep maluyakake rasa lara katamtuwane kudu anggosok dhisik epek-epeke karo kang seru nganti karasa panas nuli tangan kang kanan iku tumpangna sadhuwure panggonan kang karasa lara dene tangan kang kering katumpangna sadhuwure badan utawa anggota badan ing sisih burine panggonan kang lara iku kalawan gumolonging kekarepan kang kanthi kekuwataning pikiran katujokake ing sedya arep gawe waluyaning bageyan panggonan iku supaya ora krasa lara maneh.

Minangka panutuping cara nindakake pamaluya iki ing saben saben tansah diwekasi kalawan cara ngurut-ngurut saka ing dhuwur nganti liwat pucuking driji-driji tangan kiwa tengen lan pucuking driji-driji sikil karo pisan ing saben saben akhire tangane dhewe kudu banjur katepastepasake supaya wong kang lara bisa dadi seneng lan lakuning getih dadi tumindak kalawan prayoga. Sadulur dhewe kang nindakake patrap caraning pamaluya iki bakal rumasa anggumun tumrap kamandening “urut”.

Sasuwene nindakake cara pamaluya umum tarkadang-kadang sadulur nganggo leren sadela kalawan numpangake tangan kanan sarta nyanggakake tangan kering ing antarane badane wong kang lara utawa tangan tengen ana ing sisih ngarep, tangan kiwa ana ing sisih buri.

Kalawan mangkono iku anjuran bisa mili ing badan sakojur lan bias rumeka warata ing sakehing anggota anggota badan.

Ora bisa ambuwang sesuker gangguwan kang mangkono iku bisa kamusnakake kalawan cara pamaluya umum lan kang luwih prelu iya iku ing prenahing weteng lan limpa cara pamaluya kalawan geteran ing sandhuwuring limpa lan jeroan bisa tumindak bagus banget aja ketalen sakehing aturan kang katerangake ing dhuwur mau nganti anjuran bisa tinuntun lumebu ing sajroning bageyan bageyan badan aja kelalen ing akhire kudu ditindakake urat wong kang lara mau nuli dipituturi supaya Jngombe kang luwih akeh sabab wong susah ambuwang iku sababe saka kekurangan dzat banyu. Nalikane maluyakake tangan tengen kudu tansah makarti dene tangan kiwa dadi tetimbangane.

Pangan ora bisa ajur utawa piranti pangejur pangan kena gangguwan. Nindakna cara pamaluya umum gegandengan karo cara cara kaya kang wis kapratelake ing dhuwur mau, kalawan gumolonging pikiran kudu katujokake marang miline kekuwatan gaib marang piranti-piranti jerowan kang gegayutan karo piranti pangejur pangan.

Mencret (ulet uleten), carane maluyakake lelara iki kudu kalawan cara kang alus banget aja nganggo dipijet nanging ngemungake diuruturut alon-alon ban lan kaanjurake ilen ilen kekuwatan marang bageyanbageyan badan kanti cara pamaluya kang mligi kanggo penyakit mencret.

Cara pamaluya iku kadadiyan saka ambenerake kekuwataning asabat sajroning jerowan. Layake asabat-asabat iku tarkadang kadang sok mobah mobah dene carane maluyakake ngarah supaya mobah-mobah iku bisa dadi enteng maneh luwih maneh manawa pamaluyane iku kanti pikiran kang katujokake mligi marang prenahing panggonan kang lara kalawan parentahing dalem batin “menenga muduna” !

Cara pamaluya iki luwih becik kena katindake kaya ing ngisor iki.

Leyeh-leyehna wong kang lara iku patrape malumah, banjur tanganmu karo pisan patrapa sangisoring badane wong kang lara iku kalawan driji-drijine dumunung ing saben sisihe ula-ula kaprenah sangisoring iga wekas.

Kalawan cara mangkono, wong lara iku tuwaken munggah nganti sawatara senti meter dene boboting badan tansah nindihi driji-driji mau apa maneh pundake kiwa tengen lan bokonge isih tetep sumeleh bae kang gegere mujudake sawijining plengkungan, aja kalawan kesusu-susu nindakake obah-obahan sing alon. Ing nalikane katindakake pamaluya, badane wong kang lara kudu tansah kendho ora kena ana urate kang kapenthang.

Akhire wong kang lara diwenehi waktu limang menit kanggo ngaso, banjur kena diambahi maneh, cara pamaluya iku manawa penyakite  durung mari.

Dene minangka panutuping panindak uga kudu kalawan angurut.

Sadulur bakal rumangsa anggumun banget sabab dening enggale penyakit iki dadi waras.

Sasuwene nindakake pakaryan iku kudu tansah makartekake gumolonging pikiran kang esthi katujokake metu kalawan parenjah : “menenga, muduna” !

Lara limpa bisa kawaluyakake kalawan cara pamaluya umum nganggo mijet-mijet ing panggonan limpa kanti geteran tangan ing prenahing panggonan angreming panyakit. Aja kelalen ing akhire kudu angurut-urut.

Lara ginjel bisa kawaluyakake kalawan cara sarupa aturan pamaluya lara limpa, kalawan migatekake ing prenahing ginjel.

Lara encok bisa kawaluyakake kalawan cara pamaluya umum kanthi mijet-mijet lan ngurut-urut ing prenahing panggonan kang lara.

Karasa lara karana asabat kena gangguwan, kayata lara sirah, lara untu, lan liya liyane. Kudu kawaluyakake kalawan cara pamaluya umum, nganggo mijet-mijet lan ngurut-urut ing prenahing panggonan kang lara.

Kendo utawa ilang rasa birahine. Bisane kena kawaluyakake maneh kudu kalawan cara pamaluya umum, kanti dipijet-pijet, diketek-ketek, digeterake lan diurut-urut ing ula-ulane bagiyan kang ngisor lan bageyan duwur saka bokonge.

Tumrap lelarane wong wadon. Iku prayoga banget digunakake cara pamaluya umum, lan kanti pijet-pijet lan urut-urut kalawan pangati-ati ing prenahing panggonan kang lara iku, iya prayoga.

Kawigaten umum. Cara cara pamaluya kang kasebut ing duwur iki kalawan migunakake tangan tengen lan tangan kiwa bebarengan sarupa anjuran electiciteit bisa dadi panuduh umum.

Wong kang amaluyakake kudu tansah andarbeni ati teguh kalawan temen-temen dhemene marang pakaryan iku, sarta angrasakake yen alam menehi marang dheweke sawijining pancaindriya kang linuwih saka kalumrahane, supaya bisa maluyakake sakehing penyakit.

Kang mesthi kudu katindhakake luwih dhisik iya iku mahamake aturane sawiji-wijining cara pamaluya, nganti ing saben obahing tangan bisa katindakake kalawan omber lan prigel kaya dene kaprigelane wong nglebokake pangan marang tutuke dhewe. Manawa wis faham nindakake sarupaning obah-obahan tangan lan driji iku, mesti cara-cara pamaluya iku bisa katindakake kalawan asih kang bagus wis mesthi bae kalawan mangkono iki, cara-cara iku bisa luwih mandi lan ampuh tinimbang karo yen mung katindakake kalayan sakena-kenane bae satemene uga ana sawijining “pancaindriya tumrap pamaluya” nanging kawigatekna, fahamna sarupaning obah-obahan lan sawiji-wijining patrape cara maluyakake sarupaning penyakit ngandela marang sawijining mitra utawa sanak kang tansah sadhiya ambantu. Pracaya marang diri pribadi lan marang kekuwatan gaib kang metu saka badan kita dhewe, asile bakal nyata bagus temenan.

X
ILMU MALUYAKAKE SAKA KADOHAN

Mekaring pikiran bisa dikirimake tumuju marang wong-wong kang dumunung ing panggonan kang lete adoh, sarta dheweke (wong-wong) iku tansah sediya nampani tekane mekaring pikiran kang katujokake marang dheweke iku.

Kalawan mangkono pakaryan pamaluya bisa uga katindakake.

Mangkono iku kang dadi wewadine gawe waluyaning wong lara saka panggonan kang adoh lete.

Pikiran nyawatake (mesatake) mekare kang dadi mancawarna mekaring pikiran iki kumlebat ngambah swasana lan mencok ing dalem rakitan badane wong kang tinuju. Lakuning mekaring pikiran iku ora kasatmata lan nembusi sakehing alangan ing dedalan ngluru wong kang wajib nampani dheweke, kaya dene ombak-ombak ing swasana kang metu saka piranti Marconi (radio).

Arep gawe waluyaning wong lara ing panggonan kang pepisahan, iku kudu ngumpulake golonganing pikiran lan metu pawakane wong kang lara nganti rumasa yen dirine dewe gegayutan karo wong kang lara iku.

Rasa iku bisa ketara yen wis rumasa wong kang lara iku kaya ana ing sandhinge.

Kalawan mesu ing dalem sadela bae mesti bakal wis bisa nemoni pangrasa kang kaya mangkono iku.

Manawa sesambungan kalawan cara mangkono iku wis dadi, nuli ucapna ing dalem batin ukara mantra mangkene :

“aku ngirimake marang kowe kekuwataning urip kang agawe kowe dadi kuwat lan waras”.

Kawitane kudu meta ing dalem pikiran kalawan cara kapriye mekaring pikiran iku metu ing saben ambarengi wetuning napas, banjur uga mesat kalawan pesat banget kumlebat ngambah swasana nekani wong kang tinuju lan banjur gawe waluyane.

Ora prelu nganggo katerangake jame karana ing sadhengah wektu kena nindakake ilmu iki ilmu maluyakake wong lara saka kadohan.

Manawa nganggo katetepake wektune, presebena supaya wong kang lara iku ngenengake badane ing wektu ing katamtokake, sarta tansah sadia bakal nampa mekaring pikiran kang kakirimake marang dheweke.

XI
ILMU MALUYAKAKE DHIRI PRIBADI

Ora mung tumindak bae tumrap sawijining wong bae bisa maluyakake wong liya kalawan kekuwatan gaib nanging uga tumindak tumrap sawijining wong maluyakake dhiri pribadi kalawan kekuwatan iku.

Bisane maluyakake larane wong liya, mesthine kudu ngirima kekuwatan waluya marang sajroning badane wong kang lara, Manawa wong gelem naliti yen wong iku bisa ngumpulake kekuwatan gaib ing dalem badane dhewe lan ngetokake sabageyan kekuwatan iku kawenehake marang wong liyane mesthine uwong bisa ngreti yen arep migunakake kekuwatan iku kanggo paedahe dhirine dhewe uga luwih gampang.

Supaya bisa nindakake pamaluya marang dhirine dhewe kalawan sampurna wong ngesthi kudu mahamake cara-carane maluyakake penyakit kang wis kapratelake ing bageyan-bageyan kang dhisik, iya iku cara-cara kang katindakake kanggo maluyakake wong liya lan wusanane ambudidaya supaya bisa migunakake obah obahan iku marang awake dhewe.

Kawitane wong kudu nindakake patrape mangreh napas, kanggo negahake asabat.

Dene carane ngatur napas iku kapratelake kalayan ringkes kaya ing ngisor iki :

Madika panggonan kang sepi Lungguha ing sawijining palinggihan kang endhek lan kapenak Sikil karo pisan tumapak ing lemah Badan kajejegake lan janggute diajokake Benik beniking klambi kang kemancing padha kauculan, sabuk uga diuculi supaya sandangan dadi longgar lan kapenak kanggo tumindak ing napas.

Pikiran katarik mlebu, supaya luwar saka sakehing geteran pikiran kang saka ing jaba.

Sakehing urat-urat kakendokake.

Banjur narika napas kalawan alon lan nganti jero banget tahanen napas iku sawatera sekon (detik) lan wusanane wetokna napas iku kalawan sareh.

Anujokna gumolonging pikiran kalawan ngetut marang napas kang mlebu metu iku kalawan giliran.

Carane nindakake napas kaya ing ngisor iki :

Narik napas kalawan alon lan nganti jero ing sabisane, nganti dhadha dadi mekar lan weteng dadi nglempret.

Nahan napas iku kira-kira nem saat utawa luwih suwe ing dalem paru-paru dhadhane cikben lestari mekare, lan wetenge cikben lestari nglempete kalawan mangkono iku gurung dalaning napas tansah tetap menga.

Ambuwanga napas kalawan alon nganti entek babar pisan nganti dhadha dadi kempes, lan weteng dadi mekar.

Banjurna marambah rambah matrapake mangkono iku suwene kira-kira saka lima tumeka 15 menit utawa luwih suwe nganti bias nemoni pangrasa anteng lan tentrem ing sajroning badan.

Cara matrapake kasebut ing dhuwur iki sawijining cara kangge napakake napas iki kena lan kudu ditindakake saben dina telung rambahan, dening sapa bae kang nglakoni tapa supaya oleh ilmu gaib.

Sawise nindakake mangkono kang ateges ngiseni pokoking asabat kalawan prana anayar, nuli wong kena nindakake pamaluya umum nurut ing prenah panggonan kang lara.

Mesthi bae marang dirine dhewe wong ora bisa ngobahake tangan lan drijine kalawan longgar nanging sanadyan kapriye bae saka sathithik yakin wong bakal bisa makarti kalawan bisa anduweni asil kang bagus lan angeramake.

Pijet urut geteran lan liya liyane obah-obahan bakal bias katindakake tumrap marang badane dhewe sinambi mlumah lan nindakake napas manut aturan kasebut ing dhuwur mau.

Cukup kirane manawa migatekake aturan-aturan kang wis kapratelake ing bageyan-bageyan ing dhuwur.

Daya kang luwih bagus iya iku miwiti makarti miturut pituduhan.

Aja weya nindakake patrap kanggo napakake napas iku.

Cara matrapake tumindaking napas iku kena uga ditindakake kalayan leyeh-leyeh mlumah : ngendokake sakabehing urat-urat nyelehake tangan karo pisan sadhuwuring weteng lan nindakake lakuning napas miturut aturan.

Daya ngisekake prana, ngadeg kalawan jejeg sikil karo pisan kapepetake dadi siji lan driji drijining tangan karo pisan dirangkep dadi siji kalawan longgar banjur matrapa lakuning napas sawatara rambahan miturut aturan.

Gawe segering utek lungguha kalawan jejeg lan nyelehna tangan karo pisan ing sandhuwuring pupu kiwa tengen : mripat mandeg marang arah ing ngarep kalawan tetep : sikil karo pisan tumadak ing lemah.

Kalawan jempol tangan kanan anutup lenging grana sisih kiwa wusana nglepasake jempol iku banjur ambuwang napas liwat lenging grana tengen lepasna driji panutup iku lan ambuwanga napas mangkono sabanjure kalawan genti genten kiwa lan tengen.

Tamat

Copyright by Sadu – Budi Solo

%d bloggers like this: