alangalangkumitir

Javanese Manuscripts

SULUK SAKING KITAB MARKUN


Anggitanipun abdi-dalem Kyai Tumenggung Arungbinang. Susuluk saking Kitab Markun, ingkang methik abdi-dalem Mas Pangulu Martalaya.

SEKAR ASMARADANA, 33 pada :

  1. Kitab Markun kang kinawi, mas’allah wiyosing salat, papager ika pamriye, aran takbiratul’ikram, pan saking kaelokan, marmane ngadeg puniku, saking ora maring ana.

  2. Ananipun saking uwit, wiwitane saking ekram, ekram angadeg wiyose, kamattekram kamattolah, nenggih tegese ngekram, cengeng tegese puniku, lali jroning ngelingira.

  3. Ekram tegesipun jati, lali pana ing pangeran, sami dipun-wruh tegese, jroning pangeran tan ana, manteping dhirenira, mring nama Al[l]ah kang agung, tegese ekram angucap.

  4. Kang angucap ing ngusali, kaelokaning dattolah, nenggih punika tegese, puniku kang rahman salat, ekrame duk aksara, alahu akbar punika, nenggih ingkang ngaran salat.

  5. Ngadek rukuk sujud nenggih, puniku tekane ngekram, selam wekasan ekrame, puji dunya lan kaldunya, kawula  datan ketang, mantep jenenging Suksma-gung, amuji-pinuji dhawak.

  6. Nyatane tan uningani, wiyose kang muji Allah, kang pinuji apadene, kang arukuk iku Allah, kang sujud iya Allah, nyatane ekram puniku, wus karem maring kang nyata.

  7. Wiyose salat kang pundi, kang tinakokaken ika, ing guru kang luwih kaot, pan dudu mahkluk punika, nenggih wiyosing salat, jatine kalek puniku, kang ngucap alahu akbar.

  8. Lir kadi kongkonan pasthi, kang ngakon nora katingal, mantep jumeneng anane, maring kang duwe kongkonan, utawi ingkang salat, jatine pan dudu makluk, nyatane iku nugraha.

  9. Tegese nugraha singgih, pan dudu gusti kawula, kumpule rasa dikaot, kenyatahan ing dattolah, iku kang ngaran salat, dudu kalek dudu makluk, puniku rasaning edat.

  10. Kang salat manusa jati, ing pundi nepsune salat, pundi rohe lan sipate, pundi balunge ing salat, miwah jasade salat, astane lan sukonipun, iku sira kawruhana.

  11. Dipun-wruh jatine kaki, nepsune salat aniyat, dudu niyat nawetune, kang sedya niyat punika, kupur kapir dadinya, dene balik karsa iku, niyad dudu basa swara.

  12. Dudu cipta reka singgih, dudu angen-angen cipta, nur johar awal jatine, kang aneng dunya ngakerat, iya uriping johar, kang langgeng sajatenipun, kang niyat jatining Sukma.

  13. Nora wenang sira kaki, kawula ngakuwa Allah, yen ngagungna pangerane, dadi kupur kapir sira, yen tn wruh pagurokna, nyatane ananireku, padha lan ananing Suksma.

  14. Roh ing salat kang sayekti, patekah dudu patekah, kang winaca alkamdune, dudu roh ilapi ika, nyatane bae tunggal, kang muni alkamdu iku, iya nyatane dattolah.

  15. Lwir kadi kongkonan yekti, pantes kang duwe kongkonan, kewala iki senene, roh ilapi lan dattolah, sapa ngarani Allah, tanapi patekah kupur, dene tan wruh ing-aranan.

  16. Balunge salat kang yekti, rukuk dudu rukuk ika, kang ngadheluk sarirane, angasoraken sarira, iku nyatane sadrah, sadrah rohani puniku, yekti rasaning Pangeran.

  17. Jasade salat kang yekti, iktidal dudu iktidal atangi saking  rukuke, den-eling yen saking ora, jatine maring ana, den-wikan ing tegesipun, jatine iktidal ika.

  18. Tangane salat kang yekti, iku ayad dudu ayat, kang winaca ing papane, kang tinulis mangsi ika, puniku juru basa, jatine Kur’an puniku, dudu basa dudu swara.

  19. Jatine jenengireki, kang ngaran Kur’an punika, kang aran Kur’an tandhane, pan sira nyataning edat, punika kawruhana, sakehe wawacanipun, iye metu saking sira.

  20. Iku tegese kang yekti, apa tangane asalat, sami ngawruhana kabeh, tangane salat pan tahyat, puniku nyatanira, sakathahing sanak ingsun, iku sari kawruhana.

  21. Sukune salat kang yekti, iku salam dudu salam, roh lan jasad sasmitane, jatine anoleh ika, jatine roh lan jasad, anane dattolah iku, punika jating salam.

  22. Ngiwa nengen ta puniki, jisim latip jatenira, kang jinaten sajatine, kaelokaning dattolah, iku tegese salam, selamet salamenipun, kang ngiwa nengen punika.

  23. Wonten kawarnaa malih, tegese salat punika, tiyang ngagama jatine, agama iku dattolah, sampurnane makripat, tunggal sih lawan sang ngulun, iku tan antara mongsa.

  24. Yen antara mongsa iki, kawula gusti punika, dadi batal nugrahane, kang muni Alahu akbar, iku dudu nugraha, jatine nugraha luhung, iya roh iku dattolah.

  25. Sembah pujinira iki, ati rohani jatinya, Kur’an telung puluh juse, wus telas marang patekah, patekah iku uga, telas mring bismillah iku, bismillah kang alip ika.

  26. Alip wus sinungan gaib, utawi kang aran salat, anganggeya patekahe, pan iku tan ana  liyan, duk durung ana jagad, bumi langit durung takyun, amung dheweke kang niyat.

  27. Tegese kang tahyat yekti, apan ora amangeran, tan ana liyan-liyane, puniku jatining tahyat, kang agung kang kuwasa, duk ingsan kamil puniku, anane minongka ora.

  28. Tan adarbe kersa singgih, tan angrungu ananing Hyang, adarbe netra jatine, tumingal nora lan mata, darbe kontha tan ngucap, sampurnane salat iku,nenggih kang teka ing tahyat.

  29. Tegese tahyat kang yekti, salam iku ananira, saking dattolah angsale, sawuse muji andonga, sami den-kawruhana, anane Ngallah duk kumpul, puniku kang aran salat.

  30. Puji donga kang sayekti, puniku nyataning Allah, amuji-pinuji dhewek, tegese iku tan ana, tandhane malih ika,kang muji kajatenipun, kang pinuji iya sira.

  31. Iku tegese pangabekti, apa karane salaman, anjawat tangan tegese, iku sira kawruhana, tegese jawat tangan, tandhane Allah puniku, yen sami asih-siniyan.

  32. Sira kawula sun abdi, tegese anjawat tangan, punika manusa kaot, kang mekradi panjenengan, nom tumeka gesang, gesang tumeka ing wujud, puniku purbaning salat.

  33. Mulane ngadek puniki, kang salat saking ing nukat, arukuk sadra angsale, asujut tan darbe polah, mliginya wong kuwasa, iya iku jatenipun, salad daim jatenira.

  34. Ingkang aran salat da’im, sami sira ngawruhana, sami dipun-wruh jatine, iku sampurnaning salat, ing-aran ngilmu ora, ngilmu iladuni iku, iya roh iku kang salat.

SEKAR SINOM, 27 pada :

  1. Kaya ngapa tumekana, tingale marang Hyang Widdhi, tinggal pakon sarta angas, angguguyu wong ngabekti, satengahe madoni, sasat maido ing  Rasul, kapire wis tetela, kadya tingkah wong yahudi, pasthi langgeng dadi dhasaring naraka.

  2. Kathah kaliru ing tompa, miarsa ujar kang dhingin, tekadira kaluputan, miarsa ujar kang jati, sisip dennya nampani, dadine saya delurung, ujare selambrangan, tinggal salat iku wajib, pan ninggaale puniku luwih sampurna.

  3. Ujar iku kasamaran, satengah ginawe batin, nyanane atilar pisan, tan wikan yen iku wajib, pangandikaning Widdhi, kadi nabi satus ewu, patlikur sewu samya, kinon sami anglampahi, pan sadaya tan ana kang tilar salat.

  4. Nabi Musa cinarita, parentahira Hyang Widdhi, seket wektu perlunira, sadina lawan sawengi, umad samya nglampahi, parentahira Hyang Agung, norana kang ngresula, iku mukmin kang kakiki, iya iku mukmin kang sampun tumeka.

  5. Atilar salat sampurna, kadi pundi angawruhi, apa wajib tilar salat, wajibipun kadi pundi, osike lahir batin, miwah sembah pujinipun, aja ngrasa anembah, anging Allah kang duweni, polahira iku polahe Hyang Suksma.

  6. Aja ngrasa duwe sembah, aja ngrasa duwe puji, miwah barang polahira, aja ngrasa anduweni, miwah tinggaling ngati, wajib darbene Hyang Agung, miwah wujud manira, punapa hukume napi, tanpa polah polahe lawan kewala.

  7. Ingkang jenenge kawula, suh sirna tan ana kari, apa ilang ujud kita, kaganten dening Hyang Widdhi, ilange wujud iki, anenggih pralambenipun, lir lintang karahinan, kasorotan sang hyang Rawi, lintang ilang kasenenan ing raditya.

  8. Kang tumeka maring salat, tangak kasdu takrul takyin, ya iku wis kawayang, ing tingal sajroning ati, kalawan ati hening, ati hening tegesipun, arep amarengena, kasdu takrul lawan takyin, lapal lalah barenge niyati tiga.

  9. Kurup sakawan punika, nenggih kang kariyin alip, kakekat niyat lan awal, kelawan lam akir nenggih, tibane sareng sami, penggawene niyat iku, Allah asmaning dat, kang sinembah kang pinuji, lapal akbar sampurna niyat sedaya.

  10. Jatine niyat utama, arep ngilangaken kalih, tan ana gusti kawula, yen maksih kawula gusti, iku durung ngutami, dereng tinggal salatipun, tegese wus anunggal, tunggale maksih kakalih, nora ilang anane roroning tunggal.

  11. Sejatine tingalira, baresihira Hyang Widdhi, kawula pan ora bisa, yen ora lawan Hyang Widdhi, bisane angabekti, ati kelawan Hyang Agung, tumiba ing kawula, kang dadi lantaran puji, dadi bareng sembah puji lan nugraha.

  12. Ing kawula gene nyata, kahanane Maha Suci, dipun-angken wujud tunggal, kang dadi sihe Ywang Widdhi, kang nembah ingkang muji, tan liyan kawulanipun, pan tajalining sipat, miwah datipun Hyang Widdhi, gih kawula punika dadi tersondha.

  13. Endi kang aran kawula, kang aran kawula yekti, iya iku kang nerima, ing sihe marang Hyang Widdhi, apan orana kalih, kang asung marga kang luhur, poma den-anarima, ing asihira Hyang Widdhi, malah mandar dadi kawula pilihan.

  14. Lamun mantep kang terima, ing siyang kalawan latri, iku ingkang tinarima, kumawula marang gusti, gusti yen sampun asih, barang kang tinedha sinung, kapriye puji sembah, tingale dereng patitis, kang rarasan waliyulah kang tumeka.

  15. Dadine wong sumentana, angrasa dadi kakasih, panembahe tuna dungkap, adhepira salah dalih, lupura dadi kapir, ingkang saya sasar agung, puniku den-pratela, iku akeh anglakoni, salah tompa patine dadi weraha.

  16. Tegese jindik punika, angrasa murka Hyang Widdhi, atawa amimisahna, ujar iku luwih rusit, rungsite iku ugi, tan kajaba tan kalebu, perak tanpa gepokan, adoh tan ana mangeni, poma-poma ing tompa dipun-waspada.

  17. Lapalipun madukara, mejja mungan mekka neki, tegesipun nora pisah, nora adoh lawan gusti, nanging pan nora kari, barang polahira melu, iku ewuh ing tompa, sisip denira nampani, upamane kumendhang kalawan swara.

  18. Kadi uruh lawan toya, kadi areng lawan geni, kadi dhalang lawan wayang, kadi papan lawan tulis, den sami lawan tulis, den sami angawruhi, tegese upama iku, malah mandar pareka, tingale maring ing gusti, den-prayidna aja sira ngloro tingal.

  19. Den tumeka tingalira, kumawula marang gusti, anging kalawan panembah, sarta kalawan pamuji, siyang kalawan ratri, supaya lamun kadulu, lamun tan muji nembah, elinga maring Hyang Widdhi, adoh pisan anggung gawe ulah dunya.

  20. Namane sembah sedaya, lilima ingkang rumiyin, ing-aran sembah jumungah, kang lahir kawektu ngati, kathah ingkang nekseni, sembah jumungah puniku, barang den-ucapena, kan kalahir saking lathi, iya iku lakune sembah jumungah.

  21. Kaping kalih sembah asta, iku tingal jroning ngati, iya iku nora pegat, tingale sajroning ati, patemon lawan Widi, kadi pundi patrapipun, upama tatemuwa, jare nora werna rupi, kaya sapa wernane kiyahi sukma.

  22. Aja sira loro tingal, jenenge kawula gusti, kawula pan ora nana, kagenten dening Hyang Widdhi, iya nora duweni, iya barang polahipun, pan solahe kang purba, ing siyang kalawan latri, aja ngrasa kawula ginawe wayang.

  23. Sembah kali kaping tiga, tan ana tingal kakalih, roh jasat lah kadi pundi, iku dadi gagenti, tajali marang Hyang Agung, iku jatine tunggal, tunggalipun kadi pundi, iya jasat iya eroh iya Allah.

  24. Kawruhana kang tetela, dadalan maring kajatin, apan ora kena pisah, ya nyawa ingkang nampani, ing sihipun Hyang Widdhi, ing siyang kalawan dalu, kinarya katunggalan, iya eroh kang nampani, iya iku ingkang dadi juru basa.

  25. Karone tan kena misah, ing siyang kalawan ratri, dadining roroning tunggal, kalawan kang Maha Suci, jisime anuruti, maring roh sajroning kalbu, iku ingkang ngatompa, parentahira Hyang Widdhi, iya iku kang den-aku wujud tunggal.

  26. Sembah ingkang kaping lima, den sami sira ngawruhi, aran sembah ismu ngalam, kadadeyan bumi langit, miwah roh lawan jisim, sedaya sami atuduh, atase iku tunggal, kenyatahane Hyang Widdhi, kang gumelar anyare lan sipat baka.

  27. Aja pegat tingalira, dadine bumi lan langit, iya iku kenyatahan, kang dadi ayat sayekti, nanging ngujaring ngilmi, tan ana roro tetelu, utamane kang keblat, keblat jati kang amuji, iya eroh puniku keblat kang mulya.

  28. Iku sira kawruhana, nenggih wirasaning wangsit, aja katungkul ing tembang, den sami murciteng budi, lamun nora kadugi, takona kang sampung weruh, maring kang sampun wikan, kang ngawruhi lahir batin, anedyaa sami tulung-tinulungan.

Kapethik saking Serat suluk jaman karaton-dalem ing surakarta.

=====###=====

SERAT SULUK GAIB


Kiriman saking :
Mas Tomy Arjunanto

Suluk Ga’ib punika piwucal peparingipun Eyang Kangjeng Susuhunan Kalijaga, punika mboten dipun tembangaken, namung dipun waos lan dipun raos.

S I N O M

Iki kang dadi lelarangan, kalimah tan kambah singgih, den ira kang sampun awas, panggolah ngelmu sejati, nugrahaning Hyang Widdi, kang wus wikan rahea iku, pan tunggal tinunggalan, tunggal wujud tunggal kapti, iya Muhammad kalawan Allah.

Tunggal karoning tunggal, tunggale maksih kekalih, Muhammad yaiku Allah, Muhammad ingkang sejati, ing jaba jero pesthi, Muhammad sirna kadulu, kaliyan sipat kidam, mulane kaya dhuk nguni, yaiku sampurnaning puji sembah.

Poma kaki den krosowa, ujar linarangan yekti, tan kena den ucapna, tanpa krasa jasadneki, pan iku sabda jati, sampurnaning pangrungu, sampurnaning paningal, paningal ingkang sejati, yaiku sampurnaning rahsa Dzat.

Anuhung satriya iku, idhepe tan polah singgih, ngarah dadining sahadat, tan wikan dununging puji, tan wruh Pangeran neki, panembahe estu suwung, kaliwat denya nembah, idhepe urip kekalih, tekad ira tuna liwat dahat sasar.

Den ora aksara punika, den estokna tan gingsir, tatanira tuna kaliwat, den umyung wartane tulis, sedaya nembah muji, panembahe estu suwung, kang utama luwih nglela, wau den ira ngabekti, satingale dadi puji lawan sembah.

Lahir batin pan katingal, Muhammad lan Allah yekti, dinulu perek gumampang, jro kandhaga isi warih, jaba jero keeling-keling, sirna kandhaga dinulu, kalingan madu mangsa, dadi madu iku singgih, sirna ilang Muhammad kalingan sukma.

Sajroning batin Muhammad, ya Muhammad lahir batin, ya Allah ing badanira, iya lahir iya batin, lir ombaking jaladri, tungagae ana ing banyu, pan tunggal tinunggalan, poma sirna den nastiti, iya iku aran ngelmu rasa.

Wonten malih cinadriya, kang dadi jagad puniki, ing salira kang sanyata, pan saking patang prakawis, bumi pan dadi Alip, angin dadi Lam puniku, banyu dadi Lam akhir ika, geni He dadi nireki, Alip iku wujuding saliranira.

Ingkang Lam awal  punika, jenenge napsu nireki, Lam kang akhir tegesira, nyawa sejatinireki, aksara He kang dadi, paningal sejatinipun, sampun jangkep sekawan, ing mangke pinusthi malih, ingkang badan Jabrail sejatinira.

Jeneng nepsu punika, Mikail sejati nireki, utawi kang saking nyawa, Isropil tegese kaki, kang saking tingal sejati, Ijroil sejatinipun, den samya ngawruhana, aja lali sira kaki, samya tunggal punika  dipun waspada.

Kang Jabrail punika, ijo warnanireki kaki, asta kanan mapanira, utawi Mikail yekti, ing roh panggonan neki, kuning warnane punika, miwah Isropil ika, putih warnanira kaki, wedaliriku kaki saking wuntat.

Ijroil ing tegesira, saking gigir wedalireki, pan ireng ing warnanira, miwah ing panebut kaki, marang kang Mha Suci, beda-beda pujinipun, lamun muji Ilallah, Ijrail pujinireki, Minallahi Isropil ing puji nira.

Yen muji Lillahi ika, Mikail iku kang muji, Jabrail muji Hu Allah, lamun ana cahya putih, wetune saking rai, ireng urub ira iku, warnaning ingkang cahya, punika nugrah Hyang Widdi, yaiku aran kang luwih utama.

Punika den kawruhana, Alip kang sahadat jati, kathahe limang prakara, sadat mutakalim wakhid, utawi guluneki, ing kana sejatinipun, kaping kalih tegesnya, Alip He namanireki, iya iku otote gulu kang kiwa.

Yen medal mandhuwur lirnya, Alip kallam nama neki, pan iku wimbuhing jagad, manungsa jati nireki, kallam panjingireki, ing puad sejatinipun, miwah ing kalbunira, yen medal anganan malih, sejatine iku kang ran mulya.

DHANDHANGGULA

Sapa wonge kang angawruhi, sejatine kang kitab punika, dadi gedhe ing begjane, wikan ing badanipun, kang waspada ing kitab iki, ingaranan pustaka, Nugrayen Hyang Agung, kang kasebut sajroning kitab, Ngalam Kabir miwah Ngalam Sapir, tan ana bedanira.

Ngalam Kabir Ngalam Sapir kaki, bedanira ana ing sira, yen wus wikan ing tuduhe, sarta wulaning pan, lungguhe Ngalam Sejati, pinanggih ngelmu rasa, ing gegebenganipun, miwah kathahing aksara, lamun malih lungguhe sawiji-wiji, kang ana ing salira.

Pira kehe bebalung puniki, kalih atus pan punjul sawidak, otot nem ewu kathahe, lawan punjul nem atus, lan sawidak punjulireki, sakethi wulunira, iku punjulipun, tigang leksa punjulira, lan tri ewu atus tri dasa nenggih, punjulu tigang lembar.

Apan rambut saleksa puniki, tigang ewu miwah punjulira, iku tri atus punjule, tri dasa lawan telu, sampun jangkep wilangan neki, padha sira estokna, rekmane Njeng Rasul, lan aja katungkul sira, angupaya ngelmu kang lewih-lewih, slamet ndonya akherat.

Wulu badan pan kathahe sami, lawan rambut iku kathahira, alis pitung atus kehe, sawidak punjulipun, lawan enem langkungireki, idep pan karo belah, ing wilanganipun, napas kang metu punika, pan karone sedina lawan sawengi, nem ewu langkungira.

Pan nem atus swidak gunggung neki, iku kaki muga estokna, aja mung katungkul, anenggih kang sumambung, parincene raga sejati, angrawruhana sira, aja salah surup, iku kaki den waspada, ngelmu kang katemu ing ngalam akhir, poma ing wekas ing wang.

Kang pinurwa carita utami, ingkang pinencer parinci nira, raga ing jaba jerone, den mantep ing pandulu, aja sasar sabarang kardi, den ambeg amartapa, martapeng pandulu, aja tuna aja kaliwat, iya iku dadine kawula Gusti, aja tinggal kaliwatan.

Mulanira ngaurip puniki, tlatenana mumpung aneng donya, wong urip akeh arale, wong lelaku ing mbesuk, dununge awit saiki, mumpung sira sih gesang, lawan susur ngulati jabane bumi, temahan ora ana.

Bumi langit banyu lawan geni, angin lintang surya lawan candra, kabeh ana ing dheweke, jurang tanapi gunung, padhang peteng wonten ing ngireki, adoh lawan perak, pan ana ing sireku, miwah salumahing jagad, atanapi miwah sakubering langit, kabeh ana ing sira.

Ujar iku apan luwih adi, sasat simpen jumanten kumala, yen wus wikan rahsane, aja sira katungkul, amintaha samaning urip, manungsa sawidak warsa, dawane kang umur, mumpung sira makih gesang, takokna jalma ingkang lewih ngerti, kaluwihaning donya.

Iku ujar kaki kang sayekti, Nabi Wali kalawan Mukminnya, kabeh ana ing dheweke, kalawan Kangjeng Rasul, dununge sawiji-wiji, Allah lawan Muhammad, kabeh neng sireku, patrapna kang prayoga, aja nganti salah surup iku kaki, Allah lawan Muhammad.

Iku tuduhe apan iku singgih, lawan pituduh ingkang sanyata, yen bangke ala dadine, tegese bangke iku, kawruhana mumpung isih urip, yen sira durung wikan, satemene iku, jatining aneng pusaka, iya iku pusakaning ingkang ening, anane kang pusaka.

Sajeroning ning iya ana urip, jroning urip pan ana ningnya, jroning ning iku rahsane, jroning rahsa puniku, pan ana sir jatinireki, sajroning sir punika, aran Dzat satuhu, sajroning Dzat ana sipat, iya iku swara kang lewih ening, jro swara ana apa.

Jrone swara ana urip, iya iku urip kang sanyata, sanyatane urip mangkene, urip ingkang satuhu, anuhoni niyat ingkang ning, ning sejati nira, rupane wa Khayu, khayune sundhul ngakasa, bumi langit asmara sejati neki, jroning asmara rupa.

Kang wikan makripatireki, sejatine muni-muna, iku panengerane, tuture asor amamadu, iya iku samane gendhis, rahsane kudu wikan, ing sajroning madu, apa ana ing jaba, miwah apa aneng jro badanireki, poma kaki den wikan.

Peksi iku pan gangsal perkawis, ingkang dhingin iya kresna, peksi ijo kapindhone, nenggih ping tiganipun, peksi kuning punika singgih, kaping catur warnanya, putih ulesipun, kang tengah peksi dewata, peksi iku yektine limang perkawis, kang neng badan manungsa.

Peksi lima padha adi-adi, iya padha angon lakunira, padha mencok dhewe-dhewe, sawiji aneng pusuh, panggonane punika nenggih, Hu Wallahu dhikirnya, kaping kalihipun, peksi ijo aneng limpa, iya panggonane ingkang peksi, Muhammad dhikir ira.

Kaping tiga peksi kuning, panggonane ana sekar gedhang, Rasulullah dhikire, anenggih kaping catur, peksi putih puniku kaki, tengah peksi dewata, dhindhing jalal iku, poma kaki den waspada, panjagane ingkang aran peksi, iku padha takokna.

Alip iku kurungane yekti, sejatine Alip iku sira, munthilane deg-adege, angadeg dhewekipun, iya saking Hyang Maha Suci, kang kaya munthila, iku mulanipun, iya kabeh apan ana, sejatine iya iku rupaning ning, endi ingkang nyata.

Pan wus nate kang tigang prakawis, ingkang dhingin Allah lan Muhammad, Rasulullah ping tigane, lawan Gusti Kang Agung, nyatakna kang tri prakawis, iku dipun waspada, yen wus wruh satuhu, yen wikan ingkang sanyata, waspadakna nora samar barang kardi, rupane kaya sira.

Lamun sira sampun anggrawuhi, wus tetela rupane kang sanyata, den awasa sak enggon-enggone, ja nganti salah surup, ing wong ngurip den angati-ati, kang sanyata wus cetha, Allah iya iku, Hu Wallah Hu iya iku, Ya Alllah Hu iya iku wus angenggoni, iya aran  pramana.

Iya iku jeneng nyata kaki, Maha Suci ing sarira nira, carita iku rupane, Gusti Kang Maha Agung, kang murba misesa jati, iya iku Kang Tunggal, kalawan Hyang Agung, kabeh iku pan kagungan, iya iku kang aran Muhammad suci, enggone aneng raga.

Yen wus wus emut anggonira kaki, iya iku poma den waspada, aja sasar pandelenge, ja nganti sasar susur, wong urip padha ngrawuhi, ngluwihi marga padhang, yen sira wus weruh, ing marga Maha Mulya, iya iku kaki den nastiti, titenana jroning tyas.

Sejatine kanyatan kaki, iya nyatane patang prakara, dununge sakabehe, warna dhikiripun, ya dhikire patang prakawis, poma den estokna, ing satunggalipun, wong urip den waspada, ing dhikirnya lawan laku kang sejati, poma yekti den wikan.

Yen wau manggon kang patang perkawis, ingkang aran wau kang amurba, endi arane samangke, lamun ora dumunung, lakunira pan ora dadi, tan sampurna kang tinggal, apa ta wong iku wong ngaji, patang perkara, iya iku wong ngaku kang during dadi, ngajine nawuyungan.

Reyang-reyong pangaji neki, anane tan adoh keblatullah, keblatullah satemen, mulane kang rumuhun, pan wus weruh, anggonira ngaji, ja sira kasmaran, ing wong ngaji iku, poma kaki kawruhana, aja sira api-api ngaji, kaki aja mangkana.

MASKUMAMBANG

Kuneng gantya ingkang cinarita nenggih, lungguhe kang sukma, aneng badane pribadi, padha sira kawruhana.

Ping sepuluh punika ingkang winarni, kaki wastanira; mannik kastuba ran neki, lungguhe aneng lak-lakan.

Ping sawelas mannik tala aneng mannik, lungguhe punika, kaping rolas mannik wijil, lungguhe aneng salira.

Ping telulas jejuluke luyut jati, lungguhe aneng badan, ping patbelas sang nurjati, aneng utek lungguh ira.

Ping limalas arane sang purwajati, neng napsu lungguhnya, ping nembelas kang winarni, buwana balung lungguhnya.

Sang Taljati lungguhnya aneng daging, walulas sangalas, sang lirmaya aran neki, ana ing otot punika.

Kaping kalihdasa punika winarni, ingkang aran burak, ngikut ping selikur nenggih, arane sang sukma mulya.

Anenggih getih kaping selikur winarni, aran sukma wisesa, lungguhe suku kekalih, ping telulikur gumantya.

Ingkang aran Sukma Purba iku kaki, asta dwi lungguhnya, kaping pitlikur winarni, aran sukma adimulya.

Pelanangan lungguhe punika kaki, kaping slawe wastanya, sukma kembar aran neki, lungguhe aneng gantungan.

Ping nemlikur sukma liyep wasta neki, lungguhe neng nala, ping pitulikur anenggih aran sukma rasa mulya.

Iya iku lungguhe ampere kaki, ping wolulikurnya, sukma ragajati nenggih, lungguhe aneng jaja.

Sangalikur ingkang aran kurasjati, neng wulu punika, tigang dasanipun winarni, sukma kuru nama nira.

Lungguhe aneng rambut iku kaki, aneng adep ira, tri dasa neng puser kaki, kang aran pas buwana.

Mulane ana nahwu usul pekih, saking ananira, saking tri dasa puniki, iya sukma tigang dasa.

Mula ana aksara Alip sawiji, Alip namanira, iku urip kang sejati, lawan malih kang Alip Lam.

Tegese Alip Lam puniku kaki, ana ing manungsa, ujare kitab nganasir, iku kaki kawruhana.

Pan mulane Allip puniku miwiti, kabehing aksara, kang dadi wiwitane Alip, marga asal saking grana.

Iya eleng grana kekalih, sangane puniku, Ba Ta Sa dadi nireki, asta kanan lawan kiwa.

Jim Kha iku epek-epek asta kalih, kalawan Kho besar, kaping kalih Dal cilik, rambut sirah Dal besar.

Ra Yha pundhak kanan lawan kering, Sin Sha bokong kiwa, Shot Dzot geger tengen neki, iya ingkang dadi manah.

To Dzo iku pupu dadi neki, Ngain wentis kiwa; aksara Kap dadi kulit, Kop gedhe ing daging ira.

Aksara Lam Alip anggitan neki, apan dadi jagad, ing manungsa dadi neki, kalimputan dening sukma.

Ula-ula Lam Mim Nun dunugireki, Wawu Ha badan manungsa.

ASMARADANA

Yogya kawruhana iki, pusering jagad dumadya, patang perkawis kathahe, ya wadi kang satunggal, madi kaping pindhonya, mani ingkang kaping tiga.

Kaping pat manikem nenggih, iku padha kawruhana, ja nganti salah ing batos, poma-poma den weruha, padha angestokna, yen tan wikan dunungipun, tuna jenenging gesang.

Iku ujare wong kang luwih, kaya ing wong kathah, pan sampun angsal gurune, yen lamun ora weruha, takokna ngelmu ika, aja sira katungkul, dipun padha anggraita.

Tegese kang aran wadi, nggone rasa ingkang mulya, tegese madi ta mangke, rasa kang luwih sampurna, mani iku tegesira, sejatine rasa iku, kaping pat tegesira.

Maningkem punika nenggih, ajima’ rasa kang mulya, wanudya lawan kakunge, tegese kang madi ika, dadinira sasotya, wadi iku napsunipun, mani uger-uger netra.

Tegesi maningkem nenggih, wewedhah jatining sukma, kaya getih daging mangke, dadi getih dagingira, kadadeyan kang rasa, sawijining rasa iku, warna rupa Johar Awal.

Ula-ula tegese neki, dhingin dhatan kadhinginan, tegese Johar samangke, iya Roh ilapi lirnya, kang dhingin kadhinginan, tegese ing uripipun, ilapi iku pratandha.

Tegese roh ilapi suci, iya kang kadim mulya, iku ing lesan jatine, kinarya la ulanira, Betal Mukhadas lirnya tegese betal puniku, kepala ingkang sampurna.

Tegese mukhadas nenggih, wadana kang mulya mangkya, liningena ing Hyang Manon, pan sotya ingkang mulya, lah iku dadinira, sajroning netra kadulu, ingaranan Jalalullah.

DHANDHANGGULA

Purwaningreh kang patang perkawis, iku kaki padha estokna, den bisa andunungake, sawiji-wijinipun, ingkang aran sarengat kaki, kalawan tarekat, hakekat ping telu, kaping pat ira makripat, den tetela prayoganira ngrawuhi, dunung kang sanyata.

Nyatakna dununge sawiji, yen tan weruh dununging sarengat, nora syah sembahyange, pan dadi sasar susur, lungguhe sarengat nenggih, iku lungguhe badan,  tarekat puniku, ana ing roh dunungira, aneng ati dununging hakekat nenggih, aneng rasa makripat.

Sampun jangkep kang patang perkawis, lungguhira satunggal-satunggalnya, kari pilahe wae, sarengate Njeng Rasul, kalawan Nabi Muhammad, yaiku dununge sawiji-wiji, sarengat Rasulullah.

Sareng Njeng Nabi puniki, lungguhira ana ing pangucap, kang mengku rasa kabeh, tarekatipun, ing pangambu dunungireki, amengku rasa mulya, hakekatireku, yaiku lungguhira, aneng kuping makripat dunungireki, kang amengku rasa nala.

SEJARAH TAPEL ADAM pupuh 46-55 tamat


۩۩۩ Pupuh 46 ۩۩۩
ASMARADANA

(www.alangalangkumitir.wordpress.com)

  1. Sangkala suka tan sipi, wus den ideni kang eyang, nanging sajroning galihe, sanadyan Sang Hyang Kesawa, kalamun maksih ana, kang ngungkuli sektinipun, tan arsa yen guronana.

  2. Sigra denira ngabekti, ngaras padane kang eyang, wus mundur saking ngrasane, lajeng mesat mring ngawiyat, mring nguntara samudra, katon tejane sumunu, yayah sundhula ngakasa.

  3. Jroning teja den tingali, nenggih swarga kayangan, pan sosotya cemeng kabeh, rarenganireng kayangan, miwah dhedhasarira, ting paluncar ting palancur, ting pancorot ting pancurat.

  4. Winaneng sosotya wilis, lir mega ngemu sudarma, ting parelik ting parelok, sajroning swarga kayangan, katingal wonten lenggah, mungging palongka jumerut, Hyang Wisnu lawan kang garwa.

  5. Kusuma retna Dewi Sri, Jaka Sengkala praptanya, sampun handuga galiye, yen iku Sang Hyang Kesawa, lajeng marek ing ngarsa, nembah ngraup padanipun, Bathara Wusnu tan samar.

  6. Yen putreng mPu Hanggajali, alon denira ngandi-[386]ka, bageya pulunaning ngong, apa ta padha raharja, kulup kang sira tinggal, aneng ing Nrajan ibumu, miwah ta sudarmanira.

  7. Apa dene yangireki, kang ing mengko lagi padha, hanglakoni ayahane, iya Hyang Jagadpratingkah, pandhe aneng  gagana, lan padha luhuring laut, karya gagamaning prang.

  8. Sengkala eram tan sipi, dene sidiking paningal, dereng winarah wus weroh, nembah alon aturira, sing sapengker kawula, sadaya sami rahayu, Hyang Wisnu malih ngandika.

  9. Heh kulup praptanereki, mring sun amung nedya, ing guna miwah kasekten, luput ing sasedyanira, endah apa kayangan, sarwa sonya sarwa suwung, angurta nuli muliya.

  10. Marang ing Nrajan nagari, tan ana kang kukurangan, sakarsanta ana kabeh, den mungguh kasubdiyan, guna kaprawiraning prang, kurang apa wong tuwamu, apa dene eyangira,.

  11. Mumpuni guna kasektin, Jaka Sengkala tur sembah, dhuh pukulun satuhune, sampun lami gen kawula, humiring kangjeng rama, miwah jeng eyang pukulun, wus tuwuk gen hulun miyat.

  12. Ing guna kasektinireki, pang ing mangke tyas kawula, pejah gesang nedya nderek, hanglebur tapak paduka, satuduh tan lenggana, ajura den kumur-kumur, Hyang Wisnu mesem ngandika.

  13. Heh ta iya apa maning, yen wus dhasar sira sedya, [387] nut laku jantraning ngong, lah payo sira meluwa, sun gawa nganglang jagad, Bathara Wisnu wus weruh, jroning tyas Jaka Sengkala.

  14. Yen maksih ana ngungkuli, datan arsa puruita, marmanya linantur bae, wineruhken sektinira, binekta nganglang jagad, Jaka Sengkala tan kantun binekta sapurugira.

  15. Nulya lumebeng jaladri, jajah sajroning samudra, binekta mring ajur-ajer, wusnya jajah jro samudra, manjing bumi kasapta, jinajah sadayanipun, anumung sakedhap kewala.

  16. Sengkala eram tan sipi, wus nyipta yen ora ana, saisining jagad kabeh, kang dadya Sang Hyang Kesawa, ing guna sektinira, dadya lon denya humatur, pukulun kawula tanya.

  17. Punapi isining bumi, wonten nimbangi paduka, ing guna myang kasektene, kadya supena kewala, raosing tyas kawula, atut wingking ing pukulun, nalikanya nganglang jagad.

  18. Miwah manjing jro jaladri, namung sakedhap kewala, jajah jroning samudra rob, utawa manjing bantala, jajah bumi kasapta, mung sakedhap nunten butul, Hyang Wisnu mesem ngandika.

  19. Kulup lamun tanah Ngindhi, ejim utawa manungsa, [388] Resi para ratu kabeh, sanajan para jawata, sawiji nora nana, kang nimbangi raganingsun, wus karsaneng Sang winenang.

  20. Tinitah dewa prajurit, ananging kulup ya ana, dudu tanah Ngindhi kene, kang ngungkuli raganingwang, ing guna kasektinira, apan pawong mitraningsun, Ngusmanaji namanira.

  21. Putraning Sri risang Ngajid, yeku kulup guruningwang, kasok wulange maring ngong, risang Ngajid ngambil putra, ingsun pan kinakadang, iya lan putrane jalu, Ngusmanaji  wus gumantya.

  22. Panggedhening Banisrail, nut agama Nabi Ngisa, kareh ing rum karatone, Ngusmanaji wus dumadya, paguron para raja, Jaka Sengkala wot santus, pukulun yen makatena.

  23. Kawula anuwun pamit, mugi tuwan lilanana, mring Banisrail samangke, yen sembada kawularsa, pukulun puruita, mring Pandhita kang dibya nung, kang nglangkungi ing paduka.

  24. Ngusmanaji Banisrail, Bathara Wisnu ngandika, iya sun jumurung bae, sira nedya puruhita, yekti yen ora cuwa, Ngusmanaji wiku punjul, tumuli sira mangkata.

  25. Jaka Sengkala wot sari, mangaras pada kalihnya, wus mundur saking ngarsane, mesat saking ing nguntara, neng marga tan winarna, cinendhak lampahira wus, ing Banisrail wus prapta.

  26. Lajeng tumameng ngarsaning, Ngusmanaji lagya mu-[389]lang, marang ing para muride, kagyta praptane Sengkala, marang ing para muride, kagyat praptane Sengkala, lajeng marek ing ngarsa, ngaras pada kalihipun, sawusira kinen lenggah.

  27. Ngusmanaji tatanya ris, heh kulup tigas kawuryan, dene tembe ingsun tumon, ing ngandi pinangkanira, miwah ta kang ayoga, prapta aneng ngarsaningsun, paran ingkang sedya.

  28. Lan sama namanireki, Sengkala matur pasaja, saking Ngindhi pinangkane, mPu Hanggajali kang yoga, nama Jaka Sengkala, putri Nrajan ibunipun, Ibnu Sarkil sang dyah Sakka.

  29. Mila ngong prapta sumiwi, ing ngarsa Maha Pandhita, saking tyas dahat mudhane, pan sumedya puruhita, anglebur tapak tuwan, anglampahi ing satuduh, Ngusmanaji ngandika.

  30. Yen mangkono sira kaki, bapa jim ibu manungsa, nging seje agama, tanah Ngindhi nama Ngindhu, kabeh-kabeh nebut dewa.

  31. Nagara ing Banisrail, nut agama Nabi Ngisa, yen sira nunggal maring ngong, yekti kudu manut sira, agama Nabi Ngisa, Jaka Sengkala wot santun, yekti yen anut kawula.

  32. Resep ing tyas Ngusmanaji, mring sira Jaka Sengka-[390]la, dene jim luhur bangsane, sembada pekik warnanya, pasang limpat grahita, wiweka pratameng tanduk, cinatur Jaka sengkala.

  33. Siyang dalu tansah mungging, neng ngrasa Maha Pandhita, barangkang den wulangake, sami sakala sagednya, kitab gung agung samya kacandhak samuradipun, dhasare duk aneng Nrajan.

  34. Pangraosira wus inggil, mangkya nyengkaken kewala, tumpalk ngelmunira kabeh, Ngusmanaji mring Sengkala, samana duk miyarsa, kitab lalampahanipun, nenggih Kanjeng Nabi Ngisa.

  35. Kawit duk babarireki, Jeng Nabi prapteng akeratnya, Jaka Sengkala turnya lon, pukulun titahing suksma, punapa ta wontena, nimbangi panutan ingsun, Jeng Nabi Ngisa Rohullah.

  36. Ngusmanaji mesem angling, kang ngungkuli iya ana, muni kitab jus halgubes, Nuringrat lahir ring Mekah, Nabi Nayakeng jagad, Mustapa ingkang rinasul, iya Jeng Nabi Mukamad.

  37. Pun Nabi Kabibullahi, besuk jaman akhir padha agama loro rasane, umate Nabi Mukamad, lan umat Nabi Ngisa, nora nana endhek dhuwur, apan timbangan kewala.

  38. Jaka Sengkala turnya ris, yen makaten nuwun te-[391]dah, panggenanipun samangke, Jeng Nabi Nayakeng jagad, inggih ta kang tumibeng, ing Nabi panutan hulun, destun arsa huninga.

  39. Sru gumujeng Ngusmanaji, durung ana ngalam dunya, Nuringrat besuk lahire, kurang limang atus warsa, ananging jroning kitab, jus halgubes wus amuwus, lamun kongsi sira nyebad.

  40. Hiya marang Kangjeng Nabi, Mukamaddinilmustapa, hananging ana sarate, kudu sira marang Lulmat, anginum banyu gesang, ya wus bener sira iku, jinis jim tan keneng pejah.

  41. Hananging kitab wus muni, yen sira weruh ing Lulmat, adus lan nginum banyune, ingkang muni jroning kitab, iya luhurira, Sayidin Anwar rumuhun, kang miwiti wruh ing Lulmat.

  42. Kongsi nginum banyu urip, anulya Sultan Iskandar, lan Nabi Kilir rowange, nanging Jeng Sultan Iskandar, tan kongsi nginum toya, mung Nabi Kilir kang nginum, anuli Jeng Nabi Ilyas.

  43. Ingkang kongsi nginum warih, pungkasane apan sira, kongsi nginum banyune, besuk jaman akhir ana, ing Sam Sultan Mashuran, prapteng Lulmat nora nginum, ing banyu mundur kewala.

۩۩۩ Pupuh 47 ۩۩۩
D U R M A

(www.alangalangkumitir.wordpress.com)
  1. Duk miyarsa Jaka Sengkala turira, sandika ha-[392]nglampahi, ing reh jeng paduka, kawula nuwun tedah, ing Lulmat gen toya urip, pundi prenahnya, Ngusmanaji lingnya ris.

  2. Keblat papat lor kidul kulon myang wetan, kabeh iku sayekti, iya ana Lulmat, tegese apan tanah, kang tan pisan-pisan kaki, kasongan surya, marma peteng tan sipi.

  3. Lawan adhem angluwihi sabuwana, kongsi kenthel kang warih, lir watu atosnya, yen nora lan nugraha, sayehti tan bisa prapti, tanah ing Lulmat, saking peteng lan atis.

  4. Nanging ana sarate yen parpateng Lulmat, ana burone kaki, singa barong seta, iku sira cekela, bathuke nganggo ciuci, sira bedhela, paten lengane kaki.

  5. Gonen boreh lan sipatena ing netra, yekti yen luput ngatis, lan sira angambah, ing peteng kotan padhang, dene gonne banyu urip, yen sira mulat, papeteng kang nglimputi.

  6. Kaya mendhung ireng ngendanu limengan, pating parentul mili, wetune kang tirta, saking sagara rakhmat, iya iku banyu urip, sira nginuma, lah ta wis mangkata aglis.

  7. Ingsun jurung pandonga ing lakunira, rahayunireng margi, prapteng paran pisan, gupuh Jaka Sengkala, ngaras pada mundur aglis, saking ngarsanya, lajeng mesat wiyatti.

  8. Ngaler leres sineru kras iberira, cinendhak sam-[393]pun prapti, nenggih tanah Lulmat, mendhung cemeng limengan, peteng dhedhet hanglimputi, tanpa watesan, sarta adhem tan sipil.

  9. Mangu ing tyas dadya kendel lampahira, de maksih sajatining, pepetenging Lulmat, sarira wus karasa, kekes asrepe tan sipi, enget ing driya, welinge Ngusmanaji.

  10. Kinen ngambil sarat singa barong seta, tan antara ningali, singa barong seta, medal saking ing Lulmat, rembyak wulu mawar putih, angangah-angah, solahira ngajrihi.

  11. Nander nubruk binarengan gya cinandhak, jilingira pinuntir, gumrebrug gro rebah, bathuke tiningalan, menthol mawi uci-uci, binedhel sigra, lisahira ingngambil.

  12. Sinipatken ing netrane kalih pisan, sakantune kinardi, boreh ing sarira, weradin sadayanya, sawusira sigra manjing, sajroning Lulmat, sampun tan ngrasa atis.

  13. Myang peteng pan sampun katingal padhang, sadaya pan kaeksi, salebeting Lulmat, lampahnya saya nengah, Jaka sengkala wus prapti, telenging Lulmat, genne kang toya urip.

  14. Kadya mendhung ngedanu dhedhet limengan, pating [394] parentul sami, kang medal warihnya, Sengkala wus handuga, lamun iku banyu urip, sigra denira, adus lan banyu urip.

  15. Srirane ngrasa yen nikmat manpangat, Sengkala darbe osik, pan arsa weruha, pungkasane ing Lulmat, watese kang ler pribadi, isine apa, sigra dennya lumaris.

  16. Pan sinerang ngaler leres lampahira, lamine tan winarni, lampahe neng marga, cinendhak pan meh prapta, watese kang ler pribadi, pungkasing Lulmat, kaelokaning Widdhi.

  17. Ngaler leres lampahe Jaka Sengkala, saking ngarsa udani, watese ing Lulmat, wekasan lampahira, prapteng Banisrail malih, katingal lenggah, gurune Ngusmanaji.

  18. Langkung ngungun tyasira Jaka Sengkala, ljeng marak ngarsi, nembah ngaras pada, sawusnya kinen lenggah Ngusmanaji ngandika ris, kulup bageya, dene ta age parapti.

  19. Lah ta paran lakunira marang Lulmat, apa ta bisa prapti, goning toya gesang, lan apa kongsi sira, adus nginum banyu urip, Jaka Sengkala, nembah humatur aris.

  20. Hinggih angsal hulun pangestu padyka, kawula saged prapti, inggih tanah Lulmat, kantos nginum toyanya, miwah adus toya urip, saged kawula, pukulun kantos manjing.

  21. Jroning Lulmat ngestokken weling paduka, lisah-[395]ing uci-uci, singa barong seta, ingkang kawula karya, sipat lan kawula kardi, boreh sarira, dadya tan ngraos atis.

  22. Miwah mulat papeteng katingal padhang, sadaya pan kaeksi, salebeting Lulmat, sasampuning kawula, adus nginum toya urip, gadhahi cipta, pan kapencut udani.

  23. Pungkase ing Lulmat ingkang ler pisan, lumampah hulun prapta, papantese ler medal, saking pepeteng ningali, paduka lenggah, mila ngungun tan sipi.

  24. Dene Banisrail kidul prenahira, lampah kawula nguni, angaler kewala, inggih saking ing Lulmat, mangkat ngaler leres malih, prapteng watesnya, temah ing Banisrail.

  25. Ngusmanaji ngungun miyarsa turira, pangandikanira ris, kulup nora kena, kaelokaning Hyang Suksma, yen ginayuha ing budi, wong kaya sira, miwah wong kaya mami.

  26. Pan wus lepas saking watara duduga, kaelokaning Widdhi, bisane kawula, saking pamolahing Hyang, heh Sengkala sira mangkin, pan ingsun karya, dadya sor-soran mami.

  27. Paparab sira Sang Pandhita Isak, nagara Banisrail, pipitu kehira, kang wus nama Pandhita, ing samengko ngong genepi, wolu lan sira, lungguh sarsoran mami.

  28. Duk miyarsa Sengkala nekem sirahnya, dahat den-[396]nya nuwun sih, kasapta Pandhita, suka jumurung samya, ing karsa sang Ngusmanaji, marang Sengkala, sadaya pra samya sih.

  29. Dennya maksih taruna wus wicaksana, ing kawruh sarasaning, kitab sadayanya, pasang limpat grahita, sembada warnanya pekik, sudireng tapa, nimpuneng guna sekti.

  30. Kuneng Banisrail gantya winursita, nenggih Sang Kesarumi, Sulta Rum paparab, Ibnu Ayar Iskandar, Kistabul kithanireki, maksih taruna, hambeg lir wali mukmin.

  31. Prenah buyutira jeng Sultan Iskandar, Iskandar Dilkarmaheni, ratu gung wisesa, tanah ing Rum sadaya, sinembah samining aji, semana lagya, nimbali mring ngapatih.

  32. Prapteng ngarsa sultan Rum alon ngandika, heh paran bapa patih, ing nguni jeng rama, dennira darbe karsa, ngiseni wpng pulo Jawi, saleksa somah, tumpes tan ana kari.

  33. Kongsi prapteng sedane, sun arsa nutugena, ngiseni manungsa, mring pulo Jawa, patih matur wot sari.

  34. Pan kawula ndherek ing karsa paduka, langkung oweling Gusti, pulo tanah Jawa, yen tan kisen manungsa, kathah wukiripun Gusti, kang medal toya, dados sumber myang kali.

  35. Nanging sahenipun paduka nglampahana, Pandhita [397] kang angirit, wongsaleksa somah, sami bekta sarat, tutumbal amrih sirnaning, kang brekasakan, dhadhemit tanah Jawi.

  36. Jeng Sultan Rum karemaning tyas miyarsa, ing ature kya patih, iya wus prayoga, tumuli kongkonana, animbali Ngusmanaji, lan pra Pandhita, kabeh ing Banisrail.

  37. Lan saosa sira wong saleksa somah, sandika kya patih, medal saking pura, lajeng sennya utusan, marang nagri Banisrail, lan parentah, mring sagung pra Dipati.

  38. Kinen sami saos wong saleksa somah, wauta lampahneki, duta ingkang marang, Banisrail wus prapta, animbali Ngusmanaji, sakancanira, sadaya sampun kerid.

  39. Praptaning Rus Ngusmanaji dhinawuhan, timbalan Sri Bupati, kinen hangiridda, wong Rum saleksa somah, den isekna pulo Jawi, lawan masanga, jimat tutumbal sami.

  40. Hamrih sirnanira dhemit tanah Jawa, sandika Ngusmanaji, bekta rerehannya, Pandhita kawan dasa, ingkang saking Banisrail, lan winewahan, Pandhiteng Rum nagari.

  41. Kawan dasa miwah Pandhita urunan, kang saking pra Narpati, nenggih kalih dasa, kalempaking Pandhita, kang bedha mring tanah Jawi, satus sadaya, bekta tutumbal sami.

  42. Miwah wong saleksa wus bekta, sasanguni-[398]ra sami, winot ing baita, sadaya sampun numpak, ing palwa wus layar sami, saking Rum mencal, palwa gung sangsal angin.

  43. Tan winarna lamine layar samudra, cinendhak sampun prapti, ing pulo Semontra, wong Rum saleksa somah, pra Pandhita rembag sami, adum ing lampah, denira numbali.

  44. Miwah dennya badhe hamrenahken samya, tanah kang den iseni, lajeng dennya layar, marang Nungsa Kambangan, Pandhita ingkang umiring, pan kalih dasa, manungsa badhe isi.

  45. Dening Nungsa Kambangan rong ewu somah, pandhitane pendhemi, ing jimat tutumbul, banten  kawitnya, nenggih kang den pendhemi.

  46. Sapangetan prapteng wates Balambangan, kang sami den pendhemi, ing jimat tutumbal, panggusah brekasakan, pamburak setan dhedhemit, para Pandhita, tan ana tolih wuri.

۩۩۩ Pupuh 48 ۩۩۩
P U C U N G

(www.alangalangkumitir.wordpress.com)
  1. Palembang Nungsakambangan, myang ing tanah Jawa [399] sampun waradin, pinasangan tumbalipun, tan wonten kalangkung, alas-alas guwa-guwa gunung-gunung, kali pereng jurang-jurang, kang angker kang singit-singit.

  2. Sadaya wus pinendheman, ing jijimat sarat panggusah iblis, kabul ing istijratipun, tumbaling pra Pandhita, gunung-gunung pereng muni gumaludhug, rug rugrug harganing harga, hareg lindhu gonjang ganjing.

  3. Sadaya kang pinendheman, ing tutumbal jurang myang kali-kali, guwa-guwa medal kukus, kumelun ngamak-ampak, peteng dhedhet nulya na swara gumuruh, kadya sambating karuna, tangising setan dhadhemit.

  4. Tan ana kuwawa nandhang, ing panase jimat pendheman sami, tutumbaling Pandhita mpuh, geger sagung lalembut, pan gumriwis ngungsi mring sagara kidul, miwah lalembat Palembang, sadaya ngungsi jaladri.

  5. Nungsakambangan tan beda, Sang Bathara Kala kalulun ajrih, lan sadaya balanipun, sagung jim brekasakan, samya ngungsi marang ing sagara kidul, saking tan kuwawa nandhang, panasing tutumbal sami.

  6. Lir den obong pangrasanya, sasampuning sirep datan kapyarsi, nenggih swara kang gumuruh, tangise kang lalembat, pra Pandhita sadaya mrenahken sampun, panggenanipun manungsa, tanah ingkang den babadi.

  7. Sangkep sabekakasira, Pandhitane maksih samya [400] nenggani, parentahira Sulta Rum, kinen ngantarakkena, tigang wulan nenggih denira atunggu, yen wus nora nana pejah, yeku den tinggala malih.

  8. Semana Pandhita Isak, aneng gunung kendheng panggenaneki, manungsa ingkang tinunggu, apan rong ewu somah, sinengkelan kunirawuk tanpa jalu, wong Rum kawitira babad, nenggih aneng kendheng wukir.

  9. Cinatur pan sampun kathah, isen isen saking Rum kang ngemasi, pan ora sakit tineluh, ing dhemit brekasakan, saking tanah adhem sanget nagri ing Rum, dineken ing tanah panas, marmanya datan kuwawi.

  10. Sanadyan Pandhitanira, ingkang tengga iya kathah ngemasi, sapraptaning tigang tengsu, wong kang saleksa somah, ingkang gesang namung kantun kalih atus, Pandhita satus kang tengga, mung kalih dasa kang kari.

  11. Sakantunipun kang pejah, pan sadaya mantuk marang Rum malih, cinarita angkatipun, mantuk Pandhita Isak, saking wukir kendheng nyengkalani sampun, jalma sirna mati sunya, lan kaliwat babad nguni.

  12. Apan maksih tunggil warsa, kawarnawa wong Rum [401] kang wangsul malih, lamine datan winuwus, dennira neng lautan, pan cinendhak wus prapta nagari ing Rum, Ngusmanaji sarewangnya, jujug ing rakyana patih.

  13. Onadhita kang kalih dasa, apan lajeng binekta mring jro puri, parpta ngarsanira Prabu, Ngusmanaji tur sembah, dhuh Gustiku Sultan Rum ingkang pinunjul, saking para raja-raja, atur tiwas ingkang abdi.

  14. Nlampahi karya Narendra, angiseni manungsa pulo Jawi, abdi paduka saking Rum, ingkang saleksa somah, pejah ingkang sangang ewu wolung atus, mung kalih atus kang gesang, Pandhita kang numbali.

  15. Satus kantun kalih dasa, dene jimat tutumbalpanggusah iblis, awit Somantra pukulun, dugi Nungsakambangan, alas-alas jurang-jurang gunung-gunung, tan wonten kang kalangkung, sadaya dipun pendhemi.

  16. Kados lamun katarima, ingkang sarat jimat tutumbal Gusti, alas-alas gunung-gunung, kang sami pinendheman, pan sadaya sareng mungel gumaludhug, rug-rugrug swaraning ngarga, lindhu ingkang bumi gonjing.

  17. Samudra prakempa, sadayane tanah kang den pendhemi, medal kukuse kumelun, dhedhet sapulo Jawa, nunten wonten swara kapyarsa gumuruh, kadya sambating karuna, gumuruh mangidul sami.

  18. Aturing badi paduka, pun Pandhita Isak ingkang [402] udani, dhateng swara kang gumuruh, pan tangising lalembat, samya ngungsi dhateng ing saganten kidul, marma pun Isak uninga, punika apan jinis jim.

  19. Amung ibune manungsa, putri Nrajan bapa ejim sayekti, apan tunggil jinisipun, lawan Hyang Jagadnata, ing Tengguru kang ngaken Hyang Maha Luhur, ingkang samya Pinangeran, dhateng para ratu Ngindhi.

  20. Pan sampun lami pun Isak, dennya ngaos wonten ing Banisrail, tyasipun pan sampun teguh, anut agama Ngisa, murtat tilar saking agamaning Ngindhu, marma nunten ulun karya, Pandhita ing Banisrail.

  21. Taruna wus wicaksana, ing pangawruh ngelmu kang gaib-gaib, kitab agung-agung wus putus, lan sampun wruh ing Lulmat, ngantos nginum toya gesang pukulun, abdi paduka pun Isak, dhedhasaripun Jinis jim.

  22. Imbuh nginum toya gesang, kaceta ing kitab apan meningi, Nuringrat tumurunipun, inggih ing ngalam dunya, babaripun nenggih Jeng Nabi panutup, Mukamaddinil Mustapa, kirang gangsal atus warsi.

  23. Babare bumi Mekah, abdi tuwan pun Isak kantos manjing, sakabat mring Kangjeng Rasul, Sultan Rum duk miyarsa, ngungun ing tyas wasana ngandika arum, ngendi kang ngaran Isak, konnen maju ngarsa mami.

  24. Ngusmanaji ngawe sigra, nembah majeng Isak ma-[403]rang ngarsaji, Sultan Rum reseb ing kalbu, marang Pandhita Isak, risang Ibnu Ayar Iskandar lingnya rum, heh Isak kayapa paran, tuturmu mring Ngusmanaji.

  25. Lalembut ing tanah Jawa, brekasakan miwah ingkang dhadhemit, ngungsi mring sagara kidul, lah ta pinangan ngapa, bocak ingsun ing Rum kabeh padha lampus, tur sembah Pandhita Isak, satuhu atur ngong Gusti.

  26. Lalembat ing tanah Jawa, brekasakan setan miwah dhadhemit, giusis mring saganten kidul, nadyan Bathara Kala, kang ngratoni lalembat sadayanipun, kayangan Nungsakambangan, pan Bathara Kala Gusti.

  27. Sutaning Hyang Jagadnata, ingkang pinangeran dhateng wong Ngindhi, tutumbal pra Pandhita tampuh, pasah tumameng Kala, gumdam-gumdam ngungsi mring saganten kidul, tan kuwawi panasira, dede tumpesipun Gusti.

  28. Wong ing Rum saleksa somah, boetn saking binadhog dhadhemit, tanah asrep sanget ing Rum, dineken pulo Jawa, tanah panas mila kathah ingkang lampus, wong Rum boten tahan panas, sanes lawan tanah Ngindhi.

  29. Wonge samya tahan panas, duk miyarsa anglengger Sri Bupati, kya patih nambungi wuwus, heh Isak kaya paran, ing bisane lestari karsa Sang Prabu, Pandhita Isak turira, kajawine den iseni.

  30. Wong kang sami tanah panas, ingkang tahan pu-[404]nika pan wong Ngindhi, sami panas tanahipun, ing Persi sapangetan, lamun wonten inggih ing karsa Sang Prabu, kula kadugi ngupaya, wong Ngindhi sadasa jinis.

  31. Ingkang sami tanah panas, kang kuwawi wonten ing pulo Jawi, duk miyarsa sang aprabu, linge Pandhita Isak, mring apatih suka ngandika Sang Prabu, iya yen mangkono Isak, ongsa bodhowa sireki.

  32. Bisane kisen manungsa, pulo Jawa ya wong sapuluh jinis, kang kaya aturmu mau, haywa ge mulih sira, marang ing Rum lamun pulo Jawa durung, bisa kausen manungsa, Isak sandika turneki.

  33. Wus medal saking jro pura, pra Pandhita lawan rakyan patih, Isak lajeng lampahipun, saking ing Rum kewala, sigra mesat marang ing gagana ngayuh, anapak ing dirgantara, ing marga datan kawarni.

  34. Cinadhak pan sampun prapta, lampahira nenggih ing tanah Ngindhi, jujug ing sudarmanipun, lajeng nungkemi pada, ngaturaken ing sasolah tingkahipun, unduring saking nguntara, lajeng marang Banisrail.

  35. Puruhita marang Ngusman, Aji pangageng ing Bani-[405]srail, lajeng mring Lulmat anginum, nenggih kang toya gesang, sahantuke saking Lulmat pan jinunjung, kinarya Pandhita Isak, sosorane Ngusmanaji.

  36. Nulya humiring gurunya, Ngusmanaji dhateng ing pulo Jawi, dinuta mring Sultan ing Rum, hangiseni manungsa, binaktanan mring Sultan wong saking ing Rum, katahe saleksa somah, lawan malih den bektani.

  37. Satus kathahing Pandhita, ingkang badhe mendhem tutumbal sami, amrih sirnaning lalembut, praptaning pulo Jawa, kawit kilen Palembang sapengetanipun, dumugi Nungsakambangan, sadayane den pendhemi.

  38. Sarat tumbaling Pandhita, alas gunung guwa kang singit, tutumbaling Pandhitampu, sagunging kang lalembat, samya ajrih ngungsi seganten kidul, sanadyan Bathara Kala, inggih ajrih tumut ngungsi.

  39. Antawising tiganf candra, wongsaleksa somah telas ngemasi, namung kantun kalih atus, satus Pandhitanira, namung kantun kalih dasa lajeng mantuk, wangsul dhateng Rum sadaya, sapraptaning nagari.

  40. Sultan Rum ndangu kang kadya, sababipun dene wus den tumbali, teka maksih wingitipun, wong Rum saleksa somah, ingkang gesang namung kantun kalih atus, lan satu Pandhitanira, mung kalih dasa kang wuri.

  41. Kawula matur pasaja, lamun boten saking binadhog [406] dhemit, tanah asrep nagri ing Rum, dineke pulo Jawa, tanah panas marma kathah ingkang lampus, saking tan kuwawi panas, kajawine tiyang Ngindhi.

  42. Den isekna pulo Jawa, sami tanah panas yekti kuwawi, karenan tyasnya Sultan Rum, miyaran tur kawula, ing wekasan kawula ingkang tinuduh, ngupaya titiyangira, ingkang sami tanah Ngindhi.

  43. Inggih kalih leksa sami, lajeng kinen ngisekna pulo Jawi, marmanya kawula saguh, lamun kalampahana, mung lahira kewala jeng Sultan ing Rum, ingkang ngiseni manungsa, ing batin kang dhandhang gendis.

۩۩۩ Pupuh 49 ۩۩۩
DHANDHANGGULA

(www.alangalangkumitir.wordpress.com)
  1. Inggih Sang Hyang Jagadnata ngriki, kang ngiseni wong ing pulo Jawa, hanggadhahi salajenge, ing Rum tebih kalangkung, mongsa dadak saged ngawruhi, isining pulo Jawa, saben-saben tahun, saking ngriki pan celak, ing sadintenipun saged hangawruhi, marma kawula sagah.

  2. Duk miyarsa Empu Hanggajali, nenggih marang hature kang putra, rinasa ana benere, lamun mangkono kulup, payo seba ngeyangireki, pantes iku banjura, matur ing Hyang Guru, saksana sareng lumampah, sampun prapta ing ngarsa Empu Ramadi, Isak ngaras pada.

  3. Nembah matur Empu Hanggajali, ngaturaken hatu-[407]re kang putra, purwa madya wasanane,  sadaya sampun katur, duk miyarsa Empu Ramadi, ing ature kang wayah, angandika arum, lah payo sun irid padha, becik banjur katur mring Hyang Pramesthi, sigra sareng lumampah.

  4. Katur minggah marang ing suwargi, pan jumujug mring Kanekaputra, sawusnya katur ature,  katri ingirit laju, mring ngarsane Sang Hyang Pramesthi, Resi Kanekaputra, nenggih kang umatur, ngaturken ature Ngisak, purwa madya wasana wus katur sami, kang dadya panuwunnya.

  5. Sang Hyang Jagadnata ngandika ris, kaya paran mangkono aturnya, kakang pikiren becike, Kanekaputra matur, inggih sae dipun turuti, inggih ing pulo Jawa, sae papanipun, pantes kaisen manungsa, kathah wukir ingkang sami medal warih, owel lamun suwunga.

  6. Mongsa dadak Sultan Rum ngawruhi, saisenipun ing tanah Jawa, ing sadinten sadalune, saking tebih kalangkung, apan celak saking ing ngriki, pantes yen kawengkuwa, dhateng yayai Guru, ngandika Hyang Jagadnata, iya kakang sun turut pikrneki, anuli parentaha.

  7. Ingsun mundhut wong sapuluh jinis, sajinise wong [408] ngrong ewu somah, yen wus pasrahena kabeh, marang si Isak iku, kang ngisekna mring ulo Jawi, Resi Kanekaputra, sandika turipun, sadaya wus mudhun samya, saking swarga sapraptanira ing Jawi, lajeng dennya parentah.

  8. Marang ratu sapuluh nagari, pinundhutan wong ngrong ewu somah, sapalwa lawan sangune, sarta bekakasipun, gegamane babad wana dri, sadaya wus samekta, wong jinis sapuluh, wong Siyem lawan wong Cina, wong Lumayu wong Ngindhu lawan wong Keling, Selong lan wong Kamboja.

  9. Wong Borneo gedhah lan wong Persi, pan wus jangkep kalih leksa somah, sapalwa lawan sangune, lan sabekakasipun, wus sinrahken sadaya sami, marang Pandhita Isak, lajeng layaripun, ingmarga tan winursita, laminira layar aneng ing jaladri, prapteng pulo Bawean.

  10. Samya kendel tata-tata sami, dennya badhe ambage manungsa, tanah Jawa waradine, Pandhita Isak sampun, nyengkalani nalika prapti, aneng pulo Bawean, nenggih celeng lampus, sawusira tata-tata, lajeng layar sapraptaneng pulo Jawi, wong kalih leksa somah.

  11. Apan lajeng pinernahkan sami, panggonane dennya babad wana, lan malih wonten arine, Sang Isak sanes ibu, pan titiga samya humiring, sami guna prawira, Bratandang ranipun, Brarunting lawan Braradya, puniku kang kinen amrenahna sami, panggenaning manungsa.

  12. Marang tanah kang dipun babadi, kawita tengahing [409] tanah Jawa, dennya bagi manungsane, saleksa somah, sampun, mangetane apan weradin, prapteng Nungsakambangan, nenggih telasipun, kantun kang saleksa somah, pinernahken mangilen sampun weradin, dugi pulo Palembang.

  13. Duk semana maksih tepung bumi, pulo Jawa lan pula Somantra, miwah Nungsakambangane, cinatur sawusipun, wong rong leksa somah weradin, dennya mrenahken samya, ing panggenanipun, dennya sami babad wana, Sang Pandhita Isak pan maksih ngantosi, neng pulo pawinihan.

  14. Pawinihan ya Nungsa Tembini, pulo Krimun arane samangkya, Isak nalika praptane, neng Pawinihanipun apan lajeng dipun cireni, sengkalannya nir jalma, palwa sadaya wus, mantuk marang prajanira, myang Bratandang Braradya lawan Brarunting, wus kinen wangsul samya.

  15. Tur uninga maring Hyang Pramesthi, namung kantun Sang Pandhita Isak, neng pulo pawinihane, prapta duta saking Rum, pangiride Sang Ngusmanaji, kang dinuta nalika, Isak sagahipun, yen satuhu pulo Jawa, saged lulus sadaya jalmi, Isak pan tinimbalan.

  16. Langkung sukanya Sang Ngusmanaji. Panggalihira [410] lan Pandhita Isak, dene tetep pasagahe, ing pulo Jawa sampun, sadayane kaisen jalmi, lulus bae tan ana, wonge ingkang lampus, Isak sampun dhinawuhan, tinimbalan mantuk marang Banisrail, aturira sandika.

  17. Wus mangkana risang Ngusmanaji, sigra mancal saking tanah Jawa, lan sarowangira kabeh, risang Isak tan kantun, tan winanrna lamining margi, cinendhak sampun prapta, ing nagari Ngerum, jujug marang kyana patya, apan lajeng ingirid manjing jro puri, prapteng ngarsa jeng Sultan.

  18. Ngusmanaji humatur wot sari, ngaturaken lampahing dinuta, yen Isak tuhu lampahe, ing pulo Jawi sampun, sadaya kaisen jalmi, kathahe kalih leksa, somah apan lulus, boten wonten ingkang pejah, duk miyarsa Sultan Rum suka tan sipi, risang Isak ginanjar.

  19. Pira-pira kang raja branadi, miwah Ngusmanaji sarewngnya, wus tampi ganjaran kabeh, linilan wedalipun, lajeng mantuk mring Banisrail, tan lami antaranya, Ngusmanaji lampus, sampun ngaturi uninga, mring Sultan Rum pejahira Ngusmanaji, kang kinarsakken dadya.

  20. Pangagenge nagri Banisrail, mring Sultan Rum Sang Pandhita Isak, gumantya ing satabone, Ngusmanaji kang lampus, sinung nama Sang Kusumaji, nglurahi pra Pandhita, sadaya jumurung, sakarsanira jeng Sultan, risang Isak gumantya neng Banisrail, sarta pinaring nama.

  21. Kusumaji Raja Pandhita di, nama sembada lan wan-[411]danira, pekik sumunu cahyane, kuneng gantya cinatur, ingkang sampun amanggih singgih, antuk sihing Narendra, gantya kang winuwus, nenggih Sang Hyang Jagadnata, apan sareng lampahe lan tanah Jawi, duk kaisen manungsa.

  22. Nanging carita kinarya genti, duk semana Sang Hyang Jagadnata, pan sampun netepi kabeh, dennya nama Hyang Agung, putra nenem kinarya wakil, dennya ngratoni marang, sagunging tumuwuh, minongka weranira, putra sepuh Bathara Sambu ngratoni, sagung manuk sadaya.

  23. Bathara Brama ingkang ngratoni, sakathahe kang jalma manungsa, Batharendra tetep bae, dadya werananipun, hangratoni ing dewa sami, Bathara Bayu ingkang, dadya ratunipun, sagunging kang buron wana, Sang Bathara wisnu ingkang hangratoni, sagunging jim lalembat.

  24. Bathara Kala ingkang ngratoni, sagung jim diyu berkasakan, mring Kala pangidhepane, semana Sang Hyang Guru, lagya lenggah jroning swargadi, siniweng pra jawata, kang tansah neng ngayun, Bathara Kanekaputra, Sang Hyang Guru pangandikanira aris, heh kakang kaya ngapa.

  25. Dene tanganira ingkang siji, salawase nora megar-megar, kang tengen ginegem bae, apa wadine iku, dene betah kukuh tan sipi, kakang panggegemira, apa dhasar iku, iya tangan salaina, Hyang kanekaputra gumujeng tur neki, tan darbe calaina.

  26. Mila sanget gen ulun gegemi, salamine boten me-[412]gar-megar, ing labet wonten isine, pusaka ngong satuhu, pan ratune sosotyadi, nama Retna Dumilah, ngandika Hyang Guru, yen mangkono egarena, tanganira kakang sun arsa udani, ratune kang sosotya.

  27. Hyang Kanekaputra humatur aris, inggih sumongga nanging den yitna, gen tuwan nampeni mangke, pan sanget luyunipun, bok manawi marucut mangkin, tan kenging tinututan, ngandika Hyang Guru, haywa sira walang driya, sayektine kakang yen sun ati-ati, anuli ulengena.

  28. Hyang Kanekaputra nolih wuri, mangsit marang kang para jawata, kono den prayitna kabeh, bok manawa marucut, yayi Guru dennya nampani, ing kono tampanana, ing parucutipun, sandika kang para dewa, mapan urut mangandhap prayitna sami, nulya Kanekaputra.

  29. Majeng ngarsanira Hyang Pramesthi, ngaturaken kang retna dumilah, Hyang Guru nampani age, aneng ngarsa marucut, pra jawata sigra nadhahi, gantya-gantya anyandhak, sadaya marucut, lajeng kang retna dumilah, tibeng bumi prayitna Dewi Pratiwi, sinongga datan kena.

  30. Lajeng amblas ing bumi kalih, tinadhahan [413] mring Hyang Kusika, tan kena marucut bae, manjing bumi ping telu, Sang Hyang Gangga gupuh nadhahi, marucut datan kena, kang sosotya laju, manjing bumi kang kaping pat, Hyang Sindhula prayitna gupuh nadhahi, sinongga ngastanira.

  31. Pan Marucut lajeng Manjing bumi, kaping lima Sang Hyang Dherampalan, gupuh wau payanggane, aneng asta marucut, lajeng manjing kaping nem bumi, gupuh Hyang Manik Ara, nyongga tibanipun, maksih marucut kewala, lajeng dhawah Retna Dumilah pan manjing bumi kasapta.

  32. Sang Hyang Onbaboga mangap aglis, anadhahi kang Retna Dumilah, sampun katampen tibane, ing tutukira laju, manjing guwa garbanireki, ingkang retna dumilah, lajeng lebetipun, aneng cupu astagina, Sang Hyang Ontaboga gupuh hangingkemi, nalika angapira.

  33. Gandaning tutuk dennya asru amrik, anglangkungi wewangining dunya, anrus ing swarga ngambare, wau ta Sang Hyang Guru, langkung saking cuwaning galih, Resi Kanekaputra, dhinawuhan sampun, lan sagung para jawata, kinen sami nututi tibanereki, ingkang Retna Dumilah.

  34. Saenggone poma den kapanggih, tur sandika kang [414] para jawata, sareng wau tumurune, prapteng madya pan wus, manjing bumi panggih lan Dewi, Pratiwi tinakonan, ature manjing ing, bumi ping kalih, lajeng para jawata.

  35. Manjing bumi ping kalih kaping tri, bumi ping sakawan kaping lima, kaping nem sami ature, sadaya pan marucut, nenggih dennya sami nadhahi, ingkang Retna Dumilah, lajeng tibanipun, manjing ing bumi kasapta, pra jawata ajeng lampahnya wus panggih, lan Sang Hyang Ontaboga.

  36. Hyang Kanekaputra lingira ris, yayi Ontaboga wruhanira, lakuningsun iki kabeh, dinuta ing Hyang Guru, anututi kagunganeki, ya kang Retna Dumilah, den asta marucut, tumiba aneng bantala, banjur manjing jro bumi sun tututi, ingsun pan wus tatanya.

  37. Marang ari-ari nira sami, ngaku bae yen nadhahi padha, Retna Dumilah tibane, nanging kabeh marucut, ingkang Retna Dumilah manjing, mring bumi kaping sapta, yekti yen sireki, mustikaning srinata.

 ۩۩۩ Pupuh 50 ۩۩۩
S I N O M

(www.alangalangkumitir.wordpress.com)
  1. Lamun wus ana ing sira, kang Retan Dumilah yayi, sun jaluk age ulungna, timbalane Hyang Pramesthi, banget-banget mring mami, satibane aywa luput, ingkang Retna Dumilah, kagawa ing laku mami, duk miyarsa mesem ing tyas Ontaboga.

  2. Osiking driya mangkana, jajal sun cobane dhingin, [415] sektine dewa sadaya, ingsun pan arsa udani, dadya saurira ris, kakang pan ingsun satuhu, ingkang Retna Dumilah, kagungane Hyang Pramesthi, sampun wonten guwa garbaning wang.

  3. Manjing jroning astagina, karaket lan jantung mami, paran yen kula medalna, yen adreng karsanireki, usungen awak mami, marang ngarsaning Hyang Guru, upamine kawula, inggih marega pribadi, boten saged kakang minggah mring sawarga.

  4. Nglingnya sru Kanekaputra, nora kadadeyan yayi, kang mangkono wuwusira, akon ngusung mring swargadi, samono gengireki, sapa kang kelara ngusung, prasasat ngusung jagad, bok aja sembrana yayi, yen kasuwen yekti dadi duduka.

  5. Anuli sira ulungena, Ontaboga tan nahuri, gya lineker buntutira, mesem api-api guling, pra jawata ningali, sadaya anjetung, samya kewran ing driya, Bathara Wisnu lingnya ris, gone api-api tur Ontaboga.

  6. Sejatine iku nyoba, ing guna sektinireki, sagung ingkang para dewa, iya ingkang den ayoni, marma tinilar guling, Kanekaputra lingnya sru, ya bener wuwusira, iku ingkang den ayoni, guna sektinira kabeh kang tinandha.Aja pijer meneng padha, lah payo den osak-asik, [416] ing sajroning guwa garba, yekti yen nuli kapanggih, Ontaboga kang guling, ageng panjanging cinatur, muket ing ngalam dunya, temu gelang lawan mulih, leng irunge kathahe pan sangang dasa.

  7. Leng irunge kang satunggal, lalempahan kalih sasi, punika kandhaning kina, dhene kang namung nulat ing catur, wau kang para dewa, sadaya wus samya manjing, guwa garbanira Sang Hyang Ontaboga.

  8. Prapteng jro guwa garbanya, sadaya den osak-asik, tan wonten kang kalangkungan, kang samar kang lukik-likik,wus tita tan kapanggih, pra jawata mijil sampun, saking ing guwa garba, sadaya sungkaweng galih, dene retna dumilha dereng kepanggya.

  9. Kanekaputra sru mojar, ragane norana sekti, iya mung si Ontaboga, liwat saking mejanani, aja kakeyan pikir, lah payo padha den usung, ginawa mring sawarga, ing ngarsane Hyang Pramesthi, apan ora kurang guna sektinira.

  10. Si Brama kang dadya solang, si Hendra kang dadya tali, si Bayu dadi pikulan, si Wisnu ingkang angungkil, dewa sakawan sami, mangun tiwikramanipun, Brama wus dadya salang, Hendra wus dadya tetali, Sang Bathara Bayu wus dadya pikulan.

  11. Ontaboga wus ingangkat, mring Wisnu pada saw-[417]ji, tinrapaken neng sasalang, titiga sampun miranti, aneng pikulaneki, dewa kabeh kang ngangusung, ingangkat sampun kangkat, saking ing kasapta bumi, sampun prapta aneng ngalam madyeng pada.

  12. Pinikul ing para dewa, binakta mawan wiyati, dangu-dangu Ontaboga, neng pikulan sangsaya lit, namung saula kisi, nulya tan kadulu, resi Kanekaputra, langkung runtik jroning galih, marang Sang Hyang Ontaboga wus angrasa.

  13. Yen kinarya gagujengan, winirangaken tan sipi, rembag kang para dewata, samya lajeng tur hudani, marang ing Hyang Pramesthi, Ontaboga tingkahipun, wus lajeng lampahira, kang para jawata sami, sampun prapta ngarsaning Hyang Jagadnata.

  14. Sang resi Kanekaputra, lagyarsa matur ningali, yen Bathara Ontaboga, wus aneng ngarsanireki, sirahe den lenggahi, maring Hyang Bathara Guru, Sang Hyang Kaneka, sru ningali angling sarya nudingi, heh mangkono tingkahira Ontaboga.

  15. Apata isining jagad, mung sira dhewe sinekti, liwat dennira mejana, mimirang-mirang tan sipi, Sang Hyang Guru lingnya ris, apanta sarya ngrarapu, kakang Kaenkaputra, aja dadi tyasireki, ingsun kakang banget jalukken apura.

  16. Lupute si Ontaboga, miwah dewa kabeh sami, iya [418] den padha ngapura, para jawata miyarsi, kendel sadaya jrih, Hyang Girinata lingnya rum, lah mara Ontaboga, sira wetokna den aglis, saking garbanira kang retna dumilah.

  17. Sigra mangap Ontaboga, retna dumilah wus mijil, saking tutuk Ontaboga, tinampen ing Hyang Pramesthi, binuka datan keni, astagina tutupipun, seretipun kalintang, winengkang-wengkang tan keni, pinaringaken mring resi Kanekaputra.

  18. Tinapen lajeng binuka, winengkang-wengkang tan keni, saya rapet astagina, pra jawata ganti-ganti, buka meksa tan keni, Hyang Kanekaputra matur, prayogi pinaringna, Ontaboga kang darbeni, astagina genne kang retna dumilah.

  19. Mesem Sang Hyang Girinata. Lah iya Ontaboga glis, cupunira astagina, iya bukanen tumuli, Ontaboga turnya ris, kawula anuwun bendu, darmi gadhuh kewala, yen bukaha tan kadugi, Sang Hyang Girinata legeg tan ngandika.

  20. Manekung jroning wardaya, maladi semedi hening, maneges karsanira Sang, Hyang Wisesa kang pinusthi, cupu nulya binanting, ingkang astagina sumyur, ingkang retna dumilah, apan dadya rare estri, luwih endah wayahe mangrusak taman.

  21. Sasirnaning astagina, ing swarga wonten dumadi, [419] ran bale si marakata, sang retna sinung kakasih, marang ing Hyang Pramesthi, Ken Tisnawati ranipun, karem sadina-dina, sang retna tan liyan saking, neng sajroning kang bale si marakata.

  22. Kuneng ta datan winarna, Niken Retna Tisnawati, mangkana Hyang Jagadnata, apanta sampun udani, yen pulo tanah Jawi, mangkya manungsanya sampun, samya tangkar-tumangkar, dereng wonten kang ngratoni, tatanipun maksih lir manuk kewala.

  23. Marma nalika semana, jamanipun den wastani, anenggih jaman kukila, dene manungsanireki, maksih  resah lir peksi, mangkana Bathara Guru, sigra dennya parentah, mamatah dewa kang sami, kinen ngejawantah marang tanah Jawa.

  24. Dene ta ingkang pinatah, ngeja wantah maradini, marang pulo tanah Jawa, ana putra wayahneki, kang paman Sang Hyang Ening, ana putra wayahipun, nenggih Hyang Darmajaka, myang para putranireki, ingkang raka sakawan kweh ngeja wantah.

  25. Dene ingkang kinarya, ratu aneng tanah Jawi, putraning Bathara Rodra, punika ingkang pinilih, marang Hyang Pramesthi, jujulukira ing ratu, Sang Prabu Mangukuhan, maksih taruna tur pekik, akukutha aneng ing Mendhang Kamulan.

  26. Pra samya sujud sadaya, manungsa kang den rato-[420]ni, mring Sang Prabu Mangukuhan, tan ana mangkelang budi, sadaya ajrih asih, anggepe mring ratunipun, sampun macak punggawa, dene kang kinarya patih, arinipun Jakapuring namanira.

  27. Kang dadya timbanganira, ran Dewi Darmanastiti, putrinira Sang Hyang Maya, panggih nak-sanak sang dewi, lan kang raka Narpati, langkung endah warnanipun, kuneng Mendhang Kamulan, gantya kang winarna malih, sasengkeranira Sang Hyang Jagadnata.

  28. Antara ing lama-lama, sang dyah ayu Tisnawati, pan sampun birahi sandhang, citrane saya kaheksi, tuhu yen ayu luwih, wedana sawang sitangsu, dening hapsari swarga, ratih-ratih rarasati, lawan Tisnawati sor rebuta cahya.

  29. Wus yuswa patbelas warsa, Hyang Guru tyasnya kagimir, supe marang Dewi Uma, tan lyan niken Tisnawati, kang dados rosing ati, gumantung tuntung jejantung, sampun saketha garwa, taruna Ken Tisnawati, duk semana Sang Dyah arsa cinengkraman.

  30. Pangandikanya sor kilang, Sang Retna ingarih-arih, dhuh masmirah pun kakang, bisa temen karya brangti, sang retna atur bekti, ing pada jeng Sangahulun, nunuwun sih paduka, yen estu sih marang dasih, ing kaswasih wonten panuwun kawula.

  31. Dhuh masmirah jiwaningsun, apa kang sira karsa-[421]ni, sang retna humatur nembah, tan nyuwun kang adiluwih, kang ulun suwun Gusti, sandhang kang tan keneng kusud, panganan kang tinedha, sapisan tuwuk saurip, lawan malih nuwun gamelan kathoprak.

  32. Ngandika Hyang Jagadnata, iya nimas sun tekani, kabeh panjalukira, anging antinen ta dhingin, Hyang Guru prentah aglis, Hyang Citragotra ingutus, marang Nungsakambangan, ririkatan animbali, mring Bathara Kala lawan sutanira.

  33. Anama Kalagumarang, lan Durga pututireki, cinatur Bathara Kala, tanah Jawa sasampuning, kisen manungsa sami, mantuk saking tasik kidul, wangsul Nungsakambangan, mangkana lampahireki, Sang Bathara Citrgotra sampun prapta.

  34. Nenggih ing Nungsakambangan, lan Bathara Kala panggih, dhinawuhaken saksana, kang timbalan Hyang Pramesthi, kalamun den timbali, Kala lawan sutanipun, nenggih Kalagumarang, sandika aturireki, sampun kerid mring Bathara Citrogatra.

  35. Neng marga datan winarna, cinadhak pan sampun prapti, ing swarga Jongringsalaka, ngarsanira Hyang Pramesthi, Hyang Guru ngandika ris, heh Kala sutanireku, ya si Kalagumarang, sun pundhut karyanireki, ingkang patut pan amung atmajanira.

  36. Mudhun marang marcapada, ngupaya pundhutan mami, [422] Bathara Kala tur sembah, sumongga ing asta kalih, Hyang Guru angling malih, heh Kalagumarang gupuh, mudhuna marcapada, sira sun duta ngulati, sesandhangan ingkang den anggo sapisan.

  37. Iya kan tan kena luwas, den angge sajege urip, kapindho lan pepanganan, ingkang sapisan binukti, wareg sajege urip, ping tri goleka sireku, ya gamelan kathoprak, haywa sira age muluh, lamun durung olih gonira ngupaya.

  38. Hiya kang telung prakara, kang den pundhutan mami, lan sun wenangaken sira, apa sasolahireki, aneng ing ngendi-endi, sakarepira sun ugung, ngong karya dhudhugalan, haywana sira keringi, tur sandika kalih mundur saking ngarsa.

  39. Kala lajeng antukira, mring Nungsakambangan malih, wau sang Kalagumarang, praptaning jawi hanjungkir, nungsang lampahireki, suka latak dennya muwus, heh dewa Suralaya, aja na wani ing mami, ngong samengko pan kinarya dhudhugalan.

  40. Dewa kang samya kapapag, dinugang dipun jaguri, ana bojone sinuwak, kang saweneh den idoni, dewa pra samya runtik, anepata wuwusipun, heh ta Kalagumarang, ingsun tetedha sireki, aja bisa sira mulih mring swarga.

  41. Harupawa satokewan, geter pater nanhuri, yayah [423] kadya neksenana, ya ta wau kang lumaris, Kalagumarang prapti, neng wukir  nguntara nuju, Retna Dewi Sri siram, neng talaga Nilawening, katingalan dening sang Kalagumarang.

  42. Kalangkung dennya kasmaran, Kalagumarang nulya glis, mrepeki kang lagya siram, Dewi Sri kagyat ningali, mentas lumajeng aglis, prapta ngarsanireng kakung, lajeng nungkemi pada, Bathara Wisnu tanya ris, ana paran lumayu nimas matura.

  43. Kang garwa matur wot sekar, kawula mring taman sari, siram telaga nila, pun Kalagumarang prapti, kawula den purugi, nunten lumajeng langkung dennya jrih, Kalagumarang wus prapta, ing ngarsa Hyang Wisnumurti, asru denira angling, sapa duwe bojo wau, kang adus aneng taman, Bathara Wisnu nauri, iya ingsun ngling malih Kalagumarang.

  44. Heh Wisnu ingsun kasmaran, mring garwanira Dewi Sri, aweya nora aweya, sun jaluk garwanireki, apan sun karya rabi, nahuri dhingin, lah iya sok gelema, sarat sun turine dhingin, lah den age nimas sira mareneya.

  45. Sang Dyah harsa nglenggana, sanget ajrih marang [424] laki, nulya lenggah wurinira, Bathara Wisnu lingnya ris, nimas wruhanireki, apanta sira jinaluk, mring Kalagumarang, keringan tan ana wani, pan kinarya dhugalan Hyang Jagadnata.

  46. Dewi Sri seret turira, leng pejahana rumiyin, lamun kawula wus pejah, sumangga karsa ing wuri, Hyang Wisnu lingira ris, iku sun tari tan purun, kalapa marang sira, Kalagumarang sru ngling, pilih wonge tinari gelem sarkara.

۩۩۩ Pupuh 51 ۩۩۩
DHANDHANGGULA

(www.alangalangkumitir.wordpress.com)
  1. Yekti akeh pepanggiling estri, heh ta gelema nora gelema, sayekti sun peksa bae, nolih Bathara Wisnu, mangsit marang garwa kabisik, lamun sira lenggana, lumayuwa gupuh, mring nagri Mendhang Kamulan, anuksmaha mring garwanira Sang aji, Sang Prabu Mangukuhan.

  2. Sang kusuma mituhu ing laki, sigra medal ing jawi lumajar, Hyang Wisnu sareng musnane, Kalagumarang dulu, langkung kroda sigra nututi, marang Sri lumajar, manjing ing wanagung, binujung saparanira, kalingan mung sakedhap nulya kaeksi, binujung saparannya.

  3. Palajenge pan sayah Dewi Sri, aneng wana apan [425] mek kacandhak, Bathara Wisnu nulyage,musthi sanjatanipun, apan dadya oyod panjalin, tibeng ngarsane Kala, gumarang kasrimpung, tiba kalumah rumangkang, sang Dewi Sri nolih muwus nepatani, kaya celeng solahnya, Nulya keneng sotira Dewi Sri, pan sakala salin warnanira, gumarang arupa celeng, angadeg-ngadeg rubuh, nulya ngilo toya ningali, warna sipat weraha, gumarang angadhuh, wus mangkene raganingwang, rupa celeng mongsa mundura wak mami, nadyan silih ngungsiya.

  4. Lak-lakan naga maksih sun ungsir, marang ngendi ingsun tut kewala, Dewi Sri lumajeng age, Mendhang Kamulan rawuh, lajeng nuksma garwaniraji, wau Kalagumarang, kaliban tan weruh, siyang dalu angupaya, Sng Hyang Wisnu sigra manitis, ing Prabu Mangukuhan.

  5. Kuneng ingkang wus dumunung sami, panukmane neng Mendhangkamulan, ing swarga Hyang Pramesthi, wus nora kasamaran, lamun dutanipun, keneng soting para dewa, lawan keneng upatanira Dewi Sri, nandhang mala cintraka.

  6. Rupa celeng wus tan nedya mulih, Sang Hyang Guru tyasira kasesa, dennya honeng garwane, Tisnawati sinambut, pan rinungrum ingarih-arih, Sang Hyang Guru karsanya, nekani salulut, Tisnawati sru lenggana, neng ngembanan humatur angasih-asih, yen dereng kadhatengan.

  7. Ingkang dados panuwunereki, sasandhangan kang [426] tan keneng luwas, kangge salami-lamine, sapisan tuwukira, sajege tumuwuh, lawan gamelan kathoprak, Tisnawati suka pejah tan ngladosi, pinurwa ing ngasmara.

  8. Sang Hyang Guru meksa denira mrih, marang garwa nekani sajiwa, winasesa ing karsane, Tisnawati gya lampus, pejah aneng embanan maksih, ngungun Hyang Jagadnata, nalongsa ing kalbu, miyat ing garwa palastra, sigra mundhut nenggih kang tirta pangurip, wonten swara kapyarsa.

  9. Heh ta yoganingsun Hyang Pramesthi, wus mupusa yen wus karsaning Hyang, garwanta iku layone, nuli petaken gupuh, alas nagri ing Mendhang kawit, kagyat Hyang Jagadnata, animbali gupuh, Bathara Kanekaputra, prapteng ngarsa Hyang Guru ngandika aris, heh kakang arinira.

  10. Si Tisnawati mengko ngemasi, layone iki sigra gawaa, mring Mendhang Kamulan age, pasrahana kaki Prabu, Mangukuhan ing Mendhang kawit, layone den pendhema, aneng ing wanagung, alas kentring Krendhayana, den bubuka papane mendhem den becik, miwah pangreksanira.

  11. Sira kakang nunggonana dhingin, lah ta apa thukulane benjang, si Tisnawati layone, pinencara den gupuh, barang thukulane ing benjing, neng kentring Krendhayana, sasengkeraningsun, Kanikaputra sandika, layon Tisnawati sampun den tampeni, binekta mudhun sigra.

  12. Mring marcapada pan sampun parpti, panggih lan [427] Sang Prabu Mangukuhan, layon wus pinaringake, satimbalan Hyang Guru, wus dhinawuhaken pra sami, Sang Prabu Mangukuhan, peparentah gupuh, mring wadya Mendhang Kamulan, pra dipati kinen bubuka den aglis, alas ing Krendhayana.

  13. Titindhihe patih Jakapuring, sawusira samya binabadan, nulya ingobongan kabeh, lajeng pambubakipun, sawusira gadhangan dadi, layon nulya pinarnah, ing pametakipun, sinungan gubug kang tengga, titidhihe maksih raden Jakapuring, tugur aneng ing wana.

  14. Sapraptane mongsa ingkang wiji, Niken Tisnawati layonira, apan thukul sadayane, wajane thukul jagung, gen prejine pan thukul pari, sirah thukul kalapa, aren puseripun, kathah lamun cinatura, thuthukulan ing layon mawarni-warni, nulya sami pinencar.

  15. Ingkang dadya juru sawah nenggih, pangajenge apan wong titiga, ke empu Cakul namane, ki Tuwa lan ki Buyut, Jakapuring ingkang nindhihi, wiji nulya pinencar, pari miwah jagung, sadaya wiyar tebanya, kawuwusa jawat ingkang nenggani, aneng jagad lor  wetan.

  16. Darbe osik salebeting galih, sira Sang Bathara [428] Prit Tanjala, dene wus lami suwunge, nenggih Bathara Wisnu, myang raka Sang Kanekasiwi, lami datan katingal, Pritanjata gupuh, mesat saking kayangannya, jagad ingkang ler wetan nedya ngulati, mring Hyang Kanekaputra.

  17. Mayeng aneng gagana ngungkuli, nenggih alas Krendhayana, Pritanjala ing iberi, miyat ngandhapipun, thuthukulan mawarni-warni, sarta kongas gandanya, ngambar marbuk arum, langkung denira kacaryan, Pritanjala gya malih peksi prit, niyup maring mangandhap.

  18. Prapta mencok neng pari nisil, Pritanjala kalangkung kacaryan, ngraosaken pari esane, sarta mawi ganda rum, kawuwusa wau Dewi Sri, ingkang sampun anukma, ing garwa Sang Prabu, cinatur sasampunira, thuthukulan  Tisnawati mencar sami, Dewi Sri ngalih sigra.

  19. Pan angalih nukma marang pari, tunggil Tisnawati wus rakitan, wau ta kang warni celeng, Kalagumarang weruh, yen Dewi Sri nukmeng garwaji, Mendhang Kamulan mangkya, ngalih nukmeng pantun, gya wau kalagumarang, lajeng manijing sabin pari den gulungi, sinisih kinekemah.

  20. Sang Hyang gya musthi jemparing, dadya [429] tunggak wuluh pan angrangap, Gumarang nujah solahe, katunggak jajanipun, sumamburat rahira dadi, wawereng gagadhingan, lelodhoh lan busung, puser menthek sangit walang, yitmanira Gumarang manjing sakwehing, suteng puthtut jantaka.

  21. Yata Pritanjala kang winarni, saya kacaryan saba ing sawah, nisil tan ana kandhege, kawruhan kang atungu, gya sinawat ampungan munggwing, dangu aren tan kena, sigra kyai buyut, lan ki tuwa matur radyan, Jakapuring yen kagungandalem pari, wonten kang purun mangsa.

  22. Warni peksi alit ulese langking, Jakapuring kagyat duk miyarsa, payo sun arsa wruh dhewe, sareng mangkat katelu, prapteng sabin kagyat ningali, peksi sangsaya kathah, samya nisil pantun, ki buyut sigra anyawat, peksi emprit miber mencok kolang kaling, ki buyut aturira.

  23. Sampun adat punika kang peksi, yen sinawat miber gya ampungan, dangu kinarya pangungsen, Jakapuring sru wuwuse, lamun tansah dadya aling-aling, kayu sun wehi aran, aren lawan nanggung, aren dadya palerenan, yen binalang dangune anenanggungi, ngalingi ing bebalang.

  24. Becik sira pagasa tumuli, dangu tansah dadya apungannya, kang memangsa ngleburake, nulya hingandhan gupuh, dangunipun pinagas mijil, toya nulya dinilat, manis raosipun, nulya kinen madhahana, kaki tuwa terampil gya mecok epring, tambelang tinadhahan.

  25. Kinendelken tambelang sawengi, enjing den un-[430]dhuh tambelang muncar, anulya den aturake, Jakapuring lingnya rum, endi kakang sun arsa uning, tutupe gya binuka, kongas gandanya rum, dyan Jakapuring lingira, iki pantes katur marang Sri Bupati, dudu sira kang mangan.

  26. Nulya mantuk patih Jakapuring, datan kantun waragang binekta, wus prapteng prajala lampahe, marek ing ngarsa Prabu, Jakapuring matur wot sari, pukulun tur uninga, nenggih wedalipun, kagungandalem deresan, kajeng nanggung katura ing paduka ji, tambelang tinampanan.

  27. Wus binuka bumbung sumpelneki, kongas gandanya ingkang waragang, Sang Nata aris ature, mring Hyang Kaneka sunu, tuwan bekta minggah swargadi, katura Sang Winenang, paran dhawuhipun, Sang Resi Kanekaputra, sigra mesat lampahen saengga thathit, ing marga tan winarna.

  28. Prapteng Jonggring Salaka ngarsaning, sang Hyang Guru aris angandika, heh kakang apa na gawe, kang dinangu umatur, marma ulun prapta sumiwi, ing ngarsanta dinuta, ing putra pukulun, Sang Ngaprabu Mangukuhan, hangaturaken ponang toya medal saking, dangu kagungan tuwan.

  29. Sang Hyang Guru mesem lingira ris, mara bukanen kakang kayapa, nulya binuka tutupe, mancurat toyanipun, anyiprati lathinireki, Resi Kanekaputra, dilat sarya guguk, nyata manis tetemenan, Sang Hyang Guru ngandikesmu runtik nanging, sinamur pagujengan.

  30. Ya wong ala warnane tan becik, pan sakala Hyang [431] Kanekaputra, nulya asalin sipate, lathi nyameh tur gingsul, dedeg cebol bokonge canthik, sartane salin swara, kagyat jroning kalbu, Sang Resi Kanekaputra, nulya ngilo paesan warnanya salin, sigra matur ngrarepa.

  31. Kanging punapa hulun puniki, asalin warna awon kalintang, Hyang Guru mesem wuwuse, mongsa kena winangsul, karsaning Hyang kang murbeng pasthi, dadi dewa kebayan, lan sinung jujuluk parab Bathara Narada, dene rada sembrana lawan pinaring, rikat miber lir barat.

  32. Kuneng wau kang winarneng kawi, garwanira Sang Hyang Jagadnata Dewi Uma nalikane, duk maksih gesangipun, Tisnawati apan kalindhih, denira rebat tresna, mangkya pejahipun, Dewi Uma kalangkung suka, Tisnawati wedana dadya rejeki, dhinahar Hyang Narendra.

  33. Dewi Uma meri jroning galih, tansah dennya nutuh sarira, raganingsun katuwane, dene Dewi Sri iku, dadya ketan, lan Tisnawati, dadya Pari samangkya, Dewi Uma sampun, moring sabin panedhanya, dhinahara mring kang gedhe-gedhe sami, dadya suket jawahan.

  34. Kuneng mangsuli cariteng nguni, Rembu Culung a-[432]nak putunira, pan kawandasa kathahe, dadya werining  luhur, sang Hyang Guru parentah aglis, mring Hyang Wisnu lan Brama, anak Rembu Culung, sadaya kinen numpesa, gya tinumpesan among mrojol satunggil, agungsi mring marcapada.

  35. Ngungsi guwa tapanya pinati, puthut Jataka wus pirang warsa, cinatur sanga sutane, pambajeng warni tikus, ules putih den peparabi, nenggih tikus jinada, gengira sawdhus, balane tanpa wilangan, kang panggulu atmajanya warni babi, tembalung namanira.

  36. Balanipun iya tanpa wilis, arinipun awarni kukila, tanpa wilangan balane, nunten maesa danu, pan anama sang Kalamurti, kala srenggi arinya, warni bantheng lawung, jaruju awarna kidang, kang awarna menjangan anama randhi, pas bulus grages kura.

  37. Sabalane samya kuru aking, sanget dennya kekirangan pangan, sadaya mungging ngarsane, karuna siyang dalu, mothah marang ramanireki, ditya puthut Jataka, welasnya ke;angkung, mulat ing atmajanira, siyang dalu tansah neng ngarsanireki, sami lara karuna.

  38. Ditya Puthut Jataka lingnya ris, aja nangis babo sutaningwang, sun tuturi sira mangke, kena ana praja gung, aran Mendhang Kamulan kaki, murah sandhang pan pangan, ing kene nak ingsun, kena den ungsi kawula, nanging padha jaluka krananing becik, den nganggo krana lila.

  39. Sakathahing sato suka sami, putra kang titiga [433] pamit sigra, mangkat lawan sabalane, neng marga tan winuwus, nagri Mendhang Kamulan prapti, kang tengga samya nendra, wanci tengah dalu, pan wus wantun ing drubiksa, dhasar ngelih ting kurangsang rebut dhingin, samya lumebeng sawah.

  40. Saka ngrenjah nubruk hanggulangi, angemah nisil ingkang kukila, jinada rampak lebune, kumrasak kumarusuk, swaranira hanggegirisi, mawor lawan prahara, ruhara gumuruh, kang tengga kapati nendra, samya kagyat kumrusuk satengah sabin, swara sru kumarasak.

  41. Kyai tuwa ingkang tangi dhingin, amiyarsa swara jroning sawah, gumuruh dudu wedine, kituwa gupuh-gupuh, nyangking kudhi, celeng tembalung nerajang, saking ngarsa ki tuwa kgyat anjelih, angangar kudhinira.

  42. Lumumpat ngiwa sinerot wani, kinudhi dhase celeng tan pasah, kudhi wus putung pesine, ki tuwa jaluk tulung, langkung kagyat dyan Jakapuring, ki buyut samya medal, lan ki empu Cakut, sarowange samya medal, canggah renteng geranggang penthung suligi, obor kadi rahina.

  43. Celeng kethen gya nerajang wani, sinabet penthung [434] lan arit bapang, kuthila kebat lumpate, kathah wong ingkang tatu, sinahut kuthila pra sami, dhinodhos ing weraha, niba samya rubuh, pinerang kudhi tan kena, ingkang bener kudhi tan kena, ingkang bener pamarange tan nedhasi, dadya giris lumajar.

  44. Ki buyut matur mring Jakapuring, dhaweg lumajeng atur uninga, mring raka paduka raden, pan dene wadosipun, pirang-pirang sato kaeksi, yen sadasa tri dasa, kenging yen pinagut, dene puniku awendran, dadya-dadya kelu ing tyase ki Jakapuring, mantuk sarowangira.

  45. Tan winarna ing marga wus prapti, Jakapuring laju mring ngayunan, mring raka katur tiwase, dennya pinatah tunggu, ing kagungan Sri Narapati, sadaya kang taneman, samya lebur, minongsa ing sato kewan, warni tiga buburon kang mongsa pari, kang ageng sabregada.

  46. Ules cemeng cocotipun jubir, jebres-jebres wulune awadhag, lir ki singa cung buntute, akathah tunggilpun, sabregada asipat jalmi, mawi buntut apanjang, ulese kaluwuk, kebat cukat tur waspada, inggih kathah tunggile kang asipat jalmi, solahipun gigila.

  47. Ingkang sabregadanipun alit, pusuh binuntutan tampar, lir saged miber solahe, tanpa wilis pukulun, pangagenge maletuk putih, tan pasah dening braja, samya teguh timbul, Sangprabu Mangukuhan, ngungun ing tyas pangandikanira aris, yen mangkono yayimas.

  48. Udhangana sawadya nireki, den samakta sagagamanira, wong Mendhang Kamulan kabeh, aja ana kang kantun, tur sandika dyan Jakapuring, medal jawi parentah, wong Mendhang wus kumpul, sarta sagagamanira, mya tengara budhal saking ing nagari, Sang Prabu Mangukuhan.

  49. Ginarebeg ing wadyanireki, sampun prapta kentring krendhayana, gen sabin pategilane, sareng surak gumuruh, kagyat buron wana miyarsi, sareng medal nerajang, ngamuk nunjang nempuh, tan ana braja tumama, wadya Mendhang Kamulan ingkang nadhahi, akathah kang kacurnan.

  50. Sikil karowak weneh jariji, rantas sinaut marang kuthila, ana kang putung sikile, sinaut ing tembalung, myang dhinodhos den rarangkangi, nanging tan ana pejah, sanget kawusipun, Sang Prabu Mendhang Kamulan, enget marang wirayat kondur tumuli, bodol sabalanira.

  51. Celeng kuthila nututi, kang kacandhak gigire karowak, saya sanget palayune, tunjangan rebut dhucung, sampun tebih prapteng nagari, kendel neng pagelaran, pra dipati ngayun, Sangprabu Mangukuhan, agandika mring rayi dyan Jakapuring, yayimas lumakuwa.

  52. Marang Mendhangagung ing saiki, marekka kakang [436] Andhong dhadhapan, lan iki Gadhing mangukira, sira nyuwuna tulung, yen kagungan Sang Hyang Pramesthi, pari jagung minongsa, ing buburon iku, warna tri tanpa wilangan, balaningsun Mendhang Kamulan keh kanin, sun adu tan kuwawa.

  53. Bektiningsun aturna yayi, mring si kakang tumuli mangkata, kang yayi tur sembah lengser, lampahira sineru, kuneng ingkang lagya lumaris, gantya ingkang winarna, dhukuh Mendhangagung, nenggih Ki Andhong Dhadhapan, lagya lenggah lawan Ki Gadhing Mangukir, putra kalih neng ngrasa.

  54. Raden Sengkan dyan Turunan nenggih, pan kasaru kang rayi prapta, dya patih Jakapuring, lajeng dennya tumunduk, prapteng ngarsa raden ngabekti, mring kang raka kalihnya, ngaras padanipun, sira dya Sengkan Turunan angabekti marang radyan Jakapuring, sawusnya tata lenggah.

  55. Angandika Sang Pandhita kali, yayi patih apata dinuta, mring rakanira sang rajeng, dene gupuh lakumu, nora nganggo aweh udani, jakapuring tur sembah, pan ninggih ingutus, ing arinta Sri Narendra, kang rumiyin ngaturken kang pangabekti, ing kalih tur uninga.

  56. Rareksane arinta Sang aji, kagunanipun Hyang Jagadnata, tetaneman sadayane, ing mangke kathah lebur, pan minongsa sato wana dri, warni tigang bregada, kang ngrisak puniku, kang sipat jalma manungsa, buntut panjang puniku ules kulawus ping kalih, andhap wulune wadhag.

  57. Ules cemeng cocotipun jubir, ping tigane alit [437] ules pethak, angelacar bubuntute, sadaya teguh timbul, rimpaduka sampun nindaki, kinerik wadya Mendhang, sagagamanipun, nanging ta datan kawawa, mengsah lawan sato ingkang tigang warni, wadyane kweh kacurnan.

  58. Marma age kawula tinuding, tur uninga sarta nuwun tandang, paduka ngaturan age, sareng ing lampah ulun, ri paduka sanget kang weling, sampun ta tan katuran, ngandika sang wiku, yayi patih nora susah, ingsun dhewe tutulung mring yayi aji, sigra nolih ing wuntat.

۩۩۩ Pupuh 52 ۩۩۩
PANGKUR

(www.alangalangkumitir.wordpress.com)
  1. Gya Raden Sengkan Turunan, mesat marang babadira wus panggih, lawan meng amenganipun, kakalih wus binekta, prapteng ngarsaning rama kalih wot santun, Sang Rsei Andhong Dhadhapan, meng amengane satunggil.

  2. Nama pun kaewayuyang, mengamenganira gadhing mangukir, candramawa namanipun, dene kaewayuyang, dedeg kakkeng brojol wetengipun nyempluk, sarta pawakane gempal, gulu keren kuping cipir.

  3. Kopekipun daleweran, bathuk banyak netrane jeleh nenggih, apan cemeng ulesipun, kukuncunge apanjang, irung sunthi raine anjeruk purut, dene kae candramawa, dedegipuin andhap alit.

  4. Iya kokkong gulu panjang, sirah cilik karemira [438] panarit, sinengkelang gigiripun, malah kalingan cerma, yen nyepuhi neng pawirungan merkungkung, ngasah lumarah neng wungkal, ngandika sang resi kalih.

  5. Iki yayi tampanana, bocahira karo iku sun kardi, tutulung mring yayi prabu, wus samya winangsitan, kalihipun ngandika malih sang wiku, lawan sun gawani sira, talumpak tateken mami.

  6. Dhapur myang landhehanira, gegodhine myang sarungane yayi, kabeh iku kanggo semu, ajana mung winastan, ing arane werdine ingkang pinangguh, raden tur sembah sandika, talempak wus den tampani.

  7. Winangsit yen ana karya, werangakne kinen mocota aglis, aneng ngarepe kang mungsuh, raden Sengkan Tueunan, anambungi mring kang paman aturipun, kula ngaturi punika, bumbung saeros kinardi.

  8. Yen karya awrat sambetna, ing bantala yekti yen ulun prapti, wusnya telas welingipun, Jakapuring tur sembah, mundur saking ngarsa rikat lampahipun, wus prapteng Mendhang Kamulan, lajeng tumameng ngarsaji.

  9. Wus katur sawelingira, nenggih ingkang raka Sang Resi kalih, Sang Prabu suka handulu, bantu kalih warnanya, pants lamun iku ngentasana kewuh, ingadu aprang lan kewan, pinaringan segah sami.

  10. Sawelingipun kang raka, Sang Wayuyang kareme leri putih, condramawa karemipun, apan toya dawegan, sampun kinen asowa mring pondhokipun, Sang Prabu ngundhangi sigra, ing bala keprabon jurit.

  11. Wus amekta sigra budhal, parpta ing gen pakebonan ing sabin, sreng suraknya gumuruh, kagyat sato tumingal, ing manungsa gya nander nerajang nempuh, wadya ing Mendhang Kamulan, sadaya samya nedhahi.

  12. Sinosog ing ganjur watang, sato kewan ana tedhas siji, sadaya pan teguh timbul, kuneng kang maksih aprang, kawuwusa kang maksih neng pondhok kantun, wayuyang lan condramawa, suka nginum-ngunum sami.

  13. Leri lan banyu dawegan, kapiyarsa marang garwa niraji, yen bebantu kalihipun, wayuyang condramawa, tan humiring tedhakira Sang Prabu, maksih neng pondhok kalihnya, gya Dewi Darmanastiti.

  14. Tedhak mring pondhokanira, condramawa lan wayuyang wus panggih, maksih samya suka nginum, leri lan banyu degan, Dewi Darmanastiti ngandika rengu, heh wayuytang condramawa, mangkonp solahireki.

  15. Dene teka ngenak-enak, nora melu humiring Sri Bupati, bebantu apa gunamu, wedi prang lawan kewan, anggur karo padha muliya sireku, matur raka kang kalihnya, pimilala tanpa kardi.

  16. Wedi prang lan sato kewan, ingsun dhewe kang [440] nusul Sr Bupati, condramawa duk hangrungu, miwah kae wayuyang, Dewi Darmanastiti dudukanipun, ngrasa yen kadudonira, kaliye pra samya nangis.

  17. Tur sembah sigra umesat, nusul marang tedhake Sri Bupati, kadya kilat lampahipun, sakedhap sampun prapta, ing paprangan kagyat denira handulu, yen wadya Mendhang Kamulan, kamuk ing buron wus ngisis.

  18. Agupuh kae wayuyang, sirahira siniram toya leri, teles awakira nurut, ing suku kinalalar, nulya medal segawon ulese jamus, dalir sirahipun pethak, ing gigir buntut myang sikil.

  19. Tekeng gulu wetengira, trusing cocot nenggih dipun wastani, belang wayuyang sighra wus, condramawa gya nyandhak, toya degan siniramken sirahipun, warata mring awakira, kinelalar nulya mijil.

  20. Kucing ulesipun pethak, dalir cemeng sirah tumekeng gigir, nerus marang buntutipun, lajeng trus sikil pisan, lajeng marang gulune malih atepung, wasta kucing candramawa, kalih sami den abani.

  21. Mring sira kae wayuyang, condramawa asu kalawan [441] kucing, pareng nander kalih mungsuh, celeng tembalung mulat, marang asu dhasare wus antuk buru, marma datan mawi taha, nander papag tempuh kalih.

  22. Celeng sinaut wus pejah, wuri prapta celeng samya nyembuli, sinaut ing ngarsa pungkur, sona kesit tan kena, lamun males naut namung bucek lampus, ampuh kadi dumung sarpa, saweneh celeng tang kongsi.

  23. Sinaut ingpejahira, mung jinegug kewala hanggulinting, papati tumpang asungsun, bebathange weraha, katingalan dening kang celeng tembalung, yen balanya kathah pejah, mangsah krodhanya tan sipi.

  24. Gya nempuh saking ngiring, dhadhos nyaut sona rikat ngindhani, tembalung nututi nubruk, sona rebah katunjang, kinakahan kang sona males naut, congore ingkang watgota, celeng tembalung gulinting.

  25. Sawadyanira suh sirna, sang kuthila mulat krodha tan sipi, sabalane pereng nempuh, kang sona ginagila, datan kewran belang wayuyang anaut, jugug marang ing kuthila, panggedhene wus ngemasi.

  26. Balane pupulih samya, nanging datan antuk kiwul ing jurit, sonampuh panautipun, kang aneng pepenekan, mung jinujug tibeng siti lajeng lampus, jinada uleng-ulengan, ruket ing prang lawan kucing.

  27. Sagendhingipun kasoran, ingkang ules putih sam-[442]pun ngemasi, balane mawur maledug, lumayu tinututan,  tumpes kabeh pranging tikus tanpa kiwul, surak wong Mendhang Kamulan, saking sukanya ningali.

  28. Sirnane kang buron wana, Sr Narendra seseban aneng sabin, kae wayuyang neng ngayun, kalawan condramawa, Sri Narendra ngandika arum, yayi patih drawana, si kakang gadhing mangukir.

  29. Wekase marang ing sira, dhapur apa iya tumbake iki, Jakapuring nembah matur, tan mawi winastanan, binorongaken ing Jeng paduka pukulun, mesem Sang Prabu ngandika, iya ingsun kang ngarani.

  30. Talempak iki yayimas, dhapur pencok sahang deder pring gadhing, sinulam gogodhinipun, warongka kayu sawa, sawadine kang kikirim mawa semu, pasemone pencok sahang, abot sinongga ing wuri.

  31. Ujare sun pinrih awas, siji-siji landheyane pring gadhing, suwarnane gadhing iku, putih asemu jenar, pasemone manungsa iku yen durung, buwang sahat lan luamah, satemahan dadi kuning.

  32. Kuneng lagya guneman, ditya Puthut Jataka kang winarni, ginubel atmajanipun, lembu lawan maesa, pan awasta pun Kalamurti kang sepuh, kala srenggi ingkang taruna, pagubele nuwun pamit.

  33. Nusul mring Mendhang Kamulan, miyarsa yen kada-[443]nge tumpes tapis, sumedya bela tumutur, Puthut Jataka lingnya, iya kaki nanging den prayitneng kewuh, kupinge wus tinutupan, nenggih wutanipun kalih.

  34. Pamriye ywa kongsi, mring srenggala benjang panjugugneki, kalih sareng angkatipun, krodha samarga-marga, lamun manggih sela geng tinubruk sumyur, kaliye langkung prakosa, pra samya bebalung wesi.

  35. Balitung otote kawat, wulu edon kulit tembaga abrit, netra kumala kang sungu, purasani tracaknya, waja sepuh bol karah aggetih pulut, kruranya samarga-marga, sato kakalih ngajrihi.

  36. Gung ngambul ngundha kakayan, kang samarga wana lir den babadi, saengga angin tateli, lampahira sang kala, marti arenggani datan winuwus, marga pan sampun andungkap pasabinan aningali.

  37. Sang Prabu lagya seseban, aneng tegil kagyat denya ningali, buron gengira kelangkung, kalih sungunya panjang, Sr Narendra gya ngatag mring kalihipun, ayuyang lan condramawa, pareng denira ngabani.

  38. Mring suta kinen tumandang, asu belang wayuyang lawan kucing, pareng nander kalihipun, sampun ayun-ayunan, nora taha srenggala nulya anaut, kupingira ingkang kena, ginebegken mesat tebih.

  39. Wangsul anaut gagondhang, gya tinajuh tibeng siti cinukit, ingundha kombul mandhuwur, tibanira sinongga, mring sang kalamurti gya ingundha muluk, kang siningat timbal-timbal, marang ing kala srenggini.

  40. Tibaning siti kalihnya, gya den iles kelesden uli-uli, asu lan kucing ngalumpruk, tangi-tangi tan bisa, condramawa lan wayuyang kagyat dulu, sutanya kalih sor ing prang, sigra mesat ing wiyatti.

  41. Kalih lir lumarap lir kilat, candramawa anander marang kucing, wayuyang nander ing asu, mudhun nulya siniram, toya leri ki condramawa anambut, dawegan kucing siniram, kalih samya den koseki.

  42. Nenggih roning wuluh pugag, nulya tangi kalih samya kikirig, wulu rontog dadya asu, kathah awarna-warna, belang cemeng putih loreng pirang atus, kucing iya tan prabeda, ulese mawarni-warni.

  43. Sadaya mangsah kumerab, Kalamurti lawan Kala Srenggini, bingung kalih ginarumung, dening asu lan sona, krodhanira ngobrak-abrik bijig nubruk sinaut datan tumawa, kadya ypa aneng lathi.

  44. Tinon kadi semut canthang, lan cecathak minggah aneng wukiring, ki Jakapuring handulu, yen tan wus ing ngaprang, sigra nyandhak pring sak ros binanting seru, dyan Sengkan lawan Turunan, kagyat denira miyarsi.

  45. Gya mesat sakedhap prapta, ing ngarsane kang pa-[445]man Jakapuring, mesem suka wuwusipun, kulup sira bageya, raden Sengkan Turunan umatur nuwun, lajeng marek ngarsaneng Nata, dyan kalih  samya ngabekti.

  46. Sang Prabu suka tumingal, ing wangune nenggih kang putra kalih, semune sudireng kewuh, Sang Nata hangandika, kulup sira sun jaluk karyanireki, sirnakna kalilip ingwang, sato ingkang wani-wani.

  47. Angrusak rareksaningwang, tetanduran kagungan Hyang Pramesthi, raden kalih nembah matur, patikbra nuwun duka, lumangkunga saking ing ngarsa Sang Prabu, saged tumindak yen sarta, tuduh tuwan kang kapundhi.

  48. Mesem Prabu Mangukuhan, iya kulup sira sun karya wakil, sabisa-bisanireku, ing prang payo den enggal, tur sandika raden kalih nembah mundur, ngadeg madyaning payudan, ngusap dakaripun kalih.

  49. Mijil oyod panjangira, pitung dhepa langkunge tigang nyari, warnanira gilig lurus, alus kadya ngongotan, yen wong kuna hangarani oyod iku, pan iya oyod dedawa, wong mangke samya ngarani.

  50. Agawe lemese basa, pan katular-tular dalasan mangkin, ingaran panjalin wuruk, saking wuruk wong kuna, gya amangsah raden kalih pecutipun, samya pinandhi neng asta, eram sagung kang ningali.

  51. Ing pecut raden kalihnya, lamun ngadeg kadya te-[446]ja kaeksi, yen malengkung lir kakuwung, yen kumelab lir kilat, lamun mobat mabit lir thathit kang pecut, yen sumelet kadya gelap, kalamurti aningali.

  52. Sujalma ngadeg neng papan, kalamurti krodha anander aglis, kala srenggini tan kantun, kalih hambeg sudira, kalamurti narajang nedya anubruk, mring raden Sengkan pinapag, sru pinecut dhas ireki.

  53. Kalasrenggini nerajang, marang raden Turunan anulya glis, pinecut pepathakipun, sato kakalih rebah, sanget dennya kantaka neng siti dangu, condramawa lan wayuyang, gupuh denira ngeluhi.Leng irunge kalih pisan, tinangsulan tampar kekah anuli, cinancang ing kayu agung, kalih samya karuna, kuneng puthut jataka ingkang winuwus, apan ta wus nora samar, kalamun sutanireki.

  54. Kalamurti lawan kala, srenggini kang sumusul mring pupulih, ing mangke sampun kapikut, aprang lan raden Sengkan, lan Turunan kang mapag ing pamukipun, tinalen tan bisa solah, irung kineluhan sami.

  55. Puthut Jataka karuna, anelangsa luputira ngideni, mring suta sedayanipun, denira mrih memangsan, bingung tyase puthut jataka angadhuh, kagagas tumpesing suta, madeg krodhaning ngajurit.

  56. Gya mangkat saking pratapan, sutanira Ujungran-[447]dhing tan keri, samarga ngrik ngadhuh-adhuh, prapta gen pasabinan, geger wadya mendhang Kamulan handulu, mring ditya puthut jataka, warnanya hanggigilani.

  57. Katuring Sri Naranata, datan obah sawdyanira maksih, Jakapuring kang tinuduh, methukaken ing yuda, sigra nyandhak talempakira ingunus, sarungannya kajeng sawa, sinuntak brangtannya prapti.

۩۩۩ Pupuh 53 ۩۩۩
ASMARADANA

(www.alangalangkumitir.wordpress.com)
  1. Teksaka endah warni, ulese amanca warna, pan kadya coraking cindhe, lajeng manjing pasabinan, sirna tanpa karana, puthut jataka ngrik laju, nander mring ngarsa sang Nata.

  2. Kang munggeng ngarsa Sangaji, maledug sadaya bubar, kekes ajrih sadayane, tan ana kang lumawana, ngunsi wuri Narendra, puthut jataka handulu, mring Prabu mendhang Kamulan.

  3. Cahyanira anelahi, winawas saking mandrawa, wus ilang Mangukuhane, Bathara Wisnu kang ana, angagem rudaksana, puthut jataka lumayu, ngunsi manjing wana pringga.

  4. Sri Narenda anututi, lan sawadya balanira, sarta gumuruh surake, anut ing salasahira, puthut jataka nilap, nebih palayune nikung, nulak wangsul tan karuwan.

  5. Wangsul marang sabin malih, dhelik neng mindining [448] sawah, puthut jataka sektine, ing ajur-ajer tan kewran, nadyan aling-alingana, sada sak ler tan kadulu, pan ditya bangsa lalembat.

  6. Wau ta ingkang nututi, Sang ngaprabu Mangukuhan, lawan sawadya balane, ngosak asik jroning wana, wus tita tan kapangya, Sri Bupati nulya kundur, wangsul marang pagubugan.

  7. Sawadyanira tan kari, kaki tuwa lonthang-lanthung, lumaku sarya sisindhen, dhuh nyata yen edan beryan, buta pathut jataka, dilecek wedi maring sun, lumayu agungsi wana.

  8. Iya cobak jangan lari, kalu sudhah saya gusar, amungsuh buta mecothot, jangan satu jangan duwa, sun makan lan sega wedhang.

  9. Ki buyut wuwuse bengis, bisa temen adol umbak, mau sapa rep madodong, malah dadi pipikulan, ki tuwa sru anyentak, singa wonge lamun durung, katemu sapisan-pisan.

  10. yen sudah campur sekali, rong kali takut mangapa, mapan sudah tate, saya kali saya tidhak, betane pangi buta, kendhati dhadhah sarebu, sapa laki takut ngapa.

  11. Dennya lumampah angari, andulu wewedi sawah, tan wruh yen ana isine, sinendhal sarwi lumampah, nyeret turut galengan, puthut jataka ngruruntuh, kipu cakut gudandapan.

  12. Ki tuwa noleya aglis, wurimu iku anapa, ki tuwa [449] sugal saure, mongsa baya lumayuwa, ki buyut asru mojar, ki tuwa tan wurung lampus, endhase cinaplok buta.

  13. Ki tuwa dupi anolih, niba jrit lajeng kantaka, kang mulat sadaya kaget, nyana ki tuwa wus pejah, sinaut ing jakapuring, katur mring Prabu Mangukuhan, gya wangsul sabalanira.

  14. Puthut jataka ningali, yen Sang nata sanget duka, gumeter lajeng handheprok, harsa lumayu tan bisa, keneng pangaribawa, pratanira Sangprabu, ki tuwa sampun rinebat.

  15. Dinalih yen nandhang kanin, ki tuwa pan binayang, puthut jataka ngelosot, Sang Nata asru ngandika, ditya puthut jataka, yen maksiha wani iku, pasthi yen duwe tenaga.

  16. Den iki becak-becik, ki tuwa nora karowak, kalenger karepe dhewe, puthut jataka ngrarepa, nuhun patik Bathara, anjalmawa kaping pitu, dadosa abdi paduka.

  17. Kami puruna ing Gusti, milane ulun tan nedya, lumajeng tebih lan rajeng, sakarsa paduka Nata, sung tedha ing ngapura, ngandika Prabu Mangukuh, yen mengkono karepira.

  18. Sumedya ngabdi ing mami, iy ausn prenahken sira, manggana nglumbung longane, yen ana wong ngumpet karya, yeku bageyanira, wong duwe pari rong atus, mung ngakoni karobelah.

  19. Kang seket sira duweni, lan sanak putunira, [450] neng lesung panjaka pawon, neng latar myang taretepan, dalan gedhe pawuhan, enggone anak putumu, sandika puthut jataka.

  20. Sang Nata ngandika malih, mring sagunging wadya bala, poma kabeh wekas ingong, pawestri kalamun adang, ywa lali tinggal sega, neng tumang utawa nutu, neng lesung tinggala beras.

  21. Sajimpit miwah mususi, sabangon tinggala beras lan yen angi aja supe, tinggala sega aneng iyan, kineng linge Sang Nata, warnanen wau kang pantun., kang lebur pinangan ngama.

  22. Sinasah dipun ideri, nenggih marang ula sawa, gesang pari purna kabeh, tan kalong wuwulenira, tiningalan anglayap, ula sawa sawusipun, mider sawiyaring sawah.

  23. Angleker lajeng ngemasi, aneng satengah galengan, katingalan ing Sang Katong, yen ula sawa palastra, ngungun Sri Mangukuhan, purwanira ana lumbung, dene walangsungsan ula.

  24. Sasampuning ula mati, wonten pawestri katingal, lan gene ula tan adoh, kadya widadari kendran, parabe luwih endah, cahyanya sumunar mancur, kadya banguning kartika.

  25. Wayah duk rumaja putri, sembada dedeg pideksa, [451] sekar sungsang jejamange, maketha buka dri mubyar, akalung sri winulat, nanging sang dyah maksih pinjung, wastra di manca warna.

  26. Maharja dhinandhang gendhis, susupene mamanisan, asengkang bapang kaniten, anting-anting gelang kana, kancana sinasotya, Sang Prabu tyasira kenyut, marang niken luwih endah.

  27. Arsi denira marpeki, sarya rum dennya ngandika, dhuh atma jiwa ngong hangger, mirah intene pun kakang, ingkang sawang kumala, asiha mring dasihipun, eman temen neng pagagan.

  28. Wong kuning anemu giring, emen sarira kataman, ing surya asru bentere, suwawi kawula bekta, marang Mendhang Kamulan, muktiya neng jro kadhatun, pun kakang srah jiwa raga.

  29. Sang retna matur wot sari, kapundhi wonten mustaka, sih paduka mring dasihe, kawula anuwun duka, langkung dahat lenggana, yen kantos binekta kundur, mring pura Mendhang Kamulan.

  30. Lamun estu Sri Bupati, sih ing dasih kawlasarya, anrus ing lahir batine, kang abdi kinarya garwa, wonten panuwun kula, enjing sonten sangprabu, tedhaka mring pasabinan.

  31. Meng-ameng ngideri sabin, pratondha lamun sang Nata, satuhu sih ing dasihe, ken endah luwih sawusnya, umatur nulya musna, Sang Prabu kalangkung ngungun, jetung dangu tan ngandika.

  32. Nulya kundur Sri Bupati, saking kentring Krendha-[452]yana, gen kebon pasabinane, budhalan sawadya nira, sapraptanireng praja, Sang Prabu lajeng ngedhatun, para dipati sowang-sowang.

  33. Mantuk mring wismane sami, cinatur mendhang Kamulan, sangsaya gemah harjane, madya samya bubak wana, sawiyaring tebanya, pencaring pari lan jagung, miwah wiji sadayanya.

  34. Pinaringken ing wadya lit, bawah ing medhang Kamulan, dhusun-dhusun sadayane, tan wonten kang kalangkung, kinen nanem sadaya, satibane wiji tulus, tan ana pinangan ama.

  35. Sri Narendra sampun kardi, sabin myang tegal daleman, nglestarekaken welinge, inguni ken luwih endah, ya kang musneng galengan, enjing sonten sangaprabu, sarta kalwan kang garwa.

  36. Meng-ameng ngideri sabin, tinut ing wadya kang samya, ananem sadayane, enjing sonten tan na pegat, ngideri sabinira, sagen-engen samya tulus, wedaling tanemanira.

  37. Lami-lami meradini, ing sapulo tanah Jawa, Tisnawati thukulane, kang sampun kisen manungsa, sadaya samya prapta, sowan marang ing Sang Prabu, nuwun nular wiji samya.

  38. Sadayane den paringi, tinanem neng tanah Jawa, pra samya tulus wedale, tular-tinular sangsaya, wiyaring tebanira, satibane wiji tulus, tan wonten peksi kang mongsa.

۩۩۩ Pupuh 54 ۩۩۩
DHANDHANGGULA

(www.alangalangkumitir.wordpress.com)
  1. Sampun katur mring Hyang Pramesthi, lamun wiji-[453]wiji sadayanya, Tisnawati thukulane, pinencar-pencar sampun, pananeme ing wiji-wiji, Sang Prabu Mangukuhan, langkung tulusipun, tan wonten pinangan ama, anak putu putu jataka kang ngrusuhi, sampun sirna sadaya.

  2. Pan ing mangkya pulo tanah Jawi, ingkang sampun kaisen manungsa, samya nular sadayane, marang Prabu Mangukuh, binaktanan sadaya sami, tinanem tanahira, inggih samya tulus, tan wonten pinangan ngama, Sang Hyang Guru miyarsa suka tan sipi, Hyang Nrada gya dinuta.

  3. Marang Mendhang Kamulan dhawuhi, Prabu Mangukuh sinung paparab, Raja Kano jujuluke, paparab Sri Mapunggung, miwah Dewi Darmanastiti, sinalin namanira, paparab Dewi Tulus, lan pinaringan malih garwa, Dewi Subur runtut datan walamg ati, dennya memaru samya.

  4. Wus mangkana prameswari aji, kalih pisan pan sampun puputra, samya satunggal putute, kang saking Dewi Tulus, pan wanodya nama Dewi Si, langkung endah warnanya, kang cahya sumunu, kang saking garwa taruna, Dewi Subur  jalu warnanya apekik, nama raden Sedana.

  5. Putra kalih wus diwasa sami, nanging dahat tebih marang krama, lamun tinantun kaliye, mring kang rama Sang Prabu, aturipun retna Dewi Sri, datan arsa akrama, lamun datan antuk, kadya rayi Sedana, ingkang rayi lamun tinari pan sami, ature yen tan angsal.

  6. Ingkang kadi kang raka Dewi Sri, suka wahdat sa-[454]lama tan krama, Sang Prabu langkung dukane, kang putra gya tinundhung, kinen kesah saking nagari, panarkane kang rama, marang putranipun, dennya sami lumuh krama, jalu estri minalih dhasar wus lami, wor jiwa nunggal karsa.

  7. Marma dahat dukanya Narpati, maring kang putra raden Sadana, ing dhingin kesahe, ing wuri gya sumusul, ingkang raka retna Dewi Sri, ing dalu kesahira, saking jro kedhatun, horeg wadya sanagara, mendhang awit kesahe putra lan putri, myang kang ibu kalihnya.

  8. Langkung sami sungkawaning galih, nanging ajrih matura mring raka, de maksih sanget dukane, kuneng gantya winuwus, nenggih wonten ratu raseksi, denira kukutha, neng Mendhang Kamuwung, nama Prabu Ujung kala, ananira tanah Jawa, hanyarengi, duk kaisenan manungsa.

  9. Sang Hyang Guru nulya amewahi, dewa samya kinen ngeja wantah, aneng tanah Jawane, Sri Bupati Mangukuh, kang jinenengaken Narpati, ana nama Pandhita, Umbul miwah buyut, anulya diyu raksasa, trahing Ngandojali, kweh tumutur sami, marang ing tanah Jawa.

  10. Prabu Ujungkala hamiyarsi, lamun ratu ing Men-[455]dhang kamulan, Sang Prabu Mangukuhane, jujuluk Sri Mapunggung, darbe putra sajuga estri, langkung endah warnanya, kang cahya sumunu, diwasa dereng akrama, apeparab kusuma retna Dewi Sri, Yaksendra gya utusan.

  11. Papatih nenggih kang tinuding, mawi surat mring Mendhangkamulan, pan anglamar ing lampahe, parentahnya Sang Prabu, panglamare lamun tinampik, kya patih tan linilan, yen mangsula mantuk, sakancane yen tan bekta, putri Mendhang Kamulan retna Dewi Sri, lebura ing ngayuda.

  12. Tur sandika kya patih wus mijil, saking pura sapraptaning jaba, parentah marang kancane, kya patih Ujung Kuwung, namung bekta kalih bupati, nama Wil Ujung Kawang, ksang satunggilipun, Wil Ujung Kawing namanya, namung bekta bala nyatus punggawa tri, samya wil pipilihan.

  13. Wus samekta sakaprabon jurit, nulya budhal saking nagara, anasak wana lampahe, neng marga tan winuwus, pan gineru lampahnya prapti nagri Mendhang Kamulan, katur ing Sang Prabu, praptaning wil raja duta, Sri Mapunggung sigra miyos poncaniti, siniweng wadya bala.

  14. Kyana patih kerit Jakapuring, prapteng ngarsa katur surat ira, mring Sang Prabu binuka ge, sinukma jroning kalbu, wus kadriya raosing tulis, Sang Prabu angandika, mring Ki Ujung Kuwung, heh ditya duta matura, mring ratumu gone nglamar nini putri, ingsun tutur pasaja.

  15. Wus katrucut ing mengko ni putri, pan wus lunga [456] teka ing nagara, sun tundhung lawan adhine, panglamre ratumu, luwih adreng kang muni tulis, tan kena tinampika, lamun wus katrucut, laki kinen megatena, lamun lagi papacangan nini putri, sun kinen murungena.

  16. Yen maksiha aneng tangan mami, nora ewuh sarehning wus lunga, apa ratumu karepe, yen maksih dreng ing kayun, ya den golekana pribadi, apan ingsun wus lila, kya patih turipun, pukulun yen makatena, boten susah kawula atur udani, ing putra Sang Yaksendra.

  17. Pan kawula tan kalilan gusti, yen mantuka dhateng ing nagara, Sri Ujungkala dhawuhe, yen tan saged pukulun, bekta putra tuwan sang putri, leng lajeng ngupayaha, ing putra Sang Prabu, Sri Mapunggung angandika, iyaapa kang dadi karepireki, ariningsun wus lila.

  18. Patih Ujung Kuwung  anulya mit, nembah mundur saking ngarsa Nata, lawan punggawa kaliye, Sang Prabu angedhatun, patih Ujung Kuwung, sapraptaning jawi kitha, saha bala pan lajeng nasak wanadri, ngupaya sang lir retna.

  19. Kawuwusa kusuma Dewi Sri, sawdale nguni saking [457] pura, lajeng manjing alas gedhe, solahe kawlas ayun, lan kang rayi dereng panggih, mangkana lampahira, sang retna kapethuk, lan sagung bala rasaksa, ingkang samya nelsah nasak wanadri, samya giyak sadaya.

  20. Wus anarka kalamun Dewi Sri, kyana patih lan kalih punggawa, marpeki arsa tetaken, sang dyah kagyat lumayu, wil tri atus sigra nututi, binujung saparannya, sang Dyah neng wan gung, ananging datan kacandhak, pelajenge kesit lir tan ngambah siti, ditya tebih kantunnya.

  21. Medal saking wana sang retnadi, anon dhukuh duk lagya bebakal, nanging wus kathah wismane, ran dhukuk mendhang tamtu, sang dyah sayah nedya angungsi,  manjing jro padhukuhan, anjujug ing lesung, ki buyut wengkeng tumingal, yen lesunge wonten pawestri alinggih, langkung endah warnanya.

  22. Mawa cahya sumunu nelahi, ki buyut wengkeng eram humiyat, marpeki harsa tetaken, wus prapta gening lesung, pan ki buyut marek tanyaris, hangger tigas kawuryan, ulun tembe dulu, punapa jim perayangan, lenggah lesung punapa si widadari, isining ngendraloka.

  23. Tedhak marang dhekahe pun kaki, punapa ta hangger kang kinarsa, sang dyah pasaja sahure, kalamun putrinipun, Sang ngaprabu ing Mendhang Kawit, tinundhung mring kang rama, neng alas kapranggul, ing ditya kinuya-kuya, praptaningsun neng kene nedya angungsi, kaki yen saguh sira.

  24. Angukuhi marang awak mami, angres ing tyas ki [458] buyut miyarsi, lamun makatena hangger, paduka gusti ningsun, putreng nata ing mendhang Kawit, kang angreh tanah Jawa, sampun walang kalbu, kawula kang ngekahana, sapintena kathahing mengsah raseksi, kang bujung paduka.

  25. Kawula kang naggulangi jurit, hangger nunten manjinga ing wisma, angayemna sarirane, sampun wonten ing lesung, sang kusuma saurira ris, ya kaki resikana, wismamu karuhun, ingsun kaki datan arsa, manjing wisma yen ora kabeh wus resik, regede buwangana.

  26. Buyut Wengkeng sigra manjing panti, kang rareged nulya binuwangean, wusnya resik sadayane, sang dyah ngaturan sampun, manjing wisma lenggah Dewi Sri, aneng ing papajangan, buyut wengkeng gupuh medal sawijining dhadhah, sabature wong rongpuluh sarya sami, lan sagagamanira.

  27. yata wau ditaya kang nututi, anut sapurugira sang retna,ingkang den ambet gandane, marma sapurugipun, sang lir retna ditya udani, marma kang tilas kambah,  gandanya mrik arum, tinurut ganda wus medal, saking wana manjing dhukuh sang retnadi, gandanira angambar.

  28. Ditya tigang atus kang nututi, anon tudhuih saja-[459]wining dhadhah, ana wong raki gamane, watara mung rong puluh, wil tri atus sareng krura ngrik, buyut wengkeng rowangnya, dereng kongsi methuk, ing aprang mawur sadaya, giris miyat solah tandanging raseksi, lawan karoban ing prang.

  29. Wong rong puluh palayune gendring, manjing wana tan na tolih wisma, mung kari ki buyut dhewe, langkung ing krodhanipun, gya narajang mangsah lan kudhi, tinadhahan ing ditya, ki buyut ngamuk, kalangkung teguh wentala, datan ana gagaman ingkang nedhasi, kuwat pangamukira.

  30. Buyut wengkeng pangamuknya ngukih, lan kudhine kweh ditya kang pejah, ing wuri nangkebi prange, kanan kering pan amyuk, pira kuwatira wong siji, ki buyut panagamukira, ing prang wus kapikut, binonda sasukunira, pan inguger aneng uwiting nongka nuli, ditya wus manjing dhadhah.

  31. Nanging sira kusuma Dewi Sr, nalika prang wong rong puluh bubar, sigra-sigra ing wedale, sang dyah dennya lumayu, pan wus tebih manjing wanadri, ngaler nikung ngetan, langkung kawlas ayun, wau punggawa raseksa, padhukuhan wisma den osak-asik, sang dyah wus tan kapangya.

  32. Lan ingambet gandanya wus mijil, punggawa ditya sabalanira, sigra nututi lampahe, anut sapurugipun, gonda ingkang tinurut sami, lajeng manjing ing wana, wau kang winuwus, Dewi Sri palajengira, neng satengah wana panggih lan kang rayi, nenggih raden Sadana.

  33. Ingkang rayi gya rinangkul aglis, lara-lara den-[460]ira karuna, nuturken ing sasolahe, ing wit wekasanipun, sakesahe saking nagari, praptaning tengah wana, kapethuk ditya gung, binujung kinuya-kuya, ingkang rayi kalangkung ngungun miyarsi, awlas miyat ing raka.

  34. Sarta langkung onengira kalih, Dewi Sri lan raden Sedana, kang rayi mesem ature, dhuh kang bok kadang ingsun, ingkang pinindha Ratig swargadi, sarining Ngendraloka, sampun sajembarireng wanadri, kawula tan suminggah.

  35. Sang kusuma suka duk miyarsi, sarwi mesem denira ngandika, ginablogan pungkurane, andelna yen amuwus, bisa gawe rasaning ati, sang dyah sinambut sigra, mring raden pinangku, rirungrum hingarasan, tan winarna ing dalu denira sami, nekani ngasmara.

  36. Dhasar sami kayunira kalih, rden Sedana marang kang raka, dennya nekani onenge, nutug dennya mong lulut, enjang luwar dennira saresmi, siram marang petirtan, soring nagasantun, sawusa pra samya lenggah, tana etang pringganira neng wanadri, mung ketang wurinira.

۩۩۩ Pupuh 55 ۩۩۩
PANGKUR

(www.alangalangkumitir.wordpress.com)
  1. Kuneng rahaden kang lagya, sih-sinihan lan kang raka Dewi Sr, kagyat wau praptanipun, wadya bala rasaksa, dyan Sedana wus duga yen ditya mungsuh, kang raka gya ingaturan, singidan kinen umanjing.

  2. Kancing gelungira radyan, hru garudha sang dyah [461] wus tan kaheksi, wau patih Ujung Kuwung, marpeki sru tatanya, baya sira putrane Prabu mangukuh, aneng ngendi sang lir retna, mau neng ngarsanireki.

  3. Iku bakal garwanira, rajeng Mendhang Kamuwung ratu mami, payo ulungena den gupuh, yen sira arep gesang, yen tan aweh pasthi bilahi sireku, raden Sedana lingira, iya iku kadang mami.

  4. Putri ing Mendhang Kamulan, sira jaluk haya yen ora keni, lamun ingsun durung lampus, ki patih duk miyarsa, langkung krodha raden sedana tinubruk, prayitna mesat tan kena, tinubruk nengen angering.

  5. Kya patih langkung bramantya, Ujung Kawang kalawan Ujung Kawing, ing ngawe sawadyanipun, sumahab sareng mangsah, mangembuli raden Sedana kinrubut, gya nyandhak sanjata dibya, linepasaken tumuli.

  6. Ujung Kuwung Ujung Kawang, Ujung Kawing kaparas ing jemparing, tri ditya wus lampus, wadya tri atus ditya, miyat patih lan punggawa kalih lampus, krodha sareng dennya mangsah, ambyuk ngarubut ing jurit.

  7. Raden Sedana tan kewran, ngiwa nengen anglepasi [462] jemparing, wadya rasaksa kweh lampus, miwah ingkang kabranan, sakarine kang ditya giris lumayu, mantuk marang prajanira, nedya tur tiwasing jurit.

  8. Tinut ing saparanira, marang raden Sedana sampun tebih, prapteng dhukuh Mendhang tamtu, raden kendel lampahnya, aningali wong kathah pra samya rubung, sareng wau praptanira, raden Sedana tanya ris.

  9. Heh sira iku wong apa, padha nangis lan iki kang ginodhi, aneng witing nangka iku, apa kang dadi purwa, buyut Andhong alon wau aturipun, puniku kadang kawula, buyut Wengkeng kang ginodhi.

  10. Ing nguni sor prang lan ditya, mila aprang nanggulangi rasaksi, wit saking sang retnaningsru, putri Mendhang Kamulan, binajung ing ditya, haminta tulung, kasor prang lajeng binandha, aneng wit nongka ginodhi.

  11. Prapta kawula pan nedya, kiwul ing prang nanging giris ningali, wil tigang dasa kang tunggu, ing gogodhen wit nongka, dereng dangu bubare pan kapiluyu, praptane ditya kang samya, lumajeng saking wandri.

  12. Punika sarenge bibar, pan hanjujur mangilen purugneki, lampahe kadya kaburu, kuwur rebat ing ngarsa, gih punapa paduka ingkang bubujung, raden Sedana lingira, ya ingsun kaki kang ngungsir.

  13. Raden ngunandika ing tyas, enget aturira Sang ret-[463]na nguni, raden angling heh kaki wruhanireku, sun putreng Mendhang Kamulan, ya raden Sedana mami.

  14. Kang bok putrine kang tuwa, Dewi Sri samengko wus basuki, amarga saking sireku, nguni nanggulang lampah, prang lan ditya ya banget tarima ningsun, wis padha sira kariya, aja maras tyasireki.

  15. Rsaksa kabeh wus sirna, ingsun banjur mring nagri Mendhang Kawit, dyan Sedana wusnya muwus, sigra lajeng lampahnya, ingkang kantun buyut Wengkengsuka ngungun, cipta nugrahaning dewa, lan ki buyut Andong wilis.

  16. Kuneng kang wus samya suka, aneng Mendhang tamtu gantya winarni, dyan Sedana lampahipun, dalu kendel semana, neng Parbata kang raka ngaturan sampun, Dewi Sri wus mijil sigra, saking grudaning kang rayi.

  17. Kaliye wus samya lenggah, dyan Sedana mesem aturireki, dhuh kang bok paran ing kayun, Sang retna angandika, iya apa yayi sakarsanireku, sun darma nurut kewala, anggere sarira mami.

  18. Mati urip aja pisah, lawan sira wus dadya setya mami, kang rayi lon aturipun, dhuh kang bok yen kawula, maksih ajrih yen mangke lajenga mantuk, kados jeng rama paduka, dukane maksih dhatengi.

  19. Kang bok kalamun sembada, kula harsa lajeng ngung-[464]sir rasaksi, prapta ing prajanipun, ratune ingsun tigas, nadyan mantuk mring Mendhang Kamulan lamun, kawula wus angsal karya, ngaturken murdanireki.

  20. Ujung kala ditya mengsah, ratu Mendhang kamuwung kula cangking murda katur rama prabu, mendah sukaning driya, pasthi lamun kula benjang madeg ratu, mengku ing Mendhang Kamulan, nanging kang bok atur mami.

  21. Paduka dipun narima, sakarsane jeng rama ngong lampahi, arining karsa pukulun, tuwin sasedya kula, sih siniyan lan kadang katekan sampun, nutugi bekti kawula, ing kadang tuwa karonsih.

  22. Agampil kang bok ing benjang, yen kula antuk nugraha luwih, karsaning Jawata luhung, mengku Mendhang Kamulan, yakti boten kewran ing sasedya ulun, gen kawula sih kakadang kadi tan kacuwan sami.

  23. Sang dyah anut ing arinya, sawusira kang raka kinen manjing, wangsul jroning kancing gelung, garudhanira radyan, sawusira raden Sedana agupuh, mesat lajeng lampahira, anut salasahireki.

  24. Ditya kang samya lumajar, pan angilen anut ing kendheng wukir, semana lampahira wus, mendhang Kamuwung prapta, Prabu Ujungkala duk mijil manguntur, dangu ature kang prapta, ditya kang kaplajeng sami.

  25. Wus katur saaturira, ing wiwitan prapteng weka-[465]sanneki, yen punggawa kalih lampus, katiga lan hapatya, aprang lawan Sedana aneng wanagung, putraning Mendhangkamulan, ingkang ngekahi sang putri.

  26. Langkung prawiraning yuda, dyan Sedana kinembulan ing jurit, ditya tri atus ngarubut, kadya tan ngambah lemah, jemparinge ngiwa nengen kang tumanduk, tan pegat saking gandhewa, marma ditya tumpes tapis.

  27. Kagyat Prabu Ujungkala, duk miyarsa krodhanira tan sipi, sigra ngundhangi wadya gung, kang punggawa rasaksa, harsa nglurug Mendhang Kamulan, ginempur, ing dalu samya siaga, samekta kaprabon jurit.

  28. Wauta ing praptanira, dyan Sedana lajeng manjing jro puri, Sang Prabu Mendhang Kamuwung, kaondure manjing pura, lajeng nendra ing dalu tinigas sampun, Ujungkala wus palastra, kang murda lajeng cinangking.

  29. Mring sira raden Sedana, sawusira mijil humesat aglis, saking ing Mendhang Kamuwung, ing wuri kagegeran, tanana wruh pejahe sang Yeksa Parbu, punggawa ditya pra samya, tambuh-tambuh solah neki.

  30. Kuneng wau kang winarna, lampahira raden Sedana nenggih, ing marga datan winuwus, gancange kang carita, prapteng nagri Mendhang Kamulan nujwesuk, Sri Bupati Mangukuhan, neng paningrat duk siniwi.

  31. Tan kathah kang mungging ngarsa, mung kang rayi [466] dyan patih Jakapuring, lan wadya pangarsa prabu, wuri cethi parekan, angandika sang Nata wartaning jawi.

  32. Ing Mendhang tamtu rame prang, mungsuh ditya sapa lawan ing jurit, Jakapuring awot santun, inggih wartaning kathah, palajenge ditya saking Mendhang tamtu, wonten ing wana rame prang, wil tumpes kedik kang kari.

  33. Kilap lawan ing ngayuda, ulun sampun nuduh punggawa kalih, nalika mring Mendhang tamtu, kados mangke praptanya, duk miyarsa sang Nata ngungun ing kalbu, kasaru geger ing jaba, praptane sang raja siwi.

  34. Suka wong Mendhang Kamulan, katur marang Sang Nata den timbali, prapteng ngarsa awot santun, tumungkul dennya lenggah, sagung wadya kang sewaka sukeng kalbu, praptanira raja putra, myang sagung parekan cethi.

  35. Sri Bupatu Mangukuhan, mesem ing tyas wesana ngandika ris, heh Sedana sutaningsun, prapta sira bageya, matur nuwun raden Sedana won santun, Sang Nata malih ngandika, selawasira mring ngendi.

  36. Lunga tan nganggo wawarta, lan bakyunira mengko neng ngendi, dene sarenti praptamu, gawa mustaka ditya, ingkang putra raden Sedana wot santun, pukulun Sang Binathara, kang asih ing kawlas asih.

  37. Mila ngong prapta sumiwa, ngarsang Nata mung nedya atur pati, yen marengi karsa Prabu, nuwun pangaksama, kalepatan kawula mring jeng pukulun, ing pejah gesang katura, sakarsanta anglampahi.

  38. Ping kalih atur uninga, mila kesah ulun tan mawi pamit, jrih lamun kasereng bendu, duduka Sri Narendra, mila lami kawula neng wana gung, mung miminta pangaksama, sih ing Jawata kang luwih.

  39. Anunten putra paduka, kakang mbok prapta kawelas asih, neng wana binujung diyu, kawula kang marwasa, inggih saking pangestu paduka Prabu, tan awrat linawan ing prang, wil tri atus kweh ngemasi.

  40. Sakantune kang rasaksa, bibar mawur pra samya rebat urip, mantuk dhateng prajanipun, kawula nut lampahnya, Prabu Ujungkala ing Mendhang Kamuwung, krodharsa ngrebaseng yuda, Sang retna wus kinen mijil.

  41. Lajeng marek ngarsa nata, nembah lajeng tumungkul dennya linggih, pan arsa nungkemi suku, Sang retna jrih kalintang, den ingkang rama tan ngawe asteku, dadya sumengkem pratala, Sang Nata rengu dennya ngling.

  42. Ya banget tarimaningwang, marang sira Sedana de-[468]ne prapti, sartane bisa sireku, buwang kalilip ingwang, marga saking prang cidra lakunireku, sekti prang bisa ngambara, kesitmu lir manuk sriti.

  43. Lan sira Sri Sutaningwang, saking bektinira maring sun nini, sapraptanira wot santun, lumungsur lungguhira, wus saengga ula sawa ingsun dulu, sabdaning Nata Pandhita, sakala putra kalih.

  44. Keneng sotira kang rama, dyan Sedana pan dadya manuk sriti, mesat ing wiyat anglangut, Dewi Sri apan dadya ula sawa lajeng galeser mring pungkur, manjing marang pasabinan, kagyat kang samya ningali.

  45. Jakapuring lawan sira, Prameswari kaliye marek aglis, nangis sungkemi suku, nunuwunken apura, dhuh Sang Nata paran karsanta pukulun, duka nora tulus duka, teka dadak nepatani.

  46. Putra samya salah rupa, lah ta pinten putra paduka aji, leheng pejah awak ingsun, yen tan paring aksama, ing ruwate cintrakane kalihpun, Sang Nata mesem ngandika, wis padha mupusa yayi.

  47. Yen wus pasthi sutanira, salah rupa karsaning Hyang linuwih, tan kena rinuwat iku, Sri dadya ula sawa, si Sedana dadya manuk sriti iku, pasthi crah lan ula sawa, karsaning dewa linuwih.

  48. Nging padha sinunga karya, ula sawa pan kinen [469] ngreksa pari, singa kambah pari tulus, manuk sriti karyanya, endi wisma kang den ambah manuk iku, sinung rejeki kang sarta, akuwat sabarang kardi.

  49. Mulane padha mupusa, pira-pira sutanta karo sami, sinung karyaning dewa gung, nadyan sariraningwang, kaya paran yen tan mupusa ing kalbu, pan darma bae kewala, badan iki anglakoni.

  50. Apan saking karsaning Hyang Sang Winenang hiya kang murbeng pasthi, mung yayi karo sireku, den banget pujanira, nunuwuna nugraha puputra jalu, gonira ngandheg tri wulan, dadiya brangtaning nagri.

(www.alangalangkumitir.wordpress.com)

 T.a.m.a.T

==== @@k ====

%d bloggers like this: