alangalangkumitir

Javanese Manuscripts

SERAT WULANG WANITA


PUPUH I
DHANDHANGGULA

  1. // Murweng sarkara nata sung wangsit / mring sagunging wanita kang samya / winengku marang priyane / kudu manut sakayun / ngayam-ayam karsaning laki / lelejema mrih rena / karanane iku / dadi jalaraning tresna- / ning wong priya yayah guna lawan dhesthi / pasthine mung elingan //
  2. // Aywa linglung lengleng nora eling / lalu lina lelabaning lara / badan tumekeng atine / titi tan mikir wuruk / angrerusak budi tan wening / sangsaya mring sarira / ras-arasen nurat / wulanging bapa lan biyang / yekti pantes tinurut jer iku dadi / jalaraning tumitah //
  3. // Tetepana tartamtuning estri / pan pinetri wewadining badan / dadi tartip iku rane / tartip tegese urut / runtut titis wajibing estri / titis bener tegesnya / nering driya iku / ywa liya mring lakinira / rah-arahen  ywa arda driya den manis / ulat wijiling sabda //
  4. // Dadi kanggo tinuruting laki / jer ta sira miturut tur awas / marang karsaning lakine / nuraga dadi iku / marmaning Hyang asih mring dasih / sumingkir duka cipta / iku adatipun / labet labuhaning kuna / kang kasusra wanita kanggo ing laki / yogya linaluria //
  5. // Myating solah myang karsaning laki / kira-kira mrih reseping karsa / dadi timbang mrih perlune / laki kongasing kalbu / bungah lengah-lengeh kang estri / tinurut kasembadan / tan cuwa tyasipun / lir taru katiban warsa / ngrembaka ron kembang pentile andadi / tentrem tan walang-driya //
  6. // Driyanira den tentrem ywa gingsir / sarwa bisa wajibing wanita / miranteni busanane / priya myang dhaharipun / ingkang dadi kareming laki / pinatut wayahira / sarapane esuk / tengange lan lingsir surya / tengah wengi byar esuk sayoga salin / tan bosen mamrih lejar //
  7. // Jer ta iku dudutaning pikir / dadi sumeh semune tan giras / tentrem krasan neng wismane / yekti sira kang untung / tinunggonan nora ngembani / lamun sira sembada / sariranta iku / bebresih wida myang sekar / sawatara dadi panggugahing ati / lakinta nora kemba //
  8. // Bisikane sang raja ing Demis / pan wus umum sakehing wanita / gung nepsu cupet budine / lalen dhemen ginunggung / nora ketung bayar rong ringgit / janjine ana ujar / ngrika wonten dhukun / bisa nyarati wanita / jambe suruh saranane kanggweng laki / ginugu tan tinimbang //
  9. // Mula akeh wanita yen laki / pitung dina branane wus bebas / pinunjungken mring dhukune / tombok darbeking kakung / busanadi prabot anangkil / konangan jinemalan / tur sudasihipun / awak lesah ati susah / tan tinulung mring lakine muring-muring / gering cekek dadakan //
  10. // Ngagak-agak sebute dharindhil / iya talah nora kaya ingwang / teka dadine mangkene / parikan pantek kayu (paju) / uler siti kang mongsa sikil / majwewuh mundur wirang- / nging wus watakipun / wanodya yen lagi susah / tansah katon bapa biyung den aturi / pae yen kanggweng krama //
  11. // Lali lamun jalaraning urip / pijer mikir sukane don karsa / ingundang keh semayane / nanging kalamun padu / jaranthalan prapta pribadi / dhuh adhuh wong wanita / sun puji tyasipun / mituruta sakeh wulang / lerepena driyanta supaya dadi / tuladan marang putra //
  12. // Jer ta lumrah wong iku sesiwi / yen alaa nenulari putra / dadi tan ana ajine / tininggal bapa biyung / ngayang-ayang tanna ngajeni / sama-sameng tumitah / uripe ngalincut / cinacat turuning sudra / mider-mider mring lyan praja samya uning / yen iku trahing kompra //
  13. // Angalompra tangeh wruhing becik / goroh umuk tur sugih carita / yaiku dadi gelare / mrih kandel mring lyanipun / pakantuka gone ngapusi / sire lir pokrul jendral / bisane calathu / iku wong durjana sabda / dipun eling sakehing manungsa sami / ywa kongsi nandhang bronta // 

PUPUH II
ASMARADANA

  1. // Ywa lalu mandayeng laki / lali pijer don asmara / kalimput mung suka bae / yogya sira memujia / sakadaring wanita / titise dadi tan cubluk / sudibya ngungkuli bapa //
  2. // Pan mangkono wong aurip / jangkane kudu jinangkah / kang ririh amrih ywa cewet / katekan sakarsanira / lumintu tan rekasa / pae karsa kang kasusu / suh sirna tanpa karana //
  3. // Sumaraha mring Hyang Widhi / kang asung urip mring sira / den rapet ngadu pasemon / semuning Gusti kawula / den jumbuh ywa bencorah / ngarah lestarining kusuk / pasemone pinrih jomblah //
  4. // Jomblah wanuh ingkang wredhi / mangkene upamanira / pawestri iku wajibe / den weruh budining priya / dimen tuk sih tan kendhat / bokmanawa wuwuh-wuwuh / wahaneng tyas marang sira //
  5. // Ruwiyaning para putri / ing kuna wus cinarita / ing Ngarab myang Jawa kene / kang utama piniliha / sakadaring sarira / linaras lan jamanipun / mrih tumrah tinoning kathah //
  6. // Pathining we jalanidhi  / ron lempuyang misih mudha / wus sayah kang ngripta mangke / aririh dera mangarah / runtute kang wiyata / tarlen mung dadya pangemut / tyasing wanita mrih arja //
  7. // Kasmaran ngungune guling / angripta kadi supena / sedya andugekken maneh / pitutur mring pra wanita / yogyane baresiha / jro wisma myang badanipun / mrih rahabing kadang mitra //
  8. // Ingkang sedya amartuwi / pirangbara lamun bisa / nyugata amrih sukane / kadang mitra ingkang samya / tuwi krasan rerasan / saking bisa tindak-tanduk / ingaranan bojakrama //
  9. // Boja  suguh ranireki / krama tembung kang mrih lejar / tyasing tamu mrih jenake / tan age mulih dumadya / pratandhane yen sira / sinihan sesaminipun / janma yogya linuria //
  10. // Karanane wong antuk sih / ing manungsa iku tondha / Hyang Manon kang ngosikake / den agung sukuring Suksma / muga ta lestaria / sihing Hyang turun-tumurun / tumekeng dina kiyamat //
  11. // Mupangati lair batin / wong sinihan sameng titah / tumruntun prapta drajate / sasedyane pan tinekan / mangkana adatira / manungsa kang arsa luhung / sumingkir marang kanisthan // 

PUPUH III
KINANTHI

  1. // Nganthia wulanging ratu / kang wus mashur nguni-uni / budweslam samya tetilar / nalar kang amrih nulari / mring budi dadine jembar / brekahi mring anak rabi //
  2. // Pirabara lamun sarju / liyaning ahli kapengin / miturut wiyata arja / ujer iku mufangati / mring badan lan ahlinira / resep antuk kojah becik //
  3. // Cobanen kalamun ngrungu / ujaring kang dadi wiji / wijining utameng karsa / yekti tentrem tyas kang gingsir / lan sire dhewe sulaya / janma len yekti tan sudi //
  4. // Darbe mitra kang kadyeku / tan wande andarawasi / nulari sakehing nalar / milar milalu medeni / wis aja sinruwe padha / wong ingkang pangawak dhemit //
  5. // Dhemen wadul lir wong nglindur / dora ragane mrih becik / cilakaning lyan sinedya / kadya setan nunggang ilir / saben nglilir angupaya / luputing tongga pinikir //
  6. // Keri gatel lambenipun / kalamun nora ngrasani / mring konca mitra kekadang / iku tetela yen dadi / awak uwong ati setan / tan kena dipun tambani //
  7. // Pantes ngalap opah iku / saben sasi sing pulisi / cukup digo tuku madat / lan pacitan sawatawis / yen wus seger nuli lunga / golek warta mrih bilai- //
  8. // Ning wong kang nora tartamtu / mung tamtu antuk pawarti / tinata denira dora / supadya kandeling wingking / wuwuh blonja wuwuh madat / awak kuru gelis mati //
  9. // Patine akeh kang sukur / saksat kelangan kalilip / nora gedhe nanging lara / marang mata brebes mili / mulane para sujanma / aja kadi dhuwur iki //
  10. // Pikiren utamanipun / solah muna lawan muni / ron roda kinarya ajang / gong alit munggel irami / pikiren dhingin supaya / tan kabanjur tindak nisthip //
  11. // Buring carma aranipun / ibu Sang Duryudanaji / lestarining barang karsa / angel lamun tan ngawruhi / sasmitaning mongsakala / lalu luluh tan pakolih //
  12. // Pilihen wong urip iku / utama kalawan nisthip / begja kalawan cilaka / andhap luhur iku sami / wus ginelar aneng wulang / ywa lalu gone nglaluri //
  13. // Jaman katon jroning turu / marga we kang munggeng tritis / den kaepi sakeh wulang / tinimbang mrih babar budi / budiman baboning gesang / sarana parek mring Gusti //
  14. // Gusti iku keh liripun / gusti lair gusti batin / laire sri naranata / ing batin kang maha suci / karone kudu sinembah / mrih utameng dunya ngakir //
  15. // Mapan pae patrapipun / sembah lair sembah batin / laire sarana tangan / batine dumunweng ati / tinata dipun tetela / laraping don pinrih titi //
  16. // Tartip tetep titis teguh / ginodha gunging pangeksi / tan rinungu tan rinasa / mung ngrasa nikmating ati / ati runtut wus tinata / tataning tindak utami //
  17. // Rinambah liring pitutur / marang samoaning estri / den alus jatmikeng tingkah / lire sabdanira manis / supadya dadya nang-onang / sengseming driya mimbuhi //
  18. // Den awas sasmiteng dunung / dununge karsaning laki / dhuh babo babo wanodya / yen tan wruh karsaning laki / rudah ing cipta tur dadya / kuwur ngawur kowar-kawir //
  19. // Kaweran ing genging napsu / kesusu tan antuk kasil / kesliyo tyas temah ngredha / kena karencaneng eblis / lah ta mulane wanita / den samya amerak ati //
  20. // Titikane duk ing dangu / wanita ingkang utami / tuladan ing kuna-kuna / caritaning umat singgih / supadya antuk utama / utameng sagung dumadi //
  21. // Dhuh babo babo wong ayu / ….. apasihaning Widhi / dimen tulus ayunira / ….. pasihan lestari / tan pegat sinung darajat / apan sira wruh ing wangsit //
  22. // Sesiku kang mrih …..smu / poma-poma den kaesthi / supaya antuk sihira / ing lakinta awal akir / dadi awak tanpa ….. / neng dunya wimbuh kamuktin //
  23. // Gampang wong suwiteng kakung / mung miturut ing sakapti / nastiti sawuwusira / aywa wani nyenyampahi / nadyan karyaa legawa / den bisa manuju kapti //
  24. // Kancana kang mung bau (gelang) / ayam kang kekuncung Gusti (merak) / gegulangen saben dina / mrak ati muna lan muni / tur dadi sukaning driya / lumunturing sih kawijil // 

PUPUH IV
M I J I L

  1. // Darunanireng Hyang Maha Suci / nganakken punang wong / jalu estri pan padha perlune / wujud priya lantaraning wiji / estri kang madhahi / kumpul dadi wujud //
  2. // Yen wus wujud obah aran urip / wajibe tetakon / sajarahe ingkang nganakake / kang asareh pitakone titi / patitising wiwit / pungkasaning mantuk //
  3. // Supayantuk marga ingkang sidik / dadi mulih mring gon / gone lawas tan uwas wus wenteh / wus tan was-was wanuhe wus lami / memitran wit eling / winulang mring guru //
  4. // Guru iku lantarane yun wrin / wajibing tumuwoh / wohing kamal dununge sang rajeng / den waskitha semune Hyang Widhi / mandhiri sajati / jatine mung iku //
  5. // Kang sinebut pinuja-pinuji / yekti mung Hyang Manon / nabi wali oliya myang rajeng / apan pantes pinuji mring janmi / sabab iku sami / kekasih Hyang Agung //
  6. // Yen manungsa liya sri bupati / Ngabdul araning wong / apan jemak lan manungsa kabeh / mung pinurih aywa srik ing galih / lumintu mrih puji / ing manungsa iku //
  7. // Kudu-kudu tinarimeng ati / manawa kapergok / nabi Allah kang mindha druwise / jabat akeh tuladhane nguni / malekat pi-api / namur anjejaluk //
  8. // Mung carita dudu zaman mangkin / samengko tan kanggo / mung pinirit jumbuhing mangsane / dadi nora kaelangan lari / ngleluri utami / mamrih sugih kang wruh //
  9. // Wruha ing ala kalawan becik / saking wulang ing wong / ingkang wasis waskitha budine / pan ingetrap neng dluwang lan mangsi / sinimpen mring ahli / kitab aranipun //
  10. // Kitab saking Kuran asalneki / Kuran sing Hyang Manon / ya ta mongsa Allah nulis dhewe / pasthi nyambat manungsa kekasih / tinrap neng jro ngati- / ning manungsa iku //
  11. // Jer ta ana kang muni jro dalil / rapale mangkono / kalbu mukmin ya betolahine / ing tegese ati ingkang mukmin / ingaken sayekti / unggyaning Hyang Agung //
  12. // Basa mukmin manungsa wus napi / liyane Hyang Manon / dadi kayun pidareni rane / wong kang manuh manggone kekalih / dunya den dunungi / ing akerat jumbuh //
  13. // Wus pinunggel pitutur mring estri / sedhenge semono / pan kaselan lagi mikir pones / Rebo Kliwon ping telu kang sasi / ing Rabingulakir / Galungan kang wuku //
  14. // Kang mongsastha Kunthara warsa Lip / sangkala rinaos / kawileting kawi wangsalane / yitmeng praja cipta kang kawijil / kangjeng sri bupati / karsa amanawung //
  15. // Drenging driya tansah amemuji / kalipahing Manon / yun mangesthi sang prabu ing mangke / wulang tumrap marang para estri / mrih ayu pinanggih / wit wekasanipun //

 piwulang pawestri

@@@

BABAD DIPANEGARA I


PUPUH I
M  I  J  I  L 

  1. Sun amedhar surasaning ati, atembang pamiyos, pan kinarya anglipur, aneng kitha Mendho duk kardi tan ana kaeksi, nging sihing Hyang Agung.
  2. Mapan kathah kang karaseng galih, ing tingkah kadudon, pan mengkana ing tyas pangesthine, kaya paran solah ingsun iki, yen tan ana ugi, apura Hyang Agung.
  3. Lara wiring pan wus sun lakoni, nging panuwun ingong, ingkang kari lan kang dhingin kabeh, kaluwarga kang ngestokken yekti, mring agama nabi, oleha pitulung.
  4. Maring Allah kang robil alamin, lan supangat mangko, Kangjeng nabi kita lan wargane, kang sekhabat ansar kang muhajir, lan pra rasul sami, pra wali sedarum.
  5. Muga padha oleh iman suci, padene wakingong, muga Allah ngapuraha mengko, lawan iya Jeng Nabi Lukmiyi, tingka ingsun dhingin, mapan keh kang kudu.
  6. Awal akhir anging tan yekti, lan jeng nabi kaot, datan wonten malih ing liyane, ingkang asih ngapunten ing dasih, pangesthining ati, tan mring liyanipun.
  7. Kaya paran baya temah nekti, dadine wakingong, yen tan ana ing sih apurane, Gusti Allah kang robilalamin, lawan kangjeng nabi, tanpa wekas tuhu.
  8. Langkung sanget limiting tyas neki, ri sang kang palunggoh, data nana ing siang dalune, nging sihing hyang lan supangat nabi, marma karya gendhing, mrih anamur wuyung.
  9. Kang kinarya wiwitaning gendhing, hijrah kang kinaot, Kangjeng Nabi Muhamad samangke, purwa Mekah ing Madinah mangkin, ing hijrah samangkin, sewu kalih atus.
  10. Kawan dasa wolu ing mangkyeki, sangkalannya mangko, pan ing Jawa lumrahe wong akeh, sewu pitung atus skeet iki, sanga langkung neki, windu sengareku.
  11. Pan kulawu alip kang lumaris, je tahunnya mangko, mapan khaji ing wulan tanggale, kaping wolu Jume’ah nujoni, dina kurang luwih, apura den agung.
  12. Kang pinurwa karsane kang nulis, Tanah Jawa mangko, nging ginancar carita yektine, kang tan prelu mapan den langkungi, mrih enggal dumugi, mring kalifan rasul.
  13. Tanah Jawi nagri Majapahit, Brawijaya katong, kang pinurwa nging wekasan bae, duk jenenge kang kaping pat neki, mapan Tanah Jawi, langkung arjanipun.
  14. Lan keringan mring prangmuka sami, Brawijaya katong, langkung adil lan paramartane, nging cacade maksih Buda yekti, garwanya yu luwih, putri Cempa iku.
  15. Ratu Darapati parabneki, wus peputra mangko, Raden Jaran Panoleh namane, pan tinanem anengk Madureki, lawan ana malih, putranya sang prabu.
  16. Arya Dilah ingkang ibu yekti, putrid buta mangko, larasati nenggih jejuluke, ing kayangan buta mangunteki, nging dyah Larasati, kang warna yu punjul.
  17. Arya Dilah karsane sang aji, wus tinanem mangko, ing Palembang kang dadya ratune, suwarnane praja Tanah Jawi, ingkang agung iki, tinaneman sampun.
  18. Ingkang putra Brawijaya sami, marmanya sang katong, kineringan mring prangmuka kabeh, sugih donyya garwa myang putraneki, bala becik-becik, myang ambek sang prabu.
  19. Kapandhitannya klangkung awehing, trus tingal sang katong, enenggna sang Brawijaya, nagri Cempa wau kang winuning, Sri Nalendra iki, mapan sampun sepuh.
  20. Tiga putra kang jalu sawiji, bayun sang dyah sinom, Darawati kang dadya garwane, Brawijaya nateng Maospait, arinya sang dewi, dyah Sujinah ayu.
  21. Sampun krama mapan angsal sarif, ginuron mring katong, dadya Islam nateng Cempa mangke, sawadyanya sampun Islam sami, parabnya sang sarip, Ibrahim puniku.
  22. Pan punika wutah Islam ing Jawi Mangkana cinator, dyah Sujinah wus patutan mangke, lan sang Sarip mapan jalu kalih, kang sepuh nameki, Sayid Rahmat iku.
  23. Sayid Rahman mapan arineki, sang sarit winuwos, dereng lega anenggih ing tyasa yen tan islam ratu Mahapahit, mengkana nulyamit, mring kang rayi sampun.
  24. Lajeng kesah maulana sang Sarip, nanedha Hyang Manon, Tanah Jawa anenggih Islame, pan wus sinung wangsiting Hyang Widi, kelamun sang Sarip, tan lali lan iku.
  25. Nging kang putra benjing den lilani, Sang Sarip ta mangke, lajeng dating kondur mring Cempane, dumugekken gennya mangunteki, langkung mati ragi, lan salin jejuluk.
  26. Sarip Maulana Mahribi ki, wus lami winuwos, ingkang putra kalih dewasane, nuhun pamit mring kang ibu nuli yun padis sudarmi, wus linilan iku.
  27. Sayid kalih nulya mangkat aglis, saking Cempa mangko, pan kalunta sang Sayid lampahe, tanya-tanya pan tan angsal warti, mangkana ningali, teja ngadeg iku.
  28. Mapan sundhul marang ing wiyati, Sayid kalih mangko, wus anduga kang rama tejane, pan Mancingan prenahe dumeling, dadya Sayid kalih, mring Mancingan rawuh.
  29. Sarip Maulanah wus udani, mring kang putra mangko, kalih samya nusul prapta age, neng ngarsane kang rama tur bekti, ngusweng pada kalih, ingaras kaembun.
  30. Lon ngandika Sarip mring kang siwi, lungguh anakingong nulya lenggah sang Sayid kalihe, sampn katur ing saweling neki, ingkang ibu uni, Sarip mesem muwus.
  31. Lah ta uwis kaki ywa pinikir, ibunira mangko, ingkang prelu karsaning Hyang kiye, ingsun Jebeng nora den lilani, nglesamken ing Jawi, nging sira nak ingsun.
  32. Kang linilan marang ing Hyang Widi, wus ta Jebeng mangko, ngwulaha mring Majapahit, samargane sira Jebeng benjing, Jawa Islam neki, sira marganipun.
  33. Wus ta Jebeng mangkata tumuli, anjujuga mangko, mring wakira ratu iku bae, Darawati islamena dhingin, kalih atur bekti, wus lengser sing ayun.
  34. Tan winarna marga sampun prapti, Majapahit mangko, gya ngandika mring kang uwa mangke, Ratu Darawati sampun panggih, sang Sayid kekalih, wus karsa Hyang Agung.
  35. Teka gampil Ratu Darawati, manjing Islam mangko, sampun katur mring Brawijayane, gya ngandikan ri sang Sarip kalih, prapta ngarsa aji, sang nata nebdarum.
  36. Gya dinangu ri nang Sarip kalih, mring prenatal mangko, ing wong Islam tanapi tekade, sampun katur ing sedaya sami, esmu remen aji, nanging jrih satuhu.
  37. Mapan ajrih kalamun ngowahi, mring agama mangko, ing kang sampun lumampah lamine, dadya nata  angandika aris, marang Sarip kalih, ya wus padha iku.
  38. Ing tekade agama Islami, lawan Buda mangko, nanging kari prenatane bae, tata krama iya ingkang lahir, wus tan ngapa iki, anging wekas ingsun.
  39. Sarupane wong ing Majapahit, kang gelem amomor, mring agama Islam sarupane, iya Jebeng ingsun tan maleri, nging saseneng neki, aja meksa iku.
  40. Dene Jebeng ya ingsun pribadi, pirang bara mangko, dene tekad pan wus padha bae, Brawijaya mapan langkung asih, marang sarip kalih, tinariman sampun.
  41. Sarip Rahmat angsal putraneki, Harya Teja mangko, pan ing Tuban nenggih negarine, tilarane putra mapan kalih kang nem wau iki, wilatikta juluk.
  42. Pan sampun jumeneng ing Tubin, ingkang rayi mangko, Sarip Rahmat wus pinaring mangke, ingkang putra sang nata pribadi, pan sinungan kasih, kalih mring sang prabu.
  43. Sayid Rahmad Sunan Makdum iki, Sayid Rahman mangko, Sunan Iskak nenggih jejuluke, mapan kalih wus sinung nagari, Sunan Makdum iki ing Ngampel kang sinung.
  44. Sunan Iskak pan sinung ing Giri, sekaliyan mangko, wus linilan mantuk dhewe-dhewe, sampun samya karya masjid sami, lawan wulang santri, pan wus kathah iku.
  45. Ingkang Islam wong ing Tanah Jawi, mangkana cinatur, Sunan Ngampel sekawan putrane, ingkang jalu mapan tiga iki, wus linilan sami, nama sunan iku.
  46. Sunan Ngudung nulya arineki, Sunang Bonang iku, Sunan Gunung Jati warujune, kang wuragil mapan iku estri, katiga wus alim, lan sinungan sampun.
  47. Kang panggenan karya mulang santri, Sunang Gunung mangko, mapan kendur mring Cempa karsane, pan kinarya pusaka nagari, gantya kang winarni, ing Giri winuwus.
  48. Kanjeng Suna wus kersaning widi, sampun seda mangko, mapan nuju kang garwa wawrate, pitung wulan sareng babar neki, sang retna ngemasi, konduran puniku.
  49. Putra jalu mapaan dadya yatim, wus pinundhut mangko, marang kang wa Kanjeng Sunan Ngampel, ginadhuhken mring Nyai Gung Grisik, tan winarna iki, nging dewasanipun.
  50. Wus jumeneng nenggih Sunan Giri, langkung alim ngelmu, lawan laku tan ana timbange, iya sagung wali Tanah Jawa, dadya paraneki, Prabu Sadmateku.
  51. Sunan Bonang nenggih paraneki, Nokrokesumeku, enengena pra wali lampahe, wilatikta Tuban kang winarni, kalih putraneki, ingkang sepuh jalu.
  52. Raden Sahid kang rayi pawestri, wrenanya yu mangko, nging den Sahid kelangkung dhugale, wis tinundhung mring kang rama nuli, kesah Raden Sahid, kang rayi winuwus.
  53. Dewi Rasawwulan angulati, mring kang raka mangko, tan kapanggih dadya kalutane, sang kusuma lajeng mangunteki, neng tengah wanadri, tapa ngidang iku.
  54. Datan kenging tumingal mring jalmi, lumajeng sang sinom, kawarnaha den Sahid ta mangko, mapan begal amejahi margi, mangkana winarni, mapan kapinuju.
  55. Ingkang langkung kanjeng sunan iki, wus karsa Hyang Manon, pan amawas jeng sunan ageme, jungkat cundrik mapan emas sami, lawan lampah nekti, esmu manis kalbu.
  56. Sunan Bonang nging kalih kang ngiring, den Sahid wus anon, gya cinegat jeng sunan lampahe, wus apanggih neng ngandhap uringin, Raden asru angling, lan modine iku.
  57. Eh ta endi golekira mantri, lan cismu ta mangko, ngong anggone lan srebanmu kuwe, kulambine wus sisan mulangkring, ingong dadya santri, mesem jeng sinuhun.
  58. Lon anebda bagus ta sireki, karya conto mring ngong, lamun sira remen mring donyane, wurinira ngadek iku ugi, ana emas neki, sak aren puniku.
  59. Papah uwit myang uwohe reki, mirah lan jumerot, lah tamara gus dulunen kuwi, sareng noleh sira Raden Sahid, njenger aningali, kolang-kaling runtuh.
  60. Dadya pecah aneng ngarsaneki, gumerlapan sagong, mirah intene ngarsane kabeh, Raden Sahid metonggong tan angling, jeng sunan nabda ris, lah ambilen iku.
  61. Nora kurang ing sakarsaneki, den Sahit us amot, nulya agya nungkemi padane, sarta nangis nuhun apuraki, lan tur pati urip, mesem jeng sinuhun.
  62. Yen mengkono pa sira nglakoni, marang karsaningong, pan sumangga Raden ing ature, gya pinendhem sira Raden Sahid, neng ngandhap uringin, wus tinilar iku.
  63. Kawarnaha Sang Dyah Rarasasi, sampun lama mangko, nggennya tapa neng tengah wanane, nora siram ing salamineki, mangkya sang retna di, arsa siram iku.
  64. Marang sendhang sendhang ing wanadri, sangandhaping kayon, pan wit asem ngaubi sendhange, dadya lukar sang dyah tanpa tapih, mangkana winarni, kang tapa neng kayu.
  65. Kanjeng Sarip Maulana Mahribi, mapan wus wespaos, sebarange sang retna ing mangke, tuhu data nana nguciwani, dadya kanjeng Sarip, metu lakenipun.
  66. Sampun medhar tyasira sang Sarip, nulya matek sampun, ing ngelmu raga metu mulyane, campuh rasa mangkana sang dewi, tembe temen yekti, rasa lir puniku.
  67. Ing tyasira mapan lir ngemasi, wus karsa Hyang Manon, lajeng wawrat sang retna ing mangke, bungkur ingkang prembayunnya kalih, samya sekaleki, geng padharanipun.
  68. Pan mangkana tyasnya sang dewi, ana apa ingong, dene kaya mengkene rasane, awakingsun yen anaha jalmi, ana sun takoni, lir peteng wak ingsun.
  69. Nulya sang dyah awas aningali, ing toya sang sinom, mapan Ana iya wangane, pan wong lanang wus akakikaki, jenggotira putih, mangkana sang ayu.
  70. Langkung runtik mring wong kaki-kaki, gya mentas sang sinom, datan sinjang kelangkung wirange, mapan sanget sang retna ngujari, sira wong punapi, teka aneng ngriku.
  71. Baya sira ingkang nyidreng resmi, marang awakingong, nora suka lila ingsun kiye, mapan ora ana liya maning wong kang aneng ngriki, pan ming sireku.
  72. Lah ta mara mudhuna kaki, sang wiku duk anon, mring runtike sang retna ing mangke, dadya sanget mirangnya sang Sarip, gya dakarireki, anulya binubut.
  73. Mapan sampun karsaning Hyang Widi, ingkang Dakar mangko, dadya braja sangkuhku mulane, dene tilas labet wus tan keksi, Raden lir pawestri, anglir lanang dudu.
  74. Ingkang sangkuh sinengkelang nuli, megleng-megleng tinon, nulya tedhak sang Sarip nulya ge, sampun rawuh ngarsaning sang putri, sang dyah meksih runtik, sru pamuwusipun.
  75. Mara kaki ilangena iki, tan tarina ingong, wong wus tuwa teka salah gawe, dene jenggotireku wus putih, yen tapa sireki, tapane kepahung.
  76. Wong wus tuwa banget nora mikir, weh wiranging uwong, mara ta lah kepriye sun kiye, sang Pandhita mesem ngendika ris, aja runtik nini, wus karsa Hyang Agung.
  77. Dene sira ambeka mring mami, ya wus bener mangko, yekti kena tan ana wong maneh, anging sira mangke sun tuturi, mapan iya mami, tan estri tan jalu.
  78. Mara ta lah delengen ta mami, gya lukar sang wiku, sang dyah retna waspada tingale, mapan langkung kadhuwungireki, keh ngujar-ujari, langkung jrih sang ayu.
  79. Atur bekti nuwun apureki, sang wiku nabda lon, iya uwis tan ngapa ta kuwe, mapan ingsun iki kang sayekti, wus tan kedhah kedhih, anging braja sangkuh.
  80. Sang dyah ayu mangrep atur neki, nuwun tulung ingong, waluyane puniku yektose, langkung wiring ing tyas kawuleki, wawrat tan salaki, mesem jeng sang wiku.
  81. Ya mengko yan ana sihing Widi, sang retna turnya lon, sampun ngantos medal ing margane, pan kawula dereng darbe laki, ngandika sang yogi, mungkura sireku.
  82. Lan merema gya mungkur sang dewi, wus kinetek mangko, anglir ngundang pitik panguwuhe, nulya ana pitulung Hyang Widi, mijil jabang bayi, mapan margi nglambung.
  83. Tinadhahan ing nyamping Yogi, kang warna mencorong, mapan jalu sang wiku wuwuse, lah meleka tampanana iki, anakira mijil, wus melek sang ayu.
  84. Lah ta enya anakira iki, sang retna turnya lon, mapan kula dereng laki mangke, yen darbeya anak kados pundi, sawusira angling, sang retna lumayu.
  85. Dadya kewran ing tyasnya sang Sarip, wong tapaha mangko, gawa bayi kelangkung rubeda, nulya enget ing nala sang Sarip, kalamun ing dhingin, darbe pawong karuh.
  86. Kyai Ageng ing Tarub duk dhingin, gya tedak sang wiku, marang Tarup titipken putrane, pan ginembol ing pambektaneki, mapan aneng margi, pirsa wartanipun.
  87. Pan wus seda Kyai Geng ing mangkin, pitung dinanipun, dadya Sarip jujuk kuburane, sampun prapta Nyai Geng winarni, kelangkung prihatin, seda kakungipun.
  88. Nyai Ageng dereng darbe siwi, mila kelangkung, rudatine dalu supenane, mapan panggih lan kang raka yekti, kinen anuweni, iya marang kubur.
  89. Sareng enjang Nyi Ageng lumaris, iya marang kubur, tan antara sampun prapta age, nulya panggih lan sang wiku jati, Nyai Geng nungkemi, sang wiku nabda rum.
  90. Lah menenga sun weh putra yekti, tampanana mangko, mapan lanang iya kauwarmane, Kidang Tlengkas iya lawan iki, sangkuh wasiating, gya musna sang wiku.
  91. Nyai Ageng langkung suka neki, darbe putra mangko, gya binekta kondur tumulya ge, prapta Tarub Nyi Geng tumuli, wuwung bengkung iki, lan wawajah sampun.
  92. Tan winarna solahnya sakehing, dyan dawasa sampun, karemannya saba wana bae, datan pisah lawan sangkuh neki, Nyi Ageng malangi, nging Raden tan purun.
  93. Malah asring sare neng wanadri, pinggir sendhang mangko, langkung kiwarah aden enggene, pan dilalah ana widodari, samya siram iki, kathah tunggilipun.
  94. Mapan sampun karsaning Hyang Widi, widadari mangko, tan uninga dhimateng Rahaden, gya cinolong sandhangnya sawiji, kang becik pribadi, nuju lurahupun.
  95. Nulya kondur Rahaden aglis, bekta sandhang mangko, ngumpetake neng dhasar parine, nulya wangsul Rahaden tumuli, bekta sandhang jawi, Raden sampun rawuh.
  96. Nanging dhelik ingkang widadari, tan udani mangko, sampun tutug gennya siram kabeh, nulya mentas sagung widadari, nging dyah Nawangsasi, ical sandhangipun.
  97. Samya mabur ingkang widadari, nanging sang dyah sinom, nora bias dadya kungkum bae, sabab ical kang sandhangan sami, langkung kawlas asih, Sang Dya Nawangsantun.
  98. Lon ngandika sapa kang nulungi, weh sandhang maringong, lamun anom sun aku kadange, lamun tuwa sun aku sudarmi, Raden wus miyarsi, api agya rawuh.
  99. Apan api kagyat atanya ris, nilakrama ingong, jengandika punapa westane, pan wanodya kungkum jroning warih, lan kenging punapi, ngandika sang ayu.
  100. Gih kawula mapan widadari, wus tinilar mangko, marang kanca adusku westane, pan sandhangan kula katut sami, krerangkut wong dugi, wus binekta mabur.
  101. Raden Kidang Tlangkas nabda aris, paran karsa mangko, tan prayogi neng warih dangune, sang dyah retna alon anabda ris, inggih yen upami, wonten kang tetulung.
  102. Welas asung sandhangan mring mami, lamun anom mangko, mapan kula aken kadang bae, lamun sepuh ngong aken sudarwi, mesem Raden angling, pan tanggel wong ayu.
  103. Tiyang jalu kadang lan pawestri, tur meksih samya nom, lamun pareng lan karsanah angger, pan kawula meksih jaka yekti, sampun tanggel gusti, abdekena ingsun.
  104. Dangu kendel sang retna tan angling, mangkana tyasipun, paran baya polah ingsun kiye, yen nuruta ingsun tatapih, baya wus pinasthi, karsaning Hyang Agung.
  105. Kudu ingsun kinen mawwikrami, lan maneh tyas ingong, kudu asih ingsun mring wong kuwe, Raden Kidang Tlangkas ngling malih, paran karsa gusti, kadadosanipun.
  106. Sang dyah ayu besengut pan sarwi, tumungkul lingnya lon, lamun sudi punapa karsane, angger wonten kang welas tulung sih, mesem Raden angling, kantuna wong ayu.
  107. Pan sekedhap kula mantuk gusti, ngambil sinjangi ngong, nulya dhelik sedhela Rahaden, sawetara api enggal prapti, wus sinungkem aglis, sagung busaneku.
  108. Sang dyah retna angandika aris, kesaha sang anom, pan kawula arsa sinjang mangke, mesem Raden apan sarya angling, kesah dhateng pundi, yun ngladosi ulun.
  109. Myang angiwa sang dyah sarya angling, gething temen ingong, yen wong lanang ora tegan kuwe, apan dadak sun lunga mring ngendi, mapan arsa tapih, sadhela katengsun.
  110. Tan derana Raden ing tyas neki, nulya tumut mangko, malbeng toya tan winarna lire, sampun carem nulya mentas kalih, wus busana sami, pinondhong sang ayu.
  111. Tan suwala Sang Dyah Nawangsasi, gya binekta mangko, kondur maring ing Tarub nulya ge, kawarnahe Nyai Ageng iki, langkung ngarsi-arsi, mring kang putra itu.
  112. Pepajangan mapan wus rinakit, tan pantara rawuh, Raden Kidang Telangkas ta mangke, lan kang garwa kanthen asta neki, Nyai Geng ningali, langkung tyase meru.
  113. Nyai Ageng nulya melajengi, mring kang putra mangko, ingkang mantu rinangkul nulya ge, wus binekta lungguh, aneng panti, Rahaden tan tebih, wus datan cinatur.
  114. Pan wus lama Nyai Geng ngemasi, Rahaden ta mangko, wus jumeneng Kyai Geng Tarube, Nawangwulan sampun darbe siwi, wanodya yu luwih, Nawangsih kang juluk.
  115. Mapan lagya lumingling sang dewi, mangkana winuwos, Nawangwulan arsa mring sendhange, lon ngandika ki omah sireki, poma wekas mami, ywa ngungkabi iku.
  116. Marang oleh ingsun adang iki, lan tunggua mangko, anakira ni Nawangsih kuwe, ingsun arsa sedhela masuhi, marang sendhang mami, dyah sampun lumaku.
  117. Kyai Ageng wus karsaning Widi, salah karya mengko, pan mengkana nenggih ing ciptaning, kaya apa lehnya adang iki, sun ayun udani, tan kaduga ingsun.
  118. Nanging pari sak lumbung puniki, nora kalong-kalong, selawase pinangan wong akeh, nulya ingkang tutup den ungkabi, mapan wus kaeksi, saelas puniku.
  119. Dadya jejer ki Ageng ningali, wus winangsul gupoh, tan pantara sang dyah rawuh mangke, lawan Tanya ki omah sireki, nora salah kardi, ki Ageng nabda rum.
  120. Yayi nora nulya den tiliki, kang las meksih wutoh, dadya runtik sang dyah ris sabdane, dene cidra ki omah sireki, lah ta iya uwis, kang pari tinutu.
  121. Dipun garap mapan kadya jalmi, tan lama mangko, ingkang lumbung katingal dhasare, nulya sang dyah awas aningali, lamun agemeki, sadaya neng ngriku.
  122. Dadya sang dyah runtik tan sipi, mring Kyai Geng mangko, gya rinasuk lawan sru sabdane, nyata sira ki omah nyidrani, marang ingsun iki, wus kariya iku.
  123. Iya lamun anakira nangis, gawekena, panggon, lan ngobonga merang ketan bae, ingkang wulung mesthi ingsun prapti, lan iya maning, yen laki anakmu.
  124. Sun undangen pesthi ingsun prapti, ki Ageng duk anom, mapan sanget runtike garwane, sru mangrepa lawan ngasihasih, sang dyah den prepeki, lan arsa sinambut.
  125. Nawangwulan anulya nyidrani, gya musnaha mangko, karya geni ki Ageng ing mangke, lajeng jetung nora kena angling, kelangkung wlas neki, mring kang putra niku.
  126. Gya pinupus wus karsaning Widi, kinarya lelakon, nanging ngestoken welinge, saben sang dyah Nawangsari nangis, ingunggahken nuli, kendel tangisipun.
  127. Henengena Tarub kang winarni, Sunan Bonang mangke, pan wus lama enget pendhemane, nulya arsa wau den luwari, pan nulya lumaris, prapta prenahipun.
  128. Bekta sobat wus dhinudhuk nuli, mengkana pan sampun, Radyan Sahid dadya kunarpane, nanging sampun kersaning Hyang Widi, wutuh kang jasmani, nora bosok iku.
  129. Nanging kantun balung awak kulit, gya binekta sampun, marang Ngampel wus ingaturake, mring kang rama Sunan Ngampel Gadhing, nulya den bayoni, Sunan Giri rawuh.
  130. Pan samya tumut ambayoni, pra wali sedarum, nulya Allah ana pitulunge, pan pramana kang dhateng rumiyin, nulya napas neki, keteg medal sampun.
  131. Ingkang rama lan kang ibu prapti, lan kang rayi mangko, Rasawulan pan sareng praptane, saking wana jujuk Ngampel Gadhing, pan pinuju sami, pepekan sedarum.
  132. Saya ageng napasnya kang mijil, pra wali sedarum mapan samya anyingiri mangke, nulya bayu sampun dhateng sami, den Sahid wus nglilir, pan lir nendra dangu.
  133. Nulya lungguh kinepang pra wali, Raden pungon-pungon, sampun pepak kang pra wali kabeh, nulya ngujung mring kang para wali, tanampi sudarmi, sekaliyan sampun.
  134. Rasawulan anulya nungkemi, mring kang raka mangko, mapan anglir supena ta mangke, sedayanya gawokan ati wiyadi, langkung elok neki, sadaya pan ngungun.
  135. Pan sedaya karkatnya den Sahid, pan waluya sampun, nanging kantun kang lesune bae, Sunan Makdum angandika aris, kabeh anak mami, ngestokna sedarum.
  136. Ya si Sahid ingsun jejuluki, Seh Melaya mangko, pan sadaya ngestreni ature, Kangjeng Sunan angandika aris, mumpung pepak sami, iya anak ingsun.
  137. Wilatikta anakira kalih, ingsun pundhut mangko, ki Malaya ingsun dhaupake, lawan putraningsun kang wuragil, nini Rasasasi, dhaupe karsengsun.
  138. Lawa iya ji Jebeng ing Giri, nulya ningkah sampun, ingestrenan para wali kabeh, nulya luwar sagung kang pra wali, sowang-sowang sami, mengkana cinatur.
  139. Seh Melaya dereng lega galih, nulya pemit mangko, mring kang rayi yun lelana mangke, sampun mangkat saking Ngampel Gadhing, turut ing kekisik, kendel grageh iku.
  140. Mati ragi aneng pinggir kali, lan sendheyan kayon, mapan gelinggang sinendheyan mangke, sampun lama nulya tuwuh iki, kang gelinggang jati, ngaubi ngrembuyung.
  141. Kangjeng Sunan Bonang kang winarni, alelana mangko, mapan nuju prapta ing grerageh, aningali na wong mati ragi, aneng pinggir kali, lan sendheyan iku.
  142. Dangu-dangu tan supe kang rayi, gya pinarak sampun, Seh Melaya lagya nendra mangke, wus ginugah lah tangia yayi, kagyat aningali, yen kang raka rawuh.
  143. Nulya ngaras pada anungkemi, Jeng Sunan ling alon, wus lungguha Jebeng sira mangke, aranira iya sun wuwuhi, dene Jagakali, wus arana iku.
  144. Sunan Kalijaga patut yayi, lan maneh riningong, wus ta sisan dhukuhana kiye, ingsun yayi ingkang angrewangi, lan rabinireki sun undange iku.
  145. Tan lenggana nenggih Sunan Kali, Sunan Bonang mangko, wus utusan dhumateng ing Ngampel, animbali dhumateng kang rayi, lawan nuwun iki, lan kang rama iku.
  146. Tan winarna mapan sampun prapti, kang dhukuh wus dados, Sunan Gunung Jati kang garapke, Sunan Bonang sampun kondur nuli, winarna wus lami, nggenira neng ngriku.
  147. Sunan Kali wus putra sawiji, jalu pan kinaot, ingkang warna myang kasutapane, jinulukan jeng sinuhun adi, nengna kang winarni, Majapahit Prabu.
  148. Wonten putranira kang sawiji, langkung kawlas ayon, putri Wandhan anenggih ibune, pinaraban den Bondhan Surati, sang nata wus uning, yen ginadhang Jawata gung. 

PUPUH II
K I N A N T H I 

  1. Mangkana kangjeng sang Prabu, mapan wus uningeng gaib, lamun karsaning Hyang Sukma, kang putra Raden Surati, dadya wiji Tanah Jawa, datan kaselan benjing.
  2. Panenggih turun-tumurun, ing Jawa ingkang darbeni, nanging kang putra punika, sagung kang para narpati, datan liya turunira, Rahaden Bondhan Surati.
  3. Ngantos dugi akhir besuk, nora liya kang darbeni, iya ratu Tanah Jawa, mengkana karsa sang aji, ingkang putra ginadhuhna, marang pandhita kang lewih.
  4. Pan wus padhang tingalipun, Sang Brawijaya narpati, marang karsaning Hyang Sukma, yen Tarub ingkang madhahi, mangkana nulya ngandika, Kyai Ageng sampun prapti.
  5. Ing ngarsanira Sang Prabu, Brawijaya ngandika ris, marma Jebeng Tarupira, ing mengko ingsun timbali, iya arsa titip ingwang, mring putraningsun Surati.
  6. Mangsa bodhoa sireku, predinen amangun teki, lan yen pareng lan sira, temokna anakireki, ingsun pracaya ing sira, Ki Ageng matur wotsari.
  7. Inggih sendika pukulun, nanging pangestu dewaji mugi ta kelampahana, sang nata ngandika aris, ingsun aweh pratandha, keris ran Ki Gunung Geni.
  8. Anging Jebeng wokasingsun, sira aja walang ati, mulang muruk anakira, iya marang Ki Surati, Sang Wiku matur sandika, langkung tyas sagunung siwi.
  9. Wus linilan nulya mundur, ambekta Raden Surati, datan winarna ing marga, Tarub mapan sampun prapti, Nawangsih methuk kang rama, langkung bungah tyas sang dewi.
  10. Lamun ingkang rama rawuh, lawan angsal lare iki, sang pandhita nulya lenggah, tan tebih Raden Surati, sang Retna nulya sareyan, aneng pangkoning sudarmi.
  11. Sarya atetanya arum, iku rama rare ngendi, sang pandhita angandika, iya kakangira iki, selawase ingsun tilar, iya kulup neng negari.
  12. Iki ngong parani iku, anaha rewangireku, saya bungah tyas sang retna, nreka lamun kadang nyekti, lajeng ngrangkul dhateng radian, kang rama suka ningali.
  13. Solahe putrane reku, Dyah Nawangsih tanya aris, lan liyangan pangkonira, sira kakang ana ngendi, iya selawase ika, Raden mesem ngandika ris.
  14. Ngawula marang sang Prabu, yayi ratu Majapahit, sang retna aris ngandika, kakang aja sira bali, data nana rewangingwang, mesem dan Bondhan Surati.
  15. Kalamun tan bali ingsun, sapa yayi kang ngingoni, sang retna aris ngandika, iya si rama kang ngingoni, iya kalamun mengkana, wus yayi ingsun tan bali.
  16. Mesem sang Pandhita dulu, mring solahe putraneki, cinarita sampun lama, Rahaden Bondhan Surati, aneng dhekah Tarup ika, tan pisah lawan sang dewi.
  17. Ing siyang kalawan dalu, Sang Pandhita kang winarni, aneng pegangan kewala, kang neng wisma putraneki, nanging angintun kewala, saben siang mring sudarmi.
  18. Winarna wus lama sampun, Rahaden Bondhan Surati, mengkana sampun diwasa, tanapi Dyah Retnaningsih, samya nusul mring pagagan, wus prapta agaran sang yogi.
  19. Den Bondhan alon turipun, yen pareng karsa sang yogi, kawula anggentosana, atengga pegagan iki, kalawan ayun uninga, inggih ing raosing sakit.
  20. Sang Pandhita ngandika rum, ya wus bener anak mami, sira sinangun tapa, wus mangsane sira kaki, kalamun oleh sarira, angling sang retna Nawangsih.
  21. Iya kakang ingsun melu, aneng ing kene ta mami, Raden alon ngandika, aja yayi tan prayoga, wong wadon aneng pagagan, lawan sapa kang ngingoni.
  22. Iya yayi maring ingsun, kelawan menawa yayi, ana wong kang calunthangan, nora wurung yayi, pasthi ataker ludira, lan tan becik sawang neki.
  23. Ingkang dadi karsaningsun, ing saben dina ta yayi, sira prapta angirima, iya marang ingsun yayi, iku ugi kang prayoga, Ki Ageng mesem nabda ris.
  24. Ya bener kakangireku, payo nini padha mulih, pan sampun nurut sang retna, mapan nulya kondur sami, Raden kari neng pegagan, saben dina sang dyah prapti.
  25. Ngintun mring sang raka iku, anggendhong sumbul pribadi, lawan nyangking janganira, tan suka ginawa cethi, kawarna mapan wus lama, Raden neng pegagan iki.
  26. Sangsaya diwasanipun, atanapi sang retna di, wus katingal warnanira, tan wingwang kang ibu yekti, tuhu yen ayu utama, sang retna dewi Nawangsih.
  27. Lelewanya karya wuyung, tuhu lamun jungkar angin, gandrung manis salewanya, kaya wirangrong mantesi, pasaja lamun ngendika, ulat lindri tan patya ngling.
  28. Raden Surati yen dulu, wau dhumateng kang rayi, ing tyas tanpaja muga yen kang rayi mentas ngirim, sapungkurira mangkana, ngengleng-ngengleng den Surati.
  29. Lama-lama Raden sampun, pan nora saged nyabili, dadya wedhar karsanira, mangkana sang dyah winarni, apan nuju ngintun ika, kang ngiring inya sawiji.
  30. Sang dyah mapan gendhong sumbul, lawan nyangking janganeki, prapta dyah anulya lenggah, neng ngersanya den Surati, lan seleh gendhonganira, dyan Surati ngandika ris.
  31. Awan temen ariningsun, iya olehira ngirim, payo yayi padha mangan, ngelak temen ingsun yayi, sang retna aris aturnya, kakang mangana pribadi.
  32. Marmane awan katingsun, si rama kang ngajak bukti, dadya wareg ingsun kakang, mesem Rahaden Surati, alon rinangkul sang retna, Raden lon ngandika aris.
  33. Kangen temen yayi ingsun, nginepa kene sawengi, dyah Nawangsih lon ngandika, yen mengkono kakang mami, ingsun tutur mring si rama, kakang ingsun mulih dhingin.
  34. Raden mesem ngandika rum, aja nganggo tutur yayi, banjur nginepa kewala, sang retna aris nahuri, kakang wedi ingsun uga, marang ing si rama yekti.
  35. Kakang mangana rumuhun, Raden mesem sarya angling, nora mangan ingsun dewa, yen tan kaliyan sireki, dhuh mas mirahku bendara, sang retna garjiteng ati.
  36. Kang manah langkung kumepyur, mengkana asthining galih, paran baya polah ingwang, si kakang owah lir nguni, pangemeke marang ingwang, sarta lan pangucap neki.
  37. Teka gila atiningsun, apa lali marang mami, yen ingsun kadange nyata, mengkana Raden Surati, sang retna nulya ingaras, tangkis gelunging tan polih.
  38. Raden medhar karsanipun, anulya nguwah panepi, katingal kang payudara, lir daru gebyarireki, wentis gilig kengis nulya, gumebyar lir pendhah thathit.
  39. Rahaden sangsaya limut, sang dyah sanget miwal kapti, mengkana anulya uwal, lumajeng Sang Dyah Nawangsih, wudhar gelung kasemekan, sebit wus datan tinolih.
  40. Langkung dyah gumeteripun, riwe lir tinuras iki, ni emban kagyat tumulya, niba tangi anututi, Raden Bondhan saulihnya, anulya niba aguling.
  41. Dyah prapta pinggiring dhukuh, lenggah sangandhap waringin, angentosi embanira, ing nala sang dyah asandi, estu welas mring kang raka, marma kendel sang retnadi.
  42. Praptanya ni emban iku, mapan sarya niba tangi, mesem sang retna ngandika, wus ta biyang payo mulih, ingsun ngenteni mring sira, nulya kondur Dyah Nawangsih.
  43. Datan miyos dalemipun, kang rama kangjeng sang Yogi, jujuk dalemnya priyongga, menawa tinanya iki, ewet sang retna aturnya, mengkana ing wados neki.
  44. Prapta dalem sang retna yu, lajeng sare sang retnati, kagagas marang kang raka, kelangkung getunireki, marang solahe kang raka, sang retna dewi Nawangsih.
  45. Ngantos tigang dinten iku, sang retna mapan tan ngirim, mangkana jeng sang pandhita, sampun kaduga kang galih, mring solahe ingkang putra, anulya dipun timbali.
  46. Sang retna mapan wus rawuh, ing ngarsane sang ayogi, sang pandhita ris ngandika, paran marmanya ta nini, sira kongsi telung dina, sun dulu nora na ngirim.
  47. Iya mring kakangireku, paran kang dadya wiyadi, sang dyah tumungkul kewala, datan saged matur yekti, nging kumembeng ingkang waspa, sang pandhita wus kadugi.
  48. Yen Raden Surati iku, salah karya mring sang dewi, mangkana jeng sang pandhita, esmu kewran ingkang galih, angur baya sun pajara, dimena padhang kang ati.
  49. Mesem ngandika sang wiku, iya sira sun tuturi, sayektine kakangira, iya ki Bondhan Surati, iku putra Majalengka, kinen momong maring mami.
  50. Iya sira anakingsun, neng kene kang den ngengeri, wus dadya karsaning nata, kinen manggihken sireki, ing mangko paran karsanya, sira wus ingsun pajari.
  51. Lan pesthi karsa Hyang Agung, yen iku jodhonireki, sang retna sareng miyarsa, marang sabdaning sudarmi, saya wuwuh wirangira, solahaya kang katon dhingin.
  52. Mring kang rama runtikipun, dadya tumungkul sang dewi, nanging katara ing ulat, kang rama yen den rengoni, kang rinasa wirangira, solahe kang katon dhingin.
  53. Dene lir kadang satuhu, nora nganggo taha yekti, salaminya pan mengkana, mila wirangnya sang dewi, lamun Raden pacangannya, tan pisah ing siang ratri.
  54. Mring kang rama runtikipun, sang retna runtikireki, ki Ageng suka tyasira, kelamun kang putra runtik, anulya aris ngandika, wus kramaa sira nini.
  55. Mapan ta wus mangsanipun, turuten tutur sun gusti, ya mung iku pesthinira, kang dadi jodonireki, ing awal akhir kapanggya, sira lan kakangireki.
  56. Lan tan ana liyanipun, mung iku wijining Jawi, wus pinasthi karsaning Hyang, lamun sira kang madhahi, turun temurun ing benjing, nora kaselanan iki.
  57. Nanging iku pasthinipun, kakangira ki Surati, marmanya akeh rinasa, wiring kang kelakon dhingin, mapan wus tan dadi ngapa, nging estokna tutur mami.
  58. Sareng mirsa sang retna yu, ing wirayating sudarmi, dadya ical wirangira, solahe kang katon dhingin, nulya kondur sang kusuma, mring dalemira pribadi.
  59. Lampahira gandrung-gandrung, sang wiku miyat ing siwi, langkung amanah mrawata, ni emban gya den timbali, kang ngiring ing mulanira, prapteng ngarsa atur bekti.
  60. Sang pandhita ngandika rum, mring ni emban atanya ris, sira pajara den weca, paran polahe nak mami, ing nguni sira tut wuntut, ni emban matur wotsari.
  61. Nuwun pangapunten ulun, pun patik datan udani, lawan prapta lajeng nendra, aneng sawijining kori, sang retna lawan kang raka, lenggah aneng dalem gusti.
  62. Sareng amba tangi turu, anging putra tuwan sepi, langkung tyas gusti kawula, nulya lumajeng nututi, putra tuwan tan kapanggya, pinarak ngandhap waringin.
  63. Sareng pandhita mesem muwus, paran polahe kang kari, ni emban matur wotsekar, putra tuwan den Surati, pan sare mujung kewala, kados langkung sekel neki.
  64. Antawis amba pukulun, kang dhahar punika meksih, mapan gelar wonten panggenan, tilas tataning pakardi, mila sanget tyas kawula, lan nerka wonten prekawis.
  65. Mila lumajeng pukulun, kepareng tyas tan sinipi, nututi putra paduka, kepanggih lenggah sang dewi, aneng sangandhaping gurda, lan esmu sungkawa yekti.
  66. Sareng praptamba pukulun, sang retna atanya ris, ana apa buri kana, mekaten tur amba gusti, pan datan wonten punapa, nging rakanta den Surati.
  67. Kados langkung sekelipun, antawis mujung aguling, putranta mesem ngandika, lah uwis ja dinawa piker, menawa si rama wikan, si kakang nek diseneni.
  68. Wis ta biyang payo mantuk, aja sira ngetarani, mesakake ya si kakang, sang wiku mesem wus uning, marang ature ni emban, sang pandhita ngandika ris.
  69. Emban muliha sireku, sun nusul mring ki Surati, iya marang ing pagagan, sang pandhita gya lumaris, ni emban dhedhes sang retna, kawarna Raden Surati.
  70. Ingkang lagya magung wuyung, nging sang dyah kang aneng galih, ngantos jangkep pitung dina, Raden tan dhahar lan guling, nging gandrung marang sang retna.
  71. Dadya gandrung kapirangu, mirangrong Raden Surati, sebarang ingkang katingal, gunung jurang parang ngiring, wana kayon memanukan, pan wus tan ana kaeksi.
  72. Buron kali tan kadulu, nging sang dyah kang nglimputi, mengkana ciptaning driya, Rahaden Bondhan Surati, patemahe babaya, yen ingsun nora kepanggih.
  73. Lan nimas lesmining santun, tan wurung pun kakang gusti, ngameda tanpa wekasan, wurung kapandhitan mami, sapa baya kang welasa, yen dede dika wong kuning.
  74. Paran baya marginipun, kang abdi panggih lan gusti, dhuh mas mirah jiwaningwang, emuta sira wong kuning, lamun duwe ponakawan, neng pegagan kawlas asih.
  75. Langkung liwung tyas den sunu, mring sang retna dyah Nawangsih, ing siyang dalu mangkana, nging sang retna kang den esthi, tumancepa neng wardaya, kumanthil-kanthil neng alis.
  76. Marma barang kang kadulu, tan lyan sang dyah Retnaningsih, semana meh tanpa jiwa, sira Rahaden Surati, marlupa ingkang sarira, sendheyan wit nagasari.
  77. Dhuh mas mirah pepujanku, mengkana esthining galih, sapa kang duwe bendera, wong kuning kang Sawangsasi, bias weh rujiting driya, nging abdi Bondhan Surati.
  78. Paran temahe wak ingsun, lir lara kembanging pati, kang pati-pati pantaran, yen tan sihing Hyang Widi, angur baya den banjura, tan bisa wit nandhang sakit.
  79. Muga ta kangjeng sang wiku, welasan mring awak mami, sapa yogya nambanana, yen dede dika wong kuning, susutya neng pagulingan, lajeng nendra den Surati.
  80. Sang pandhita sampun rawuh, ing dhepoke den Surati, jumeneng neng palataran, sang wiku dangu anganti, ing wijilira kang putra, adangu datan kaeksi.
  81. Ki Ageng lajeng lumebu, marang dalemnyya kang siwi, sepi tan ana katingal, wau den Bondhan Surati, pesareyan ora ana, kadi wus tinilar lami.
  82. Sang pandhita mesem kalbu, mangkana ing tyas sang yogi marag ngendi paranira, putraningsun ki Surati, baya banget prihatinnya, sang wiku lajeng ngulati.
  83. Pagagan datan katemu, pakebonan tan kapanggih, marang sendhang pasiraman, makana Raden Surati, kapanggih nendra ing lawang, sare ngandhap nagasari.
  84. Sang pandhita wus andulu, mring putra Raden Surati, salira sawang kunarpa, langkung ngres ing tyas sang Yogi, nanging radian lagya nendra, tan uninga kang rama prapti.
  85. Kepati nendra den sunu, sendheyan wit nagasari, langkung lupa kang salira, mengkana sang maha yekti, lungguh aneng sandhingira, langkung tyasira sang yogi.
  86. Mengkana osiking kalbu, yen sun gugah anak mami, menawa kaget ki putra, tilase tan nendra lami, kongsi nglayung kang wedana, kang putra alon sinandhing.
  87. Wus dangu Raden awungu, tumingal kang rama prapti, lenggah aneng sandhingira, tur bekti Raden Surati, rinangkul mring sang pandhita, ingaras embun sang siwi.
  88. Sarya angandika arum, adhuh nyawa anak mami, wus aja dinawa-dawa, kulup lehira prihatin, mapan ingsun wus uninga, kang dadya kingkinireki.
  89. Marma prapta kaki ingsun, ngluwari kinglinireki, tan prabeda arinira, sun duga pribadi, wus ta payo mulih nyawa, esmu isin den Surati.
  90. Tur sembah Raden tumungkul, nanging tyas sagunung siwi, mesem sang raja pandhita, non ing tyas kang putra sandi, sang wiku malih ngandika, wis ta kaki payo mulih.
  91. Tan lenggana Raden sunu, tur sembah nulya tut wuri, lumampah aneng wuntatnya, sang pandhita munggeng ngarsi, kang manah marwata suta, Rahaden Bondhan Surati.
  92. Henengena kang lumaku, kawarna Dyah Retnaningsih, saundurira sing ngarsi, nira ri sang wiku Jati, nging wirangira kaetang, neng tepas mujung sang dewi.
  93. Tanpa dhahar sang retna yu, kang kaesthi solah neki, kanihaya kangjeng rama, tanpa jarwa kang sayekti, ingsun temah kawirangan, ing salami-lamineki.
  94. Alah ta dene si anu, bisa temen karya sandi, selawase tan ketara, dene nadya kadang yekti, waspada sebarang ingwang, iya sidi pangan sugih.
  95. Paran baya tambahipun, kinarnya ngilangken isin, tan bisaa temu ingwang, kalawan wong ika maning, mengkana osiking nala, sang retna dewi Nawangsih.
  96. Ni Emban kaku tyasipun, nunggoni mring sang retnadi, tan dhahar datan ngandika, esmu ngelih lawan arip, dadya turon anglungsur, lir bulus angrem kaeksi.
  97. Ayun matur mring sang arum, ni emban sanget denya jrih, dadya tinengga kewala, kawarnaha jeng sang yogi, wus prapta neng dhepokira, lan Raden Bondhan Surati.
  98. Sang pandhita ngandika rum, mring Raden Bondhan Surati, lah kulup sira kariya, sun nari arinireki, mesem nembah Raden Bondhan, sang wiku nulya lumaris.
  99. Mring dalemnya sang dyah ingrum, kagyat si emban ningali, mring rawuhe sang pandhita, nulya matur marang gusti, pukulun rama paduku, rawuh tumedhak ing mariki.
  100. Sang retnaning dyah tumurun, saking jroning tilam sari, amenthuk dhateng kang rama, semu lingsem sang retnadi, sang pandhita nulya lenggah, sang retna sampun ngabekti.
  101. Ngusweng suku sang palunggoh, sang pandhita ngandika ris, rara wus sira lungguha, dyan lenggah sang mindha ratih, sang wiku malih ngandika, marmaning sun prapta ngriki.
  102. Nutukaken karsaningsun, sira akrama nini, tan ana ingkang prayoga, kang pantes sira ngengeri, tumeka donya ngakherat, mung iku paningal mami.
  103. Lan wus karsaning Hyang Agung, pinesthi jodhonireki, tan ana liyaning nyawa, nging kakangira Surati, ingkang dadya karsaningwang, paran mengko sira nini.
  104. Sang retnaning dyah umatur, alon dhumateng sudarmi, ya rama sakarsanira, ingsun darma anglakoni, nanging ta penjaluk ingwang, tekane si ibu dhingin.
  105. Mapan sun rama ayun weruh, wernane si ibu yekti, sang pandhita duk miyarsa, mring panuhun ingkang siwi, esmu kewran ing tyasira, supe dhingin wus wineling.
  106. Mengkana enget sang wiku, yen ing dhingin wus wineling, wau dhumateng kang garwa, mengkana welingereki, ya ki omah anakira, yen ana jodhoning benjing.
  107. Ya sira ngundanga mring sun, pan ingsun ayun udani, ing lakine anakira, wus pesthi ingsun gya prapti, mengkana jeng sang pandhita, mring kang putra ngandika ris.
  108. Ya bener nini karepmu, ingsun meh kelalen yekti, iya marang ibonira, payo marang sanggar nini, ngundang marang ibonira, menawa Allah marengi.
  109. Sang pandhita gya tumurun, tedhak marang sanggar nuli, sang retna mapan tut wuntat, emban satunggal kang ngiring, prapta sanggar sang pandhita, nenuhun marang Hyang Widi.
  110. Sarya ngobong merang iku, pari ketan wulung iki, aneng palataran sanggar, sang pandhita lan kang siwi, aneng ing sajroning sanggar, sarta nenuhun Hyang Widi.
  111. Nawangwulan praptanipun, kagyat retna Nawangsari, sapraptane kukus merang, ketan wulung ing tyas neki, ki omah ngundang mring ingwang, baya leh jodho nak mami.
  112. Dyah Nawangwulan tumurun, saking kayangan ireki, ing ngiring sagung widadara, tan dangu prapta sang dewi, aneng ing sanggar langgatan, nging angin ganda rumiyin.
  113. Sang pandhita tyasnya gumyur, myat angin ngidit ganda mrik, wus duga lamun kang garwa, badhe ingkang andhatengi, angga tyas mantuk taruna, Nawangwulan nulya prapta.
  114. Sang pandhita tyasnya gupuh, arsa pinondhong sang dewi, saking oneng salaminya, marma supe mring kang siwi, nginggati dyah Nawangwulan, ki omah ayun punapi.
  115. Prapta sun kene satuhu, ayun wruh mring ni Nawangsih, tan kangen marang wong cidra, mesem ngandika sang yogi, ya wus nora nimas dewa, den gedhe apura yayi.
  116. Saking ta kelalen ingsun, alawas nora kepanggih, wus yayi payo lenggaha, anakira ni Nawangsih, ayun ngabekti mring sira, Nawangwulan nulya linggih.
  117. Sang pandhita ngandika rum, Retnaningsih anak mami, iya iku ibunira, sang retna nulya ngabekti, rinangkul nungkemi pada, esmu waspada sang dewi.
  118. Dene lami tan kapangguh, langkung tyas dyah Nawangsasi, pinupus purbaning sukma, mangkana ngandika aris, dhuh Nawangsih anak ingwang, wus lungguha sira nini.
  119. Sawusnya tata alungguh, dyah Nawangwulan tanya ris, ki omah wonten punapa, dene angundang mring mami, sang pandhita lon ngandika, marmane sun undang yayi.
  120. Ing mengko putranireku, iya ni rara Nawangsih, yen sarju kalawan sira, ayun sun kramakken ugi, mapan wus ana jodhonya, iya putra Majapahit.
  121. Kang dadya teleng tyas ingsun, westa den Bondhan Surati, dyah Nawangwulan ngandika, ya ki omah sun methuki, pan iku wijining Jawa, kang kinarsakken Hyang Widi.
  122. Malih ngandika sang ayu, marang dyah retna Nawangsih, paran nini karsanira, sang retna matur ngabekti, ya ibu sakarsanira, pan ingsun darma nglakoni.
  123. Lamun wus dadi karepmu, kelawan si rama yekti, ingsun anarah kewala, Nawangwulan mesem angling, ya ki omah mantunira, ing mengko ana ing ngendi.
  124. Mapan ingsun ayun weruh, marang den Bondhan Surati, ki omah sira undanga, mengko ta ana ing ngendi, sang wiku mesem ngandika, ngong tinggal neng dhepok mami.
  125. Emban miyanga sireku, timbalana anak mami, iya ki Bondhan KeJawan, tan pantara nulya prapti, neng ngarsane sang pandhita, manembak Raden Surati.
  126. Sang wiku alon nabda rum, kaki marma sun timbali, ibonira iku prapta, ayun wruh warnanireki, mara sira ngabektiya, tur sembah Raden Surati.
  127. Dyah Nawangwulan nabda rum, ya kaki Bondhan Surati, ingsun titip arenira, den gedhe apura kaki, marang kaluputanira, iya ni rara Nawangsih.
  128. Sira ugung anakingsun, iya sawetara kaki, lawan maneh welasane, rare adoh lawan mami, tur sembah nuhun den Bondhan, Nawangwulan angling malih.
  129. Retnaningsih putraningsun, poma ywa sumaleng kapti, sakarsane kakangira, kumembeng wespa sang dewi, tumungkul denira lenggah, tan matur limiting galih.
  130. Dadya nungkemi sang ayu,  ing pangkon sarwi anangis, maras bok tinilar musna, dereng tutug kangeneki, dyah Nawangwulan semana, kumembeng wespanireki.
  131. Wekasan ngandika arum, Nawangsih nakingsun gusti, wus aja sira karuna, pupusen kelamun tekdir, mapan ingun nora kena, yen tiru manungsa yekti.
  132. Wus kariya nakingsun, den atut apalakrami, atenapi kaki sira, iya ki Bondhan Surati, estokna pitutur ingwang, kaki ingsun pamitan mulih.
  133. Ki omah kariya ingsun, pamit mapan arsa mulih, sang pandhita lon ngandika, bok aja mulih tumuli, tunggonana anakira, anaha kang pitung bengi.
  134. Melerok dyah Nawangingrum, sang pandhita amrepegi, ayun cinandhak kang garwa, Nawangwulan wus udani, marang karsane kang raka, ayun ngrusak taman sari.
  135. Nulya musna sang retnayu, mapan karya gena sami, ajentung raja pandhita, adangu tan kena angling, Nawangsih niba kantaka, mengkana Raden Surati.
  136. Kang rayi cinandhak sampun, pinondhong sang pindha ratih, nanging tan emut sang retna, binekta kondur tumuli, mring dalemira priyongga, sinarekken jinem wangi.
  137. Sang pandhita meksih kantun, neng sanggar tan kena angling, kelangkung limiting driya, nging kang garwa aneng ati, Nawangwulana kaniaya, aweh lara nora mati.
  138. Dya Retnaningsih winuwus, sinungkeman mring Surati, dhuh gusti sira wunguwa, tolehen pun kakang yayi, dyah emut purwa duksina, ngusap sri nata sang dewi. 

PUPUH III
S  I  N  O  M 

  1. Pupungun sang dyah kusuma, adangu tan kena angling, nging kang ibu aneng driya, mangkana Raden Surati, tansah mangarih-arih, dhuh masmirah jiwaningsun, kadawa-dawa, tolehen pun kakang gusti, ngestupada sadaya lamun kanggeya.
  2. Baya yang yang nging kumala, pupujan retnadi luwih, piturun saking ing swarga, tumedhak ing Tarup gusti, icala kang wiyadi, sapanen kang abdi masku, mirah krana punapa, tan sotah miyating dasih, tingalana gusti.
  3. Gusti abdi tanpa dosa, para ta den pitambuh, dhuh angger angandikaha, sapanen pun kakang gusti, kadya matur ing tulis tanana timbanging wuwus, mas mirah tur kawula, agya lega tyasing abdi, satemahe ing mangke angsal duduka.
  4. Duk kawula neng pepagan, limiting tyas lir ngemasi, ing mangke angsal usaha, temahe den pitambeti, mirah tan wedi gusti, pun kakang saestu lampus, mesem ratna juwita, sarya angandika aris, gething temen aku wong sugih wicara.
  5. Byar padhang tyasnya den Bondhan, tenapai dyah Retnaningsih, mring ibu ilang onengnya, pinupus kersaning Widi, nulya tumangkep nuli, langit lan buntala sampun, supe ing sekalihnya, katemben uninga resmi, wedhar karsa pan anglir manggih kumala.
  6. Gengira sagunung adam, pinangku sang mindha ratih, tan pegat kinuswa-kurwa, nulya ingemban sang dewi, mring patirtan tumuli, wus sasotya kalihipun, samya salin busana, ni emban ingkang ngLadosi, sawusira anjenger niba buhinya.
  7. Kelangkung pandung ni emban, ningali kang warna kalih, angladosi dalu siyang, prandene jomblong ningali, marang kang warna kalih, tuhu kalamun piturun, nulya kekanthen asta, lir Komajaya lan Ratih, marang sanggar ayun sowan sudarmi.
  8. Mangkana jeng sang pandhita, meksih aneng sanggar neki, samusnaning ingkang garwa, retna Nawangwulan iki, langkung tyasnya sang yogi, tan kondur mring dhepokipun, aneng sanggar kewala, Nawangwulan kang aneng ati, pan kawarna praptane putra kalihnya.
  9. Sareng katinggal pan agya, ingawe mring jeng sang yogi, dadya ical tyas mring garwa, sukanon mring saribit kalih, kalih samya ngabekti, marang ing sudarma sampun, sawusnya tata lenggah, sang pandhita ngandika ris, mring den Bondhan dhuh Surati anak ingwang.
  10. Ing benjing sapungkur ingwang, sira gumanti ing kami, den mengkel amangun tapa, aja sira salah kardi, tolehen ingkang kari, ing saturunira besuk, wus pinasthi dening Hyang, tanah Jawa kang darbeni, nora liya pan among saturunira.
  11. Iku kulup wruhanira, meh ana karsaning Widi, ramanira Brawijaya, wus telas lelakoneki, rusaking Majapahit, agama Buda nak ingsun, salin agama Islam, dene ingkang anyalini, ing agama yaiku dudu wong liya.
  12. Mapan putrane priyongga, iya kadangmu pribadi, kulup kang ana Palembang, kang kinarsakaken Hyang Widi, kang pra wali ngembani, sirnane ramanireku, marma sira sun wekas, aja sira salah kardi, ing rusake Negara ing Majalengka.
  13. Tumungkula ing atapa, poma aja walang ati, ing sirnane ramakira, apan wus kersaning Widi, turun ping patku benjing, ing Demak keratonipun, nuli Pajang gumantya, nging turun Pengging, yen wus iku ing Mentaram turun ira.
  14. Nging iku tanana liya, iya wiji Majapahit, nging turunira priyongga, kang tumeka jaman akhir, tanana kang anyalini, poma kulup wekas ingsun, suwunen mring Hyang Sukma, tetepe keraton Jawi, marma mangko aja sira salah karya.
  15. Tumungkula ing atapa, nging kurang ping lima kaki, kenane keraton Jawa, wus pasthi sira duweni, tanana maningmaning, kang kinarsaken Hyang Agung, nging ugere atapa, pan tiga sastranya kaki, iku kulup wernane ingkang aksara.
  16. Mapan zehad aranira, tegese iku ta kaki, tan ayun mulat ing liya, nanging dhiri kang kaeksi, kang ehe teges neki nyinggahi uni sedarum, ingkang wal tegesira, tinggal donya nora nolih, mapan ana ngandikane Hyang Sukma.
  17. Muhamad kekasih ingwang, sira sun turunken niki, iya marang ngalam donya, mapan telu wekas mami, sira wurukena iki, ya marang umat ireku, mengkene ya Muhamad, aturuwa lamun arip, amangana kalamun luwe ta sira.
  18. Nanging ta den sawetara, asahuwat lawan rabi, nanging yen banget kangennya, iku marganira eling, iya marang ing kami, kelawan umatireku, selamet ya Muhamad, jeng nabi sujud tumuli, neng ngarsane iya Rabil ngalamina.
  19. Bondhan Surati nak ingwang, ana wekas ingsun maning, iya ugering atapa, aksara setha den eling, iki wernane kaki, alip iku tegesipun, tan payun kawoworan, tingal kang sejati, dhirinira yekti suwung kewala.
  20. Datan darbe apa-apa, lam jalalah teges seki, endi kadudu kagungan, iya dhirinira kaki, miwah ingkang kaeksi, katingal laku sedarum, tan sepi datting sukma, mengkana anggepe tapi, kang lam tapi wus sirna sebarangira.
  21. Suwung tan ana katingal, nanging wujuding Hyang Widi, iku den prayitna, aja mengeng tingal neki, lamun iku kasliring, dadya batal tapanipun, dhuh kaki den prayitna, tegese ehe puniki, pan idayat idayat iku nugrahan.
  22. Marma Jebeng sira bisa, ningali wujud dolahi, iku pratondha nugrahan, oleh karilaning Widi, barang solehireki, ingkang musna meneng iku, sayektine ku drema, bisa panapa sireki, yen derbeya pan sira darbe punapa.
  23. Nanging poma ku den awas, aja kamomoran kaki, kalamun kamomoran, iku wujud setan iki, mim awal tegesneki, tan ana estining kalbu, liyaning pati ingkang, mulih mring iskikhayati, aneng donya pan iku dolan kiwala.
  24. Aksara kha tegesira, anging khak kang kaeksi, iya khak ira Hyang Sukma, pangucap paningal neki, pangambu pamiyarsi tanpayun liyan sukmeku, tan arsa kamomoran, anglindhung purbaning Widi, iya iku Jebeng kang tumekeng tapa.
  25. Dene Mim akhir tegesnya, ngantepi wuwus kawijil, lamun marang kalanggengan, tanpayun Jebeng baleni, lara pati tan gingsir, saking sihira Hyang Agung, ika wong kang tumeka, marang sampurnaning jalmi, mapan iku wus tan wruh swarga naraka.
  26. Aksara wal tegesira, tinggal jiwa raga dhiri, tan tolih marang salira, rusake wus tan udani, mapan punika sami, pinasrahaken kang asung, iku tingal ing tapa, tegese manungsa jati, pan mung iku pinandeng tan kena owah.
  27. Tur bekti Rahaden Bondhan, sumungkem pada sudarmi, langkung padhang ing tyasira, winejangan ngelmi ghaib, atenapi sang dewi, samya sumungkem mring suku, kalih langkung marwata, tan sumelang ing tyas mami, sang pandhita malih alon angandika.
  28. Lah wus ta padha muliha, mung iku poma den eling, wekasane wong agesang, tur sembah Raden Surati, tenapi sang retnadi, lengser sing ngarsa sang wiku, samya kekanthen asta, langkung tyasira sang yogi, aningali mring kang putra sekalihnya.
  29. Sapraptane dalemira, langkung sih sinisihan kalih, tan pegat pulang asmara, ing siyang tanapi ratri, tan pisah kadya mami, kalihnya samya tyasipun, mangkana wus alama, sang wiku tumekeng jangji, Raden Bondhan anggentosi mring kang rama.
  30. Henengena Tarub kawarna, Palembang sri narapati, langkung arjaning nagara, mengkana ingkang winarni, sowan mring Majapahit, sira Arya Dilah prabu, anulya tinimbalan, lajeng manjing ing jro puri, wus ingirid marang Patih Gajahmada.
  31. Prapteng ngarsa Brawijaya, ngusweng pada sri bupati, riwusnya nata ngandika, Arya Dilah anak mami, ingsun paringi rabi, putra Cina wijilipun, nanging ta wekas ingwang, ing mangke lagya garbini, poma sira aywa salah karya.
  32. Yen wus lahir karsanira, nateng Palembang tur bekti, pukulun nuwun sandika, ngandika malih sang aji, wus muliha anak mami, marang Palembang sireku, gawanen rabenira, tur sembah lengser sing ngarsi, medal lawan ki Patih Gajahmada.
  33. Lajeng kondur mring Palembang, sarta ambekta sang putri, datan winarna ing marga, Palembang pan sampun prapti, mangkana sampun lami, babar putra miyos jalu, apekik ingkang warna, Raden Patah parabneki, sampun lama anulya malih puputra.
  34. Raden Kusen namanira, patutan Palembang aji, kalih pan sampun diwasa, ngandika sri narpati, Patah anakingsun gusti, magangana nagrimu, iya iki Palembang, mapan sun tan angwasani, arinira si Kusen sira gawaha.
  35. Maranga ing tanah Jawa, ngawulaha mring sang aji, iya nateng Majalengka, mapan ingsun anggawani, kulup marang sireku, wong Palembang patang puluh, jujuka ing Jepara, langkung suka Raden kalih, nulya lengser sampun prapta ing Jepara.
  36. Raden Patah angandika, Kusen banjura pribadi, ngawula marang sang nata, iya ratu Majapahit, ana dene sun adhi, arep lunga ngaji ingsun, marang ing Ngampeldenta, sun kepengin dadi santri, wong Palembang kabeh sira gawaha.
  37. Anging kakang Wonapala, lan Wonasalam ku adhi, wong loro ingkang sun gawa, dene Palembang negari, ingsun wus lila adhi, kaduweha mring sireku, iki layang aturna, gawan sing Palembang adhi, lah ta payo wus adhi ungkur-ungkuran.
  38. Sira mringa Majalengka, ingsun marang Ngampelgadhing, kang rayi mopo karuna, nanging meksa den dukani, lajeng nurut kang ari, nulya sareng angkatipun, tan winarsang marga, Majapahit sampun prapti, jujuk dhateng kyana Patih Gajahmada.
  39. Kang surat lajeng tinampan, sampun katur mring sang aji, Raden nulya tinimbalan, dinangu saneskaryeki, wus telah atur neki, ya ta mesem sang aprabu, nulya aris ngandika, Gajahmada karsa mami, ya si Kusen ingsun ganjar nagara.
  40. Ing Trerung aran dipatya, Pecatondha karsa mami, ki patih matur sandika, kaliyan wus kinen mijil, henengna gentya winarni, Raden Patah kang winuwus, ngiring ki Wonasalam, Wonapala sampun prapti, Ngampeldenta langkung denya kinasiyan.
  41. Datan lama Raden Patah, gennya ngaji wus ngulami, pan lajeng pinundhut pisan, mantu dhateng sang ayogi, mapan dadya kekalih, kanjeng sunan mantonipun, jeng sunan wus uninga, marang karsaning Hyang Widi, yen den Patah badhe karsaning Hyang Sukma.
  42. Kang nyalini gama Buda, mila sagung para wali, mapan ta asih sadaya, mengkana ingkang winarni, Raden anulya pamit, mapan arsa karya dhukuh, jeng sunan angandika, ya Jebeng anak mami, lamun sira arsa karya dhukuh nyawa.
  43. Ngupoyoha ingkang wona, ana gelagah kang wangi, iku Jebeng dhukuhana, Rahaden anulya pamit, ngupaya kang wanadri, ingkang wangi glagahipun, mapan kalunta-lunta, wus manjing tengah wanadri, nulya manggih iya satengahing wona.
  44. Kang ganda kelangkung ambar, anulya dipun ulati, sampun panggih kang gelagah, satuhu kelamun wangi, Raden ngandika aris, kang Wonosalam sireku, maranga Ngampeldenta, iya ngaturana uning, yen wus ana glagahwangi gandanira.
  45. Ingsun yen dinangu kakang, wus bacut ana ing ngriki, nulya gya ana ing Wonasalam, lampahnya datan winarni, ing Ngampel sampun prapti, wus katur sasolahipun, jeng sunan nulya tedhak, pinunju para wali, pan pepak lan sedaya neng Ngampeldenta.
  46. Pan lajeng dherek sedaya, wus prapta lampah neki, ing prenahe kang gelagah, wus kepanggih lawan kang siwi, nulya kang para Wali, dhatengken kreramatipun, dumadak pan sakala jinurung marang Hyang Widi, tengah wona mapan wus dadi nagara.
  47. Jeng Sunan Makdum ngandika, marang sagung kang pra wali, lah ta kabeh seksenana, iya sagung anak mami, arane nagari iki, ing Demak lawan nakingsun, iya Rahaden Patah, arane mengko sunelih, jejuluk iya Pangeran Bintara.
  48. Mapan pra wali sedaya, kelangkung jumurung sami, anulya samya luwaran, sowang-sowang kang pra wali, Sunan Makdum winarni, wus kondur mring Ngampel iku, ing Demak sampun arja, langkung kathah jalma prapti, wus kapirsa saking nagri Majalengka.
  49. Kalamun tengahing wona, ing mangko dadya nagari, winestan nagari Demak, dene kang jumeneng iki, Pangeran Bintareki, nanging tanbuh wijilipun, mangkana kyana patya, putusan kinen nimbali, wus ping tiga tansah sinangga ing krama.
  50. Mengkana sang Brawijaya, wus uning nulya nimbali, mring Patih Gajahmada, lawan terung dipati, Pecatondha wus prapti, aneng ngarsane sang prabu, Sri Nalendra ngandika paran weratnira patih, tengah alas kawarta dadi nagara.
  51. Ki patih matur anembah, mapan estu kang pawarti, kawula sampun putusan, ngutus kaping tiga gusti, tansah sinongga krami, dene westane puniku, ingkang dadya gunungan, Pangeran Bintara sang aji, nging wijile sadaya datan uninga.
  52. Sri Nalendra angandika, marang ing Terung dipati, paran nguni kakangira, Pecatondha matur wotsari, rumiyin abdi aji, semados ngaos pukulun, dhumateng Ngampeldenta, mapan remen dados santri, lawan sanes inggih namane puniku.
  53. Nenggih namanipun kakang Raden Patah duk ing nguni, nanging kalih rencangira, sedaya punika gusti, pinasrahken sang aji, tiyang Palembang sedarum, inggih dhateng kawula, kelawan mokal upami, yen pun kakang gadhaha kajeng punika.
  54. Nanging santri karemannya, Sri Nalendra ngandika ris, yen mangkono Pecatondha, sira ingkang ingsun tuding, iya ngluruga iki, marang ing Demak sireku, kabeh wong Majalengka, gawanen aja na kari, matur nembah sang dipati Pecatondha.
  55. Pukulun dawuh sandika, nanging yan merangi gusti, dalem Terung kewala, lan Palembang anyampuni, nadyan kathah upami, tiyang ing Demak pukulun, tiyang anyar sedaya lan tan kena dugi neki, ya ta mesem nata alon angandika.
  56. Yen mangkono kersanira, iya wus ingsun lilani, nanging ta sira mangkata, iya ing sadina iki, tur sembah nulya mijil, sira sang dipati Terung, anulya mepak bala, semahab wong Terung sami, lawan Palembang nulya budhal sang dipatya.
  57. Henengena kang aneng marga, kawarna ing Demak iki, mapan wus miyarsa warta, lamun badhe den lurugi, kathah kang samya ngili, kangjeng Pangeran mapan sampun, pratela kang pawarta, lamun kang dadya pangirid, wong Palembang dipati Terung tindhihnya.
  58. Mesem Pangeran Bintara, lawan angandika aris, lah ta kakang Wonasalam, lan Wonapala ing benjing, aja na ngaton iki, sira lawan sabalamu, sun dhewe kang ngetingal, dimen ingsun den pateni, iya marang prajurit kang peksa lanang.
  59. Mengkana nulya ana, lumajeng atur upeksi, lamun damel ageng prapta, inggih saking Majapahit, Demak kinepung kikis, jeng pangran mesem amuwus, lah kakang Wonasalam, lan Wonopala den aglis, balanira padha kabeh umpetena.
  60. Kalihnya matur sandika, jeng pangran lenggah pribadi, aneng surambining langgar, dipati Terung winarni, langkung kaku tyas neki, den anti nora na metu, kelamun ateluka, tan ana pratondha neki, yen waniya nora mapaga yuda.
  61. Anulya sang adipatya, pan arsa uning pribadi, dhateng ingkang gadhah praja, mangkana esthining galih, baya amejanani, dene nora metu, lah padha kariya, sun ujane padha siji, ya si kraman nulya manjing sang dipatya.
  62. Mapan ta kapasang yoga, anjujug langgarnya uning, sang dipatya mring kang raka, alenggah aneng surambi, nulya tedhak sing wajik, wus binucal lawungipun, lumajeng sampun prapta, nungkemi pada anangis, nora nyana katuju samya  raharja.
  63. Kangjeng pangran angandika, lah ta wus menenga yayi, mapan ingsun atanya, sireku prapta ing ngriki, apa karyanereki, atawa ngutus sang prabu, lah ta mara pajara, sang dipatya matur aris, pan kawula ingutus kangjeng sang nata.
  64. Inggih kinen anelika, yen ing mriki wonten baris, sang nata nerka paduka, nanging sanget tur ta yekti, dene tuwan inguni, yun ngaos mring Ngampel iku, kelangkung kemokhalan, yen paduka gadhah kapti, pan mekaten tur amba dhateng sang nata.
  65. Kangjeng pangran angandika, sarya mesem mring kang rayi, mengka paran karsanira,  lamun wus nyata yen mami, sang dipatya tur bekti, sumangga karsa pukulun, kangjeng pangran ngandika, yen mangkono karsaa mami, wus ta mara ingsun sira aturena.
  66. Tanana wekasaneya, yen nora seba sun iki, najan tumeka ing lara, pati mapan sun lakoni, lah payo mangkat adhi, anulya budhal sedarum, wong Terung lan Palembang, ing Demak sawonteneki, tan winarna Demak Majapahit prapta.
  67. Panggya Patih Gajahmada, ingirid manjing ing puri, sang dipati Pecatondha, jeng pangran ingantun Jawi, cundhuk kelawan sang aji, sira adipati Terung, lajeng nungkemi pada, anangis sang adipati, Sri Nalendra alon denira ngandika.
  68. Lah ta wis sira menenga, matura paran sireki, nulya matur sang dipatya, pukulun atur pati urip, lepat amba narpati, pun Pecatondha pukulun, gusti punapa karsa, kang dadya runtaging nagri, pan ing Demak punika estu pun kakang.
  69. Mesem sang nata ngandika, lah ing mengko ana ngendi, iya iku kakangira, lon matur sang adipati, lun antun wonten jawi, sang nata ngandika arum, mara sira undanga, anulya dipun timbali, sampun prapta ingawe nungkemi pada.
  70. Rinangkul marang nalendra, ingaras mustakaneki, wus Jebeng sira lungguha, sun tanya ing purwaneki, gya katur niskareki, mesem ngandika sang prabu, ya wis ngestreni ingwang, nanging Jebeng wekas mami, ingkang gelem manjing agama prayoga.
  71. Kang tan gelem ywa pineksa, lawan aranira kaki, sun lilani aran sultan, ing Demak prayoga iki, Gajahmada sireki, padha undhangna sedarum, yen mangko putraningwang, sing Patah ingsun lilani, aran sultan ki patih atur sandika.
  72. Wus Jebeng sira muliha, mring nagrinira pribadi, kangjeng sultan tur sendika, wus lengser saking ngarsa ji, langkung marwata sami, sagung wong Demak sedarum, kangjeng sultan panulya, lajeng marang Ngampelgadhing, sampun prapta pra wali pepak sedaya.
  73. Wus katur sasolahira, langkung sokur kang pra wali, mapan nulya pirembagan, sagung ingkang para wali, karya Masjid puniki, ingkang damel rembag sedarum, anulya samya mangkat, mring Demak sagunging wali,  sareng lawan kangjeng sultan sampun prapta.
  74. Ing Demak wali sedaya, jumurung marang Hyang Widi, karya Mesjid geng wus dadya, mapan tundha tiga iki, langkung endah kang warni, lajeng inganyaran sampun, mapan kinarya salat, Jumengah sagunging wali, Sunan Bonang ingkang dadya imanira.
  75. Sunan Giri maos kutbah, mung ngasiral Sunan Kali, pra wali awal sedaya, lawan kangjeng Sultan iki, wus bakda salatneki, anulya ana gumandul, saluhur pangimanan, Sunan Bonang mundhut aglis, ingkang cucal menda kinanthilan surat.
  76. Pan mengkana ungelira, penget iki kang kulambi, lorodanjeng rasulolah, pinaringken Sunan Kali, antakusuma iki, ulesnya walulang wedhus, ki gondhil aranira, anulya binuka nuli, langkung endah kang rasukan monca warna.
  77. Langkung sokur sunan Bonang, mesem angandika aris, Jebeng kali mareneya, sira ingkang den paringi, lorodaning jeng nabi, yayi ngempek bae ingsun, Sunan Kali tumulya, asujud marang Hyang Widi, wus luwaran sagung pra wali sedaya.
  78. Ing Demak kelangkung arja, dadya alit Majapahit, mengkana sang Brawijaya, dadya bendu animbali, marang rekyana patih, kalawan Dipati Terung, sampun prapta ing arsa, ngandika Sri Narapati, Gajahmada ing Demak sira rusaka.
  79. Kelawan si Pecatondha, kerigen wong Majapahit, kekalih matur sandika, sampun lengser saking ing ngarsi, medal tengara muni, kendhang gong teteg gumuruh, sagung wong Majalengka, samya asiaga jurit, nulya mangkat gegaman tanpa wilangan.
  80. Jeng Sultan Demak winarna, mapan wus miyarsa warti, pepak pra wali sedaya, wus rembag methuk ing jurit, kang dadya Senapati, anenggih jeng Sunan Ngudung, nulya nembang tengara, gemuruh swaraning jalmi, wong ing Demak sampun siyaga ngayuda.
  81. Tan pantara nulya pangkat, wus kapethuk aneng margi, mapan wus datan kuciwa, singa kathaha kang jalmi, nulya campuh kang jurit, mapan samya purunipun, mengkana Senapatya, panggih samya senopati, Sunan Ngudung lan dipati Pecatondha.
  82. Anulya ayun-ayunan, arame denira jurit, data nana kang kuciwa, mapan wus karsaning widi, Sunan Ngudung kajodhi, wus rinebat kayonipun, kasapih dalu ika, wong Demak alit tyas neki, mesanggrahan kyana Patih Gajahmada.
  83. Kasukan wong Majalengka, mengkana ingkang winarni, sang dipati Pecatondha, kelangkung ngungunireki, dadya ewed ingkang galih, ajrih mring kalihanipun, ing dalu pirembangan, lan wadya Palembang sami, nulya budhal bolos mantuk mring Palembang.
  84. Pan lajeng mancal bahita, praptanira tan winarni, wadya ing Terung sadaya, pan sampun atur upeksi, dhateng rekyana patih, Gajahpremada angungun, henengna gantya winarna, Sunan Ngudung layoneki, mapan sampun prapta negara ing Demak.
  85. Wus katur dhateng jeng sultan, layon sinareken nuli, jeng sultan langkung bramatya, wau dhumateng kang rayi, angrasuk busana glis, arsa nyalirani pupuh, tan pantara wus budhal, tan kantun kang para wali, kawarnaha kyana Patih Gajahmada.
  86. Mapan wus miharsa warta, yen badhe ingantep jurit, langkung ewet tyas ki patya, nulya tinengaran sami, sagung wong Majapahit, mundur marang Majalangu, prapta rekyana patya, lajeng lumebeting puri, sampun katur langkung ngungun Sri Nalendra.
  87. Mengkana enget sang Nata, yen wus janjining Hyang Widi, anulya aris ngandika, Gajahmada karsa mami, ingsun mekhrad saiki, pan wus karsaning Hyang Agung, lan sakeh wadyaningwang, kang meksih agamaneki, iya Buda paningsun gawa sedaya.
  88. Ana dene garwaningwang, iya ratu Darawati, mapan nora ingsun gawa, sebab wus manjing agami sebatur neki, wus maratundhangna iku, ki patih tur sendika, tan pantara wus weradin, nulya musna kangjeng rising Brawijaya.
  89. Lawan Patih Gajahmada, lan kulawarga tan kari, musna lawan kedhatonnya, nging sang ratu Darawati, punika meksih kari, lawan sapawonganipun, atenapi dalemnya, lawan pajeksan kang meksih, lan mariyem liya punika pan musna.
  90. Kawarna jeng sultan Demak, prapta lan sagung pra wali, kapanggih suwung sedaya, tanana jalma sawiji, lawan kedhatonneki, nging kaputren meksih kantun, anulya kangjeng sultan, sowan lan kang ibu panggih, gya rinangkul mring kang ibu Darawatya.
  91. Samya kumembeng kang waspa, gya emut purbaning widi, ingkang ibu ingaturan, kondur marang Demak nuli, tan winarna wus prapti, Demak langkung arjanipun, semana tanah Jawa, mapan sampun Islam sami, pan wus lama sang prabu sampun peputra.
  92. Jalu abagus kang warna, lawan wus alim mring ngelmi, jinulukan mring kang rama, kangjeng Pangran Trengganeki, tata tita wus lami, kawarna ki Ageng Tarub, mapan sampun peputra, jalu warna apekik, pinaraban mring rama Getaspendhawa.
  93. Diwasa sampun winejang, ngelmi traping mangunteki, sampun kaduga rasanya, dadya luluh tyas sireki, mapan kersaning Widi, Raden tan remen wismeku, remen asaba wona, nenepi guwa kang sungil, pan ingampah mring ibu rama tan kena.
  94. Kelangkung liwung tyasira, Rahaden mring kang sejati karem mring rasaning purba, supe dhahar lawan guling, malah kang eyang iki, sring manggihi mring den sunu, dyah retna Nawangwulan, amejang ngelmi kang sidik, dadya wuwuh Raden sudira ing tapa.
  95. Dadya trus ing tingalira, padhang tanana ngalingi, marang dattira Hyang Sukma, sura legawa mring pati, wus nyata sakarseki, wani nglara tega lampus, bagus meksih taruna, sumilak tajanya wening, datan uning jurang parang arga wona.
  96. Ki Ageng ingkang winarni, kang putra pineksa krami, angsal putraning pandhita, ing Sekarlampir yu luwih, dadya tut palakrami, wus lama Kyai Geng lampus, prapta ing janjinira, tan lama lan garwaneki, Raden Getas wus gentosi mring kang rama.
  97. Nanging ki Ageng punika, ing Tarub langkung arjeki, ri sampunnya lama lama, peputra jalu apekik, mapan sinung wewangi, Raden Selarasa iku, ri sampunnya diwasa, remen adhekah pribadi, lawan sampun kinaramakaken ika.
  98. Angsal putrining pandhita, ing Selabentar puniki, wus lama anggennya dhedhekah, akathah tiyang tut wuri, dadya karan puniki, dhekahing sela punika, mengkana kinarya, namur lampah among tani, langkung arja ing Tarub sampun kuciwa.
  99. Ki Ageng Tarub semana, wus sepuh ing mangsa neki, ingkang putra tinimbalan, Raden Selarasa prapti, ngarsanya kang sudarmi, manembah sumungkem suku, sang pandhita ngandika, wus Jebeng lungguha iki, marma ingsun angundang marang ing sira.
  100. Pan ingsung iki wus tuwa, meh ana karsaning Widi, anging ta wewekas ingwang, kulup den angati ati, wong urip neng donyaki, den awas sira nakingsun, marang saliranira, sarta pangridhuning iblis, aneng donya ywa pegat sira nastapa.
  101. Lan iki pitutur ingwang, marang sireku den eling, mapan sastra tigang dasa, karyanen ugrering ati, amrih ywa keguh kaki, tingalira mring Hyang Agung, alip tegese ika, karepa marang Hyang Widi, angrasaha yen uripira titipan.
  102. Aja karep mring kang liya, karepna marang kang titip, hebe tegese punika, yun bener anggepireki, barang tingkah ireki, mosik meneng nyata kulup, mring ngendi paranira, poma den wespada kaki, lamun meneng ana ngendi osikira.
  103. Kalamun mosik tyasira, henengira ana ngendi, poma iku iku aja pegat, ing siyang kelawan latri, ijenen iku kaki, lan sapa kang ngajeni iku, lawan tetegesira, yun terang tapaning ngati, atinira adhepena mring Hyang Sukma.
  104. Lamune sireku ana, mapan ana ingkang kardi, dudu ananira dhawak, yen sira mangkono maning, nanging den awas kaki, marang ngendi sirnanipun, marma kulup mengkana, denesireku wus dadi, tan wus terang sira kapanjingan rasa.
  105. Ingkang satengese nyawa, lir sarah sira paniki, ananira aneng donya, separan parane kentir, mapan lir katut warih, puniku upamenipun, kumambang neng segara, nging srahna dhirinireki, angeliya marang purbaning Hyang Sukma.
  106. Aja ngeli marang hawa, den wespada sira kaki, aksara jim tegesira, mapan sireku wus pinaring, jembar paningal neki,  pangambu lawan pangrungu, atenapi pangucap, nging trusena mring kang jati, kabeh iku ulihena mring satunggal.
  107. Lamun nora mengkonoha, kena ing rencana kaki, aksara kha tegesira, anging khak ingkang kaeksi, kang anyar wus tan kesthi, nging kadis karya Hyang Agung, kha gedhe tegesira, khalal kharam wus tan nolih, pan tegese pan iku lumuh sadaya.
  108. Aksara dal tegesira, derajat iku sayekti, tegese ingkang derajat, ananira iku kaki, kinacek sami neki, mahluk kang aneng donyeku, marma ingkang manungsa, kaki arep ngati ati, sipatira pratondha ananing sukma.
  109. Kang dal gedhe tegesira, iku ta dedalan eling, eling iku rong prakara, kang dhihin dalaning urip, pindho dalaning pati, anging Allah tegesipun, tan payun mulat liya, pan anging datting Hyang Widi, aksara re tegese iku pan rahmad.
  110. Marma kaki sira bisa, ningali wujud dolahi, iku pratondhaning rahmad, tan bisa weruh pribadi, yektine sireku kaki, wuta tuli bisu suwung, tanana dayanira, ze teges iku kaki, mapan ajrih ningali wujud kang liya.
  111. Wus datan yun kawoworan, tingal marang kang sejati, nengeng heneng kang salira, pan lir ulama lungsungi, sin cilik tegesneki, nging sebarang polahipun, kang kaniyana ing jalma, yektine tyase wus sepi, pan wus ilang tingal kang bangsa manungsa.
  112. Sa gedhe tegese iya, kusarat ningali dhiri, ing tyase mapan wus sirna, dunya wus kalimput yekti, marang ngelmuning widi, dadya sokur lakunipun, sat tegese ika, wus serupiku yekti, datan kena winuwus mongsa bodhowa.
  113. Lat tegese iku iya, wus kerem teleng jeladri, tan kena kinaya ngapa, yen jamak jalma kang uning, iku pesthi tan uning, mapan larangan satuhu, te gedhe tegesira, tuwekal cobaning widi, wus angrasa yen tan derbe apa-apa.
  114. Le kang laku tegesira, nglakoni prentah kang yekti, mapan iku kang warana, ling aligning jalma luwih, ngain ing tegesneki, ngaran irih karyanipun, ing laku myang ing solah, lungguh tenapi yen angling, datan montra yen iku jalma utama.
  115. Ain tegeseku iya, nyekeli kadis lan dalil, datan kena yen bengganga, wedi pisah lan Hyang Widi, kang efe tegesneki, wus prenah sebarangipun, pan wus iku tan kena, yen kawoworan iblis, wus mutakim marang rabil ngalamina.
  116. Ka cilik tegese ika, wus weruh karsaning widi, kang dudu lawan kang nyata, mapan tan keliru yekti, kap gedhe teges neki, wus narima ing sihipun, yen dhiri iki karya, wewayangan kang sejati, lam jalalah wespada isining jagad.
  117. Kabeh pan wus kalimputan, yaiku ngalam kekalih, kabir sahir wus jinajah, kang mim nenggih teges neki, mantep tan ngrasa mati, kana kene tan kadulu, suwarga lan neraka, sakeh elok tan katolih, anging Allah kang dadi paraning tingal.
  118. Aksara nun tegesira, nerawang tingal mring jati, anerus bumi akasa, tumeka ing pitung lapis, mulih duk cahyaneki, wus tan kamomoran tuhu, wawu tegese ika, wus weruh sakeh dumadi, tagungane iya rabil ngalamina.
  119. Ing prenah satunggala tunggal, kang ehe tegesireki, amrih maring katunggalan, tan payun benggang sayekti, pan lir upamineki, tembaga lan emas iku, sirna kalih warnanya, lan arana iya salin, kang aksara lam alip teges ika.
  120. Aling aling iku nyata, tetebeng Hyang Maha Suci, yektine marga sempurna, pan tan ana malih malih, margi luwih utami, ingkang liya saking iku, wus perak datting sukma, aksara ambyah puniki, ing tegese wus kumpul bangsa tetiga.
  121. Nabi wali mukmin ika, aksara ya teges neki, mapan iya iku nyata, wus tanana malih malih, poma estokna, kaki, den ngati ati nakingsun, wong amrih katunggalan, nora kena salah kardi, kaya kaya mapan iku nora kena.
  122. Tur sembah den Selarasa, sumungkem suku sudarmi, langkung padhang ing tyas neki, winejangan ngelmi sidik, mangkana aturneki, mugi angsala pangestu, saking jeng sang pandhita, lan supangat kangjeng nabi, karilane Subhanahu Watangala.
  123. Kawula mugi sageda, nglampahi lampah kang yekti, tebihna lampah duraka, sang Pandhita ngandika ris, ya Jebeng sun amini, karilana mring Hyang Agung, mugi tinulungana, lan sumangat nabihumi, lawan Jebeng ingsun arsa mangun lampah.
  124. Mapan iya satus dina, ingsun aja ka tiliki, apa dene nyai sira, sun arsa weruh kang yekti, mring ghaib kang sejati, poma nyai wekas ingsun, pa dene Jebeng sira, aja na sumelang ati, yen wus genep satus dina sun rihaya.
  125. Lah padha olah olaha, wus Jebeng muliha iki, tur sembah den Selarasa, mundur sing ngarsa sudarmi, kang winarna sang yogi, tedhak saking dalemipun, lajeng lumebet wona, mapan sedya mangunteki, rempuning tyas birahi marang Hyang Sukma.
  126. Mapan wus tanana kaetang, miwah ingkang walang ati, karem marang ing iradat, liwung suwung wus tanolih, jajah wona myang ardi, guwa jurang parang agung, mengkana sang pandhita, ngupados telenging galih, duksemana pinarak ngandhap widara.
  127. Dadekken tunggal lahira, neng ngriku sang maha yekti, sendheyan kajeng widara, ingkang putra sring nuweni, nanging saking ing tebih, mapan tan tega ing kalbu, ajrih yen ngatingala, sabab dhingin wus wineling, marmanira tan tega den Selarasa.
  128. Dene wus sepuh kang rama, Rahaden kelangkung water, menawa tinilar seda, marma saben dina prapti, nuweni mring sudarmi, yun tan suka jrih kelangkung, nanging datan katingal, mengkana sampun nujoni, satus dina pananging kirang sedina.
  129. Jangkepira satus dina, mila sami suka neki, nyai Ageng lan kang putra, wong Tarubsela wus prapti, mapan samya kinerig, olah olah karsanipun, badhe karya rihaya, rame jalma raratengi, henengena kawarna jeng sang pandhita.
  130. Ingkang lagya mangun brongta, neng ngandhaping widareki, tansah anggung among karsa, mapan nedya anglabeti, jajah ngalam puniki, sekawan sampun kacakup, wus terang sakarsanya, sadaya mapan dumeling, angalam nasut pranyata alam manungsa.
  131. Alam jabarut punika, nyata jim ingkang drebeni, alam malakut punika, Malaekat kang duweni, alam lahut wus yekti, prapta purbaning Hyang Agung, pasenetan datolah, anggene manungsa jati, ya manungsa ingkang tumeka sampurna.
  132. Sang pandhita duk semana, angrasuk kang tingal asib, pan asib tunggaling rasa, pan rasa tunggaling urip, urip tunggal karseki, karsa mantuk suci sampun, kadya duk nguni cahya, wis tan kamomoran yekti, tunggal rasa tunggal urip tunggal cahya.
  133. Kang jasmani sampun purna, asalin badan rokhani, ngalam sahir wus tan ana, ngenggeni ngalam kang kabir, wus jumbuh tan kekalih, pan datan kena winuwus, mengkana sang Pandhita, wus musna saking donyeki, myang kang raga dadya tan ana tilasnya.
  134. Kondurnya mring ngisikhayat, ing jaman langgeng wus prapti, ngalam donya duk semana, amawi pratondha yekti, icale jalma luwih, kukuwung pating palengkung, teja mangkara-kara, gumleduk kang poma wukir, segara rob tedhuh peteng tanah Jawa.
  135. Kilat thathit lawan lidhah, timbangan lan ubar-abir, lindhu ping pitu sedina, surya sasi tan kaeksi, mengkana kang winarni, den Selarasa winuwus, pan lagya lalungguhan, kalawan kang ibu iki, tata-tata ayun methuk mring sudarma.
  136. Wong Tarubsela wus aglar, kang boja sampun miranti, mengkana den Selarasa, kelawan kang ibu iki, samya kapareng galih, mulat gara-gara agung, wusnya nayen kang raka, tampi rahmating Hyang Widi, Selarasa ing tyasnya datan sakeca.
  137. Mengkana den Selarasa, ayun susul mring sudarmi, tan kantun kang ibu ika, kulawongsa dherek sami, tan dangu prapti nuli, neng ngandhaping widareku, sang Pandhita wus musna, nyai Ageng duk ningali, mring tilase kang raka anjrit karuna.
  138. Niba nulya kapidhara, mapan wus karsaning Widi, Nyai Ageng lajeng seda, dene Selarasa winarni, langkung rempuning galih, anjetung tan kena muwus, nanging kari sakilan, jembare jagad kaeksi, kulawongsa kang tuwa samya grahita.
  139. Rahaden ngrupak paningal, nulya samya den sungkemi, mengkana samya turira, adhuh gusti kados pundi, abdi kang keri-keri, tuwan tolehken pukulun, punika kang kunarpa, kangjeng ibu tuwan gusti, welasana tuwan sinten ingkang nyaenana.
  140. Rahaden emut sekala, yen meksih sipat dumadi, mapan iku nora kena, yen luput lara prihatin, nulya pinupus nuli, marang tekdir ring Hyang Agung, nuli aris ngandika, ya sakehe sanak mami, becikana petilasane jeng rama.
  141. Layone kang ibu nulya, kinukup wus den beciki, lajeng kondur dhateng Sela, juju king panepeneki, mapan tan kena mijil, ing Tarub ingkang winuwus, sagunge kulawongsa, tan karuwan solah neki, kudhandhangan saenggen-enggen karuna. 

PUPUH IV
DHANDHANGGULA 

  1. Henengena Tarub Selasami, ingkang lagya prihatin sedaya, Rahaden sampun gumantos, kiyageng namanipun, pan tinilar ing Tarub iki, dalem wonten ing Sela, dadya karan sampun, anenggih kiyai Ageng Sela, pan sinigeg ing Demak ingkang winarni, kangjeng Sultan wus seda.
  2. Ingkang putra pan sampun gumanti, Kangjeng Pangran Trenggana punika, Wonasalam pepatihe, Pengulu Sunan Kudus, yata ana winarna malih, Pengging Tingkir punika, samya turunipun, anenggih sang Brawijaya, ana ing Tingkir Kebokanigara iki, Pengging Kebokenonga.
  3. Pan wus lami ki Ageng Pengging iki, datan arsa sowan mring Demak, kang raja langkung susahe, ki Ageng Tingkir sampun, tedhak rawuh dhumateng Pengging, panggih kang rayi nulya, Jawab asta sampun, ki Ageng Tingkir ngandika, ingsun adhi ayun tanya kang sayekti, mara sira pajara.
  4. Dene lawas tan arsa sireki, iya seba mring jeng Sultan Demak, pan kandhangan sira kuwe, yen dhasar wani tuhu, pa yo sisan umadeg baris, ingsun mongsa tegaha, dadi nora tanggung, ingkang kaya karepira, drawasaka wus sun duga karsaneki, sira dhi kaya-kaya.
  5. Datan matur ki Ageng ing Pengging, pan tumungkul lawan ismu waspa, winarna wau garwane, ki Ageng Pengging iku, wawrat sepuh wus mongsaneki, dalu mapan ringgitan, beber ringgitipun, anyegah dhateng kang raka, nyai Ageng kepareng babar puniki, miyos jalu kang putra.
  6. Gya pinangku mring kang uwa nuli, Kyai Ageng Tingkir angandika, yayi putranira kiye, sun arani yayi iku, iya Raden Kerebet yayi, kang rayi tan lenggana, mengkana wus kondur, kiyageng ing Tingkir ika, kawarnaha jeng Sultan Demak anuding, mring Kyaigeng Wanapala.
  7. Animbali mring ki Ageng Pengging, wus ping tiga pan sinongga krama, ki Ageng Tingkir ta mangko, miyarsa wartenipun, yen kang rayi ki Ageng Pengging, tinimbalan mring Demak, wus ping tiga iku, tan sowan sinongga krama, dadya susah ki Ageng Tingkir kang galih, angles pan lajeng seda.
  8. Nyai Ageng Tingkir wus tur uning, marang Pengging yen kang raka seda, kagyat lantaran lampahe, ki Ageng Pengging rawuh, dhateng Tingkir anulya nungkemi, mring layone kang raka, ri wusnya amuwus, mugi kula sampun lama, kakang kantun wus tan saged neng donyeki, wus kinubur kang raka.
  9. Nulya pamit kondur dhateng Pengging, sampun prapta pan lajeng kewala, ki Ageng manjing panepen, pan datan kena muwus, lawan nora amijil-mijil, henengna ingkang sungkawa, gantya kang winuwus, nenggih kangjeng Sultan Demak, animbali Sunan Kudus sampun prapti, sang nata angandika.
  10. Marma kang kawula aturi, aprekawis pun Pengging punika, kados pundi prayogine, kangjeng Sunan umatur, yen marengi kula pribadi, mangke ingkang lumampah, jeng sultan nabda rum, gih kakang langkung prayoga, Jawab tangan pamit kangjeng sunan mijil, busana nulya mangkat.
  11. Nging sekawan sekhabat kang ngiring, tan winarna marga Pengging prapta, lungguh ngandhap waringine, jeng sunan ngandika rum, mring sekhabat sekawan neki, padha sira kariya, neng mriki sedarum, poma aja lunga-lunga, sun malebu lamun ana rame iki, tabuhen Kyai sima.
  12. Pan sandika sedaya tur neki, kangjeng Sunan malebet wus prapta, jujug kori butulane, dhepepel pinggir pintu, mapan nuju ana wong mijil, arsa ngangsu mring sendhang, kaget duk andulu, ana wong dhepepel lawang, gya tinanya andika tiyang ing pundi, kula tembe uninga.
  13. Kang busana lawan warna neki, dene lajeng neng kori butulan, jeng sunan mesem nabda lon, ingsun arep ketemu, iya lawan ki Ageng Pengging, ingkang ngangsu angucap, tan kenging puniku, ki Ageng lagya sungkawa, sasedane kang raka ki Ageng Tingkir, pan sampun pitung dina.
  14. Kyai Ageng mboten mijil-mijil, kula ajrih kalamun matura, jeng Sunan ngandika mangko, ora teka umatur, mapan ingsun wong teka langit, akarya kang kita, ingutus Hyang Agung, langit biru wismaningwang, yen tinanya dadya wong punika ajrih, wangsul matur anulya.
  15. Kyai Ageng mesem ngandika ris, aturana wong langit ku iya, banjur malebuwa mrene, ngaturana sampun rawuh, nulya panggih Ki Ageng Pengging, kelawan kangjeng Sunan, neng jro kobongan iku, jeng sunan nulya ngandika, Jebeng Pengging mangke sira den timbali, marang jeng Sunan Demak.
  16. Kyai Ageng alon anahuri, mapan tiyang dhedhekah kawula, ngandika apa karyane, kangjeng sunan amuwus, yen tan arsa sira ki Pengging, mara sira piliha, karsane sang prabu, ing luhur lawan ing andhap, jaba jero kang endi sira enggoni, ki Ageng angandika.
  17. Yen miliya ing jero pan sirik, yen miliya jaba luwih sasar, semang-semang pangidhepe, yen miliya ing luhur, pan kumandhang den kabekteni, yen miliya ing ngandhap, iku sasar agung, kapire patang matdehap, jaba jero ngisor luhur drebe mami, orane duwekingwang.
  18. Sunan Kudus mangkya ngandika ris, dene sira angucap mengkana, apa mateng panggilute, Kyai Ageng amuwus, mundur bakal sira puniki, kalamun wis ingucap, ku pesthi den ulu, jeng sunan mesem ngandika, yen mengkono ingsun pan arsa udani, samengko suwungira.
  19. Kyai Ageng pan alon nahuri, yen manungsa metu marga ina, pasthi nganggo dalan mangke, olehe maring suwung, Sunan Kudus alon nahuri, apa kinarya marga, ingsun ayun weruh, Kyai Ageng angandika, iki lading belekna sikutngong kering, sunan Kudus tumandang.
  20. Wus binelek ki Ageng ngemasi, sunan Kudus nulya uluk salam, ki Ageng Jawab salame, sunan Kudus amuwus, wong wus mati bisa nahuri, oleh mretabat setan, Kyai Ageng lampus, lajeng denira palastra, Sunan Kudus wus medal lan sabat panggih, wus lajeng kondur nulya.
  21. Nyai Ageng wus kang winarni, sampun mateng nggennya olah-olah, badhe sugata tamune, dangu datan pinundhut, lan tan ana banane sami, nulya ngintip kang raka, wus seda puniku, kagyat nyai Ageng nulya, anungkemi ing layon sarwi anangis, lajeng atuweg raga.
  22. Datan tolih mring kang putra iki, lajeng seda sandhing kang raka, mangkana den mas Karebet, kapejeng denya muwun, mapan lagya brerangkang iki, aneng sandhing kunarpa, wong Pengging gemrumung, kang estri nangis sedaya, ingkang jaler mapan samya anututi, marang wong ingkang cidra.
  23. Nanging sampun tebih tan kepanggih, mapan lajeng ngaturi uninga, dhumateng ing Tingkir mangke, nyai Ageng wus rawuh, lajeng ngemban dhateng kang siwi, langkung denya karuna, layon wis kinubur, Rahaden nulya binekta mring ibu wus kondur dhumateng Tingkir, sunan Kudus winarna.
  24. Sampun rawuh ing Demak nagari, lajeng sowan dhumateng jeng sultan, lajeng katur saneskarane, langkung tyasipun, wus tanana kang dadya galih, henengna jeng sultan Demak, Sela kang winuwus, kelangkung dene raharja, Tarub Sela wus kumpul dadi sawiji, Ki Ageng wus peputra.
  25. Mapan tiga kang jalu sawiji, Raden Henis pan sampun diwasa, lajeng kineramakake, pan angsal putranipun, nenggih buyut Laweyan iki, Raden Henis mengkana, remen dalem iku, anenggih ing Kelaweyan, ingkang rama ki Ageng Sela nuruti, wus lama apeputra.
  26. Jalu bagus lawan amrahati, wus pinundhut dhumateng kang eyang, binekta ing Sela mangke, pan wus sinung jejuluk, mring kang eyang ki ageng iki, Rahaden Pemanahan, langkung sih sang wiku, wau dhumateng sang wayah, pan kuciwa marang kang putra pribadi, tresna dhateng kang wayah.
  27. Marmanira jinulukan iki, mring kang eyang den Pemanahan, ki ageng henting tresnane, sapangen agengipun, watak kendel datan patya ngling, pan gangsal sadhereknya, nanging kang pinundhut, wau dhumateng kang eyang, nging Rahaden Pemanahan iku singgih, binekta dhateng Sela.
  28. Mapan tanen makaryanya singgih, kang kinarya namur lampahira, mangkana panuju mangko, ing mongsa rendheng iku, sang pandhita mapan neng sabin, tan kantun lan kan wayah, kinen aneng gubug, Rahaden datan lenggana, sang pandhita amemacul aneng sabin, kang Jawah langkung dresnya.
  29. Samya bubar sagunge wong tani, nora tahan dening atisira, dadya mantuk dhewe dhewe, mengkana ingkang kantun, sang pandhita lan wayah neki, Rahaden Pemanahan, nanging wonten gubug, sadAngunya udan udan, ingkang eyang mapan datan anglilani, marma neng gubug ika.
  30. Terang udan kantun riwis riwis, wonten coba sing Allah Tangala, warna kaki-kaki mangko, wus pikun wayahipun, sarya amoh penganggo neki, ki Ageng pinaranan, sarwi mesem iku, sang pandhita wus uninga, lamun iku dudu jalma sayekti, sang wiku wus prayitna.
  31. Sareng celak wus cinandhak nuli, kinipatken sang wiku kasingsal, nulya dinuwang pacule, langkung bramatyanipun, sang pandhita nerajang malih, nulya candhak cinandhak, samya sudibya nung, data nana kang kuciwa, dreg udregan Rahaden nulya udani, kelamun ingkang eyang.
  32. Pacakara lawan kaki kaki, yun tetulung teksih ajrih ika, gya lumajar kondur mangke, mring desa asung weruh,kawarnaha ingkang ajurit, gentya larak linarak, awetara iku, ana sawah sa jung lawah, ingkang rata pan anglir ginaru singgih, mapan dadya leleran.
  33. Wus pratela wirayating ngelmi, yen manungsa ingkang sejatinya, hunusaning makluk kabeh, wus kersaning Hyang Agung, ya ta apes wong kaki kaki, karingkus tanganira, pan kekalih sampun, kawarna den Pemanahan, sampun prapta ing desa lan tawan tangis, dadya kaget sadaya.
  34. Wong ing desa samya taken warti, gya winartan kelamun kang eyang, yuga lawan kaki tuwane, nging tan buh sangkanipun, dadya gita wong Sela sami, gendhong titir sadaya, mapan sakelangkung, wurohan yen piniharsa, bareng lawan penangise gung pawestri, sampun budhal sadaya.
  35. Wong sadesa mapan sampun mijil, lan sumekta lawan gamanira, brubul kelangkung kathahe, estri kalawan jalu, ingkang munggeng arsa pribadi, Rahaden Pemanahan, pan samya anggregut, henengna kang aneng marga, kawarnaha sang pandhita ingkang jurit, kalawan kaki tuwa.
  36. Mapan angsal pitulung Hyang Widi, sawusira ki tuwa kasoran, binekta mring gubug mangke, nanging tan kena ucul, kaki tuwa tanganereki, pan meksih cinepengan, dhumateng sang wiku, tangan ira kalih pisan, kaki tuwa mapan peringas peringis, polahe palintiran.
  37. Kawarnaha ingkang lagya prapti, wayahira Raden Pemanahan, lan ngirid wong desa kabeh, sumekta gamanipun, tingalira gumbira sami, denira mring rahadyan sang pandhita dulu, kelangkung sokur mring sukma, yen kang wayah prapta sarya ngirid baris, sumekta sagamannya.
  38. Raden Pemanahan aningali, mring kang eyang mapan sampun lenggah, neng gubug lan ki tuwane, nging cinekelan iku, mring sang wiku tangannya kalih, ki tuwa datan bisa, yen obaha iku, Rahaden nulya lumajar, pan angrangkul dhumateng kang eyang singgih, apan sarya karuna.
  39. Angandika sang Pandhita aris, putuningsun aja perak-perak, sumingkira sira angger, nek sawanen ta kulup, nulya Raden alenggah tebih, wong Sela pan wus putra, ingarsa sedarum, kang kinarya pinituwa, mring sang wiku mapan sekawan puniki, westa ragaenggala.
  40. Raga Jaya raga wong saiki, Ragamulya pan esmu karuna, sakelangkung gegetune, uninga tilasipun, kulawongsa mengkana sami, andher ning pelataran, lan gegamanipun, samekta lir arsa yuda, langkung samya pangunguning tyas kepati, dadi apa tiwasa.
  41. Kulawongsa aturira sami, mring sang wiku punapa kang karsa, tiyang punika ing mangke, yen marengi pukulun, inggih luhung dipun pejahi, mesem ri sang Pandhita, angandika arum, eh ta kabeh wruhanira, sayektine mapan iku dudu jalmi, arane walahu alam.
  42. Nora kena lamun den pateni, lah ta mara padha awasena, nulya samya ngawasake, duk wahunya andhingkluk, gennya lenggah tumungkul isin, ningali marang jalma, wus binandha iku, paning sedya sang pandhita, kang kinarya ing wau anenaleni, rinangkepan lan donga.
  43. Nulya samya wau den tingali, singa celak tinolih aniba, kalenger langkung dangune, wernane kang cinatur, kaki tuwa pahelan jalmi cemeng panjang wulunya, dhengkul sukunipun, nyepluk bekel wetengira, pundhak kepis kuwaga tangannya kalih, jenggote arang dawa.
  44. Gulu dawa lan bokonge canthik, janggut nyenthang suwing lambenira, jepat mung siji untune, sesisih brengosipun, irung menthil tepung kang alis, mung siji matanira, puret kupingipun,  bathuk manyung cilik dhasnya, rambut abang mapan arang kruwis-kruwis, ambu wangur asengak.
  45. Langkung bacin apan tungtung amis, marmanira sagung kang tumingal, pan kathah kalenger mangko, tan tahan ambunipun, lan mengkana yen dipun tolih, kathah kang samya niba, panonnya sumaput, dadya na tan wani perak, mring ki tuwa nanging sang wiku pribadi, kang rinilan mring sukma.
  46. Sang pandhita angandika aris, mring kang wayah Raden Pemanahan, kulup wus muliha kowe, lan sagung kabeh iku, nging si Ragamenggala iki, lawan si Ragajaya, meluwa sireku, ingsun arsa maring Demak, ngaturake marang ki tuwa puniki, karo anyekelana.
  47. Muga sira wentalaha iki, parilana mring Alahangala, sandika kalih ature, pinaringaken sampun, kaki tuwa mring jalma kalih, Kyai Ragamenggala, lawan Ragajayeku, anyekeli kering kanan, sang Pandhita anulya ngandika aris, dhumateng ingkang wayah.
  48. Wus ta kulup amuliha aglis, lan sarupaning wong padha bubara, datan lenggana Rahaden, Ragamulya puniku, lawan Ragasentana iki, ingkang ngiring mring radian, lan jalma sedarum, sang Pandhita nulya mangkat, karo ungkuungkuran kang wayah singgih, mapan wus tan winarna.
  49. Kyai Ageng lampahnya neng margi, kawarnaha Sultan Demak ika, mapan wus mirsa wartane, lamun ki Ageng iku, sowan badhe tur-atur iki, nulya miyos Jeng Sultan, ingkang munggeng ngayun, Kyai Ageng Wonasalam, lawan Kyai Ageng Wonapala iki, lawan para ngulama.
  50. Myang sagunge kang punggawa mantri, mapan pepak suhun munggeng ngarsa, datan pantara dangune, Kyai Ageng Selaku, pan katingal ingawe nuli, anulya Jawat asta, wus lenggah neng ngayun, jajar Kyai Wonasalam, Wonapala ingkang bandan aneng buri, tiyang kalih kang bekta.
  51. Cinekelan marang tiyang kalih, kaki tuwa andhingkul kewala, Kyai Geng alon ature, kawula sang aprabu, ngaturaken jalma puniki, ing nguni yun sikara, dhumateng pukulun, mangke sumangga paduka, kangjeng sultan pangandikanira aris, ya kakang sun tarima.
  52. Pinangkanya iku jalma ngendi, sang Pandhita aris aturira, nuhun tan uning sangkane, yen tinanya iku, mapan mboten saged sahuri, wicanten kados jalma, tan saged pukulun, lamun aningali jalma, melarati mapan kataha wong tan eling, lajeng kinen ngunjara.
  53. Tinampanan mring sagunging mantri, ingkang gepok mapan lajeng niba, tinoleh kalenger kabeh, mesem sang Nata duru, lon ngandika marang sang yogi, lah ta kepriye kakang, dene lir puniku, apa becik pinatenan, sang Pandhita aturnya sumangga aji, punapa ingkang karsa.
  54. Sri Nalendra angandika aris, paran sira kakang Wonasalam, lawan Wonapala mangke, kalih samya turipun, yen marengi karsa sang aji, prayogi kinunjara, tosan ta pukulun, kalih wetawis kawula, dene jalma kados boten kenging pati, dadya nurut jeng sultan.
  55. Angandika mring ki geng Seleki, wus ta kakang iku baturira, loro konen ngaterake, marang kunjaran iku, wong ing Demak tan wentaleki, ki Ageng aturira, sandika nulyeku, Ragameng-gala kelawan, Ragajaya wus kinen ngaterken sami, kunjaran wesi prapta.
  56. Mapan sampun kinunjara iki, kaki tuwa sinrahken punika, dhumateng pra mantri kabeh, kang samya remekseku, sampun wangsul Ragajayeki, lawan Ragamenggala, ki Ageng winuwus, nuhun pamit kondur ika, dhateng Sela kangjeng sultan anglilani, nulya lengser sing ngarsa.
  57. Sri Nalendra gya luwar tinangkil, sampun bubar kang saya siwaka, ki Ageng prapta Selane, mapan wus tan cinatur, kawarnaha ki tuwa iki, ingkang aneng kunjaran, pan rineksa sagung, mring sagung mantri ing Demak, mapan langkung denya samya agati-ati, rumeksa kaki tuwa.
  58. Nulya wonten ingkang nini-nini, andhepepel lan sendheyan lan saka, lawan anyangking beruke, mantri kemit tanyeku, lah ta sira nini wong ngendi, lan apa karyanira, ni tuwa sumahur, ingsun iki tanpa wisma, praptaningsun ing kene pan yun ngirim, toya mring kaki tuwa.
  59. Wruhanira iku laki mami, lajeng nyiram marang kaki tuwa, nulya na swara jumebret, kunjara wesi sampun, bubrah sirna wong kaki-kaki, kelawan nini tuwa, sareng tan kadulu, kunjara pating balengkrah, ingkang kemit sedaya kalenger sami, wus dangu nglilir samya.
  60. Sampun katur dhumateng sang aji, lamun bubrah wau kang kunjara, ki tuwa tan buh parane, musna datan kadulu, ya ta mesem Sri Narapati, mengkana ing tyasira, wakane selaku, Jawane aweh pratandha, lamun tembe bisa bubrah turun mami, iya walahu alam.
  61. Henengena ing Demak puniki, kawarnaha Kyaihageng Sela, mengkana ing sarawuhe, saking ing Demak wau, ngaturaken wong kaki-kaki, langkung kaduwungira, Ki Ageng tyasipun, angrasa kasiku sukma, yen kadudon ing wau lampahereki, sesiku ing atapa.
  62. Dadya sanget tobat mring Hyang Widi, atenapi mring Nabi Muhamad, nuhun apurane, sanget denya manekung, neng panepen tan mijil mijil, nanging kang wayah ika, ngladosi sang wiku, sira Raden Pemanahan, siyang latri nulya na swara dumeling, iya wus kaki Sela.
  63. Ingapura sira mring Hyang Widi, pan lestari besuk turunira, mengku tanah Jawa kabeh, nanging ta poma iku, ya ing wurinira den eling, ingkang patang prakara, murungake laku, pepetenge ing agama, kusud drengki riya kaki lawan kibir, iku pamurung tapa.
  64. Nadyan akeh lakunira iki, yen kagepok kang patang prakara, dadi sirna temahane, tan ana dadenipun, nadyan ngamal mengkono maning, mapan denya kadya toya, mili pamaneku, lakune sadina dina, iya iku upama geni sayekti, laku ngamal upama.
  65. Alang alang kusud pamaneki, angin lesus laku ngamalika, datan pantara sirnane, tanana labetipun, pan mengkana ing wong ngaurip, lamun wus bisa ngresa, patang prakaraku, dadi barang kang sinedya, pan mung iku poma ta den ngati ati, wong urip aneng donya.
  66. Lajeng sujud sukuring Hyang Widi, dadya rena titahing Hyang Sukma, Ki Ageng padhang tingale, dadya tyasnya wus lipur, siyang latri nging sih Hyang Widi, kang tumancep ing driya, mengkana cinatur, ki Ageng Sela karsanya, animbali mring kang putra wayah sami, miwah kang kulawarga.
  67. Sampun prapta putra wayah sami, kulawongsa andher munggeng ngarsa, mapan pepak sadaya, Kyai ageng pitutur, marang putra wayahe sami, eh bocah sun pepoyan, marang sira iku, padha sira rungokena, tuturingsun dudu papan dudu tulis, pepali aranira.
  68. Pepaliku ajinen berkati, tur selamet sarta kuwarasan, pepali iku sangkane, aju anggawe angkuh, aja lawak lan aja jahil, aja ati surakah, lan aja cilimud, lan aja guru aleman, aja dahwen kang mengkono aglis mati, aja ati angiwa.
  69. Aja sira watak sugih wani, aja sira sanakkan, asesanjan apa dene, aja sira kumingsun, aja watak ngaruh-aruhi, aja ngegungken awak, aja guru nepsu, wong urip pada den yitna, aja sira teberi sembranan kaki  niwasi dadenira.
  70. Aja sa enden adhep ing isin, aja sira ngagungaken awak, wong urip pinet baguse, ewuhe wong abagus, bagus iku dudu mas picis, lan dudu sesandhangan, dudu rupa iku, wong bagus pakewuh pisan, sa pepadha wong urip pan padha asih, mrak ati rupanira.
  71. Aja sa enden indhap ing ngisin, isin iku mapan rong prakara, kang siji sin pangerane, dene kapindho iku, dena isin padhaning jalmi, yen sir tan mengkana, kelakon sireku, kawingkis wewadinira, temah wiring aja pegat ngati ati, yen dene dadi ala.
  72. Lan den atut pawong sanak kaki, aja sira kepengin kedhaton, panguwasa apa dene, aja waktak andhukun, aja dhalang ngedhok sireki, lah aja kerawitan, tanpa pedah iku, wus pesthi tanpa dadiya, lan maninge aja watak memetani, yen luput kawirangan.
  73. Aja sira watak suka sugih, lawan aja dhemen sasanakan, yen tan patut agamane, lan paprenesan iku, tanpa gawe ambilaheni, aja ngudi sedagar, aja ngudi kaum, jangjine jakat lan pitrah, yen den suda padune cukenga bengis, iku kaum kang nyata.
  74. Kumbrah kakah cukit lan dadulit, wong melanten jagal lawan merna, iku nora dadi gedhe, siriken ujar iku, wong ngaurip den ngati ati, mapan katemu ngulat, pan ketara semu, mapan katemu ing tingkah, atining wong kang ala kelawan becik, kang jujur aneng cahya.
  75. Aja sira mangeran mas picis, aja sira mengeran busana, ja mangeran kebisane, aja mengeran ngelmu, ja mangeran teguhireki, aja mangeran japa, mapan kabeh iku, sayektine pancabaya, lawan aja gugoni sastranireki, iku lah singgahana.
  76. Angku kang jujur lan narahen kaki, aja sira angarah keringan, sa idhep idhep dhewe, angeling wong tumuwuh, lah den bisa ngenaki ati, atine sa sepadha, karepa ja turut, dudu karepe manungsa, kudu kedhep marang sepadhaning urip, iku lah singgahana.
  77. Ayam ginusah yen munggah ing panti, atenapi yen amangan beras, teka ingadhangan bae, iku wong ulah semu, yen tetanggan sarate kaki, kang layak ingaruhan, aruhana iku, yen tan layak henengena, mapan iku mangan segane pribadi, pan dudu rayatira.
  78. Yen ta mungguh rayatira pribadi, kepenakna ing awake ika, lan larakena mring atine, lan aja sira prih weruh, kaya pawong noraha bangkit, aja kaya ki Soma, kebone den pukul, mapanpinrih bisa maca, kebo iku sayektine nora bangkit, mulane awewuda.
  79. Aja sira padhakaken jalmi, aparentah marang satu khewan, kebo sapi lan ayame, nadyan jalma satuhu, yen wus tita iku tan keni, pinrih mring kabecikan, aja sira tutuh, kelangan wuwuh duraka, lamun ana wong patrap poma den wedi, malati iku uga.
  80. Nora kena lamun dipun aji, jalma patrap sira kalihana, arahen sawabe bae, amberkati wong iku,  nora kena lamun den aji, tiniru bae kena, pambekane alus, pangucape ngarah arah, yen alenggah nora pegat ngati ati, nora sawiyah-wiyah.
  81. Kawruhana jalma kang khakiki, mapan iku guruning pandhita, nora ketara lakune, tan nyegah tana sahun, nora tapa nora amutih, tan pegat aprayitna, mring awakereku, prayitna mring awakira, mung sanake mapan ingkang den wedeni, sanake iku jagad.
  82. Banyu bumi angin lawan langit, srengenge lintang rembulan ika, pan iku sanake kabeh, jalma kang salah iku, mapan kabeh satrunireki, mulane ana walat, lara kang tinemu, sing sapa patine ala, nora wurung ing besuk iku nemahi, wong ala nemu ala.
  83. Sapa ingkang dhasaraken becik, nora wurung iku nemu arja, lawan saturun turune, kelakon dadi agung, aparentah marang wong cilik, aja sawiyah wiyah, dadi nora tulus, sa enggon dadi pauban, aja nacah yen parentah sira kaki, tan lan dadinira.
  84. Ya mung iku pomata den eling, pepaline wong urip neng donya, selamet prapteng kepaten, putra wayah tur nuhun, kulawongsa mengkana sami, langkung padhang tyasira, kang sarta lan wahyu, kacipta nugrahan sukma, sampun luwar sang wiku genya siniwi, nengna gantya winarna.
  85. Nyai Ageng Tingkir kang winarni, putranira wus ageng ki jaka, karem aneng pegagane, kang warna langkung bagus, lan jatmika sasolah neki, singa estri kagiwang, mulad mring den sunu, kathah kang samya palastra, kemlurusen nging Raden datan arsa krami, ajrih mulad wanodya.
  86. Mapan nuju Raden Jaka Tingkir, matun gaga mengkana winarna, kangjeng sunan Hadi mengko, tanpa sangkan wus rawuh, neng ngarsanya den Jaka Tingkir, garjita Raden Jaka, yen wali puniku, gya ngaras lebuh suku sang, kangjeng sunan mesem angandika ris, aja katungkul sira.
  87. Matun gaga sireku pinasthi, mring Hyang Sukma saka guru Jawa, angur perakana mangko, ngawulaha sireku, marang Demak riwus sebdeki, jeng sunan anulya musna, den Ja kagegetun, nulya kondur awewarta, mring kang ibu sebarang tingkahereki, nyai ageng ngandika.
  88. Iya kulup iku Sunan Hadi, lah turuten nyawa lumakuwa, marang Demak sira angger, ingsun duwe sedulur, dadi lurah Suranateki, ki Ganjur aranira, gonen marga iku, ngawula marang sang nata, tan winarna Raden Jaka sampun prapti, Demak lajeng ngawula.
  89. Langkung dennya kinasiyan iki, pan kinarya lurah ponakawan, sampun karsaning Hyang Manon, jeng sultan Demak iku, kaping tiga ingkang mekasi, nenggih keraton Demak, mapan karya itu, nama prajurit tamtoma, Raden Jaka kang kinarya lurahneki, nenggih dadya tamtoma.
  90. Wonten magang tamtoma sawiji, Dhadhangawuk kramane puniku, ing Kedhupingit wismane, nulya ngayonan iku, pan sinuduk sadak ngemasi, dhumateng Raden Jaka, katur mring sang nata, kelangkung ing bendunira, Raden Jaka nulya kinen nundhung iki, tan kenging ngambah praja.
  91. Langkung wiring Raden Jaka Tingkir, datan panggih lawan ibu nulya, anjujuk ing Prangging bae, mring pakuburanipun, ingkang rama den sungkemi, siyang dalu karuna, karsaning Hyang Agung, ana swara kapiyarsa, wus ta kulup maranga ing Banyuwilis, ing kono geguruwa.
  92. Enjing mangkat Raden saking Pengging, Banyubiru kang sinedya driya, tan winarna prapta mangke, ki Ageng Banyubiru, langkung dennya welas ningali, dhumateng Raden Jaka, angandika arum, eh ta kulup wruhanira, adoh perak kang sira jaluk iki, sayekti adohira.
  93. Lamun perak tan kena winarni, nanging iku pilih kang tumeka, nging adhepira ywa mengeng, wus ta muliha kulup, kaya ana pitulung Widi, ingsun gawani srana, mapan iki lempung, lolohna ing kebo ika, lawan maning ingsun anggawani kanthi, kakangira mas Monca.
  94. Aja ngaton yen tan den timbali, sira marang kangjeng Sultan Demak, Rahaden sandika ture, ngaraspada wus mundur, ki mas Monca pan datan kari, wus prapta desanya, nagri Demak iku, non mahesa langkung gengnya, wus cinepeng linolohan lempung nuli, gebres ngacar buntutnya.
  95. Pan lumajeng alun alun prapti, lajeng ngamuk langkung galakira, datan pasha braja kabeh, wadya tamtoma sagung, datan wonten kelar nadhahi, jeng sultan langkung kewran, angandika arum, eh iya bocah tamtoma, sapa weruh parane ki Jaka Tingkir, lah sira golekena.
  96. Timbalana tarinen yen wani, lawan kebo kang ngamuk ku iya, ingsun apura dosane, wonten tamtoma matur, pan kawula wingi udani, kapethuk wonten marga, nulya kinen ngluru, kepanggih wus dhinawuhan, sampun kering wus prapta ngarsa sang aji, tinantun purun turnya.
  97. Lajeng kinen medal sampun prapti, ngalun alun panggih lan mahesa, langkung maras ingkang anon, ningali sang aprabu, kang mahesa nerajang wani, Raden pan eca eca, kebo mapan sampun, anelasken budennira, Raden Jaka dinawuhan males nuli, tinampiling mahesa.
  98. Sampun pejah Rahaden annuli, tinimbalan sampun prapteng arsa, gya rinangkul mring sang katong, ingaras ingkang embun, sampun pulih tresna sang aji, Raden Jaka anulya, pan pinundhut mantu, mangkana pan sampun lama, Sri Nalendra pan sampun prapta ing jangji, kondur mring rahmatulah.
  99. Sampun pepak sagung kang pra wali, aneng Masjid ing Demak sadaya, ngrembag kang gumanti katong, ing Demak mapan sampun, telas datan kenging dadya ji, keraton ngalih Pajang, mengkana pan sampun, pra wali rembag sadaya, putra mantu kang samya ngangkat dadya ji, lan wus karsaning Sukma.
  100. Ingedenan sagung para wali, Jaka Tingkir wus jumeneng nata, mapan Pajang keratone, putra Santana sagung, myang punggawa ing Demak sami, jumurung marang karsa, pra wali sedarum, ing Demak sampun tinilar, dadya ngalih nagara ing Pajang singgih, tata tita wus karta.
  101. Mapan wonten santana sawiji, kaponakanira kangjeng sultan, ing Demak kang winirahos, ing Jipang nengrinipun, aparentah Bang Wetan sami, langkung tyasnya tan lega, mring jumeningipun, Jaka Tinggir aneng Pajang, lan sirnane keraton ing Demak nenggih, langkung manah tan suka.
  102. Mengkana osiking tyas neki, Arya Jipang ing ngendi kepanggya, ingsun lawan si Kerebet, pan wani taker marus, lawan wonten ingkang botohi, mapan wali satunggal, nenggih sunan Kudus, ngronjongi mring Arya Jipang, marmanira tan suda raosing galih, nenggih Arya Penangsang.
  103. Henengena ing Jipang puniki, mapan Sela ingkang kawarnaha, ki Ageng wus kondur mangke, marang rahmatolahu, datan lami lan kang putreki, ki Ageng Henis ika, nenggih sampun kondur, marang rahmat ingkang mulya, kang jumeneng ing Sela wayahneki, Rahaden Pemanahan.
  104. Kyai Ageng mapan sampun krami, angsal putranira ingkang uwa, nyai Ageng Saba mangko, sampun puputra jalu, warnanira kelangkgung pekik, mengkana Sultan Pajang, mirsa wartenipun, yen kang raka kyageng Sela, darbe putra jalu warninira sigid, langkung kepinginira.
  105. Gadhah putra kangjeng sri bupati, dhasar sampun lunges wayah ira, nulya tedhak mring Selane, prapta sampun kepangguh, kangjeng sultan ing Pajang nuli, lawan ki Ageng Sela, Jawat astha sampun, jeng sultan aris ngandika, marma kakang ingsun ketemu sireki, yen pareng lawan sira.
  106. Ingsun iki kapengin kepati, darbe putra yen dhangan lawan sira, iya anakira kuwe, sun ambil putra tuhu, pan dadiya panutaneki, ing sawuri sun benjang, marang putraningsun, ki ageng matur sumongga, tan rumaos kawula yen gadhah siwi, punapa ingkang karsa.
  107. Kangjeng sultan agya pamit nuli, mring kang raka sarta Jawat astha, kondur marang Pajang mangko, lan bekta raja sunu, prapteng pura panggih lan suri, sang dyah langkung bungahnya, rawuhnya sang prabu, sarta angsal-angsal putra, gya tinampa dhateng kangjeng prameswari, pinangku ingarasan.
  108. Pan wus lami kangjeng prameswari, langkung denya kepengin puputra, marma kelangkung tresnane, nulya sinung jujuluk, mring kang rama sri narapati, Raden Sutawijaya, wus karsa Hyang Agung, garbini jeng prameswara, babar, jalu kang warna kelangkung pekik, winestan dyan Benawa.
  109. Pan welagang kalis dening sakit, putra kalih samya meh agengnya, tan pisah siang dalune, pan lir sadherek tuhu, kangjeng sultan kelangkung denya sih, mring sang Sutawijaya, den Benawa kantun, pramila nira mengkana, kangjeng Sultan pan sareng amundhut siwi, dadya kathah putranya.
  110. Pan wus lama wayahnya sang siwi, pan jumaka wus kumala kala, pinaringan dalem mangko, lor pasar prenahipun, lawan sinung jejuluk malih, ri sang Sutawijaya, mring kang rama sampun, Raden Ngabei Lor Pasar, lawan Raden Benawa dipun nameni, nenggih Pangran Dipatya.
  111. Henengena ing Pajang puniki, kawarnaha nenggih Arya Jipang, mapan tinimbalan mangko, dhumateng Sunan Kudus, sampun prapta ngarsanereki, kangjeng sunan ngandika, sira ingsun tantun, Jebeng Jipang yen mungsuha, Sultan Pajang lan Sunan Prawata iki, karo ngalap dho ika.
  112. Wong ngalap dho khukune pan mati, Arya Jipang aris aturira, mapan sandika ature, agal lembat pun purun, lamun wonten karsa sang yogi, nadyan siang dalua, tan ulap pukulun, mengsah lawan Sultan Pajang, ing Prawata mapan dados wigati, sampun wonten ing asta.
  113. Kangjeng Sunan Kudus ngandika ris, iya Jebeng yan sira kaduga, prayoga kang lembut bae, yen sira agal iku, pasthi akeh kang bela pati, mapan tan wurung dadya, aprang gedhe iku, dadi rusak temahira, Arya Jipang sandika aturereki, gya mundur saking ngarsa. 

PUPUH V
D  U  R  M  A 

  1. Arya Jipang kondur mapan sampun prapta, anulya animbali, lurah kajineman, Dhadhang Wiring namanya, kelawan pun Rangkut iki, sang Arya nabda, karo padha sun tuding.
  2. Dhadhang Wiring sira maranga ing Pajang, ya Sirangkut sireki, maringa Prawata, padha dadiya dustha, karo kucidranen iki, poma den kena, aja na ngapirani.
  3. Dhadhang Wiring lan Rangkut matur sandika, anulya den paringi, curiga kalihnya, wus lengser saking ngarsa, gegancangan lampahneki, apan dum karya, lampahe dhustha kalih.
  4. Dhadhang Wiring wus lumebet marang Pajang, Rangkut mring Prawateki, henengena winarna, nenggih ki Ageng Sela, tetuwi mring putra neki, dhumateng Pajang, kapirsa mring sang aji.
  5. Kyai ageng mapan lajeng tinimbalan, dhumateng sri bupati, mring penepen prapta, pan sampun Jawat asta, tan wonten ingkang ginalih, lawan kang raka, nging tatane agami.
  6. Lajeng manjing waktu Magrib salat samya, ki Ageng kang ngimani, lajeng salat ngisa, bakda sampunnya dhahar, ki Ageng apamit mijil, jeng sultan nebda, kakang ja sira mijil.
  7. Anginepa ing kene sawengi kakang, wan lenggana karsa ji, wus kondur nalendra, lajeng mring pasareyan, wayahira, tengah wengi, ingkang winarna, duta saking Jipang prapti.
  8. Pelataran sigra masang sirepira, pas wus katrima iki, sedaya pan nendra, sidhem kayon pan samya, tan ana kang walang sisik, sri naranata, mapan kepati guling.
  9. Prameswari sare aneng daganira, Dhadhang Wiring wus manjing, marang praba yeksa, pan sarwi ngungak-ungak, sampun wespada ningali, panggenanira, sare sri narapati.
  10. Dhadhang Wiring lajeng anarik curiga, ginrocos sri bupati, meksih eca nendra, mujung sri naranata, lir laler mencok upami, pan kampuhira, sang nata datan titih.
  11. Kawarnaha wau ta ki Ageng Sela, kang neng panepen iki, tan eca tyasira, dene sidhem sadaya, tan ana kang walang sisik, ki Ageng nulya, miyos nganglang wus prapti.
  12. Pelataran jumeneng Ki Ageng Sela, Dhadhang Wiring winarni, pan kaku tyasira, tan pasha curiganya, lan keselak siang iki, wus bang-bang wetan, ngawud sang goconeki.
  13. Dadya kenging wau kang Kendhipratula, neng keringnya sang aji, mancur ingkang toya, jeng ratu kagyat nulya, mapan kacipratan warih, wungu anulya, ningali jalma mijil.
  14. Ngagar dhuwung medal saking pasareyan, jeng ratu nulya anjrit, nungkemi kang raka, tinarka kenging cidra, jeng sultan kagyat tanya ris, lah ana apa, dene sira anangis.
  15. Kangjeng ratu umatur pan wonten dhustha, nyidra mring paduka ji, mangkya sampun medal, sarta ngliga dhuwungnya, sang nata mesem gya mijil, lan prameswara, kang wong sedaya tangi.
  16. Lajeng samya lok pandung gumuruh samya, mengkana kang winarni, Kyai Ageng )Sela, kang aneng palataran, sampun kaduga tyas neki, yen wonten dhustha, nulya non jalma mijil.
  17. Lawan meksih angliga kang dhuwung ika, anulya den cegati, Kyageng aris atanya, sira ingkang wong apa, Dhadhang Wiring tanauri, nulya nerajang, apan sarya anuduki.
  18. Kyai Ageng mesem aris angandika, basakena sireki, ana wong tinanya, nora sumahur ika, teka banjur anyuduki, bilahi sira, nulya cinepeng aglis.
  19. Tanganira kalih mring ki Ageng Sela, kawarnaha sang aji, miyos sampun prapta, pelataran punika, kalawan kang garwa iki, lawan parekan, wong kemit pan wus tangi.
  20. Kangjeng sultan tumingal mring duratmaka, yen wus cenepeng iki, dhumateng kang raka, nenggih ki Ageng Sela, nulya tata lenggah sami, nata ngandika, sira maling wong ngendi.
  21. Dhadhang Wiring umatur tiyang ing Jipang, ingutus nyidra gusti, dhumateng paduka, mesem sri naranata, alon angandika aris, ing mengko sira, apa karep ireki.
  22. Dhadhang Wiring umatur abdi sumangga, pejah gesang sang nrepati, mesem Sri Nalendra, mapan aris ngandika, dhumateng kang raka nenggih, ki Ageng Sela, kakang paran karseki.
  23. Mapan sira kang oleh maling ku iya, ki Ageng matur aris, kawula sumongga, mongsa borong nalendra, kangjeng sultan ngandika ris, lamun sembada, sun luwari si maling.
  24. Iya kang derapon awawertaha, marang kang kongkonan iki, ki Ageng aturnya, langkung jumurung karsa, mapan nulya den luwari, lan pinaringan, arta lan busaneki.
  25. Dhadhang Wiring kinen mantuk ika, nembah lengser sing ngarsi, Kyai Ageng Sela, nuwun pamit mring narpa, kondur dhumateng Seleki, sampun linilan, mengkana kang winarni.
  26. Ing Prawata kangjeng sunan mapan lagya, anandhang gerah iki, langkung sanget ira, mapan sring supenira, kulawarga pepak sami, aneng Prawata, mengkana kang winarni.
  27. Duta Jipang Rangkud pan sampun prapta, ing Prawata puniki, wus neng pekarangan, gya masang sirep ira, wayah ira tengah wengi, sampun katrima, tan ana walang sisik.
  28. Nging jeng sunan mapan datan arsa nendra, sinundhang mring kang rayi, pan pongah-pangihan, jeng ratu rip kalintang, nundhang mring kang raka iki, kelangkung sayah, dadya supe aguling.
  29. Rangkud manjing ing dalem sarwi murangkang, jeng sunan nyapa aris, iku ta wong apa, murangkangi londiyan, kagyat pun Rangkud tyas neki, apundirangan, langkung kewran tyas neki.
  30. Pan mengkana pung Rangkud osiking nala, yen tan ngaku sun iki, pesthi lamun pejah, angurbaya ngakuwa, ingsun lumayu mring ngendi, pesthi kecandhak, nulya umatur aris.
  31. Pan kawula dutane rayi paduka, Arya Jipang puniki, mapan kinen nyidra, inggih dhateng paduka, jeng sunan mesem nebda ris, lah Rangkud mara, tekakna karseneki.
  32. Nanging poma aja sira salah karya, riningsun lagya guling, banget arip sira, nembah pun Rangkud nulya, narik curiganya aglis nulya nerajang, kangjeng sunan wus kanin.
  33. Jajanira watgata terus walikat, mengkana kang winarni, kang kangjeng milya, kanin jaja katratas, mijil ludirane reki, kalawan mulad, yen kang raka ngemasi.
  34. Mapan langkung panjeritira sang retna, mengkana kang winarni, Jeng Sunan Prawata, mapan wungu sadhela, lawan asru denira ngling, eh Rangkud sira, ngelirken wekas mami.
  35. Kyai Bethok ginagap sampun kepanggya, sinawataken nuli, mring pun Rangkud ika, kasrempet sekar kacang, niba pun Rangkud ngemasi, Sunan Prawata, lajeng mring ngalam suci.
  36. Kangjeng ratu nungkemi ingkang kunarpa, langkung pamular neki, datan kenging benggang, lan layonnya jeng sunan, kulawongsa kaged sami, lajeng karuna, gumuruh swaraning tangis.
  37. Bangkenira pun Rangkud cinacah-cacah, ana ingkang jejuwing, jeng ratu winarna, mapan emut sekala, mupus mring tekdir Hyang Widi, nulya ngandika, mring kang sentana sami.
  38. Samya kinen ngrumati ingkang kunarpa, ri wus ngandika ngandika malih, sakeh sanak ingwang, ingsun lah seksenana, mapan iya ora tapih, kelamun nora, iya atapih kulit.
  39. Iya marang kulite si Arya Jipang, lan ngaturana uning, marang Sultan Pajang, kang tinuding turira, sandika nulya lumaris, Jeng Ratu tandiya, tedhak mring sendhang nuli.
  40. Pasiramanira kang raka ing kuna, lukar sinjang ireki, lan wudhar kang rema, wus ambyur marang toya, rahina wengi anangis, marang Hyang Sukma, tenapi mring jeng nabi.
  41. Kangjeng Ratu Kalinyamat duk semana, supe dhahar lan guling, langkung prihatinnya, kang tinedha mring sukma, muga ana kang nandhingi, mring Arya Jipang, nadar ingsun ngengeri.
  42. Henengena kang lagya agung sungkawa, Arya Jipang winarni, pan lagya sineba, pepak kang pra dipatya, bang wetan sedaya nangkil, mring Arya Jipang, ingkang tansah tinata.
  43. Aneng ngarsa tumenggung Metahun ika, datan pantaran iki, Dhadhang Wiring prapta, mapan sarwi karuna, tur tiwas dinuta gusti, Arya Penangsang, langkung bramantya neki.
  44. Jaja bang lir pendah medal dahana, kumedut ingkang lathi, datan arsa tanya, mring tingkahnya dinuta, nulya kinen amejahi, sampun tumandang, sagunge pra dipati.
  45. Dhadhang Wiring mangkana sampun palastra, Arya Jipang sru angling, lah padha dandana, sakeh ing wang bang Wetan, bapa Mentahun den aglis, sira dandana, ingsun arsa nindaki.
  46. Marang Pajang angaduwa kasudiran, lan si Kerebet mami, Ki Mentahun turnya, mapan sarwi karuna, adhuh gustiku sang pekik, nadyan wuwuha, mengsah ing Pajang ugi.
  47. Dereng ulap abdi dalem ing Bang Wetan, sedaya purun sami, nanging den sabarna, kajengipun sumekta, dados mboten nguciwani, sang Arya Jipang, wus dhahar atur neki.
  48. Angandika eh ta bapa poma poma, iya den ngati ati, sakeh wong Bang Wetan, yen wus padha sumekta, ingsun arsa mangun jurit, marang ing Pajang, sandika atur neki.
  49. Wus luwaran sang Arya nggennya sineba, henengena ingkang winarni, Kangjeng Sultan Pajang, mapan lagya sineba, pepak sagung pradipati, kang munggeng ngarsa, Raden Moncanegari.
  50. Raden Arya Ngabei Saloring Pasar, jajar Pangran Benawi, jeng sultan ngandika, marang kyana patya, eh sira Moncanegari, padha den yitna, menawa anekani.
  51. Mungsuh Jipang den patih matur sendika, datan pantara prapti, duta sing Prawata, sarwi tawan karuna, kagyat jeng sultan ningali, ingawe nulya, majeng ngarsa wot sari.
  52. Lajeng matur pukulun abdi paduka, rakanta atur uning, jeng Sunan Prawata, mangkya sampun pralena, marga cinidra sayekti, mring duta Jipang, pun Rangkud westaneki.
  53. Sampun katur saneskarane sadaya, jeng sultan tan kenangling, pan tigang pandurat, nulya aris ngandika, Moncanegara sireki, den becik sira, lawan kang pra dipati.
  54. Mapan ingsun ayun tilik mring Prawata, kabeh den yitna kari, nanging kulup sira, Ngabei kang sun gawa, sandika aturnya sami, nulya luwaran, kondur mring kenya puri.
  55. Kangjeng sultan sampun angrasuk busana, lawan Raden Ngabei, angampil pegantenan, gamel lan punakawan, kang kalilan dherek sami, akekapalan, tana dharat sawiji.
  56. Nulya mangkat gegancangan lampahira, datan kawarna margi, wus prapta Prawata, nging jeng ratu tanana, lagya sanget hanru brangti, aneng ing sendhang, lukar da tanpa tapih.
  57. Kangjeng sultan nulya nusul dhateng sendhang, nging lawan den Ngabei, sedaya tinilar, kantun aneng pasohan, prapta sangandhap kemuning, lajeng tumulya, lamun kang rayi prapti.
  58. Aneng sendhang tan pegat denya karuna, jeng sultan lenggah nuli, aneng sangandhapnya, kemuning pringgir sendhang, jeng ratu ngandika ris, apura nira, iya marang ing sami.
  59. Mapan ingsun nora bisa jejagongan, sun iki tanpa tapih, jeng sultan ngandika, bokyu krana punapa, paduka da tanpa tapih, jeng ratu nebda, yayi sun wus ubanggi.
  60. Nora tapih lamun ora ana ika, iya ingkang nyaguhi, marang patenira, iya si Arya Jipang, lan ubaya sun ngengeri, mesem jeng sultan, sarya ngandika aris.
  61. Bokyu ratu prayugi andika sinjang, kawula kang ngluwari, dene pejahira, nenggih pun Arya Jipang, kawula ingkang nyagahi, jeng ratu nulya, anurut mring kang rayi.
  62. Sampun sinjang kangjeng Ratu Kalinyamat, lenggahan lan kang rayi, jeng sultan tumingal, wonten lare satunggal, wernanya ayu linuwih, nging wayahira, lagya mur sangan warsi.
  63. Angladosi mring jeng ratu Kalinyamat, jeng sultan atanya ris, pawestri punika, kang bok sinten kang putra, jeng ratu mesem nebda ris, ya kakangira, swargi ing kang derbeni.
  64. Sesengkeran kala maksih cilik ika, mapan iku den anti, mesem kangjeng sultan, yen marengi punika, kawula suwun pawestri, minongka opah, pejah pun Jipang iki.
  65. Kangjeng ratu mesem aris angandika, iya sokur sun adhi, ana ingkang gawa, marang rareku iya, kelamun ingsun ningali, mring wertanira, mundhak eling kang swargi.
  66. Dadya pareng kelawan begjane padha, jeng sultan sigra pamit, kondur marang Pajang, datan kawarneng marga, jeng sultan ing Pajang prapti, manjing jro pura, enjing wiyos tinangkil.
  67. Pepak sagung punggawa Pajang kang seba, kang munggeng ngarsa aji, adipati Monca, Sri Nalendra ngandika, kakang undhangena iki, sapa kang bisa, mateni satru mami.
  68. Ingsun ganjar kakang nagri Metaram, iya lawan ing Pathi, sapa kang kaduga, mungsuh Arya Penangsang, wus sun gawe pasanggiri, Pathi Metaram, pasthi ingkang duweni.
  69. Marma kakang ingsun gawe sayumbara, lamun ingsun pribadi, kakang mangun aprang, pesthi akeh kang rusak, dipati Monca tur bekti, nuwun sandika, nulya luwar sang aji.
  70. Adipati Moncanegara dhang undhang, iya sapa kang wani mungsuh Arya Jipang, sagung kang pra dipatya, sireku wus wruh pribadi, timbalan nata, sedaya sami ajrih.
  71. Kang pra mantri mengkana ing aturira, inggih kawula malih, kelamun puruna, mengsah lan Arya Jipang, puruna kang pra dipati, katur sang nata, dadya sungkawa aji.
  72. Henengena sultan Pajang kang sungkawa, gantya ingkang winarni, Kyai Ageng Sela, pan sampun miyarsa warta, yen nata pasanggiri, nimbali nulya, marang kang rayi kalih.
  73. Ki Penjawi kelawan ki Juru ika, pan sampun prapti ngarsi, ki Ageng ngandika, yayi sun wis Warta, sultan Pajang pasanggiri, sapa kang bisa, iya ingkang mateni.
  74. Arya Jipang mapan ginanjar nagara, Pathi lawan Mentawis, ki Penjawi aturnya, lawan ki Juru ika, kawula sumongga ugi, punapa karsa, mapan inggih nglampahi.
  75. Henengena kang lagya imbal wecana, kawarna Sunan Hadi, saking alelana, mampir dhumateng Sela, ki Ageng kagyat ningali, nulya tumedhak, ngusweng pada sang yugi.
  76. Ki Penjawi lan ki Juru gentya gentya, ri wusnya tata linggih, jeng sunan ngandika, Jebeng ingsun atanya, apa sira mirsa warti, yen ari nira, ing Pajang pasang giri.
  77. Sapa ingkang wani marang Arya Jipang, pan ginanjar nagari, Pathi lan Metaram, ki Ageng matur sembah, inggih sampun mirsa warti, jeng sunan nabda, paran karsanereki.
  78. Apa sira Jebeng katelu kaduga, ki Ageng matur aris, nging pangestu tuwan, mesem kangjeng suhunan, nanging ta pangrasa mami, wong telu sira, kaya nora kuwawi.
  79. Nanging ana Jebeng kang dadi sarana, nanging anak ireki, si Ngebei ika, kang kelar nadhahana, si Penangsang yudaneki, sagendhingira, wus pinasthi Hyang Widi.
  80. Anakira dadi prajurit ing Jawa, yen liya si Ngebei, nadyan den keriga, kabeh wong tanah Jawa, tanana kang miyatani, mring Arya Jipang, kalawan ana maning.
  81. Sira Juru iya ingkang botohana, ing separaning benjing poma aja pisah, wis mung iku estokna, sandika katiga sami, jeng sunan sigra, musna datan kaeksi.
  82. Henengena ing Sela Pajang winarni, kangjeng sultan prihatin, neng penepenira, datan kena sineba, kawarna sang guru nadi, anulya prapta, jeng sultan atur bekti.
  83. Ngusweng pada ri wusnya tata alenggah, jeng sultan ngandika ris, paran marmanira, Jebeng prihatin sira, jeng sultan matur wot sari, mongsa boronga, sumongga jeng sang yogi.
  84. Sunan Hadi mesem aris angandika, iya wus weruh mami, kang dadya tyassira, prekara si Penangsang, tanana yogane maning, kang kelar nongga, nadhahi jurit neki.
  85. Nanging kakangira ya si Jebeng Sela, jeng sultan atur bekti, langkung padhang tyasnya, jeng sunan nulya musna, sing ngarsa datan kaeksi, jeng sultan Pajang, nulya utusan aglis.
  86. Marang Sela nimbali ki Ageng ika, tan winarna wus prapti, ki Ageng ing Sela, lawan kalih renira, ki Juru lawan Penjawi, negari Pajang, wus katur mring sang aji.
  87. Nulya ngrasuk busana sri naranata, lajeng miyos tinangkil, munggeng pagelaran, langkung padhang tyasira, praptanya kang raka iki, wadya ing Pajang, pepakkan munggeng ngrasi.
  88. Kyai Ageng jajar lan dipati Monca, ki Juru lan Penjawi, jajar pra dipatya, Raden Ngebei jajar, lawan Pangeran Benawi, jeng sultan Pajang, mapan ngandika aris.
  89. Kakang marma ingsun animbali sira, prakara Jipang iki, yen sira kaduga, ingsun ganjar Negara, Metaram kelawan Pathi, ki Ageng turnya, pukulun amba dermi.
  90. Anglampahi ayahan paduka nata, nging pangestu dewaji, mesem Sri Nalendra, yen sira wus kaduga, kakang ingsun anggawani, marang ing sira, ya wong Pajang sepalih.
  91. Kyai Ageng mapan aris aturira, pukulun pan kapundhi, pasiyan nalendra, nanging yen marengana, abdi dalem pun ngebei, kawula bekta, Sri Nalendra nebda ris.
  92. Paran karya anggawa Ngabei sira, pan bocah meksih cilik, tanggung temen kakang, bocah kumala kala, menawa tiwas ngajurit, sapa kelangan, ki Ageng matur aris.
  93. Pejah gesang kawula pan boten gadhah, kagunganing Hyang Widi, nging ecaning manah, kawula mung punika, mesem jeng sultan nebda ris, lah paran sira, kulup iya Ngebei.
  94. Aja melu apa nora mring si kakang, tur sembah dyan Ngabei, senadyan pejaha, gesang ayun uninga, dhumateng pun bapa yekti, mesem jeng sultan, iya uwis sun ngamini.
  95. Den Ngabei nulya ngabekti mring nata, pinaring pusaka di, dhuwung ki Sengkelat, ki Ageng pamit sigra, tur salam dhateng sang aji, tenapi marang, radian Moncanegara.
  96. Ki Penjawi lan ki Juru mengkana, wus lengser sing ngarsa ji, sekawan punika, nata luwar sineba, kawarnaha kang lumaris, agegancangan, ing Sela sampun prapti.
  97. Lajeng mepak sagung ingang kulawarga, Tarub lan Sekarlampir, Selabentar Saba, Laweyan samya prapta, wus pepak neng Sela sami, pan pinilihan, wongnya kang becik becik.
  98. Nanging angsal tigang atus winetara, kang samya wani mati, pan kaduk sudira, pan kathah wiring ika, mapan wus samya pinaring, ingkang busana, lawan gegamanneki.
  99. Wus samekta sagegamaning ngayuda, pinasrahaken nuli, dhumateng kang putra, Raden Ngabei Ika, kang Kinarya senopati, Ki Juru Ika, mapan Kang bobotohi.
  100. Ki penjawi kang Gadya pangirit Yuda, semana sampun dadi, rembag kulawongsa, Pusaka Tarub mulya, pinaring Raden Ngabei, nenggih namanya, Ki pelered puniki.
  101. Mapan iku, Wong Teguh yuwana, nenggih asale dhingin, sangking kidang Tiangkas, pan sareng praptanira, mangkana Raden Ngabei, langkung tyasira, nulya agya kepanggih.
  102. Lawan Arya Penagsang apa rasanya, iya wong taker getih, dhassar wayahira, lagya kumala kala, pinaringan pusaka di, dhateng kang rama, mila amber kang wani.
  103. Den Ngabei wus pinasthi mring Hyang Sukma, yen prajuriting Jawi, marmanya mengkana, ing tyas kedah sudira, lawan pinaring turanggi, dhateng kang rama, cemeng wulunireki.
  104. Pun sengkali nenggih namina punika, wruh sakareping jalmi, sagung kulawarga, langkung hengyar tyasira, nulya abusana asmi, ri sawus ira, budhal saking Seleki.
  105. Ingkang dadya pangiriding lampahira, nenggih Kyai Penjawi, janjan kudanira, nama pun Hendrayeksa, rasukan gendhok mantesi, dhestarnya seta, angler Sang Hyang Basuki.
  106. Pan wong sela mengkana pangaggenira, sedaya mapan sami, lir penjawi ika, anulya sinambungan, lampahnya jeng senopati, Ki juru ika, tan tebih angampingi.
  107. Karemannya angagem kan sarwa kresna, lir Sang Hyang Wisnumurti, tumurun sing swarga, pun Sengkali tenaga, tuhu kelamun mantesi, prajurit Jawa, ngengleng sagung ningali.
  108. Kyai juru anitih kuda belalak, pun Gunawan nameki, kombor lancingannya, angagem dhesthar jingga, rasukan intipyaneki, kadya Nerada, tuhu botoh utami.
  109. Kyai ageng aneng wuri lampahira, anitih kuda putih, nama kuramadya, angagem samya seta, mapan ijem dhesthar neki, lir Sang Hyang Tunggal, tumurun sanking swargi.
  110. Ginarebeg pra wongsa kang tuwa tuwa, samarga samya eling, marang ing Hyang Sukma, lestari lampahira, henengena ingkang lumaris, ya ta kawarna, Arya Jipang siniwi.
  111. Pepak wadya pra dipati ing Bang Wetan, ingkang munggeng ing ngarsi, ki mentahun ika, Arya Jipang Atanya, apa wus sumekta sami, lehira dandan, ki Mentahun tur bekti.
  112. Inggih sampun gusti di dalem sadaya, samongsa-mongsa neki, pan sampun sumekta, Arya Jipang nagndika, ya bapa antekna dhingin, nanging den yitna, ing sasi ngrep iki.
  113. Ingsun arsa marang Pajang bebarang prang, kabeh wong sanak mami, iya wong Bang Wetan, aja na kari padha, sun ajak bebarang iki, matur sandika, sagung kang pra dipati.
  114. Henengena ing Jipang ya ta winarna, ki Ageng lampahneki, mapan sampun prapta, nenggih telatah Jipang, saben saben den takoni, marang wong Jipang, asandi den timbale.
  115. Ayun sowan marang kang jeng Arya Jipang, mapan samargi margi, lamun tinakenan, mengkana sahurira, kelangkung denira sandi, lawan jetmika, ki Ageng lampah neki.
  116. Malah jalma kathah segah urut marga, yen wus nulya pinaring, tinikel kewala, nenggih paringanira, marma tan nanyanani, sagung wong Jipang, lawan remen ningali.
  117. Marang Raden Ngabei ing respatinya, pantes lan kang turanggi, samarga tenaga, pun sungkali punika, mengkana esthining ati, sagung wong Jipang, mendah wusa kepanggih.
  118. Lawan gustiningsun kanjeng Arya Jipang, baya suka tyas neki, marang Raden ika, ingsun pan during mulat, ing Jipang wong kang respati, pan duganingwang, pinundhut putra yekti.
  119. Henengena sagunging jalma sedaya, ki ageng kang winarni mapan sampun prapta, nenggih kilen bengawan, tata mesanggrahan nuli, ingkang neng ngarsa, nenggih Raden Ngabei.
  120. Ki Penjawi kalawan ki Juru ika, mapan tansah tinari, ki juru aturaya, yen sembada lan karsa, prayogi, anonjok tulis, mring Arya Jipang, surat penantang jurit.
  121. Adatipun yen tiyang wanter punika, gampil gen ngerenahi, pa suprih kawula, tiyang Jipang semakin.
  122. Lagya awrat yen renibat ing ngayuda, kawon kuciwa tandhing, nenggih wadya tuwan, kedhik kathah wong Jipang, kalawan kuciwa bumi, lamun ngantosa, tata awrat sinanggi.
  123. Kados boten kuwawi wadya ing Sela, ki Ageng ngandika ris, Penjawi kaya pa, mengko ing piker ira, ki Penjawi atur bekti, mapan kawula, anging darmi nglampahi.
  124. Kathah kedhik mapan sampun tinemeha, sakit kalawan pati, kagungan Hyang Sukma, ki Juru sahurira, leres wakane penjawi, yen wus tan ana, ingkang binudi malih.
  125. Kyai Ageng mapan alon angandika, iya juru sireki, ingsun turut mara, ngupayaha usada, sira lungaha pribadi, matur sandika, nulya lengser sing ngarsi.
  126. Nanging bekta gegamel kalih punika, lan nitih kuda estri, babak tur akera, wus amoh kambilira, awetara tebih neki, lan pesangrahan, sapangetan winitawis.
  127. Lawan malih anyabrang let kang bengawan, prapta wetan benawi, ningali ara ara, mulat ana wong juga, mapan ingkang lagya ngarit, wus pinanaran, marang ki juru iki.
  128. Kudanira mapan tinuntun kewala, sandi angen puniki, gamel sekalihnya, samya bekta keranjang, marma tan nyana iki, kang ngarit ika, den nyana nunggil kardi.
  129. Mapan sampun prapta nulya jejagongan, ki Juru atanya ris, bagus ingsun tanya, sira gamele sapa, kang tinanya anahuri, gamele ingwang, ki Gagak Rimang mami.
  130. Ageming prang jeng gusti Arya Penangsang, kuda kandhoan yekti, tan pasah ing braja, sira iki wong apa, lan ngendi wismanereki, ingsun ataya, ki Juru ris nahuri.
  131. Iya ingsun iki kisanak wong sela, kang neng kulon Benawi, yen dhangan lan sira, dadi kepasang yoga, ingsun arsa kirim tulis, mring gustinira, nging kupingira sisih.
  132. Iku bae sun tuku selawe reyal,  gamel kagyat kepati, pan arsa lumajar, nulya tunubruk ika, iya marang wong kekalih, wus tinalenan, nulya kupingnya sisih.
  133. Dipun iris lawan kinanthilan surat, lan pinaring harteki, pan selawe reyal, gamel nulya lumajar, ki Juru wus kendur nuli, mring pesanggrahan, sewan kang raka panggih.
  134. Tur uninga yen lampahe angsal karya, samya ken nganti ati, ki Penjawi nulya, angrasuk kang busana, lan sagunge kang prajurit, ki Juru ika, lawan Raden Ngabei.
  135. Wus siyaga lan sagamaning ngayuda, baris pendhen sami, ki Ageng punika, tunggil lan pra ngulama, mapan samya, aneng wuri, sarta dedonga, nenuwun mring Hyang Widi.
  136. Datan manjing meksih neng kilen bengawan, henengena kang winarni, gamel kang lumajar, prapta ing wismanira ki tumenggung duk ningali, kagyat kalintang, asru denira angling.
  137. Eh wong gamel sira iku kena apa, wus katur solah neki, lawan angsal surat, ki tumenggung anulya, lumebet ambekta tulis, Arya Penangsang, nenggih ingkang winarni.
  138. Mapan lagya ketanggelan lagya dhahar, kagyat duk aningali, marang labetira, ki Mentaun punika, sang Arya sru denira ngling, apa ka gawa, bapa ingsun, tingali.
  139. Ki tumenggung kalangkung kewraning driya, aris aturireki, ing mangke kewala, yun sampun kendhel dhahar, kawula umatur gusti, Sang Harya duka, ki tumenggung langkung ajrih.
  140. Dadya katur kang surat nulya tinampan, marang kang asta kering, kang kanan pan lagya, pan kinarya ngepel sega, winaca sinukmeng ati, mapan mengkana, bubukaning kang tulis.
  141. Penget ati layange ki Ageng Sela, teka amring sireki, ya Arya Pengangsang, dene apeksa lanang, yen nyata sira den aglis, anekanana, sun neng kulon benawi.
  142. Yen tan prapta mapan sira dudu lanang, ngur tapiha sireki, tan dumugi nulya, binanting kepel sira, suratnya dipun jejuwing, asru ngandika, marang wong gamel iki.
  143. Kambilana kudaningsun Gagak rimang, angrasuk busana aglis, mengkana kang garwa, kanjeng Sang Arya Jipang, sang dyah retna Larasati, sanget karuna, kang raka den gendholi.
  144. Ki Tumenggung Mentaun sanget bingungnya, lajeng lumayu mulih, nyandhak bendhenira, tinabuh pinggirannya, wong Jipang pan kawur sami langkung wurohon, Sang Arya kang winarni.
  145. Ingkang garwa kinipataken wus kontal, lajeng nitih turanggi,, mandhi pengawinan, balereges arannya, anulya dipun cemethi, pun Gagak rimang, mamprung tan ngembah siti.
  146. Tan pantara wus prapta wetan bengawan, sumbar sumbar ngjarihi, endi si rupannya, si Pemanahan Sela, nyabranga sawetan kali, lamun prawira, wadya Sela winarni.
  147. Sampun tata barisaya kilen bengawan, andher sapinggir kali, Ki Juru winerna, estri titihanira, kera babak ingkang gigir, kambilnya samak, buntutira ginodhi.
  148. Lawan amben pinrih estri katingala, lampahnya jondhil, lawan sru sesumbar, eh mara Arya Jipang, yen sira nyata prajurit, mayo nyabranga, ingsun dhewe nadhahi.
  149. Lir sinebit talinganya Arya Jipang, anulya den cumethi, kuda Gagak Rimang, nanging mogok kiwala, yen sageda ngucap iki, dhuh gustiningwang, paduka den apusi.
  150. Kyai Juru asru dennya sambar sambar, dene suwe sireki, mara Arya Jipang, kaya dudu wong lanang, sang Arya bendu tan sipi, pun Gagak Rimang, anulya den cumethi.
  151. Pokking kuping mengkana lamun ngucapa, dhuh gustiku sang pekik, tan kena ngaturan, senadyan sun matiya, anglabuhi gusti mami, pun Gagak Rimang, ambyur nulya anglangi.
  152. Wong ing Sela lan Tarub wus ngatya atya, sareng pengedrel neki, nanging tanpa karya, Gagak Rimang wus mentas, wong tarub Sela pan sami, ngroyok kewala, sang Arya tan kaeksi.
  153. Ramining prang pan anglir duk punwanira, Arya Jipang upami, sang Ongkawijaya, rinebet ing Kurawa, yan kewran tyasnya sang pekik, pun Gagak Rimang, langkung pengamuk neki.
  154. Nyakot nujah anyepak pun Gagak Rimang, braja datan gundhili, mring pun Gagak Rimang, tandangira lir yeksa, kelangkung anggegilani, wadya ing Sela, Tarub wus bubar sami.
  155. Nanging kantun Pejawi yun ayunan, langkung remeng jurit, tan ana kuciwa, kuda pan samya kuda, agenti larih linarih, tan ana tumama, mangkana den Ngabei.
  156. Nuhun pamit wau dhumateng kang rama, mapan wus den lilani, anitih turangga, pun Sungkali punika, Kyai Plered pinandhi, Ki Juru ika, wus ingkang botohi.
  157. Pun Sungkali kelangkung dennya gumbira, yen sinawang mantesi, lir Wisnubrata, tumurun saking swarga, Ki Juru kudaya estri babak tur kera, buntutnya wus ginodhi.
  158. Lawan amben jongkit jongkit lampahira, Gagak Rimang ningali, wus kersaning Hyang Sukma, supe ring gustinira, dadyabujung kuda estri, saparanira, Ki Juru den tut wuri.
  159. Dhasar lami kinurung pun Gagak Rimang, kelangkung bigar neki, tan kenging ngingerna, Raden Ngabei nulya, Kyai Palered pinusthi, wus linarihan, Arya Jipang ngemasi.
  160. Ki Penjawi nglarihipun Gagak Rimang, ambruk lajeng ngemasi, pan sarang kewala, lawan ingkang turongga, Ki mentahun, kang winarni, lawan sang retna, tan nganti mring wadyeki.
  161. Sesanderan wong kalih pan sampun prapta, aneng wetan benawi, awas dennya mulat, yen gustinya pralena, lan sendheyan kang turanggi, kunarpanira, ki tumenggung anangis.
  162. Larasati anjrit nyumethi kuda, ambyur marang benawi, Ki mentahun ika, tan keri lan sang retna, wong loro tan sedya urip, pan sampun mentas, prapta kilen benawi.
  163. Wong ing Tarub Sela neng kilen bengawan, wan genira baris, kang lumayu padha, ing mangke pan wus prapta, tinata kadya ing nguni, mring Ki mentahun ini.
  164. Tinadhahan mring wong Tarub lawan Sela, meksa datan kuwawi, Mentaun tandangnya, pan anglir Jayajatra, turangganya sampun mati, putung lawungnya, nging ngamuk lawan keris.
  165. Sang Dyah Retna Larasati tandangira, kadya Wara Srikandhi, ngagem patremira, ingkang katrajang bubar, mapan wus tanpa turanggi, sarya karuna, mengkana den Ngabei.
  166. Pan wus mulat yen estri kang ngamuk ika, tedhak saking turanggi, nulya cinegatan, Ki mentahun wus panggya, kelawan Kyai Penjawi, sru panyuduknya, panggah Kyai penjawi.
  167. Tinempiling Ki Mentahun nulya niba, mapan lanjeng ngemasi, saking sayahira, wus dangu pangamuknya, pedhot napas ira iki, lan wus takdirnya, mengkana Den Ngabei.
  168. Wus apanggih lanang sang dyah rarasing driya, mengkana estinira, bagus temen bocah iki, sun durung mulat, ing Jipang kang kadyeki.
  169. Dadya menggah pengamuknya sang kusuma, lan uwis aningali, Ki Mentaun Pejah, mangkana ing tyas ira, mongsa sun anoma maning, angur belaha, nulya patrem pribadhi.
  170. Sampun niba palastra dyah rarasatya, dadya katiga sami, tinunggul kewala, wau ingkang kunarpa, mengkana wong Jipang prapti, kang pra dipatya, miwah ingkang prajurit.
  171. Pan sumekta sagegamaning ngayuda, baris wonten benawi, ra ara kabekan, mring sagung wadya Jipang, beleber pinggir benawi, tanpa wilangan, langkung denya ngajrihi.
  172. Wadya Sela lan Tarub nenggih barisnya, aneng kilen benawi, mapan let bengawan, dennya ayun ayunan, lawan langkung kedhik neki, wadya ing Sela, lawan Tarub puniki.
  173. Tigang atus winetara kathahira, nging wong Jipang puniki, kang manah wus suda, ningali gustinira, kelamun sampun ngemasi, lawan sang retna, tenapi ki dipati.
  174. Dadya dangu denira sawang sinawang, tanana ingkang wani, lamun lamun anyabranga, mengkana ki Ageng Sela, Ki Juru ingkang tinari, pakarsanira, Juru prayoga neki.
  175. Apa becik kelamun sira nabranga, yen mangkene pribadi, mapan tanpa wekas, manggung sawang sinawang, Ki Juru umatur aris, yen sinabrangan, kado boten kuwawi.
  176. Langkung kathah punika tiyang bang Wetan, wadya Tuwan ming kedhik, inggih lamun tahan, langkung saking prayoga, lamun datan tahan ugi, langkung memirang, lan mindhak angsal ati.
  177. Dugi kula tiyang Bang Wetan punika, manahnya sampun alit, kelamun ngantosa, punika angsal manah, kados aurat sanggi neki, Ki ageng nebda, paran prayogi neki.
  178. Kyai Juru mapan alon aturira, inggih lamun amarengi, lawan karsa tuwan, wonten udur punika, namung pun kakang Penjawi, lawan kawula, tiga Raden Ngabei.
  179. Dene baris ing Tarub Sela punika, mundura mapan sami, sowana kewala, wonten ngarsa paduka, kawula bilih menawi, wonten sih ing Hyang, lan supangat jeng nabi.
  180. Kang kapundhi amung pangestu paduka, ing siyang lawan latri, Ki ageng ngandika, yen mengkono karsanya, iya ingsun angamini, Penjawi mara, undurna sagung baris.
  181. Tur sendika nulya nembah aparentah, mundur sagunging baris, wong Bang wetan wikan, yen baris mundur samya, dadya ewuh ing tyas neki, narka yen gelar, saya alit kang ati.
  182. Den Ngabei kelawan Ki Juru ika, tiga Kyai Penjawi, wus ngrasuk busana, samya nitih turongga, Ki Juru titihan neki, belalak pancal, pun gunawan nameki.
  183. Hendrayeksa Ki Penjawi titihanya, Sungkali den Ngabei, pan samya tenaga, gawok wadya Bang Wetan, mapan samya aningali, jomblong sedaya, prapta pinggir benawi.
  184. Pra dipati ing Jipang pepak sadya, ingkang dadya pengarsi, Tohbau namanya, pan lagya paguneman, kelawan aningali, mring solahira prajurit tiga sami.
  185. Kang teteger aneng sapinggir bengawan, datan pantara prapti, kang prajurit tiga, bengawan linumpatan, kang kuda katiga sami, tan mawi nyebrang, dadya pra sami ajrih.
  186. Ki Tohbau lan sagung kang pra dipatya, ayun lumajar sami, nulya cinegatan, marang Ki Juru ika, lawan angandika aris, eh pra dipatya, aja lumayu sami.
  187. Praptaningsun ing kene nemoni sira, yen dhangan lan sira, padha amituhuwa, pan amrih rahayu neki, kendel sedaya, sagung kang pra dipati.
  188. Sohan andher neng ngarsa ri sang katrinya, Ki Juru anebda ris, endi engkang tuwa, lan sapa aranira, Tohbau matur ngabekti, inggih kawula, Tohbau westa mami.
  189. Eh Tohbau marmaningsun iki prapta, ayun tanya sayekti, paran karsanira, apa sedya abela, yen kena sun eman ugi, ngur rahayuwa, Tohbau atur bekti.
  190. Pan kawula inggih punapa kang karsa, gusti dhateng nglampahi, Ki Juru ngandika, yen wus  mengkono padha, angur sebaha tumuli, Ki Ageng sela, sandika mapan sami.
  191. Bilahinya pan ingsun kang nanggung padha, lah wis kariya iki, nuli anusula, sangung kang pra dipatya, sandika samya tur neki, anulya musna, ingkang prajurit katri.
  192. Sangsaya jrih sagunging wadya Bang wetan, anulya ambongkoki sagung ingkang wastra, nungsul nyabrang bengawan, Tanana kari sawiji, sedya aseba, Ki Juru kang winarni.
  193. Ki Penjawi Raden Ngabei wus prapta, ing arsa atur bekti, Ki Ageng atanya, paran ing lakonira, Ki Juru matur wot sari, pangestu tuwan, pukulan angsal kardi.
  194. Datan dangu kados nunten samya prapta, nulya sujud ing widi, Kyai Ageng Sela, langkung sokur mring sukma, tan pantara nulya prapti, wadya Bang Wetan, gumrah awaraning jalmi.
  195. Kyai Juru ingkang kinen methukena, kang sarta lajeng ngirid, mapan sampun praptra, sagung kang dipatya, ing ngarsa dher atur bekti, tumungkul samya, tan kuwarsa ningali.
  196. Marang wernanira Kyai Agung Sela, langkung dennya blerengi, mengkana ngandika, mring sagung pra dipatya, apa wis mituhu sami, mring kersaningwang, sadaya atur bekti.
  197. Sampun sakit senadyan dhumateng pejah, gusti inggih nglampahi, ki Ageng ngandika, ya wis ingsun tarima, nanging ta perentah mami, negeri Jipang, iya ing mengko iki.
  198. Ingsun titip Tohbau marang ing sira, lan sagunging dipati, padha rumeksaha, ingsun anyun kondura, iya marang Pajang mami, sapungkur ingwang, padha nusula nuli.
  199. Asebaha kelawan sak kancanira, mring Sultan Pajang iki, iku poma poma, padha amituhuwa, sandika samya tur neki, lan maning ana, iya wewekas mami.
  200. Layonira Arya Jipang becikana, lan kang loro iku ugi, tunggalna kewala, iku ya poma poma, aja sira ngiparani, matur sandika, sagung kang pra dipati.
  201. Mapan ingsun yun budhal sandina benjing, wus ta mundura iki, sagung pra dipatya, ngabekti gentya gentya, ngusapi lebu sang Yogi, sa undurira, angemu wespa sami.
  202. Hengengena sagung ingkang pra dipatya, Ki ageng kang winarni, mapan perimbangan, lawan ki Juru ika, tenapi Kyai penjawi, lawan kang putra, nenggih Raden Ngabei.
  203. Angandika Ki Ageng mring ri kalihnya, paran karsanireki, sapa ingkang tompa, ingganjara negara, pan ingsun tan melu jurit, Ki Juru turnya, lamun Kyai Penjawi.
  204. Pan sedaya panika asta paduka, Ki Ageng ngandika ris, iku Juru nora, ingsun ngater kewala, sayekti kang oleh kardi, pan anakira, kelawan si Penjawi.
  205. Kyai Juru gumujeng sarwi anembah, leres yen den tingali, nenggih kang tumandang, Raden Ngabei ika, kelawan wakne penjawi, nadya kawula, inggih pan boten keri.
  206. Ki Penjawi mapan boten prajeyan, lawan jeng sultan dhingin, mongsa sininglaran, mapan gampil kewala, pun thole mekaten malih, pan ponakawan, boten angsal negari.
  207. Ponakawan ganjaran astra busana, sanes paduka yekti, mring pundi purugnya, tan wande dhateng anak, sadherek mekatan ugi, datan parbeda, lawan anak kantun kedhik.
  208. Kyai Ageng wus dhahar ing aturira, Ki Juru amertani, nulya angandika, ya wis sun turut sira, Penjawi prentaha nuli, ingsun budhalan, malih sedina iki.
  209. Marang pajang Penjawi atur sandika, nulya tengara muni, wadya Tarub Sela, langkung ing tyas gumbira, gustenira angsal kardi, sa marga marga, mapan kasukan sami.
  210. Henengena wau kang lagya lumampah, kawarna pajang negri, nenggih kang jeng sultan, mapan lagya sineba, pepak kang wadya anangkil, kang munggeng agarsa, Raden moncanegari.
  211. Kang jeng sultan aris denira ngandika, eh ta Moncanegari, apa sira wikan, wertane kakang sela, olehe amangun jurit, asor unggulnya, nembah Moncanegari.
  212. Inggih mirsa wertininun kakang sela, meksih apacak baris, neng kilen bengawan, wadyanya Arya Jipang, baris bang wetan benawi, wadya ing sela, kawarta sanget kontit.
  213. Langkung kathah wadyanira arya Jipang, kadugi tan kuwawi, eca angandika, kasaru geger jaba, kang jalma samya ningali, ing praptanira, Ki ageng Sela iki.
  214. Langkung asri lampahe sa marga marga, anging Raden Ngabei, ingkang dadya kondhang, sagung wong kang tuminggal, kang jeng sultan wus miharsi, lajeng putusan, ngenggalken lampah neki.
  215. Tan pantara Ki ageng wus prapteng angarsa, lajeng Jawat asteki, nulya tata lengah, Raden Ngabei nulya, ngbekti marang sang aji, rinangkul lawan, lawan kang putra den arasi.
  216. Adhuh nyawa sokur selamet ta sira, rineksa mring Hyang widi, nulya tata lengah, lawan Pangran Benawa, mapan rarangkulan sami, samya kangennya, ri wus tata alinggih.
  217. Kang jeng sultan aris denira tannya, mring ki Ageng seleki, paran kang sira, lakonira sun duta, Ki Ageng lon atur neki, lampah kawula, angsal berkat sang aji.
  218. Arya Jipang sapunika sampun pejah, nging lawan patih neki, Mentaun namanya, bojonipun satunggal, westa dewi Larasati, iku ta kakang, sapa lawaning jurit.
  219. Arya Jipang pan inggih lawan kawula, mentaun lan Penjawi, Larasati mapan, pun Ngabei puniki, nenggih lawaning ngajurit, nata ngandika, balane ana ngendi.
  220. Balanipun wenten sawetan bengawan, pun juru kang nadhahi, nanging let bengawan, tiyang tarub lan sela, punika ingkang nadhahi, sareng tumingal, yen Arya Jipang mati.
  221. Lajeng teluk sadaya tiyang Bang Wetan, Tohbau kang pangirid, sagung kang dipatya, punika ingkang tuwa, kang jeng sultan tanya malih, kabeh ku iya, ing mengko ana ngendi.
  222. Kyai Ageng mapan aris aturira, teksih kantun neng wingking, kades nunten prapta, saweg kula ken samya, nyaeni kunarpa neki, pun Arya Jipang, sang nata ngandika ris.
  223. Ya wis kakang abanget tarimaningwang, nging sira aja mulih, wong Tarub kewala, lan sela ulihena, anaha wismanireki, kakang prayoga, ya siroabeng Ngabei.
  224. Tan lenggana nulya luwar Sri Nalendra, bubar sagunging nangkil, Ki Ageng winarna, lajeng mring wisma nira, kang putra Raden Ngabei, wong tarub sela, wus lajeng kinen mulih.
  225. Ki Penjawi lan Ki Juru ika, kang meksih anenggani, angeng Pengabeyan, kawarana kang jeng sultan, nimbali rekyana patih, Moncanegara, prapta panepen nuli.
  226. Kang jeng sultan sakondurira sineba, mapan tan manjing puri, sampun pitung dina, neng panepen kewala, lawan datan mijil mijil, langkung sungkawa, nulya ngandika ris.
  227. Kakang Moncenegara marmane sira, iya ingsun timbali, paran karsa nira, prekara kang ubaya, ingsun wus eling sayekti, kang pangandika, iya jeng Sunan Giri.
  228. Ing Mentaram parentah sa tanah Jawa, paran genya baleni, dene mengko kakang, wus dadi bayaningwang, dadi cidra yen tan yekti, lamun yektiya, paran kakang kang keri.
  229. Matur nembah dipati moncanegara, kula mekaten malih, kelangkung supenya, duk paduka ubaya, ing mengko emut sayekti, kang pangandika, inggih Sinuhun Giri.
  230. Yen marengi pan inggih atur kawula, kejawi den lintoni, sinerah kewala, ing pundi kinarsakna, senadyan tikela kalih, kula sengaja, kang jeng sultan nebda ris.
  231. Iya kakang ingsun wus mongsa bodhowa, angger tarima iki, mara ta dhawuhna, marang ing Pangabeyan, sandika lengser sing ngarsi, rekyana patya, ing Pangbeyan prapti.
  232. Mapan nuju Ki Ageng lenggah pendhapa, kang munggeng ngarsa neki, Ki Penjawi lawan, Kyai Juru punika, katiga Raden Ngabei, kagyat praptanya, Raden Moncanegari.
  233. Mapan lajeng wau sami Jawat asta, ri wusnya tata linggih, Adipati Monca, mapan lajeng ngandika, kakang kawula tinuding, dhateng sang nata, kinen masrahna ugi.
  234. Kang ubanggi kang negeri kalihnya, Pathi lawan Mentawis, nanging ing Mentaram, karsane Sri Nalendra, kakang mapan den lintoni, sabab Mentaram, kakang negari alit.
  235. Kalih dene sapunika taksih wona, paduka kinen milih, negeri tanah Jawa, sedaya pilihana, senadya tikela kalih, sri naranata, kakang mapan nglilani.
  236. Kyai Ageng mapan dangu tan ngandika, wusana anebda ris, gih adhi matura, dhumateng Sri Nalendra, kawula tan saged krami, lan boten nedya, gadhah wicanten kalih.
  237. Mung punika adhi kawula aturna, dhumateng sri bupati, nulya Jawat asta, pamit dipati Monca, wus katur marang sang aji, lamun mengkana, ki Ageng atur neki.
  238. Dadya kendel sang nata datan ngandika, wus dangu ngandika ris, yen mengkono Monca, padha meneng kewala, nanging den yitna sireki, wus ta muliha, sandika atur neki.
  239. Sampun lengser Den Adipati Monca, saking ngarsa sang Aji, henengena winarna, nenggih Ki Ageng sela, saundurnya duta aji, kendel kewala, mapan datan kena angling.
  240. Ki Penjawi ingkang tyas langkung bramatya, jaja lir metugeni, mengkana aturnya, yen marengi kang karsa, suwawi dipun ayoni, ratu kang cidra, Ki Juru anahuri.
  241. Pan mengkane Penjawi karsa paduka, punika tan prayogi, ngajak ngrusak tata, wekasane punika, ingkang raharja sayekti, dadosnya sama, wekas cidra pribadi.
  242. Kyai ageng mapan aris angandika, wus aja na pinikir, pan cobaning Sukma, ingsun mapan kinarya, lelakon marang Hyang Widi, eh Juru sira, kelawan si Penjawi.
  243. Ingsun titip anakira karo padha, emongen si Ngabei, iku poma poma, aja na walang driya, sireku marang ing mami, mapan ingsun arsa, kumambang mring Hyang Widi. 

PUPUH VI
MASKUMAMBANG 

  1. Nulya manjing wektu Maghrib jeng sang yogi, mring panepen nulya, asalat ki Juru ngiring, lawan ki Penjawi ika.
  2. Pan katiga anenggi Raden Ngabei, makmum ri sawusnya, bakda Ngisa karo sami, amrih eca tyasing putra.
  3. Atenapi dhumateng kang rayi kalih, dadya samya eca, ing tyasnya katiga sami, tengah dalu wayah ira.
  4. Jawah angin Ki Ageng ngandika aris, wus padha turuwa, mapan ingsun arsa guling, Ki Ageng nulya sarehan.
  5. Den Ngabei Ki Juru lawan Penjawi, samya aneng dagan, wayah ira bangun enjing, katiga wus samya nendra.
  6. Kyai Ageng tumulya miyos aririh, lajeng lampahira, mapan sedya mati ragi, manut salembak ing manah.
  7. Wus kapungkur negara ing Pajang iki, samoun manjing wona, Raden Ngabei winarni, lawan kang paman kalihnya.
  8. Sawungunya asri kagyat pan sami, sang wiku tan ana, nulya Raden Ngabei, lajeng niba pasarehan.
  9. Kyai Juru datan pegat mituturi, dhumateng kang putra, mapan sarwi den keloni, ki Penjawi kang winarna.
  10. Datan saged ningali Raden Ngabei, yen sampun sangeta, pengampahe ingkang rayi, ki Juru mertani ika.
  11. Mapan kedah angamuk Kyai Penjawi, mapan lajeng kesah, sedyanira Ki Penjawi, anusul dhateng kang raka.
  12. Kawarnaha Sultan Pajang wus udani, yen kang raka kesah, kalawan Kyai Penjawi, langkung getering tyas ira.
  13. Nging Ki Juru kalawan Raden Ngabei, kang teksih neng wisma, nanging Raden Ngabei, sare amujung kewala.
  14. Kyai Juru kang tansah mituturi, jeng sultan winarna, nimbali marang dipati, Moncanegara wus prapta.
  15. Ing ngarsane sang nata ngandika aris, paran kesanira, eh sira Moncanegari, lungange si kakang Sela.
  16. Apa nora yen iku dadya kawatir, adipati Monca, umatur sarya ngabekti, nenggih pangraos kawula.
  17. Kades boten antawis Raden Ngabei, pan meksih tinilar, lan pun kakang Juru meksih, kados pun kahang ing sela.
  18. Kesahipun kula dugi mangun teki, marmaming tyas amba, ing lahir boten kuwatir, ing batos kula sumongga.
  19. Kangjeng sultan nulya angandika aris, yen mengkono Monca, payo nenuwun Hyang widi, muga ja na kara-kara.
  20. Wis muliha mung iku parentah mami, adipati Monca, sandika matur sing ngarsi, kawarnaha Kyageng Sela.
  21. Pan wus prapta anenggih ing Sekar lampir, kang sinedya driya, ing Garenjeng mati ragi, Ki Penjawi kang winarna.
  22. Gennya nusul ngulati datan kapanggih, lajeng mati raga, aneng salabentar iki, pan tapa ngadek kewala.
  23. Neng jro sela ki ageng winarna malih, neng Gerenjeng punika, asmilati ragi, pinarak sangandhep toya.
  24. Mapan lenggah sarya sila tumpang iki, lawan madhep keblat, nora ebah nora esik, mapan sampun mindha reca.
  25. Pan wus suwung yekti tan mujud kekalih, awang awang ika, uwung uwung kang kaeksi, mahluk kang ayua wus sirna.
  26. Nanging kadim ajalalan kang abdi, wus dadya satunggal, mengkana pan sampun lami, awetara satus dina.
  27. Gara gara mapan nulya andhatengi, mengkana winarna, kangjeng Susuhunan Adi, wus miyarsa yen kang putra.
  28. Sultan Pajang dinugas laya kapti, lan kang putra Sela, jeng sunan ing karsaneki, nulung mring putra kalihnya.
  29. Sampun tedhak sang wiku karsaneki, Pajang kang sinedya, manggihi jeng sultan iki, kawarna jeng Sri Nalendra.
  30. Mapan lagya kemengan sri narapati, tan kena sineba, neng penepening pribadi, tan arsa ingadhep jalma.
  31. Tan pantara rawuhnya Sinuhun Adi, sang nata wus mulat, lamun sang pandhita prapti, angraos manggih duduka.
  32. Nulya tedhak saking panepen sang aji, manembah suku sang, manguswa pada sang yugi, sang pandhita angandika.
  33. Lah ta uwis pa ye Jebeng tata linggih, nulya samya lenggah, sang pandhita ngandika ris, marmaningsun iki prapta.
  34. Ayun takon mring sira ing sayekti, paran wartanira, lakune kakang ireki, jeng sultan tumungkul nembah.
  35. Mongsa barong paduka mesem sang yogi, ya Jebeng sun wikan, kang dadi rubeda neki, atenapi kakangnira.
  36. Marmaningsun iki Jebeng nuli prapti, ja kadawa-dawa, geseh lan kakangireki, nora becik dadenira.
  37. Iya bener Jebeng karsanireki, nadyan kakangnira, pan iya mengkono maning, paran gone balenana.
  38. Balang tiba pan iku upamaneki, mapan nora kena, lamun iku bali maning, Sultan Pajang ris aturnya.
  39. Pan kawula sumongga karsa sang yogi, nging panuhun amba, lestaring Pajang negri, jeng sunan mesem ngandika.
  40. Iku Jebeng beciko sira prajangji, lawan kakangnira, mapan ingsun kang nekseni, jeng sultan matur sumongga.
  41. Pan ing mengko kakangnira ana ngendi, jeng sultan aturnya, kawula mboten udani, mapan sampun kesah lama.
  42. Ingkang kantun amung pun thole Ngabei, lan pun kakang ika, nenggih Juru amertani, kang Penjawi tumut kesah.
  43. Kangjeng sultan mesem angandika aris, yen mengkono iya, becike ingsun tiliki, nulya tedhak kangjeng sunan.
  44. Kangjeng sultan dherek dhumateng sang yogi, marang Pengabehan, datan antara wus prapti, Raden Ngabei winarna.
  45. Selaminya tinilar kang rama iki, pan sare kewala, wau Rahaden Ngabei, mujung aneng pesalatan.
  46. Nrekang rama datan mobah datan mosik, ingkang asta kanan, tumumpang ing jaja neki, astanya kiri punika.
  47. Mapan nurut ing wentis samya kang kering, delamakan kanan, iku mapan den tindhihi, mring kang wentis kiri ika.
  48. Kang deriji sedaya bineber sami, lan kukub punika, ki Juru ingkang nenggani, nanging salat kasilira.
  49. Mapan tan ana mengeng tingalireki, Ki Juru punika, kalawan Raden Ngabei, wus prapta munajat ira.
  50. Kangjeng sunan prapta pelataraneki, ing panepenira, Sultan Pajang ingkang ngiring, nging sepi tan wonten jalma.
  51. Kadya rusak yen tinon saking ing jawi, datan ana tiyang, tilas kang ngambah sawiji, pan kadya tan wonten jalma.
  52. Dadya dangu jeng sunan lenggah surambi, lan jeng Sunan Pajang, jeng sunan ngandika aris, Jebeng ingsun yan kaduga.
  53. Mara coba engakna lawang neki, nulya kangjeng sultan, Pajang angengakken kori, ki Juru katinggal salat.
  54. Kangjeng sultan nulya matur mring sang yogi, yen ki Juru salat, mengkana jeng sunan nuli, takbir lawan uluk salam.
  55. Kyai Juru tan pandung ing tekbir neki, lamun gurunira, anulya salam tumuli, medal mring surambi nulya.
  56. Kyai Juru nyungkemi pada sang yogi, ri sawusnya lenggah, nulya Jawat asta sami, kelawan jeng Sultan Pajang.
  57. Kangjeng sunan mangkya angandika aris, endi anakira, iya si Jebeng Ngabei, ki Juru matur punika.
  58. Ingkang kula tengga inggih pun Ngabei, pan tilem kewala, selaminipun tan osik, marma amba tikar salat.
  59. Ya ta mesem jeng sunan nulya umanjing, mring panepen nulya, sinandhing Raden Ngabei, dhateng kangjeng sang pandhita.
  60. Sultan Pajang lan ki Juru amertani, lenggah neng dagannya, sang wiku anulya singkir, dikir ghaib kang kinarya.
  61. Nulya wungu wau Rahaden Ngabei, kagyat mulat marang, sang pandhita ingkang prapti, nulya sumungkemi pada.
  62. Pan rinangkul wau Rahaden Ngabei, marang sang pandhita, ingaras embunireki, sawusnya Raden tumingal.
  63. Mring kang rama Sultan Pajang gya ngbekti, pan rinangkul nulya, esmu wespa sri bupati, den Ngabei pan mengkana.
  64. Kangjeng Sunan Hadi nulya ngandika ris, mring ki Juru ika, kakangnira ana ngendi, iya ki Jebeng ing sela.
  65. Kyai Juru umatur sarya ngabekti, kesah sampun lama, kawula boten udani, kang sinedya karsanira.
  66. Nanging weling punika Raden Ngabei, amba kinen monga, lawan pun kakang Penjawi, nging pun kakang tumut kesah.
  67. Mapan nusul sampun elet tigang wengi, panggih lan botennya, kawula mapan tan uning, jeng sunan aris ngandika.
  68. Wus ta Juru tenapi Jebeng Ngabei, wis aja rinasa, prakara ingkang tan yogi, pa dene Jebeng ing Pajang.
  69. Wus tetepa padha dadya dulur maning, sandika katurira, wus padha kariya iki, sun susule kakangira.
  70. Nulya musna sang pandhita tan kaeksi, kangjeng Sultan Pajang, kang putra Raden Ngabei, kalawan ki Juru ika.
  71. Sakalihnya binekta manjing ing puri, mapan tan lenggana, wus mantuk kadya ing uni, sirna tan ana kerasa.
  72. Henengena kawarna sang wiku jati, ingkang angupaya, dhateng ki Ageng Seleki, tumingal marang gegana.
  73. Sorot padhang teja sundhul ing wiyati, jeng sunan tan samar, ing Gerenjeng prenah neki, ki Ageng amati raga.
  74. Sampun prapta sang pandhita lampah neki, lajeng malih warna, ingkang putra den ayoni, menda serpa alit ika.
  75. Lejeng grenet mring pangkon kang serpa alit, pan nadyan nyakota, nanging ta sang ageng brangti, wus sirna bongsa manungsa.
  76. Sirna serpa nulya na kelabang alit, geremet neng kerna, lajeng lumebet kerneki, nging sang brongta yan kerasa.
  77. Nulya musna ingkang kelabang alit, mendha ingkang putra, sira Rahaden Ngabei, prapta anungkemi pada.
  78. Asru nangis mengkana aturereki, jeng rama luwarsa, pun paman Juru ngemasi, pinejahan sultan Pajang.
  79. Pan kawula kinuya-kuya sayekti, lamun kecandhaka, pan inggih dipun pejahi, dhumateng jeng sultan Pajang.
  80. Tiyang Sela Tarub samya den Penjahi, estri binoyongan, pun ibu lawan pun bibi, sadaya wus aneng pura.
  81. Datan ewah tyasira sang agung brangti, sumendhe ngiradat, tumancep mring dat sejati, wus sirna kang ponca driya.
  82. Langkung suka tyasira jeng Sunan Hadi, kalamun kang putra, ing Sela wus den keringi, marang sagung ponco driya.
  83. Nulya sira kang werna Raden Ngabei, jeng sunan wus lenggah, ngarsanya sang ageng brangti, dadya wedhar tinglira.
  84. Kang khakiki tumingal gurumaja ji, mapan anglir serpa, ingkang lagya malungsungi, paningalira kang tapa.
  85. Dereng wedhar sedaya gahota neki, mengkana jeng sunan, ingkang putra den singiri, ghaib ginaib kinarya.
  86. Nulya wedhar kumpuling gahota sami, mantuk basa riyah, kamil mukamil nglimputi, dhumateng ing sipat ngaral.
  87. Alam kabir kalimputing alam sahir, wus mulya manungsa, mengkana nulya ngabekti, nungkemi pada jeng sunan.
  88. Pan rinangkul dhumateng sang maha yekti, lawan angandika, wus Jebeng luwara iki, aja ta sira kedawa.
  89. Wus pinasthi sira marang ing Hyang Widi, pan wijine Jawa, turun temurun ing benjing, mapan iya tan keselan.
  90. Kangsi prapta ing jaman akhirku benjing, pan turunira, datan nana kang nyelani, ingkang mengku tanah Jawa.
  91. Wus jamake Jebeng tan wong bakal luwih, pinaringan papa, nadyan ingkang para nabi, Jeng Nabi Adam awitnya.
  92. Nabi Enuh lawan jeng Nabi Ibrahim, kangjeng Nabi Musa, jeng Nabi Ngisa puniki, apadene nabi nira.
  93. Kangjeng Nabi Muhamadsam iku yekti, padha awit papa, mulya ing wekasan neki, nanging jeng Nabi Suleman.
  94. Ingkang nora awit papa iku ugi, pan karsaning sukma, anglahirken kodrat neki, pan kinarya kenyataan.
  95. Awitara sira Jebeng anampani, mring pulunging Jawa, anakira si Ngabei, kang wus pinasthi Hyang Sukma.
  96. Mapan ana Jebeng prathonda neki, iya arenira, Jebeng Pajang liwat asih, iya marang anakira.
  97. Pulung iku Jebeng kelamun angalih, mapan iku nora, ngalih mrika den sengiti, pesthi mring kang kinasiyan.
  98. Wus ta payo Jebeng mulih lawan mami, iya marang Pajang, jaluken ingkang prajanji, ingsun ngater marang sira.
  99. Lawan iya pesthi banjur sun nekseni, lah payo nagiha, adhenira si Penjawi , mengkone ngendi prehnya.
  100. Kyai Ageng umatur sarya ngabekti, kawula tan wikan, rumiyin kantun negari, pan kula ken ngemong samya.
  101. Mapan inggih kekalih dhateng Ngabei, mesem sang pandhita, wus Jebeng ingsun kepanggih, nging Penjawi nusul sira.
  102. Payo mangkat goleki Jebeng Penjawi, miyos kangjeng Sunan, saking sangandhaping warih, Kyai Ageng atut wuntat.
  103. Aningali jeng sunan sorot wiyati, mapan wus tan samar, mring tejane Ki Penjawi, prenahira Salabentar.
  104. Saking Grenjeng jeng sunan sampun lumaris, ki Ageng tut wuntat, Salabentar sampun prapti, ki Penjawi kang winarna.
  105. Mapan ngadek tapanira Ki Penjawi, aneng jroning guwa, lan madhepe kiblat gingsir, sarta asendheyan sela.
  106. Kangjeng sunan lan Ki Ageng sampun prapti, pelataran guwa, nulya uluk salam neki, kagyat kang aneng jro guwa.
  107. Ki Penjawi mapan nulya anahuri, tan pandung swaranya, kelamun sang maha yakti, sampun wedhar tingalira.
  108. Nulya medal saking guwa ki Penjawi, lajeng ngaras pada, ngusapi lebu sang yogi, ri wusnya nulya tumingal.
  109. Mring kang raka ki Ageng lenggah neng wingking, ki Penjawi nulya, nungkemi sarya anangis, ki Ageng aris ngandika.
  110. Wus ta yayi menenga aja anangis, mara alungguha, anaha purbaning Widi, aja akeh kang rinasa.
  111. Sawusira tata alenggahan sami, jeng sunan ngandika, Jebeng pa yo padha mulih, tan pantara nulya mangkat.
  112. Tan winarna ing marga Pajang wus prapti, lajeng manjing pura, Ki Ageng kantun neng jawi, lawan Ki Penjawi ika.
  113. Mapan nuju jeng sultan lenggah pendhawi, lan dipati Monca, Ki Juru lan den Ngabei, sekawan Pangran Benawa.
  114. Samya kagyat rawuhnya jeng Sunan Hadi, pan methuk sedaya, nulya tata lenggah sami, mapan ngujung gentya gentya.
  115. Ri wus tata jeng sunan ngandika aris, dene pasang yogya, padha pepak temon iki, Jebeng Ngabei Benawa.
  116. Lan mapaga marang uwakira prapti, sun anti neng jaba, mengkana Raden Ngabei, kalawan Pangran Benawa.
  117. Sakelangkung tysira marwata siwi, nembah sekalihnya, pan samya lumajeng mijil, wus panggih lawan kang rama.
  118. Anungkemi padanira kanan kering, pan sarya karuna, kalihnya rinangkul sami, dhumateng ki Ageng Sela.
  119. Lon ngandika Jebeng wus menenga kalih, pan wus kendel samya, anulya umatur aris, padika lajeng ngandikan.
  120. Wus lulampah tan keri Kyai Penjawi, pan lagya katingal, jeng sultan angawe gipih, prapta lajeng rerangkulan.
  121. Ki Penjawi Ki Juru rangkulan sami, lan dipati Monca, jeng sunan suka ningali, wus tan na rasa rumangsa.
  122. Ri wusnya jeng sunan ngandika aris, mring jeng Sultan Pajang, paran ta karsanireki, kakangira pan wus prapta.
  123. Luwarana ubayanira ing nguni, kelamun anaha, Jebeng kang dadya tyas neki, prayoga sira pajara.
  124. Kangjeng sultan umatur sarya ngabekti, pan mongsa boronga, paduka sampun udani, ing samanah manah amba.
  125. Ya ta mesem jeng sunan ngandika aris, ya wus Jebeng Pajang, mapan ingsun ya udani, kang dadya kuwatirira.
  126. Pangandika dhingin jeng sinuhun Giri, lah pa gene ika, sira anggo pasang giri, jeng sultan tumungkul nembah.
  127. Saking sanget tyas kasupene sayekti, marma yen kenginga, pun kakang amba lintoni, sang pandhita angandika.
  128. Iku ora sapa ingkang karya lali, lamun mengkonoha, kagepok ngujub sireki, dadi kitib mekasannya.
  129. Khukum akal iku Jebeng ametengi, marang ngelmunira, tinurut tan tanpa kardi, mundhak ilang pasrahira.
  130. Dadya matur jeng Sultan Pajang ngabekti, marang sang pandhita, punapa karsa sang yogi, kawula mapan sumongga.
  131. Nging panuwun kawula osiking ati, gih pun kakang Sela, wontena prasetyaneki, mapan dhumateng kawula.
  132. Amrih anteng ing manah selamineki, mugi ta tulusa, dados kadang donya akhir, mesem sang wiku ngandika.
  133. Lah ta paran ki Jebeng Sela sireki, iku arenira, kang dadya penjaluk neki, ki Ageng Sela aturnya.
  134. Mapan inggih amba paduka sekseni, yen ngantos sakhajat, nging awak amba pribadi, jumeneng ratu ing Jawa.
  135. Pan punika sumangga karsa sang yogi, jeng sunan ngandika, dhumateng jeng sultan aris, paran Jebeng karepira.
  136. Mapan uwis prasetya kakangireki, sang Nata aturnya, punika nanging pribadi, ing wingking kados punapa.
  137. Kangjeng sunan mapan angandika aris, bener kakang ira, ananggung awak pribadi, ing urip sapa weruha.
  138. Mapan iku iya kagunganing Widi, kalamun manungsa, iya melu anderbeni, kagepok ing sirik ika.
  139. Dadya sira was marang ngelmu nireki, iku pan tan ana, liyane awak pribadi, kang linilan ngawruhana.
  140. Lawan maning dunduman pan ora keni, lamun ngawruhana, begja lara lawan pati, wus ana ngatasing Sukma.
  141. Lamun nora mengkono anyekuthoni, iku sakarsa, jeng sultan matur wot sari, yen paduka sampun karsa.
  142. Pan kawula sumongga dherek sayekti, ing sakarsa tuwan, kangjeng sunan ngandika ris, wus Jebeng sira ulungna.
  143. Kangjeng sultan nulya angandika, aris, wus kiraka Sela, Mentaram lawan ing Pathi, sun pasrah marang ing sira.
  144. Nulya geter pater pan amertandhani, Ki ageng sela, nampani negri mentawis, sineksen mring sang pandhita.
  145. Kangjeng sultan nulya angandika aris, wus kiraka sela, Mentaram lawan Pathi, dadi kaduwe mring sira.
  146. Tampanana ingsun pasrah mring sireki, Ki Ageng aturnya, pan langkung panuwunneki, dadya luwar kang ngubaya.
  147. Aranira ing mangko kakang sun alih, Ki Ageng Mentaram, lan Pathi sapa nenggoni, Ki Ageng aris aturnya.
  148. Yen marengi inggih pun adhi Penjawi, wus kakang prayoga, si Kakang Juru Martani, dadi tan uman negara.
  149. Pan gumujeng Kyai Juru Amertani, awon Pathi punika, dene kaprentah Mentawis, mesem kangjeng sang Pandhita.
  150. Sultan Pajang gumujeng ngandika malih, kakang ing Mentaram, mapan ana kang duweni, si kakang gedhe Mentaram.
  151. Kyai Juru angguguk gujengireki, nulya ris aturnya, yektinipun kakang singgih, tan saged parentah jalma.
  152. Mangke malih wus gadhah negri kekalih, kelamun sageda, parentah dhumateng jalmi, duk nguni meksih neng Sela.
  153. Nanging kendel lan salat kang den karemi, marmane punika, tan wande kula pribadi, ingkang parentah Mentaram.
  154. Dadya samya gumujeng suka tyas neki, mengkana jeng sunan, langkung sokor mring Hyang Widi, kang putra wus tanataha.
  155. Sang Pandhita mangkana ngendika aris, kabeh Jebeng padha, estokna pitutur mami, aja lali ngelmunira.
  156. Lah ya iya Ki Jebeng ing Mentawis, iku poma poma, aja lali ing prejangji, lan renira Jebeng Pajang.
  157. Kyai ageng umatur sarya ngabekti, mugi ta angsala, ingkang pangestu sang yogi, sageda anglampahana.
  158. Iya Jebeng sun donga marang Hyang Widi, muga ta bisoha, tenapi arinireki, iya ki Jebeng ing Pajang.
  159. Poma karo aja na selaya pikir, wus padha kariya, ingsun Jebeng arsa mulih, kangjeng sunan nulya musna.
  160. Sultan Pajang ngandika mring kang ris, kakang besuk apa, sira mulih mring Mentawis, Ki Ageng aris aturnya.
  161. Benjang enjang yen marengi sri bupati, sang nata ngandika, paran si Jebeng Ngabei, apa kari pa kagawa.
  162. Kyai Ageng mapan alon atur neki, kawula sumongga, ing karsa paduka aji, Sri Nalendra angandika.
  163. Iya kakang tinggalen jabeng Ngabei, ana kanthiningwang, Raden Ngabei turneki, kalilan tan kalilana.
  164. Mapan amba yun tumut pun bapa iki, dhumateng Mentaram, mesem jeng sri bupati, aris denira ngadika.
  165. Iya Jebeng aja susah tyasireki, apa karsanira, mapan ingsun anglilani, matur Pangeran Benawa.
  166. Pan kawula dewaji anuhun pamit, tumut mring pun kakang, ngateraken mring Mentawis, gumujeng suka nalendra.
  167. Iya mara Benawa melu Ngabei, ingsun iki iya, melu si kakang pribadi, Monca sira melu sapa.
  168. Baya melu marang si kakang Penjawi, kakang Juru nora, ana iya kang ngeloni, ki Juru gumujeng suka.
  169. Pan sedaya punika kula den iring, dadya samya suka, sang nata ngandika malih, kakang sun titip mring sira.
  170. Bocah wadon teka Kalinyamat dhingin, meksih cilik ika, yen wus mangsanira benjing, kakang sira aterena.
  171. Tur sandika nulya luwaran sang aji, kondur ki mas Monca, mantuk mring dalemirekim, Ki Ageng mring Pengabean.
  172. Pan sedalu nora ana ingkang guling, samya tata tata, wong Tarub Sela wus prapti, enjing pan samya budhalan.
  173. Kangjeng Pangran Benawa kang munggeng ngarsi, lawan ingkang raka, kangjeng Rahaden Ngabei, Ki Ageng neng wurinira.
  174. Mapan lawan kang rayi Kyai Penjawi, Ki Juru punika, kang nindhihi repot sami, lawan dyah rara sengakaran.
  175. Wus pinaring tunggil lan rerepot estri, Ki Juru sedaya, ingkang rumeksa pan sami, ningali jeng Sultan Pajang.
  176. Wong ing Pajang sedaya tan ana kari, gabagan rantaban, sagunging wong aningali, langkung asri lampahira.
  177. Boyongira Ki Ageng dhateng Mentawis, pan samarga marga, tiyang kang samya ningali, atenapi kang sugata.
  178. Tan winarna ing marga lampahnya prapti, nenggih ing Mentaram, nulya tata tata sami, karya pamondhokanira.
  179. Ki Penjawi nulya mantuk dhateng Pathi, wong Tarub lan Sela, sedaya ingkang angiring, lampahira sampun prapta.
  180. Pan wus manggih ing Pathi kitha kang lami, lajeng ingenggenan, dhumateng Kyai Penjawi, wong Pathi suyud sedaya.
  181. Wong ing Tarub Sela samua nuhun pamit, pan mantuk sedaya, linilan wus budhal sami, kawarna Pangran Benawa.
  182. Sampun lami neng Mentaram nuhun pamit, kondur dhateng Pajang, Kyai Ageng wus marengi, Jebeng Ngabei ingaterna.
  183. Nulya mangkat lampahira tan winarni, sampun prapta Pajang, lajeng sowan kang rameki, dinangu ing saneskara.
  184. Sampun katur ing salampah lampah neki, kang jeng Sultan Pajang, langkung sokur ing Hyang Widi, semana ing tanah Jawa.
  185. Langkung kerta tan nana winalang ati, Mentaram winarna, Kyai Ageng karya mesjid, kalawan kang palesiran.
  186. Kang kedhaton mapan sampun den badheni, ri wus sira dadya nyai Ageng kang ngenggeni, mapan kalawan kang putra.
  187. Kyai Juru karya wisma sampun dadi, westa Pegambiran, langkung kertaning Mentawis, Kyai Ageng kang winarna.
  188. Sampun karya panepen sakilen masjid, langkung asrinira, pangulu pan sampun kardi.
  189. Tata tita langkung kerta ing Mentawis, pitik iwen ika, mapan nora den kandhangi, durjana wus nora nana.
  190. Siyang dalu nging rame ngibadah sami, mengakna kocapa, Kyai Ageng pan wus lami, saben mongsa sowanira.
  191. Marang Pajang yen kondur lajeng nenepi, pan nanging punika, ki Ageng kareman neki, nging mesjid lan panepennya.
  192. Lawan nyai Ageng mapan awis awis, panggih lawan kang raka, tenapi Raden Ngabei, awis sowan mring kang rama.
  193. Kawarnaha dyah rara sengkaran iki, wus lami dewasa, wernanira jungkar angin, tuhu yen ayu utama.
  194. Gandrung manis pan asawang rumring sari, yen angliring ika, tuhu lamun karya brangti, tur kaduk raga kerana.
  195. Kang salira mapan lir emas sinangling, dalem petamanan, wus mempeng birahi neki, den Ngabei pan mengkana.
  196. Yen tumingal marang dyah sengkaran iki, kelangkung tyas ira, dhasar Rahaden Ngabei, sampun kelangkung dewasa.
  197. Mapan sang dyah sengkaran mengkana maning, kelamun tumingal, dhumateng Raden Ngabei, kadya pejah tanpa jiwa.
  198. Lami lami dadya supe kalih neki, dhumateng jeng sultan, tenapi weling sudarmi, sampun nemah sekalihnya.
  199. Nanging repit tan nana jalma udani, yen sang dyah mengkana, kelawan Raden Ngabei, ing sawusnya lama lama.
  200. Sang dyah Retna Dumilah mapan garbini, lagya kawan candra, nyai Ageng wus udani, mapan nulya tinimbalan.
  201. Prapta ngarsa nyai Ageng ataya ris, sinten rewang dika, ingkang wani angrasuhi, mapan tumungkul sang retna.
  202. Datan saged umatur nging esmu tangis, kang jeng nyai ika, langkung kewran galih neki, wus rumahos tiwasira.
  203. Mapan lajeng kinen animbali nuli, dhumateng ingkang putra, wau Rahaden Ngabei, datan karsa lajeng kesah.
  204. Langkung sanget nyai Ageng ing tyas neki, nutuh kang salira, lajeng mring panepen nuli, ayun matur mring kang raka.
  205. Sampun prapta panepen Nyai Ageng nuli, nungkemi kang raka, neng pada sarwi anangis, Kyai Ageng angandika.
  206. Lah tutura Nyai aja sira nangis, dadya tanpa karya, wong nangis sun durung udani, kang dadya daruna nira.
  207. Mara ta wis tutura Nyai den yekti, Nyai Geng aturnya, kawula tiwis kiyai, sarwi ngusapi waspa.
  208. Nulya matur pejah gesang kula Kyai, katura sampeyan, ing mangke sengkeran aji, dyah rara sampun awawrat.
  209. Sareng mirsa Ki Ageng langkung tyas neki, dangu tan ngandika, nulya angandika aris, sapa kang ngrusak larangan.
  210. Nyai Ageng umatur sarya ngabekti, kawula tan wikan, sampun kula pitakeni, tumungkul nangis kewala.
  211. Saking kaku manah kawula Kyai, lajeng kawula ngundang, nenggih dhateng pun Ngabei, boten purun lajeng kesah.
  212. Kula undang badhe kula ken nakeni, kang karya punika, menawi ngaken Kyai, ingkang anyidra asmara.
  213. Boten purun mila kuwur ingkang ati, ki Ageng anulya, utusan aken nimbali, mring ki Juru Mertanika.
  214. Tan patara ki Juru anulya prapti, wus pinaring priksa, Ki Juru getun tan sipi, pan wusnyana yen kang putra.
  215. Aturira Kyai Juru Amertani, pan mongsa wontena, pandugi kawula malih, liya pun Ngabei ika.
  216. Ingkang purun ngresahi sengkaran aji, anyidra asmara, mapan boten woten malih, Ki Ageng les kang driya.
  217. Awekasan nulya angandika aris, Juru golekana, undangen ya si Ngabei, praptane ing ngarsaningwang.
  218. Kyai Juru tur sembah lengser sing ngarsi, ngupados kang putra, nenggih Rahaden Ngabei, wus panggih ki Juru nebda.
  219. Payo Jebeng sira mangko den timbali, marang ramanira, barenga kelawan mami, den Ngabei tan lenggana.
  220. Tanpa tara lampahira sampun prapti, ngarsane kang rama, tumungkul Raden Ngabei, kang ibu sareng miyarsa.
  221. Mring kang putra rinangkul lan den tangisi, ki Ageng ngandika, lah menenga sira nyai, mapan wus kersaning Sukma.
  222. Uculana anakira iku nyai, sun arsa atanya, nulya nyai lenggah malih, lawan angusapi wespa.
  223. Kyai Ageng ingkang putra den takeni, Bei sapa ingkang, angrusak ing taman sari, samahura ingkang weca.
  224. Den Ngabei tumungkul tan saged angling, kang rama wus wikan, lamun kang putra sayekti, dadya aris angandika.
  225. Paran Juru kang dadya karsa neki, iki pan wus nyata, anakira angrusuhi, Ki Juru matur anembah.
  226. Pan kawula sumongga karsa sang yogi, ing dalil punika, mongsa borong tuwan singgih, Ki Ageng aris ngandika.
  227. Adhuh nyawa anak ingsun sira gusti, bisa temen karya, angrusak rahmate Widi, iya Juru kersaningwang.
  228. Lah kariya reksanen sengkeren aji, lah den becik sira, ana dene ingsun iki, arep seba marang Pajang.
  229. Nyaosake iya pati urip mami, apa dene sira, nyai dandana iki, iya lawan anakira.
  230. Padha dosa nganggoha kang sarya putih, wus bener khukumnya, lamun sira pada mati, apa dene lawan ingwang.
  231. Poma enggal ayun mangkat ingsun nuli, Ki Juru aturnya, punapa tan bekta abdi, Ki Ageng aris ngandika.
  232. Juru no menawa tan tahan uning, marang awakingwang, mundhak temah ngrurubedi, sun iki mapan wus katrap.
  233. Khukum molah paran geningsun sumingkir, Ki Juru sekala, kumembeng wespanireki, mapan yun dherek kawula.
  234. Pinten banggi kawula yan manggih urip, Dyah Retna Dumilah, mapan ya mengkono maning, datan purun yen kantuna.
  235. Kyai Ageng wekasan ngandika aris, yen mengkono padha, lah dandana sira sami, adusa lan keramasa.
  236. Menganggeha iya ingkang sarya putih, marmane mengkana, ingsun iki anglabeti, iya marang karsanira.
  237. Kangjeng sultan mapan wus bener lan dalil, lah wus padha mara, mulih adandana anglis, mapan ingsun nuli mangkat.
  238. Nyai Ageng kelawan Raden Ngabei, lan Retna Dumilah, Ki Juru pan mantuk sami, lajeng angrasuk busana.
  239. Nyai Juru kagyat manahnya tan sipi, dene ingkang raka, angrasuk kang sarya putih, nulya aris aturira.
  240. Paran marmanya ingagem sarya putih, pan nulya jinarwan, mimiti malah mekasi, jeng nyai nungkemi pada.
  241. Kyai Juru Mertani ngandika aris, nyai wis menenga, paran geningsun sumingkir, mapan kena khukum hina.
  242. Nyai juru pegat pegat atur neki, kayi pan kawula, pejah gesang lamun kari, Ki Juru aris ngandika.
  243. Yen mengkono nyai ing karsa nereki, wus mara dandana, ingsun iki selak kari, Ki Juru aris ngandika.
  244. Mapan sampun mengangge kang sarya putih, medal saking wisma, abdine kang uning sami, yun dherek pan sinupatan.
  245. Samya ajrih wus prapta panepen nuli, Kyai Ageng nulya, mangkat garwa putra ngiring, tan keri ki Juru ika.
  246. Kyai Ageng lampahnya amurang margi, mapan nasak nasak, jrihnya yen konangan jalmi, nusup-nusup lampahira.
  247. Nyai Ageng nyai Juru lan sang dewi, langkung kawelas arsa, lampahnya samargi-margi, wantu datan medal marga.
  248. Tan winarna lampahnya kang kawelas asih, ing samarga-marga, mengkana ing Pajang prapta, jeng sultan ingkang winarna.
  249. Mapan nuju amiyos munggeng sitinggil, pepak pra dipatya, ki Ageng pan sampun prapti, lajeng sohan panenggahan.
  250. Mapan nglosod tiyang nenem tiga estri, kang lanang tetiga, lawan samya ngangge putih, jeng sultan kagyat kalintang.
  251. Dangu-dangu tan pandung kang raka iki, lan ki Juru ika, katiga Raden Ngabei, langkung geter tyas nalendra.
  252. Nulya gandhek tinuding kinen nimbali, tan pantara prapta, ing ngarsanira sang aji, sang nata aris ataya.
  253. Paran karsa kiraka wonten puniki, dene karya gita, menganggo kaya wong mati, lawan padha ririmbitan.
  254. Payo kakang malebu marang jro puri, sira sesomahan, nora patut aneng jawi, si Monca lawan Benawa.
  255. Iku bae meluwa manjing jro puri, kabeh wus bubara, sang nata luwar tinangkil, sampun lenggah neng pendhapa.
  256. Kyai Ageng nyai Ageng atut wuri, Ki Juru punika, tan karilawan kang nyai, den Ngabei pan kelawan.
  257. Sang Dyah Retna Dumilah ingkang tut wuri, adipati Monca, kelawan Pangran Benawi, wus tata denira lenggah.
  258. Sri Nalendra mapan angandika aris, kakang ana apa, Ki Ageng aris aturnya.
  259. Ngaturaken tiwas kawula pribadi, pan kagungan nata, taman sampun risak yekti, pun Ngabei ingkang ngrisak.
  260. Mapan mangke sumongga karsa sang aji, punika sedaya, pejah sampun katrap sami, tumitah lan hukum melah.
  261. Sri Nalendra mesem angandika ris, kang tan ora ora, iku kakang sira pikir, dhasar bener anak ira.
  262. Pan wus mongsa iya si Jebeng Ngabei, dhingin iku iya, ingsun ambil putra yekti, delasan ing mengko iya.
  263. Mapan meksih si Ngabei putra mami, kaliwar diwasa, ingsun durung aweh rabi, wus pesthi kersaning Sukma.
  264. Lamun iku jodhone Jebeng Ngabei, lah ta mara Monca, pangulu undangen aglis, ingsun ningkahene pisan.
  265. Ki Pangulu tinimbalan nulya prapti, lan sa Ketib ira, sang nata ngandika aris, Pangulu sira ningkahna.
  266. Putriningsun iya si Jebeng Ngabei, lan Retna Dumilah, sandika Pangulu nuli, den Ngabei sampun ningkah.
  267. Sri Nalendra nulya angandika ris, mring dipati Monca, lah iya Moncanegari, sira saos sawahana.
  268. Den samekta lan kang ngiringaken iki, marang ing Mentaram, ulihe si kakang iki, tur sembah dipati Monca.
  269. Nulya medal dipati Moncanegari, sampun tata tata, wahana lawan kang ngiring, wus katur marang nalendra.
  270. Mapan sampun sumekta niskaraneki, ki Ageng punika, mapan sampun pinisalin, lan putra segarwanira.
  271. Atenapi Kyai Juru Amertani, lawan garwanira, sang nata ngandika aris, wus kakang sira muliha.
  272. Ingsun duga kakang sapungkur neki, iya wong Mentaram, padha susah ingkang ngati, marma den enggal muliha.
  273. Tur sendika nulya sesalaman sami, den Ngabei nulya, ngabekti mring sri bupati, tenapi Retna Dumilah.
  274. Sampun lengser nulya medal saking puri, wus nitih wahana, mapan rarambatan sami, kesmaran ingkang tumingal. 

PUPUH VII
ASMARADANA 

  1. Tata tita tan winarni, lampahe duk aneng marga, ki Ageng lawan putrane, tenapi ki juru ika, sampun prapta Mentaram, langkung suka manahipun, sagung ingkang kulawarga.
  2. Duk nguni tinilar agring, mapan negara Mentaram, mangke saras niskarane, praptanya nyi ageng ika, pan agring angsal tomba, Raden Ngabei awinuwus, kelawan Retna Dumilah.
  3. Langkung sih siniyan sami, tan pegat pulang asmara, saparannya renting-renting, mapan akekanthen asta, angler pendah mintuna, kang ibu langkung tyasipun, tenapi ki Juru ika.
  4. Henengna gentya winarni, Kyai Ageng pathi ika, mapan wus miyarsa wartos, yen kang raka ing Mentaram, mentas geng manggih susah, dhasar lami tan kepangguh, arsa sowan mring Mentaram.
  5. Budhal sagarwa putreki, tan winarna aneng marga, Mentaram wus prapta mangke, nulya panggih lan kang raka, lenggah surambi ika, atenapi Kyai Juru, mapan sami kangenira.
  6. Anenggih nyai geng pathi, lajeng lumebeting pura, wus panggih tata lenggahe, lan nyai ageng  Mentaram, nyai Juru  Kelawan, anenggih kang ponan mantu, Dyah rara Retna Dumilah.
  7. Mapan rerangkulan sami, sakelangkung kangen samya, nyai Juru apa dene, pan lami tan kepanggya, mengkana kang winarna, nyai ageng Pathi iku, kang putra sampun diwasa.
  8. Peparabira sang dewi, sang Dyah Retna Parantresna, mapan wus kembar warnane, lan sang Dyah Retna Dumilah, mapan nging kantun cahya, lan anteng jatmikanipun, sang Dyah Retna Parantresna.
  9. Mengkana sareng ningali, Raden Ngabei punika, mapan anginjen dangune, tan sohan dhateng kang rama, tinimbalan tan arsa, Ki Ageng Pathi puniku, sekelangkung kangenira.
  10. Marang Rahaden Ngabei, mapan angical kewala, kang prelu karsane dhewe, mespadaken mring sang retna, pinareng linggih jajar, Sang Retna Dumilah iku, lan Dyah Retna Parantresna.
  11. Kadya pejah tanpa kanin, Raden Ngabei tumingal, mring kang rayi Pathi mangke, nulya niba pasarayan, lajeng tan arsa dhahar, mengkana ingkang winuwus, Kyai Ageng ing Mentaram.
  12. Alenggah aneng surambi, lawan kang rayi kalihnya, ki Ageng ngandika mangke, sareng tekdirnya, anak ira si rara, Dyah Parantresna sun pundhut, dhahupa lan anak ira.
  13. Iya si Jebeng Ngabei,  Ki Ageng Pathi aturnya, sumongga karsa ing mangke, mapan tan ngrahos gegadhah, tan pantara rawuhnya, nyai ageng ing Mentaram, anusul dhateng kang raka.
  14. Umatur sarya ngbekti, Kyai putra sampeyan, pun Ngabei pan ing mangke, boten purun medal medal, lan boten ajeng nedha, bibekipun ayun pangguh, kiyai wangsul kewala.
  15. Ngantos kawula pribadi, murugi pan boten obah, eca amujung ing mangke, ngantos kaku manah kula, punapa kang den tedha, pan boten purun sumahur, mantu sampeyan karuna.
  16. Pan inggih tan den preduli, Kyai ageng wis ngandika, wus nyai menenga bae, mongsa sira ta bisaha, aweh leganing driya, kejaba adhimu Juru, iku sira paranana.
  17. Lah sira muliha nyai, adhinira tuturana, anake sun dhaupake, ya kelawan anakira, Dyah Rara Parantresna, nyai geng lega tyasipun, nembah lengser saking ngarsa.
  18. Ki Ageng nulya nimbali, mring pengulu khakim ika, sampun prapta sokan andher, lawan Ketibe  sadaya, ki Juru kang winarna, sampun prapta gennya mujung, neng taman kang pasarehan.
  19. Dyah Retna Dumilah nangis, nenggani neng daganira, kongsi abalut netrane, dhasar sang dyah lagya nyidham, mengkana manggih susah, kawarna sang aya buh ayu, ki Juru lenggah neng dagan.
  20. Mapan lajeng den sungkemi, mring sang Dyah Retna Dumilah, Ki juru lan panebdane, wus rara sira menenga, ingsun arsa atanya, paran dadi widanipun, sang retna alon aturnya.
  21. Kawula boten udani, sareng nyai ageng prapta, ing Pathi kawula kinen, marak lajeng manggihana, putra tuwan ngandikan, kang bibi kangen kelangkung, bola bali boten karsa.
  22. Ki Juru mesem tanya ris, rara sapa rowangira, jegongan ing dina kuwe, Retna Dumilah turira, inggih lawan sang Retna, Dyah Parantresna puniku, tan pisah malah sedina.
  23. Ki Juru ngandika malih, rara iku saupama, duwen sadulur kuwe, apa ta sira kaduga, sang Dyah Retna Dumilah, tumungkul aris umatur, paman kawala sumongga.
  24. Mapan sampun jaman neki, estri kapurba ing priya, kawula sinahu mongmong, inggih kelamun kanggeha, nanging panuhun kula, kantenan karsanipun, leganing manah kawula.
  25. Mengkana kang api guling, wus terang ingkang pamirsa, yen tan suwala karsane, kang garwa Retna Dumilah, mapan sampun sumongga, api kagyat gennya wungu, Ki Juru gumujeng suka.
  26. Nulya tedhak den Ngabei, melerok Retna Dyah Dumilah, nulya sinambat sang sinem, kinuswa Retna Juwita, mapan karya ngandika, dhuh mas mirah jiwaningsun, senadyan pun kakang krama.
  27. Pan nora sumedya lali, nah angger dhateng paduka, ki Juru ngandika alon, wus Jebeng sira ngandika, lah ta mara dandana, nanging adusa karuhun, Rahaden sampun ananya.
  28. Lajeng siram den Ngabei, sawusnya nulya busana, sang dyah ngladosi dangune, lawan kumembeng kang waspa, ingkang manah neratab, Rahaden nulya andulu, mring tyasnya sang lir supadma.
  29. Nulya sinambut sang dewi, ingemban lan pinriyembada, winor lan kitab basane, dhuh dewa pupujan retna, sampun maras kang driya, boya supe jiwaningsun, senadyan kawula krama.
  30. Mongsa supe ing ngabdi, inggih dhumateng paduka, ki Juru aris sabdane, wus bei kasuwen nyawa, ika padha den antya, marma dhingin sun meh lampus, dene mengkono ta sira.
  31. Mesem Rahaden Ngabei, nulya sineleh sang retna, ing ngaras lan pengahire, dhuh angger mirah kantuna, pun kakang ayun seba, nora dangu nuli wangsul, sarwi anglus kang sri nata.
  32. Wus mangkat payo Ngabei, iki baya bocah apa, nora nana kawusane, kasi kaku ateningwang, mesem Raden lumampah, Dyah Retna Dumilah iku, lajeng mujung pasareyan.
  33. Datan winarna ing marga, Ki Juru mapan wus prapta, ing mesjid wau lampahe, den Ngabei aneng wuntat, lajeng angaras pada, nira kang paman Pathi wus, ki ageng ngrangkul mring putra.
  34. Mapan sarwi den arasi, adhuh kangen temen nyawa, lawan nora temu angger, ri wus nya lenggah atata, Kyai Ageng Mentaram, aris pangandikanipun, wus adhi sira ningkahna.
  35. Pangulu majuwa iki, kalihe matur sandika, mapan sampun ningkah mangke, Raden Ngabei kelawan, Dyah Retna Parantresna, Kyai ageng ing Mentaram, aris denya angandika.
  36. Eh Juru gawanen iki, Ngabei mring wismanira, nulya luwaran sakehe, Kyai ageng Pathi ika, mondhok masjid kewala, kawarna jro kedhatun, nyai geng pepek sedaya.
  37. Binusanan sang retna di, kadya gambar wewangunan, wus tan kena winirahos, mapan wus patut sedaya, Ki Juru kang winarna, busanani putranipun, Raden Ngabei punika.
  38. Sampun surup sang Hyang Widi, surya tunggang ing ngacala, ki Juru andherekake, lebetira marang pura, jeng ri sang pinengantyan, ingkang ibu sampun menthuk, dyah rara nulya tumedhak.
  39. Wus panggih kekathen sami, pan bangun turut kewala, sang retna sakarsane, kang raka datan lenggana, wus dalu wayah ira, kang ibu pan samya kondur, mring panggenane sowang sowang.
  40. Mengkana sang raja putri, pan tansah pinriyambada, mring Rahaden Ngabeine, pinondhong kinuswa kuswa, sang retna tan lenggana, wus binekta sang dyah ayu,l umebet mring pasarean.
  41. Dyan sira Raden Ngabei, pan anglir manggih kumala, sagunung adam gedhene, sampun alintu asmara, enjing ira winarna, kang ibu wus samya rawuh, nyirami kakalih ira.
  42. Nulya sohan mring sudarmi, pan samya kekathen asta, ingkang ibu katigane, pan ngiringaken sedaya, wus prapta panepennya, mapan ki agung Mentarum, panuju samya lenggahan.
  43. Lawan ki ageng ing Pathi, katiga Ki Juru ika, rawuhnya sang pinengaten, ingiring kang ibu tiga, sampun prapta ing ngarsa, ki ageng sokur Hyang Agung, ningali putra kalihnya.
  44. Ki ageng Pathi tenapi, Ki Juru Mertani ika, langkung suka pirenane, sawusnya sami ngabektya, lajeng kondur kalihnya, marang pura sampun rawuh, tan kena benggang sadhela.
  45. Nenggih ki ageng Mentawis, semana pan lajeng gerah, nanging tan punapa mangko, pan sampun karsaning sukma, kondur ring rahmatolah, sinare panepenipun, obah kang bumi pra gempa.
  46. Mapan karsanya pribadi, meling dhumateng kang putra, riwusnya pitung dinane, ki ageng pathi
  47. rembagan, lawan ki Juru ika, sowan marang Pajang iku, anyaosaken kang putra.
  48. Nenggih Rahaden Ngabei, sampun rembag kalihira, mapan nulya mangkat mangke, saking negari Mentarum, sohan dhumateng Pajang, sampun prapta lampahipun, sri nata nuju sineba.
  49. Pepak sagung pra dipati, kagyat sang nata tumingal, ki ageng Pathi praptane, lan ki Juru Mertanika, katiga lan kang putra, pan kinen nimbali sampun, prapta ngarsane nalendra.
  50. Mengkana Raden Ngabei, pan lajeng angaras pada, rinangkul dera sang katong, ki Ageng Pathi kelawan, ki juru Mertanika, sampun atur salamipun, sawusnya lenggah atata.
  51. Ki Ageng Pathi matur aris, pukulan amba tur priksa, pun kakang Mentawis katong, mantuk dhateng ramatolah, kagyat sri naranata, adangu tan kena muwus, lawan kemembeng kang wespa.
  52. Dipati Moncanegari, lawan pangeran Benawa, pan samya medal wespane, sang nata aris ngandika, atanya pa geneya, Pathi tan aweh wruh, kala geraha si kakang.
  53. Mapan adoh nagri Pathi, sing Menteram perak Pajang, dene sira wus neng kono, Ki ageng Pathi aturnya, pan amba sampun lama, marengi sohan pakulun, inggih dhumeteng Mentaram.
  54. Lawan anak amba estri, pinundhut mantu punika, inggih pan dhinaupake, lawan pun Ngabei ika, gerah datan punapa, marmanya amba pukulan, tan ngantos atur uninga.
  55. Sri Nalendra ngandika ris, Monca lan sagung dipatya, pirsakena kersaningong, ing mengko nagri Mentaram, sasedane si kakang, iya ingsun paringken iku, si Ngabei kang gumantya.
  56. Lan arane ingsun elih, Senopati ing Mentaram, kang minongka pamomonge, ya si kakang pathi ika, arane Adipatya, Bregola ing Pathi iku, si kakang Juru pan iya.
  57. Ingsun arani dipati, Mondaraka wus prayoga, samya anuwun ature, ingestren sagung siwaka, nata malih ngandika, eh Senapati Mentarum, poma ta den eling sira.
  58. Mring si kakang weling neki, iya Ki Ageng Mentaram, sang Senapati ature, pukulan inggih sandika, nging pangestu paduka, ing siyang kelawan dalu, dewaji ingkang pinuja.
  59. Sang nata ngandika malih, wus sira pudha muliha, ing wuri pan duganinggong, yen lawas sira tinggala, kaya banget susahnya, jeng Senapati Mentarum, sandika gya ngusweng pada.
  60. Rinangkul marang sang aji, ingaras mustaka nira, nulya dipati Pathine, tur salam marang nalendra, Dipati Mondaraka, katiga wus samya mundur, saking ngarsane sang nata.
  61. Sang Prabu luwaran tinangkil, sampun manjing kenya pura, kang siwaka luwar kabeh, samya mantuk sowang-sowang, kawarna kang lumampah, jeng Senopati Mentarum, ngiring kang paman kalihnya.
  62. Datan winarna ing margi, sampun prapta ing Mentaram, langkung suka pirenane, sagung ingkang kulawarga, sang Dipati Pregola, pamit mring kang putra sampun, yun kondur dhateng Santenan.
  63. Kang putra sampun nglilani, nulya budhal wong Santenan, datan winarna margane, ing Pathi pan sampun prapta, tan lama nandhang gerah, pan sampun kersaning Hyang Agung,  kondur marang rahmatolah.
  64. Ingkang putra wus gumanti, Parantresna arinira, mapan ta jalu sawiyos, gentosi dhateng kang rama, nenggih nama Bragola, ing pathi kelangkung mungguh, ri sang dipati Bragola.
  65. Tata tita karta sami, ing Pathi Pajang Mataram, ya ta ingkang winirahos, Sang senopati Mentaram, pan wus kersaning Sukma, datan marem karsanipun, yen tan mengku Tanah Jawa.
  66. Kelangkung dennya prihatin, mengkana Ki Mondaraka, mapan wus miyarsa mangko, yen kang putra Senapatya, pan mirong kersanira, Ki Mondaraka malebu, panggih lan Ki Senapatya.
  67. Ki Mondaraka tanya ris, para Jebeng kersanira, mapan tan enak tyas ingong, lamun sun dulu tyas ira, ing mengko lewanira, owah lawan adatipun, sang Senopati aturnya.
  68. Inggih mapan kados pundi, rahose manah kawula, kedah mekaten esthino, kelamun tan kelampahan, kawula mengu Jawa, ngur pejaha paman ulun, tan saged tumingal jalma.
  69. Ki Mondaraka ngling malih, yen mengkono kersanira, bener kang wus mati bae, dene teka kersanira, lamun manggiha arja, ing denya bae puniku, ngakherat wus pirang bara.
  70. Apa sira gawe wani, amungsuh lan ramanira, tan karuwan kuciwane, kang dhingin iku wong tuwa, lan kapindho ratunya, mapan kaping telu guru, kaping pat bandhu sentana.
  71. Ping lima keh balaneki, kaping neme sugih bondha, dene ingkang ping pitune, mapan iku betah tapa, ping welune punika, yekti ngibadahe pengkuh, ping sanga siniyan sukma.
  72. Ping sepuluh kandel ati, paran kang sira wanekna, sang Senapati ature, nangging satunggil punika, mapan purun kawula, nging tipise manahipun, jeng Sultan Pajang punika.
  73. Ki Mondaraka nahuri, paran gene titis ika, ing nguni ana dutane, iya si Arya Penangsang, Dhadhangwiring arannya, anyidra tanpa karyeku, lir laler mencok kewala.
  74. Mapan meksih eca guling, kampuhira tan tumama, lah Jebeng endi tandhane, sira ni tipis ika, Senapati aturnya, duk Lepen Nyamat rumuhun, kawula dherek punika.
  75. Nuju kendel wonten margi, mapan arsa ganten ika, kawula kang ngampil ganten, mapan inggih kering ira, lenggah katiban klabang, mingser sanget kagetipun, punika purun kawula.
  76. Ki Mondaraka ngling malih, ya Jebeng kasusu apa, kalamun dhasar tekdire, sira kinarsakken Sukma, iya mongsa wurunga, nanging den ririh nak ingsun, den samar aywa ketara.
  77. Ing Gunung Kidul puniki, ana jalma mangun tapa, Ki Ageng Giring namane, iku yen sisip ta nyawa, angrusuhi mring sira, yen bener pratikelipun, malah angendhih negara.
  78. Dene kang dadi karseki, becik den sabar kewala, pan mongsa wurunga angger, nanging ta aja ketara, ramanira jeng sultan, durung anu cacadipun, angur angluruwa bondha.
  79. Abot Jebeng Tanah Jawi, mapan akeh wong siniyan, iya marang pangerane, agampang Jebeng ing Pajang, duk surgi ramanira, sira sun jarwani kulup, mapan sira durung ana.
  80. Duk mempenga amangun teki, iya Jebeng ramanira, tan ana tumimbang kabeh, pandhita ing Tanah Jawa, kang sinisihan ing Sukma, mapan iya nanging iku, kang papak lan ramanira.
  81. Iya Kyai Ageng Giring, kang oleh wahyuning Jawa, nanging karsaning Hyang Manon, ngalih marang ramanira, marma dhingin ramanta, jinalukan waris iku, genti mengku Tanah Jawa.
  82. Sahure ramanireki, kakang kawula tan kuwasa, punapa karsa Hyang Manon, saking tan rasa rumangsa, marma ngunjuk kewala, meksa jaluk waris iku, ramanira nuli lunga.
  83. Iku kang dadi kuwatir, ana dene ta ing Pajang, mapan ming sapisan kiye, nora dadi wiji Jawa, Senapati aturnya, kawula sumongga tuhu, mapan dermi nglampahana.
  84. Ki Mondaraka ngling aris, ana dene kersaningwang, amrih awera wijine, pan Ki ageng Giring ika, darbe putra wanodya, ingkang dadi kersaningsun, rabenana Senapatya.
  85. Umatur sang Senapati, pan kawula dereng priksa, Ki Mondaraka nebda lan, ya ingsun kang ngaterna, lah mara pa yo mangkat, nulya abusana sampun, sarwa cemeng busananya.
  86. Pan sampun nulya lumaris, Ki Mondareka neng ngarsa, datan winarna margane, ing Giring pan sampun prapta, jujug panepenira, ki ageng Giring winuwus, sampun lunges wayahira.
  87. Lenggah neng panepen neki, ki Mondaraka luk salam, ki Ageng Giring pan kaget, wantu sampun lungse ika, wus lama tan pinanggya, pan sakedhap pandung, ri wusnya sesalaman.
  88. Mapan tatalenggah sami, Ki Ageng Giring atanya, kawula tambet yektose, pun kakang anila krama, wingking pundi pinongka, Ki Mondaraka sumahur, punapa supe paduka.
  89. Nulya enget ngrangkul nuli, dhuh si adhi Juru sapa, wong anem lungguh burine, ki Mondaraka aturnya, punika kang tilaran, rayi paduka satuhu, anenggih Ki Ageng Sela.
  90. Kagyat Kyai Ageng Giring, winertan kang rayi seda, mapan sanget pangangune, dene ingsun kang wus tuwa, meksih keri neng donya, nora nyana adhi Juru, yen ingsun iki kariya.
  91. Ki Mondaraka turnya ris, kakang yen dhangan paduka, kawula tanya sayektos, putra paduka si rara, punapa dereng krama, yen pareng lan jodhonipun, punika putra sampeyan.
  92. Pundhuten mantu pribadi, pan sampun ngantos kaliya, ki ageng aris sebdane, iya adhi lamun karsa, mapan ta anak ira, kang warna pan luwih wagu, lan bodho marang pakarya.
  93. Iku putrane si adhi, sun sawang luwih lan jalma, warna myang selah tingkahe, adhi banget selayanya, kelawan anak ira, sun duga lamun tan ayun, gumujeng ki Mondaraka.
  94. Kelawan umatur aris, mapan boten rabi warna, nging melik taler kemawon, ki ageng Giring ngandika, yen mengkono lah iya, ingsun tanya kang satuhu, sapa rane lan wismanya.
  95. Lawan apa durung rabi, gumujeng ki Mondaraka, esmu kewuhan ature, mengkana nulya jarwa, kakang panuwun kula, den agung apunten tuhu, punika derbe negara.
  96. Mentawis ingkang derbeni, Senapati namanira, mapan kekalih rabine, nama ratu ing Prawata, kang satunggal namanya, mapan ratu Pathi iku, ratu Giring yen parenga.
  97. Kumepyur ki Ageng Giring, emut wirayating kuna, kang mengku ing Jawa kabeh, Senapati namanira, Negara ing Mentaram, dadya yektinipun, adangu tan angandika.
  98. Wekasan ngandika aris, ya ta adhi ingsun sumongga, nanging ta duganingong, kaya lamun nora karsa, Senapati Mentaram, mesem kang sinungan wuwus, tenapi sang Senapatya.
  99. Datan winarna wus panggih, Senapati ing Mentaram, mapan asih sekalihe, sampun angidham sang retna, pamit sang Senapatya, kodur dhumateng Mentarum, tan winarna sampun prapta.
  100. Ratu Prawata winarni, wawrat tan ira wus babar, pan miyos jalu putrane, winestan Rahaden Rangga, langkung bagus kang warna, lan semu prawira tuhu, welagang kalis ing lara.
  101. Wus ketawis rosaneki, yen gujengan lare kathah, pan kinarya caclang bae, nadyan tikela gengira, mapan iya mengkana, lan asring ngresah iku, mring kang eyang Mondaraka.
  102. Padasan asring den elih, jinunjung sabancikira, kiwa nggennya ngumpetake, yen kang eyang arsa salat, mapan dadak kecalan, ki Mondaraka nebda rum, mongsa duduwa si Rongga.
  103. Eh ta Rongga ana ngendi, ing mengko padasan ingwang, mapan arsa salat ingong, gumujeng Rahaden Rongga, eyang kula tan priksa, ki Mondaraka nebda rum, Rongga ja sira sembrana.
  104. Pan meh akhir waktu neki, gumujeng Rahaden Rongga, mapan nulya ngaturake, pinondhong lir kembang mayang, mesem ki Mondaraka, henengena gantya winuwus, sang Senapati ngalaga.
  105. Saben mongsa sowan neki, anenggih dhumateng Pajang, lan kang rayi Pathi mangko, tan ewah kadya kang rama, yen tan arsa sowana, ki Mondaraka tanpa sung, mengkana ing lama-lama.
  106. Kawarna jeng Sunan Hadi, mapan mentas alelana, ngubengi tanah Jawane, pan pinareng kersanira, mampir dhateng Mentaram, lan Senapati wus pangguh, tenapi ki Mondaraka.
  107. Sampun samya angabekti, mapan lajeng tata lenggah, jeng sunan sanget ngungune, yen ki ageng ing Mentaram, kondur mring rahmatolah, lan ki Ageng Pathi sampun, ingkang dadyane Mentaram.
  108. Kang putra Raden Ngabei, ing Pathi iya kang putra, lawan pinaring namane, den Ngabei Senapatya, ki Juru Moncanegara, paning Pathi namanipun, nenggih Dipati Brenggola.
  109. Mengkana sinuhun Hadi, ri sawus sangungunira, nulya atetanya mangko, eh ki Jebeng Senapatya, leh ira karya kutha, iku sayektine luput, sisiku marang agama.
  110. Lan politik iwen ireki, teka nora nganggo kandhang, iku ya mengkono maneh, karep sira iku pasrah, marang Hyang Maha Mulya, nanging pasrahira luput, kandhangan teka buriya.
  111. Dene ingkang tuwan meksih, sira Jebeng Mondaraka, datan ana pengrasane, tumungkul ki Mondaraka, tan saged matura, jeng sultan ngandika rum, mengkene ki Senapatya.
  112. Artino kersanireki, mapan lir tigang prakara, gunung surya segarane, kang gunung lamun ngucapa, mapan iya mengkana, sapa wani marang ingsun, tur gedhe pakewuh ingwang.
  113. PRadene atemahaneki, dadi asor kang mengkana, segara mengkono maneh, iya lamun angucapa, sapa wani mring ingwang, jembar ingsun jero ingsun, tan kena yen tinrajanga.
  114. Dene kang surya puniki, iya lamun angucapa, mapan ya mengkono maneh, sapa baya kang kelara, nandhang rasane iya, panase mring nepsoningsun, lan luhur panggenan ingwang.
  115. Ingkang tiga iku kaki, Jebeng pan kasor sedaya, ana dene prathandane, kang gunung pan asung pangan, segara asung sandhang, kang surya iku pan asung, marga ing sakarsanira.
  116. Pan kita mangkono maning, Jebeng senopati sira, wisma tanpa pager mangko, pitik iwen tanpa kandhang, mengkono artenira, sapa kang wani maringsun, Mentaram neng astaningwang.
  117. Lan teguhe kulit mami, iya wesi Tanah Jawa, tanana tumama kabeh, lan becike gaman ingwang, luput teguh yuwena, iku Jebeng artinipun, tumungkul sang Senapatya.
  118. Mengkono karsa mami, iya Jebeng Senapatya, wong Mentaram iku kabeh, becik padha konen karya, iku bata sedaya, selingen kelawan watu, dadi bata becingah.
  119. Lawan pitik iwen iki, becik padha kandhangana, lawan kuncinen lawange, lamun dalu sambangana, iya Jebeng ping tiga, nuli pasrahna Hyang Ageng, ngilangken teka burinya.
  120. Iku manungsa sayekti, prayitna mring sipat ngaral, dene watese kedhaton, iya karsaning Hyang Sukma, ingsun tuturi sira, nyandhak mendelem sang wiku, cinagking ing asta kiwa.
  121. Poma Jebeng ywa ngewahi, tuturen separanira, kang toya mancur iline, sang Senapati tut wuntat, lan bekta pathok ira, ki Mondaraka tan kantun, sawusnya sang wiku musna.
  122. Nulya kangjeng Senopati, lawan Kyai Mondaraka, parentaha karya banus, ana ingkang matut sela, kerigan wong Metaram, Raden Rongga kang winuwus, mapan iya lagya prapta.
  123. Dinangu mring Senapati, kulup teka ngendi sira, wus lawas sira tan katon, umatur Rahaden Rongga, saking Pathi kawula, mapan inggih pados guru, mesem kangjeng Senapatya.
  124. Kurang apa ya ireki, ya si paman Mondaraka, kulup arep apa kowe, teguh sekti tan bisa, guna lawan serana, tur wespada mring Hyang agung, tumungkul Rahaden Rongga.
  125. Henengena ing Mentawis, ingkang lagya ngangkat karya, kerigan ing sadinane, tan lewa sadina dina, kawarnaha ing Pajang, jeng sultan miyarsa sampun, lajeng miyos sinikawa.
  126. Pepak kang para dipati, ingkang munggeng arsa nata, putra Pangran Benawane, lawan adipati Monca, mantu dipati Demak, lan Dipati Tuban iku, samya mantu Sri Nalendra.
  127. Dipati Carebon nangkil, lawan dipati Mandura, Madiyun Surabayane, Kadhiri lan Panaraga, Sumedhang lan kerawang, Jakarta Palembang iku, Betawi lan Belambangan.
  128. Kangjeng sultan ngandika ris, tanya mring Dipati Monca, sira mirsa wertane, Ki Senapati Mentaram, arsa ngrakit kedatyan, Dipati Monca umatur, pan inggih sampun miharsa.
  129. Paran Monca karsa neki, apa becik tinimbalan, Ki Senapati ing mangko, ature Dipati Monca, yen marengi kang karsa, prayogi pinirsa sampun, yektos kelawan botennya.
  130. Matosi lan boten neki, nanging pandugi kawula, wantunipun tiyang anem, tan wikan ing suba sita, mring sesikupunika, lamun kalajeng punika, dewaji pun Senaptya.
  131. Dugi kawula tan kenging, pan pun kakang Mondaraka, kados atur uningane, kalih kelamun puruna, punapa kasupena, inggih kang jangji rumuhun, punapa ingandel kena.
  132. Sinten kang ingaben jurit, inggih titiyang Mentaram, mapan sepinten kathahe, tur samya tusse wong desa, Sri Nalendra angandika, ya kakang bener aturmu, nging sapa ingkang prayoga.
  133. Moncanegara turnya ris, yen paduka utusana, bupati ageng manahe, prayogi Gandhek kewala, inggih pun pulang jiwa, lan jiwaraga puniku, Sri Nalendra angandika.
  134. Wus iku kakang prayogi, mara nuli kinon mangkat, kakang ing sadina kiye, kang tinuding tur sandika, sang nata gya luwaran, kang siwaka bubar sampun, wernanen Ki Pulungjiwa.
  135. Lan jiwaraga lumaris, gegancangan lampahira, datan kawarna lamine, Mentaram pan sampun prapta, kawarna Senapatya, mapan angideri iku, mring sagung kang karya bata.
  136. Kelawan nitih turanggi, Pulungjiwa jiwaraga, pan esmu kewran manahe, paran iki kersanira, ika kang Senapatya, pan lagya ngubengi iku, marang wong kang bata.
  137. Lan paran karsanireki, iya adhi Jiwaraga, apa ta dhinawuhake, karsa nira Sri Nalendra, iki sang Senapatya, mapan anitih kudeku, apa padha aneng kuda.
  138. Iya ing prayoga neki, atawa lamun dharata, ki Jiwaraga sahure, iya kakang Pulungjiwa, ingkang katemu ingwang, prayoga andharat iku, amrih ketara tyas ira.
  139. Pan iku sang Senapati, alane lawan beciknya, yen meksih becik atine, pesthi mudhun saking kuda, lamun estu sedhenga, pasthi yen tan arsa medhun, kena kinarya pratondha.
  140. Dyan Pulungjiwa nahuri, yen mengkono karsanira, dadi masang kala kuwe, tur tan kena karya tondha, adhi ingsun lan sira, wong cilik saestonipun, tangeh yen ingudhunana.
  141. Jiwaraga sahur neki, bener kakang lamun ingwang, mapan wong cilik estune, nanging ingsun iki kakang, ngemban timbalan nata, dadya pradudon adangu, mengkana sang senaptya.
  142. Wus prapta panggenan neki, Pulangjiwa jiwaraga, dadya gandhek kalih mangko, samya mudhun saking kuda, kaselak ajrihira, sang Senapati wus rawuh, manggung aneng ing turongga.
  143. Langkung kewran gandhek kalih, mengkana ing karsanira, pan lajeng dhinawuhake, pan kawula Senapatya ngutus rama paduka, hangyektosken wartenipun, paduka yen karya bata.
  144. Punapa tan atur uning, sang Senapati ngandika, eh gandhek matura bae, nyata ingsun karya bata, ayun becike wisma, iya lawan pager iku, nora nana adatira.
  145. Wong karya wisma pribadi, yen ngango atur uninga, matura mengkono bae, wus lajeng sang Senapatya, kondur dhumateng pura, gandhek kekalih angungun, wus nyata sang Senapatya.
  146. Dene datan amerduli, marang utusan nalendra, nulya gandhek matur age, gegancangan lampah ira, sampun prapta ing Pajang, kangjeng sultan tan winuwus, mapan lagyas iniwaka.
  147. Dipati Moncanegari, kang munggeng ngarsa nalendra, datan pantara praptane, Pulangjiwa Jiwaraga, wus cundhuk aneng ngarsa, Sri Nalendra tanya rum, parangandhek lakonira.
  148. Mring Mentaram ingsun tuding, nyatakaken Senapatya, lan apa ketemu dhewe, sira lawan Senapatya, matur den Pulangjiwa, lan Jiwaraga wot santun, dewaji abdi dinuta.
  149. Sampun prapta ing Mentawis, inggih yektos ing Mentaram, tiyang pan kinerig mangke, mapan tan woten nganggurnya, sedaya karya bata, wonten ingkang matut watu, sela pethakkang kinarya.
  150. Sinami lan banon neki, badhe kinarya becingah, lawan kawula sang katong, inggih kepanggih priyongga, lawan sang Senapatya, akarya banon puniku, punapa tan tur uninga.
  151. Inggih dhumateng sang aji, kawula ngantos ataya, sang Senapati sahure, lah iya gandhek matura, marang kangjeng sang nata, nora nana adatipun, kelamun wong karya wisma.
  152. Lan pager nganggo tur uning, mengkono bae matura, sang nata ataya mangko, paran baya nora ewah, mring sira patrap ira, gandhek kekalih puniku, ature mapan selaya.
  153. Pulungjiwa atur neki, tan ewah kadya ing kina, Ki Jiwaraga ature, mapan yektos sampun ewah, kewran jeng Sri Nalendra, dadya angandika arum, paran dipati Monca.
  154. Kang dadya prayoga neki, tur sembah dipati Monca, inggih yen pareng sang katong, pan kawula priyongga, lumampah mring Mentaram, tan wonten sampunanipun, lepat mindhak karya susah.
  155. Sri Nalendra ngandika ris, wus Monca mangsa bodhoha, nanging iku prayogane, kanthinya lan si Benawa, yen ana lalenira, ing salah sawiji iku, ana ingkang ngelingena.
  156. Sampun dadya rembag neki, sang nata luwar sineba, dipati Monca pan mangko, anulya atata tata, lawan Pangran Benawa, wus budhal dhateng Mentarum, ing marga datan winarana.
  157. Kawarnaha ing Mentawis, Senapati Ing Ngalaga, lawan ki Mondarakane, mapan wis miyarsa warta, lamun dipati Monca, ingutus dhateng sang prabu, lawan Pangran Benawa.
  158. Ki Mondaraka nebda ris, paran Jebeng karsanira, ki Senapati ature, kawula sumongga paman, angling ki Mondaraka iya Jebeng karsaningsun, mapan methuk mring gredegan.
  159. Nanging Jebeng wekas mami, poma ywa sira ketara, payo nuli mangkat mangko, menawa kadhinginan, dadi suda kang sarya, sang Senapati pan sampun, anulya ngrasuk busana.
  160. Nulya budhal Senapati, lawan Kyai Mondaraka, nging ponakawane bae, lawan gamel kekapalan, wetara kawan dasa, lan Raden Rongga pan tumut, tan kalilan nora kena.
  161. Prapta geredegan nuli, sampun kaphetuk punika, lawan dipati Moncane, tenapi Pangran Benawa, samya tedhak sing kuda, pan lajeng rangkul rinangkul, mapan samya kangenira.
  162. Dipati Moncanegari, mulat rare alit ika, meksih neng luhur kudane, pan sampun medhun sadaya, anging kantun punika, kang warna kelangkung bagus, meksih manggung neng turongga.
  163. Dipati Moncanegari, tanya mring Ki Mondaraka, punika sinten putrane, kang werna luwih ing kathah, bagus semu prawira, Ki Mondaraka gumuyu, wayah sampeyan.
  164. Putraningpun Senapati, patutan saking Prawata, inggih kelangkung besure, lamun kawula asalad, den resahi kewala, tan kenging ing ingaruh-aruh, mesem adipati Monca.
  165. Nulya angandika aris, lah kulup sira mudhuna, ingsun eyangira dhewe, tan karsa Rahaden Rongga, Ki Mondaraka anebda, suwawi lajeng lumaku, lare tan kenging pineksa.
  166. Mring ramanipun tan ajrih, anulya lajeng lumampah, datan winarna margane, wus prapta negri Mentaram, lajeng lumebet kitha, pan sampun tata alungguh, mengkana Rahaden Rongga.
  167. Mapan lajeng angabekti, mring eyang dipati Monca, rinangkul ingaras mangke, nulya ganti mring kang paman, nenggih Pangran Benawa, cinandhak nulya pinangku, dhasar dereng gadhah putra.
  168. Kelangkung kepengin neki, Pangran Dipati Benawa, yen darbeya putra mangko, nulya alon angandika, kulup meluwa mring wang, Raden Rongga tan umatur, mapan akendel kewala.
  169. Kangjeng Pangran matur aris, mring kang raka Senapatya, kang mas yen marengi mangko, pan thole kawula bekta, mesem sang Senapatya, mongsa bisa ariningsun, anakira iku uga.
  170. Bocah Jawala kepati, lan maning mongsa gelema, lah mara terinen dhewe, tinari mantheleng nulya, suka Pangran Benawa, gumujeng ingaras kang bun, adhuh nyawa anak ingwang.
  171. Pendah wusa sagedhe benjing, baya pilih tandhingira, ki Mondaraka sahure, yen pareng wonten punika, kang ngresahi kewala, nging mentas dhateng puniku, saking ing Pathi mulana.
  172. Marmanipun tan menangi, jeng Sunan hadi rawuhnya, dipati Monca nebda lan, inggih kakang Mondaraka, dhateng kula punika, ingutus kangjeng Sang Prabu, mapan ta kinen amirsa.
  173. Kang wreta misuwur sami, yen Senapati Mentaram, mangkya angrakit kedhaton, marmane kawula kakang, ingkang kinen lumampah, ing mangke kawula dulu, mila yektos kang pawarta.
  174. Punikata ta kados pundi, punapa ta kasupena, ki Mondaraka sahure, sarwi gumujeng alatah, adhi dipati Monca, den ririh adhi rumuhun, mangke ta kawula warta.
  175. Putra paduka sayekti, pun Senapati Mentaram, mapan darbe karsa dhewe, malah ta mentas dinukan, dhumateng kangjeng sultan, kang ngreka lan watesipun, jeng Sunan Hadi sedaya.
  176. Kawula mapan nggih adhi, tan kantun tumut kadukan, lawan punapa cacade, tiyang anyaheni wisma, kalawan pagerika, mapan winenangken ngelmu, rumeksa awak pribadya.
  177. Amrih ecane tyas neki, adhi tiyang wonten donya, mapan sinungan kemawon, pan angger kuwat ngibadah, ecane ingkang manah, yen tan eca manahipun, dadya rongeh ciptanira.
  178. Pun adhi punapa adhi, rumeksa tiwas kawula, ing siyang lawan dalune, gumujeng dipati Monca, lah kakang basakena, wong dinawuhan, bebendu, teka ngajak padu ika.
  179. Kang dadi watiring ngati, punapa kakang andika, purun nanggung kakang mangko, dhumateng Senapatya, ki Mondaraka nebda, inggih adhi pindho laku, mongsa kawula selaka.
  180. Ing lara kelawan pati, mongsa kawula kantuna, lan inggih mekaten maleh, pun adhi prapta punika, ingutus Sri Nalendra, yen datan sageda ananggung, adhi ing selakihanya.
  181. Mapan inggih tanpa kardi, kelamun boten sageda, amupangati kalihe, kang patut lawan agama, ingkang eca lampahnya, icale rahos piniku, kang nerah purbaning Sukma.
  182. Yen tan mekotena adhi, tan wande manggih sangasara, inggih kang salah sijine, ing donya prapteng ngakherat, mesem dipati Monca, sarya angandika arum, basakna kang Mondaraka.
  183. Kawula dhateng puniki, kakang negari Mentaram, mapan ngemban timbale, kakang kangjeng Sultan Pajang, dhawuhaken duduka, dhateng jengandika tuhu, lan Senapati Ngalaga.
  184. Wekasan kakang dukani, inggih dhumateng kawula, lah ta iya, sapatemon, saya gumujeng asuka, saking tana tinaha, ki Mondaraka nebda rum, pun kakang wong krana Allah.
  185. Dipati Moncanegari, wekasan aris ngandika, Jebeng Senapati kuwe, den eling pitutur ingwang, iku ta poma poma, ya wus bener anak ingsun, yen sira sinihan Sukma.
  186. Nanging poma aja wani, Jebeng marang ramanira, lawan ingsun titip angger, iya marang ari nira, Jebeng Pangran Benawa, jumenenge Pajang besuk, ingsun percaya ing sira.
  187. Tumungkul sang Senapati, sarwi matur isak Allah, kelamun pareng tekdire, inggih pun adhi Benawa, kawula mongsa supeya, ing donya ngakheratipun, punapa malih jeng sultan.
  188. Mapan pun bapa pribadi, yektose dermi kewala, dene ingkang ngagengake, dhumateng awak kawula, inggih jeng sultan Pajang, paran margenipun purun, gumujeng Dipati Monca.
  189. Adhuh anak ingsun gusti, margane ne yen ajaha, sun dhewe lumaku angger, nora wurung karasukan, iya Jebeng Mentawis, wus ta paran anak ingsun, ingkang dadi kersanira.
  190. Sebanira Senapati, iya marang ramanira, yen ingsun dinangu angger, ature sang Senapatya, dhumateng sang dipatya, pan inggih sasampunipun, mapan kawula aseba.
  191. Sang dipati ngandika ris, iku ewuh Senapatya, tegese wong sakarepo mapan tan ana watesnya, yen sira arep seba, ing mengko barang lan ingsun, iya Jebeng sira bisa.
  192. Yen karep sira kaki, nadya salawas haneya, nora entek karep kuwe, tumungkul sang Senapatya, ki Mondaraka nebda, yen pareng adhi puniku, prayogi winalerana.
  193. Sewanipun Senapati, sang dipati lan ngandika, pinten kakang prayogine, sampune ingkang pakarya katingale kang warna, ki Mondaraka sumahur, wontena katigang warsa.
  194. Sang dipatya anahuri, dene lami temen kakang, Ki Mondaraka sahure, adhi senadyan lamiya, yen kenging ing entosan, nadya enggal sami nipun, yen resah karya punapa.
  195. Dipati Moncanegari, aris denira ngandika, yen sampun dados rembage, inggih kakang Mondaraka, kawula arah kewala, nging Senapati nak ingsun, poma aja lali sira.
  196. Senapati turnya ris, inggih pangestu paduka, mengkana kang winirahos, dipati Mocanegara, lawan Pangran Benawa, wus lami aneng Mentarum, tan kirang kang boja krama.
  197. Pitung dina winetawis, mengkana dipati Monca, lan Pangran Benawane, pamit kondur marang Pajang, dherek sang Senapatya, Ki Mondaraka tan kantun, tenapi Rahaden Rongga.
  198. Kendhel Prembanan nuli, Salaman sang Senapatya, lan Kyai Mondaraka, tenapi Rahaden Rongga, wus kondur mring Mentaram, sang dipati mapan sampun, lawan Pangeran Benawa.
  199. Prapta ing Pajang negari, wus cunduk lawan nalendra, katur ing saneskarane, kalangkung ngungun ing nala, kangjeng sultan miharsa, henengena ingkang winuwus, kawarnaha ing Mentaram.
  200. Kelangkung kasukan neki, lawan mantri Pamajegan, Pagelen ing sapangilen, dadya katungkul sadaya, tan sowan dhateng Pajang, Ki Mondaraka winuwus, kelangkung kuwatir ira.
  201. Nulya manjing dhateng puri, wus panggih Ki Mondaraka kelawan Senapatine, Ki Mondaraka ngandika, eh Jebeng Senapatya, dene ta sira katungkul, apa wus mengkano nyawa.
  202. Kang amantri manjegan iki, sira jak mengkono ika, yen kapirsaha sang katong, tan wurung dadi prakara, tur mongsa nguwisana, kelamun mengkana karepmu, angur sebaha kewala.
  203. Sakehe majegan niki, becik suwunen kewala, sira kang dadi lurahe, mapan ingsun yen kaduga, kelamun anyuwuna, sang Senapati tumungkul, datan saged yen matura.
  204. Ki Mondaraka ngling malih, paran kaki Senapatya, yen sidaha sira mangko, memusuhan ramanira, kangjeng Sultan ing Pajang, bala siji tandhing sewu, lir karubuhan akasa.
  205. Nadyan anaha kang sekti, Senapati balanira, tandhing guna sernane, teguha tandhingan rosa, paran ta polah ira, dene mengkono karepmu, wus payo angur sebaha.
  206. Nora wurung iki benjing, iya sakeh wong Mentaram, padha dadi bathang kabeh, Jebeng dene polah ira, marma payo nesha, sang Senapati tumungkul, mapan sarwi ngemu wespa.
  207. Ki Mondaraka ling malih, paran kang sira andelna, apa polahira kuwe, ingkang bakal dadi bondha, matur sang Senapatya, paman luhung kula lampus, yen tan mengku Tanah Jawa.
  208. Ki Mondaraka duk uning, yen kang putra lit tyasira, mengkana ris panebdane, iya Jebeng Senapatya, wus jamake wong priya, ing aprang pan kinarubut, wor pupug praguling pupya.
  209. Kantar bahu genti kreris, nanging sawiji cacadnya, yen mungsuh wong liya kae, mapan sun kaliwat suka, iki mungsuh ramanta, paran besuk yen katemu, ingsun lan si adhi Monca.
  210. Mendah dene wirang mami, ingsun nuli tinudingan, maring tangan kiwa bae, apa dene Sri Nalendra, ingsun iki pan ngarasa, wus kinulangi sudengsun, tumungkul Sang Senapatya.
  211. Ki Mondaraka ling malih, lamun kita memungsuhan, sepuluh Pajang gedhene, nadyan silih den keriga, estri lawan rarenya, mapan yekti wani ulun, sarehning padha kawula.
  212. Becike eh Senapati, mapan anganggo setiyar, suwunen marang kang gawe, den terang aja kumlamar, gampange kersanira, mapan lawas tigang tahun, aja ta katungkul sira.
  213. Nyuwuna kanthi ngajurit, mapan Allah sipat murah, yen wis kalilan nakingeng, pasthi sira pinaringan, nama nira jeng sultan, mapan gampang merganipun, yen wus rinikan Sukma.
  214. Mengkana jeng Senapati, sakondurira kang paman, mapan nulya kesah mangko, lajeng manjing dhateng wona, kawarna tengah wona, ing Nglipura namanipun, wonten selanya gegi-lang.
  215. Lajeng kangjeng Senapati, pinarak ing sela gilang, ngentingken panca driyane, nutupi ingkang babahan, nenggih kang nawa songa, sarwi sila tumpang iku, wus angrasuk badan satunggal.
  216. Dadya sirna gung kaeksi, wus suwung sang Senapatya, amor lawan Pangerane, nulya neba Senapati, mapan sare neng sela, mengkana ingkang winuwus, wonten kalih prapta.
  217. Ngapit aneng kanan kering, gennya sare Senapatya, nengna ingkang winarna mangke, sira Kyai Mondaraka, datan eca kang driya, lajeng lumebet kedhatun, tanya mringkang kemit nulya.
  218. Apa ana Senapati, kang kemit matur wot sekar, tan uning amba puruge, Ki Mondaraka ngandika, den becik kari padha, sandika samya turipun, ingsun nusul Senapatya.
  219. Ki Mondaraka lumaris, ngulari dhateng kang putra, wus datan samar prenahe, yen aneng alas Lipura, lajeng Ki Mondaraka, datan pantara wus rawuh, lintang kalih sareng musna.
  220. Jumeneng keringnya linggih, Ki Mondaraka punika, sarya wungu ingkang sare, dene enak Senapatya, oleh ira anendra, tan sembada karsanipun, kagyat kangjeng Senapatya.
  221. Tumingal kang paman prapti, anulya atata lenggah, Ki Mondaraka nebda lon, paran sira Senapatya, apa wus oleh karya, sang Senapatya turipun, ingguh sampun angsal karya.
  222. Ki Modaraka tanya ris, apa Jebeng kang pratondha, paringanira Hyang Manon, matur kangjeng Senapatya, paman pan wonten lintang, kekalih prapta atutur, pan sagah ngrencangi kula.
  223. Benjing kelamun ajurit, gumujeng Ki Mondaraka, adhuh anakingsun angger, lintang sira gugu nyawa, pan adoh enggenira, kalawan banget adhuwur, tan kena pinasthekna.
  224. Kaya pa genira nagih, lawan nora sipat jalma, paran gone ngadu angger, tumungkul sang Senapatya, nebda Ki Mondaraka, yen mengkono anak ingsun, payo padha andum karya.
  225. Sira manjinga jeladri, ingsun munggah marang arga, sang Senapati ature, mapan punapa kang karsa, kawula tan lenggana, nulya sareng angkatipun, sampun prapta Prerambanan.
  226. Ki Mondaraka nebda ris, wus Jebeng sira kariya, sun mring gunung Mrapi mengko, tan pantara gya lumampah, kawarna Senapatya, nulya ambyur ngumpak iku, marengi geng ingkang toya.
  227. Banjur ngeli tuting warih, lampahnya mendha kunarpa, kasangsang sangsang lampahe, nging kodrating Pangeran, mengkana kendelira, neng rawa aji manekung, kawarna kang samodra.
  228. Toya panas anglir geni, lajeng bebek kang sawangan, mengkana kang winirahos, ingkang ngedhaton samodra, tan kuwawi nyandhanga, ingkang gara-gara agung, kangjeng ratu wus uninga.
  229. Yen Senapati Mentawis, ingkang karya letoh ika, samodra saniskarane, nulya animbali prapta, pan Tunggulwulung ika, angandika kangjeng ratu, Tunggul sira ingsun duta.
  230. Maranga ing rawa aji, aturana Senapatya, sang Tunggulwulung gya lengser, nanging kersaning Hyang sukma, datan bisa mentasa, Tunggulwulung nulak wangsul, mapan sampun tur uninga.
  231. Jeng ratu mesem ing galih, mengkana ciptaning driya, nora bakal wus tekdire, kang iku kang duwe Jawa, tan kena gina gampang, dene bali Tunggulwulung, anulya ngrasuk busana.
  232. Dene jeng ratu kawarni, salin ping telu sadina, yen enjing mapan wernane, lir Dewi Ratih suwarga, yen bedhuk wernanira, lir Dresanara tumurun, sore lir Dewi Supraba.
  233. Nulya lumampah pribadi, datan mawi bekta bala, nging Tunggulwulung kang dherek, tan pantara nulya prapta, ing rawa aji ika, pun Tunggulwulung ingantun, nging kangjeng ratu pribadi.
  234. Mengakan jeng Senapati, lagya munajating sukma, datan uninga praptane, kangjeng ratu aneng ngarsa, lawan aris aturnya, kawula anuwun tulung, mulyane ingkang segara.
  235. Sang Senapati ningali, kelamun ana wanodya, donya tan ana pindhane, dadya wewer tingalira, nulya aris angandika, paduka mundhut pitulung, mulyane ingkang segara.
  236. Kawula makaten ugi, mugi paduka tulunga, ing Mentaram kamulyane, jeng ratu mesem ngandika, iki silih basakna, ana wong anyuwun tulung, mundur winales kewala.
  237. Sang Senapati nebda ris, sampun limrahe punika, yen tiyang wade nah angger, tinumbas mesem sang retna, inggih benjing kawula, punapa karsa jumurung, angger mulya kang samodra.
  238. Sang Senapati nebda ris, dene ta ingkang samodra, waluya karsa sang manon, pan kawula tan kuwasa, mugi Allah paringa, tan pantara mulya sampun, mesem jeng ratu ngandika.
  239. Yen parang karsa dewaji, pinaraka mring samodra, neng ngriki awon tingale, sang Senapati ngandika, kawula pan sumongga, nging tan wikan margenipun, mesem jeng ratu ngandika, kawula pan sumonga, nging tan wikanmargenipun, mesem jeng ratu ngandika.
  240. Kawula ingkang ngaturi, Tunggulwulung gya ngandikan, datan pantara praptanya, jeng ratu aris aturnya, tuwan nitih punika, sang Senapati pan nurut, wus nitih ing gigirira.
  241. Jeng ratu musna tan kaeksi, pun Tunggulwulung lumampah, wus ambles ing segarane, prapta telenging samodra, ya ta ingkang winarna, nenggih ing kedhaton kidul, mapan amindha suwarga.
  242. Pager kang banon cepuri, selaka pethak kainarya, kori pinilaran jene, suwasa bebetur ira, nenggih pethetannira, pan warna warna dinulu, kang kinarya pan selaka.
  243. Kang gendhong sinilih asih, atenapi lan uwitnya, mapan ya mengkono maneh, langkung asri yen pinirsa, dene kang pelataran, sinebaran ten jumerut, mirah nila nawa retna.
  244. Jembangan mapan merapit, kinarya warna warna, jumerut lan mirah kabeh, bancike emas kinarya, ana ingkang suwasa, selaka selangipun, tan ana dalu rahina.
  245. Ingkang sekaran pan asri, taneman munggeng kembangan, pan warna warna yen tinen, Kedhaton Kidul punika, mapan ing ngalam denya, nging punika ingkang punjul, mapan amendha kang suwarga.
  246. Kang Prabayeksa winarni, bale mas kang saka dhomas, mirah inten pepatike, pan wus tan kena winarna, kan pasarehanrineka, kang naga emas puniku, mapan anetra kumala.
  247. Praptanya teleng jeladri, Tunggulwulung sampun werna, jalma samodra tan katon, nanging katingal kang praja, kelangkung agengira, miwah langkung asrinipun, lan kathahe ingkang jalma.
  248. Mengkana Sang Senapati, sampun rawuh paregolan, kangjeng ratu winirahos, mapan waus neng paregolan, ngayap jimperayangan, lan Senapati wus cundhuk, lajeng akekanthen asta.
  249. Ngaturan manjing jro puri, prapta lajeng tata lenggah, jeng ratu mengkana tyase, coba sun godhane mana, ingkang bakal nalendra, dimen lali prajanipun, jeng ratu mesem ngandika.
  250. Kang waja kengis lir thathit, gumebyar karya asmara, anggodha paran liringe, mapan mesem aris turnya, pukulun Senapatya, yen pareng karsa sang ngulun, sampun kondur Mentaram.
  251. Jumenenga wonten ngriki, mapan kathah sawabira, sang Senapati nebda lon, punika sawab punapa, kawula pajarana, kangjeng ratu mesem matur, mapan tan kenging palastra.
  252. Lan sepuh mekaten malih, atenapi ingkang susah, punika tan kenging mangko, mesem kangjeng Senapatya, mapan aris ngandika, dhuh mas mirah jiwaningsun, bendara sampun anduga.
  253. Kawula miyarsa warti, sampun kocap jroning iman, yen makhluk punika lire, dera lamun tan kenginga, pejah tenapi susah, nanging datira Hyang Agung, punika tan kenging ewah.
  254. Mapan inggih kang utami, manungsa kang sipat ngaral, sabab akathahe linge, punika dados ganjaran, yen lawan kapanrima, sareng mirsa kangjeng ratu, lamun kasinggihan sebda.
  255. Karsanya yun gedha yekti, mapan tan nora kagodha, wekasan kagodha dhewe, dadya anyumkemi pada, ring kangjeng Senapatya, karuna aris turipun, kawula dhingin manungsa.
  256. Suwunen dhateng Hyang Widi, pan inggih awak kawula, dadose manungsa maleh, jeng ratu sanget mularnya, mengkana Senapatya, jeng ratu nulya sinambat, ingemban lawan jinarwan.
  257. Dhuh mas mirah ingsun gusti, sesotyane ing samodra, kendela dhuh nahing angger, mapan iku nora kena, wus tekdire Hyang Sukma, wus pinesthi lohimahpul, angurbaya narimaha.
  258. Mengkana lejar tyas neki, kangjeng ratu amiyarsa, sebdane sang Senapatine, nanging meksih neng embanan, mulat sang Senapatya, yen jeng ratu sampun lipur, nulya gunturi srenggara.
  259. Kang abdi matur sayekti, sareng tumingal paduka, angler manggih upamane, kumala sa alam denya, mapan ciptaning driya, mendah kramaha satuhu, sun pindha kadya ngawula.
  260. Dhuh gusti pujaning sari, sarine retna dimulya, dhuh nahangger kawulane, bendara pun Senapatya, mugi den mengena, linton asmara satuhu, mesem jeng ratu miharsa.
  261. Mengkana sang Senapati, jeng ratu nulya binekta, manjing mring tepas wangine, sang retna datan lenggana, sinareken lan sarta, kinarang hulu asteku, tan kendel ingkang srenggara.
  262. Lesu lupa sarireki, mapan wus datan sajiwa, saking genge pengarihen, mengkana sang Senapatya, mapan ngarah asmara, sang dyah tangkis wus karingkus, sampun aliru asmara.
  263. Ketemben uninga resmi, jeng ratu mapan kantaka, nulya sang Senapatya ge, jeng ratu nulya ingemban, binekta mring patirtan, wus sesotya kalihipun, nulya anembung ngastanya.
  264. Wus lenggah malige rukmi, mapan pinangku sang retna, datan pegat panguswane, sang Senapati Mentaram, dadya ingkang salira, kangjeng ratu hemar lesu, sare aneng pangkonira.
  265. Sang Senapati Mentawis, aris denira ngandika, wus kantuna mirah angger, pun kakang ayun mantuka, gusti dhateng Mentaram, jeng ratu kendel basengut, sarya nglirik neng pangkonira.
  266. Ngandika sang Senapati, sarta anglus kang sri nata, winor lawan pengarihe, dhuh dewa inten rineka, pepujan saking swarga, wit ning angger abdinipun, tan betah pisan lan dika.
  267. Nanging mirah kadosa pundi, ingkang amindha supadma, yen kawula tilar angger, aneng ing mriki kewala, sagung wadya Mentaram, dhuh gusti abdi nenuhun, welasa mring dasih ira.
  268. Saprandene ingkang abdi, pun Senapati Ngalaga, lumados sakarsane, dhuh mirah angger bendara, sepinten tebih ira, ing ngriki lawan Mentarum, mesem jeng ratu ngandika.
  269. Bisa temen amek ati, ratuning wong Tanah Jawa, tur mongsa mantepa kuwe, lamise pan wus ketara, mendah silih wadona, baya luwih saking iku, sarwi malerak sang retna.
  270. Mesem kangjeng Senapati, sang retna kinuswa kuswa, winor lan kitab basane, dhuh sotyaning pramudhitya, biya karya la hela, pun Senapati saestu, sumedya angestu pada.
  271. Dadya rena tyas sang dewi, Tunggulwulung tinimbalan, datan pantara praptane, jeng ratu aris ngandika, Tunggulwulung dherekna, sang Senapati Mentarum, sandika nulya lumapah.
  272. Datan pantara wus prapti, Senapati ing Mentaram, panggih lan Ki Mondaraka, mesem Kyai Mondaraka, lawan aris ngandika, dhuh anak ingsun wong bagus, kaya ta wus oleh karya.
  273. Mesem kangjeng Senapati, mapan pangestu paduka, ki Mondaraka nebda lon, iya iku kersaningwang, Jebeng wis tinurutan, dadi wus tan wirang ingsun, katemu si adhi Monca.
  274. Henengena ing Mentawis, wonten genaya cinarita, ing Tanah Sabrang ta mangko, Sepanyol araning praja, ingkang dadya nalendra, mapan kembar namanipun, Baron Sukmul ingkang tuwa.
  275. Baron Sakendher ingkang ari, mapan lagya pejagongan, Baron Sukmul nebda lon, adhi ingsun mirsa warta, iya ing Tanah Jawa, negara gedhe kelangkung, lan murah sabarang ana.
  276. Datan ana kang nimbangi, adhi ing negara Sabrang, Baron Sankendher wuwuse, iya kakang ingsun wikan, warta kayamengkana, Baron Sukmul aris muwus, adhi yen rembuk lan sira.
  277. Sun arsa ing Tanah Jawi, ngong coba luru dagangan, Baron Sakendher wuwuse, aja kakang angure ingwang, tanggung kakang yen sira, pan akeh pakewuhipun, lan mongsa anguwisana.
  278. Baron Sukmul angling aris, ya adhi sakarsanira, nanging ajalawas bae, kakang sun duga duga, lah wis ta kakang kariya, nulya dandan mapan sampun, bekta ponakawan ira.
  279. Pun Sakeber aranneki, mapan duk kala lahirnya, lan Sakendher bareng bae, wus nitih kang grudha mas, Sekeber buntut nulya, garudha pan sampun mumbul, dedel gayuh jumantara.
  280. Pan wus karsanung Hyang Widi, Baron Sakendher lampahnya, wus prapta tanah Jawane, nanging kelangkung bingungnya, wus prapta tanah Jawa, lawan datan saget mudhun, ngideri ing Tanah Jawa.
  281. Yun mulih mapan tan uning, prenahe nagrinira, dadya sa paran parane, mengkana ingkang winarna, kangjeng Senapatya, dalu lagya salad tahjud, tesbih lawan salad barjah.
  282. Mapan kendhar Senapati, aneng ing sela gegilang, kauban wringin tumpange, mengkana karsaning Sukma, Sekendher lampahira, ngungkuli nagri Manterum, nulya niba kang garudha.
  283. Neng ngarsane Senapati, Sankendher wus tanpa jiwa, Sekeber malih warnane, mapan awarni mahesa, lit bule dhungkul ika, katiga samya anglumpruk, neng ngarsane Senapatya.
  284. Sang Senapati nebda ris, sira iku buron apa, Baron Sekeber ature, mapan samya alas arsa, sampun katur sedaya, ing sasolah tingkahipun, mesem lajeng Senapatya.
  285. Lawan sokur ing Hyang Widi, nulya ngaturi kang paman, Ki Mondaraka prapta ge, mapan sampun tata lenggah, gumujeng Mondaraka, lawan atetanya arum, sira iki buronapa.
  286. Ingkang siji sipat jalmi, nanging iya lare bajang, dene kang sijine kuwe, lir mahesa warnanira, nanging gengnya samenda, bule dungkul sungunipun, ingkang siji anglir peksa.
  287. Nanging teka rahi jalmi, gedhenira mung sa merak, teka bisa ngucap kabeh, sun gawok kodrating Sukma, lah ta mara matura, wisma lan kamulanipun, lawan apa aranira.
  288. Sekendher matur sarya jrih, mapan ingsun wong ing sabrang, sepanyol Negara ningong, Baron Sakendher ran ingwang, kang rupa kebo ika, manungsa kamulanipun, Sekeber araneika.
  289. Dene ingkang rupa peksi, pan iku tunggangan ingwang, garudha mas arane, wus katur sasolahira, gumujeng Mondaraka, lawan ngandika arum, mengko apa karepira.
  290. Sekendher aris tur neki, yen kena ingsun ngawula, mulih wus tan bisa ingong, mengko apa kersanira, ingsun nurut kewala, angger mulya awakingsun, ki Mondaraka ngandika.
  291. Mara Jebeng Senapati, sira ingkang pinaringan, sang Senapati nebda lon, lah iya sekendher sira, muga Allah paringa, mulya marang sireku, tan pantara samya mulya.
  292. Nanging wus tekdir Hyang Widi, tan mantuk kang werna lama, kang saras bayune bae, dene Sakendher wernanya, dadya laweyan putih, dedegnya agengaluhur, mawi siyung sa gedhang mas.
  293. Kang warna langkung ngajrihi, dene Sekeber kang warna, mapan meksih mahesane, nging kang mindak agengira, samya lawan dirada, ingkang garudha mas iku, mapan iya werna serpa.
  294. Nging suku suwiwi meksih, sekelangkung agengira, dadya sang Senapatine, tenapi Ki Mondaraka, samya sokur Hyang Sukma, Sang Senapati nebda rum, eh Sekendher aranira.
  295. Pan mengko ingsun salini, iya sira Jurutaman, dene Sekeber arane, Kebo Kemili ta sira, garudha mas aranya, ya si Manglarmonga patut, katiga matur sandika.
  296. Lan wus karsaning Hyang Widi, padha sira narimaha, yen dadi seluman kabeh, Jurutaman karsa ningwang, tunggu wa ing Tunjung Bang, Kebo Kemili sireku, kelawan si Manglarmonga.
  297. Tungguwa pasarehan ning, Kyai ageng ing Mentaram, katiga sandika ature, tan pantara samya musna, singarsa Senapatya, kelangkung dennya mituhu, mapan wus noleh wuntat. 

PUPUH VIII
P A N G K U R 

  1. Henengena ing Mentaram, ya ta gentya ingkang winarneng tulis, ing Pajang ingkang cinatur, kangjeng sultan pan lagya, siniwaka pepak wadya agung agung, ingkang tansah munggeng ngarsa, dipati Moncanegari.
  2. Pangran Dipati Benawa, mapan jajar lawan dipati Tubin, Dipati Demak puniku, samya mantu nalendra, kangjeng sultan pengandikanira, arum, eh ta paran kersanira, Dipati Moncanegari.
  3. Putreng ulun Senapatya, pan wus lama dene tanana prapti, Dipati Monca umatur, rumiyin atur kula, mapan wonten semados ing tigang tahun, punika dugi kawula, dereng dugi kang prejangji.
  4. Sri Nalendra angandika, kaya paran kangen ingsun kepati, sedhela arep katemu, apa ta nora kena, tinimbalan sang dipati ris umatur, kawula mapan sumongga, ing karsa sri narapati.
  5. Sapa baya kang prayoga, animbali mring putreng ulun Mentawis, dipati Monca umatur, kawula pan sumongga, ingkang karsa kilap punapa pukulun, sang nata aris ngandika, iya si Dipati Tubin.
  6. Kelawan Dipati Demak, kangjeng Pangran Benawi ris tur neki, yen kenging umatur, kados sanget kagentya, dugi kula tan prayogi dadosipun, pun adhi dipati Demak, lawan pun adhi ing Tubin.
  7. Yen pareng karsa nalendra, pan pun adhi ingkang salah satunggil, kinanthekna mring pukulan, kawula kang lumampah, ya ta mesem Sri Nalendra ngandika rum, kelingane si Benawa, kuwatir sadulur neki.
  8. Ya Jebeng sun turut sira, sun kantheni lawan Dipati Tubin, kalihan samya turipun, inggih nuhun sandika, nulya luwar sang nata manjing kendhatun, wus bubar sagung kang seba, Pangran Benawa winarani.
  9. Lawan sang Dipati Tuban, lajeng budhal mangkat dhateng Mentawis, langkung asri balanipun, henengena kang lumampah, ing Mentaram Senapati kang winuwus, lawan Kyai Mondaraka, mapan wus miyarsa warti.
  10. Lamun Pangran Dipatya, kang ingutus lawan Dipati Tubin, Ki Mondaraka amuwus, eh Jebeng paran karsa, arinira Pangran Benawa ingutus, kelawan Dipati Tuban, apa nora mapag iki.
  11. Pan ingsun nerah kewala, Senapati Ngalaga ngandika ris, paman boten methuk ulun, wenten ngriki kewala, ngalun alun Ki Mondaraka lon wuwus, ya Jebeng sakarsa nira, mapan wus prayoga iki.
  12. Kawarna kang lumampah, kangjeng Pangran Benawa sawadyeki, lan Dipati Tuban iku, ngalun alun wus prapta, pan wus cunduk lan Senapati Mentaram, lan Kyai Mondaraka, tenapi Dipati Tubin.
  13. Pan wus samya tata lenggah, lawan sampun anjawat, asta sami, Dipati Tuban tyasipun, mapan sampun uninga, Senapati yen wus ewah patrapipun, nanging Pangran Benawa, tan ewah karsanireki.
  14. Lenggah aneng tratag rambat, mungeng kursi kang wadya dher ngebekki, wong Tuban lamun dinulu, ngajrihi sasolahnya, anom anom mapan samya kaduk purun, mangkana Rahaden Rongga, lenggah neng ngandhaping kursi.
  15. Sang Senapati ri wusnya, buja krama dhumateng tamu neki, tan kirang weradin sampun, Pangran Benawa nebda, kakang Senapati kawula ingutus, dhumateng jeng sultan Pajang, paduka dipun timbali.
  16. Jeng rama kangen kalintang, Senapati sendika aturan neki, nging adhi andika matur, kirang kedhik punika, nuhun inah benjing punika yen sampun, mengakana Dipati Tuban, pan wus kaduga tyas neki.
  17. Nanging inginep jro nala, pan sinamur gumujeng sarya angling, kakang Senapati sampun, paduka dados manah, pan kawula ayun atanya satuhu, ing Mentawis gih punika, punapa wontena jalmi.
  18. Kang kangkung samining jalma, prawiranya myang teguh ingkang kulit, mesem Senapati muwus, adhi langkung dupara, ing Mentawis gih adhi tiyang desa tus, kejawi macul kewala, kelawan anuntun sapi.
  19. Gumujeng Dipati Tuban, sarya latah lawan umatur aris, ing Tuban kakang pan agung, tiyang ingkang prawira, ingkang punjul pan namung tiyang wewolu, sapunika kawula bekta, bilih sampeyan yun uning.
  20. Lan dipun damel tingalan, ing lenggahan amrih sampuna sepi, mesem Senapati muwus, adhi langkung prayoga, bok suwawi adhi pun kakang yun weruh, nulya sang Dipati Tuban, kajineman den timbali.
  21. Mapan wolu kathahira, kang sekawan ngagem pedhang lan tampir, sekawan angagem lawung, nulya Dipati Tuban, mundhut gendhing Kalaganjur, tan pantara gya tinembang, langkung jalma kang ningali.
  22. Sang Dipatya angandika, lah ta mara padha den kepareng ngarsi, kajineman sampun maju, sang dipatya ngandika, wus ta beksaha sira wong wolu, den kaya adete ika, poma aja ngungkak ati.
  23. Ing Mentaram pan tan ana, ingkang bisa beksa lir sira sami, nulya nembah nyandak lawung, ana nyandhak kang pedhang, Kalaganjur tinitir kelangkung umyung, kajineman wolu pisan, kang manah gembira sami.
  24. Lajeng mentaraken samya, wolu pisan ing kaprawira neki, kang sekawan beksa lawung, beksa tameng sekawan, ingkang lawung kinarya onclang pan muluk, ingkang tameng pan mengkana, tinadhahan jaja sami.
  25. Sampunnya lajeng tumandang, ingkang lawung ganti larih linarih, tanan kuciwanipun, kang tameng pan mengkana, pan binuwang kang tameng sekawanipun, agenti pedhang pinedhang, tanana kang nguciwani.
  26. Raden Rongga sadangunya, aningali langkung panas tyas neki, sring nguthik sampeyanipun, kang rama Senapatya, nanging sring pinanthelengan puniku, kendel sakhedap kewala, dangunya mangkono ugi.
  27. Dipati Tuban tumingal, yen kang putra asring ahuthak uthik, nulya ngandika arum, tanya dhateng kang raka, yun punapa kangmas pun thole puniku, sang Senapati ngandika, lare jawal tan prayogi.
  28. Gumujeng Dipati Tuban, bok kajengo kakangmas Senapati, pun thole sumut sinahu, drerapon gar tyas sira, mungpung wonten kang mulang leres puniku, wus thole mara meluwa, den Rongga datan ningali.
  29. Matur malih sang dipatya, mring kang raka bok sampeyan lilani, ngangkah punapa puniku, kajenge dipun wulang, Senapati angandika arum, wus thole mara meluwa, jaluk wuruk wak mami.
  30. Dipati Tuhan ngandika, mapan sarya gumujeng saka nenggih, marang kajinemanipun, eh ya bocah ing Tuban, putraningsun kepengin beksa yen melu, lah poma wuruken padha, sandika samya tur neki.
  31. Mengkana Rahaden Rongga, mundhut agem lawung ira wus prapti, lawan ingkang tameng iku, gotong wolu lawungnya, ingkang tameng pan gotong sekawan iku, kang kinarya mapan waja, lawung kayu nagasari.
  32. Sagunge wadya ing Pajang, lan ing Tuban samya jenger ningali, sang Dipatya sareng dulu, kang tyas langkung bramatya, dadya lingsem kathak kaduk ingkang wuwus, mesem Pangran Benawa, den Rongga ingkang winarni.
  33. Pan mundhut gendhing ketawang, lajeng beksa nyandhak lawungireki, rinangkep lan tamengipun, surak wadya Mentaram, ingkang lawung kinarya onclang pan muluk, pan namung kantun samerang, dhawah tinadhahan wentis.
  34. Tamengnya nulya binuwang, mapan muluk ngung sakupu kaeksi, dhawah tinadhahan sampun, ing jaja Raden Rongga, mapan kontal tameng waja murub, jengre ingkang kajineman, wolu mitenggengan sami.
  35. Bramatya Dipati Tuban, kajineman wolu wus kejepi, pan sareng nerajang sampun, anumbang lan amedhang, Raden Rongga eca beksa onclang lawung, sapolahnya kajineman, Raden Rongga tan merduli.
  36. Wong Mentaram surak ira, bal ambalan wong Tuban lit tyas neki, sang Dipatya aris muwus, mara kulup malesa, di dimone rame kang padha andulu, Raden Rongga eca beksa, mapan datan aningali.
  37. Nulya Adipati Tuban, ris turira dhateng sang Senapati, pangandikanira arum, pun thole paduka atag, amalesa marang wong Tubin puniku, wus kulup mara malesa, bramatya den Rongga nuli.
  38. Ingkang kalih kajineman, den du kumba pecah endhasnya sami, kalih kinarya puniku, onclang rempu endhasnya, kang sekawan punika mati sinikut, pecah balung dhadhanira, langkung merang sang dipati.
  39. Anulya nitih turongga, datan pamit marang sang Senapati, kang kuda sinambet mampreng, tan mawi nolih bala, wadyanira kececer turut delanggung, antuk ira marang sang dipati.
  40. Tedhak saking kursi nulya, kang putra sinandhak den arasi, mendah wusa tuwa besuk, Raden nulya binekta, lenggah kursi
  41. Mapan sarwi dipun pangku, marang Pangran Benawa, ri wusnya tedhak tumuli.
  42. Wus sohan ngandhap den Rongga, kangjeng Pangran Benawa atur neki, sampun kakang kula mantuk, nanging sapungkur kula, bek menawi jeng sultan dhahar aturipun, inggih pun  dipati Tuban, marma den ngati ati.
  43. Mapan sampun jawat asta, atenapi lan Ki Mondaraka kaki, jeng Pangran pan sampun mundur, sing ngarsa Senapatya, gegancangan kangjeng Pangran lampahipun, kalawan wadyannira, nungsul mring Dipati Tubin.
  44. Datan winarna ing marga, sampun prapta ing Pajang lampah neki, nging ngutap untapan iku, lawan Dipati Tuban, kawarnaha jeng sultan Pajang panuju, lagya miyos siniwaka, pepak sagung ingkang nangkil.
  45. Mangkana Pangran Benawa, lajeng sohan lawan Dipati Tubin, prapta ngarsanya sang prabu, nata aris atanya, paran warta Benawa sira sun utus, umatur Pangran Benawa, pukulan amba tinuding.
  46. Lumampah dhateng Mentaram, sampun prapta panggih lan Senapati, pun kakang nenggih turipun, tinimbalan sandika, nanging wonten pun kakang semadosipun, nging kirang kedhik punika, mapan tenggel atur neki.
  47. Sang nata malih aturnya, apa nora ewah sapatrapneki, Pangran Benawa umatur, botenna ta ngandika, eh sun duga sireku geseh satuhu, iya lan Dipati Tuban, pratondha laku nireki.
  48. Paran ta Dipati Tuban, matur nembah sira Dipati Tubin, pukulun mila saestu, balik pun Senapatya, mapan dora ingsa atur aturipun, putranta Pangran Benawa, mapan kedah angalini.
  49. Umatur Pangran Benawa, amiwiti malah teka mekasi, sanget pan esmu bendu, dhateng Dipati Tuban, dene karya lingsem ing temahipun, nulya luwar Sri Nalendra, wus bubar sagung kang nangkil.
  50. Kawarnaha ing Mentaram, Raden Rongga ameng ameng neki, sela ancik ancik wulu, kang eyang Mondaraka, cinablosan ing dariji kang panuduh, samya bolong lebur ika, Ki Mondaraka winarni.
  51. Mapan arsa salat ika, luhur lebur sela kang ancika ancik, binolong driji panuduh, lawan lenggah den Rongga, Kyai Mondaraka mapan aris muwus, nora kaya sira Rongga, tan mari besurireki.
  52. Mapan atos watu iya, sira bolong lawan deriji neki, karya cotho salat iku, pan empuk darijinya, pesthineki mapan atos waku iku, nulya wetah ponang sela, sampun mantuk atos malih.
  53. Datan pasah derijinya, Raden Rongga malah sakit, den Rongga dadya melerek, mring Kang Yang Mondaraka, pan gumujeng Ki Mondaraka ling arum, mara maning tutugena, Raden Rongga kesah nuli.
  54. Kondur dhateng kedhatonnya, ameng ameng sangandhap ing wringin, tumpang sarya cantheng watu, sagenuk genuk gengnya, ingkang rama sang Senapati wus rawuh, murugi dhateng kang putra, lenggah sela gilang iki.
  55. Ingkang putra tinimbalan, sampun prapta Senapati ngandika ris, rosa temen sira kulup, yen sira nyata rosa, mara iki putungen derijiningsun, Rahaden Rongga tumulya, nyandhak asta Senapati.
  56. Deriji panuduhira, ngraos gerah sira sang Senapati, cinuthatkan putranipun, dhawah sajawen bata, bolong nulya Raden Rongga mapan laju, tirakat ing kersanira, kang ngiring nging enban siji.
  57. Mapan dhumateng Mancingan, Kyai emban datan eca tyas neki, sampun prapta ing Talsewu, kawarna wonten sarpa, naga ageng mapan langkung galakipun, ki emban sanget aturnya, gendholi lawan anangis.
  58. Ngaturi wangsul Rahadyan, nanging meksa sang sarpa den ayoni, ki emban binucal sampun, kontal tebih tibanya, Raden Rongga anulya nerajang purun, sawer sampun uninga, ngadek ngakak sisik malik.
  59. Mapan samya purunira, nulya campuh saking ramening jurit, tanana kuciwanipun, mengkana Raden Rongga, wus pinuletan katingal mapan sampun, ki emban sanget karuna, saking tebih jelih jelih.
  60. Dhuh gusti tuwan malesa, tan pantara Raden Rongga nulya glis, kang serpa winales sampun, den bithi sirahira, pecah lajeng pejah kang naga sampun, ki emban nulya lumajar, gustinira den sungkemi.
  61. Ngaturan kondur tumulya, Kyai emban lawan sanget anangis, Raden Rongga sampun nurut, kondur dhateng Mentaram, sampun panggih den Rongga lawan kang ibu, jeng ratu angrangkul nulya, ingakang putra den arasi.
  62. Ngandika sarwi karuna, adhuh gusti wus aja lunga maning, den Rongga mesem nebda rum, ye wus ibu nora, pan wus lama mengkana ingkang cinatur, Raden Rongga nandhang gerah, mapan wus kersaning Hyang Widi.
  63. Langkung sanget gerahira, ingkang rama lan kang ibu nenggani, sagung usada punika, wus tana mulyakena, ingkang ibu kalih mapan samya muhun, mengkana sanga Senapatya, lawan Ki Mondarakeki.
  64. Sakelangkung susah ira, tan pantara gara gara dhatengi, mengkana jeng Ratu Kidul, wus uning yen kang raka, Senapati langkung sekel ing tyasipun, kangjeng Ratu nulya prapta, mesem lon umatur aris.
  65. Sampun paduka sungkawa, ing sayekti putra paduka ugi, sampun kinarya Hyang Agung, semanten ingkang yuswa, yen ngantosa panjang punika satuhu, pan telas wijining Jawa, datan nurunaken malih.
  66. Punika pan datan panjang, turunipun mindhak ngewed ewedi, sang Senapati pan sampun, narima aturira, Ratu Kidul Raden Rongga gerahipun, mapan sampun lajeng seda, susah sagung wong Mentawis.
  67. Henengena ingkang samya, nandhang susah sagung wadya Mentawis, ya ta gennya kang cinatur, ing Pajang kang winarna, Ki Tumenggung Mayang mapan darbe sunu, jalu bagus ingkang warna, Raden Pabelan nameki.
  68. Tumenggung Mayang punika, ingkang ipe lawan jeng Senapati, patutan satunggal iku, nama Raden Pabelan, dadya kondhang ing Pajang tanana iku, ingkang mendha wernanira, bagus dhasar jungkar angin.
  69. Mengkana kang cinarita, anglanangi aneng Pajang negari, sang nata ingkang winuwus, darbe putra wanodya, kang waruju warnanira lewih ayu, pinaraban mring kang rama, Dyah Ayu Retna Kemuning.
  70. Mapan ta dereng akrama, cinarita sampun dewasa iki, samana sampun katemu, lawan Raden Pabelan, saben dalu tan konangan mlebetipun, mengkana ing lama lama, konangan cinepeng nuli.
  71. Neng kaputren pinejahan, ingkang rama Tumenggung Myang nuli, karsanira sang aprabu, lawan kang ibu ika, wus cinepeng binucal mring Jepareku, mapan sewu wong ing Pajang, prajurit ingkang angiring.
  72. Mengkana den ayu Mayang, kintun surat wau dhateng Mentawis, mring Senapati wus katur, lajeng sinukmeng nala, mapan nuju sineba wadya Mentarum, ki Mondaraka neng ngarsa, sareng sampun mahos tulis.
  73. Bramatya sang Senapatya, jaja abang anglir medal geni, kang surat lajeng sinung, mring Kyai Mondaraka, wus kaduga siraosing suratipun, angling Kyai Mondaraka, wus Jebeng karsa nireki.
  74. Iki nyata ramanira, kang miwiti nulya Sang Senapati, ngandika dhumateng sagung, kang mantra pamajengan, sanakingsun sapisan jaluk karyamu, rebuten Tumenggung Mayang, kelawan nak rabineki.
  75. Bunuwang marang Jepara, lah cegatan metu kedhu iki, sasandika samya turipun, kang mantri pamajengan, kawandasa wus lengser saking ngarsanipun, mapan samya kakapalan, sadaya tan nedya urip.
  76. Nging sihe sang Senapatya, kang katingal sedaya ambek pati, sesanderan lampahipun, prapta inga Salatiga, samya aso makani turangganipun, sampun aso nulya mangkat, kaphetuk ing Bayalali.
  77. Nulya mantri kawan dasa, rembag ngamuk sareng samya bek pati, golong rempeg tandangipun, kagyat prajurit Pajang, lajeng kuwur sedaya penyananipun, tinerka Rahaden Rongga, ingkang nyegat wonten margi.
  78. Lajeng geger leng ulengan, pan sedaya sampun miyarsa warti, yen Raden Rongga puniku, langkung teguh lan resa, nulya ana gumleger swara neng gunung, sangsaya lajeng wurohan, tunjang tinunjang pansami.
  79. Kathah kang mati kedekan, bubar larud siji tan ana kari, Tumenggung Mayang pan sampun, karebut lan kang garwa, wong ing Pajang pelayune mungkur wedhus, sangu lawan kang gegaman, kuda samya den tilari.
  80. Lumayu pating sulebar, rebut urip saparan paran neki, henengena ingkang lumayu, kawarna wong Mentaram, pan kelangkung tyasira marwata sunu, kelawan Tumenggung Mayang, pan garwa putra neki.
  81. Wus dhinereken nulya, mring Mentaram datan winarna margi, Mentaram pan sampun rawuh, cundhuk lan Senapatya, Ki Tumenggung mapan lajeng ngrangkul suku, kelangkung panangisira, lir wong mati urip maning.
  82. Tanapi garwa putranya, pan sedaya mengkana tyas ireki, pan lajeng ngabekti sampun, mring Kyai Mondaraka, henengena gentya winuwus, wadya Pajang kang lumaya, pan sampun anglempak malih.
  83. Lajeng samya pirembagan, yun atur uninga mantuk mring Pajang nagri, lamun tiwas sing ingutus, wus sarembag nulya mangkat, tan winarna marga Pajang prapta sampun, pan lajeng atur uninga, mring Raden Moncanegari.
  84. Wus katur katur sasolahira, langkung ngungun Raden Moncanegari, lajeng sohan mring sang prabu, prapta ngarsa nalendra, tur uninga yen tiwas adhi pukulun, bucal pun Tumenggung Mayang, karebet neng Bayalali.
  85. Langkung kagyat Sri Nalendra, sru ngandika eh iya Moncanegari, wong pira ingkang angerbut, matur Moncanegara, aturipun aming tiyang pitung puluh, ingkang dados pangiridnya, putranipun Senapati.
  86. Kang westa Raden Rongga, meksih alit langkung digdaya neki, wadyanta risak kelangkung, mapan kathah kang pejah, sareng mirsa sang nata kelangkung bendu, nulya angandika, eh iya Moncanegari.
  87. Wus tita mapan tan kena yen den eman Senapati Mentawis, sapa kang prayoga iku, nglurug marang Mentaram, Adipati Moncanegara matur, di dalem konca sedaya, sagunging kang pra dipati.
  88. Inggih kados boten nyongga, yen tinadhing lawan pun Senapati Mentawis, nadya kalih putranipun, kewala boten nyongga, dugi kula mindhak sulung lebu awu, Sri Nalendra angandika, paran ta prayoga neki.
  89. Sang dipatya aturira, pan kawula tan darbe atur malih, sumongga karsa pukulun, mapan dherek kewala, pejah gesang nglampahi karsa sang prabu, Sri Nalendra angandika, eh iya Moncanergari.
  90. Ingkang dadi karsa ningwang, ingsun dhewe mengko ingkang nindaki, kerigen wong Pajang iku, aja na kari padha, sang Dipati Monca sandika turipun, wus lengser saking ing arsa, anembang tengara jurit.
  91. Kendhang gong maguru gongsa, ingkang teteg kaya butula iki, wong Pajang kagyat sedarum, dadyat wus sami mirsa, yen sang nata badhe tedhak mring Mentarum, anglurugi Senapatya, nulya prapta dandanan sami.
  92. Sagung kang pra dipatya, sawadyanya sampun sumekteng jurit, tenapi kang pra tumenggung, mantri demang lan rongga, pan delegan kandhuwuran arya iku, ngabei kelawan bapang, tenapi sagung prajurit.
  93. Belabar tanpa wilangan, miyos kangjeng sri narapati, lenggah aneng siti luhur, ingkang munggeng ing ngarsa, Adipati Moncanegara puniku, kelawan Pangran Benawa, tenapi Dipati Tubin.
  94. Jajar lan Dipati Demak, ing Palembang Bektawi Mandureki, Cerbon Sumedhang iku, Kerawang Surabaya, Belambangan Kedhiri Jipang Mediyun, Banten lawan Ponaraga, sedaya wus munggeng ngarai.
  95. Sri Nalendra angandika, eh ta poma iya Moncanegari, lan sagung pra dipatya yeku, kabeh aparentaha, yen wis padha teka ing Prambanan iku, aja na kang nyabrang ika, mring sakulon ompak iki.
  96. Lah padha sira antiya, ing wektune ika Si Senapati, sokur lamun gelem teluk, sedaya tur sendika, wus ta mara sapa kang dadi pengayun, wus mara padha mangkata, nulya kang tengara muni.
  97. Kelangkung saking wurohan, tampingan wadya ing Pajang iki, wus budhal ingkang pengayun, mengkana kangjeng sultan, sampun nitih dirada langkung geng luhur, Pangran Dipati Benawa, tenapi Moncanegari.
  98. Tan tebih lawan jeng sultan, sampun budhal saking Pajang negari, lampahnya mapan kelangkung, rendhet sa marga marga, saking dene jejele wadyeku, henengena kang lumampah, kawarnaha ing Mentawis.
  99. Sang Senapati Ngalaga, mapan lagya sineba wong Mentawis, ingkang aneng ngarsanipun, kang paman Mondaraka, lawan mantri majegan kang patang puluh, samya sohan munggeng ngarsa, tenapi ki adipati.
  100. Ki Mondaraka ngandika, paran karsa eh Jebeng Senapati, Sultan Pajang ayun rawuh, nglurugi mring sira, kerig kabeh wong Pajang tan ana kantun, iya apa kersanira, Sang Senapatya nebda ris.
  101. Gih mapan sa angsal angsal, pan kawula arsa methuk ngajurit, aneng Prambanan puniku, angling Ki Mondaraka, yen mengkono wus Jebeng karsa nireku, angur payo nuli mangkat, rebut papaning ngajurit.
  102. Nulya samya pradandanan, wong Mentarum lan mantra kawan desi, Tumenggung Mayang tan kantun, kinerig wong Mentaram, sahanane sumekta gegamanipun, sang Senapati Ngalaga, lawan Ki Mondaraka iki.
  103. Sawusira abusana, nulya budhal Senapati Mentawis, langkung asri yen dinulu, kang dadya cucuk yuda, pamajegan apan mantri patang puluh, ingkang dadya pangiridnya, Ki Tumenggung Mayang iki.
  104. Datan winarna ing marga, lampah ira wus prapta Ngrandu gunting, tata mesangrahan sampun, Senapati Ngalaga, kawarnaha Sultan Pajang sampun rawuh, mapan aneng ing Borongan, tata mesanggrahan sami.
  105. Sagung kang pra dipatya, cucuk ing prang neng Prambanan baris, beleber lir samodra gung, mapan sampun tinata, kang pengawat kanan kering dhadhanipun, ngantos dugi sukunya, baris ing ardi Merapi.
  106. Mengkana Jeng Sultan Pajang, mapan sampun ingaturan udani, yen Senapati Mentarum, mangkya wus mapak yuda, Randhugunting anenggih barisipun, mengkana Jeng Sultan Pajang, langkung ngungun ing tyas neki.
  107. Nengna kang ajeng ajengan, Sultan Pajang lawan sang Senapati, kawarna Jeng Ratu Kidul, mapan sampun uninga, yen kang raka sang Senapati Mentarum, mangkya sampun jeng ajengan, baris aneng Randhugunting.
  108. Sultan Pajang neng Borongan, cucuk ing prang neng Prambanan baris, mengkana jeng Ratu Kidul, nimbali gung pra nata, ratuning jim Tanah Jawa sedarum, mapan sampun samya prapta, dene kang dados pangirid.
  109. Sunan Lawu Ngargapura, sagung ratuning jim kang priya sami, jeng Ratu Nawang Retneku, ngirid ratu jim samya, kang wanodya sampun prapta ngarsanipun, Jeng Ratu Kidul sedaya, nulya angandika aris.
  110. Eh Jebeng Lawu ta sira, tetulunga sakanca nira iki, ingkang jim priya sedarum, marang Sang Senapatya, Nawang Retna ngadhepa bae maringsun, iya lawan sakancanira, mapan su ayun udani.
  111. Mapan wus kersaning Sukma, Jebeng Lawu ngangkata prang lir jalmi, ngijenana kang pra ratu, lawan punggawa Pajang, sira dhewe Jebeng ingkang ingsun tuduh, tandhingana lan Sultan Pajang, nanging poma wekas mami.
  112. Aja na mateni jalma, padha gegilanen ku sami, derapon nungkula iku, marang sang Senapatya, lawan aja andhingini perang iku, poma Jebeng gugur sira, wus padha mangkata nuli.
  113. Sultan Lawu tur sandika, nembah lengser sagung kang pra narpati, kawarna jeng Ratu Kidul, panggih lan Senapatya, ris turira ing benjing kelamun pupuh, abdi paduka Mentaram, ningalana ingkang tebih.
  114. Menawi kesaru ing prang, ya ta mesem kangjeng Senapati, jeng Ratu nulya sinambut, pinangku lan kinuswa, Senapatya angandika manis arum, dhuh dewa gusti bendara, mirah inten kumaladi.
  115. Pupujan retnaning swarga, kang mingakana jimat sang Senapati, kados pundi tengeripun, yen bala jim tumandang, kangjeng ratu mesem sarta ngandika rum, yen ardi mungel punika, sagung ing wadya Mentawis.
  116. Enggal samya mireha, ningalan inggih saking kang tebih, sang Senapati nebda rum, kula kados punapa, lamun celak lawan ing ngarsa jeng ratu, kangjeng ratu nampel asta, lawan mesem ngandika ris.
  117. Nyanyengite iku ija, kang si lara tan ana anteng neki, margane kelamun ingsun, gelema kerep prapta, yen paduka mapan inggih sinten purun, sa karsa-karsa pan dadya, mesem kangjeng Senapati.
  118. Jeng Ratu anulya musna, saking pangkon jentung sang Senapati, henengena gentya winuwus, sultan Pajang pan lagya, siniwaka munggeng ing teterub agung, pepak kang pra dipatya, jeng sultan ataya aris.
  119. Paran ta Moncanegara, ing wertane iya si Senapati, apa sida ngangkat pupuh, apa teluk kewala, sang dipatya Moncanegara turipun, pun Senapati Mentaram, mapan inggih werti neki.
  120. Kedah rosa ngangkat aprang, nanging gusti datan purun miwiti, pan baris pendhem puniku, mapan sabala nira, Randhugunting pan wetawis wonten sewu, prajuritipun Mentaram, gusti langkung dene kedhik.
  121. Ngandika malih sang nata, yen mengkono eh iya Moncanegari, dadi wus tita satuhu, Senapati Mentaram, nora kena yen den arah becik iku, wus ta padha undagena, sagung kang para dipati.
  122. Padha konen magud yuda, tur sandika Raden Moncanegari, nulya aparentah sampun, tengaraning ngayuda, teteg kendhang gong beri swaranya umyung, mariyem ambal ambalan, wus tata kang pra dipati.
  123. Mengakana ingwang winarna, Senapati kang baris Randhugunting, lan sawadya ing Mentarum, kagyat nulya siyaga, wus miyarsa yen Sultan ngantepprang pupuh, sang Senapati ngandika, mring sagung wadya Mentawis.
  124. Eh sakehe sanak ingwang, poma poma aja obah sireki, lan sira adhi Tumenggung, Mayang anindhihana, aja kongsi obah poma kabeh iku, mapan ingsun ayun lunga, sadhela arep udani.
  125. Lan si paman Mondaraka, pan sandika samya atur ireki, sang Senapati pan sampunya, lawan Ki Mondaraka, nitih kuda cinamethi kuda mamprung, sakedhap prapta Cagurawa, mapan kangjeng Senapati.
  126. Manuwun dhateng Hyang Sukma, tan pantara jumegur kang wiyati, kang gunung munya gumledhuk, obah kang bumi pra kempa, sultan Lawu nulya angabani gupuh, sagung pra ratu samya, sedaya wus malih warni.
  127. Mapan amrih katingala, Sunan Lawu malih sela sa hardi, pan ana salumbung-lumbung, weradin sa mahesa, jim tumenggung agengnya sagenuk genuk, satan pantara kobekan, lepen ompak sakaleki.
  128. Jeng Ratu Kidul Winarna, neng ngawiyat niti malige rukmi, pan anglir surya tumurun, lan Ratu Nawang Retna, retuning jim wanodya pepak sedarum, mapan neng malige samya, jim alit wus kinen sami.
  129. Asurak mapan sedaya, dadya geter oter ingkang pratiwi, jeng sunan Lawu pan sampun, nata kang baris samya, sampun tata jeng sultan Pajang winuwus, mapan wus nitih dwipongga, wong Pajang pan kawur sami.
  130. Mengkana kang ponang sela, ingabanan nulya gumbira sami, samya minggah dharat sampun, nulya samya nerajang, pra dipati nempuh watu salumbung, tumenggeng pan sa mahesa, sa genuk kang para mantri.
  131. Jeng Sultan Pajang anulya, tinerajang marang sela sa hardi, sakelangkung gegripun, sagung wadya ing Pajang, apuyengan tan buh rewang tan buh musuh, sadaya mapan mengkana, wus nyana lamun tan urip.
  132. Kathah karenah ing jalma, ingkang samya wau ngupados urip, ana ingkang menek kayu, mapan saweneh ana, ngungsi arga mengkana ing ciptanipun, lah mara watu meneka, lawan amunggaha wukir.
  133. Kang saweneh mapan ana, ingkang niba lajeng pi api mati, saking sayahnya lumayu, sampun derah kewala, ingkang kathah samya ngungsi wingkingipun, sang Senapati Mentaram, kang menek kayu winarani.
  134. Pan ana lelembut Jawal, ingkang menek samya den purugi, lawan ngithik ithik iku, sedaya samya tiba, babak bunyak kathah kongsul balungipun, ingkang minggah dhateng ngarga, sedaya wus den cegati.
  135. Gendruwo lawan thek thekan, ilu ilu keblak lan banaspati, wewe wedhon bugang bahu, jrangkong lawan kang sirah, warna warna sampun baris luhur gunung, andher pan sampun kebekan, jalma kang samya angungsi.
  136. Mapan kathah minggah ngarga, sareng prapta lajeng kalenger sami, kamikekelen andulu, mulad rupa tan rupa, dhasar sayah wus pedhot ambekenipun, lajeng samya sinurakan, kalawan ingithik ithik.
  137. Kawarna Dipati Tuban, sampun kontal saking turangga neki, dhawah ngathang athang iku, kongsul kalih sukunya, mapan lajeng sendheyan galengan iku, sampun pasrah mring Hyang Widi.
  138. Kang sela ngdhep kewala, kangjeng Sultan wau ingkang winarani, binujung mring Sunan Lawu, dipongga langkung gila, dadya kontal sang nata pan sampun dhawah, lajeng tan saged lumapah, sendheyan kang wit waringin.
  139. Kang liman sampun lumanjar, Sunan lawu kendel pambujung neki, Dipati Monca andulu, lawan pangran Benawa, yen jeng Sultan wus dhawuh saking ngesthiku, lajeng samya abeg pejah, tedhah sing turongga kalih.
  140. Kangjeng Sultan sinungkeman, sang dipatya lawan sang Pangran Benawi, lan sanget penangisipun, rumiyin tur kawula, lah punika dhuh gusti temahanipun, ngandelaken sugih bala, magatruh tan ana kari. 

PUPUH IX
M E G A T R U H 

  1. Kawarnaha ingkang lagya kawelas ayun, aneng sangandhap waringin, Jeng sultan Pajang puniku, tan ingadhep bala siji, wus sawarnaning wong.
  2. Nanging kanthun Dipati Monca kang tunggu, lawan jeng Pangran Dipati, Benawa nyungkemi suku, lawan asru dennya nangis, sang nata ngandika alon.
  3. Lah ta uwis Jebeng menenga nak ingsun, mapan wus kersaning Widi, nanging ta kakangireku, bisaha temu lan mami, kangen temen kulup ingong.
  4. Henengena ingkang lagya kawelas ayun, kawarna jeng Senapati, saking tebih wus tan pandung, kelamun kang rama yekti, neng waringin ruboh katong.
  5. Sampun tedhak saking turangganipun, lawan Ki Mondaraka, kang kuda samya tinuntun, wangsul mring Prambanan malih, lenggah aneng Candi Sewu.
  6. Senapati alon angandika arum, paman sampeyan timbali, prajurit sedayanipun, kang samya neng Randhugunting, Ki Mondaraka nulya ku.
  7. Nitih kuda cecongklangan lampahipun, datan pantara wusprapti, ing Radhugunting puniku, ki Tumenggung den dhawahi, ngandikan sira den gupoh.
  8. Lawan kabeh sakancanira puniku, sandika nulya lumaris, Ki Mondaraka tan kantun, datan pantara wus prapti, ngarsa sang Senapatya ku.
  9. Andher ngarsa sang Senapati nebda rum, mring Kyai Mondaraki, paman punika sedarum, prajurit sampeyan irid, sohan mring kangjeng sang katong.
  10. Lan kawula aturi turongga telu, sumongga karsa sang aji, kawula lamun dinangu, yun sohan pan meksih ajrih, mapan sampeyan kimawon.
  11. Andherekena paman lajeng konduripun, nanging Tumenggung Mayang iki, paman kajengipun kantun, wonten kang tut wingking mami, bilih dinagu sang katong.
  12. Pan kawula mapan sampun lajeng mantuk, inggih dhumateng Mentawis, lan malih sampeyan kukup, bilih wonten tiyang kari, kang boten saged lumaku.
  13. Sampun paman lajeng sesalaman iku, kur ungkuran lampah neki, kang dherek Senapatya ku, panamung Mayang Dipati, kondurira mring Mentarum.
  14. Kyai Mondaraka pan sampun lumaku, tiyang sewu ingkang ngiring, kalawan sumektanipun, mapan dharat lampah neki, kang kuda sami tinuntun.
  15. Sampun prapta lampahe waringin rubuh, Jeng Sultan kagyat ningali, lamun Mondaraka rawuh, pan lajeng ingawe nuli, wus cunduk lawan sang katong.
  16. Mondaraka mapan ta lajeng rinangkul, dhumateng sri narapati, lan kumembeng wespanipun, adangu nata tan angling, Ki Mondaraka mangkono.
  17. Mapan sanget nangis ngantos sengruk sengruk, Dipati Monca pan sami, lan Pangran Benawaku, mapan iya samya nangis, lir angimpi ing tyasipun.
  18. Ri sampunnya sang nata atanya arum, marang Ki Mondaraka, ana ngendi putra ngulun, Ki Senapati Mentawis, Ki Mondaraka turnya lon.
  19. Sampun wangsul manthuk dhateng Mentarum, yen sohan sanget dennya jrih, sang nata ngandika arum, sun iki kangen kepati, iya marang putraningong.
  20. Kyai Mondaraka aris aturipun, kawula kinengken abdi, pun Senapati Mentarum, angaturi kuda katri, sumongga karsa sang katong.
  21. Pan punika tiyang Mentawis sedarum, ngaturken dherek dewaji, kawula pangiridipun, sang nata ngandika aris, ya kakang tarima ingong.
  22. Nanging ingsun yun mampir Tembayat ngujung, wus payo mangkat tumuli, sira aja doh lan ingsun, si Monca Benawa iki, dadya pangirid ngayun.
  23. Nulya mangkat Tembayat pan sampun rawuh, nulya minggah sri bupati, marang pasareyan iku, nanging wus karsa hyang Widi, kori tan kenging sinorog.
  24. Sampun tedhak sang nata pan lajeng kondur, nulya prapta Pajang nuli, geger kelangkung, tinarka yen Senapati, ayun anjarah kadhaton.
  25. Sri Nalendra pan lajeng manjing kedhatun, Ki Mondaraka tan keri, lawan Dipati Monca ku, Pangran Benawa tiganing, Ki Mondaraka turnya lon.
  26. Nuhun pamit mantuk dhateng Mentarum, sang nata wus angilani, nanging kakang wekas ingsun, putra ulun Senapati, nuli praptaha ta mengko.
  27. Saking dene banget temen kangeningsun, nulya tur salam tumuli, lawan dipatya Monca ku, tenapi Pangran Benawi, pan gentya rangkul rinagkul.
  28. Ri sawusnya ki Mondaraka gya mundur, saking ngarsanya sang aji, prapta jawi mangkat sampun, wong Mentaran sewu ngiring, ing marga datan cinatur.
  29. Sampun prapta Ki Mondaraka Mentaram, wus panggih sang Senapati, winartakaken pan sampun, ing sawelingnya sang aji, tenapi lan niskareku.
  30. Denya ngukup sakathahe wong kang lumpuh, Senapati anebda ris, gih paman aso rumuhun, suwawi paman ing benjing, sohan dhumateng sang katong.
  31. Sekelangkung wong Mentaram ing tyasipun, mapan samya alit wukir, henengena ing Mentarum, ing Pajang ingkang winarni, rerep sagung ponang wong.
  32. Datan lama sang nata ingkang winuwus, lajeng nandhang gerah aji, lan dipati Monca iku, mapan iya nandhang sakit, pan wus karsaning Hyang Sukma.
  33. Langkung sanget denya gerah sang aprabu, tan arsa dhahar lan guling, nging kang putra ing Mentarum, kang tansah dinangu iki, mengkana utusan sampun.
  34. Kangjeng ratu lawan mawi surat iku, gegancangan lampah neki, sampun prapta ing Mentarum, wus katur mring Senapati, langkung tyasira sang anom.
  35. Ingkang paman tinimbalan sampun rawuh, mapan lajeng sinung uning, Ki Mondaraka kelangkung, tysira kuwatir neki, kang putra ngaturan sampun.
  36. Sohan dhateng Pajang sang Senapati ku, nulya ngrasuk busana glis, sampun nitih kudanipun, ki Mondaraka tan kari, sasanderan lampahipun.
  37. Wong Mentaram miyarsa saklangkung gugup, pra samya anusul gusti, kekecer lampahipun, datan winarna ing margi, Pajang mapan sampun rawuh.
  38. Pan wus pepak Pajang dipatya gung agung, mapan maka jangan sami, sedaya neng ngalun alun, Sunan Kudus sampun prapti, lan kang prawira sedarum.
  39. Senapatya Mentaram pan sampun rawuh, Pangran Benawa anuli, kang raka ngaturan laju, melebet kedhaton nuli, wus cundhuk lawan sanga katong.
  40. Sri Nalendra pan sampun ngaturan weruh, punika putranta prapti, sang Senapati Mentarum, nulya wungu sri bupati, kang putra lajeng rinangkul.
  41. Mapan samya karuna kangjeng sang prabu, sinundhang mring Senapati, pan samya karunanipun, dadya wong sedalem puri, tumut karuna sedarum.
  42. Sawusira sang nata ngandika arum, eh ya Jebeng Senapati, estokena wekas ingsun, lamun prapta jangji mami, gawanen marang Mentarum.
  43. Tunggalena kelawan si kakang ingsun, lan titip arinireki, si Benawa iku kulup, bocah bodhone kapati, Senapati tan umatur.
  44. Saking sanget lir rinemet kang jejantung, mengkana sang Senapati, kathah kerahos tyasipun, ri wus telas waling neki, sang natya pan lajeng surud.
  45. Tan selaya lan Dipati Moncaku, pan sareng sadina iki, wong Pajang kelangkung kuwur, wurohan swaraning tangis, mengkana jeng sunan kudus.
  46. Kang kinarsakken jemeng puniku, aneng ing Pajang nagari, dhumateng sunan kudus, Senapati Demak puniku, mupakat prapta dipatiku.
  47. Senapati Mentarum pan tan tinantun, langkung runtik ing tyas neki, Ki Mondaraka nebdaku, Jebeng aja salah kardi, mapan dudu gawe iku.
  48. Lawan arinira durung jaluk tulung, angur payo padha mulih, dherek layoning sang Prabu, lawan layone si adhi, Senapati sampun nurut.
  49. Nulya budhal sang Senapati Mentarum, dhereken layon nerpati, lawan Dipati Monceku, binekta dhateng Mentawis, tan winarna sampun rawuh.
  50. Mapan lajeng sinarekken jeng sang prabu, tunggil ki ageng Mentawis, lawan dipati Monceku, inggih samya neng Mentawis, henengena Pajang winuwus.
  51. Kangjeng pangran Benawa ing karsanipun, jeng sunan Kudus puniki, pinaring ing Jipang iku, mapan yun suwala ajrih, lajeng kinen mangkat gupuh.
  52. Pra dipatya sedaya ingkang tinuduh, andherekken lampah neki, mring Jipang Pangran puniku, datan winarna ing margi, Jipang mapan sampun rawuh.
  53. Nulya pamit sedaya pan sami mantuk, jeng pangran sampun nglilani, ing Pajang ingkang winuwus, dipati ing Demak iki, wus tetep jumeneng katong.
  54. Sultan Pajang nenggih jejulukipun, sunan Kudus kondur nuli, henengena sadina dinanipun, kangjeng pangran kang winarni, langkung wirang ing tyas mangko.
  55. Supe nendra lan dhahar wirang kelangkung, sanget nenuhun Hyang Widi, sakelangkung kawlas ayun, mapan nora bukti bukti, yen tan ana kleyang runtoh.
  56. Kang salira risak kang cahya anglayung, mengkana ing lami lami, wonten wangsiting Hyang Agung, eh Benawa sira iki, yen uyun amadeg katong.
  57. Anjaluka tulung marang ing Mentarum, tan ana yogane maning, kang dadi serananipun, liyane sang Senapati, nging iku karsa Hyang Manon.
  58. Nulya kagyat Pangran Benawa puniku, mapan lajeng karya tulis, sampun putusan iku, tur surat dhateng Mentawis, gegancangan kang ingutus.
  59. Nulya katur kang surat winaca sampun, mengkana ungeling tulis, yen kawula nyuwun tulung, dhateng kangmas Senapati, wus katur sasolahipun.
  60. Kangjeng Senapati esmu arawat luh, emut kang weling suwargi, ingkang surat lajeng sinung, mring Kyai Mondarakaki, sang Senapati nebda lon.
  61. Kados pundi mapan ing prayoginipun, Ki Mondaraka nebda ris, iku Jebeng becikipun, ari nira iku ugi, praptaha dhingin Mentarum.
  62. Nulya katur Jebeng yen sira tan methuk, ngong duga banget kuwatir, sang Senapati nulyaku, kang surat dipun angsuli, kang duta wus kinen mantuk.
  63. Sampun lengser sing ngarsa Senapatyeku, gegancengan lampah neki, ing marga datan cinatur, prapta ing Jipang negari, kang surat pan lajeng katur.
  64. Kangjeng pangran sapraptane suratipun, kang raka sang Senapati, langkung tyas asrep kelangkung, winahos sinukmeng galih, dadya padhang tyas sang anom.
  65. Nulya karya surat malih nuhun pethuk, ing desa Weru puniki, lan prajangji dintenipun, kang dinuta mangkat nuli, gegencangan lampahira.
  66. Sampun prapta Mentaram surat wus katur, dhateng kangjeng Senapati, winahos kaduga sampun, nulya den angsuli tulis, duta pan wus kinen wangsul.
  67. Tan winarna marga Jipang prapta sampun, kang surat tur tumuli, kangjeng pangran nulya gupuh, wong Jipang kinon ngundhangi, sahanane dandan sampun.
  68. Jalu estri wong Jipang boyong sedarum, inggih dhumateng Mentawis, kang tresna labuh satuhu, dhateng jeng Pangran Benawi, wus mangkat anulya bodhol.
  69. Langkung rendhet samarga ing lampahipun, tan pegat ngatiati, jeng Senapati winuwus, prapta ing semaya neki, wus budhal ing Mentarum.
  70. Kyai Mondaraka mapan datan kantun, lawan mantri kawan desi, ing marga datan winuwus, lampahe Sang Senapati, ing desa Weru wus rawuh.
  71. Mapan ngantos mesanggrahan kalih dalu, ingkang rayi dereng prati, saking remben lampahipun, sabab kathah tiyang estri, ing Jipang sedaya bodhol.
  72. Pejah gesang jeng pangran tan sedaya wangsul, inggih dhateng jipang malih, wus sedya ngungsi Mentarum, mengkana ing lampah neki, ing desa weru wus rawuh.
  73. Lajeng cundhuk jeng Pangran Jipang puniku, lawan kangjeng Senapati, rinangkul nyungkemi suku, kalawan asru anangis, sang Senapati duk anon.
  74. Mring kang rayi sarira risak kelangkung, dadya kumembeng wespeki, sang Senapati Mentarum, tenapi Mondarakeki, samya emut mring sang katong.
  75. Sesampunnya lejar kang tyas katigeku, lajeng budhal mring Mentawis, tan kuwarna sampun rawuh, nenggih negari Mentawis, ingkang rayi pan wus sinung.
  76. Pesanggrahan lawan wong Jipang sedarum, weradin pinaring panti, wus kadya wisma satuhu, dadya tan patya tyas neki, kang rayi wus kenen ase.
  77. Lawan boja krama wradin sedarum, tan kirang wong Jipang sami, wus aso antaranipun, mengkana sang Senapati, kangrayi ngandika mangko.
  78. Atenapi kang paman Mondaraka wus, samya malebeng ing puri, lawan Senapati cundhuk, ngandika sang Senapati, mring Pangran Jipang alon.
  79. Paran yayi ing mengko si rareningsun, kang dadi karsa nireki, prekara ing Pajang iku, apa rinebut ngajurit, apa sinembut reningong.
  80. Kangjeng Pangran ing Jipang aris umatur, kawula sumongga yekti, agal lembat dherek tuhu, Ki Mondaraka nebda ris, Jebeng lamun mungguh ingong.
  81. Becik sira aweha layang rumuhun, yen kena jinaluk aris, dadi nora ina iku, ewuh apa Senapati, gampang yen tan aweh mengko.
  82. Sakarsanya Jebeng pan ingsun jumurung, mengkana sang Senapati, nulya karya surat sampun, utusan mring Pajang nuli, gya mangkat ingakang ingutus.
  83. Tan winarna marga Pajang prapta sampun, Sultan Pajang gya siniwi, surat Senapati rawuh, nulya ngaturken tumuli, tinampanan sinukmeng kalbu.
  84. Pan mengkana tembungnya kang surat iku, adhi ing Panjang sireki, becik sira muliha riningsun, iya mring ing Demak maning, ing Pajang iku reningong.
  85. Mapan meksih adhi kang duwe satuhu, sareng sampun mahos tulis, jeng Sultan Pajang gumuyu, ya talah kang Senapati, dene lir nundhung segawon.
  86. Lajeng karya surat amangsuli sampun, tan winarna marga prapti, surat mring Senapatya wus, winahos sinukneng galih, mengkana kang surat iku.
  87. Kakang Senapati paduka pan asung, surat sampun prapta yekti, nanging kakang puniku, kula tan dadi pribadi, Sunan Kudus karya mring ngong.
  88. Kalih kakang Senapati ing Mentarum, paduka pan sampun lami, tan sohan mring Pajang iku, punapa tan mirsa warti, yen jawi pajang keraton.
  89. 89.        Dene mawi paduka atembung laku, anedha pajang negari, arsa dadi bener tuhu, andum waris tanah jawi, kula dereng ulap anon.
  90. Ing segendhing andika kawula purun, kadhatengan andhatengi, benjing punapa puniku, kepanggih ing pundi, semados dinten kemawon.
  91. Napa dumeh duk sultan tedhak rumuhun, kawon andika gelari, kang sela minggah sedarum, tata baris bujung jalmi, sulap nging tan giris ingong. 

PUPUH X
G  I  R   I  S  A 

  1. Sang Senapati ngadek duka, tupiksa surat ira, lamun uniya mengkana, mesem sarya ngandika.
  2. Mring kang paman Mondaraka, tenapi lawan arinya, jeng Pangran Jipang punika, eh ta paman Mondaraka.
  3. Tenapi lawan dhi sira, padha den angatya atya, lawan den prayitneng baya, si Pajang kudu prakosa.
  4. Ngajak aprang bondhawala, kados pundi kang prayoga, kalawan ta adhi sira, ki Mondaraka manebda.
  5. Eh ya Jebeng yen sembada, wong Mentaram sa ananya, kelawan wong Jipang ika, payo nuli mangkat yuda.
  6. Mumpung pajang meksih sepya, mesem kangjeng Senapatya, lawan aris angandika, punika prajurit nistha.
  7. Paman ing kajeng kawula, ngentosi sa pepak ira, kang bala Pajang sedaya, Ki Mondaraka ngandika.
  8. Jebeng ya luwih utama, pan ingsun melu kewala, wus apa sa karsanira, nulya kangjeng Senapatya.
  9. Sampun akarya nuwala, pan sinungaken kang duta, datan winarna ing marga, Pajang mapan sampin prapta.
  10. Wus katur ponang nuwaka, winaca sinukmeng nala, mring sultan pajang punika, tembung ingkang raka kara.
  11. Eh adhi pajang ta sira, yen wus mengkono karsanya, pepakena rerehan nira, kabeh ja na keri padha.
  12. Pan ingsun atenapi sira, lan poma den sumekta, yen wis kabeh padha prapta, nuli weha weruh sira.
  13. Anuli pasthi sun prapta, payo padha bondayuda, aja na ngoncati ngrana, den padha sura merata.
  14. Sultan pajang sawusnya, tupiksa ponang nuwala, sang Senapati Ngalaga, langkung suka ing tyas ira.
  15. Nulya aris ngandika, wus duta sira baliya, layang iki paring ena, marang Senapati Ngalaga.
  16. Wus lengser saking ing ngarsa, tan winarna marga prapta, gya katur ponang nuwala, winaca sinukmeng driya.
  17. Ri sawusnya tinupiksa, mesem kangjeng Senapatya, nulya aris angandika, mring kang paman Mondaraka.
  18. Lan kang rayi Jipang ika, lah padha dipun semekta, samangsane layang prapta, ingsun nuli brongtayuda.
  19. Kang rayi matur sandika, tenapi ki Mondaraka, henengena Mentaram ika, ing Pajang ingkang winarna.
  20. Mepak sagung pra Dipatya, kang kareh Pajang sedaya, lawan sa gegaman nira, wus prapta sa gegaman nira.
  21. Sang nata Pajang anulya, karya panggungan wus dadya, prenahe sajroning pura, badhe kinarya tupiksa.
  22. Perange sang Senapatya, yen benjang kelamun prapta, saking tebih mapan nglela, kawarna kang pra dipatya.
  23. Wus prapta Pajang sedaya, lawan saprajurit ira, neng alun alun barisnya, tan petung kathaning jalma.
  24. Beleber mring lurung samya, sang nata Pajang anulya, kintun surat nantang yuda, dhumateng sang Senapatya.
  25. Ri sawusnya tinupiksa, mesem kangjeng Senapatya, nulya aris angandika, mring kang paman Mondaraka.
  26. Tenapi mring arinira, pangeran Jipang punika, apa wus padha sumekta, yayi prajurit sadaya.
  27. Jeng Pangeran aturira, inggih wonten sawontennya, nulya kangjeng Senapatya, parentah kinen tengara.
  28. Sumahab kang wadya kuswa, lir tumurun saking arga, kang busana warna warna, kalih ewu kang wetara.
  29. Prajurit Jipang sedaya, Mentaram sewu punika, dadya tri ewu sedaya, nulya budhal Senapatya.
  30. Tata gelar dheder samya, wong Jipang Mentaram ika, nging wong pathi wus uninga, dadya akendel kewala.
  31. Mengkana jeng sang Pragola, Pathi nulya nandher sigra, panggih lan Mayang dipatya, wus lajeng ngirid tumulya.
  32. Cundhuk lan sang Senapatya, tumulya angaras pada, rinangkul ri sang Pragola, dhateng Kangjeng Senapatya.
  33. Kurang thithik yayi sira, kasmaran aneng marga, sawusnya samya pranata, pan lejeng gumujeng suka.
  34. Sang Senapatya atanya, sira gawa bala pira, matur sang dipati Pragola, sewu tan kathah langkungnya.
  35. Wus payo sira dhingina, wong Pathi dadya pangarsa, tinengeran budhal ira, datan winarna ing marga.
  36. Wus prapta jawining prapta, sang Senapatya anulya, mesanggrahan karsanira, mapan sarwa nata bala.
  37. Karya tarub gung wus dadya, pan lajeng sang Senapatya, kasukan sadina dina, lan sagung kang wadya kuswa.
  38. Mengkana Pajang winarna, jeng sultan mapan uninga, yen Senapati sabala, prapta mesanggrahan samya.
  39. Aneng sawijing kitha, jeng sultan miyos sineba, pepak sagunging dipatya, jeng sultan aris ngandika.
  40. Eh sakehing sanak ingwang, ing mengko apa kang karsa, mungsuriha pan wus prapta, ana sajabaning kutha.
  41. Apa nora rinebasa, ature kang pra dipatya, yen pareng karsa nalendra, prayogi ngantos kewala.
  42. Nging Mentaram prajuritnya, ingkang satuhu punika, kang kenging ingaben yuda, mengkana ta ngandika.
  43. Yen wus mengkono rembugnya, nging den padha ngatya atya, sedaya matur sandika, gya nata luwar sineba.
  44. Kawarna sang Senapatya, sandina dina drawina, lan kang rayi katiganya, tenapi kang kulawarga.
  45. Kang paman ki Mondaraka, ingaturan sampun prapta, sang Senapati ngandika, sampun punapa kang karsa.
  46. Tan wonten kawushaneya, yen samya kendel kewala, nebda Kyai Mondaraka, sun Jebeng mapan sumongga.
  47. Dipati Mayang mengkana, mapan sumongga kewala, namung sang Pathi Pragola, aturnya dhateng sang nata.
  48. Yen merengi ingkang karsa, pan lajeng pareng kewala, amrih kiwul ing ngayuda, kawula sang dados dhadha.
  49. Pangeran jipang punika, dados sapengawat kanan, keringnya pun kakang Mayang, lan ngirid wadya Mentaram.
  50. Paduka lenggah kewala, lan pun paman Mondaraka, mesem kangjeng Senapatya, wus adhi ya sun tarima.
  51. Nanging ta pangarsa ningwang, senadyan asor unggula, karya rusak balanira, sarehne karoban sira.
  52. Pan nora tikel sadasa, dadya kang rayi sumongga, ing karsa sang Senapatya, kang raka nulya ngandika.
  53. Wus adhi padha kariya, lawan paman Mondaraka, tutugna asuka suka, lan sa wadya bala nira.
  54. Pan ingsun lunga sadhela, sedaya matur sandika, nulya kangjeng Senapatya, anitih Puspakencana.
  55. Sinabet nader tumulya, siji nora gawa bala, wus prapta ingkang sinedya, lajeng kangjeng Senapatya.
  56. Ningali wadya ing Pajang, kathah ira tan petungan, neng ngalun alun barisnya, mengkana sang Senapatya.
  57. Nenuhun marang Hyang Sukma, nungkemi kekepuh ira, mengkana kang pangandika, he Allah Pangeran nulya.
  58. Mugi tuwan tulunga, mring abdi kang ina papa, langip wus datan pakarya, nging tuwan ingkang kuwasa.
  59. Saking wor munajadira, Senapati lajeng nendra, aneng ing kekepuh nulya, pan sampun angraga sukma.
  60. Ki Mondaraka winarna, tinilar pesanggrahannya, nindhih ingkang para putra, gen nya kasukan lan bala.
  61. Tan sekeca manah ira, nulya aris angandika, lah Jebeng padha kariya, sun susule kakang ira.
  62. Tutugena suka suka, kakangira Senapatya, saguhe maju ing rana, dene suwe nora nona.
  63. Suwarane kang senjata, nulya Kyai Mondaraka, anitih turangganira, cecongklangan lampah ira.
  64. Prapta gen sang Senaptya, gemujeng Ki Mondaraka, iki silih basak ena.
  65. Dene teka eca nendra, den anti mangsa onaha, unine kang sanjata, iki silih basak ena.
  66. Ya ta ingkang kawarnaha, wong Pajang geger barisnya, wurohan ingkang swara, ingamuk mring Senapatya.
  67. Tunjang tinunjang pan samya, pangrasane wong sedaya, Senapati pangamuknya, mapan sarwi nitih kuda.
  68. Nulya Kyai Mondaraka, tumingal kang lumayu, alah iki ana apa, ngong coba ingsun atanya.
  69. Ki Mondaraka anulya, cecongklangan lampahira, tan pantara sampun panggya, lawan jalma kang lumalya.
  70. Cinegatan lampah ira, lawan aris angandika, anak mandhega sadhela, pan ingsun arep atanya.
  71. Iku anak ana apa, dene wong padha lumayu, kang tinanya sahur ira, Kyai sang Senaptya.
  72. Ngamuk aneng luhur kuda, ngidek ngiles kuda nira, lan datan pasah ing braja, tandang ira anglir yeksa.
  73. Dene ta sang Senapatya, mapan lawung agem ira, memateni marang jalma, pan anglir cecak kewala.
  74. Ki Mondaroka ngandika, anak sun tuturi sira, lah iki ki Senapatya, mapan iya lagya nendra.
  75. Ki Mondaraka anulya, tinunjang sarya lumayu, mengkana pangucapira, baya iki ta wong gila.
  76. Sang Senapatya ngalaga, ngamuk ngrusakake jalma, teka tinuturken nendra, baya wong rep amet karya.
  77. Ki Mondaraka mengkana, baya iki ta wong gila, tinuturan Senapatya, mapan nyata lagya nendra.
  78. Teka anunjang kewala, ingsun nganti emeh tiba, sarwa murugi kang putra, winugu sang Senapatya.
  79. Lah Jebeng sira wunguha, kuda nira wus palastra, kagyat kangjeng Senapatya, aniba Puspa kencana.
  80. Ngandika sang Senapatya, si paman asalah karya, lawan saturunku iya, aja na anganggo ika.
  81. Jaran lir puspa kencana, mapan madu wulunira, mengkana ki Mondaraka, aris denira ngandika.
  82. Paran benjang karsa nira, mungsuh nira geger samya, sang Senapati ngandika, paman sampeyan pundhutna.
  83. Kuda pun sengkali ika, putra sampeyan katiga, kalawan saprajuritnya, kang samya numpak turongga.
  84. Mapan den enggala prapta, kang dharat samya nusula, nulya Kyai Mondaraka, sesanderan lampah ira.
  85. Datan pantara wus prapta, kang samya nitih turongga, gangsal atus winetara, nulya kangjeng Senapatya.
  86. Anitihi Kyai singa, kadya sinabet mamprung sandernya, lan rayi katiganya, tenapi ki Mondaraka.
  87. Gangsal atus prajuritnya, samya sanderan sedaya, tan pantara nulya prapta, Pajang ngalun alunira.
  88. Wus bubar tan ana jalma, sultan Pajang kang winarna, ningali neng panggungira, mulad telas wedyanira.
  89. Lan Senapati wus prapta, kalawan sawadya nira, sang nata anulya niba, saking ing panggungan ika.
  90. Lajeng murugi kang garwa, mengkana kang pangandika, purun baya polah kula, dewa tan wande palastra.
  91. Raka paduka wus prapta, sang Senapati Ngalaga, kalawan sawadyanira, neng ngalun alun sedaya.
  92. Mesem sang retna ngandika, ujare sira kuwawa, mungsuh kangmas Senapatya, ing mengko mara tutugna.
  93. Kuwawaha kangjeng rama, mengrepa sang adipatya, sang retna melas ngandika, apa wus tobat sira.
  94. Kang raka matur sumongga, pejah gesang lun katura,dhumateng raka paduka, sang retna alon ngandika.
  95. Yen mengkono wus kariya, sun matur mring Senapatya, menawa ana kogelnya, iya marang ingsun uga.
  96. Anulya miyos sang retna, kawarnaha Senapatya, wadya ingkang dharat samya, pan sampun prapta sedaya.
  97. Sang Senapati Ngalaga, lenggah munggeng ing witana, ki Mondaraka neng ngarsa, lan Pangeran Jipang iku.
  98. Lawan sang pathi Pragola, tumenggung Mayang neng ngarsa, sang retna anulya prapta, anyungkemi pada karuna.
  99. Kagyat kangjeng Senapatya, lamun kang rayi karuna, nulya aris angandika, wus nimas mengena sira.
  100. Ana ngendi lakenira, sang retna aris aturnya, inggih kawula punika, kinengken abdi paduka.
  101. Anuhun kang pangapura, pejah gesangnya sumongga, mesem kangjeng Senapatya, wus ta mara timbalana.
  102. Sang retna lengser sing ngarsa, wangsul lumebeting pura, wus panggih lawan kang raka, nulya aris angandika.
  103. Wus mara sira sun bonda, tinimbalan Senapatya, sang tan lenggana, sakarsa dhateng sumangga.
  104. Tan pantara wus binonda, cindhe kembang kang kinarya, nulya medal sampun prapta, ing ngarsa sang Senapatya.
  105. Kagyat mulat Senapatya, yen kang rayi pinusara, nulya aris angandika, lah ta iku pa geneya.
  106. Si adhi nganggo pusara, sang retna aris aturnya, mapan kinarya prathonda, lamun sumongga ing karsa.
  107. Mesem kangjeng Senapatya, ya uwis ingsun tarima, si adhi wis uculana, nulya anungkemi pada.
  108. Pan asru dennya karuna, ri wusnya tata ngandika, eh ta adhi paran karsa, turira mapan sumongga.
  109. Senapatya angandika, iya adhi karsa ningwang, ing mengko sira muliha, tetapa Demak negara.
  110. Kelawan ya arenira, sun pundhut mulih akuna, aturnya inggih sandika, lah ta wus adhi muliha.
  111. Mring Demak saiki iya, donya nira usurena, lamun nora na kang gawa, wong Mentaram ngater.
  112. Aturnya inggih sandika, nulya lengser saking ngarsa, budhal mring demak sakala, wong Mentaram pan sedaya.
  113. Ngaterken lan ngusung donya, binekta mring Demak samya, tan pantara sampun prapta, henengena Pajang winarna.
  114. Sang Senapati Ngalaga, kang rayi ingangkat nuli, nenggih Pangeran Benawa, jumeneng Pajang Negara.
  115. Sultan Pajang jejuluknya, ingestren Ki Mondaraka, lawan Pathi sang Pragola, sang nata aris aturnya.
  116. Kangmas punapa kang karsa, pusaka Pajang sedaya, kawula mapan sumongga, sang Senapati ngandika.
  117. Ora adhi wis tetepa, sira ingkang duwenana, nging yen pareng kawan sira, Kendhali lawan Kapa.
  118. Iku wae kang sun tedha, jeng sultan mapan sumongga, mengakana sang Senapatya, aneng pajang pan wus lama.
  119. Awetara pitung dina, nulya pamit kondur nulya, jeng sultan kedah dherekna, nulya mangkat tan winarna.
  120. Marga Mentaram wus prapta, jeng sultan kondur tumulya, lawan dipati Pragola, tata tita pa wus lama.
  121. Putra nira pan wus lama, ingkang jalu pan tetiga, wus sinung nama sedaya, Pangran Jumilah bayunnya.
  122. Arinira Raden Rongga, kang ibu saking Prawata, anulya Pangran Purbaya, saking giring ibunya.
  123. Waruju pangran Dipatya, saking pathi ibu nira, mengkana pan wus lama, ing Pajang ingakang winarna.
  124. Langkung kartaning nagara, kangjeng sultan kawarnaha, gerah lajeng surudira, pan sampun karsaning Hyang Sukma.
  125. Mapan boten gadhah putra, wus katur mring Senapatya, mapan langkung ngungunnya, dadya ing Pajang negara.
  126. Tan wonten madeg nalendra, nglempak Mentaram sedaya, Madiyun ingkang winarna, pan sedya ambeg sarosa.
  127. Panembahan nama nira, bang wetan suyud sedaya, mengkana sang Senapatya, mapan wus miyarsa warta.
  128. Nulya nglurug Senapatya, lan kang rayi sang Pragola, nulya pinethuk ing yuda, Madiyun pan wus kaciwa.
  129. Putra nira estri juga, langkung endah ingkang warna, binoyong sampun kagarwa, dhateng kangjeng Senapatya.
  130. Datan lama sampun putra, jalu bagus ingkang warna, mapan pinaringan nama, sira Pangran Pringgalaya.
  131. Dadya sekawan putranya, Panembahan Senapatya, nanging kang jalu kewala, kang putri datan winarna.
  132. Semana ing Tanah Jawa, sakalangkung kartanira, tan ana kang dora cara, mengkana ing lama lama.
  133. Kangjeng risang Senapatya, Ngalaga karsa Hyang Sukma, gerah lajeng kondurira, dhumateng ngalam sampurna.
  134. Obah kang bumi prakempa, Ing Tanah Jawa sedaya, mapan ilang cahyanira, ing Mentaram kang winarna.
  135. Karsanya Ki Mondaraka, lan sang dipati Pragola, kang wayah Pangran Dipatya, ingkang kinarya nalendra.
  136. Semana ing Tanah Jawa, wus pulih kadya jenengnya, duk Senapati Ngalaga, Ki Mondaraka winarna.
  137. Wus kondur mring ngalam nulya, ingkang putra pan gumantya, ki Juru Kithing namanya, tan ewah kadya kang rama.
  138. Mengkana ing lama lama, juru taman kang winarna, sasedanya Senapatya, kang manah sampun kaduga.
  139. Kelamun angayonana, mring Senapati turunnya, kersanira, yun mantuka, lan wus mari bingung ira.
  140. Kebo kemili lar mong nga, tinantun samya selaya, kalih kedah dumugekna, ngawula mring ratu Jawa.
  141. Nging juru taman pribadya, kang manah kedah kaduga, anulya lumebet dhuata, sampun manjing dhatu laya.
  142. Karsanya mundhut pusaka, agemnya sang Senapatya, lisah Jayeng Katong rannya, semana mapan wus kena.
  143. Juru taman wus ngumbara, kangjeng sultan kagyat nulya, uninga kalebon dhusta, pinirsa lisah kang kena.
  144. Kangjeng sultan mapan kena, ngaturi dhateng kang raka, prapta Jeng Pangran Purbaya, jeng sultan aris ngandika.
  145. Kangmas katiwasan kula, lisah Jayeng Katong musna, cinidra mring duratmaka, sampun binekta ngumbara.
  146. Juru taman dugi kula, bramatya Pangran Purbaya, nulya pamit mring nalendra, arsa nusul mring kang dhusta.
  147. Linilan lajeng ngumbara, kangjeng Pangran Purbaya, juru taman wus kapanggya, inguwuh kinen mandhega.
  148. Wus kendel nulya tinaya, eh juru taman sira, anggawa lenga pusaka, juru taman sahurira.
  149. Mapan kawula tan priksa, sarya rongeh ulatira, mengkana osiking nala, sinedya ingsun apranga.
  150. Kalawan pangran Purbaya, yen padha siji kewala, iya mongsa sun ulapa, parandene ingsun yun lunga.
  151. Dangu dangu pan ketara, kang lisah aneng siyungnya, bramatya Pangran Purbaya, juru taman wus uninga.
  152. Dumadya samya purunnya, mapan wusa neng ngakasa, tan ana ingkang kuciwa, braja tan wonten tumama.
  153. Mengkana Pangran Purbaya, ing nala saya gembira, juru taman ing solahnya, pan wus kersaning Hyang Sukma.
  154. Juru taman apes ira, semana sampun binanda, kang lenga nanging tan ana, tinanya kumbi kewala.
  155. Jeng Pangran langkung bramatya, juru taman pinilara, dene alawan tan bisa, ingudharan gelung ira.
  156. Nanging meksa tan kepanggya, dinagu kumbi kewala, dadya cinangap cangkemnya, katemu neng siyung ira.
  157. Jeng Pangran saya bramatya, wus ketara cidranira, nulya pinothes siyungnya, netra cinubles kalihnya.
  158. Ing gunting ingkang kinarya, yen kenginga ing palastra, kaya sampun pejah ika, nanging juru taman iya.
  159. Nora suda manah ira, anulya ngucap mengkana, eh ya Pangran Purbaya, ing mengko iki ta iya.
  160. Ingsun tan bisa malesa, ing besuk kelamun ana, wong bule siwer netranya, karo iku den prayitno.
  161. Tan wurung winales sira, ngandika pangran Purbaya, iya ing besuk mengkoha, pan ingsun mongsa wediya.
  162. Mengkana Pangran Purbaya, wus kondur lisah binekta, nanging wisak wardhaira, lan kang rayi wus apanggya.
  163. Anulya anjawat asta, wus katur sasolah ira, jeng sultan sanget ngungunya, aris denira ngandika.
  164. Mring raka Pangran Purbaya, kangmas kang lisah punika, sampeyan agem priyangga, manah kula sampun gela.
  165. Dadya kang lisah mangkana, dadya wasiat Purbaya, mengkana kang cinarita, langkung arja Tanah Jawa.
  166. Dene pakarya negara, sampun bubuhan kewala, sepira kathahe ika, ing aprang Pangran Purbaya.
  167. Yen lembat pakewuh ika, pan iku kang duwe karya, Pangran Juminah punika, mila kreta Tanah Jawa.
  168. Mengkana ingkang winarna, kangjeng sultan wus prapta, anenggih pembajengira, nama Pangran Natapura.
  169. Ingkang rayi nama nira, Pangeran Rangsang punika, nulya arinya wanodya, Ratu Wandhan nama nira.
  170. Ri sawusnya lama lama, katiga sampun diwasa, nanging kang dadi carita, kangjeng Pangran Rangsang ika.
  171. Kelangkung brangta Hyang Sukma, tan ngetang kamulyan dennya, malah supe mring salira, kongsi anggeguru raos ika.
  172. Pan sampun karsaning Sukma, tan kenging winahonnana, kedah mengkana esthinya, kangjeng Pangran Rangsang ika.
  173. Tan ana wekasaneya, wong urip ana ing dunnya, yen manggunga olah raga, dadi lir pocung kewala. 

PUPUH XI
P  U  C  U  N  G 

  1. Pan mengkana ing tyas sang narpa sunu, marma nora ngetang, ing kawiryan donya iki, kang kaetang anging wekasing utama.
  2. Kang utama wong urip neng donyeku, anglarani raga, mrih aja katungkul neki, mring dumadi rehning kinarya Hyang Sukma.
  3. Marmanira kangjeng pangran lampahipun, pan ginantya gantya, terkadhang nurut pasisir, yen terkadhang jujur gunung manjing guwa.
  4. Lamun banjir angeli sang narpa sunu, yen Ramlan angluwat, langkung sudira atapi, kedhap kedhap wus katingal cahyanira.
  5. Wus ketara yen badhe tinitah luhung, aneng tanah Jawa, kangjeng Pangran Rangsang iki, bagus anom wani lara tega pejah.
  6. Surengrana setyaning tyas tingal terus, yekti kadang dewa, legawa lila donyane, wus pinasthi jalma luwih tanah Jawa.
  7. Kawarnaha kangjeng sultan ing Mentarum, pan sampun uninga karsanira kang siwi, dadya mupus ingkang tyas pan pira pira.
  8. Duk semana jeng pangran adreng tyasipun, nuhun pamit ika, mapan arsa minggah khaji, tan linilan nging jeng pangran kedah meksa.
  9. Dadya mupus jeng sultan tekdir Hyang Agung, mapan wus ngidenan, kangjeng pangran mangkat nuli, ingkang dherek nging ponakawan titiga.
  10. Apan sampun lir jinurung ing Hyang Agung, datan lama prapta, ing Mekah sang narpa siwi, dadya saya sudira ingkang ngatapa.
  11. Wus tan kewran tyas ira sang narpa sunu, mring sagung dumadya, ilhaming yang wus pinaring, neng werdaya sagung elok wus uninga.
  12. Langkung rena tyas ira neng Mekah iku, sanget mati raga, tan mantra putra narpati, mindha papa iman papat kinawulan.
  13. Sampun lama jeng pangran neng Mekah iku, sanget matiraga, tan arsa kondura mangke, Mesir Ngesam Bental Mukades jinajah.
  14. Naning Mendhadru wis langip lampahipun, nut lembak ing driya, tan mantra putraning aji, ing Setambul ing Ngerum sampun jinajah.
  15. Dadya kathah kangjeng pangran tilasipun, saben saben ngambah, ana tilas siji siji, gen manekung saking karem dating Sukma.
  16. Saben ana Seh terang maring ngelmu, samya ginuronan, dadya sangsaya tyas neki, tingalira dumeling kodrat kang mulya.
  17. Kangjeng pangran wus kapam neng Mekah iku, supe ing Mentaram, imam sekawan samya sih, wulangira pan sampun telas sedaya.
  18. Henengena kang angeng Mekah puniku, ya ta kang winarna, neng Mentaram jeng sang aji, karsanira mapan arsa karya praja.
  19. Madeganda binabatan mapan sampun, lagya kinenerapyak, kasaru gerah sang aji, langkung sanget mapan wus karsaning Sukma.
  20. Lajeng kondur dhumateng rahmat tolahu, pun dadya paraban, sinuhun Seda Krapyak, nulya kangjeng pangeran Juminah Ika.
  21. Lan kang rayi kangjeng pangran Purbayeku, lan ki Juru ika, wus rembaga ngangkat nerpati, kang den angkat nenggih Pangran Natapura.
  22. Datan lama sampun kersaning Hyang Agung, lajeng gerah manah, langkung sanget gerah neki, dadya susah wadya Mentaram sedaya.
  23. Nulya rembag sentana katiganipun, urusan mring Mekah, nimbali kang putra sami, Pangran Rangsang wus lama denya neng Mekah.
  24. Lawan atur atur dhumateng ing Ngerum, lan atur sedhekah, marang para iman sami, lawan nuhun idi mring jumeneng ira.
  25. Kang dinuta ki Tumenggung Singaranu, lawan bekta surat, kapal tiga den momoti, ingkang brana langkung kathah warna warna.
  26. Nulya mangkat ki Tumenggung Singaranu, wus mancal bahita, mapan nuju angsal angin, lampah ira nora lawas prapta Mekah.
  27. Samya kagyat wong Mekah sedyanipun, lamun ana duta, saking Tanah Jawa iki, beta brana atur atur karsanira.
  28. Ingkang surat wus katur mring saripipun, anulya winaca, punika kang salam taklim, kangjeng Pangran Jumilah lawan Pangeran.
  29. Pubaya katura mring sarip iku, lawan para iman, sekawan sampunnya mangko, wiyosipun kula ngaturi sidhekah.
  30. Lawan nuhun putra kawulantukipun, inggih Pangeran Rangsang, lan mugi tuwan ideni, tulusipun jemeneng Tanah Jawa.
  31. Sarip kalih lan iman sekawan iku, pan kagyat sedaya, ing kene tan ana iki, kang wong Jawa aran nganggo mengkana.
  32. Ana lare sawiji warnanya bagus, ngiring wong tetiga, nging mengko tan ana katon, barong ana warta dutanah Jawa.
  33. Ki Tumenggung Singaranu ris umatur, pan inggih punika, gusti kula wetawis, kula nuhun mugi tuwan timbalana.
  34. Sarip Mekah utusan ngupados sampun, dangu tan kepanggya, sabab nora tunggal jalmi, salaminya neng Mekah mapan mengkana.
  35. Nging yen salat kepanggih lan jalma agung, lamun sampun bakda, salat mapan sagineki, genya Ngujrat salaminya pan mengkana.
  36. Aneng ngardi lenggah sedheyan neng watu, ngantos lengok ika, kang sela ingadhep sami, ki katigan kalawan Kyai serang.
  37. Kyai Pamijah anenggih katiganipun, pan sekawan samya, wus tan ana ngetang dhiri, nging purbaning Allah katingal gumawang.
  38. Kawarnaha duta sira prapta sampun, lajeng asalaman, kangjeng pangran den dhawahi, yen ngandikan wus kerid pan sampun prapta.
  39. Neng ngarsane Sarip ing Mekah puniku, lan kang para iman, sampun asalaman sami, ki Tumenggung Singaranu wus tumingal.
  40. Mring gustinya yen risak saliranipun, ki tumenggung nulya, nungkemi pada anangis, angandika jeng pangran lah wusmenenga.
  41. Sarip Mekah lan para iman sedarum, langkung gawok ika, ningali marang tatane, kang wong Jawa sungkeme mring ratonira.
  42. Ri sawusnya matur Kyai Singaranu, yen jeng rama nata, kondur mring rahmat tolahi, jeng pangeran esmu kumembenging wespa.
  43. Gya pinupus yen urip wekasan lampus, nulya angandika, sireku prapta pa kardi, atur sembah gusti kawula dinuta.
  44. Inggih dhateng kangjeng wa dalem sedarum, lan jeng ibu tuwan, nimbali paduka mangke, Tanah Jawa tan wonten gusti ratunya.
  45. Jeng pangeran nulya angandika arum, kangmas Natapura, ki Singaranu tur neki, raka tuwan sanget dennya nandhang gerah.
  46. Wa paduka kalih samya aturipun, kalamun paduka, datan karsa kondur mangke, pan anedya nusul mariki sadaya.
  47. Kados telas abdi paduka sedarum, lan ibu paduka, siyang dalu lan sang dewi, ratu Pandhan tan kedel denya karuna.
  48. Tanah Jawi langkung peteng sorotipun, mengkana jeng pangran, tan kenging keguh tyas neki, saking dening prathisthaning kang wardaya.
  49. Sarip Mekah sareng mirsa aturipun, lan kang para iman, langkung welas ing tyas neki, ing susahe Negara ing Tanah Jawa.
  50. Nulya aris sang sarip nebdannipun, lan kang para iman, lah muliha putu mami, sedya nira sireku luru utama.
  51. Yen mengko iya iku tuturipun, ing salaku nira, putu kelamuntan mulih, awusana sireku nemu duraka.
  52. Dadya emeng kangjeng pangran ing tyasipun, pan sareng miharsa, sebdanya sedaya sami, dadya nerah jeng pangran marang kang murba.
  53. Nulya aris kangjeng pangran aturipun, marang sarip Mekah, lan kang para iman sami, pan sakarsa kawula sampun sumongga.
  54. Sarip kalih lan para iman sedarum, sareng kangjeng pangran, sampun nurut karsa neki, langkung suka putusan atur uninga.
  55. Dhateng ing Rum lawan nuhun idinipun, lawan tur aturnya, saking ing pratinggi Jawi, tan winarna ing marga Ngerum wus prapta.
  56. Serat ipun sarip lan iman sedarum, katur mring jeng sultan, langkung sokur mring Hyang Widi, wus ingidenan lawan kinen paring nama.
  57. Pinatuta kelawan ing dalil iku, ingsun wus pracaya, kalawan wus sun idini, wus muliha duta marang Mekaha sira.
  58. Nulya mundur gegancangan lampahipun, tan winarna neng marga, duta mekah sampun prapti, mapan nuju ing dina Jumu’ah ika.
  59. Sampun katur mring sarip myang iman iku, suratnya jeng sultan, ing Ngerum gya tinupeksi, langkung sokur sarip lawan para iman.
  60. Mapan nulya ingangkat jeng pangran iku, iman Sipangika, ingkang amaos kutbahi, kutbah baka pan iku ingkang kinarya.
  61. Lawan sampun nenggih sinungan jejuluk, Sultan Ngabdulrahman, Sayidin Panatagami, ing Mentaram ngaliman lawan ngaliman.
  62. Lawan sucian rahupan dahikan sampun, ngiden pra pandhita, Sayid Mahulana sami, para ukma ngulama lawan suhada.
  63. Nulya katur kang dunya kalih perahu, kinarya sidhekah, weradin wus bubar sami, kangjeng sultan mring dalem Sapingi iman.
  64. Langkung samya kang iman asih sedarum, dhateng kangjeng sultan, bagus anon wani sakit, tega pati wus nyata sakeh ngelmunya.
  65. Kangjeng iman Sapingi ngandika arum, wus putu muliha, sira marang tanah Jawi, nora beda ing kene lawan ing kana.
  66. Kana kene tan liya dhinireku, kang dadi warana, mapan wus tan ana maning, dene sira nyingkiri ingkang brahala.
  67. Pan ing Jawa iku gen brahala agung, nadya kene iya, nora beda iku kaki, sayektine brahala ugrering manah.
  68. Ingkang papat mapan iku drema pintu, yen sepi tyas ira, kabeh iku melu sepi, lamun rame kabeh iku mapan derma.
  69. Wus mung iku ugre sihing Hyang Agung, lawan maning ana, nging karya suratku ugi, lamun karya ing kubur putu miliha.
  70. Ingkang bumi wiwit hema aranipun, dene iku padha, arane katelu iki, bok menawa ana nugrahaning Sukma.
  71. Kangjeng Sultan mring sang iman Sapingi iku, aris atur ira, mugi kawula puniki, kinuwatna pinaring nugrahan sukma.
  72. Kangjeng iman Sapingi anebda arum, ingsak Allah uga, ing kene dongane sami, pan jumurung kabeh marang sira nyawa.
  73. Wus ta nuli amuliha putuningsun, Jawa welasana, kangjeng sultan anulya, mit, marang sarip atenapi para iman.
  74. Pan sedaya dongane samya jumurung, nulya kangjeng sultan, budhalan sawadya neki, tan winarana sampun nitih ingkang palwa.
  75. Angsal angin pan lestari lampahipun, tan winarna marga, wus prapta ing Tanah Jawi, kangjeng pangran Purbaya wus mirsa warta.
  76. Yen kang putra rawuh lan jumeneng sampun, langkung suka nira, mapan nulya menthuk nuli, lawan sagung putra sentana sedaya.
  77. Wus kapethuk mapan nulya mangkat sampun, tan winarna neng marga, ing Mentaram sampun prapti, mapan lajeng kodur marang kenya pura.
  78. Pepak sampun sedaya wonten kedhatun, pan anglir supena, sedaya ingkang tyas sami, sokur ing tyas sami, sokur ing tyas marang pangran pira pira.
  79. Sampun luwar kondur sowang sowang iku, mengkana winarna, kangjeng sultan pan wus lami, tata tita langkung karta Tanah Jawa.
  80. Ing Mentaram pan rame ngibadahipun, sirna dora cara, mengkana pan sampun lami, kangjeng sultan pan ngalih kedhaton ira.
  81. Pan bebadhe wona kapit lepen iku, winestanan karta, datan mawi den pageri, mapan nanging kenentha kentha kewala.
  82. Ingkang dadya telenging tyas kang sinuhun, nanging pasarehan, welinge iman Sapingi, duk semana gunung merak wus binabat.
  83. Para Nata myang Dipati agung agung, pan samya tuguran, sedaya ageng magiri, sultan Cerbon Sultan Banten tindhih ira.
  84. Sultan palembang ingkang binubuhan kayu, ingkang pasarehan, kangjeng wunglan kang kinardi, gennya mendhet saking negeri Palembang.
  85. Wus rinakit pagere lan gapuranipun, sami supit urang, tundha tiga kori neki, banon rawi saking bekung toyanira.
  86. Kang serasah batur sela cendhaniku, saking ing Mandura, kubur landhak sampun dadi, mapan ngiras jeng sultan kalamun ngluwat.
  87. Sampun dadya langkung asri yen dinulu, ingkang pathetan, cengkeh jawi naga sari, saking Ngambon cengkeh iku wijilira.
  88. Pelataran enceh kalih agung agung, mapan saking Mekah, lawan sang padasan kalih, toya jamjam enceh iku isenira.
  89. Kangjeng sultan sigra animbali sampun, Kyai Manglarmonga, kang kinen tengga puniki, Kyai Kebo Kemili meksih tinilar.
  90. Kantun tengga pasarehan ing Mentarum, kawarna jeng sultan, awis kondur dhateng puri, aneng bengkung punika panepenira.
  91. Ingkang tengga kedhaton anging pangulu, kekalih punika, katiga lawan serange, pamijahan kedah remen wesmeng ngarga.
  92. Tinurutan pinaringan bumi sewu, Carebon ginempal, tanah karang aran neki, tata tita langkung arja Tanah Jawa.
  93. Kangjeng Pangran Juminah pan yasa iku, mapan pasarehan, Girilaya aran neki, kangjeng Pangran Purbaya mapan wus yasa.
  94. Ing wot galih kangjeng sultan kang winuwus, mapan sampun krama, putra Batang ayu luwih, sampun lama mapan kalih putranira.
  95. Samya jalu ingkang sepuh mapan sampun, pinaringan nama, kangjeng Pangran Adipati, Pangran Alit kang weruju nama nira.
  96. Ratu Pandhan pan kinramakaken sampun, angsal Surabaya, Pangran Pekik ingkang nami, langkung atut denira apala krama.
  97. Henengena Mentaram gentya winuwus, Betawi kang winarna, anenggih ingkang duweni, nama nira nenggih Pangran Jakarta.
  98. Mapan dadya bandar langkung agengipun, nulyana nakoda, saking negari Welandi, langkung sugih Kapitan Temas namanya.
  99. Sampun tepang lan Pangeran Jakarteku, langkung ki nakoda, angsal ira mendhot galih, denyanira mapan ginelar sadaya.
  100. Ana ingkang kinarsakaken jumurung, mapan ki nakoda, nora gelem angregani, wus pracaya lan trena pangran Jakarta.
  101. Mapan nulya nuwun nebas siti sampun, dene sengadinya, karya wewadhah kemawon, ing dagangan tan wiyar nanging punika.
  102. Nging sawalulang kebo wiyaripun, kang jinanget ika, anging paten ingkang jangji, gansal leksa panebase ki nakoda.
  103. Dadya meliki ki nakoda panebasipun, pangran ing Jakarta, datan wani atur uning, mring Mentaram dinuga nora ngopoha.
  104. Mapan sampun tampan tinampan puniku, anulya kang walulang, jinanget kelangkung alit, ing ngubengken langkung wiyar dadenira.
  105. awetara kawan dasa cengkal iku, pangeran Jakarta, kelangkung kaduwung neki, ngajak balen nging nakoda datan arsa.
  106. Lama lama nulya binata puniku, wong Betawi samya ingakang abeberah iki, pan pinenging marang pangran near kena.
  107. Ki Nakoda langkung tan ngeman donyeku, wong Betawi samya, sih lutut mring nakodane, pan kuciwa nenggih pangeran Jakarta.
  108. Nulya rakit beteng lan mariyem sampun, pan sampun sumekta, nulya gurnadurnya prapti, langkung kathah kuwatir pangran Jakarta.
  109. Ingaranan kitha inten betengipun, kapir saya kathah, warna warna tiyang neki, dadya geseh wus tan sedya mundura.

@@@

BERSAMBUNG …. BABAD DIPANEGARA II

SULUK JAYALENGKARA


 PUPUH I
DHANDHANGGULA

  1. //Amestuti ruwiya utami / Suluk Jayalengkara pramiyan / prakawis ya rayasane / nistha madya tameku / kanang murweng gita sawitning/ Pangran Pekik ing sura / kaya duking dangu / sinawung jawindrasmara / sinancaya saarsa tinedhak sungging / dening Sang Drengge Sastra//
  2. //Kaping nembelas ri Soma manis / wulan Rabingulakir Je warsa / nuju Kulawu lambange / Sancaya ingkang windu / sinengkalan angkaning warsi  / pamuluking dahana / ngesthi jagat agung / pinurwa murtining kandha  / Prabu Santya Gnyana Sunya wirya nagri / ratu gung pinandhita//
  3. //Amenga wak nirada sutengsi / tumanggah karya ambeg apanggah / ngapus ing ngrat pungkasane / kapandhitanya putus / tuhu prabu anyakrawati / prakatha dipaning ngrat / ing ngrat kang pinulung / lulutaning lokatara / prabu luwih jejulukira Narpati / Bathara Santya Gnyana//
  4. //Yen amangun laga jayeng jurit / pan pratama ingering supaka / murba titih bebakune / agama sedya hayu / prabu jaya wijayeng jurit / kinasihan dening Yang / sudibya beg alus / kinajrihan ing sesame / sameng nata sakathahe kang sumiwi / samya jrih kumawula//
  5. //Kwulaning wadya den uningani / uninganira sangking sinuksma / sinukma salir kawane / bawaning ratu luhur / tan angendhak manahing bangkit / bangkit kang karya sura / surasa biyantu / anuntuni manah midha / anrepaken wadya ingkang manah tunggil / tunggal sapari-polah//
  6. //Kakasihe Kangjeng Sri Bupati / Maha Pandhita Sang Kala Sonya / tuhu patut  prawirane / sembada tengranipun / prabu anom wicakseng  luwih / garwanirayu endah / lir kumala murup / lir Supraba ayunira / tuhu endah warnanira sang suputri / pideksa pengadegnya//
  7. //Angripta Kumbacarana kadi / ing sakalire pradikanira / kang amadani kaya oleh / supana ayonipun / pan tegese angreka kadi / tulis pamolahira / kumba artenipun / kadi ukiran kencana / acerana lir warana yen kaeksi / lir wulan karahinan//
  8. //Angripta ika tegese kadi / antuke anyipta hayonira / anawenga saklangone / ingkang ngajeng anyelak ajrih / bekti dhateng priya / yen dereng arengu / pinten lamine kagarwa / mring sang nata tan kena pisah salatri / lan Dewi Wiladmara//
  9. //Adarbe putra tetiga estri / kalih jalu tur awicaksana / Jayalengkara kasihe / lampah yukti tan sinung / dene Kangjeng Sri Narapati / tan suka cinacada / langkung sih sang prabu / pan putra ginadhang nata / gentyanana ing rama sri narapati / aneng sunya wibawa//
  10. //Kaduk mindel semunya awingit / Kangjeng Rahadyan Jayalengkara / andhap lusrah andikane / bagus semunya luhur / ajatmika ambegan wingit / tansah karya la-ela / kang anem sang bagus / Dyan Subekti kekasihnya / angler kembar citrane rahadyan mantra / anglir sang maha dewa//
  11. //Awayah umur patbelas warsi / lagya remen angadu ing bala / kang ginulang-gulang tang nglen / ing sandi sastra putus / wiru tameng sudigbya luwih / pratameng baya gita / ngenaki  tyas wadu / angsung la-elaniredyang / samya brangta mintir atur burat wangi / sekar ruming kang seda//

PUPUH II
M  I  J  I  L 

  1. //Amangun kiswa tuna sawawi / pangaskartanya wong / Dewi Ragasmra luwih sedune / anglungita jro tur angenteni / ing ngrenah ing dasih / bisa anir wuyung//
  2. //Tan kuwasa amarnaa malih / pangaskartanya wong / mapan tunggal lan ibu warnane / ananging tan kang ibu meh tili / rah anenta meksih / taruna yu surub//
  3. //Eman tan panuku suka aji / ambengan wirangrong / denira prih driyanira Raden / Jayalengkara dhemit ing galih / Rahadyan Subekti / mirsa kedah tumut//
  4. //Dadya kewran Raden Jaya dening / ranten tumut marot / apa dene ramaji tan aweh / sun limpe de araning sun benjing / lah kaya pa yayi / temahe tumutur//
  5. //Ingsun uga sung wingit busari / dadya mrih mak gallon / anawun tyas amrih atunggule / tigang candra geng mendra mong resmi/ ana wong ajawi / wayang wong kaburu//
  6. //Sanamun-samun tan kena lali / ing panduganing nyong / sampun lipuh kang rayi rahaden / sangking wagete anawun kapti / denya mrih sukaning / yayah lawan ibu//
  7. //Langkung lembahe raden meh silip / kawarna sang katong / arsa miyos rinangkul padane / dening garwa lan sang raja putri / myang Raden Subekti / katiga ya muhun//
  8. //Sotya balut sayembuh kang manis / angres tyase katong / amlas arsa kang garwa ature / kakang aji kadi paran benjing / solah patik haji / yen ki putra nglangut//
  9. //Tansah ketang ngen-angening ati / sinten yogya katong / yen suruda paduka ing tembe / raden putri-putra samya nangis / nangis pyuh tyasnya nerpati / jinejel ing atur//
  10. //Pukulun yen tulus kaki mantra / atilar kedhaton / kadospundi patik sang arajeng / suka pejaha ing Wanagiri / raden putri anjrit / kawula bu tumut//
  11. //Kewran tyase sang sri narapati / jaja lir tinonyog / mulat ing putra sanget  tangise / kumembeng waspanira tyas rujit / nanging tyas tan lali / dhateng ing Hyang Agung//
  12. //Sang nata ngling Allah sira yayi / dening tresnaning ngong / nanging yayi tan ana wandene / kaki putra atilar nagari / nging panduga mami / tyase during lipur//
  13. //Angur yayi kesahe ki mantra / leheng ta rinojong / sinung mantri kang milu lampahe / kang ngawruhi lara patineki / sanggone ki mantra / iku sunga weruh//
  14. //Yen lunga les kaki putra benjing / agung marmaningong / tur ta sapa wruha ing parane / menet yayi dilalah na ugi / so kana amantri / kang  wruh paranipun//
  15. //Iya yayi tresnaning mring siwi / pasrahna Yang Manon / lah ta yayi kawruhana rehe / ing tumuwuh suka duka pati / pan sangking Yang Widi / tan kena winangsul//
  16. //Sapa nulak karsane Yang Widi / yen wus pesthining wong / supa ngrusak yen suksma sih mule / sapa sanggup rumeksa ing pesthi / yen Hyang Suksma amrih / rusake wong iku//
  17. //Iku yayi sira ywa kasilip / ujar wus mengkono / titahing Yang sira aywa  kaget / parandene yen Hyang Suksma asih / pinanggihken malih / kaki putra wangsul//
  18. //Lawan kesahe putra yayi / datan watak awon / dudulange iku ta solahe / kaya amrih kasenten sun liri / prameswari anjrit / miwah Raden Galuh//
  19. //Maturira ta tan pegat nangis / sebda pegat-pegot / dhuh sang aji swawi sami dherek / karsanipun ki mantra mring pundi / sampun wonten dasih / ingkang atut pungkur//
  20. //Melar malar meranga ing margi / lungane Ki Ino / bilih agunga ina ing tyase / wagu gening tyas sri narapati / myang aturing sari / ngandika sang prabu//
  21. //Wijiling sabda asepet gendhis / kendela riningong / ingsun arsa sinewaka angger / tigang candra ingsun tan tinangkil / lah paliwara glis / priksanen wadyengsun//
  22. //Kang anangkil dyan paliwara glis / lampahira alon / sakpraptane ing jawi / lampahe tinon pesat sagunging kang nangkil / tan owah ing linggih / ing saprehipun//
  23. //Wangsul ing Sri Manganti ningali / namur lampahnya wong / datan kadi ingutus polahe / anamun tingal amitambuhi  / bilih wonten uning / dyan prapta umatur//
  24. //Sang aprabu dyan kampuhanapti / busana kang katon / denya rujit ing galih sang aji / akampuhira sumisir silir / sampun kaping kalih / kampuh kang rinasuk//
  25. //Harja paningset pita sinamir / lancingan bebukten / mirip lan Hyang Asmara baguse / dhuwung kaprabotan pasesumping / makutha di mukti / cihnaning piturun//
  26. //Akarya la-alaning kang ati / prabanya sumarot / pan wus tedhak sang nata miyose / plara-lara neng wingking sang aji / sawijiling kari / upacara dulur//
  27. //Sumrek lampah ingarsa narpati / pacara tan kledhok / prang wedani asri pawohane / puh jenggi gandhek kacuja rukmi / kidang sawunggaling / ardawalika gung//
  28. //Horeg kabeh wadya kang anangkil / sawiyosing katong / ajrih lamun yen nyama pengangge / yen ana kang nyama kampuh aji / winangsulken aglis / wong tan wrin ing angkuh//
  29. //Wus mliringa mring kancanereki / wong tan wring ing kewoh / anyenyampat wekaning sang rajeng / wus tinundhung medal sekala glis / dadya samya uning / niti krameng prabu//
  30. //Lan sang nata tedhak ing sitinggil / sumrek wadya tumon / para mantri tilar ing lantene / sampun lenggah kangjeng sri bupati / ing dhedhampar rukmi / cahyane umancur//
  31. //Angsung cipta mring sagunging mantra / majegan wot sinom / para mantra atata silane / mukane sewa sri narapati / seseg ngarsa aji / kya patih ing ngayun//
  32. //Sinang arya tumenggung dipati / datan kena adoh / demang rangga ngabehi jajare / asya duaji tandha myang mantra / nomnya anyambungi / gandhek lawan manggung//
  33. //Kawarnaa agunging pra dipati / ingkang jageng kewoh / pan Ki Patih Jaya Santa rane / Tumenggung Mulya Wecana tuwin  / tuwin demang wong prajeki / Rangga Wijayeku//
  34. //Demang Urawan andeling jurit / tan kewran tinaros / Dipati Jagalaya  ajare / mong wasita paniti prajeki / pandaming nagari / andel karyanipun//
  35. //Datan nana swarane kumlisik / miwah kang kekayon / datan nana kumresek swarane / miwah peksi tan ana kang muni / mung kemasan gendhing / lawan manuk engkuk//
  36. //Kang anangkil angrepa konjeming / ing siti tan anon / saklangkung jrihnya mring sang ngarajeng / samya yun yunenan dika aji / rasanireng ati / kadya amegatruh//

 @@@

%d bloggers like this: