alangalangkumitir

Javanese Manuscripts

SULUK MARTABAT SANGA


PUPUH
P U C U N G

  1. Kang pinucung nenggih urut-urutipun, kang martabat sanga, teruse kang maha suci, iya iku martabat ing Rasullullah.
  2. Kratonipun, kang maha suci maluhur, tetep aneng kita, pribadiing awal akhir, lahir batin yogya sami ngawruhana.
  3. Ing wong kang wus putus ing ngelmu rahseku, yen sirarsa wikan, ing karatone pribadi, kawruhana duk misihe awang-awang.
  4. Uwung-uwung bumilangit durung wujud, ingkang ana sapa, junun mukawiyah singgih, ing aranan junun iku makna tata.
  5. Tegesipun mukara rahi puniku, wiyah jagad jembar, tegese tata kang dhingin, den anaken ing arah jagad kang jembar.
  6. Pan ing ngriku durung ngarsa lagi iku, arahe kewala, pan iku kang maha suci, kang jumeneng aneng junun mukawiyah.
  7. Iya iku sajatiningurip ingsun, sadurunge ana, bumi langit trus samangkin, mongka karsa malih apa kang kinarsan.
  8. Nenggih maklum suksma arane puniku, maklum makna wikan, suksma ing karsanireki, durung karsa lagi ngawruhi kewala.
  9. Sapa iku kang jumeneng lagi maklum, sapa iku ingkang, maha luhur maha suci, iya iku nyata uripira dhawak.
  10. Tegesipun maklumat kumpul ing kawruh, pepeke ingngumat, durung karssa apan lagi, papak bae sapa madeg ing maklumat.
  11. Iya iku kang mahasuci maluhur, nyata nora liyan, ing uripira pribadi, sadurunge bumi langit trus samangkya.
  12. Lajengipun, kang kinarsakakeniku, apan iya ngadam, ilapi wujud ilapi, tegesipun basa ngadam iku ora.
  13. Artinipun, ilapi upama iku, lire wujud ana, kang ilapi ing pribadi, ing anane dadi metu saking ora.
  14. Awitipun upamane pisan iku, ora dadi ana, tetep upama pribadi, purwanipun ana iku saking ora.
  15. Sapa iku kang jumeneng aneng ngriku, ngadam ilapi myang, wujud ilapi pan mami, sadurunge dadi jagad trus samangkya.
  16. Lajengipun akarsa malih puniku, apa kang kinarsan, pan iya alip mantili, lire alip madeg mantili lirira.
  17. Kang gumantung dhewe bongsa madeg iku, tan lawan kinarya, rasane dhewe kinardi, kang jumeneng ing mantili iku sapa.
  18. Iya iku kang Mahasuci Maluhur, nenggih urip kita, pribadi duk sadurung ing, ana bumi langit terusing samangkya.
  19. Lajengipun apa den karsaken iku, nenggih johar awal, johar sosotya lirneki, apan dhingin basa sosotya punika.
  20. Kumpulipun ing putih lan kuningipun, pan ananing rahsa, bongsa dhingin kumpul ing brit, dadi ireng kang madeg ing kono sapa.
  21. Iya iku kang mahasuci maluhur, iya urip kita, pribadi duk sadurung ing, ana bumi langit terusing samangkya.
  22. Lajengipun apa kinarsaken iku, alam ulu hiyah, tegese alam udani, ulu luhur hiyah apan jagat jembar.
  23. Iya iku dadining karsa rumuhun, karsa kang sapisan, ananing kang bumi langit, sapa ingkang ngadeg alam ulu hiyah.
  24. Iya iku kang mahasuci maluhur, nora liyan-liyan, ya urip ingsun pribadi, sadurunge bumi langit trus samangkya.
  25. Lajengipun akarsa malih puniku, pan akyan sabitah, pan akyan nyataning urip, kang sabitah iku tetep tegesira.
  26. Tetepipun kuku wulu kulit bayu, tetep-tinetepan, balung otot getih daging, lawan sungsum dene tetepe kang jagat.
  27. Sarta gunung geni miwah angin laut, cleret thathit kilat,kuwung lawan obar-abir, iya iku ing uriping rasullullah.
  28. Sapa iku kang jumeneng aneng ngriku, pan akyan sabitah,pan inggih kang mahasuci, mahaluhur mapan nyata ora liyan.
  29. Urip ingsun sadurunge jagat wujud, terusing samangkya, mongka nuli karsa malih, apa kang den karsaken ngadam perpuwan.
  30. Ngadam iku ing orane tegesipun, dene kang perpuwann, pepeking rupa pribadi, kaya putih ireng kuning ijo abang.
  31. Dadu biru wungu kalawan kulawu, iku ananira, dhewe tan lawankinardi, iyaiku tetepe rupa mukhamad.
  32. Sapa iku kang jumeneng mahaluhur, ing ngadam prempuwan, iya iku maha suci, mahaluhur nyata lamun datan liyan.
  33. Uripipun pribadi sadurungipun, bumi langit dadya, tanliyan prapta samangkin, sampun tamat kag aran martabat sanga.
  34. Poma dipun pracaya ja pindho wuwus, lan aja was-uwas, yenmaido temah kapir, lawan aja kawetu ing wong akathah.
  35. Den aserung kang sarombong den barukut, wong kang ahli sarak, sireken aja den wruhi, nadyan liyanipun kudu nganggo parah.
  36. Marmanipun banget pemut-pemut ingsun, nyata wus katondha, ingsun dhewe wus nglakoni, ahli sarak tur durung kongsi ngulama.
  37. Maksih busuk parandene angguguru, duk lagya sapisan, nora tumancep ing ati, angguguru malih kaping dho pan maksa.
  38. Tyas baliwur kaya iya kaya dudu, kalabetan sarak, melang-melang pecat mati, angguguru malih jangkep kaping tiga.
  39. Lagi iku wiwite rada sumurup, nanging durung ngilang, labete sarak sak serik, siyanglatri tyas ingsun aponca
  40. Tan kaetung angguguru awak ingsun, pan jangkep kaping pat, ing kono gagah tyas mami, anampani wahyu geng tompa nugraha.
  41. Dadya rampung sumilak nirmaleng kalbu, wus datan kalingan ilang kang bongsa ling-aling, lengleng liwung tan mangmang marang sikepan.
  42. Saya darung birahi ningsun mring ngelmu, anggung puruhita, nedya musawarat batin, sun antepi nora wedi beya wragad.
  43. Sawus ingsun tutug gon ingsun guguru,ing batin tan kewran,lahire sasat sun pingit, angibadah tanpa pedah ingsun temah.
  44. Kadya edul, tanpa mongsa dhikir ingsun, anggung ratip samad, ngumpulaken para kaji, kongsi miskin labet ingsun karya buja.
  45. Eh ta sagung gung alit nak muridingsun,padha kawruhana, luluhure guru mami, luwih aplal tinimbang lan maca Kur’an.
  46. Guruningsun tan akeh mung tigalikur, nanging kang sun etang, luluhure kang sawiji, kang pawitan nenggih saking jeng panutan.
  47. Kang rumuwun, jeng rasullulah mumuruk, marang sayidina, ngali kang putra bunta lit, lajengipun sayidina ngali mulang.
  48. Marang sun Sayidina Kusen iku, lajeng amumulang, mring Sayid Jenal Ngabidin, lajeng mulang mring Ngumar Mukamad Bakar.
  49. Lajengipun Mukamad Bakar mumuruk, marang Rokaniyah, Japarsidik muruk maring, Jeng Sultan Ngaripin abiyajid Bislam.
  50. Lajengipun Sultan Ngaripin mumuruk, marang Seh Mukhamad, Marip lajegn muruk malih, mring Seh Ngarbiya Jidil Ngasli tumulya.
  51. Amumuruk nenggih marang Kutub Abu, malapir Mulana, Rum Tuwasi muruk malih, mring Seh Kutub Ya’abikapanilkakan.
  52. Ya seh Kutub, lajenge malih mumuruk, mring Seh Kut-kalima, wurina amuruk malih, maring Sayid Mukamad Ngasik lajengnya.
  53. Amumuruk, Seh Mukamad Ngarab iku, lajenge mumulang, mring Seh Ngabdullah sAtari, lajegn mulang mring Iman Kaliyussatar.
  54. Lajeng muruk, mring Seh Idayatulahu, sarmasti amejang, marnag Seh Kaji Kusiri, mejang Sayid Mukamad Hos putranira.
  55. Sayid katru, dinil lajeng amumuruk marang Sayidina, waji udin bongsa ngulwi, lajeng muruk marnag ing Sayid Abdullah.
  56. Putranipun Sayidina Rohkullahu, lajeng mulang mring sang, Sayidina Wisnamuwa’il, Amad Ibungali ingkang bongsa Ngabas.
  57. Prajanipun ing Sanawi lajeng muruk, mring Seh Amad ingkang, putra Seh Mukamad nagri, Madinah kang mashur lan Seh Amad Kusal.
  58. Lajeng muruk marang ing Seh Ngabdul Raup, putra Ngali ingkang, bongsa Seh Kamyah Pansuri, prajanira ing Singkil pan lajengira.
  59. Amumuruk mring TuwanSeh Kaji Ngabdul Mukiyi ing Karang, padhukuwan Saparwidi, mejang putra kang dalem ing Bojong-Karang.
  60. Krajanipun ing Saparwidi kadhukuh, mejang putranira, kyai mas ing Saparwidi, desa Karang dene ta ing lajengira.
  61. Amumuruk mring Kyahi Talabudinu, kang dalem Banyumas, mejang Seh Mukamad Salim, ing Madahab mejang den Ronggasasmita.
  62. Wismanipun ing Surakarta ibenu Mas Ngabehi Yasadipura kang kaping kalih, trah pamaseng jawil kabir Pengging Pajang.
  63. Sampun putus, luluhuring para guru, poma wekasing wang, den agemi den nastiti, den taberi lan den ngati-ati padha.
  64. Tegesipun, gemi den aja kawetu, marnag wong ing kathah, dene tegesing nastiti, denwaspada ing ngelmu aja was padha.
  65. Dipun terus, ing batin lan lahiripun aja kongsi mamang, senggga den tumekeng pati, dene ingkang teberiing tegesira.
  66. Siyang dalu den talaten maca iku, sagung kang lepiyan, supaya dadiya misil, masalahe wasiteng tyas aja samar.
  67. Yen tan kaur, mamaca ing saben dalu, yen ratri kewala, den sregep ngiling-ilingi, rasakena murade lan masrudira.
  68. Den gumathuk, ing tekadnya nyambut-nyambut, manawa kapiran, utawa kang tutul petis, dene ta yen saben dalu tan kacagak.
  69. Apesipun, ing pendhak Jumungah iku dalu tuwin siyang, dene apesipun tuwin, ana nora sapisan ing saben wulan.
  70. Supaya ntuk ing kamulyan dennya lampus, mengko sun wawarta, pirsakena duk sawargi, kang sinare ing Pengging Darul ngaliyan.
  71. Tur ta sampun, kasebut yen ahli ngelmu, parandene karsa, lepiyaning para wali, tuwin lepihane guru kang sampurna.
  72. Ingsun weruh nalika kalane dalu, yen tan tatamuwan, sakendeling nganggit-anggit, nora nana malih ingkang tiningalan.
  73. Amung suluk kalawan tasawub dipun parandene ana, manuswa ing jaman mangkin, ingkang datan arsa ulah ing lepiyan.
  74. Ciptanipun, nanging kudu dadi guru, ngelmu pepogotan, kang mengkono muridneki, dadi wong berwangkal gurune ber nakal.
  75. Lamun durung ber mokid wong dadi guru, sanadyan ber nakal, aja kang ber nakal malih, lamun nora misih akeh kalongkangan.
  76. Dene iku, kasusu rangkah tan pecus, dastun tanpa kojah, tumandang amumuradi, suluk iku den susul muluk kiwala.
  77. Anggegampung muride kudu amenthung, mongsa tarimaa, ingkang padha ahli budi, apa nora bisa gawe murad dhawak.
  78. Muradipun, kang terus lan lihatipun, pan suluk punika, dadalan marang kajatin, dene ingkang muradi suluk punika.
  79. Wong kumlunthu pantes dinulang ing watu, pipitu kang samya, agenge sabithi-bithi, mokal bae ingkang para aoliya.
  80. Nganggit suluk, yen tanana pedahipun, pan pasthi kinarya, wuwulanging wuri-wuri, dene ingkang ngati-ati tegesira.
  81. Aja tungkul, ing kauripan ing dunyeku, sajroning kawiryan, sasambinen lan prihatin, den aulah pati sajroning ngagesang.

@@@

SULUK JOHAR MUKIN


PUPUH
DHANDHANGGULA 

  1. Lumaksana sekar gula milir, kitab Johar Mukin kang kinondha, jinarwakaken maknane, lapale kang rinacut, sinalinan ing tembung Jawi, sinawung ing sarkara, mrih dhanganing tembung, tan kabekten sarya ila, kang cinatur pitung langit pitung bumi, kang munggeng jro manusa.
  2. Miwah pitung dina pitung bengi, pan kariyin pan langit kaswargan, jumanten nenggih lintange, jumungah dinanipun, nabinipun mukamad adi, astananing ing dhadha, lawan malihipun, langite langit kumala, lintang Jokal dina sabtu nabine Sis, astanane ing ngutak.
  3. Langit manikem ping tiganeki, lintang Mustari Idris nabinya, ing lalatha astanane, akad ing dinanipun, ping pat langit Selaka putih, lintange lintang Jarah, mungsa nabinipun, kang dina senen punika, pan ing grana punika astananeki, dene kang kaping lima.
  4. Langit emas lintange winarni, lintang sisa dinane Salasa, jeng nabi Dawud nabine, netra astananipun, dina Rebo ingkang gumanti, ping nem langit mutyara, karmri lintangipun, dene kang darbeni lamah,pan nabine punika Nabi Ibrahim, astananane kapala.
  5. Kaping pitu langite winarni, pan tembaga lintang kalku ika, pan dina kemis dinane, nabine ngisa iku, pan ing cangkem astananeki, jangkep langit kasapta, yogya dipun emut, langit kang pepak ing dunya, iya iku aran langit purasani, malih ingkang winarna.
  6. Nenggih ingkang ing sab ngaul’arli, ingkang munggeng ing dalem manusa, tungtut kang kariyin dene, ping kaliye pupusuh, kaping tiga ukuran nenggih, kaping pate lilimpa, kaping limanipun, iya woding ati ika, kaping neme bumi gerah ngusus nenggih, paparu bumi kidban.
  7. Bumi ingkang kawetu ing jawi, nenggih kulit pan bumi tembaga, wulu bumi wesi dene, daging bumi, parunggu, ingkang bumi kuningan getih, otot kang bumi kawat, dene kang babalung, punika bumi salaka, ingkang bumi kencana sungsum puniki, tamat bumi kasapta.
  8. Malahekat punika winarni, ingkang nganeng daleming manusa, Jabarail cangkem gone, ijo suwarnanipun, mungggeng nettra nenggih Mika’il, kuning suwarnanira, Israpil neng irung, abang suwarnane ika, pan Ngrijra’il ireng suwarnanireki, astananing talingan.
  9. Malahekat Kiraman Katibin, munggeng bau kering lawan kanan, Kiraman jingga warnane, Katibin ingkang biru, asta tengen Kiraman nenggih, Katibin asta kiwa, kirun wanakirun, ari-ari lan kekawah, malahekat Haruman kang munggeng ati, malih ingkang winarna.
  10. Pratelane ingkang para nabi, ingkang munggeng badan ing manusa, nabi adam astanane, aneng badan puniku, kanjeng nabi Mukamad nenggih, rasul ingkang mustapa, astananing tungtut, nabi Sis ngembun-embunan, nabi Dawut ing netra astananeki, Nabi Idrislalatha.
  11. Munggeng kapala nabiIbrahim, nabi Mungsa astananing grana, nabi Ngisa astanane, munggeng cangkem puniku, nabi Yakup ing Balung nenggih, nabi Yusup punika, astananing sungsum, nabi Ayub ngusus gonnya, Bagendhali astanane napas kulit, ing galih Abu Bakar.
  12. Ngumar limpa balung ngusus nenggih, ing pupusuh pan Nabi Suleman, kuneng kang winarna maleh, lawang kang menga iku, langit pitu, tuduhe nenggih, cangkem kuping bun-bunan, jaja puseripun, dhingdhing jalal pan kapala, lintang kamar tegese ing bathuk iki, kayu kang witing nyawa.
  13. Sajaratil mustaha ing alis, pasu kiwa tengen gunung kembar, gunung Tursina tegese, apan pucuking irung, lambe Betal Mukadas nenggih, watu sajidinika, tegese ing untu, lambe ngisor.
  14. Uwang tengen kang ngaraning masrik, uwang kiwa ing mahrib punika, Iman Supingi dhadhane, iman Maliki iku, tegesipun puniku gigir, Iman Kambali ika, lambung tengenipun Kanapi ing lambung kiwa, pan ing Mekah tegese telak kang menthil, ras kursi bun-embunan.
  15. Ngaras lambe Loh kalaming lathi, lokil makpul puniku pangucap, telaga Kalka osare, puniku pan kukulung, susu kiwa pulunging ati, Kakbah puser punika, pasalatan rasul, soring larapan Tarwiyah, ing jaejantung, puniku ngaldaka wingit, titi den kawruhana.

@@@

SULUK SASMITANE KAWIMBUHAN


PUPUH
P A N G K U R

  1. Sasmitane kawimbuhan, kawruhana ya pangucapireki, miwah ing pangrungunipun, miwah paningalira, nora nana pangucap roro tetelu, dadi solah tingkahira, boya sak boya serik.
  2. Boya tambuh mung dattollah, kewala den karasa yen abukti, den karasa yen anginum, sembayang den karasa, den karasa nenggih dattullah puniku, ingkang wus awuru Allah, yeku aran salat da’im.
  3. Lawan malih ing ngaranan, martabate ing kasdu takrul takyin, kasdu nenggih kartinipun, apan kareping niyat, dadi cipa dene tegesipun takrul, iku pamekasaning niyat, liring grahitanireki.
  4. Mapan ingkang takyin nyata, wisesaning ing niyat kang sayekti, kang cipta pan dadosipun, kasdu nenggih kang iman, takrul tokit takyin makripat liripun, ingkang iman yen anaa, gumlethek yekti tan serik.
  5. Tan sak tingale ing Allah, ingkang tokit enenge lawan mosik, gletheke paningalipun, pangucap pamiharsa, nyata ingkang angenengaken puniku, kang angglethekaken Allah, myarsaken ngucapken pasthi.
  6. Ta Allah ngala mapan kang, amimbuhi dadi sampun sak serik, tingalira mring Hyang Luhur, nenggih ingkang makripat, ing enenge osiking paningalipun, pangrungu pangucapira, dadi lan dhewekireki.
  7. Tegese puniku nyata, bela tasbeh bela tasbeh lirneki, tur roro kahananipun, apan Allah kewala, kang ancucap meneng mosik tuwin dulu, pan nyata ing ananira.
  8. Sasmitaning rahsanira, kang den ucap ingkang ngucap Hyang Widhi, poma den awas den emut, tanana liyan-liyan, anadene yen tinakonan sireku, punapa pangawruhira ing Allah jawaben aglis.
  9. Pangawruh ingsun ing Allah, kawibuhan ing ngelmuning Ywang Widhi, wonten malih sualipun, apa ujar sakecap, lawan mlaku satindak meneng gonipun, nuli enggal saurana, ujar saecap puniki.
  10. Iya kang ngucap Hyang Suksma, dene laku satindak sarta widhhi, kang aran meneng goniku, ingkang wus nora susah, angulati ing Allah lyan dhirinipun, pira martabating Allah, sarana tri prakawis.
  11. Nenggih tasnip kang kapisan, ingkang kaping kaliye ran sakamil, kandil kaping tiganipun, tannipliyep tegesnya, insan kamil kang sampurna tegesipun, kandil roh ilapi lirnya, utawi semuning tasnip.
  12. Tingal kan gluluh sampurna, iya wahyu iku tegese malih, dadi paningal kang kusus, tetepe wahyu nyata, mila wajib sami den eningna iku prabedanireng tumingal, ing nabi wali myang mukmin.
  13. Nabi tetep tingalira, mara mundur tingale wali mukmin, pira martabat ing laku, jawaben rong prakara, kadi geni kang dhingin ping kalihipun, kadi angin tegesira, semune kang dadi agni.
  14. Pinet panase kewala, tegesipun punika amrih gelis, panarimanira sampun, kasuwen dene ta kang, kadi angin pinet tan kena rinuruh, tegese wus nora pisan, susah kang ngulati malih.
  15. Pinten martabnat sarira, saurana mapan tigang prakawis, anadene kang rumuhun, kadya tanggal kaping pat, kaping kalih kadya tanggal sanganipun, ping tri lir tanggal patbelas, dene ta ingkang rumiyin.
  16. Kang kadya tanggal kaping pat, iya dene katulis lahir batin, kang kadya ping sanganipun, tegese luluh sirna, kahanane ingkang anireng Ywang Agung, kang kadi tanggal patbelas, dene panedyane sami.
  17. Kadya kang andandekena, tegese kang patbelas ingkang sasi, wus prapta ing wangenipun, tekaning ing kawula, nora ta yen dadiya gusti puniku, nanging iya dadi uga, pinten martabat penggalih.
  18. Jawaben limang prakara, kang ruiyin galetheke ing ati, ye kang kapig kalihipun, katampeking lumawah, panejerte anangis kang kaping telu, ketuging nutu kaping pat, ping lima senthet ing ngantih.
  19. Dening jerit ing karuna, lawan iya galetheke ing ati, miwah katampeking laku, pan iku ing pangucap, marmanipun iya dipun kadi latu, ing tekad dene wus tompa, iya senthete kang ngantih.
  20. Lire sipat jamallullah, dene ketuking panutu lirneki, wedaling pangucapipun, nyata yen nora mangmang, nora susah angulati ing Ywang Agung, ya kang ngucap iku Allah, poma aja pindho kardi.
  21. Martabat ing bumi pira, saurana inggih tigang prakawis, dating roh ilapi iku, nenggih ingkang kapisan, kapindhone roh jasadi sadyaeku, kaping tiga tanpa pernah, tanpa tuduhan sayekti.
  22. Widi ing aran Mukhamat, kang khakikhi lawan ingkang majizi, saurana den agupuh, aran nabi mukhamad, kang kakhikhi dating roh ilapi iku, dene Mukhamad kang majazi, yeku dating roh ja’idi.

@@@

%d bloggers like this: