alangalangkumitir

Javanese Manuscripts

BAB II. ORA KEPENAKING LUPUT UTAWA SIKSANING DOSA


Ngrumangsani luput utawa reged iku lerege marang paniti priksa adiling kodrat.

Paniti priksa marang adiling kodrat iku lerege marang paniti priksa ing lupute dhewe, kang aran ngrumansani.

Yen nemoni apa-apa kang ora ngepenakake ati, elinga bae yen iku : jaban, ora dadi barang bareng tumrap : jeron. Munggguh bab lase : sanajan gunungan njeblug lan perenga bratayuda pisan, iya njaban.

Anane ora kepenak marga luput, lupute : marga lali ing dhuwur iku.

Yen nemoni apa-apa kang ora ngepenakake ati, elinga yeng kang ora ngepenakake iku satemene iya PANGGAWENING ATINE DHEWE, dudu : SING ANA SAJABANING ATI. Yen dhasar batine bener lan resik temenan, mokal ora kepenak. Mungguh resik mau ana resik tumrap : Jaban, ana resik tumrap : Jeron.

Yen nemoni apa-apa kang ora ngepenakake ati, elinga yen anane

siksa saka dosa. Lire : anane ora kepenak saka luput. Mokal menawa ora marga dosa, utawa : mokal ana ora kepenak, merga bener lan resik. Ora susah adoh-adoh nglulur dosa kang wis klakon. Dosa saiki bae kang wus karuhan (nalika lagi ora kepenak bae). Dosane yaiku : dene dadak ngrasakakesing gawe ora kepenak, wong genah ngambah sing ora kepenak, kok ora nyimpang. Apa iku dudu luput. Rehne luput, apa ora tampa pasiksane. Sapata : sing prentah nglakoni gawe ora kepenak marang ati mau.

Yen nemoni apa-apa kang ora ngepenakake ati, wis ora susah takon maneh : mesthi saka lakuning atine dhewe sing susah, (salah pakarti), nyimpang saka : benering bener, yaiku bener jeron, dudu : bener jaban. Tandhaning  salah : kabukten enggone mujudake ora kepenak iku.

Yen nemoni apa-apa kang ora ngepenakake ati, mangka ora bisa mupus kaya ing dhuwur mau rehne angel, elinga : apa ORA BISA iku dudu kaluputan. Apa si ORA BISA utawa SI-ANGEL, arep dianggo gagaran anyelaki lupute. Ora weruh yen ORA BISA lan ANGEL iku wis kalebu marang luput, tegese : Iku wewengkoning luput, utawa anak putuning luput, dadi kalingane : mung saka DURUNG WERUH bae marang lupute. Dene ora weruh iku iya anak putuning luput maneh.

Yen nemoni apa-apa maneh kang ora ngepenaki ati, aja mung meruhi : sing ana sajabaning ati. Meruhana : sing ana sajroning ati atine dhewe. (Aja ngeling-eling SING DIRASAK-RASAKAKE ngelingana : SING DIANGGO ngrasak-ngrasakake).

Yen nemoni apa-apa kang ora ngepenakake ati, takona marang pikire dhewe : apa ORA KEPENAK iku maedahi. Yen maedahi, karuwane oleh sengkut nandangi. Dene yen wis dhenger : ora maedahi, mangka teka ditrajang, iku salahe sapa. Cara jabane bae wis takon mangkene : sing maedahi IHTIYARE apa GELANE.

Yen nemoni apa-apa kang ora ora ngepenaki ati, yen durung ketemu lupute, ya isih luput enggone nggoleki. Tandhaning lupute : durung bisa nemokake iku.

Yen nemoni apa-apa kang ora ngepenaki ati, mangka tetela saka luputing liyan sajabaning ati lan wis mupakat wong akeh yen mesthine utawa benere ora kepenak (marga wis lumrah) elinga bae yen iku lagi aran bener, durung : bebering bener.

Kang tinuju ing layang iki : BENERING BENER, ora mung BENER bae. Bener iku mung tumrap jaban. Benering bener tumrap jeron. Yen mung trima lumrah bae, ora susah mbicara jeron, awit mundhak dipurih kang nggayuh : benering bener, kang angeling-angel gayuh-gayuhane.

Yen nemoni apa-apa kang ora ngepenakake ati, nyobaa takon marang budine dhewe APA YA RASA JATI MELU ORA KEPENAK, REHNE WIS BENER, LUMRAH LAN MUPAKAT WONG SAJAGAD. Mesthi ora, awit rasa jati ora mesthi nganggep becik marang kang wis dianggep becik dening rahsa.

Yen nemoni apa-apa kang ora ngepenakake ati, elinga paribasan Walanda : “De liefde is blind”, tegese : katresnan iku bisa micakake. Ora kepenak iku asal saka KABOTAN TRESNA marang dhirine. Iku kang micakake ati. Picaking ati : lali yen dhirine iku dudu bener-benering kahanan kang tumuju ing sih katresnane kang ngebeki jagad.

Yen nemoni apa-apa kang ora ngepenakake ati, AWAKMU TAKONANA DHEWE : he…….., pangudi, ketokna gawemu, sabab saiki aku lagi nemoni kang ora kepenak. Apa gunane aku ngudi kawruh batin, yen senengku mung yen : oleh kang lumrahe nyenengake, utawa : susah yen nemoni kang nusahake. Yen mung lumrah mangkono bae, ora leh dene ngudi kawruh kabatinan.

…@@@…

Sumber : Buku Serat Wewadining Rasa, Cap-capan I Tahun 1985.
Penerbit : Yayasan Djojo Bojo SURABAYA

BAB I. ANANE SWARGA LAN NARAKA


PURWAKA

Layang WEWADINING RASA iki jangkepane layang JATIMURTI, kang wis nate katerbitake dening Toko Buku TAN KHOEN SWIE ing Kediri, seket taunan kapungkur. Wujude cap-capan nganggo aksara Jawa, saiki katedhak mawa aksara latin, supaya tebane luwih omber.

Sarehne isine bab RASA, dadi ya wis samesthine yen rinasakake klawan weninging ati. Mula sadurunge maos buku iki, prayogane nyatitekake pamrayogane sing yasa layang iki.

Surabaya, 1 Sawal 1985 M.
Penerbit Yayasan DJOJOBOJO
Surabaya.

PENGET SAKING INGKANG DAMEL SERAT PUNIKA

  1. Saben nembe kawaos, kasinggahna, sampun kaselehaken saenggen-enggen.

  2. Sampun kawaos dening sok tiyanga, ngemungna ingkang remen saestu ngudi kawruh kabatosan.

  3. Ingkang sampun maos, sanajan mangertos sarta remena sampun kaangge ngendikan kaliyan sadhengah tiyang.

Sinten ingkang kersa netepi pepenget ing nginggil punika, kalebet nama mundhi utawi ngkuhuraken kabatosanipun piyambak.

PAMRAYOGANE KANG GAWE LAYANG IKI

  1. Dhisike diwaca grambyangan.

  2. Dibaleni saka wiwitan, kanthi alon lan sareh.

  3. Yen wis tamat kapindhone, disinggahake. Pamacane kang kaping telu sabanjure : ora perlu urut.

  4. Sanajan wis tamat ping telu ping pat, disinggahna. Kanggo sipenan.

Wiwitane ora terang surasane. Nanging yen kerep disinggahake lan diwaca, titi sarta lestari pamarsudine sangsaya lawas sangsaya mundhak terange.

Sinengkelan : KAWRUH RARAS RASUKENG TYAS.

…@@@…

BAB I

ANANE SWARGA LAN NARAKA

Ngrasakake utawa eling, marang kabecikaning Pangeran, iku arane : weruh ing kasukuran.

Ngrasakake utawa ngelingi marang kabecikaning sapadha-padhane tumitah, iku aran : weruh ing panarima.

Weruh ing kasukuran, tegese : sembah nuwun marang Pangeran.

Weruh marang panarima, tegese : ngrumangsani tampa kabecikaning liyan.

Weruh ing kasukuran iku kosok baline : manglah, ngeluh, ngesah, ngresula sapanunggalane.

Weruh ing panarima lan weruh ing kasukuran iku kerep bae lira-liru, sebab karo pisan ateges NGRUMANGSANI TAMPA KABECIKAN.

Manglah, ngeluh utawa ngresula iku ngemu rasa ORA ADIL marang pepesthening Pangeran kang tumiba ing awake.

Munek-munek, pegel utawa muring iku ateges ora NGANGGEP ADIL marang panggawening liyan kang tumiba ing awake.

Titikane wong kang wis dewasa MANUSANE SAJATI, iku SIJI : yen kerep ngrasakake kasukuran, aran ngresulane. LORO : yen kerep ngrasakake kabecikaning liyan, arang murang-muring.

Titikane wong kang durung dewasa MANUSANE SAJATI, iku : SIJI : yen kerep manglah (ngresula), arang ngrasa marang kasukuran. LORO : yen kerep ngeling-eling alaning liyan, arang ngelingi kabecikaning liyan.

Dhemen ngetungi lan ngeling-eling kabecikaning Pangeran iku dayane marakake akeh kasukurane, arang ngresulane.

Dhemen ngetungi lan ngeling-eling kabecikaning liyan iku dayane marakake akeh panarimane marang sapadha-padha, arang pengunek-uneke.

Wong kulina ngrasakake kasukuran lan panarima iku ngenggalake dewasaning kamanungsane kang sejati.

Wong kulina manglah lan muring iku ngrendhetake dewasaning kamanungsane sejati.

Wong kang ngrasakake kasukuran lan panarima iku kasinungan ing ati adhem, ayem, tentrem lan engetane padhang.

Wong kang ngrasakake kasukuran lan panarima iku ing batin kadunungan ing bebakalan kang dayane marakake adhem lan padhang. Bebakalan mau kang narik marang nananing swarga.

Wong kulina ngrasakake pangresula lan pamuring iku ing batine kadunungan ing bebakalan kang dayane marakake panas lan peteng. Bebakalan mau kang narik marang ananing naraka.

Swarga naraka iku sejatine : RASA PANGRASA dudu PANGGONAN.

Swarga iku asal saka RASA kang adhem lan padhang. Naraka iku asal saka RASA kang panas lan peteng.

Wong kang atine adhem lan padhang : tansah dikinthil ing swarga.

Wong kang atine panas lan peteng : tansah dikinthil ing naraka.

Rasa adhem lan padhang apa dene panas lan peteng iku arane : alam sahir. Dene swarga – naraka iku alam kabir.

Dadi alam kabir : iku terusane alam sahir. Tegese : terusaning rasa pangrasa.

ANANE alam kabir : saka ANANE alam sahir. Nanging dumadine bareng.

Sirnane alam kabir, saka sirnane alam sahir. Nanging enggone sirna : b a r e n g.

Sadhengah wong, bisa gawe swarga lan bisa gawe naraka.

Swarga gaweyane mau, sing ngrasakake ya mung sing gawe dhewe. Sing ora melu gawe : ora melu ngrasakake.

Naraka gaweyane mau, sing ngrasakake yang mung sing gawe dhewe. Sing ora gawe : ora melu ngrasakake.

Wong kang ngalami swarga : ora precaya yen naraka iku ana. Mung swarga sing dikira ana. Awit rumangsane kang ana ing swarga, ing ngendi-endiya : kaswargan kabeh. Sajagad rad pramudita, diubresa : ora tinemu kang aran naraka. Ora ana enggon salengging edom kang ana narakane. Cekake : Awang-uwung kang tanpa wates jembare : isine kasenengan kang madhangi ati. Isining jagad ora ana kang ora nyenengake ati, lan ora ana kang ora madhangake ati. Kabeh kang kumelip padha nyenengake lan madhangake ati.

Wong kang ngalami naraka, ora percaya yen swarga iku ana. Mung naraka thok sing dikira ana. Awit rumangsane kang ana ing naraka : ing ngendi-endiya : kanerakan kabeh. Sajagad rad pramudita, diubresa : ora tinemu kang aran swarga. Cekake : awang-uwung kang tanpa wates jembare : isine mung rasa panas bingung rungsang lan petenging engetan. Isining Jagad ora ana kang ora memanas lan nusahake ati. Kabeh kang kumelip padha agawe susah lan memanas sarta metengi engetan.

Wong kang ngalami swarga, enggone ora ngira yen naraka pancen ana : iku ora beda kaya dene wong ing ngalam donya. Enggone ora precaya yen swarga lan naraka pancen ana. Disengguh mung alam donya thok sing ana. Awit awang0uwung kang tanpa wates jembare, diubresa : ora ana rnggon salenging dom kang ana swargane utawa narakane. Kang ana mung kadonnyan thok.

Wong kang ngalami naraka, enggone ora precaya yen swarga iku ana : iya ora beda karo wong kang ana ing alam donya : bab enggone ora precaya yen alam kaalusan iku ana. Awit Sajagad pramudita, diubresa : ora tinemu kang aran alam ka-alusan.

Yen ana kang takon mangkene : swarga utawa naraka iku ANA apa ORA, iku ; prayoga kang takon dipurih mikir dhisik bab tegese ANA lan ORA ANA. Ana tegese apa, ora ana tegese apa.

Ing kono yen wis ngreti terang tegese ANA karo ORA ANA, lah iku lagi bisa mangerti, yen swarga iku pancen ana tumrap kang ngalami. Ora ana : tumrap kang ora ngalami. Naraka iku ana : tumrap kang ngalami. Ora ana : tumrap kang ora ngalami.

Ing ngisor iki dadiya tuladha :

Swarga, iku ana apa ora. Sing duwe pangrungu ngarani : ana. Sing ora duwe pangrungu netepake ora ana.

Pepadhang, rerupan utawa werna, iku ana apa ora. Sing duwe pandulu ngarani ana. Sing ora bisa ndulu, ora ngarani ana.

Swarga iku ana apa ora. Sing duwe rasa padhang lan adhem ngarani ana. Sing ora duwe rasa padhang lan adhem ngarani ora ana.

Naraka iku ana apa ora. Sing duwe rasa peteng lan lara ngarani ana. Sing ora duwe : ngarani ora ana.

Jagad iku ana apa ora. Sing duwe engetan lan rasa pangrasa : ngarani ana. Sing ora duwe engetan lan rasa pangrasa ora ngarani ana.

Pamngeran iku ana apa ora. Sing duwe budi lan rasa : ngarani ana. Sing ora duwe budi lan rasa : ora ngarani ana.

Tuladha liyane :

Woh pare iku enak apa ora. Sing doyan ngarani enak, sing ora doyan ngarani ora enak.

Si Naya becik apa ala. Sing dhemen ngarani becik, sing gething ngarani ala.

Mangkana sapanunggalane.

****

WIRANGRONG

1. Densamya marsudeng budi, wiweka dipunwaspaos, aja dumeh bisa muwus, yen tan pantes ugi, sanadyan mung sakecap, yen tan pantes prenahira.

2. Kudu golek mangsa ugi, panggonan lamun miraos, lawan aja age sira muwus, dununge denkesthi, aja age kawedal, yen durung pantes rowanya.

3. Rowang sapocapan ugi, kang pantes ngajak calathon, ajo sok metua wong calathu, ana pantes ugi, rinungu mring wong kathah, ana satengah micara.

4. Tan pantes akeh ngawruhi, mulane lamun miraos, dipun ngarah-arah ywa kabanjur, yen sampun kawijil, tan kena tunututan, mulane dipunprayitna.

SERAT WULANG REH

…@@@…

Sumber : Buku Serat Wewadining Rasa, Cap-capan I Tahun 1985.
Penerbit : Yayasan Djojo Bojo SURABAYA

SERAT MADURASA (IV TAMAT)


Perangan 32
BAB EMPAN PAPANING GUNEM UTAWA PANGUCAP

(M)

Gunem kang becik durung mesthi bener.
Gunem kang bener durung mesthi becik.
Kang bener lan becik durung mesthi prelu.
Kang bener, becik sarta prelu durung mesthi PAKOLEH.

APA SABABE ?

Guru kang aweh pretelan marang murid, panggedhe marang rerehane, bekel marang kuline, wong tuwa marang anake, bendara marang bature, presidening pakumpulan marang para wargane, wong caturan marang lawane, sapiturute, iku kerep bae SAYAH ORA PAKOLEH.

Yen nggoleki sababe, manawa arep adil aja mung mriksa sasisih.

Mungguh sababe : kang caturan mung eling cature dhewe bae, kurang mawas marang KANG NAMPANI CATURE. Adate wong caturan iku mung eling cature dhewe, mung mriksa pikire dhewe, mung ngetut kenyute dhewe (ringkese : karem marang atine dhewe). Lire mangkene :

Dupeh cature dirasa becik, disengguh kang nampa menthi dhemen.

Dupeh cature dirasa terang, disengguh kang nampa mensthi ngretine.

Dupeh cature dirasa prelu, disengguh kang nampa mesthi bathine.

Dupeh calathune warna-warna lan akeh, disengguh kang nampa mesthi kebake.

Dupeh cature akeh INGGIHE, disengguh kang nampa mesthi tampane.

Panyengguhe akeh lupute, disengguh akeh benere.

Ngiseni pikiran nganggo kawruh, ora beda ngiseni wadhah nganggo barang cuwer, lire :
1.     Kudu mawas marang adheping wadhah.
2.     Kudu mriksa marang ambaning cangkem wadhah.
3.     Kudu mriksa sapira jembaring weteng wadhah.

Mriksa adheping wadhah (adheping ati) yaiku : mawas, nggatekake apa ora, kesdu ngrungu apa ora, doyan apa jeleh, dhemen temenan apa mung kanggo ngenaki bae, iku kabeh katon ing SEMU, ULAT, SOLAH lan PATRAP. Upama emoh-emoh dibanjurake utawa di-kehi bae, iku arane nindakake panggawe kang tanpa kusur, temah ilang muspra, mubadir, ora oleh-olehan.

Mriksa sapira ambaning cangkem wadhah tegese : nitik-nitik sapira panyukupe, sepira kamoting nalare. Iku katitik ana ing mangsa liyane, panitike kanthi sabar.

Manawa wong caturan ora eling telung prakara mau, kena kaupamakake wong ngiseni wadhah mung anggere ngiseni bae, ora ndulu marang wadhahe, mung olehe arep ngisekake bae, didi mung keburu saka DHEMENE NGESOKAKE, kongsi ora sumurup marang OLEH-OLEHANING panggawe kang dilakoni, sarta ora satiti mriksa APA TUJUANE.

Wong caturan kang ora lali telung prakara mau, netepi babasan bisa ngleboni atining liyan sarta bisa nuju prana, nastiti marang oleh-olehaning panggawe kang dilakoni. Arane satiti ing pangarah lan pangangkah.

ΘΞΘ

Perangan 33
BAB PANGGAWE KANG KURANG TUJU
UTAWA TANPA TUJU

(N)

Wong eling : kakarepane manut sire, sire manut tekade.

Wong lali : kakarepane ora manut sir, dadi tanpa tuju utawa maksud, mung sabab katarik obahing nepsu (rasa kang teka dadakan) tumindake ora kapadhangan ing pikir, (mung sarana memanas asor utawa roh kewani).

Wong satengah eling : kekarepane nyimpang saka sir, sire nyimpang saka tekade.

Panggawe-panggawe kang tinulisan ing ngisor iki, ora ta yen tanpa tuju, nanging kerep bae tumindak tanpa tuju (kurang satiti ing pangangkah lan pangarah), ora liwat mung dielingana, samangsa-mangsa nindakake panggawe ING NGISOR IKI pinikira apa tujuane lan apa oleh-olehane :

  1. Nutuh wong kang lagi kaluputan, (pinikir prelune apa)?

  2. Ngakoni marang panggaweyaning liyan kang lagi kebeneran, upama : iku becik, AKU sing marakake, Aku sing tutur dhisik, AKU sing marahi. (tujune lan olehe : apa cocog).

  3. Grenenge lirih dhewekan, (pituwase apa)?

  4. Angagas upama menang lotre, oleh kabegjan, utawa liya-liyane. (Kasile apa)?

  5. Ngalem apa kang lagi didhemeni banget, nacad apa kang lagi disengiti banget. (Pamrihe apa, dadi keprye)?

  6. Ngerang-erang marang liyan kang lagi kewirangan, kapesan utawa kacilakan, banjur mamerake kahananing awake. (Pokolehe apa)?

  7. Yen luwe nggunem panganan, yen wareg nggunem sahwat, yen krasa mangkene nggunem iki, yen krasa mangkono nggunem iku. (Prelune apa)?

  8. Manceni pangaweyan kang wis kabanjur, kang wis ora kena dibaleni. (Prelune apa)?

  9. Nacad barang kang lagi disenengi kang duwe. Ngarani larang marang barang kang mentas dituku lan disenengi. (Apa pamrihe)?

  10. Nacad ala lan ngalem bagus, ora niyat dipek asile. (Apa paedahe)?

  11. Caturan kanthi lelagon nyenyemu winor main ulat, kanggo nandhakake ing bangeting ewane (guyu ngemu wisa) utawa bangeting dhemene, (kaduk pangalem) kadadiyane kepriye.

  12. Gawe guguyon diwori sembranan, utawa nyuara broak-braok. (Patuwase apa)?

  13. Solah kang kurang prasaja, laku kang kurang prelu, tembung kang kurang maksud. (Paedahe apa)?

  14. Calathu sarwa seru karo lelawanane kang adohe mung 6 utawa 7 pacak. (Prelune seru : apa)?

  15. Nyembah, telepun manthuk lan gedhek karo lelawanane kang ditelepon utawa ana ing petengan.

  16. Madoni dadakan yen dicenthok utawa dicacad ing kanca. (Prelune madoni apa)?

  17. Kerep nekuki driji, nyakoti lambe, mbekuki gulu, tabuhan nganggo driji, edheg, gawe tandha tangan saenggon-enggon, sapanunggalane. (Prelune apa)?

  18. Kerep mbolan-mbaleni sawijining tembung, kayata : yen mratelakake apa-apa, akeh tembung : BANGET, TERANG, MESTHI, YEKTOS, utawa kerep nganggo tembung : ANU, O, lan liya-liyane. (Prelune apa)?

  19. Sapanunggalane kang memper 18 rupa mau.

….□□□….

Panggawe kang kasebut mau ana kang MAWA tuju, ana kang SATENGAH mawa tuju, ana kang babar pisan ora nganggo tuju. Kang tanpa tuju babar pisan iku tinggal pikir lan budi.

Wong kang kulina ninggal ELING lan PAMIKIR, mesthi kurang banget empaning BUDI lan PIKIR, kaduk empaning nafsu kewani, ndadekake sangsaya akeh tumangkare, lan saya kerep klirune, wasana kasar pangrasane lan petenging engetane.

Sing sapa nedya netepi unining tembung titi, surti, ngati-ati, ing pangarah lan pangangkah, elinga babasan : Witing gedhe saka cilik, kriwikan dadi grojokan. Witing weya saka ora ngopeni kang sepele. Uwiting sangsara saka sembrana.

Sing sapa arep resik, aja kemproh. Sing sapa arep becik aja groboh. Sing sapa arep bisa kudu tlaten.

Dene rampunge kang tinulis mau mung : bisane ngenengake adon-adonan kang kasar.

ΘΞΘ

Perangan 34
APA ANA KANG SELAWASE URIP NINDAKAKE PANGGAWE
KANG TANPA TUJU, MUNG MANUT RASANING
BADAN KASAR, KAYA UPAMANE BENDANA
UTAWA SARADAN

O

Wangsulane pitakon mau : iya ana, kayata ; gangsir kang ngenthir sawengi natas, saben bengi. Tekek muni dhewekan ana ing growongan. Manuk cangak mabur dhewekan karo muni ngak-ngak sadalan-dalan. Sulung marani padhang-padhang, sapanunggalane. Mangkono uga solah bawane wong kang owah akale.

Eliding kojah : sing sapa nindakake panggawe tanpa ngrasa marang tuju lan oleholehane babar pisan, iku sangsaya ngemperi panggawening sato utawa kang kurang pepak akale.

ΘΞΘ

Perangan 35
SAJRONING PETENG ANA PADHANG

(P)

Akeh panggawe kang tuwuh saka kadibyan lan kawicaksanan, sarta aweh piwulang marang manungsa, kang katindakake ing sato, sing nindhakake panggawe ora sumurup pisan-pisan marang nalar-nalare, kayata : uler molah gawe urung lan dadine enthung. Tawon gawe tala lan madu, ngrakit pamasanging tala, bolongane digawe maju nenem (nampik maju liyane). Derkuku ngegarake buntut yen arep mencok, pitik babon ngengremi endhoge, mulasara lan nyapih anake, sapanunggalane. Kabeh iku kang nindakake panggawe ora weruh dhong-dhinge, kaya lakuning mesin utawa prau ngambah segara.

Eliding kojah : sing sapa nindakake panggawe ora ngrasa marang tuju lan oleh-olehane, mangka panggawe mau tuwuhe saka kawicaksanan, iku gathuking rasa pangrasane kang nindakake panggawe karo rasane kang murba masesa : kaya gathuking mesin karo atining masinis (Pindha barang mati ora weruh marang kang urip, kang masesa. Utawa pindha pepeteng ora weruh babar pisan marang papadhang kang mengku).

Manungsa ngudi kawruh kasunyatan iku kang diangkah mundhak-mundhaka rasane murih saya alus lan padhange, sangsaya nyedhakana rasane KANG MENGKU RASA. Ing saselot-selote bisaa dadi MASINISING RASA KABEH.

KATRANGAN

Orehan bab : TEKAD, ESIR, sarta KAKAREPAN, apadene GAGAYUTANE telung warna iku (WIWIT : A tutug P) yen karingkes, maksude : NGLARAS SALIRING DAYA ing garbane Manungsa, kadadekna : Larasan kang nungga. (Persatuan yang bagus : harmoni).

Manungsa prelu wanuh marang sawiji-wijining rasa ing garbane, sarta aja samar-samar marang kridhaning rasa pangrasane, iku kang mujudake kaniyataning ati, nganti dadi kakarepan warna-warna ing rahina lan wengi, saben dina tuwin salawas-lawase.

Manungsa kudu terang marang PRELUNE sawiji-wijine karepe, sarta banjur KA-ANGKAH RUNTUTE utawa rarase, kapriye panata lan pangejume murih ora binasakake : dina iki karo sesuk kang dikarepake (ngebyah).

Manungsa sayoga sumurup marang TEGESE kang linakonan saben dina lan salawas-lawase, katujokna marang TEKAD SAWIJI, kang maton, tetep sarta langgeng.

Kapriye panataning karep, murih turut, gilig, ing wasana : bunder.

Kapriye pangruktining rasa pangrasa, murih : gumolong, gumulung, wasana : gumeleng.

ΘΞΘ

Perangan 36
M E M E D I

(NUNGGAL MISAH LAN PRAKARA ING DHUWUR)

Kang nganggit layang iki sajege tau weruh rupane memedi. Mung krungu kandhaning wong jare kang rupane memper barongan, ana kang kaya wong sing banget alane, ana kang endhas kewan awak uwong, ana kang mung endhas thok, badan thok utawa usus thok. Ana kang wujud mayit isih ana buntele mori, ana kang awujud mayit kang raine nggegilani banget, saweneh raine ana kapase pating taremplek ing mripat, kuping, irung lan cangkem, lan kapase padha urip menga-mingkup, lan liyane-liyane.

Saweneh wong ngarani memedi iku asale saka wong mati, tandhane kang akeh ana ing kuburan, sarta sawenehing bangsa medium nyatakake : ana memedi kang ngaku asale saka manungsa.

Kang nulis iki ora bisa netepake temene kandhaning wong mangkono, awit durung nyatakake dhewe. Samono uga ora wani ngarani mesthi gorohe, marga ora duwe gagaran kang premati kanggo nerangake ing gorohe. Cekake embuh temen embuh goroh. Ora pati tak pikir. (Kepingin kapethuk memedi : iya ora). Mung atur prayoga : kang wis kabanjur midhanget kandha mangkono aja keduwung, mung dibanget adhepe marang Allah, ditaberi ngempakake rasa alus, mamati kang kasar-kasar, sabab apa : manawa nyata, sarta bener asale saka wong mati, iku kira-kira ora adoh kadadeyan saka yitmaning adon-adon kasar, kang banget alane, kayata : kang marakake jail muthakil, durjana, kiyanat, musibat sapanunggalane. Nafsu kang asor iku gambarane kukusing diyan, NUR : cahyaning diyan. Budi : padhanging diyan. Diyan kang kukuse nggembuleng iku gambare manungsa kang kegedhen nafsune kang kasar. Yen sirep urube, kukuse padha kari nggembuleng, iku pepindhane memedi brekasaan. Awit saka iku prelu banget manungsa nyunyudha kukus kang metengi Nure. Saya sathithik kukuse, anteng urube, ajeg angine, cahyane dadi padhang.

ΘΞΘ

Perangan 37
TAMBA PIKUWAT PEPARINGE PANGERAN
KANG DUMUNUNG SAJRONING ATI,

Yaiku : PANGAREP-AREP SARTA SENENGING ATI.

Wong urip kang digoleki ; s e n e n g. Bisane seneng katekan pangarep-arepe.

Tengering urip iku OBAH LAN DUWE RASA. Tengering obah lan duwe rasa iku enggone DUWE KAREP, PANGAREP-AREP lan SENENG. Dadi manawa wong ora duwe kakarepan apa-apa, kentekan pangarep-arep sarta ora duwe seneng babar pisan, lan bedane apa karo tunggak utawa bekakas, isih becik wong gunung awor lutung.

Unen-unen ing dhuwur iku kena dianggo njalomprongake wong kang durung prayitna lan weweka, nanging kena digandhuli kenceng dening kang prayitna lan weweka.

Kajlompronge tumrap kang RASANE ISIH KASAR : pangarep=arep lan seneng mau banjur ditampa nganggo rasa kasar utwa asor (rahsa, nafsu, kewani), becike tumrap kang wis alus rasane : pangarep-arep lan seneng ditampa nganggo rasa alus.

Rasa seneng lang pangarep-arep kang rinasa ing rasa alus iku ora pisan-pisan padha karo yen  rinasa nganggo rasa kang asor.

Dadi : nadyan nunggal tembung KANG DIANGGO NGARANI, nanging seje rasane KANG DIARANI.

Tumrap manungsa kang isih kasar, mulane sok dipurih nyunyuda utawa nyirnakake pangarep-arep lan seneng, iku kang tinuju sajatine : pangarep-arep lan seneng KANG KATINDHAKAKE NGANGGO RASA ASOR, pamrihe : sasudane rasa kang asor banjur kathukulan rasa kang luhur. Nanging ….. sarehning lageyane wong ora padha, saweneh ana kang banjur kliru : disengguh manungsa dipurih susah lan prihatin thok. Ora oleh duwe seneng pangarep-arep apa-apa. Lha apa dhelog-dhelog kaya reca? Glundhang-glundhung kaya endhog? Tartamtu bae rehning ora pethuk karo nalar, temah nganakake pamaido mangkene : AH YA GENE WONG URIP SUSAH-SUAH, WONG PARI DITANDUR DADI? SARTA KANG MAHA KUWASA PARING KAMURAHAN RUPA-RUPA : SRENGENGE, REMBULAN, UDAN, TANEM TUWUH, KEKEMBANGAN, PANGANAN ENAK-ENAK, KAANAN SARWA ENDAH, KABEH CINADHANGAKE MARANG MANUNGSA. MANUNGSA DIPARINGI PRABOT PEPAK SUPAYA BISA NINDAKAKE KAREP LAN PANGAREP-AREPE APA DENE NGRASAKAKE SENENG. APA PRELUNE WONG BODHO DIPURIH PINTER, WONG KESED DIPURIH SREGEP, WONG SUSAH DIPURIH BUNGAH, ALAS DIGAWE NEGARA REJA. KABEH IKU KARSANING GUSTI, TEKA JEBUL PADHA KEPEINGIN DADI TUNGGAK, SARTA ATINE DIGAWE SUSAH-SUSAH, IKU KAPRIYE?.

Mangkono ujare wong kang durung dumunung nalare.

Ana saweneh manungsa kang isih kasar rasane, dhemen banget ngudi kawruh kasampurnan, nanging enggone ngudi iku katarik saka kepingine kaya kang uwis padha dadi pangudine, (padha ngranggoni kasantosan lan kaheningan). Sarehne kang ditiru ya muruki : aja duwe pangarep-arep lan bungah, temahan meksa marang adon-adonane kabeh : Ora kena ora kudu duwe pangareo-arep lan seneng.

Sarehning prakara iku ora laras karo adon-adone, temahan ndadekake peperangan karusakan sadina-dina, dumunung ing atine, banjur ngakake sumpeging ati, lan bingung pikiran.

Lakuning pancadriya kaya banyu mambeg kang tansah diubak-ubak, lire : tansah ora maton apa kang kudu linakonan ing sadina-dina. Lakune mandheg mayong sarta adon-adone tansah perang. Saperangan gedhe niyat padha mbalela marang ratune (angen-angen) kang ora weruh marang khukum. Awit saka iku ora kurang wong ngupadi kasampurnan malah dadi ngengleng, kuwur utawa bingung. (Sangsaya mempeng enggon engudi, sangsaya kuwur, sumpeg, sugih gagasan lan pikiran).

Kadadeyan kang kaya mangkono ora nggumunake, awit : prakara kang mesthine dirasa nganggo rasa alus mangka dirasa nganggo rasa kasar, iku padhane panggawe kang mesthine digarap ing wong tuwa digarap ing bocah cilik, utawa kaya dene balok kang mesthine diangkat ing saradhadhu diangkat ing wong wadon.

Wong kang ngluputake embuh kanane mau, manawa sumurup wong ngudi kawruh dadi bingung lan ngengleng : oleh dalan kanggo mancahi kaya bubuk oleh eleng.

Wong ngudi kawruh dadi sumpeg, bingung utawa ngengleng iku marine mung yen mareni olehe mempeng. Sangsaya mari mempenge sangsaya mari bingung lan sumpege, marga sangsaya lipur oleh tamba kabungahan donya, (yen sing lara kasar : tambane ya barang kasar) togtogane : purik, kapok, ora arep ngudi kasampurnan maneh-maneh. (Marine kapok yen wis oleh panuntun kang nggolekake dalan utawa mratkeli), ndunung-ndunungake samesthine.

Ana saweneh wong ngudi kaweruh sugih sir kang nyimpang saka tekat (goroh batin) bareng weruh kancane sumpeg lan bingung jalaran saka mempenge banjur mituruti dhapur kaya dongeng kuwuk buntung buntute kang ngajak kancane murih niruwa buntunge mangkene : O, wong ngudi kawruh kok mempeng-mempeng temen. Becik sakepenake bae kaya aku iki, aku iki tirunen, pancadriya aja dicandhet banget-banget, prelu uga kala-kala dieculake. Tirunen aku iki. Enggonku mikir marang kawruh sarta nyandhet nafsu mung sawatara. Jer samubarang gawe yen banget-banget, ora becik. (Rembug mangkono iku panampane kudu kanthi prayitna lan weweka). Yen kurang prayitna, kelu wong kuedhung wawaton, benera ujare nanging luput panganggone, asring nganakake sembrana : sugih kakarepan lan sir kang nyimpang saka tekad.

Ora luput kang ngarani yen pangudi kawruh kasampurnan iku gawat lan rungsid.

Empaning pangarep-arep lan seneng iku tetelane mangkene : Manungsa kang isih gedhe rasane kang kasar, ora susah kumudu-kuduwa mbuwang pangarep-arep lan senenge, mung kudu NGENGGOLE pangarep-arep lan senenge. Kayata :

Maune seneng marang panggawe kang kurang becik, di ENGGOKNA : seneng ngudi kawruh, maca layang kang becik utawa ngenam-enam.

Maune seneng mangan enak, DIENGGOKNA : seneng ngurang-ngurangi.

Maune seneng marang kadonyan, DIENGGOKNA : seneng nyapih atine karo kadonyan.

Maune seneng marang pepenginan DIENGGOKNA : seneng nyuda pepenginan.

Maune seneng marang donya lan dirine  DIENGGOKAKE : seneng marang Allah utawa pribadine (uripe). Sapiturute.

Manawa lakune wis menggok, kang diarep-arep ya mung oleh-olehaning pangudine, kasenengane iya yen oleh thukulan kang becik, utawa plimpingan. Sapa ta kang bisa ngarani yen seneng kaya mangkono iku, kalah karo senenge wong sugih singgih, kajen kineringan sapanunggalane? Tak duga ora beda senenge, getun mung mangkene :

Seneng marang pangudi, parane marang katentreman, nanging yen seneng marang kabungahan marang panggrangsang.

Seneng marang pangudi ole kaweningan, seneng marang kabungahan oleh pepeteng.

Seneng marang pangudi ngajekake ilining cipta, seneng marang kabungahan ngenggokake cipta.

Seneng marang pangudi, upama rasaning badan waras, seneng marang kadonyan, upamane rasaning badan kang gatel dikukur.

Manawa ilining cipta wis ajeg gumolong marang Allah, iku pangarep-arep lan seneng sangsaya alus rasane, mundhak dina mundhak aluse, kangsi salin sipat. Enggone katembungake sirna iku ya sabab wus salin sipat utawa salin rasa. Nanging sajatine ora sirna, mung ngalih, (sejen rasa nunggal tataran) obah utawa kedhere uga sangsaya anteng. Enggone saya anteng kena kaupamakake ilining banyu kali, saya nyedhaki sungapan saya alon.

Ringkese mangkene : KEREP, PANGAREP, KEPINGIN, apa dene SENENG, iku ora susah disirnakake utawa dibuwang-buwang. Bageyaning Manungsa mung MILIH karo Nglakoni, mengko kang kasar bakal sirna karepe dhewe.

ΘΞΘ

Perangan 38
KESENENGAN KANG GEDHENE
NGUNGKULI GUNUNG HIMALAYA
SARTA DHAWURE NGUNGKULI LANGIT

Pangareparep. Tekane saka ngendi?

Kang aran seneng, iku rasa kang kepriye?

Wong dhemen nandur, tansah oleh kasenengan kang rasane ora gampang jajag-jajagane lan ora kena disepelekake. Jalarane ora mesthi saka ngundhuh wohe, terkadhang lagi ndeleng semining godhonge bae : atine krasa bungah. Wong dhedher wiji ngrungu swarane gludhug sarta banjur udan, suka sukure marang Allah ora kena kinira-kira.

Wong nyambut gawe kang dhemen netepi wajibe (luwih-luwih kang pethenge menyang Allah), iku kesenengan kang gedhe banget, kayata : pulisi nalika golek katrangan, anggepe kaya ngudi sawijining kawruh bakal kanggo eksamen, lupute bakal njunjung drajate, iya marem sabab mundhak kabautane utawa sukur dene bisa gawe tentreming praja. Saben oleh titikan saka enggone golek katrangan, sirna sayahe lan mundhak mempenge.

Sarehning tetela seneng iku asale saka PANGAREP-AREP KANG KATEKAN, mulane saben wong mesthi duwe kasenengan, kang rasane ora kena ditraju ing liyan. Sanajan sawangane gedhe banget bedhane, nanging tumrap kang ngrasakake durung mesthi bedda.

Wong panahan, wong main, wong mancing, wong njala, wong ngingu manuk, wong nganggit layang, wong nggambar, wong mbathik lan liya-liyane, kabeh padha duwe PANGUDHI. Sarehning duwe pangudi, kang ndadekake senenge iya yen KATEKAN PANGUDINE dhewe-dhewe. Sarehning kalane ngudi sadalan-dalan oleh undhakan, mulane kabeh mau sadalan-dalan iya padha oleh kasenengan dhewe-dhewe.

Eleding gunem : wong ngudi kawruh kasampurnan ora susah kagetan, gimiran, penginan utawa meri marang kabegjaning liyan utawa kasenganing liyan, sanajan katone luwih dening seneng lan luwih begja, jalaran, : sanajan dikaya ngapa kahanane kang katon ing lair, nanging kahaning rasa seneng iku ing endi-endiya ora liya, MUNG SAKA PANGAREP-AREP KANG KATEKAN.rehning pangarep-arep kang katekan iku KEHE TANPA WILANGAN, dadi mung kari nari sakarepe kang arep milih bae, kalawan ora susah kuwatir yen ora oleh. Dadi upama ana wong urip kang sire mung golek kasenengan bae teka ora oleh : iku saka bonggane dhewe, tetela wong murangsarak, jer lumuh golek sing bisa oleh, kudu-kudu golek sing ora oleh. Lumuh golek sing gampang, kudu golek sing angel, apa maneh yen wong golek seneng milih sing ala, mlarati utawa gawe pitunaning liyan, tetela wong bingung. Apa sababe : wong kasenengan kang becik ora kurang, sing munfangati akeh sarta sing gawe bathi tanpa wilangan, teka ndadak golek sing ala, sing mlarati lan sing gawe pitunaning liyan, yenta bedaa rasane : o r a.

…□□…

Ngelmu iku, kalakone kanthi laku, lekase lawan kas, tegese kas nyantosani, setya budya pangekese dur angkara.

Sarehning wong ngudi kasampurnan iku kang diudi : kasucen, kabeningan (dudu wong golek bungah kaya wong nanton tayuban, main, rame-rame, nyawang neka-rupa, nyandhing bandha, mangan enak sapanunggalane, malah padha ngudi pisahe saka kabungahan) dadi ingatase wong kang lali yen SENENG IKU PANGAREP-AREP KANG KATEKAN, kang mesthi banjur ngira : wong ngudi kaweuh disengguh ora duwe seneng sathithik-thithika, tansah susah jalaran mekak hawa nepsune, nanging sok uga eling yen seneng mengkono rasaning pangarep-arep kang katekan, mangsa ngiraa mangkono, awit ora ana bedane babarpisan karo kang bungah-bungah lan ngenak-enak, jer kabeh-kabeh padha duwe pangudi lan pangarep-arep sarta padha dene katekane, bedane kira-kira mung mangkene :

Kang seneng marang kabungahan ora marem-marem, kang seneng marang kawruh duwe marem.

Kang seneng marang kabungahan ora bisa tentrem, kang seneng marang kawruh saya lawas saya tentrem.

Seneng marang kabungahan bakal karusakan, kang seneng marang kawruh saya nyedhaki marang slamet.

Kang seneng marang kabungahan akeh susahe, kang seneng marang kawruh saya sathithik susahe.

Kang seneng marang kabungahan ora ajeg sire, kang seneng marang kawruh ajeg sire.

Kang seneng marang kabungahan tansah bingung, kang seneng marang kawruh sangsaya pramana.

Sarehning seneng PADHA (mung kacek mlarati karo munfangati), mulane kang ngudi kawruh ora prelu gimir, meri, kepencut, ngrusula utawa cilik ati.

…□□…

Wong ngudi kawruh padha nindakake panggawe kang kasebut ing ngisor iki :

1. Goleka katrangan, titikan lan urusan. Enggone oleh kasenengan sadalan-dalan kaya pulisi golek sisik melik.

2. Ngupakara tanduran, (daya, rasa) enggone oleh kasenengan sadalan-dalan kaya wong tani ngupakara tandurane. Iku durung enggone ngrasakake uwohe (watak).

3. Ngajar tunggangan, niteni wataking tunggangan (pancadriya). Enggone oleh kasenengan sadalan-dalan kaya panegar ngopeni jarane utawa tukang kumidhi ngajari gajah, bruwang, asu. Utawa kaya guru mulang bocah.

4. Nyelengi kangge sangu lan piranti, (daya gaib). Enggone tansah oleh seneng kaya wong nyelengi dhuwit ing separbang, enggone nemu piranti (wawaton) kanggo garan, kaya undhagi oleh tatah, jangka, sapanunggalane.

5. Mimisah lan ngadon-adoni, kaya ahli ngelmu pamisah (kimia). Manawa oleh rasa lan daya anyar saka enggone misah lan ngadoni, rasa anyar mau dibesut maneh lan diadoni maneh, marakake nemu kencana kang luwih endah, uga dadi piranti maneh, sapiturute. Iku kasenengan kang ora pisan-pisan kena dijajagi dening kang ora ngalami dhewe. (tak tembungake anyar mau anyare tmrap kang ngudi, nanging sajatine wis cumawis ndhelik. Kang ngudi mung nyarawedi utawa mbesut bae).

6. Ngejum, nata lan ngenam-enam pikiran kalaras karo rasa, mujudake wawangunan rupa-rupa, ora beda karo wong nganam-anam kang mujudake kekembangan lan bekakas warna-warna kang adi-adi.

7. Ngadon-adoni rasa warna-warna, ditata, diurut manut patute, kalaras karo rasane, mujudake rasa kang edi endah, patrape kaya koki gawe masakan warna-warna kang mirasa, ya iku kasenengane wong nganggit-anggit utawa nggubah. Kayata : wawangunaning wayang kang rupA-rupa candrane, karuntutake karo lalakone, gendhinge. Pathete, suluke, ada-adane, unggah-ungguhe, tembunge, tembunge, kagarba dadi siji. TUMUJU MARANG SAWIJINING RASA utawa MAKSUD. Ora beda karo gugubahan utawa oncen-oncen kang nganggo kekembangan warna-warna kaworan gogodhongan, nuli diwangun meng-KENE, kagathukake karo gugubahan kang MANGKENE, mujudake wawangunan kang luwih endah, manis sarta ngengreng.

WONG ngudi kawruh enggone gawe gugubahan RASA kang adi endah ana ing karatoning ALLAH : ora beda senenge karo para putri gawe gugubahan kembang kanggo rerengganing daLeme. Mung kacek kasar Karo alus, kasat mata karo ora. Rasa kang sumingit ana ing layang kikidungan anggitane para linuwih apa dene kang ana ing candhi, wayang, gamelan, pakem lan liyane-liyane : kabeh wujud gugubahan utawa oncen-oncen kang banget endahe. Rasa kang digubah padha maujud ana ing kahalusan, dadi rerenggan sajroning gaib, kang ORA KENA KINAYA NGAPA endahe.

8. Wong ngudi kawruh kang taberi ngrasakake lan niteni, tansah oleh pitutur saka atine dhewe. Enggone seneng kaya bocah sekolah, Rasa lan Budine kang minangka guru, alam iki minangka pamulangan, sarupane kang gumelar dadi gagaraning piwulang. Wasana : manuk, tawon, kembang, lintang, rembulan, suket, godhong, watu, lan liya-liyane kabeh padha aweh pitutur marang kang ahli sasmita, kaya-kaya sarupane kang tumuwuh padha muni dhewe-dhewe, sarta unine laras kaya gendhing kang banget kapenake.

9. Wong ngudi kawruh kang karem mbeciki sapadha-padhaning sipat (dumadi), iku thukuling niyat saka SIR KANG LUHUR, kalane thukul sire, sir kang luhur mau saya gedhe dayane, megar saya MEMPAN. Undhaking sir kang luhur upama wong oleh undhakan barang kencana. Sir kang luhur (kencana) narik kang luwih luhur maneh, iku upama wong kang oleh kencana banjur oleh inten, sabanjure : dadi duwe sesotya kencana kang dumunung ing gaib, iya ing atine dhewe. Sapa kang duwe : mangsa wong liyaa. Enggone gawe kabecikan mau mbeciki marang sapa? Iya mangsa tibaa marang wong liya, uga sipate dhewe, wasana dadi kesenengan gedhe kaya wong mbeciki anake utawa pindha wong macar kukune dhewe. (Apa sababe wong duwe pangganggep sing samono), sababe yaiku : sirna lelarane, sirna napsune kang ngajak drengki, gething, kiyanat musibat, kari suburing rasa kang ngajak asih tresna, kang dayane ayem tentrem, nikmat lan munfangat.

10. Wong ngudi kawruh uga duwe kasenengan kaya wong ngadu jago, ngadu jangkrik, notohi kertu, panah lan liya-liyane, awit saben dina tansah notohi peranging adon-adon kang becik mungsuh kang ala. Yen kang ala kalah dening kang becik, mareme kaya botoh jago menang jagone, kaya wong main menang kertune, banjur oleh ganjaran daya alus kaya wong ngabotohan ngukup dhuwit.

11. Wong ngudi kawruh uga duwe kasenengan kang senenge kaya raja mangun perang nelukake nagara. Manawa balaning setan kalah dening balaning Pangeran, kabeh balaning setan padha teluk, manut-miturut, sirna setane, dadi kanca kabeh sayuk rujuk, tata tentrem raharja.

12. Wong ngudi kawruh uga duwe pakareman utawa rasa lega kaya rasaning wong ilang klilipe, senebe, lalarane utawa badane, iya iku enggone mbudi benggange karo kadonyan kang nyarimped utawa nggigidhuhi. Saben bisa mbuwang pakaremane (ora ketagihan maneh), rasane kaya ucul saka babadan utawa kaya bocah kang wis ora nangis disapih.

13. Wong ngudi kawruh bisa ngreti kanthi terang, yen GAWE KABECIKAN IKU GEDHE MUNFANGATE TUMRAP KANG NGLAKONI, kena kaupamakake kelangan sabenggol oleh liru satus rupiyah, nandur krambil sagluntung bakal ngundhuh pirang-pirang gluntung, kongsi pirang-pirang taun. Iku tumrape manungsa bisa ngrasa : lagi bisa mangerti bae ngrasa seneng kaya oleh kauntungan gedhe, awit arang manungsa kang bisa mangerti marang paedahing pangreti kang semono. Kang akeh mung kumambang dienggo kembang lambe, ora bisa yakin sajroning ati. Apa maneh pangreti bab rasa TRESNA MARANG DAT DADI WOT MARANG SAGARA RAHMAT. Manungsa kang wis bisa ngregani marang pangreti kang semono, iku ngrasa nemu kanugrahan gedhe, suka-sukure ngungkuli kang nemu emas.

Sawise sumurup kanthi terang, banjur DUWE NIYAT GAWE KABECIKAN, DUWE NIYAT NGUPAYA DALAN BISANE KATHUKULAN TRESNA MARANG DAT, yaiku : lagi DUWE NIYAT bae sajatine wis kanugrahan, sarta yen rinasa agawe senenging ati. Arang manungsa kang tampa kanugrahan arupa NIYAT (idham0idhaman, cita-cita kang kaya mangkono. Niyat utawa idham-idhaman iku bibit, manawa diurip-urip bisa dadi gedhe lan ngrebda banjur awoh.

Niyat kang marang kautaman iku ngadat akeh rubedane, dumunung ing atine dhewe, kayata : ana adon-adon kang kasar utawa asor mbangkang, mbabaluhi utawa sungkan, banjur ana pikir peteng kang mbantah nganggo manas asor). Nanging kang prayitna : sumurup yen rasa kang abot gawe kabecikan iku, dayaning adon-adon kang asor. Pikiran kang mbantah utawa madoni. Tumrap manungsa kang ora prayitna : kelu dayaning adon-adon kasar, temahan wurung  niyate (sungkan, abot utawa mbantah nganggo manas asor). Nanging kang prayitna : sumurup yen rasa kang abot gawe kabecikan iku, dayaning adon-adon kang asor. Pikirang kang mbantah katarik saka sungkan iya saka lakune r o h-k h e w a n i. Sarehning tetela yen iku rubeda, dadi prelu kang ngrubeda mau dimungsuh, dikalahake. Yen dayane kang kasoran mau kuwat banget iya sinangkan saka sethithik, diirih-irih dhisik, digolekake rekadaya rupa-rupa, supaya kang asor saya kendho, wasana kena dikalahake rekadaya rupa-rupa, supaya kang asor saya kendho, wasana kena dikalahake babar pisan. Mangkono mau sarehning arang banget manungsa kang bisa ngrasa yen iku COBANING ATI, dadi manungsa kang sumurup utawa ngrasa  kang mangkono, iku sajatine tanpa kanugrahaning Pangeran. Mangkono uga enggone niyat ngalahake adon-adone kang asor lan enggone golek reka tanpa kemba : iku kanugrahan gedhe banget, sarta yen rinasa banjur nganakake RASA SUKUR MARANG KANG GAWE URIP. Senenge durung mesthi kalah karo menang lotre, mung kacek obah karo meneng, kasat mata karo ora.

Sawise nemu pratikel utawa dalan kanggo ngalahake adon-adon kang asor, banjur katindakake : (ngulinakake nglakoni sawijining panggawe kang dayane empaning adon-adon kang becik. Ngendhih kang ala). Manawa klakon ana saperanganing adon-adon kang ala kang kalah (ora ngrubeda maneh) iku kang duwe pangudi kaleksanan pangudine, sarta yen rinasa dadi seneng sarta marem. Sakalahe adon-adon kang ala, banjur rumasa oleh kaundhakan daya alus lan padhang, prakara  iki kena diupamakake wong nyarawedi : wiwit katon murnine, ndadekake saya mempenging pangudine.

Ora lawas nuli ana maneh adon-adon kang kalah sarta thukul maneh kang becik, iya nganakake seneng maneh, mangkono sabanjure : tansah oleh kemenangan salawas-lawase. Saya cedhak karo kang diparani sangsaya seneng, marga sangsaya sugih thukulan daya alus warna-warna, kabeh dadi piranti utawa sangu mbanjurake lakune, lan dadi piranti kanggo ngalahake kang ala. Wasana sangsaya lawas sangsaya banget senenge, mung rasane beda karo seneng kang katindakake nganggo adon-adon kang kasar, awit senenge sangsaya meneng lan tentrem, dadi sangsaya ora ketara senenge, awit sangsaya sirna uriping napsune, kari cahyaning rasa lan budine, yaiku : PRAMANANE.

TamaT

MRAYOGAKAKE MAOS :

1.     Wewadining Rasa.
2.     Jatimurti.
3.     Kaca Wirangi.
4.     Wedharan Wirid I.
5.     Wedharan Wirid II.
6.     Wedharan Wirid III.
7.     Kun Fayakun.

Sumber :
Kapethik saking Serat Madurasa, Penerbit : Yayasan Djojo Bojo Surabaya, tahun 1985.

Amit pasang kaliman tabek, kawula pun Kumitir nyuwun idi palilah dumateng priyagung tanah Jawi ugi para sarjanadi, bilih kawula namung sadermi ngelingaken kemawon lan angleluri kabudayan Jawi supados mboten kasilem ing jaman, boten sanes namun rasa tresna kawula dumateng budaya lan sastra tilaranipun para leluhur Agung Tanah Jawi. Wusananing atur, mugya saged migunani dhumateng para maos ugi sutrisna budaya Jawi, bilih wonten galap gangsuling tembung, para winasis lan sarjanadi kaparenga paring angunging pangaksami dumateng pun Kumitir. Nuwun.

%d bloggers like this: