Posted in BUKU WE YOGA DHI

SING BAGUS ATINE


SAPA KANG CEMBURUH IKU NEMU PAKEWUH

Satriya lan wanita utama iku kudu percaya marang Hyang Sukma, rumangspa yen kawula, marga sapa kang samar utawa was iku bakal tiwas.

Iku ana paribasane : ora-ora diarani, suwe-suwe tak lakoni, yen manungsa rumangsa duwe Gusti, iku kudu bagus ati, dadi yen ana tindak kang nasar ati, iku kudu dianti trima keri, ora orane yen bakal lara ati, iku biasane akeh-akeh oleh ganti kang merak ati, iku akeh kang wus bukti.

Dene yen sira nglunja-lunja kurang narima, tansah nuruti angkara murka iku bakal ketula-tula, sangsara kang den arani kesiku dendaning angkara, saya tuwa sangsaya sangsara, malah ora duwe begja, sapa kang bagus ati iku bisa kinasih ing Gusti, sapa kang ngumbar angkara, iku cadangane sangsara. Mula sakabehing buku, Kitab, Kur’an, Injil, Wedha, iku ngemot piwulang becik lan utama.

Senadiyan kita apal buku utawa Kur’an nanging ora digugu pituture dawuh-dawuhe kang becik diarai kapir tegese nyebal saka penggawe becik sapa kang nyebal saka penggawe becik  sapa kang nyebal saka penggawe kebagusan iku bakal apes jajane, asor asmane surem cahyane wirang tembe burine, apa iku subur uripe!!!!

Mula iku yen kita ngaku manungsa, kudu duwe agama, bagus ati iku bisa kinasih ing Gusti. Ora samar yen diala-ala ing liyan, lan ora ngarep-arep pawehing liyan, sebab kita yen ngaku umat, satriya iku kudu adil, kudu jakat (paweh) marang sapa bae kang lagi susah yen kita isih gagah kanti ora cacat aja pisan-pisan ngarep-arep dijakati (wenehi) pilih endi bisa paweh lan diwenehi dene kang tampa paweh iku ing batin rumangsa tanpa kanugrahan lan kebagusan.

Mula iku wajib percaya marang awake dewe kang bagus ati, ora was sumelang, ing batin ora rungsang-rungsang.

Sumber : Buku We Yoga Dhi (ayo pada diudi, yen digugu dadi Yoga kang Adhi).

Alang Alang Kumitir

Advertisements
Posted in BUKU WE YOGA DHI

MARATUWA


ISIH CILIK DIENIK-ENIK YEN WIS GEDE SEJE KANG DUWE
MARATUWA, MARA-MARA KETEMU WIS TUWA

Tumrap sedulur-dulurku kang wis pada jejodohan, iku sabisa-bisa rengkuh-rinengkuh, mong kinemong, aja pisan-pisan nyepirakake marang Maratuwa, iku akunen kaya dene wong atuwane dewe, mangertiya yen jodonira iku biyen isih cilik dienik-enik, digadang-gadang ing tembe bisoa dadi wong kang mulya.

Mula iku yen dianggep kaya dene barang iku wis ora sumbut karo kulake, marga yen diitung anggone ngrumat lan ndandani iku wis ora bati-batiya, sarat-sarate ora diitung, mangka wis pirang-pirang sasi kongsi tumekane saiki wis pirang-pirang tau banjur yen diitung wis pira duwite ? Mula iku yen  ngaturi kabunggahan aja eman-eman lan aja owel samangsa sira ora pada eman lan trisna, ing mbesuk sira bakal kewales ora ditrisnani ing mantunira. Marga apa kang tinandur iku tukul, sak rungge dadi sepikul.

Susahe wong tuwa iku yen duwe mantu ora eman lan trisna ing bojo lan wong tuwa, sapa kang lali ing wong tuwa, iku bakal sangsara, marga ora ngrumangsani yen gede iku ana kang ngrumat lan ngemong.

Sapa kang lali marang kabecikan bakal kapitunan tumrap marang bangsa Cina aja dianggep kapir iku kena den conto ngabektine tumrap marang wong atuwane, yen wong tuwane wis seda gambare utawa potrete isih tetep disoja-soja, disembah-sembah lan uga akeh-akehe bangsa Cina isih nganggo agamane dewe, Budha Sam Kouw, mula isih pada tumindak jujur temen ajen-ingajenan iku wis samestine marang bangsa apa bae iku anggepen sadulur, yen deweke basa ya dibasani yen ngoko, kita ya ngoko, malah bisa keduga kaya kanca, luwih becik nganggo bahasa Indonesia. Bangsa Cina pada trisna ing wong tuna lan bangsa agamane, mula pada mulya. Mula iku ngabektiya wong tuwa, lan agama kang utama supaya bisa mulya, sapa kang tinggal agama iku bisa lali bangsa.

Sumber : Buku We Yoga Dhi (ayo pada diudi, yen digugu dadi Yoga kang Adhi).

Alang Alang Kumitir

Posted in **WACAN PANGLIPUR

AJA SOK GEDE RUMANGSA


RUBES LAN NGENES IKU GINAWE DEWE
MULA AJA SOK NGGEDE RUMANGSA

Utang lan mutangake iku bisa uyuda marang katentreman, yen entuk utang lega atine sanalika rumangsa ditulung yen bisa ngutangi sanalika bungah tetulung, nanging batine golek untung mbuh apa kang bakal dinunung.

Manungsa yen arep tentrem, yen bisa aja utang lan ngutangake, marga yen arep ngutangake iku ing batin wis duwe was-was, wis digagas-gagas kongsi memet-njlimet, wasana kedadiyane ditulungi ora wurung dadi komet, iku bisa ora slamet. Sang saya suwe dadi padu, loro-lorone pada nesu, malah-malah dadi satru, iku anyudakake rahayu.

Yen wong kang utang iku ora bisa netepi janji, iku banjur kurang pangaji, marga nyulayani janji, nuli kawistara yen ora duwe pengaji. Mula iku kudu tepa slira, rikala semana kelara-lara, ana manungsa utama kang paring tetulung, nanging aja males mbingung, malah-malah males mentung, iku tindake wong pengung akeh-akeh manungsa kang sungsang-sungsang iku aran tiyang iku senenge yen mung oleh utang, ora ketang dol wirang meksa nyandak utang, ing batin yen liwat arep timpang, iku ing tembe ora kinasih ing tiyang, wusana kesurang-surang.

Mula aja pada jejuluk tiyang (saka) kang tansah luru momotan, iku ing tembe burine abote disangga dewe. Elinga yen manungsa iku kang den arani papak nanging ora pada, iku pada nduweni wadah raja kaya (kedonyan) dewe, wis ana takere miturut gede lan cilike pepancen, dene pada diupaya niku mung reka daya kepiye murih bisa ayen tentrem. Mangertiya yen ora dipangan uler, utawa penyakit, dene yen dilemoni kanti dirumat kang becik-becik, iku ya isih jeneng lobor kang subur. Mula itungan wong kuna iku mbanjur ana paribasan babat, bibit, bobot, bebet.

Babat-bibite, iku wis ora kena diselaki, dene kasunyatane wong dadi lurah iku jare sok ketiban pulung, iku yen digagapi ya isih babat-bibite wong lurah (pemimpin).

Saiki yen digagas saupama, kita iki dadi Kepala Kantor kabeh, utawa dadi Presiden kabeh, sapa kang bakal diprentah ? lan sapa kang bakal nandur utawa macul ? Saupama dadi kuli utawa tani kabeh, iku sapa kang arep dijaluki paeguh ? Mula bocah-bocah kabeh sinaua pegaweyan kang warna-warna wiwit kasar kongsi temekane alus. Sebab saiki jaman maju nanging ora kena yen mung ngarep-arep saka pucuking potlot bae iku bisa kapitunan gede. Mara digalih yen rakyat pada didi Kepala kantor kabeh, apa peprintahan bisa lumaku ? Mula iku ana babat lan bibit-bibite. Dene yen bibit lobor iku kurang trima nglunja-lunja supaya dadi lubis, iku dadine ngiwa utawa nyimpang saka patokan, ika banjur nggege (kasusu) mangsa, iku ing tembe mesti gela (kecuwan).

Dene manungsa ana kang dadi pangkat harkat drajat iku bisa uga ana babat lan bibite, turunan darahe (brayate) wong adi, mula kasebute Rahaden, mula kasebut Priya-priyayi Roh kang Edi, iku kang natuk supangate para Ratu kang ngrungkebi tanah wutahe, kang makmur apa kang tinandur bisa tukul kanti subur.

Dek jaman pecahe perang Kanjeng Pangeran Diponegara iku ora beda karo jaman pangungsen kang kita lakoni para Tumenggung, Bupati lan Pahlawan-pahlawan pada salin aran saemper wong tani, kongsi turun-tumurun, dadi kepetengan obor persasat wil ilang larine, nanging isih ana harkate. Bareng sungsang buwana balik timbul kayu jati pada mati, wit jarak pada meratak iku gambare saiki akeh putra lurah dadi Bupati lan kepala Compi, pada nyontoni bakti lan Ibu Pertiwi, kesenian asli Pribumi pada ditetangi, ngasih-asih murih kinasih ing embah buyut kita dek jaman kuna ya turunan pembela Kanjeng Pangeran Diponegara.

Mula iku ana babat bibit, woh kang kebanjiran anyut keplaut, saiki lagi bae arep pada tukul wiji kang apik. Mula yen kemeren marang kabegjan liyan, iku bisa dadi kasengsaran, mbanjur nyandak utang, utawa ngutangake iku marakake dadi rubes ngenes. Dene yen pancen niyat tetulung yen ngutangake aja ditagih, mengko yen pancen watak Priya-satriya, rak hiya dijujugake yen wis ana.

PEPENGET : sing sapa wis oleh petulunganing liyan, kudu diwales kang kanti gawe seneng, wis wajibe yen nyilih kudu ngulihake kanti apik-apik amrih ora gawe serik, supaya ora gawe rubes lan ngenes, iku saka tindake dewe kang ginawe.

Sumber : Buku We Yoga Dhi (ayo pada diudi, yen digugu dadi Yoga kang Adhi).
————————————
Alang Alang Kumitir

Posted in BUKU WE YOGA DHI

PELINTANGAN MANGSA TETANEN


Ing jaman kuna wong padesan tani pada ahli pelintangan iku wis ora kena dimokhali, sapa kang nandur pari kungkulan lintan banyak angrem iku bakal dipangan kemerki kang diarani dipangan uler, semono uga manungsa, yen manunga ke siji sok pada duwe mala gatel, marga kasumuban kemerkine lintan banyak angrem, dadi tetela setaun iku ana 12 mangsa, iku ing siji-sijine mangsa lintang iku anggawa daya prabawa, andayani seger lang rungsanging kahanan alam.

Dene carane arep labuh miwiti, iku yen kuna budha ing wayah esuk jam 4 ndelok lintang luku, yaiku mangsa karo, mbarengi sasi Agustus tanggal 2/3 yen lintang luku kang padang ing ngarep, kudu labuh luwih gasik, yen kang padang mau ing mburi, yen labuh digawe keri, yen lintang luku wis arep surut, lintang-lintang kang ana jenenge iku ngrempoyok pating krelip kaya dene jenenge : ya meh kaya dene luku, banyak angrem, lumbung lan liya-liyane.

Dene ngelmu perlintangan kang kanggo pathokan karo wong-wong tani ing padesan kaya ing ngisor iki :

1.    Kasa, umur 41 dina lintang banyak angrem mangsa prei, marga yen kanggo nandur, bakal dipangan uler.

2.    Karo, umur 23 dina lintang waluku mangsane Pak Tani labuh gawe uritan.

3.    Katiga, umur 24 dina lintang wuluh, pralambange ana manuk Sri Gunting unine cik-cik iwir-iwir iku pratandane  Pak Tani arep nyebar iku sok repot (susah) kaya nawu eluh.

4.    Kapat, umur 27 dina lintang lumbung unine manuk Sri Gunting  kyak-kyak ter-ter, pratandane Pak Tani, supaya amiwiti kyak-kyak ter-ter (nggaru) utawa gawe isine lumbung.

5.    Kalima, umur 27 dina lintang jaran dawuk prasemone barat seka wetan, kupu kuning seka kulon, udan, bung pring apus pada tukul, iku mangsane wong tani pada tandur, ndingkluk merkukung kaya jaran dawuk.

6.    Kanem, umur 43 dina lintang gubug penceng kupu kuning saka seka wetan mangulon, udan barat seka kulon, kali-kali pada banjir. Bung pring welat pada tukul. Pak Tani mangsa mantun nandur pari, lan gaweya gubug kanggo tunggu (ngaso.

7.    Kapitu, umur 43 dina lintang welanjar ngirim pralambange yen terang akeh barat, yen udan ora ana barat. Bung pring pada pokah, laron sore mabrul, bumi panas, mangsane ula-ula, cacing-cacing pada metu, Pak Tani pada ngasat pari.

8.    Kawolu, umur 27 dina lintang bladu mangsa pari mrantak, angin seka kulon pernahe, ngentekake kupu kuning seka wetan, bung pring pada pokah.

9.    Kasanga, lintang kukusan umur 25 dina mangsane Pak Tani pada panen, wektu kungkulan lintang kukusan iku pari-pari pada aos, mula para tani yen nendur aja atinggal itungan lintang (mangsa).

10.  Kasepuluh, lintang pacar wutah umur 24 dina, gagang pari pada mbedel, woh-woh pada gogrog wutah tumiba ing bumi.

11.  Desta, lintang gotong majid umur 23 dina pari-pari aja kesusu diunggahake lumbung, dene kang keri mangsa pada gabug, marga kungkulan lintang gotong majid.

12.  Sada, lintang raina umur 41 dina bediding suket garing, bumi rengka wong tani andum butuh.

Sumber : Buku We Yoga Dhi (ayo pada diudi, yen digugu dadi Yoga kang Adhi).
————————————
Alang Alang Kumitir

Posted in BUKU WE YOGA DHI

TULISAN KANGGO RAJAH


SABEN BANGSA PADA DUWE TULISAN KANGGO RAJAH
Kawruh Padalangan Petikan Buku Kala Yuwana

Kacarita pangandikanira Sang Hyang Jagat Nata, dateng Sang Hyang Kala : Hee Kala ! Sak mangsa ana manungsa kang tumindak ora temen utawa nyingkur marang pitutur becik, iku mangsanen; kabegjane pepesan sandang lan pangane, yekti kena sira arad ing wekasane. Nanging kang santosa ing budi lan bagus ati, iku ora kena sira winisesa ing sak lawase. Lan uga supaya wonge kang bisa maca tulisan rajah Kala Cakra, ya iku Sastrapedati kang ana ing jajanira iku minangka panulake pangrancananira, kalisa ing bebaya, kalisa ing sangsara.

Dene tulisane Jawa kang unine kaya ing ngisor iki :

1

Ya  Ma  Ra  Ja

Ja  Ra  Ma  Ya

Tegese Pangrancana Maria luwih

2

Ya  Ma  Ra  Ni

Ni  Ra  Ma  Ya

Tegese anekani ilanga kaluwihanira

3

Ya  Li  La  Pa

Pa  La  Si  Ya

Tegese kang aweh luwe amaregana

4

Ya  Mi  Da  Ra

Ra  Da  Mi  Ya

Tegese kang aweh mlarat anyupana

5

Ya  Mi  Da  Sa

Sa  Do  Mi  Ya

Tegese kang anyikara mariya nangsaya

6

Ya  Da  Yu  Dha

Dha  Ya  Da  Ya

Tegese kang amerangi laruta kuwatira

7

Ya  Si Ya  Ca

Ca  Ya  Si  Ya

Tegese kang para cidra kogel walesa

8

Ya  Si  Ha  Ma

Ma  Ha  Si  Ya

Tegese kang dadi ama yagiya asiha

Lan maneh pada kadawuhan anglakoni talak brata warna 5.

1.  Pasa awit surup srengenge, tumeka plentong srengenge.

2.  Melek awit esuk, tumeka tengah wengi.

3.  Tapa mbisu awit tangi esuk, tumeka plentong srengenge.

4.  Wahdad, ing saben malem wiyosan kakung lan putrine 7 dina 7 wengi ora kena senggama, yen bisa tekan 21 dina.

5.  Sabar, lila legawa tepa salira ing salawe.

Sapa kang bisa anglakoni riyalat 5 warna iku dadi pangruwate papa cintraka lan anuwuhake bagiya raharja, ing donya tumekeng pralaya.

Sumber : Buku We Yoga Dhi (ayo pada diudi, yen digugu dadi Yoga kang Adhi).
————————————
Alang Alang Kumitir

Posted in BUKU WE YOGA DHI

SAPA KANG ELING DEN ELINGI


Ya alim ya alimi

Kanjeng Nabi Muhammad saw, yen karsa tumindak apa wae tansah ora supe nyambat sebut, Malaekat 4 lan Sakhabat 4. semono uga kita kudu eling marang Kadang 4 lan Napsu 4, ing ngisor iki sarat-sarate angraketake Malaekat lan Sekhabat, yen cara Jawa Kadang.

“Mar Mariyati” kakang “Kawah” adi “Ari-ari” getih “Puser” kadang ingsun papat kalima “Pancer”.

Kadang ingsun kang ora katon lan kang ora kerawatan, sarta kadang ingsun kang metu saka Margaina, lan kadang ingsun kang ora metu saka Margaina, sarta kadang ingsun kang lair bareng pada sadina, kutu-kutu walang ataga.

Bapanta ana ing ngarep Ibu ana ing mburi, ayo pada dahar, (yen nyambut gawe rewang-rewangana) sak piturute supaya disambat sebut.

Nanging yen sare, panyambate mangkene : Awak ingsun arep turu, jaganen lan reksanen badan wadag ingsun kang ana ing wewengkon ingsun kabeh, yen ana sangkala rubeda sira gugah-gugaha. Yen duwe kaperluan wungu gasik, aku gugahen ing jam 12 ?.

Yen duwe panuwun sambetan, pada rewang-rewangana, kaleksanana kang dadi panuwun ingsun ing sak karsaningsun.

Yen bebuang sesuker, sambaten mangkene : Sampurnakna sesuker ingsun dadiya suci nirmala.

Yen wis arep tumeka ing janji, para sadulur-dulur iku karuwaten, supaya aja angridu ing dedalan, pangruwate mangkene : sarana panyipta ing sak jroning batin, penyambate kaya ing duwur……………. kabeh pada sampurnoa nirmala, waluya ing kahanan jati dening kuwasaningsun, tumuli ngeningake cipta kang santosa, aja kongsi duwe rasa pangrasa kasengsem marang kawujudan apa bae, iku kabeh kalebu panggoda rencana. Mula kudu ening awas eling, kang teguh kukuh bakuh. Asal durung manjing ing guwa garba Ibu, ana ing alam kang sampurna bisoa mulih nang alam sampurna, langgeng sampurna lan mulya (Wallahu allam).

Sumber : Buku We Yoga Dhi (ayo pada diudi, yen digugu dadi Yoga kang Adhi).
————————————
Alang Alang Kumitir

Posted in BUKU WE YOGA DHI

URIP IKU ANA KANG NGURIPI


YA KHAYU, YA KHAYUMU
URIP IKU ANA KANG NGURIPI

Duh yayi ingkang ka-ebekan kalimput ing kasenengan. Mugi kapiyarsakna atur kula sejatosipun duk nalika Ibu anggarbini lajeng sapunika dumugi lekipun keraos anggerahi ing riku emaring sarira, kumesaring panggalih mahanani wontenipun kula tuwin adi kula estri, punika kasebat “Marmati” wandene medal kula saking dada sareng ngajengaken uwating jabang bayi, punika wonten ingkang rumiyin saking marga ina dipun wastani kawah, dados adi kula ingkang sipatipun petak punika tumenten medalipun bayi saking marga ina nenggih salira panjenengan  punika sasampunipun makaten lajeng kasusul medalipun ari-ari, ingkang rayi paduka ingkang rupinipun jene.

Lajeng kasundul medalipun rah, dados rayi paduka ingkang rupinipun abrit sinarenganipun mangsa pupakipun puser, dados rayi paduka ingkang rupinipun cemeng.

Kajawi ingkang kula aturaken wau yektinipun taksih wonten malih ingkang dipun wastani saderek, medal sareng sadinten, inggih punika pepataranipun panjenengan ingkang sareng lairipun, malah mboten namung manungsa kemawon, nanging senadiyan Dewa Denawa, gandrarwo sato iwen, buron wana, buron toya, buron iberan lan sanes-sanesipun punika kasebut manjing dados saderek, kula-warga panjenengan nanging menawi dipun pepetri hadanipun alus, sami purun ambau reksa panjenengan.

Wondene caritanipun memetri, sarana resikan lan ngobong dupa ratus wangi-wangi sarta langkung prayogi dipun memule. Menggah memulenipun dateng saderek ingkang mboten medal saking matgi ina, punika sarana, golong, pecel, ayam, jangan menir, ulam sate, ulam sate, ulam peksi, ulam loh, jejanganan, sekar campur, pisang agung, sedah-ayu, lisah wangi, lisah sundul langit, santen sarta juruh winadahan dados satunggal kaliyan tape, opak angin, tindihipun timah utawi nekel.

Memulenipun dateng sederek medal saking marga ina, sarana sekul golong 5 (limo) winadahan ing takir, ulam-ulaminipun, ulam seganten, ulam rawa, ulam benawi, tigan mateng kalih supit kadadosaken sawungkus katumpangaken ing takir, saben satakir katumpang sajodo, dene tindihipun timah utawi nekel, saben satakir sanekel.

Memulenipun dateng saderek ingkang medal sareng sadinten, punika liwet ketan kinepangaken kaliyan wadahipun kendil utawi ketel, kekanti sekul golong jangan menir, pecel ayam, sekul minggah (sekul megana) inggih punika ingkang kaedang wosing pantun slamet, menawi sekar cempaka, sekar kenanga, tindihipun timah (nekel) cacah jenjem.

Sadaya wau ingkang anggesang para kanca sami asanti dedonga makaten “Hong mangarcana maswaba” sang Hyang Ayu, Ayu ! Ayu ! Ayu ! Surak Ayu !!!!

Mungguh ganepe kaya ing ngisor iki :

1.  Godong dadap srep kaekum winadahan ing Tuwung, ateges ambekteni dateng Ingkang Lakung Kuwaos, panyuwunan adem asrep ayom ayem tentrem sak garwa-putra, teka tawar sakehing goda pangrencana.

2.  Kembang abang lan putih, pangabekti dateng Kawula sejati Gusti, panyuwunan harum awangi angambar-ambar prabawa harum sak garwa putra.

3.  Bubur abang lan putih, pangabekti dateng Bapa, dene ingkang abang saking Ibu. Kaki lan Nini, Bapa Adam lan Ibu Khawa, panyuwunan berkah lan pangestu, yen Bapa lan Ibu, Kaki lan Nini, isih sugeng ya kudu dibekteni.

4.  Kembang telon; Kantil, Kenanga, Mawar, ambekteni Roh alu 3 (telu) kang diarani Tri Murti, yaiku Janaloka, Indraloka, Guruloka, yen Arabe, Baital Mukadas, Baital Mukharam lan Baital Makmur.

5.  Jajan Pasar warna 12, ambekteni dina 7 pasaran 5, yaiku palenggahan 7 lan pncadriya 5, yen Arabe Mekah< Medinah, menarane ana 12 dadi lambanging manungsa. Panyuwunan angreksoa ing Rina lan Wengi, kalisa ing goda rencana.

Dene yen duwe gawe, mantenan lan liya-liyane.

Setunggal (1) ambengan kang kanggo niyate duwe khajat apa………….? Setunggal (1) Mule lukhur, setunggal (1) ambeng mbekteni marang kang leluhur kang mbubak senggani Cikal Bakal desane, biasane apa, ambeng rasulan, panuwun rasa pangrasa supaya ora rubes. Bucu, uncet, panggang ayam, beras lan endog, duwit, menyan srutu, kinang, asem uyah, kembang boreh, endok ayam, ayam, gula klapa, trasi, jenang lulut, kopipaitan, juwadah wajik, pisang raja (pisang agung) pipit, bucu sundul langit ditancebi janur kuning, jenang 4 warana (ireng abang kuning putih), iki kabeh disajekake ana ing kamare kang duwe khajat lan di sumedi lampu (jlipak).

Dene ing jaba dipasangi janur kuning tegese awer-awer nyuwun slamet. Ing Longopan dipasangan gapura, tegese panyuwunan marang kang Rawuh maringana pangapura.

Dene dulur-dulurku model maju iku sok mokhal, mulane sok kepoal, tandane yen duwe gawe, sok warna-warna wae kang dadi karubedane, lan alangane warna-warna sajake ora lancar utawa ora Jawa mula pada den estokena.

Sumber : Buku We Yoga Dhi (ayo pada diudi, yen digugu dadi Yoga kang Adhi).
————————————
Alang Alang Kumitir