alangalangkumitir

Javanese Manuscripts

SERAT PUJIAN HONG ILAHENG


Hong tata winanci, awigênam astu namassidhêm.

Punika turuning Jawata watak nawa sanga, tatkala taksih awang-awang uwung-uwung, tan ana bumi lan langit, jagad iki sêmana apurwa tan ana wétan, ana duksina tan ana kidul, ana byabya tan ana kulon. Tan ana nèriti tan ana êlor. Ana luhur tan ana gêgana, ana madya tan ana têngah, ana ngandhap tan ana ngisor, ana têpi tan ana pinggir, nanging tanpa rupa. Rupané sêmana kaya êbun, mungguh pucuking alang-alang, agilar-gilar aputih rupané sêmana, ingaran Sang Hyang Jagad Mungku wiji Wisésa.

Sang Hyang Jagad Mungkuwiji Wisésa, wênang agawé tan wênang ginawé, wênang misésa tan wênang winisésa, wênang ayoga tan kênani yoga, ing kono yoga, mêdal Sang Hyang Jagad Prêmana Wisésa, ayoga mêdal Sang Arta Ètu, basa arta wêwilangan, Ètu bawuring jagad iki sêmana, misih wêwilangan. Kéwala kinèn a-[2]yoga, déné Sang Hyang Jagad Mungkuwiji Wisésa, èh Prêmana Wisésa, kita yogaa maning, ora dadèkkên jagad. Yoga kita iku, ing kono ayoga, mêdal Sang Hyang Prêmana Wisésa, ing kono ana manungsa, mulané ana lintang jagad iki sêmana, Sang Prêmana Wisésa yoga sawagêngira, rupané kaya anak-anakan kêncana, ingaranan Sang Anangkurat. Sinung tingal kiwa têngên. Mulané ana srêngéngé, sinungan idêp ngisor dhuwur, mulané ana bumi lan langit. Jagad iki sêmana, sinungan alis kiwa têngên. Mulané ana kuwung, sinungan ambêkan. Mulané ana angin jagad iki sêmana, sinungan pasu kiwa têngên. Mulané ana gunung jagad iki sêmana, sinungan kuping kiwa têngên, mulané ana pèpèrèng, sinungan cangkêm. Mulané ana guwa, jagad iki sêmana bisa kêdhèp. Mulané ana clèrèt, mulané ana gêlap. Bisa wahing jagad iki sêmana bisa watuk. Mulané ana gludhug, bisa sê-[3]gu, mulané ana gêrah, bisa atob. Mulané ana gêtêr, bisa polah, mulané ana lindhu, bisa ngadêg. Sang Candhalasêkti arané, mulané ana téja, jagad iki sêmana.

Sinigêg sakarêng, punika pangandikaning Sang Jagad Prêmana Wisésa, èh Prêmana Wisésa, kita yogaa maning, ora dadèkakên jagad, yoga kita iku, mêdal Sang Nata Wisésa, nuli yoga Sang Hyang Wênang, Sang Hyang Wênang yoga Sang Hyang Tunggal. Sang Hyang Tunggal nuli yoga Sang Hyang Guru, Guru ayoga Bathara Sambu, pêmbarêpé Mahadéwa, panêngahé Wisnu, wuragilé Hyang Wisnu mêdal saking ampêru, ngusap dhadhané mêdal Éndra, korut kamané mêdal Bathara Kamajaya, nuntên ngandika, Hyang Guru mring Bathara Narada, amêncarakên Tinjomaya, sampun dhawuh kang pangandika, sarirané sadaya, singa sanga kang dèn usap dadi déwa, mila dados déwa watak nawa sanga.

[4]Sinigêg sakathahing para Jawata, punika rêtané Bathara Guru, kang tiba séla sana sèwu, bêntar kapara sèwu, dadi kang watu sèwu, dadi kang watu sèwu, mila dalasan mangké watu dadi sajagad. Yogané Bathara Guru, mêdal kimplêngkimplêng ingaranan Sang Kémalé, bisa molah, ingaranan Sang Kamasalah, bisa ngadêg Sang Candhalasêkti arané, ing kono ginunturan. Sakèhing Jawata watak nawa sanga, sakathahing Guntur Wédang, Guntur Watu, punapa dènè Guntur Gêni, sakathahing para Jawata watak nawa sanga, sami anurunakên guntur, tan ana tumama, ora sangsaya suda, malah sangsaya gêdhé kêlawun-lawun. Ing kono kocap bêbandhêm. Sampun pêpak dandananing sarira, nuntên minggah ing gêgana, panggih lan wong tuwané Sang Hyang Bathara Guru.

Hong Ilahèng prayogyanira, Sang Hyang Kamasalah, têngarannya kadi daging, Sang Kémalé kadi Bramésthika murub. Ta amarab-arab. Anêkakakên  praba-[5]wa, kêtug lindhu lan prahara, gêtêr patêr tan pantara, alumaku tanpa suku, alémbéhan tanpa tangan. Aningali tanpa nétra, amiyarsa tanpa karna, ambêkan kang tanpa grana, acêlathu tanpa lidhah, angên-angên tanpa driya.

Hong prayogyanira, Sang Buwana sariraku, randhu kêpuh pangadêgku, rambutku Sang Kuraméyan. Raiku lêmah paèsan. Mataku socaning manuk. Kupingku Sang Plêmpêngan. Irungku lèng-lènging angin. Cangkêmku Sang Guwaningwang, lambéku Sang Sarapati, untuku Sang Watu Réjéng, ilatku Sang lêmah polah, janggutku Sang Watusumong, gulu sang lêmah dhèdhèt. Salangku Sang Darmaraja, bauku lêmah nêraju, ula-ula lêmah gigiring sapi, cangklèkan lêmah lêmpitan. Dhadhaku salungka-lungka, wêtêngku Sang Lêmah mêndhak. Susuku Sang Gunung kêmbar, wangkongku sapucung tugêl. Silitku lèng-lènging landhak. Paturonku lêmah blêbèran, uyuhku banyu pancuran, wê-[6]ntisku lêmah bajangan, dlamakanku lêmah sétra, tindakku lindhu prahara, gêtêr patêr panabdaku, awêdi kang buta kabèh, sawédana durgaKala sawédana kêrtidhara, tumurunaku ing madya, aworing Déwa Samuja, ajiku Sang Arta Ètu, amahraja awuwusku, amahraja ta ajiku, amahraja jaramaya, yasilapa palasiya, yamiroda daromiya, yasilapa palasiya, yamidosa sadomiya, yadayuda dayudaya.

Nuntên banyak dhalang. Hong Sang Rasa kitir-kitir, êndi gonira alinggih, dèn barung lan barung kèli, marguri lunga mangidul. Balé anyar ginêlaran. Isi ingkang sumur bandhung, toyané ludira muncar, timbané kêpala tugêl. Taliné ususing maling, winarna winadu aji, asri dinulu tingkahé, tingkahé kaya nauta, anauta lara raga, sampurnaning banyak dhalang.

Hong Sang Raja kumitir-kitir, anakku si ba-[7]nyak dhalang, pêksa arêp mêmantuwa, kudu sika bisa ngaji, dhukuhé ki ulung kêmbang, balé anyar tanpa galar, isi ingkang sumur bandhung, toyané ludira muncar, timbané kêpala tugêl. Têtali ususing maling, suluring wudi waringin. Landhèyan kayu taulan. Ingukir winadu aji, asri dinulu tingkahé, tingkahé kaya nauta, anauta lara raga, lara gêng lara wigêna, saliring mala trimala, sakèhé dhêndha upata, supatané wong atuwa, ana jaka mènèk kêmbang, amèmènèka ngêthapêl. Wis kêbêg jêmponira, déné sêkar anêlahi, ana ta pêrawan liwat, dinulu rupané ayu, pêrawan angaku rara, lah ta marani rara, anontona kintèl muni, ting carêmplang ting carêmplang ting carêmplung, anggiro kang kodhok ijo, solahé krakas-rakas. Sêdyané kaya nauta. Anauta lara raga, lara gêng lara wigêna, saliring mala trimala, sakèhé dhêndha supata, supatané wong [8] atuwa, têtangga yèn angrungua, kidungku si banyak dhalang. Sabên dina pari dadar, sadina yèn anaa gring, yèn ana gêring kêdadak. Ngêlu puyêng pilêg watuk. Kêna wisa mutah, amisinga bêncèrétên. Yèn angrungu kidungku si banyak dhalang, miwah ta pêrawan tuwa, miwah ta jêjaka tuwa, dumadakan gêlis krama, kang ngidung ilang dosané, sumèh ujar lara tan kapanggih, anuli maring bêngawan. Anontona larung kèli, pêpitu sarêng kadulu, larungé ki banyak dhalang, ajêjuluki jrabang, garuda anyucuk wêsi, ora anyucuk bêbathang, anyucuka lara raga, lara gêng lara wigêna, saliring mala trimala, sakèhé dhêndha upata, supatané mara tuwa, sampurnaning banyak dhalang.

Nuntên gumbala gêni. Hong prayogyanira, Sang Hyang ana gêni têka, wétan aputih rupané, apa pakaryaning gêni, anglêbura lara raga, lara gêng lara wigêna, [9] tuju têluh taragnyana, budhug édan samaprambuyan. Wus lêbur déning gêni têka wétan.

Ana gêni têka kidul. Abang rupaning gêni, apa pakaryaning gêni, anglêbur lara raga, lara gêng lara wigêna, mala trimala, budhug édan ayan buyan. Wus lêbur déning gêni têka kidul.

Ana gêni têka kulon. Akuning rupaning gêni, apa pakaryaning gêni, anglêbur lara raga tuju têluh taragnyana, budhug édan samaprambuyan. Wus lêbur déning gêni têka kulon.

Ana gêni têka êlor, irêng rupaning gêni, apa pakaryaning gêni anglêbur lara raga tuju têluh taragnyana, budhug édan samaprambuyan. Wus lêbur déning gêni têka êlor.

Ana gêni têka têngah lêlima rupaning gêni, anglêbur lara raga, tuju têluh taragnyana, budhug édan sa-[10]maprambuyan. Wus lêbur déning gêni têka têngah.

Nuntên puji banyu. Hong prayogyanira, Sang Hyang Sêktigana Nilawarna, dhadhaku Sang Naga Paksa, tulalé pambêbêd30 jagad. Asabuk kuliting liman. Abêbêd kuliting singa, asêpêt angga gênitri, linayanan tutur wisa, rinajêgan rajêg wêsi, pinayungan Kalacakra, kinêmpiting panca arsi, sinongsongan kasih-kasih, prêmanaku ing sulasih.

Punika Mandhalagiri. Hong prayogyanira, Sang Hyang Tangkêp Bapa ing akasa kaliyan ibu pratiwi, wijil yogyanira Sang Hyang Kamasalah, têngarannya kadi daging, Sang Kémalé kadi grah musthika, murub ta angarab-arab. Anêkakakên prabawa, kêtug lindhu lan prahara, gêtêr patêr tan pantara, kagyat Sang Hyang Nagaraja, suraké Nata Déwata, amêtokakên kasêktén. Sinèlèhakên ing mèru, angarêpakê-[11]n têlaga, tinanduran tunjung putih, cinibuking kêni manik. Sang Hyang Amarta arannya, wus rinuwat padha samêngko.

Yèn ana gêring kêdadak. Ngêlu puyêng pilêg watuk. Kêna wisa mutahmutah, amising ambêcérétên. Kudu lumaku rinuwat. Ana ta sênjataningwang, arané Panji kumala, pinaputêrakên gunung, arané Mandhalagiri, Sang Hyang Amarta arannya, wus ruwat padha samêngko.

Ruwata dadi pêgagan. Balémas sakarowêlas. Pinucukan manik putih, rinawé-rawé kumala, marbuk minging kukusing sanakarang, gandaning jêbad kasturi, kunang sika pamédan. Sang35 Bathara mijil Bathara Kusika, Sang Gagra mèstri kurusa, Hyang Kuwéra, ana sika rupa buta, ana sika rupa ula, kudu lumaku rinuwat. Ana ta sênjataningwang, arané Panji kumala, pinaputêraken gunung, arané Mandhalagiri, sang Amarta arannya, wus rinuwat padha samêngko.

[12]Kuncinira kunci putih, angruwata mêtu wayang, mêtu sampirané Krésna, kakarsana kama dhangdhêng, langkir tambir pakoning jong, untingunting mêtu tingting tunggaking arèn. Miwah têmu pisanan. Têmu nêm tiga pamasa, miwah karubuhan lumbung, muwah rubuh dandangé kudu lumaku rinuwat. Ana ta sênjataningwang, arané Panji kumala, pinaputêrakên gunung, arané Mandhalagiri, Sang Hyang Amarta arannya, wus rinuwat padha samêngko.

Tulak tanggul ing dhadhaku, macan putih ing raiku, singa barong ing gigirku, baya ngangsar ing cangkêmku, sarpa naga ing tanganku, raja tawa ing sikilku, surya kêmbar paningalku, swaraku kaya gêlap sèwu, nulak sakèhing bilahi, sétan bêlis lanat padha adoh, wong salêksa padha lunga. Wong sakêthi padha mati, rêp sirêp sabuwana kabèh.

Kunang ta Bathara Kala, Kalawan Bathari Durga, kudu lumaku rinuwat, ana ta sênjataningwang, arané panji kuma- [13]la, pinaputêrakên gunung, arané Mandhalagiri, Sang Hyang Amarta arannya, wus ruwat padha samêngko.

Ora sika rupa Kala, ora sika rupa Durga, atêmah uma-uma, arêp agawéa bala, ana lanang ana wadon. Si bètapa si bètapi, si brênggala si brênggali, si rahmaya si rahmayi, si kunthara si kunthari, kudu lumaku rinuwat. Ana ta sênjataningwang, arané Panji kumala, pinaputêrakên gunung arané Mandhalagiri, Sang Hyang Amarta arannya, wus ruwat padha samêngko.

Kala atêmahan Guru, durga atêmahan uma, umayana umayani, widadara widadari, arêp mantuk kayangané, Hyang Kala Bathara Rèswara, amidia sarwa wija, agawèa urip sarasa.

Nuntên ruwat panggung. Hong Hong Prayogyanira, Sang Hyang Galingga, Hyang Darmajati, kêliré [14] Hyang Tinjomaya, paluntur Hyang Halimanhalimun. Kupingku Sang Hyang Kuwéra, piracik Sang Rêtna Adi, gêbuhan Sang Hyang Gêbuhan. Cangkoké Bathara Gana, alinggih Sang Kayu Téja, urubé Bathara Brama, irêngé Bathara Wisnu, kukusé Bathara Sambu, awuné Bathara Siwah, kéwala anonton wayang, Sang Hyang Guru kang amayang, widadari kang gamêli, ungangang iyang iyèng, sêmuté gora wawang, sing ana maya-maya katon. Kang anonton ora katon. Kang tinonton ora katon. Kabruk-kabruk kathé kathung. Pralambéhan ana maya-maya kang tinonton milu katon.

Hong Ilahèng minangka aranku, sêktigana nilawarna, turuku lindur buwana, slonjor glugu wêsi, amujung kayu brèbatang, sidhakêpku oyod mimang, candhi sèwu ing dhadhaku, adêgku kayu kastuba, randhu kêpuh panjêngkèngku, Naga wilêt ing gulu- [15]ku, naga paksa tulaléku, gadhingku warna curiga, cangkêmku mas untu manik. Siyungku Hyang Pancanaga46, lidhahku Sang Sarasêkti, Brajapati pamuwusku, arupawil panca warna, Sang Hyang Siwah ginugonku, Sang Hyang Taya pangadêgku, lindhu minangka tindakku, ula minangka alisku, Durga Durgi ngiringaku, nétraku Sang Suryacandra, sumuluhing rat buwana. Awêdi kang buta dhêngên. Awêdi manungsa kabèh, awêdi rasaksa kabèh, undhung-undhung aliwêran. Lêmah parang amunthuk gigiring sapi, parang liman watu téja, alas agêng andakara, alang-alang amêlangkang, ta têgal angayangan. Songing landhak gronggongan. Ajarat lêmah tandhêsan. Saliré kang lêmah Aèng, paomahan durga yêkti, lêmah watês bêbajangan. Lêmah sétra tangkillingwang, kang katungkul manuking Hyang, dhandhang bango sarirané, lara raga lara gêng lara wigêna, tuju têluh taragnyana, supata lawan sangara, supatané wong atuwa, su-[16]patané adi guru, yogya karuwat dèning aku, budhug édan ayan buyan. Lumpuh wuta tuli bisu, tak usapi tangan kiwa, pan aku51 pangruwat mala, gêtêr patêr pangucapku, kêtug lindhu prabawaku, kilat clèrèting kêdhèpku, lèbda wara mandi sabda, japa mantra kasêkténku, Hyang minangka Prêmanaku, kuwung-kuwung ing lathiku, kurdaku galudhug gêlap. Aku Sang Hyang Candhalasêkti, aku Sang Raja Pinolah, Aku Sang Hyang Nawakarna, aku Sang Hyang Lokananta, aku Sang Hyang Tunjungputih, aku Sang Sikarajala, aku Naga Nilawarna, aku Sang Hyang tanpa lawan. Aku surak tanpa mungsuh, aku têngaranning angin. Rajêg lésus udan braja. Prahara Kalawan tambur, angagêm dhêndha trisula, musala kalawan gada, ênggonku ngilangkên mungsuh, luwih sèwu sênjataku, tak dokokkên ing mungsuhku, sawiji tan ana kèri, gègèr kabèh kang Jawata, tumingaling sariraku, sawiji tan ana kèri, aku Sang Hyang Suksmataya. [17] Aku Sang Hyang Ajidipa, aku Kala Sang Hyang Waringin Agêng, aku sakarêng Tumaruna, aku jathah akêré wêsi, kinêmpiting widadara, kinêmpiting cakra éndra, Baruna Kuwérayama, aku lawan bisa warna, ana tua lana maswata. Hong Ilahèng aku lêlanang jaya prusa.

Hong Ilahèng minangka aranku, sêktigana nilawarna, turuku lindur buwana, sêlonjor gêlugu wêsi, amujung kayu brèbatang, sidhakêpku oyod mimang, ilêrku parang têritis. Glêgêr pangulêtku, êrêmku wana apêtêng, êlèkku wana apadhang, budiku buwana jêmbar, tangiku Sang Gêni Mubal. Candhi sèwu pandhodhokku, adêgku kayu puh jêngki, wuluku jati angarang, jêjènggot kayu cêmara, babrèngos kayu jêmpina, kuraméyan ing rambutku, gajah warak ing tumaku, kidang kancil kor lingsaku, padhas parang ing êndhasku, lêlathiku kêbo kuning, pêpilangan lêmah parang, thiya thiku lêmah pucung, klabang muncuk a-[18]lisku, rajêg wêsi ing idêpku, surya candra ing tingalku, kilat clèrèt ing kêdhèpku, pipiku raja gupala, paèsané ing anakku, êlèngêlènging angin ing irungku, tunjung pura ing upilku, clèrèt taun ing napasku, pancawara ing ababku, sindhung mubêng ing panonku, kupingku Sang Plêmpêngan. Gêgodhoh kayu landhéyan. Sang Hyang Soma pangrunguku, cangkêmku Sang Guwaningwang, ilatku sang ila-ila, untu Sang Sarasêkti, lambéku séla matangkêp. Gêguling lêmah sandhungan. Cangkêmku Sang Guwaningwang, cacéthak lêmah udalan. Riyakku padhas krakal. Iduku agagênjotan. Tlaléku naga siluman. Gadhingku warna curiga, sêsiyung kang amêndhaka, glèdhèg ing ambêkanku, gêlap sayuta swaraku, taténggok lêmah têmbaga, gulu Sang Naga Puspa, cèngèlku sangga buwana, lêmah bungkêr sêsingkabku, lêmah tapél tlapak aku, pundhakku traju manik. Bahuku si naga abang, si- [19]kutku lêmah kukusan, lêngênku limpung nênggala, èpèk-èpèk gada cakra, dariji kayu trisula, kukuku Bêthari Uma, gigirku Bêthari Angga, oyoting Hyang suwaraku, cangklakan lêmah lêmpitan. Dhadhaku Sang Brama Wisnu, susuku sagunung kêmbar, pênthilku ésri wêdana, cêcuplak gunung sinungsun. Dhêng andhêngku masjid watu, kulitku pulo kêrimun, panuku lêmah bagèndha, êpèhku guwa wijaya, igaku pêdhang badhama, wêtêngku kang lêmah mèndha, kakêmpung lêmah ngadhawang, pusêrku lêmah sinaban. Purusku Sang ula lanang, bêbathuk lêmah paèsan, jêmbutku gurda cêmara, pêliku wêsi mangangkang. Sêla ngah panggêlangaku, uyuhku banyu pancuran. Kontholku watu binandhung, pringsilan waja maléla, impésku banyu têlaga, rêrongkong guwa siluman. Babokong lêmah tabèla, lêmah lêmpênging jubungku, lêmah séla ing ébolku, êntutku mèr- [20]tyu andaru, taiku pulut bêndho, kurawis singgat bêtatung, kawêtku sangga buwana, cêcéthakku ula wêlang, supitku ula bandhotan. Pupuku jurang parang, jêjêngku kutikêl balung, wêsi lampung gêgandhuku, wadidang naga pratala, wulu waja maléla, ya péla sagêl-ugêlku, lêmah padhas tlapak aku, sarta lêmah sangar tlapak Brajapati ing wuwusku, durga durgi ing iringaku, kêpasuk kagêmna ngaku, Sang Hyang Tunggal pêngawakku, Bathara Guru lungguhku.

Hong Ilahèng minangka lawanku, sêktigana nilawarna, Sang Hyang Tiga palungguhku, dhadhaku Sang Ula Naga, Naga Raja sêsalangku, Naga Paksa tulaléku, gadhingku warna curiga, cangkêmku mas untu manik. Siyungku Sang Hyang Panca Naga, lidhahku Sang Sarasêkti, Brajapati pamuwusku, arupa wil panca warna, Sang Hyang Siwah ginugonku, ula minangka [21] kèsèdku, durga durgi iringaku, lindhu minangka tindakku, Sang Kala kêkudhangaku, nétraku Hyang Suryacandra. Awêdi dhustha durjana, tumingaling kasêktènku, Hyang minangka kasêktènku, kilat minangka kêdhèpku, kuwung-kuwung lêlathiku, kurdaku galudhug gêlap. Glèdhèg pra lacuté lésus. Prahara kang udan braja, angagêm dêndha musala, trisula kalawan gada, ênggonku ngilangkên mungsuh, sawiji tan ana kèri, gègèr kabèh kang Jawata. Aku si buta sèwu, aku Sang Sikarabasu, aku Sang Hyang tundhung mungsuh, aku Sang Hyang Ila-ila, aku Sang Hyang Nawakréndha, aku Sang Hyang Tunjungputih, aku surak tanpa mungsuh, aku têngaraning angin, lésus agêng aliwêran. Prahara Kalawan tambur, panglêburan rasa mala, ila-ila upadrawa72, supata lawan sangara, supatané wong atuwa, supatané sanak tuwa, tan tumama sariraku, tuju têluh taragnyana. [22] Budhug édan ayan buyan. Lêbur kabèh musna ilang, aku Sang Hyang Candhalasêkti, turuné sika Sang Arêng, sinajêgan rajêg wêsi, pinayungan Kalacakra, kinêmpiting widadari, rêsi sèwu sugataku, aku lêlanang jaya prusa.

Hong Ilahèng minangka têngêranaku, sêktigana nilawarna, Sang Hyang Tiga palungguhku, dhadhaku si ula naga, Naga Raja sêsalangku, Naga Wilêt ing guluku, Naga Paksa tulaléku, gadhingku warna curiga, cangkêmku mas untu manik. Siyungku Hyang Pancanaga, lidhahku Sang Sarasêkti, Brajapati pamuwusku, arupa wil panca warna, Sang Hyang Siwah ginugonku, ula minangka sawitku, brajawisnu ing bauku, durga durgi ngiringaku, nétraku Sang Hyang Suryacandra, sêsuluhing rat buwana, awêdi ing buta dhêngên. Tumingal ing kasêktènku, undhung-undhung ulur-ulur, silulun watu tinumpuk, parang liman watu réjéng, lungka-lungka watu [23] putih, sèrèté lêmah tandhêsan. Agêng rat kang lêmah sangar, alang-alang kang melangkang, tatêgal kang angayangan. Lêmah tuk mataning manuk. Tu gonggong banyu sumurup. Corah-corah banyu kuning, pangguyanganing warak. Songing landhak pagirin. Lêmah mêndhak garunggungan. Lêmah watês bêbajangan. Lêmah amunuhing lêmbu, lêmah angguluning manuk. Lêmah anggigiring sapi, lêmah anyiliting kêndhil. Lêmah ambaka Bêthari, sakèhé kang lêmah Aéng, sakèhé kang watu Aéng, sakèhé kang alas Aéng, randhu kêpuh kurangéyan. Karo ya waringin agêng, lêmah sétra tangkillingwang, kang katungkul manukingwang, dhandhang bango sarirané lara raga lara raga, lara gêng lara wigêna, tuju têluh taragnyana, supata lawan sangara, supatané Hyang Déwata, supatané awak dhéwé. Uniwèh kang tyas wisésa, ial-ila upadrawa, budhug édan a-[24]yan buyan, apityas myang tai burik, bêcérétên pilêg watuk. Sarta ingkang kêna wilak, uniwèh kang cacara wèh, tak usapi tangan kiwa, cakra lêpas ing tanganku, kêna kang karuwat mala, gêtêr patêr pangucapku, kêtug lindhu prabawaku, gêrah minangka sabdaku, lêbda wara japa mantra, apaniya kasêktènku, kuwung-kuwung lêlathiku, kurdaku galudhug gêlap. Aku Sang Hyang Nawakréndha, aku Sang Hyang Lokananta, aku Sang Hyang Suksmataya, aku Sang Sikarajala, aku Naga Nilawarna, aku Hyang Naga Pamolah, aku têngaraning angin. Sindhung glis ta aliwêran. Prahara Kalawan gêtêr, udan braja salah mangsa, angagêm dhêndha trisula, musala kalawan gada, sênjataku luwih sèwu, ngong dokokkên ing mungsuhku, gègèr kabèh kang dewata, tumingaling kasêktènku, aku Sang Bala Séwu, aku Sang Hyang Gurutaya, [25] tumurun aku sakarêng, angadêg gonku ring windu, ajamang angkara wisthi, asêpêt angga gênitri, trinaya catur bujangga, rinajêgan rajêg wêsi, pinayungan Kalacakra. Kinêmpiting panca arsi, Kusika sang dirga mèstri, kurusa sang prit tan téla, suranggana-suranggani, kinêmpiting widadara, kinêmpiting widadari, kinêmpiting caturloka, Èndra Baruna Kuwéra, yama lawan bisa warna, uniwèh buta wisésa, Kalawan buta wisési, padha ngrêksa padha kêmit. Rumêksaa maringaku, angastutia ring kami, apan ngong Hyang Déwa Murti, apan aku jati suksma. Sampurna datan pamalang, nérod gana upadrawa, ya mina muna maswata.

Ilanga Sang Durga Durgi, ilanga sang rupa Kala, ilanga sang rupa buta, ilanga sang rupa sasab. Ilanga sang rupa jugil, ilanga sang rupa jakhat, ilanga sang rupa gandarwo, ilanga sang rupa dusthi                   i-26]langa sang rupa dhêngên. Ilanga sang rupa têluh, ilanga sang rupa mêrtyu, ilanga sang rupa taya, ilanga sang rupa dusthi, durjana lara kawisayaning ulun. Durga yata paripurna, nêrod gana upadrawa. Ya mina muna maswata.

Ruwata Sang DurgaKala, ruwata sang rupa buta, ruwata sang rupa sasab, ruwata sang rupa jugil, ruwata sang rupa jakhat, ruwata sang rupa gandarwo, ruwata sang rupa têluh, ruwata sang rupa mêrtyu, ruwata sang rupa taya, ruwata sang rupa dhustha, ulun ingkang angruwata, ulun ingkang angilangna, durga yata paripurna, nêrod gana upadrawa, ya mina muna maswata.

Arané krana sun wêruh, arané pêpadhané; wêdiné ilah sêbuté.

  1. Kang ana luhur gunung, ingaranan Ratu Jamri, kang ana luhuring pasisir, Ratu Karti,
  2. Kang ana luhur gumuk, iku Ratu Pulangjiwa arané,
  3. [27] Kang ana jro lêlêbak, Ratu Limurjiya arané,
  4. Kang ana jroning kali, Ratu Karya arané,
  5. Kang ana jro kayu, Ratu Saniraha arané,
  6. Kang ana sikah bayu, Ratu Kapiting arané,
  7. Kang ana jro lêmah panca, Ratu Sandêling arané,
  8. Kang ana ing gegumuk, Ratu Jamani arané,
  9. Kang ana jro lêlêbak. Ratu Jasmana arané,
  10. Kang ana guwa landhak. Ratu Kêpala arané,
  11. Kang ana guwaningwong, Ratu Mungguh Putih arané,
  12. Kang ana jro omah cèlèng, Ratu Jambulaérang arané,
  13. Kang ana panggupakan warak. Ratu Lindur Putih arané,
  14. Kang ana kayu gênak, Ratu Likin arané,
  15. Kang ana sajroning kali, Ratu Unajaya arané,
  16. Kang angrêksa pêpêndhêman.Ratu Patikrataku arané,
  17. [28] Kang aran Ratu Hantu Polé, Jumnarjasmana arané
  18. Ratu hantu gunung, Sang Ujar-ujar arané
  19. Ratu hantu segara, sang Gumulung arané
  20. Ratu ing dharatan, Sang Ratu Cuhérang arané
  21. Ratu ngawang-awang, Kaki Rujuni Niruju arané
  22. Aran tuju ing gunung, Brèmara Tèlèng arané
  23. Aran tuju ngawang-awang, Surujéngnutaka, tuju ing rahina, Tuju Cêkék arané
  24. Aran tuju roréké, tukang tulung arané
  25. Kang ana ing wong têluh, Sang Ratu Kumrincing arané, sawan cèlèng arané, arané dèn titistan, kang angridhuistan, tanpa krana luwar-luwar waras.

SULUK BURUNG


Lambang susuluk Burung punika kajarwanan dhumateng abdi-dalem pun Ngabehi Awikarama,

Sekar Pucung : 10 pada.

  1. Kuneng gambuh, binuka kang sekar pucung, de lambang titiga, platuk gemak kutut nenggih, apadudon arebat lepas ing tekad.
  2. Ulun matur ambuka lambang puniku, kang paksi titiga, amedhar ingkang linempit, mugi-mugi antuka musahab ing tyas.
  3. Tegesipun kang paksi kutut kang manggung, di-dalem pukongga, manganama anuntagi, dhasar bisa saniskaraning kang basa.
  4. Sinungan gun, surasaning kitab agung, Kur’an panengennya, kering Jitapsara nenggih, kasujanan sambega nanawung kridha.
  5. Nahan puyuh abdi-dalem mas pangulu, angluluri kitab, Kur’an gangsal wedal manjing, karam mekruh datan arsa ngawruhana.
  6. Yekang platuk, di-dalem ajar neng gunung, nguni kang tatapa, pangajaran ing jajernih, yen wus siddhi winisudhen reh sadarga.
  7. Ajar ruhun, ing nguni-uni wus kasub, kasusra ing jana, ngatas-angin bawah-angin, pan wong tapa tinemu barang sineja.
  8. Kang sareju, sasenengan tan terta/ntu, mring kyahi pujongga, weneh mring pangulu ngaji, ana prapta tatanya marang ki ajar.
  9. Janma luhung tuhu sampurnaning kawruh, wruh samaning sama, tataki sinamun batin, trapsilanya tinata aneng wacana.
  10. Dwi kang dhusun, daraheni lapalipun, kene kana kena, saking patrap tata krami, den-prayitna olah wening kaelingan.
  11. Tri kang burung, wus samya saeka kalbu, anuraga ing rat, kinarilan ing Hyang Widdhi, panduking reh kang tumuwuh ing bawana.

Kapethik saking Serat suluk jaman karaton-dalem ing surakarta.

KAHANANE BANGSA


Ing ngandhap punika kintunan saking sedulur  Sariman Lawantiran Blora arupi Sekar Macapat Dandhanggula Kahanane Bangsa, mugi-mugi sekar macapat punika sageta dados pengeling-eling dumateng   bebrayan agung ing Nuswantara.

Oh yo, iki ono sekar Dandhanggula seratane sedulur Sikep Sukolilo, Pati ngenani kahanan sing dirasakake sedulur-sedulur ning kono, seko tulisan tangan iki tak ketik menawa iso mlebu ning blog Alang Alang Kumitir supoyo akeh dulur sing podho ngerti lan iso podho gethok tular kanggo ngrungkepi bumi pertiwine.

DANDHANGGULA

Gunung Kendheng pepujaning ati,
Gawe gandrung ingkang podho nyawang,
Gawe keblinger imane,
Yen nganti kurang teguh,
Gawe melik anggendong lali,
Urip kadya ning suwargo,
Lamun bisa emut,
Kabeh cepak sarwa ono,
Kang kumethip lir kumelip edhi peni,
Isine gunung iko.

Kahanane bangsa kang saiki,
Koyo endok ing pucuk sungu iko,
Yen mleset nibo akhire,
Wong cilek ngantu-antu,
Tumalawung sak ndjrone ati,
E boyo biso merdiko,
Lahir batinipun,
Djowo mugo ndang baliyo,
Manggon djroning djiwo rogo sedjati,
Bali djowo kang nyoto.

Rino wengi tan kendat memuji,
Mugi bumi pertiwi puniko,
Kalis sing sambi kalane,
Mugya tansah djinangkung,
Maring bopo angkasa yekti,
Tebihno ing niyat srakah,
Lan kang nedya nglebur,
Ing mangke keh djalmo leno,
Tan ngilingi pan urip keng ibu bumi,
Mangkana nyatanira.

Wiwit lahir tumeko ngemasi,
Kang angrekso bumi lan angkoso,
Ing sak rino sak wengine,
Duh dulur monggo emut,
Ndang ngleluri dimen lestari,
Tinggalane nenek moyang,
Dimen tetep utuh,
Lamun ana ingkang nedya,
Gawe rusak rawe-rawe den rantasi,
Malang-malang putungo.

Hyo kuwi, Kang, seratane… Mugo iso dadi manfaat kanggo sedulur akeh, kelestarian alam lan kang akeh isine iki..

Suwun..

Perenge Pegunungan Kendheng Lor, Blora, 9 Oktober 2011
Koko’ Sariman Lawantiran

%d bloggers like this: