Posted in BABAD MANGIR

BABAD MANGIR


Kiriman dari :
Mas Sidiq Firmanto
jamankalabendu@gmail.com


ENENGENA NEGARI MENTAWIS

DHANDHANGGULA

1.   Enengena negari mentawis / Wonten kecap gempaling carita / Tur sami tedhaking maos  / Pan ingkang rumuwun / Duk bedhahe ingkang negari / Majapahit semana / Kathah kang tan anut / Para putra myang sentana / Samya kesah ing wana / Tuwin ing ardi / Kathah sami mertapa //

2.   Mana Raden Alembu Amisani / Sakesahe saking Majalengka / Datan karuwan sedyane / Mangilen purugipun / Manjing jurang aminggah ardi / Anepi guwa sonya / Wus lami cinatur / Amung kalih garwa putra / Pan kalunta lampahira siyang ratri / Acegah dhahar nendra //

3.   Prapteng nagri Panaraga nenggih / Sampun panggih kaliyan sang raka / Anenggih Bathara Katong / Wus manjing gama Rosul / Raden Lembuamisani nenggih / Tan arsa gama Islam / Tan lami neng riku / Lajeng kesah manjing wana / Lan kang garwa putra setunggil tan keri / Jalu bagus kang warna //

4.   Pinaraban Dyan Wanabayaki / Nenggih wanter kasutapanira / Tan pisah lawan ramane / Siyang dalu lumaku / Datan dhahar miwah lan guling / Kalunta saya tebah / Prapta Ardi Kidul / Dhusun ing Dhandher wastanya / Apan kendel neng riku amangun teki / Nenedha mring dewanya //

5.   Datan pegat amuja semedi / Anenedha mring Bathata Mulya / Sanget pamintaning batos / Sageda nggenti pulung / Mengku ing rat tanah Jawi / Jumenenga narendra / Ing sapungkuripun / Sanget mbanting sarira / Duk semana Dyan Lembu Amisani nenggih / Lami sampun muksa.

6.   Lan kang garwa kantun ingkang siwi / Raden Wanabaya kawlas arsa / Tinilar rama ibune / Dadya arsa nglangut / Sigra kentar saking ardi / Dhandher sampun kawuntat / Nurut samodra gung / Rahaden kalunta-lunta / Amesisir ing Guwa Langse nenepi / Lami amati raga //

7.   Amerengi ing dina sawiji / Duk semana wanci bedhug tiga / Ana swara dumelinge / Kulup Wanabayaku / Lah kentara sangking ing riki / Ngalor ngulon deninggal / Njujuga sireku desa ing Mangir wastanya / Martapa mangsuka agama suci / Kasab anenandura //

8.   Pinggir Progo sira monga tani / Dedanaa besuk masthi sira / Katurunan nugrahane / Nging atmajengireku / Darbe gaman ampuh nglangkungi / Tan ana wong kuwasa / Myang wong teguh timbul / Yen katiban mesthi pejah / Anulya Dyan Wanabaya nglilir / Pupungun ing Wardaya //

9.   Byar rahina Raden Jaka mijil / Sangking guwa ningali samodra / Kelangkung ageng alune / Nempuh parang gumebyar / Pan gurnita kagiri-giri / Raden Jaka umesat / Tumameng ing ranu / Tan teles kambah ing toya / Raden Jaka lir lumampah aneng siti / Prapta ing Parang Tigan //

10. Ing gegisik lampahira ririh / Acengkrama ing samarga-marga / Kapirangu ing galihe / Ningali samodra gung / Alun ageng kagiri-giri / Gurnita swaranira / Jumegur gumuruh / Dadya panglipuring beranta / Raden Jaka ing Parang Tritis / Neng riku amemuja //

11. Pringgabaya rahaden tan keksi / Amung meleng nenedha ing sukma / Wus natas bangun rinane / Byar kesah sang binagus / Lampahnya lon cengkrameng margi / Kathah kang tiningalan / Isining sagra gung / Wus prapta in Parang Wedang / Raden mampir sakedhap nulya lumaris / Parangsuma kamargan //

12. Sira lajeng lampahe lestari / Prapta gisik Mancingan semana / Kendel sakedhap gya lengser / Mangilen lampahipun / Wirandhungan samargi-margi / Prapta sowangan opak neng riku manengku /  Apan gantya pituning dina / Enjing kentar nabrang mangilen lumaris / Tan kawarna ing marga //

13. Sampun prapta ing sowangan Pragi / Dadya kendel Dyan Jaka neng kana / Nenedha marang Sukmanon / Catut ari dasantuk / Raden Jaka dennya manepi / Saking sowangan kesah mengaler lumaku / Urut Peraga lampahnya / Tan kawarna ing marga Mangir wus prapti / Dyan kendel mangun tapa //

14. Adhedhukuh neng riku wus lami / Akesosra marang tangga desa / Ing prapat panca limane / Wong urut Praga suyud / Keh kemilik dhateng ing Mangir / Semana sampun ajar /  Ing Mangir jalma gung / Wetara wong sewu ono / Ingkang sami tumut dhukuh ing Mangir / Tuwin sami sawita //

15  Raden Jaka semana wus krami / Angksal nake tiyang alelana / Sangking Juwana wijile / Tumut truka neng riku / Sakler kilen dhukuh ing Mangir / Mila araning desa / Juwana kang dhukuh / Panggihira tan ginusta / Dadya karan Ki Ageng Mangir mangkin / Mangir Ki Wonoboyo //

16. Tan cinatur lamane semangkin / Kyai Wonoboyo wus peputra / Jalu pekik warnane / Apan dewasa sampun /Kinramakaken nenggih kang siwi / Pan angsal putranira Ki Paker punika / Kelangkung binuja krama / Enengana ingkang lagya nambut kardi / Warnanen Jeng Susunan //

17. Adilangu sampun udanening / Yen Ki Ageng Wonoboyo / Badhe uliya kinaot / Nging dereng angsal guru / Jeng Susunan arsa nindaki / Nanging mindha kawula dennya amertamu / Kuneng ingkang namur lampah / Ki Ageng Mangir punika wuwusen malih / Kang lagya nambut karya //

18. Abusekan ingkang nambut kardi / Tata tratag miwah tetuwuhan / Pepajangan rampung kabeh / Langse kumendhung kendhung / Saka sami dipun ulesi / Samya rinengga rengga / Lir swargan dinulu / Gangsa ngantya gangsal rancak / Aneng regol njawi pan ingkang satunggil / Regol njero ngrong rancak //

19. Ri sedhenge tamu ageng prapti / Demang Rangga tampang bekel desa / Gamelan amyang swarane / Kawarnaa sang wiku / Sunan Adi sakedhap prapti / Mangir anamur lampah / Desthar wulung kluwuk / Rasukan gadhung amangkak / Apaningset songer wangkingane / Kusi nyampinge tuwuh sela //

20. Kawarnaa sang wiku / Sunan Adi sakedhap prapti / Mangir anamur lampah / Desthar wulung kluwuk / Rasukan gadhung amangkak / Apaningset songer wangkingane / Kusi nyampinge tuwuh sela //

21. Tanpa rencang Jeng Sunan duk prapti / Sareng lenggah pan ora sinapa / Alenggah karsane dhewe / Neng pojok pernahipun / Risedhengnya sanggata mijil / Gangsa munya angraras / Sinden swara rum / Sampun samya ingacara / Lajeng dhahar sagunge kang tamu singgih / Mung sang wiku tan dhahar //

22. Kyai Ageng Mangir aningali / Yen tamune setunggal tan nedha / Nulya ngacarani alon / Lah nedhaa Ki Bagus / Jeng Susunan nuwun turneki / Rineksana adhahar / Tumungkul abikut tumpeng satunggil meh telas/ Pangrasane dhayoh kang sami ningali / Satuhne tan dhahar //

23. Risampune adhaharan sami / Ingkang pindha kawula tur sumbang / Tigang buntel ing kathahe / Majeng alon amatur / Nggih Ki Ageng kula ngaturi / Panjuring tumbas sedhah / Paringing Ywang Agung / Ki Ageng nampeni inggal / Kagyat ing tyas / Ki Ageng aniti warti / Kisanak pakenira //

24. Inggih pundi wisma dika yekti / Lawan sinten sinambating nama / Manira tambet wiyose / Kang pindha alit matur / Ki Dulrajak namamba yekti / Desa ing Somatingal / Ing wismaning ulun / Manira nuwun wangsula / Sigra kesah tan mawi dipunwangsuli / Medal sangking mendhapa //

25. Pan kawur jalma kang ngladeni / Wus tan katon prapteng dhadhah sigra / Jeng Sunan busana kaot /  Lawan ingkang ndherek agung / Upacara lir demang desi /  Desthare bangun tulak /  Tinepi mas murup /  Paningsete cindhe tumpak /  Arasukan beludru wilis respati / Ngagem epek kencana //

26. Lawan ingkang ndherek agung / Upacara lir demang desi / Desthare bangun tulak / Tinepi mas murup / Paningsete cindhe tumpak / Arasukan beludru wilis respati / Ngagem epek kencana //

27. Janur renda bangkole mas adi / Mawi anggar emas tinatratapan / Wangkingan dinar pendhoke / Nyuriga cara wangsul / Ukirane prasu mas adi / Topengan mas rinengga / Kandelan mas murup / Nyampinge tambalan noman / Alancingan panji-panji amanesti / Nitih kuda apelag //

28. Sigra wangsul grumundug kang ngiring / Pangrasane jalma tumingal / Kagyat angaturi weruh / Ki Ageng gya tumurun / Satamune methuk kori / Gamelan munya omyang / Barung kalaganjur / Horeg sawong dalem pisan / Samya medal ningali kang tamu prapti / Wis ingaturan lenggah //

29. Wus tumanduk mandhapa gya linggih / Ler piyambuk apan munggeng tengah / Nganan ngering tamu akeh / Ki Ageng munggeng ngayun / Tur perbage mring lagya prapti / Tamu matur anedha / Pasiyan kang dhawuh / Ki Ageng matur tetanya / Inggih Kyai paduka priyagung pundi / Sinten kekasih tuwan //

A S M A R A D A N A

1.   Akarya brangta ing galih / Sumaur keng lagya prapta / Ing Kembanglampir sun Angger / Raningsun Demang Melaya / Tuwi ing pakenira / Ki Ageng matur anuwun / Sigra dhedhaharan medal //

2.   Ingkang adi-adi prapti / Wus aglar munggeng ngayunan / Ki Ageng umatur alon / Suwawi paduka dhahar / Sawotening adhekah / Kang mindha tamu sumaur / Manira luwih tarima //

3.   Rineksana sigra ngambil / Jenang pinaringken desthar / Juwadah munggeng klambine / Rengginang munggeng wangkingan / Sedaya kang busana / Pinaring panganan sampun / Datan ana kaliwatan //

4.   Ki Mangir micoreng ngati / Kaya priye karsanira / Tan dhahar mung busanane / Ingkang pinaring dhaharan / Dadya matur mangerpa / Kandospundi ta pukulan / Tan dhahar mung kang busana //

5.   Sedaya dipunleleti / Sawarnanipun dhaharan / Kang mindhawarna saure / Jer iku kang sira segah / Jeng Sunan nulya lukar / Busana sampun timumpuk / Jeng Sunan sampun akesah //

6.   Kinendhepaken tan kaeksi / Dupi tebah gya katingal / Ki Mangir branta ing tyase / Kapencut ing ngelmu rasa / Jrih tumingal busana / Sigra anututi gupuh / Umatur sarwi ngrerepa //

7.   Duh Gusti Sang Maha Yekti / Kawula atur prasetya / Nuwun kawejanga mangke / Jeng Sunan nolih angandika / Dene Ki Jebeng sira / Anututi marang ingsun / Apa paran kersanira //

8.   Ki Wonoboyo tur bekti / Amba ayun andhedhepok / Andherek ing karsa Tuwan / Nadyan pejah gesanga / Jeng Sunan ngandika arum / Yen Sira temen ing manah //

9.   Ingsun gelem asuning margi / Nging mengko sira balia / Nutugna karyamu age / Yen temu anakira / Iya sira nusula / Mring Kembanglampir den gupuh / Sun wejang ing ngelmu rasa //

10. Jeng Sunan wus tan kaeksi / Tan keno tinututana / Ki Gedhe wangsul sir age / Andugekken karyanira / Nggancangaken kang carita / Was panggih pangantenipun / Tan ginustha karesmennya //

11. Wus atut palakrami / Ki Wonoboyo ngandika / Mring putra raden panganten / Lah Kulup sira karia / Den becik apalakrama / Gumantia marang ingsun / Ki Ageng Mangir namaa //

12. Ingsun angulati Gusti / Mring Kembanglampir kang dhekah / Tan mulih-mulih katengong / Yen tan panggih guruningwang / Sun madhep mring kamuksan / Kang putra matur rawat luh / Kawula dherek ing Tuwan //

13. Ki Wonoboyo ngling aris / Aja sira milu ngringwang / Lah tunggunen dhukuh kene / Ki Wonoboyo gya kesah / Apan datanpa rewang / Katiwang ing lampahipun / Tan ana kacipteng driya //

14. Amung welinge sang Yogi / Ing Sekarlampir sinedya / Datan kawarna lampahe / Ing marga pan sampun prapta / Kembanglampir semana / Pan inggih kapanggen suwung / Dhukuh asuwung kewala //

15. Mung ana masjid sawiji / Padasan enceh satunggal / Balumbange asri tinom / Nging tan ana ingkang tengga / Ya ta Ki Wonoboyo / Akendel wonten ing riku / Tanpa dhahar tanpa nendra //

16. Ngantya kawan dasa ari / Dennya nekung aneng langgar / Tan dhahar miwah tan sare / Warnanen Kangjeng Susunan / Ngabdilangu semana / Kemutan sajroning kalbu / Deniro darbe tembaya //

17. Sakedhap parapta Banglampir / Tidakira anglir kilat / Awanci tengah dalune / Marengi tanggal purnama / Jumungan Kaliwonnya / Jeng Sunan duk rawuhipun / Wonoboyo kagyat mulat //

18. Sigra majeng angebekti / Dlamakan sarwi karuna / Sumungkem ngusap lebune / Jeng Sunan alon angandika / Lah wis Jebeng lungguha / Suntarima prasetyamu / Mengko sun mbabar wirayat //

19. Den mantep marang agami / Den sukurena ing sukma / Hyawa pegat nestapane / Rineksana wus wijenang / Sejatining agama / Wus tamat suraosipun / Sarengat manjing terekat //

20. Khakekate haywa silib / Pinanjingena makrifat / Tatas suraosing batos / Ing agama sampun tatas / Winejang ngelmu rasa / Ing panjing sumuruping lampus / Sangkan paran wustan kewran //

21. Lan sira maguna teki / Anaeng ing Guwa Plawangan / Den manteb bekti Yang Manon / Lan den eling Jebeng sira / Aja kaya ing kuna / Tata likur kawlas ayun / Agunggung-gunggung kerajan //

22. Iku sesiriking ngelmi / Nanging wus pasthi ing wuntat / Jalma busana kajene / Ki Wonoboyo tur sembah / Langkung kaduwungira / Polahe kang wus kelanjur / Asru nelangsa ing sukma //

23. Jeng Sunan ngandika malih / Besuk sira pinaringan / Keramat dening Ywang Manon / Gegaman ampuh kalintang / Amarga tekeng sira / Tan na jalma teguh timbul / Yen katiban mesthi pejah //

24. Matur sandika nglampahi / Jeng Sunan wus tan katingal / Ki Wonoboyo sirage / Raina wengi lumampah / Tan kawarna ing marga / Pelawangan sampun rawuh / Neng riku amangun tapa //

25. Barang tapa den lampahi / Ngalong ngluwak udan-udan / Angeli yen banjir gedhe / Yen rina angon reditya / Nggenteni wong kang gegawa / Sinung pangan kawlas ayun / Aweh payung wong kudanan //

26. Wus katarima ing Yang Widi / Agal alit tan kewuhan / Dadi barang ing ciptane / Sunana sang Apandhita / Akorud ingkang kama / Sampun takdiring Yang Agung / Cinipta seking dadya //

27. Kuneng ingkang wus angsal sih / Ing Mangir ingkang kocapa / Kang gumanti ing ramane / Ki Ageng Mangir taruna / Wus lawas antaranya / Kang garwa nggarbini sampun / Antara wus pitung wulan //

28. Semanarsa den tingkebi / Ndhatengaken kawula wangsa / Samya kinen nyambut gawe / Lanang wadon sami prapta/ Tanapi tangga desa / Prapat manca lima rawuh / Rerewang anambut karya //

29. Ya ta kawarnaa malih / Ki Ageng Wonoboyo / Kang tapa Plawangane / Wus tan samar tingalira / Kang putra gadhah karya / Anulya tetuwi sampun / Prapta ing Mangir wus lenggah //

30. Garwa putra matur aris / Sangking ing pundi Paduka / Ki Wonoboyo delinge / Ingsun tekeng puruita / Kembanglampir ing Dhekah / Jeng Susunan Kadilangu / Kang sun pitedah maring wang //

31. Ingsun kinen mangunteki / Aneng guwa Plawangan / Ngabekti marang Ywang Manon / Kuneng gantya kang lagi wirayat / Dhayoh saya geng prapta / Lanang wadon pun gumuruh / Nambut gawe bak piyambak //

32. Kacatur tamu pawestri / Ing Jlegong warnane endah / Anake Demang Jalegong / Estri sampun diwasa / Nanging dereng akrama / Angrencangi nakir wau / Kekirangan gegaman //

33. Mirsa Ki Wanabekti / Ngasta lading seking pelag / Ni Rara umatur alon / Anuwun nyambut sekingnya / Karya nakir punika / Seking sinungaken sampun / Sarwi angling pawekas //

34. Lah Rara lading puniki / Yen wis nggennya nambut karya / Aja kongsi glethak glethek / Neng ngandhap iku tan kena / Yen kungkulan wanodya /.Seking tinampenan sampun / Kinarya nakir agentya //

35. Sampun rampung dennya nakir / Dilalah pasthi tan kena / Kang nggarap sami kesupen / Seking sineleh kelasa / Kalinggihan semana / Mring Ni Rara ingkang nyambut / Seking musna manjing garba //

36. Dadya wawrat sang lir suji / Ki Wonoboyo tetanya / Amundhut sekingira ge / Sang Rara matur anembah / Kagungan Tuwan ical / Neng ngandhap kelasa wau / Kalenggahan sirnanira //

37. Kiyai Ageng miyarsi / Langkung merang ing wardaya / Lajeng kesahira age / Tan poyan ing garwa putra / Lajeng manjing ing guwa / Asru tobat ing Hyang Agung / Dene tan kena ing coba //

38. Langkung bantere mangun teki / Genti ingkang winurcita / Nenggih Ni Rara Jalegong / Bubar sing Mangir semana / Tan kawarna ing marga / Wus prapta ing wismanipun / Pan sampun antara lama //

39. Kesah marang ing wanadri / Merang umiyat ing kathah /  Dening dereng karma mbobot / Langkung dennya kawlas arsa / Sampun prapteng semaya / Anyakiti neng wana gung  / Langkung dennya ngayang-ngayang //

40. Tan saged lair tumuli / Mila kadelah ing mangkya / Wana kyangan namane / Nulya sang Rara akesah / Saking bantering raga / Akungkum aneng ing ranu / Kang aran Rawa Jembangan //

41. Wus dangu dennya nyakiti / Neng rawa nulya ambabar / Medal taksaka putrane / Sang Rara sanget kantaka / Kasupen purwa duksina / Tan saged ningali sunu / Dene tan rupa manungsa //

42. Taksaka ageng nglangkungi / Apanjang ngleker ing rawa / Pirsa ibune meh layon / Sarpa saged tata jalma / Welas marang ibunya / Nangisi sarwi amuwus / Sih anom aja palastra //

S  I   N   O  M

1.   Lah biyung sira tangia / Aja sira angemasi / Ni Rara aparipurna / Aningali mring kang siwi / Ajrihira nglangkungi / Nanging tan saged lumayu / Ula ngucap tetanya / Balik ingsun wartanana ingkang yoga //

2.   Ni Rara alon angucap / Saking jrih sarwi gumigil / Sun tan wruh sudarmanira / Sebab sun durung alaki / Dene sun anggerbini / Saking Mangir purwanipun / Ingsun mentas rewang / Tan ngrasa lawanan mami / Lan sun Tanya marang Ki Geng Mangir kana //

3.   Pan arsa suka uninga / Teksaka suka nglangkungi / Ningali mring biyangira / Ngore rekma aniba tangi / Wisa gumuywa mbelik / Nulya lampahira laju / Marang Mangir semana / Datan kawarna ing margi /  Ula sigra nututi biyangira //

4.   Ni Rara ing Mangir prapta  /  Ki Ageng kagyat suryaengling / Lah ta sira ana apa / Lumayu aniba tangi / Megap-megap dennya angling / Tan dangu teksaka rawuh / Jonggol neng wurenira / Ni Rara tiba tan eling / Ki Geng Mangir kagyat ajrih arsa kesah //

5.   Pujangga gumuyu suka / Nggih Kiyai sampun ajrih / Suwawi sami alenggah / Kawula nuwun upeksi / Ki Geng Mangir langkung jrih / Gumeter nggenira lungguh / Ngucap gugup nggeragap / Teksaka apa sireki / Tanpa sangkan umatur ponang pujangga //

6.   Aturipun tata jalma / Kawula inggih Kiyai / Nuwun pirsa jengandika / Sinten sudarma lun yekti / Ki Ageng Mangir mantub ajrih / Wus sareh ing manahipun / Dene bisa angucap / Kelawan emut ing galih / Duk kesahe kang rama sarwi wawarta //

7.   Iya sun tuturi sira / Sudarmanira sayekti / Ran Kiyai Wonoboyo / Mertapa ing Merbabu wukir / Lah jujugen sayekti / Pasthi sira yen denaku / Ula amit umesat / Datan kawarna ing margi / Lampahira prapta Merbabu semana //

8.   Ki Wonoboyo ngandika / Lah ula apa sireki / Dene bisa tata jalma / Anjujug pertapan mami / Pujangga matur aris / Mila kawula pukulun / Sowan sang maha tapa / Kepingin ingaken siwi / Arsa nglebur tapak suku sang Pandhita //

9.   Kiyai Ageng ngandika / Ingsun karya pasang giri / Kelamun sira abisa / Nglengkeri gunung puniki / Tepung sirah dumugi / Lawan buntutira gathuk / Lamun sira tan wignya / Sun tata arsa ngaku siwi / Mrebes mili pujangga nangis lir jalma //

10. Teksaka matur ngrerepa / Sandika dhateng nglampahi / Angsala pangestu Tuwan / Mugi segeda kiyai / Rineksana tumuli /  Awakira gya pinusus / Sadariji geng ira / Panjang arga den lekeri / Pan maneh kemput among ta kirang saasta //

11. Apa meled ilatira / Tepunge kelawan pethit / Ki Wonoboyo trengginas / Ilat pinancas ing cundrik / Tugel runtuh ing siti / Cinipta dhateng sang wiku / Dadya waos utama / Apan dhapur Barukuping / Baruklinthing pejah nyawa rupa jalma //

12. Raga pejah rah nyemburat / Gandanya arum wangi / Binucal dhawah ing arga / Kidul kilen pernahneki / Wetan Lowanu nenggih / Gugraking bathang ngganda rum / Sirnaning bathang ula / Tuwuh wraksa waru sak wit / Mawi simbar karan Gunung Wangi mangkya //

13. Kuneng raga kang ginustha / Muse Ki Baruklinthing / Sinabda marang kang rama / Lah kulup sira sun tuding / Awora bangsa ejim / Aneng ing Pening ngedhaton / Tunggal sukma nglembara / Dyan Baruklinthing wotsari / Tan lenggana sapituduhe kang rama //

14. Gya lengser sangking ngekengan / Sakedhap prapta ing Pening / Tunggal Sukma nglambara / Akayangan aneng Pening / Nengna kang sampun mukti / Ki Wonoboyo winuwus / Lajeng kesah tirakat / Waos Ki Baru cinangking / Ngidul ngilen ing Gunung Wangi wus prapta //

15. Amanggih waru asimbar / Anulya wau pinusthi / Sinabda dadya landheyan / Tabapi sarunganeki / Waru sawit kang dadi / Ki Wonoboyo gya wangsul / Lajeng tapa anangsang / Neng kajeng gurdha wus lami / Sampun gentur Ki Wonoboyo sampurna //

16. Kantun waos kang sumladhang / Nenggih neng kayu waringin / Nanging katingalan sarpa / Ageng panjang ngrajihi / Ngakak rina wengi / Kathah jalma kang karungu / Tuwin ingkang uninga / Yen ula ageng wringin / Samya ajrih langkung singiding kang wana //

17. Jalma mara jalma pejah / Sato mara, mara mati / Kuneng ingkang wis sampurna / Warnanen Ki Ageng Mangir / Sampun lama ing mangkin / Apan kathah putranipun / Jalu estri datan ginupit / Among putra kang sepuh ginupita //

18. alu abagus warnanya / Winastan Ki Jaka Mangir / Semana sampun diwasa / Tinimbalan mring sudarmi / Sampun munggeng ing ngarsi / Ki Ageng Mangir nabda rum / Kulup sira karia / Sun arsa mangun teki / Andhedherek marang eyangira ngarga //

19. Tapa neng Gunung Arbabwa / Wus lawas ingsun tan tuwi / Kang putra matur sumangga / Ki Ageng sigra lumaris / Tan kawarna ing margi / Wus prapta Arbabu Gunung / Panggih suwung kewala / Tanya mring sabate nenggih / Marang ngendi Kiyai dennya akesah //

20. Kang tinanya matur seca / Sampun lami ta Kiai / Kesahe ambekta tumbak / Dhapuring Barukuping / Purwanipun ginupit / Sedyanira wus katur / Ki Mangir duk miyarsa / Legeg wigugen ing galih / Dadya neknung Ki Ageng aneng jro guwa //

21. Wus lama antaranira / Marengi dina sawiji / Ya ta wanci labuh tiga / Wonten suara kapiarsi / Ujaring swara dumling / Aja sungkawa sireku / Lah kidul ika ana / Kayu gurdha gung sawiji / Ya neng kono sudarmanu tapa nangsang //

22. Lan nggawa tumbak utama / Dhapuripun Barukuping / Ampuhe kagila-gila / Besuk sira kang ndarbeni / Tumrun anakireki / Dadi pusakaning ratu / Kang mengku ing rat Jawa / Wus nir swara Kyageng nglilir / Apungun sarta alon pamitan //

23. Lah sabat sira karia / Ingsun arsa angulati / Ingsun tan arsa muliha / Yen tan ketemu kiyai / Nadyan prapta ing pati / Apan wus kasedyeng kalbu / Sabat matur sumangga / Gya lengser Ki Ageng Mangir /  Ngidul bener ningali wraksa satunggal //

24. Ageng asinguh pernahnya / Neng pinggir jurang tumawung / Ki Ageng wus lumeksana / Tan ana baya kaeksi / Mung ujaring kang wangsit / Ingkang pineleng kalbu / Lajeng lumebet enggal / Neng ngandhape kajeng wringin / Aningali an ula geng sumladhang //

25. Angakak ratri lan siyang / Hatnya melet lira pi / Ki Ageng tapa ing ngandhap / Antuk kawan dasa ari / Tan dhahar tan aguling / Sanget denira manekung / Manah tan kaya-kaya / Umadhep pasrah dhumatheng ing Ywang Kang Murba //

26. Marengi Dina Jumungah / Kaliwon bangun kang awanci / Wuryan kang rama katingal / Ki Ageng Wonoboyo ngling / Lah kulup dipun aglis / Sira ambila den gupuh / Ingkang katingal naga / Pan iku tumbak sayekti / Langkung ampuh iku pusakaning nata //

27. Kang mengku ing Tanah Jawa /  Iya ingkang wuri-wuri / Pan ingkang uwis sampurna / Ja sira kaliru kapti / Lan ambilen den aglis / Ki Wonoboyo nir sampun / Ki Ageng Mangir trengginas / Pethite naga pinusthi / Gya sinendhal wus dadya waos apelag //

28. Abungah narwata suta / Sira Ki Ageng ing Mangir / Pinandi kang waos sigra / Arsa mantuk dhateng Mangir / Pun lampahira aglis / Datan kawarna ing enu / Prapta Mangir semana / Ya ta wanci sirep jalmi / Manjing dalem garwa putra tan uninga //

29. Kang maos sampun pinoncalan / Rinengga kelangkung wingit / Rina wenig kinuntungan / Ing dupa gandanira mrik / Putra wus sinung warti / Wangsite eyangipun / Langkung denira bingah / Pan sampun antara lami / Wus kasusra Ki Ageng Mangir prabawa //

30. Marga sangking waosira / Jalma kanan karing ajrih / Kathah sami kumawula / Dhumateng Ki Ageng Mangir / Langkung mandhireng galih / Tan arsa seba ing Prabu / Duk lagya Nagri Pajang / Ngantya mangke panjenengan ing Mentaram //

31. Nanging wus sepuh kalintang / Ki Ageng nulya ngemasi / Putra Ki Jaka gumantya / Nunggak semi ing sudarmi / Nama Ki Ageng Mangir / Tan purun seba Mentarum / Gunge wong tuwa-tuwa / Ing Mangir sami ngaturi / Kacundhuka dhateng sang Prabu Mentaram //

32. Dene ta sampun kasusra / Mentaram ratu sineki / Rat Jawa tumiyung samya / Pasisir manca negari / Kedhu miwah Bagelen / Banyumas Tegal wus teluk / Ing Banten Pajajaran / Jakarta sami sumiwi / Kantun ngriki bawah alit dereng seba //

33. Ki Ageng Mangir angucap / Ingsun wani aprang tandhing / Lawan sang Prabu Mentaram / Ing ngendi nggone kepanggih / Lan ingsun tan ngregoni / Marang jenenge ing ratu / Mung iki dhukuh ingwang / Yasane eyang pribadhi / Tekeng rama sedheng ingsun ngakahana //

34. Ingsun benjang gelem seba / Mring Senopati Mentawis / Yen kelar anadhahana / Tumbak sun Ki Baru iki / Yekti gelem sun bekti / Marang sang Rajeng Mentarum / Kuneng kang asung rembag / Sagung wong tuwa ing Mangir / Kawarnaa Mentarum tan pegat gustha //

MADYANING PALUGON

M E G A T R U H

1.   Kawarnaa risang Prabu ing Mentarum / Langkung pangunguning galih / Sasedanira kang sunu / Senopati ing Kadhiri / Aneng madyaning palugon //

2.   Lagya mangkin sang nata siniweng wadu / Kang paman sang Adipati / Mandaraka aneng ngayun / Lan Pangeran Mangkubumi / Lan Singasari tan adoh //

3.   Ki Dipati Martalaya munggeng ngayun / Tuwin para putra nangkil / Alon ngandika sang Prabu / Lah ta Paman Adipati / Mandaraka ulun taros //

4.   Aprakawis dhusun ing Mangir puniku / Pan sampun tita ing mangkin / Mandhireng tan arsa nungkul / Mandayeng keratin mami / Yen suwawi dipun bunoh //

5.   Gya ginecak tinumpes nakputunipun / Sipat lanang haywa kari / Dipati Mandaraka matur / Kawula datan suwawi / Den sareh karsa sang Katong //

6.   Nadyan alit tan kenging ginampil Prabu / Yen sisip ambebayani / Karya risaking wadya gung / Lan nistha jeneng nerpati / Amungsuh bekel bebaon //

7.   Kalih wonten sayektine kang pakewuh / Adarbe pusaka adi / Waos dhapuring Baru / Ampuhe kepati-pati / Nadyan jalma teguh layon //

8.   Dhingin ulun winisik dhateng sang wiku / Sunan Adilangu uni / Ki Mangir gamane luhung / Tan kenging tinulak jalmi / Sing ketiban pasthi layon //

9.   Tur cinetha dados pusakaning ratu / Dadya kembaraning Kyai / Palered sapungkur ulun / Pramila Angger denrempit / Binunjuk alus kemawon //

10. Lamun sampun kenging waose pun Baru / Tan wonten malangateni / Sakarsa Panduka Prabu / Manira dhateng umiring / Sang Nata ngandika alon //

11. Yen mekaten Paman nggih andika rembug / Apan keng amrih prayogi / Slamete gunging wadu / Ywa nganti nistha nerpati / Tur sandika Dipati //

12. Mandaraka muwus / Lah ta kulup Mangkubumi / Lan Singasari sireku / Dipati Martalayeki / Paran rembug sun taros //

13. Jeng Pangeran Mangkubumi lon umatur / Ing putra Rajeng Mentawis / Yen suwawi karsa Prabu / Putranta rahaden Dewi / Ingkang linurug ing kewuh //

14. Lun panekkan mendhet mina jroning kedhung / Kang toya meksih abening / Mina kenging satuhu / Mesem Risang Senopati / Ngartika sajroning batos //

15. Sigra jengkar kondur ngedhaton sang Prabu / Ingiring ing para sari / Kang bedhaya kalih lajur / Ngampil pacara nerpati / Supraptanira ing regol //

16. Para garwa sedaya sami amethuk / Kinanthi asta Nerpati / Kanan kering tuwin pungkur / Papingitan para selir / Wus prapteng dalem sang Katong //

17. Sampun lenggah angadep sagung pra arum / Warnanen pasowan jawi / Wus bubar sedaya mantuk / Mring wismanirapribadi / Sami prayitna ing batos //

18. Warnanen Ywang Bagaspati / Ywang Candra ingkang gumanti / Ri sedheng purnama tuhu / Sumilak padhang ing langit / Sang Nata ngandika alon //

19. Mring Bupati pawestri Disara luhung / Lah Adisara den aglis / Aturana Paman Juru / Malebua jro puri / Dyan Adisara wot //

20. Sigra lengser Disara ing ngarsa Prabu / Wus mijil sangking jro puri / Prapta Mandaraka pangguh / Kalih Jeng Kyai Dipati / Ni Adisara turnya alon //

21. Jeng Kiyai lun dinuta putra Prabu / Panduka dipun aturi / Malebet dhateng kedhatun / Cundhuk putranta Nerpati / Dipati Mandaraka gupoh //

22. Sampun kered tumameng jroning kedhatun / Prapta byantara Nerpati / Kang paman ngatura gupuh / Wus tata lenggah sang Aji / Lan kang paman ngandika lon //

23. Mila Paman kula aturi lumebu / Ndugekken rembag kang rempid / Sinten kang yogi tinuduh / Nginggahi dhateng ing Mangir / Kang samun santoseng batos //

24. Sang Dipati Mandaraka alon matur / Yen suwawi ing karsa Ji / Putra Panduka Dyah Ayu / Den Ajeng Pembayun nenggih / Katindakeno ing kewoh //

25. Pangarsane Martalaya ingkang patut / Dhadosa dhalang abangkit / Kekalih sumekseng siwi / Jayasupanta milwandon //

26. Lan pun Suradipa dados panjakipun / Adisara sampun kari / Amomonga ing sang Ayu / Dadosa penggender benjing / Denakena suta yektos //

27. Sri Narendra miyarsa pareng ing kalbu / Inggih Paman pun prayogi / Lan Adisara den gupuh / Timbalana si Adipati / Martalaya mring kedhaton //

28. Lan si Jayasupanta Saradipeku / Katelu iriden sami / Adisara awotsantun / Wus medal sangking jro puri / Dhinerekaken ponang wong //

29. Tan kawarna ing Martalaya wus rawuh / Panggih lawan Ki Adipati / Tuwin kalih kadangipun / Katri sampun den dhawuhi / Ngandikan manjing kedhaton //

30. Tur sandika sampun kerid lampahipun / Lajeng tumameng jro puri / Prapta ing byantara Prabu / Tur bekti sumungkem siti / Abukuh denira lungguh //

31. Sri Narendra Mentaram ngandika arum / Lah Martalaya sun tuding / Sira lumeksaneng kewuh / Lan arinira kekalih / Sun kantheni putraningong //

32. Lan si Adipati milua sireku / Padha alakua sandi / Pepara mring Mangir nyamun / Awasena kang sayekti / Solahe si Mangir magok //

33. Putra nata kasih Den Ajeng Pembayun / Ngandikan ngarsa rama Ji / Sumungkem mangaras suku / Sang Nata ngandika aris/ Lah lungguha putraningong //

34. Sri Narendra angandika manis arum / Lah nyawa sira sun tuding / Ngulati tumbal nagri gung / Slamete sagunging dasih / Neng Mangir kalma kinaot //

35. Lakonana sang Retna tan saget matur / Sumungkem suku anangis / Anukmeng sajroning kalbu / Paran nggoningsun gumingsir / Yen wus karsaning sang Katong //

36. Lara pati ingsun pun darma lumaku / Sudarma lantaran widi /  Lamun ta lenggana ingsun / Duraka ing lair batin / Lara wirang sangking pakon //

37. Dadya matur sandika sarwi amuwun / Kang putra sampun winangsit / Benjang yen sampun katemu / Amrih sebabe Ki Mangir / Sang Nata ngendika alon //

38. Lah ta Paman Mandaraka dipun gupuh / Si Dhalang dika paring / Ringgit sakothak puniku / Gangsa gender wus paring / Suling rebabe kinaot //

39. Wus rumanti praboting dhalang sedarum / Niyaga kang mbekta sami / Sang Nata ngandika arum / Lah uwis mangkata mangkin / Ing wuri aja pakewuh //

SANG RAJA PUTRI

P A N G K U R

1.   Matur sandika gya mangkat / Wanci bangun raina nggennya mijil / Lampahira rangu-rangu / Dipati Mandaraka / Sampun medal sangking sajroning kedhatu n / Ndhawuhi wong kapetangan / Njampangi sang Raja Putri //

2.   Kuneng kang kantun nagara / Kawarnaa kang lumampah mring Mangir / Datan kewarna ing enu / Prapta Mangir semana / Amarengi ungsume wong-wing merti dhusun / Alaris kathah kang nanggap / Kasusra dhalang negari //

3.   Lawan malih wus kawarta / Lamun dhalang darbe atmaja estri / Warnane ayu kelangkung /  Desa tan ana madha / Dadya katur mring Ki Ageng Mangir sampun / Duk semana tinimbalan / Dhalang mring Ki Ageng Mangir //

4.   Wus prapta tata alenggah / Neng mendhapa Ki Ageng amanggihi / Namadunya sebdanya rum / Ki Dhalang nuwun turnya / Tanya malih sinten wewangenireku / Lan sangking pundi pinangka / Ki Dhalang amatur aris //

5.   Kawula pun Sandiguna / Angsal ulun Negari ing Kedhiri / Andherek mring Gusti ulun / Senopati ing Pamenang / Mbalik dhateng gusti sang Prabu Mentarum / Nging seda madyaning rana / Keng sampyuh lan pun Pesagi //

6.   Mila wonten Mentaram / Ki Geng Mangir mangkya ngandika ris / Kula nedha damelipun / Kisanak ndika mayang / Wonten ngriki Ki Sandiguna turipun / Sumangga yen wonten karsa / Semana sampun alatri //

7.   Tata wayang neng pringgitan / Ingkang nggender Adisara respati / Sang Retna lenggah neng pungkur /  Ira Ki Sandiguna / Saradipa punika nabuh kempul / Sandisasmita angendhang / Wus lajeng lekas aringgit //

8.   Lampahane Pikukuhan / Ki Ageng Mangir ningali neng mendhapi / Mulat ingkang atmajanipun / Dhalang ayu utama / Nora linyok sagung wong ingkang anggunggung / Ki Ageng branta ing nala / Sakbandanira aringgit //

9.   Tinimbalan mering mendhapa / Ki Geng Mangir Tanya wecana manis / Rarestri lenggah ing pungkur / Dika kapernah napa / Kiyai Dhalang Sandiguna lon umatur /Punika anak kawula / Lairan saking Kedhiri //

10. Ki Ageng malih tanya / Nggih punapa teksih legan puniki / Sandiguna aturipun / Mila teksih alegan / Dereng wonten kang dados parenging kalbu / Ki Ageng Mangir wecana / Yen paring dika Kiyai //

11. Anak dika kula tedha / Karya krama, Sandiguna turnya ris / Yen Tuwan sudi jumurung / Mupu tiyang ngumbara / Tanpa wisma, Ki Ageng wecana arum / Lah dika Kyai tetepa / Awisma wonten ing riki //

12. Tan ginustha rembagira / Sang Retnayu ingaturaken aglis / Ing dalu ingkang winuwus / Dyah arsa cinengkraman / Sang Retnayu akekah sarwi anuwun / Ki Ageng nglimur ngrerepa / Paran Nimas dadi galih //

13. Wong ayu ngur memundhuta /  Ingkang adi-adi dasih ngladosi / Sang Retna nembah umatur / Alon sarwi karuna / Kyai Ageng kawula matur satuhu / Dede atmajaning dhalang / Kula putra ing Mentawis //

14. Margine kawula kesah / Pan tinari krama kula tan apti / Sanget duka Rama Prabu / Kula pilalah pejah / Milanipun kalampahan kula tinundhung / Sing pura mila ngembara //

15. Kawula pinundhut anak / Dhateng dhalang mila tumut mariki / Temahan Panduka pundhut / Kangjeng Rama tan wikan / Lamun yektos Panduka sudi amupu / Dhateng dama kawlas arsa / Nging wonten panuwun mami //

16. Panduka sowan Mentaram / Ing Jeng Rama kawula nggih umiring / Tamtu bingah Rama Prabu / Darbe mantu Panduka / Mung punika kang dados panuwun ulun / Yen Panduka datan arsa / Sowan dhateng Mentawis //

17. Sayektos sun plaur pejah / Boten purun kawula angladosi / Ajrih durakeng Ywang Agung / Durakeng ing sudarma / Ki Ageng Mangir miyarsa ngartikeng kalbu / Yen mangkono raganingwang / Tan kaliru nggosun mipil //

18. Nemu putraning Narendra / Dadi dudu anaking dhalang sayekti / Iya sokur mring Ywang Agung / Sun katiban jimat / Ki Ageng Mangir angandikan manis arum / Dhuh Gusti sun turut sira / Sun seba Rajeng Mentawis //

19. Dilalah kersaning Sukma / Ki Ageng Mangir manahira agampil / Sangking sanget nandhang wuyung / Marang kusumaning dyah / Kyageng Mangir ngrerepa “Dhuhmirah ingsun” / Nanging Gusti jampenana / Kang abdi kandhon kingkin //

20. Sayekti tumekeng pejah / Ingkang abdi yen tan pinaring jampi / Wurung mati turut lurung / Pinunggel kang asmara / Sang Dyah Ayu sampun anglanggati sampun / Kawarnaa sampun enjang / Sandiguna den timbali //

21. Wus prapta lenggah mendhapa / Ki Ageng Mangir tetanya arum manis / Paman manira satuhu / Tanya dhateng andika / Rare niki napa anak dika tuhu / Ki Dhalang umatur seca / Yektose nggen kula manggih //

22. Rare wonten pangumbaran / Kula tanya bibit kawiting nguni / Tan seca kang darbe sunu / Ngaken rare ngumbara / Sampun lola tan ndarbeni bapa biyung / Sedaya sampun pejah / Milane kulambil siwi //

23. Ki Ageng marwata suta / Jroning galih bungahira tan sepi / Ngemu nyata tur ing dalu / Dadya Ki Ageng warah / Mring Ki Sandiguna / Sang Retna turipun / Ngaken putir ing Mentaram / Putrane Sang Senopati //

24. Lah nedha sami aseba / Mring Mentaram ngaturaken sang Putri / Ki Sandiguna andheku / Inggih dhateng sumangga / Ki Geng Mangir ngundhangi mring nak putu / Tuwin ingkang kulawangsa / Ing Mangir sami kinerig //

25. Dandan tandhu lan jajaran / Tuwin gawan tur atur mring Mentawis / Busekan wong Mangir sampun / Sumekta upacara / Lan bebetan asrah bulu bektenipun / Kuneng ing Mangir kang dandan / Ucapen ki Gunasandi //

26. Ing ndalu apirembagan / Saradipa ingutus tur upeksi / Ing Gusti Rajeng Mentarum / Dalu denira mangkat / Tan kawarna ing marga ing lampahipun / Enjing prapta ing Mentarum / Lajeng tumameng jro puri //

27. Cundhuk ing sang Senopatya / Saradipa sumungkem ing pada Ji / Sarwi alon aturipun / Ulun ngunjuki pirsa / Sampun katur saniskareng ngutus / Tuwin solahe neng kana / Sampun katur sedyaning //

28. Trustha sang Rajeng Mentaram / Animbali Dipati Mandaraka glis / Tan dangu prapteng kedhatun / Cundhuk putra Narendra / Panembahan Senapati ngandika rum/ Lah ta Paman Mandaraka / Pun Mangir arsa suwiwi //

29. Inggih Paman undhangana / Tyang Mataram sami prayitneng wisthi / Ananging ta dipun samun / Mandaraka tur sandika / Ingundhangan sagung wadya ing Mentaram / Wus sami prayitneng baya / Kuneng nagri ing Mentawis //

30. Ing Mangir kang kawarna / Kyai Ageng arsa utusan dingin / Tur uninga ing sang Prabu / Mentarum kang dinuta / Dhalang Sandiguna kinanthen wau / Awasta Ki Singajaya / Pinituwane wong Mangir //

31. Ingiring wong kalih dasa / Kakapalan lampahira pun aglis / Kuneng ta ingkang lumaku / Kawarnaa Mentaram / Sri Narendra miyos sineba wadya gung / Lenggah ing dampar kencana / Munggeng ing Bangsal Pangrawit //

32. Pepak gung putra sentana / Kyai Depati Mandaraka munggeng ngarsi / Tan dangu na jalma rawuh / Njujug waringin kembar / Tyang kekalih lenggah apepe tumungkul / Kawistareng ing Narendra / Gandhek kinen marika glis //

33. Wong gandhek lampahnya gancang / Sampun panggih lawan jalma kang prapti / Tinaken sampun matur / Lamun Mangir caraka / Sigra wangsul gandhek lampahe tan santun / Prapteng byantara tur sembah / Pukulun atur upeksi //

34. Gusti jalma ingkang prapta / Dutanipun didalem Ki Ageng Mangir /  Sang Nata ngadika arum  /  Lah age timbalana /  Wadya gandhek tur sembah sigra awangsul /  Lampahira sampun prapta /  Ndawuhaken timbalan aji //

35. Nedha andika ngandika / Tur sandika duta kalih kairid / Prapta byantara wotsantun / Muka sumungkem kisma / Sri Narendra pangandikanira arum / Lah sira kinongkon apa / Marang Ki Ageng ing Mangir //

36. Duta umatur wotsekar / Lun dinuta gusti atur upeksi / Ki Ageng Mangir pukulun / Ngaturaken pejah gesang / Tur uninga konjuk ing Gusti sang Prabu / Ing mangke manggih wanodya / Angaken putra Nerpati //

37. Den Ajeng Pembayun nama / Lamun yektos putra dalem Nerpati / Didalem Mangir cumundhuk / Ndherekken putra Nata / Sri Narendra angandika manis arum / Iya nyata putraning wang / Kang murca kalaning wengi //

38. Lir jinumput Sukmamanangsa / Sun ulati wus lawas tan kepanggih / Mengko jebeng Mangir nemu / Ingsun sokur ing sukma / Besuk apa nggone seba putraningsun / Pan ingsun utusan mapag / Mring putrengeng Nini Putri //

39. Ing benjang respati sowan / Sri Narendra ngandika Lah ya uwis / Sun tarima bektenipun / Age sira balia / Tur sandika duta nembah sigra mundur / Sapengkere ponang duta / Sang Nata ngandika aris //

40. Inggih Paman Mandaraka / Benjang Kemis den sudhiya ing jurit / Ingkang methuk putraningsun / Aneng jaban negara / Tur sandika sang Nata kondur ngedhatun / Kang sewaka sampun bubar / Sedaya mangati-ati //

41. Duta tan kawarneng marga / Lampahira ing Mangir sampun prapti / Katur saatur ingutus / Miwah wewelingira / Sri Narendra Mentaram sedaya katur / Ki Ageng suka ing nala / Sigra angundangi dasih //

42. Sumekta enjinge budhal / Wong ing Mangir kerig samya umiring / Gegaman wetara sewu / Tuwin ingkang bebektan / Raja putri tinitihaken tandu / Tanapi Ni Adisara / Tan pisah kalih sang Putri //

43. Upacarane bra sinang / Jajare merapit kanan kering / Ki Ageng busana murup / Ki Baru datan tabah / Munggeng kanan Ki Geng nitih mungguh / Ginarebeg sentanannya / Kinubeng gegaman asri //

44. Lir pindah binayang karya / Dhasar bagus wau Ki Ageng Mangir / Abusana adiluhung / Lir pendah Partaajmaja / Raja putri lumampah munggeng ing ngayun / Upacara munggeng ngarsa / Ing wuri wongmager sari //

45. Gotongan lampah ngarsa / Ingkang badhe katur Raden Mentawis / Apan kathah waranipun / Gotongan myang rembatan / Lampah ndulur asri munggeng ing marga gung / Rembeg lampahireng wadya / Akathah tiyang ningali //

46. Ing Mangir sampun kawuntat / Lampahira Karasan sampun prapti / Arerep wonten ing ngriku / Ngasoen wadyabala / Kawarnaa Sri Narendra ing Mentarum /  Njing miyos siniwaka / Pepak kang para dipati //

47. Sang Dipati Mandaraka / Munggeng ngarsa lan Pangran Mangkubumi / Tuwin Pangran Singasantun / Pangran Dipati Kanan / Pangran Puger punika ingkang sumambung  / Jeng PangranJagaraga / Pangran Purbaya nambungi //

48. Sang Dipati Mandaraka / Neng Sitinggil wau dennya miranti / Bupati maglaran sampun / Miwah mantri Mentaram / Enengana kang lumampah / Sira Ki Ageng ing Mangir //

49. Gancanging carita prapta / Sudimara wau Ki Ageng Mangir / Pangeran Mangkubumi menthuk / Dhumateng ingkang putra / Nulya rerep sira Den Ajeng Pembayun / Umatur dhateng kang raka / Nenggih Ki Ageng ing Mangir //

50. Lah punika Kangjeng Paman / Pangeran Mangkubumi ingkang satunggil / Paman Pangran Singasantun / Amethuk ing kawula / Ki Geng Mangir sangking turangga tumurun  / Aris denira lumampah / Panggih Jeng Pangeran kalih //

51. Ki Baru tan kena tebah / Raden Ayu Pembayun medhak aglis / Lumajeng angraup suku / Ngabekti mring kang Paman / Sekaliyan kang paman sami ngemu luh / Sang Dyah sumungkem karuna / Wus kinen tata alinggih //

52. Ki Ageng Mangir salaman / Lan Jeng Pangeran Mangkubumi gumanti / Jeng Pangeran Singasantun / Wus sami tata lenggah / Namudana Pangran kalih mring kang rawuh / Nuwun Ki Geng Mangir turnya / Pangeran ngandika malih //

53. Dhuh angger lampah manira / Pan ingutus ramanta sang Nerpati / Methuk arinta sang Ayu / Ping kalih jengandika / Kaping tiga manira kinen sung pemut / Yen panduka arsa sowan / Dhateng ramanta sang Aji //

54. Sampun sagelar sapapan / Langkung ewet sang Nata tan manggihi / Tan taningal seca tuhu / Ngabekti wong atuwa / Yen sembada Angger luwung kinen mundur / Sagunge ingkang gegaman / Rumeksaa dalem Mangir //

55. Menawi andika lama / Neng Mataram ing wuri langkung watir / Dene ingkang atut pungkur / Amungna upacara / Nadyan gaman mungna sawetara tumut / Pantese sowan ing Nata / Sampun angaget-ageti //

56. Bupati andher aseba / Para mantri Majegan sampun nangkil / Prajurit barisnya tepung / Munggeng alun-alun aglar / Ingkang saos badhe methuk sang Dyah Ayu / Ingkang sangking pangambaran / Saha prayitna ing westhi //

57. Sang Nata alon ngandika / Paman Mandaraka sumangga kardi / Manira wonten kedhatun / Ing jawi jengandika / Sang Dipati sandika ing aturipun / Dipati Mandaraka nabda / Lah ta Kulup Mangkubumi //

58. Lawan kulup Singasekar / Lah methuka aneng jaban negari / Mantri Majegan kang milu / Den prayitna ing baya / Yen si Mangir deniring gegaman agung / Den andhega Sudimara / Aja akeh ingkang ngiring //

59. Sira Puger Purbaya / Lah methuka Danalaya den aglis / Wong Kajoran ingkang milu / Yen Mangir prapteng kana / Gegamane andhega aja leh milu / Mung karia upacara / Kang ngiringi mlebu negari //

60. Dene sagung pra nayaka / Aseba aneng ing Pancaniti / Wiroguna ingsun tuduh / Sebaa Panguraken / Yen si Jebeng Mangir prapta aneng riku / Andhege upacaranya / Muga kekasih kang ngiring //

61. Tuwin para sentananya / Ingkang ngodhe jalu miwah pawestri / Ngiringa marang kedhatun / Sun aneng Brajanala / Gung prajurit barisa pendhem sedarum / Densamun den ngati-ati //

62. Sedaya matur sandika / Sigra budhal Pangeran Mangkubumi / Lan Pangeran Singasantun / Lan Mantri Pamajengan / Sampun prapta Sudimara nggennya methuk / Pangeran Puger Parubaya / Ing Danalaya miranti //

63. Tanapi wadya Kajoran / Wiroguna Pangraken miranti / Prajurit ngubeng kedhatun / Nanging samun barisnya / Sri Narendra sampun kondur angedhatun / Dene sagung para putra / Sedaya neng Srimanganti //

64. Ki Ageng Mangir nuwun turnya / Pinaringan prayogi anglampahi / Wadya ingundhangan mantuk / Rumeksa ing wuntat / Mung karia nderek wong patang puluh / Lawan wadya upacara lan gegawan mbacut sami //

KI AGENG MANGIR LENA

P A N G K U R

1.   Wus bubar sagung gegaman / Mantuk dateng Mangir rumekseng wengi / Ing enu datan winuwus / Ki Geng Mangir wus mangkat / Pangeran Mangkubumi kang ngirid ing ayun / Ing Danalaya kapapag / Pangeran Puger Dipati //

2.   Kawetareng gya tedhak / Sang Retna Pembayun aningali / Yen kang rayi kalih metuk / Matur dhateng kang raka / Jeng Kiyai punika Adhimas methuk / Pangeran Puger Purbaya / Ki Ageng Mangir nuruni //

3.   Sakedhap tata alenggah / Pangeran Puger namudana amanis / Ki Geng Mangir matur nuwun / Pangeran malih nebda / Kula ngutus ing Nata kinen amethuk / Kakangmbok lan jengandika / Lajenga manjing negari //

4.   Nging sampun mbekta gegaman / Sri Narendra tyas langkung sangga runggi / Sami kantuna ing enu / Namungnya upacara / Lan bebektan lajengan tumut laju / Ki Geng Mangir tur sandika / Wong kawan dasa ken kari //

5.   Amung kari upacara / Sigra lajeng lampahira lestari / Prapta Pangurakan methuk / Tumenggung Wiroguna / Lan umatur mring Ki Ageng Mangir wau / Angger gunging upacara / Panduka antun neng riki //

6.   Pangeran catur lajeng sigra / Tur uninga ing Jeng Sri Narapati / Prapteng byantara umatur / Putranta sampun prapta / Lan pun Mangir kendel Pangurakan dangu / Ngantosi karsa paduka / Sang Nata ngandika aris //

7.   Lah wong gandhek timbalana / Putraningsun lan si Jebeng Mangir / Lajua marang kedhatun / Hangywa suwe neng jaba / Nembah lengser wong gandhuk lampahnya gupuh / Sampun prapta Pangurakan / Ki Ageng dipun dhawuhi //

8.   Nedha Ki Ageng ngandikan / Lan arinta tumameng jroning puri / Raja Ji angayun-ayun / Ki Ageng tur sandika / Retnaning dyah pinethuk jempana sampun / Lajeng Ki Ageng andharat / Ki Baru tan keri tebih //

9.   Ginerbeg sentananira / Prapteng Pancaniti tedhak sang putri / Lajeng minggah Sitiluhur / Ki Ageng datan tebah / Lan Ki Baru prapteng Brajanala sampun / Dipati Mandaraka mapag / Mring wayah angemu tangis //

10. Apan sarwi kapang-kapang / Pangandikanira arum amanis / Adhuh Nyawa putraningsun / Tan nyana meksih gesang / Sun ulati alami datan kepanggah / Sun sebar keh wong Mentawis / Njajah desa milang kori //

11. Ing wana arga sinasak / Ingulatan ameksa tan kepanggih / Ingsun nyana sampun lampus / Mangke sira pinanggya / Mring Mas Putu ing Mangir langkung jumurung / Wus sami tata alenggah / Kemandhungan amiranti //

12. Sang Retna ngaturi priksa / Mring Ki Ageng Mangir wecana manis / Punika Jeng Eyang tuhu / Dipati Mandaraka / Keng nguyunu sedaya tiyang Mentarum / Jeng Rama inggih tan wikan / Sampun dening Yang Dipati //

13. Sang Retna lajeng ngabektya / Mring kang kinen alungguh / Dipati Mandaraka / Namudana Ki Ageng Mangir tur nuwun / Sang Dipati malih nabda / Putu sun asung prayogi //

14. Sira ngabekti sudarma / Lan Narendra nganggo tataning nagri / Tan kena tumbak malebu / Marang sajroning pura / Lah kantuna ampilanira sun tunggu / Ki Ageng ewe ting driya / Adangu tan kena angling //

15. Kumejot sarjoning manah / Dadya matur sang Retna ngasih-asih / Sampun walang driya tuhu / Punika Kanjeng Eyang / Dipitados sampun lampahing praja gung / Lumebet sajroning pura / Tan kenging gegaman ngiring //

16. Ki Ageng nuruti garwa / Atur sembah Sumangga Jeng Kiyai / Tan dangu Ni Lurah rawuh / Ndhawuhaken timbalan / Nedha Gusti Panduka ngandikan Prabu / Lumebeng dhatulaya / Panduka Gusti rumiyin //

17. Sang Retna lajeng mring pura / Sri Narendra lenggah gegilang adi / Kang rayi kalih neng ngayun / Pangeran Mangkubumnya / Lan Pangeran Singasari keringipun / Pangeran dipati ngarsa / Pangran Puger Purbayekti //

18. Sang Retna sareng katingal / Lan Dirasa ingawe sang Nerpati / Aklih majeng awotsantun / Prapteng byantara Nata / Dyan sumungkem ing suku ngusapi lebu / Sang Retna sarwi karuna /Sang Nata ngandika aris //

19. Adhuh Nyawa sun tarima / Wis menenga aja sira anangis / Mundura mring dalem pungkur / Lan sira Adisara / Dinuk ngliring Disara dugeng ing kalbu / Sang Retna tur sembah medhak / Kondur dhateng dalem wingking //

20. Pangran Mangkubumi medal / Lan kang rayi Pangran Singasari / Prapta Kemandhungan sampun / Ndhawuhaken timbalan / Lah Ki Ageng Mangir ngandikan sang Prabu / Malebeng sajroning pura / Sandika Ki Ageng Mangir //

21. Kerid marang Jeng Pangeran / Kang ampilan sentana kantun jawi / Ki Ageng prapteng kedhatun / Munggeng byantara nembah / Dyan ingawe Ki Ageng aseleh dhuwung / Majeng ndhadhap prapteng ngarsa / Sumungkem pada Nerpati //

22. Sang Nata emut ing driya / Dukanira ing kuna andhatengi / Ki Mangir sirah dhinengku / Ketanggor sela gilang / Kapisanan Ki Mangir sirahnya remuk / Sang Nata anulya jengkar / Sinamun dennya ngemasi //

23. Layon sampun sinaenan / Winedalaken mring pabutulan kering / Sang Ywang Radiktya meh surup / Pangran catur wus medal / Sampun panggih lan sang Adipati gupuh / Wau ta Ki Mandaraka / Sampun anempeni wangsit //

Advertisements
Posted in IMAN TAUHID MAKRIFAT ISLAM

IMAN TAUHID MAKRIFAT ISLAM


IMAN TAUHID MAKRIFAT ISLAM
I T M I

 Alih bahasa tanggal 3 Maret 1953

 Karangan :
Tahun 1791 Jawa atau Tahun 1862 Masehi

Oleh :
R. Ng. Rangga Warsita


BISMILLAHIRRAHMANIRRAHIEM

Prawacana

Dyan punika rake ingkang winastan wirid “Iman-Tauhid-Makrifat-Islam” inggih bapa-babunipun sedaya wirid ingkang adedasar falsafah Islam. Ingkang wonten ing jagad Kejawen, ugi karan wirid “Catur-Wiwara-Werit”, Catur : sekawan, Wiwara : margi, Werit : rungsid. Liripun wedaran sekawan tataran margining panembah jati ingkang sekelangkung rungsidipun. Awit menawi klinta-klintu ing penampi, bebasan umese “marta” temahan “wisa”. Amila kala sugengipun para Waliyullah ing tanah Jawi duk jaman kraon gung Bintara (Demak) kala rumiyin dumugi sapriki : wirid wau tansah dados kekeran, pilih-pilih ingkang udani, jer boten kasiyaraken daten ngakatah, inggih jalaran ngawekani klinta-klintuning penampi punika wau.

Duk kala sekawit : para Waliyullah ingkang tinanggenah dening Negari amemejang babagan panembah jati punika, wejanganipun sami adapur perlambang tuwin mawi basa ingkang sinandi, ananging boten ringsed saking paugeran kekeran wau.

Wiwit jaman Demak, dumugi jamanipun panjenengan dalem Nata Sultan Agung ing Mataram, taksih lestantun kados makaten, jer wiwit jaman Demak dumugi jaman Mataram wau : ayahan memejang babagan panembah jati punika kalebet bebadaning Negari ingkang wigatos, ingkang katindakaken dening para pinicados. Pratelaning asma-asmanipun para pinicados amemejang wau kaewrat wonten ing serat “Hidayat Jati” karanganipun Sang misuwur jagad tetiga swargi Ki Pujangga Raden Ngabehi Ranggawarsita.

Ananging lamining alami, satemah katah ingkang sami amemejang kalayan dedemitan, boten kapriksan dening Negari, tuwin katah ingkang nyade ayating pangeran kalayan regi mirah (= mengku pamrih mligi babagan dunia) lajeng katah wirid utawi wedaran ingkang mingsed sakedik tuwin mingsed katah saking paugeran kasebut nginggil. Umumipun wirid-wirid ingkang makaten wau kawadekaken asli saking primbon Elaranipun Wali anu utawi Nabi anu, terkadang kawadekaken angsalipun saking seratan gaib utawi swara gaib, sapanunggalanipun.

Sabakdanipun jaman Mataram, inggih wiwitipun jaman penjajahan ingkang letantus  tumindak kantun wirid-wirid jaman ingkang dedemitan wau, mekaten selajengipun, dumugi saderengipun jaman Indonesia Merdeka.

Pangriptanipun serat punika gadah pemanggih, bilih ing jaman Indonesia Merdeka tuwin jaman majengipun akal pikiran semangke punika, boten wonten pakewedipun ambabaraken sedaya kekeran ingkang mlingit punika, sinartan katrangan sajelas-jelasipun, ingkang saged katampi dening akal lan pikiran. Pinten banggi saged dados urun-urun tumrap tujuwan pembangunan lahir batos ing wekdal sapunika. Pangubahipun kadapur pawicantenanipun, mitra kekalih, sami dene migunakaken basa Ngoko Andap jaman punika.

Wusana menawi wonten para nupiksa ingkang kasdu nyaruwe, senajan kadon pundi kemawon wedalipun, bade katampi kalayan suka pirenaning manah, saha ngaturaken genging panuwun.

Tinengeran : AMARNA SALIRA BRAHMANA SAMADI.

Ngayogya, 3 Maret 1953

Salamipun

PANGGRIPTA

CAP-CAPAN INGKANG KAPING III

Isinipun cap-capan ingkang kaping III punika sami kemawon kaliyan ingkang cap-capan I lan II, namung ingkang pinanggih tempat dipun leresaken seperlunipun. Punopo dene rumiyin stensilan sapunika kaeaping pangecapan. Punika satunggaling kamajengan ingkang jalaran saking pembiyantunipun para mitra langganan kita. Amila kita ngaturaken genging panuwun.

Penerbit

CAP-CAPAN INGKANG KAPING III

Wirid “ I T M I” Cap-capan ingkang kaping IV punika sami kemawon kaliyan ingkang kaping III, namung ejaanipun abjad-abjadf Qur’an tuwin lan Hadiest kasantunan miturut ejaan ingkang kalimprah.

Penerbit

BAB I. BEBUKANING WIRID

1. MITRA.

Mas, sowanku mrene ono prelu kang rada wigathi, nalare mengkene : bareng umurku wes ngancik satengah abad iki, teka prak-prek kerep lara, mengko gek aku iki wis nyedaki marang janjiku. Mangka aku iki suwung blung, ora duwe ngelmu secuwil-cuwila.

Ana kang nekad ake yen mati iku wis “bar”, ora nemu lelakon apa-apa, nanging aku ora wani tiru-tiru duwe tekad (i’tiqaad = gegebengan) mengkono iku. Sabab umpama mengkonowa, temah ora ana wong ngudi ngelmu utawa nindakake dawuhing agama. Mokal yen wong kang sabegyan akeh banget iku pada bodo banget, nganti ana kang ora merlokake babagan dunya, saka bangeting marsudi ngelmu lan agama. Mokal umpama wong-wong mau mung wedi marang ujar gegorohan bae.

Cekake : anggonku wingi-wingi ora ngupaya ngelmu iku, ora jalaran aku wis mbundeli kapercayan kaya mangkono, mung saka lagi kalimput dening panggodaning hawa napsu bae. Hlo iku matur sak barese. Lagi saiki aku katuwuhan osik nedya ngupaya ngelmu, bareng wis ………. rumangsa tuwa iki.

Hla iku mas, amit-amit sewu, tak kira panjenengan uga kagungan butuh kaya aku. Mulane yen panjenengan dangan ing panggalih, ayo pada bebarengan ……… meguru. Dadi enome tunggal pesaban, tunggal pekareman, tuwane tunggal cecepan (wiriding guru), tunggal gegayuhan. Tetep dadi sedulur ndunya ngakerat. Rak iya ta, mas???

1. DARMA.

Di, sampeyan ngajak bebarengan meguru iku aku bungah banget, sebab aku ngerti yen pengajak mau tuwuh saka katresnan. Nanging ngendika sampeyan iku perlu tan onceki disik, kang uga ketarik saka rasa sih tresnaku.

Pancen, penemune wong akeh-akeh, iya kaya panemu sampeyan iku, anggone ngudi ngelmu ke-Tuhanan iku mung kanggo babagan ngakerat utawa babagan pati, mulane elinge ngudi : bareng wis tuwa, rumangsa wis nyedaki mati. Hla iku satemene ………. kliru :

I. Perkara pati iku ora milih umur. Ana kang mati isih bocah, mati enom, mati setengah tuwa, mati tuwa, mati tkluk-tikluk.

II. Ngelmu ke-Tuhanan iku ora mung maedahi tumrap babagan ngakerat utawa babagan pati bae, sejatine uga maedahi banget tumrap uripe ana ing ngalam dunya iki, kayata njalari kadunungan rasa : tatag, tanggon, tentrem, gembira, begja, …….. kang ringkese rumangsa kepenak.

Dadi : kita, kang elinge ngudi ngelmu ke-Tuhanan bareng wis tuwa iku satemene ……….. kasep, ananging ija isih rada becik kasep, tinimbang ora babar pisan.

Mulane uwong kang pinareng pinaringan umur dawa, iku bisa ateges nugraha, uga bisa ateges siksa. Senajan kasep, nanging banjur eling, iku kena diarani pinaringan nugraha umur dawa. Dene kang ora nganggo eling, iku umure dawa tetep aran siksa. Amarga wis ora tedas pangan kang mirasa, ora tamat ndeleng sesawangan kang adi endah, suda pengrungune, tininggal para kekasihe, ndadak sedina-dinane isih tansah bentayangan bae.

Hla sampeyan ngajak bebarengan meguru iku, apa wis kagungan wawasan : sapa lan ngendi daleme ?

2. MITRA.

Uwis, mas !! Lan ora mung sedulur siji loro kang pada ngandakake, yen guru mau pancen peng-pengan temenan. Kayata pirsa kelakuwan lan batining wong, pirsa lelakoning wong kang wis kepungkur lan kang durung kelakon. Mulane para muride iya pada wedi asih, amarga gurune asotiya Batara mengkono iku : samobah mosike kapirsan kabeh. Kawasan lan kawaspadan mengkono iku bokmenawa kang diarani “helderziend” kae, apa “okkultist” aku ora ngerti.

Nanging kaluwihane ora mung mungkono bae mas !! Kayata yen muride nemu ribed anak bojone lara, disuwunake tamba mrono, ……. bisa ces pleng pleng temenan. Ribed apa bae, janji matur uga diparingi pitulungan daya kekuwatan gaib, mulane akeh para siswane kang pada nemu kamulyan ana ing masarakat iku, kayata kang laku dagang bisa sempulur dadi lan sugihe, kang Cekel gawe enggal munggah pangkate, mundak bayare.

Ana maneh ksng elok, mas !! Ana salah siwijine siswa kang disereg ing pengadilan perkara kriminal rada abot. Miturut panemu-panemu kang dedasar yuridisch, mesti kokum. Bareng tekan ing dina putusan, ndadak ………. bebas, kaanggep perkarane kurang terang. Ora liya, sebab siswa mau diparingi sarat dening gurune kang linuwih iku mau.

Hla kaelokane liya-liyane kang umume diarani kadigdayan, kanuragan, kawijayan, ………… wi aja mundut pirsa, mas. Cekake sarwa ana sarwa mumpuni, lan uga diparingake marang muride kang duwe penyuwun.

Emane daleme ora ana ing Negara kene. Nanging iya ora kagolong adoh banget saka kene, lan ora kalebu rekasa lakune upama sowan mrana, jer daleme iku ora adoh saka palerenan sepur utawa bis.

2. DARMA.

Mengko ta, di! Asmane lan daleme aja sampeyan ngendikake disik, perlune pangrembug kita bisa mung apa anane bae (obyektief). Yen wis tau krungu asmane, daleme lan riwayate, luwih-luwih yen wis tau kepetuk utawa kenal karo priyayine, bokmenawa pangrembug kita banjur kawoworan sentimen.

Satemene aku kurang mangerti marang ngendika sampeya niki mau. Kaya-kaya sampeyan mau ajak-ajak bebarengan golek ngelmu patitising pati, sarehning rumangsa wis sepuh, bokmenawa sawayah-wayah tumekaning janji. Aku banjur koreksi satitik, yen ngelmu patitising pati iku ora liya ngelmu ke-Tuhanan, sarta ngelmu ke-Tuhanan iku satemene uga migunani tumrap urip kita ana ing ndunya iki.

Tuture karo ngendika sampeyan sakawit mau, mestine upama kita iki sida meguru, iya kudu ngupaya guru kang sampurna ing kawruh pati patitis. Yen turute karo kandaku, kudu ngupaya guru kang sampurna bab ngelmu ke-Tuhanan, kang kanggo ing kene kana (urip ana ing ndunya lan sawise tinggal dunya). Rak iya, ta?

Nanging ngendika sampeyan kang keri iki mau teka mung ngrasani kaluwihane sawijining priyayi guru ing babagan ngelmu werna-werna, kang garise gede kalebu ngelmu sihir lan babagan pedukunan. Kepriye kaluwihane babagan patitising pati utawa babagan ke-Tuhanan, apa teorine  dalah  prakteke pisan,  – malah  ora sampeyan ngendikakake.  Yen  mung  durung  dingendikake  ………..  bok  coba dingendikakake pisan.

Hla saupama kaluwihane ya mung kaya kang wis sampeyan ngendikakake mau, rak ora cocog karo kebutuhan sampeyan ta? Apa pancen kebutuhan sampeyan kang ka-ingsedake saka sakawit ? Kayata kaingsedake : bokmenawa yen ana perlune butuh pitulungan daya gaib : wis  cumepak,  sukur  ketularan  kagungan  kaluwihan  dewe.  Apa mengkono ?

3.  MITRA

Yen kebutuhanku mono tetep, mas, ora owah saka sakawit. Hla saupamane kita oleh guru kang kagungan kaluwihan werna-werna iki mau, rak iya marem, ta? Apadene saumpama kita satitik-satitik bisa ketularan kaluwihaning guru mau kae, ra iya luwih prayoga, ta ?

Mareme lan luwih prayogane iku, ora jalaran aku kepengin oleh pitulungan ngelmu sihir utawa kepengin medukun, apa maneh kepengin bisa dadi dukun dewe, iku ora mas.

Mungguhing aku. Kabeh babagan lahir iku luwih mantep yen digarap secara lahir uga. Kayata babagan lara iya mantep golek tamba marang dokter. Yen kepengin munggah pangkat, iya kudu sregep lan tumemen anggone nyambut gawe. Yen kepengin sugih anggone dagang, kudu ngerti marang kawruh dagang. Umpama kena ing perkara, iya prayoga njaluk tulung marang adpokat. Hla bab kadigdayan, pancen wiwit enom mula aku ora seneng, yen kumudu “jaga diri” aluwung sinau pencak utawa ngesak revolver. Apa maneh bab nakokake nasibing awak, saya tak siriki banget, sebab yen dibedek ala : cilik atine, yendi bedek bejik : ngendel-ngendelake.

Dene mareme umpama duwe guru kang linuwih iku, ora liya mung ngandelake piyandel, yen kita iki disidikara dening titah kang wis kecedak  karo  kang  nitahake,  – kang  Maha Kuwasa  –  mulane  iya kasinungan kuwasa : kinacek karo sapadaning tumitah. Mengkono uga luwih prayogane saupama kita bisa ketularan duwe kaluwihan setitik-satitik, ora liya iya jalaran kita ngrumangsani : maune kalimputan ing pepeteng,  jalaran  saka  tuntunaning  guru  banjur  oleh  pepadang sawetara.

Bab ngelmu ke-Tuhanan kang panjenengan ngendikakake iku mau, aku ora dikandani dening para sedulur kang wis tau nyuwunberkah mrana, apa teorine bae, apa teori dalah praktike pisan. Umpama dikandanana,  terkadang  iya  klira-kliru anggonku  ngaturake  marang panjenengan, awit aku durung terang, endi kang aran ngelmu ke-Tuhanan, endi kang kelebu sihir, lan pedukunan iku. Saka pengiraku, sarehning wis jeneng kecedak iku mau, mesti ngelmune ke-Tuhanan uga wis luwih sampurna tinimbang karo kang durung kecedak.

Hla mungguh pamanggih panjenengan kepriye ?

3.  DARMA

Panemu sampeyan : kabeh babagan lahir iku luwih mantep utawa matuke kudu digarap secara lahir uga, iku aku mupakat banget. Malah saka keyakinanku mengkene :

Kawruh  kelahiran  (wetenschap)  karo  kawruh  kebatinan (mystiek) iku umpama suruh mono : lumah lan kurebe, pada duwe kawujudan dewe-dewe. Siji-sijine pada drajate lan pada pigunane, ora teka kang siji luwih luhur lan luwih migunani tinimbang sijine.

Dadi : saupama mystiek iku bisa tumindak bebarengan karo wetenschap, kang ateges bisa ngiseni kekuranganing wetenschap, iku becik banget. Sebab yen anggonku ngumpamakake suruh mau bener, amesti kurebe ora bisa ditonton saka lumahe, lumahe ora bisa ditonton saka kurebe. Sampurnane yen ditonton lumahe lan kurebe.

Naning  yen  ana  kang  duwe pengira  : mystiek  iku  bisa “,mengatasi” wetenschep, sarta duwe pengira : luwih mitayani kanggo nggarap babagan lahir, hla iku mesti bakal ………. kecelik.

Mula kepara nyata, sok ana kedadeyan : wong lara digarap dokter,  wis  lawas  durung  bisa  waras,  malah  dokter  durung bisa nemtokake lelarane, bareng didukunake : dukune ngerti sebab-sebabing larane, lan bisa maluyakake. Nanging kang mengkono iku ora kena dipastekake, mulane uga ora kena dienggo bukti yen mystiek iku menang luhur tinimbang wetenschap.

Upama kawruh padukunan iku mau luwih mitayani tinimbang kawruh  kedokteran,  amesti  sekolahan-sekolahan  dokter  bakal kekurangan  murid. Yen arep ana pertandingan rebut title “,juara”, amesti para pemaine ora pati merlokake latihan, kang diperlokake golek dukun utawa pati geni. Yen arep ana pilihan warga ing “dewan perwakilan” amesti ora pada mempeng anggone gawe propaganda, mung mempeng pada golek sarat. Lan bisa kedadeyan ana delegasi ing sawijining konperensi banjur nanda tangani reketek-reketek bae, sebab kedayan dening perbawane gaib delegasi lelawanane rembugan.

Kabeh iku aku wani netepake ……… ora bakal kelakon! Awit kemajuwaning perkara lahir iki kabeh wis miturut garis kodrating Pangeran.  Mulane  Pangeran  mesti  ora  bakal marengake  ananing kedadeyan-kedadeyan kang anjalari wurunge kemajuwan iku mau. Hla yen mung kaelokan remeh-remeh kang ora dadi alanganing kemajuwan lahir iku mau : mung jalaran saka percayane, iya kapercayane iku mau kang dadi tamba.  Hlo wong kang dibebasake perkarane iku mau, mestine ya pancen kurang terang temenan, senajan nyata nindakake penggawe. Mengkono sapiturute.

Dadi  : aku  mupakat  karo  panemu  sampeyan,  yen  kabeh babagan  lahir  iku  luwih  prayoga  digarap  secara  lahir  bae. Sebabngelmu “kebatinan” dianggo nggarap babagan “kelahiran” iku kurang mitayani. Hla ngelmu kebatinan kang ora dianggo nggarap babagan lahir iku kang tak jejuluki ngelmu ke-Tuhanan iku mau.

Mulane teruse ngendika sampeyan mau kae : aku ora mupakat. Sampeyan  kagungan  panemu  :  saupama  kita  bisa  ketularan duwe kaluwihan  setitik-setitik,  kaanggep  jalaran  maune kalimputan  ing pepeteng  banjur  oleh  pepadang  sawetara. Kaluwihan  iku  dudupepadang, di !

Umpama aku ngucapake :

“Niyatingsun  matek  aji  :  ajiku  si  jaran  goyang. Cemetiku sada lanang. Sun sabetake bumi : bengkah, sun sabetake segara : piyak, sun sambetake langit : mendak, sun  sabetake gunung : gempal, sun sabetake atine si Anu : dadi edan. Ora edan dadi moyar, ora  moyar  dadi  gendeng.  Ora  pati-pati  mari  yen  ora teka  ing ngarepku”

Banjur si Anu teka temenan ana ing ngarepku, hla iku aku rak jeneng duwe kaluwihan, ta ? Nanging apa aku ateges oleh pepadang??? Upama maune peteng, rak malah saya andedet keworan mendung, tadi ? Ha, ha, ha !

Mengkono uga bab guru kang kagungan kaluwihan werna-werna mau kae. Yen sampeyan kagungan piyandel : kaluwihane utawa “kuwasane”  iku  dadi  pratanda  anggone  kecedak  karo kang  Maha Kuwasa ……. Aku ora bisa nderek. Amarga panemuku mengkene.

Miturut nalar (logika) : wong kumawula marang kang Maha Suci iku sarate iya kudu nglelatih suci, Kamawula marang Maha  Adil sangune kudu ngelatih adil. Cekake sipat-sipating Pangeran iku kudu ditiru.  Hla yen sarat-sarate anggone kumawula marang  kang Maha Kuwasa iku, wis dilakoni, insya Allah uga bakal kasinungan kuwasa.

Nanging sampeyan aja kliru tampa ! Mungguhing Pangeran, sucine, adile, lan sipat liya-liyane iku mau dudu ukuran ing ndunya, hlo? Mengkono uga kuwasane, uga dudu kuwasa ukuran ndunya.

Suci  Mungguhing  ndunya iku  ateges  resik,  ora ketaman rereged, nanging suci mungguhing Pangeran iku ora mbedakake kang resik kelawan kang reged. Adil mungguhing ndonya iku, sapa temen : tinemu, sapa salah : seleh, sapa goroh : growah, sapanunggalane; nanging adil mungguhing Pangeran iku terkadang kang jujur : kojur, kang korup  (korrupt)  :  kecukup,  kang  curang  :  ngedangkrang,  lan sapanunggalane. Hla kuwasa mungguhing ndunya iku kang elok sarwa nggumunake iku mau; nanging kuwasa mungguhing Pangeran mung bares-baresan bae, awujud kodrat kang gumelar iki, kayata srengenge lakune ajeg, tanpa di-steer, lombok, enome ijo tuwane abang, tanpa di-ecet, mengkono sapanunggalane.

Lan maneh sampeyan mau kagungan pengira, yen titah iku ana kang kecedak karo kang nitahake, ana kang ora kecedak, hla iku aku wani netepake : k l i r u. Sebab daliling Quran andawuhake : wa huwama’akum aina maa kuntum wa allahu bima ta’maluuna bashirun (Al-Hadid : 4 = Panjenengane Allah tan pisah kelawan sira ana ing ngendi bae lan pirsa samubarang tindakira). Ing surat mau ayat 6 andawuhake : wa huwa ‘alimun bidzaatishshuduri (Panjenengane nguningani sajroning atinira). Ana ayat maneh kang mratelakake : “Allah iku luwih cedak tinimbang otot bebayunira”. Hlo rak ora nganggo pilih-sih ta, di? Nanging si titah, ana kang ngerti ana kang ora, ana kang percaya ana kang ora.

Karo dene maneh, di, ngendika sampeyan “kita di-sidikara dening  guru kita” iku satemene  aku ora pati ngerti.  Yen tembung “sidikara” iku sampeyan tegesi “perbuat”, hla iku genah salah. Sebab selagine  para  Nabi-Wali  bae  mboten saged nyidikara  sapadaning tumitah, tandane ora setitik kang pada kapir. Sagede mung nedahake Shiraatha’lmustaqiem (dalan kang bener) tumrap kang gelem nggugu. Mengkono uga kang jumeneng guru, sagede mung paring sesuluh babarane si murid : mani ahtadaa faannima yahtadi linafsihi wamandlalla faannima yadlillu ‘alaiha (Israa’ : 15 = sapa kang oleh pituduh iku pituduhe kanggo awake dewe, lan sapa kang sasar iku sasare uga tumrap deweke dewe). Tegese awak liya iku ora bisa nyidikara awak seje.

4.  MITRA

Wah,  panjenengan  ki  njlimet  banget,  nganti  ngonceki tembung “sidikara” barang.

Ngandika panjenegan  iku mau  kabeh  : aku wis tampa nanging ana kang durung ceta.

Kaya-kaya  panjenengan  kagungan  panemu,  yen  kabeh kaluwihan kang elok-elok iku kagolong ngelmu sihir utawa bangsaning padukunan. Mangka miturut critane para sepuh : para Nabi lan para Wali iku uga pada kagungan kaluwihan mengkono mau. Hla iku apa iya kagolong sihir ? Lan maneh aku tau krungu , jare kaluwihan iku ana kang “khak” ana uga kang “silihan”. Hla iku kepriye bedane ?

4.  DARMA

Bab kaluwihan kang elok-elok iku ora mung adapur dongeng timbal-tumimbal (overleveringen) utawa carita ing layang babad bae. Kang nyritakake kaluwihane para Nabi, uga kasebut ana ing kitab-kitab agama.  Dadi  kaluwihan  kang  dudu  sihir  iku  ya  ana,  katrangane mengkene.

Kaluwihane  iku  garise  gede  ana  werna  4,  yaiku mukjijatin Nabi, kramating Wali, mangunahing Mukmin, istijrating Kapir.

Nanging kaluwihan elok-elok kang kasebut ing babad utawa kitab agama iku ora kabeh letterliyk : kedadean temenan; ana uga kang mung  perlambang  utawa  pangupaman  bae.  Dene  kang  kedadeyan temenan iku ringkese; mukjijat, kramat lan mangunah iku, titahe kang kasinungan kaluwihan pada ora ngrumangsani anggone kasinungan. Mulane wetune kaelokane iku mesti ora kejarag lan ora obral-obralan. Kayata :

Sunan  Kalijaga anggatukake mustakane masjid  Bintara karo Ka’bah, iku mung perlambang, panjenengane saged nyiyarake piwulang agama Islam asarana kabudayan Jawa : gamelan sekaten lan wayang purwa. Dene ceritane Sunan Benang nudingi wit aren, iku satemene panjenengane mung ngendika bares-baresan bae : “i k u (= aren, yen diupakara pametune diklumpukake) ………. r a k   e m a s! ndadak miturut pandelenge si begal : uwite aren, sapapahe, sakolang-kalinge, pada dadi emas kabeh. Yaiku kang diarani kramating Wali.

Hla  critane  Nabi  Ibrahim  dinawuhan  dening  Pangeran nyembeleh putrane, banjur liniru cempe, iku mung pangupaman bae ; panjenengane ngebotake bektine marang Pangeran tinimbang bangeting tresna   marang  putrane. Pangeran  ora  nate  dawuh  marang  titahe mengkono iku, lan ora nate main sulapan bocah liniru cempe. Dene critane Nabi Musa digegila dening ula sepirang-pirang saka para tukang sihire Sang Fir’aun, iku satemene Nabi Musa banjur ngoncalake tekene bares-baresan bae, amarga saka gilane. Wusana teken mau banjur katon ngamuk  nguntali  ula  sapirang-pirang  mau.  Yaiku  kang  diarani mukjijating Nabi.

Mengkono  uga  kang  diarani  mangunahing  Mukmin, si mukmin kang kasinungan kaluwihan uga ora ngrumangsani kasinungan. Wetune kaelokan kangaran mangunah (ma’unatun = pitulungan) ya mung bares-baresan bae, saka pasrahe marang Pangeran, ora jalaran diniyati.

Dene yen wonge kang kaseren kaluwihan iku ngrumangsani anggone kaserenan, sarta wetune kaluwihan kang elok-elok iku sarana diniyati, iku kaluwihan kang saka parentahing napsu, yen olehe kaserenan kaluwihan  iku  pancen  digayuh,  hla  iku  dawuhing  setan,  sakarone kagolong istijrating Kapir (mirsani : “Kunci Swarga” III : 31

Dene pitakon sampeyan bab kaluwihan silihan karo kaluwihan “khak” iku miturut panemuku mengkene :

Kaluwihan silihan iku adate mung sawatara dina bae. Kayata Kyai Anu, jalaran anggone tapa mbisu utawa tapa nurut kali, banjur kaserenan kaluwihan bisa awas lan bisa nambani nanging kabisane kang hebat iku mung sajroning 40 dina bae.

Dene  kang  dudu  kaluwihan  silihan  kang  pada  diarani kaluwihan “khak” iku, bokmenawa kang dikarepake : kaluwihan duweke dewe, awit tembung Indonesia hak utawa tembung Jawa kak iku pada ateges duwek (darbek). Yen “khak” saka tembung Arab haqq, tegese :bener (nyata), kang aran ngelmu haqq iku ora liya kejaba ngelmuning Pangeran, yaiku agama, dudu bangsaning kaelokan mengkono mau.

Anadene kaluwihan “duweke dewe” iku, mula dasar nyata ora mung sadela sirna kaya kaluwihan silihan. Nanging yen kanggo obral lan sarat-sarate ngejog daya dilirwakake, iya banjur ngabar, pepindane kaya lampu kentekan lenga : ora bisa murub maneh.

5. MITRA

Iya-iya, mas, aku saiki wis ngerti. Dadi golek guru iku iya kalebu angel. Hla guru kang sampurna ing kawruh ke-Tuhanan, iku titikane kepriye mas? Yen ana titikane, karuwan anggone ngupaya.

5.  DARMA

Titikane iku : ana, nanging pangupayane iku kang rada ora gampang. Ing layang “Wulangreh” nyebutake mengkene (Dandang Gula) : “Lamun sira amaguru ngelmi, amiliha sujanma kang nyata, ingkang becik martabate, sarta kang wruh ing kukum, kang ngibadah lan kang wirangi, sukur antuk wong tapa, ingkang wus amungkul, tan melik pawewehing Lyan, ……

Sujana kang Nyata = dudu avonturier, ora gleca-glece;

Ingkang  becik martabate =  durung  tau  diukum  krana perkara kang ngisin-ngisini;

Kang Wruh ing kukum = ngerti temenan marang hokum (angger-angger) agama, sukur hokum liya-liyane;

Kang ngibadah = nindakake sembahyang sarengat, agama apa kang dadi kepercayane;

Kang  wirangi =  ora  crobo  (sembarangan)  tindake  lan kelakuwane;

Wong tapa = manggon ing gunung utawa ing praja kena bae, sok uga merangi hawa napsune;

Ingkah wus amungkul = sugih utawa mlarat kena bae, sok uga ora kronehan;

Tan melik pawewehing Iyan = ora mung sepi ing pamrihing atase barang kasatmata bae, uga pamrih kang arupa pengaji-aji. Hlo rak ya angel ta golek-golekane ? Ewadene guru kang sampeyan  ngendikakake  mau.  Aku  iya  gelem  angguroni,  idep-idepkanggo pengalaman, anggere :

a. Kita  dimerdikakake  meguru  marang  guru-guru  liyane, ora nganggo nyuwun palilah marang panjenengane;

b. Kita dimerdikake memaca buku kawruh kebatinan apa bae, ora kanggo  nyuwun  palilah  utawa  anglapurake pemaham kita  marang panjenengane;

c. Kita dimerdikakake miterang, terkadang kaya ambantah. Marang wedaran kang durung andadekake pemarem, aja nganti panjenegane duka.

6.  MITRA

Wah, wah, hla teka tirik-tirik temen. Nuwun-nuwun sewu, kersa panjenengan ki aneh, mas ! Lumrahe kang dijanji iku si murid, dudu si guru. Saupama kita sida sowan mrana, lan panjenengan iya kelahir anjanji mengkono, tak kira panjenengane guru mesti ora kersa malah gerah penggalihe rumangsa di ……… sapelekake.

Hla panjenengan kagungan kersa njanji mengkono iku sebabe kepriye mas?

6. DARMA

Hlo, guru teka gerahan penggalih ! Iku rak durung pinda samodra, durung bisa momot lan mengku marang calon siswa kang isin punggung muda.

Dene  anggonku  kumudu  anjanji  iku,  sebabe  iya  kaya ngendika sampeyan mau kae : lumrahe si murid kang tampa pepacuh ngene ngono, kang wos-wose :

(a) supaya si murid fanatiek marang ngelmu lan gurune.

(b) si guru kuwatir bokmenawa kawiyak cupeting kawruhe.

Upama ana pitakoning murid : si guru ora bisa njawab, iku pancen si guru ora perlu rikuh, sebab wong kang sampurno luwih dening sampurno, iku pancen ora ana. Mengkono ugo si guru kang duwe penganggep : mung ngelmune dewe kang bener, banjur para muride dipurih fanatiek kaya deweke hla iku iya ……… kliru.

Hla si murid kang cukup akal lan pikirane (senajan ora cerdas banget)  teka  dipurih  “menelan  mentah-mentahan”  apa sak ngendikane gurune, iku ya ora gelem, ta ! Awit babagan roh (jiwa) iku kang tanggung jawab mung awake dewe, dudu awak liya.

Ing layang “wulangreh” mau kae, uga mrayogakake kang surasane kudu ora “menelan mentah-mentahan” mengkono iku, balik kudu disaring awewaton : dalil, kadis, ijemak, kiyas. Yen ana wedaran ngelmu kang nyulayani karo wewaton werna 4 mau prayoga di …………..singkiri bae.

7.  MITRA

Hla dalah, layak bae panjenegan pinda Raden Sumantri duk arsa suwita Sri Arjunasasra, hla wong panjenengan wis kagungan gegaman kanggo ngoreksi, saka “Wulangreh” mengkono.

Mungguh wewaton kang diarani “dalil-kadis-ijemak-kiyas” iku mau, keterangane kepriye,  mas ?

7.  DARMA

Ing “Wulangreh” ora ana penjelasane perkara iku. Dene maksude tembung sarta tapsire kang progressief mengkene :

Dalil (wutuhe;  dalil  Quran)  =  ayat-ayating  Quran, yaiku kitabing Pangeran kang rineksa saka owahan-owahan. Nyatane : senajan ditarjamah ing basa werna-werna, kang asli ing basa Arab : isih ana. Dadi yen tarjamahane kawoworan sentimen (neselake panemune dewe) : gampang ketara.

Kadis (Hadiest) – dawuh pangandikane K. N. Rasul kang tinampa dening sekabat, tumimbal marang tabi’in (wong kang ketemu sekabat). Hadiest shahih = kang wis ditimbang tetela benere; hadiest qudsi = pangandikane Rosulullah kang kasebutake “dawuhing Pangeran“ dadi pada bae karo Qur’an, mulane dianggep suci (bener)  tanpa nganggo dirembug dawa dawa. Hadiest mutawatir = kang ora nganggo dirembug bener lupute, nanging akeh kang ngandakake. Dene yen timbal-tumimbale iku wis adoh : saka tabi’in tumimbal marang tabi’tabi’in, sapiturute, mangka kang minangka sanad (sendehan) durung misuwur bab katemenane, hla iku aran hadiest maudlu` (cinacad), ora kenadipercaya.

Ijemak  (Ijma’) = panemune para ngulama ahli agama Islam,  dek  jaman  semana. Sawise let  pirang-pirang  abad,  bareng  kawruhe wong wis saya maju, mesti bae panemu iku iya tambah maju (jnamisch) ora patok bangkrong bae (statisch), senajan kang minangka wewaton uga dawuhing Quran lan Hadiest.

Kiyas (qiyaas)  =  panglimbang  lan  panimbang  kang  bisa ditampa lan sineksenan dening akal lan pikiran, dadi ora mung gugon tuhon utawa anut grubyug bae. Sarehning kawruhe wong wis saya maju,mesti bae akal lan pikirane uga tambah maju, ora gampang dipengaruhi ing liyan.

8.  MITRA

Wah, hla kok panjenengan jebul wis kagunan sangu tarik-tarik mengkono. Mung saka ora weruhku bae, tibake panjenengan iki wis  kerep meguru lan memaos buku-buku, umpama kita sida bebarengan meguru, panjenengan ki ngansu pikulan warih apek geni adedamar “, beda karo awak ndengkeng iki.

Kang iku mas, menawa panjenengan dangan ing penggalih serta ora ana pekewuhe, mbok  iyaha aku panjenengan tulari gegebengan panjenengan. Sukur wis bisa andadekake pemarem, umpama durung marem, ya wis maedahi : besuk yen sida bebarengan meguru, ora banget-banget anggonku tingak-tinguk.

8.  DARMA

Ingatase  mitra-darma,  aku  ora  keberatan  minangkani pamundut sampeyan iku, di! Ananging bisa marem utawa oraha, aja sampeyan galih yen aku ngendas-ngendasi seja sampeyan golek guru, utawa ora ateges aku emoh anderekake bebarengan meguru.

Dene wejangan werna-werna kang wis tak tampa saka para guru, serta wirid werna-werna kang wis tau tak waca saka buku-buku, iku mung ana siji kang andedakake pemareming atiku, yaitu kang aran wirid : “Iman-Tauhid-Ma’rifat-Islam”. Amarga panyelasane cocok karo wewaton ; “dalil-hadiest-ijma-qiyaas” mau kae. Hla iya iku bae kang bakal tak aturake. Namung aja mung sampeyan hiyani bae; endi kang sampeyan ora mupakat, sampeyan bantah. Iku bakal muwuhi terang lan gawe murnining panemu.

II.  WEDARAN BAB IMAN

9.  MITRA

Nderek! Nanging aku nyuwun katerangan disik: apa sebabe iman didisikake, Islam tiba keri, malah keri dewe pisan. Mangka kang wis kerep tak rungu: muslim iku durung tentu  mu’min, kang tegese wong Islam iku durung mesti kadunungan iman. Iku katerangane kepriye mas……..???

9.  DARMA

Hla iya kaya mengkono iku kang tak karepake, di. Iku aran bantahan kang ora satitik paedahe.

Pancen,  umume  iya  kaya  ngendika  sampeyan  iku, jer tembung, Islam ing kono iku Islam araning agama. Beda karo tembung Islam ing tetaraning wirid “Imam-Tauhid-Ma’rifat-Islam” kang bakal tak aturake iki mengko.

Mulane ing sajroning aku ngaturaken wirid iki mengko supaya aja  wor-suh,  aku  lilakna  migunakake  tembung : agama Muhammad “ora agama Islam” kaya adate. Dadi : ngendika sampeyan mau  kena  diganti  mangkene : Muhammadiyyin  (wong  agama Muhammad) iku durung mesti muslim (jumeneng Islam).

10.  MITRA

Mengko disik ta mas! Panjenengan migunakake tembung agama Muhammad iku apa ora nyudakake ajine agama Islam kang pada kita pepundi iki?

10.  DARMA

Hla rak rewel : yen lagi ngrembug sawijining perkara iku prayogane aja fanatic lan aja kawoworan sentimen. Anggonku nyebut mengkono iku ora terus-terusan, mung sajroning ngrembug bab iki bae, supaya aja wor-suh.

Karo dene maneh, menurut panemuku : ora bakal nyudakake aji ora barang. Coba sampeyan galih:

Kita sebut agama Buddha, amarga kang anyiyarake : Sang Sidarta Gautama, kang sawise tampa wahyu banjur ajejuluk Buddha. Kita nyebut agama Kristen amarga kang nyiyarake : Nabi Yesus (Isa a.s.) kang sawise tampa wahyu banjur ajejuluk Kristus. Utawa kita arani agama  Nasrani  amarga  kang  nyiyarake  iku  miyose  ana  ing  Nasaret (Betelhen).

Dadi : Jenenging agama iku umume miturut asmane kang tampa wahyu lan  nyiyarakake iku mau, ora kumudu nganggo jeneng mirunggan. Mulane saka panemuku, kita kena ngarani agama Musa lan agama Muhammad, amarga kang jumeneng Rasul (tampa wahyu lan nyiyarake) Nabi Musa a.s. lan Nabi Muhammad s.a.w.

11.  MITRA

Iya, iya mas aku wis mufakat, dasar nyatane : syahadat kang dadi rukuning agama kita kang wiwitan iku ngucapake : asyhadu an laailaaha  ilaallaah  wa  asyahadu  anna muhammadarrasuulullah = anekseni kawula : satuhunipun boten wonten Pangeran kejawi Gusti Allah, lan anekseni kawulo : satuhunipun kanjeng nabi Muhammmad utusaning Allah dadi : nyebut agama Muhammmad ing atase agama islamiku, yuridisch lan psychologisch ora ana bedane.

11.  DARMA

Pancen iya mengkono di nanging sampeyan mangartosa, yen tembung, Muhammad ing kalimat syahadat iku mau satemene mengkusu rasa rangkep ; letterliyk (lahir) lan symbolisch (batin).

Mungguhing  surasa  lahir,  iya  Muhammad  asmane  Nabi panutan kita iku mau, dene mungguhing surasa batin, Muhammad iku mau dudu njenenging wong, yaiku wujude manungsa iki, kang adon-adonane lan kompliting pirantine pranyoto luwih sampurna tinimbang machluk liya-liyane (,,Kunci Swarga” II: 8).

Mengkono uga bokmenawa sampeyan wis tau maos utawa mireng tembung “nur Muhammad” yaiku asaling kabeh dumadi, hla iku aja sampeyan kira Kanjeng Nabi Muhammad.

12.  MITRA

Amit sewu, mas, kok rada kisruh anggonku nampani. Apa “Muhammad” iku, kejaba diangga jenenging wong, si tembung duwe, teges dewe ta? Hla tegese kepriye? Keparenga paring penerangan kang sajelas-jelase.

12.  DARMA

Pitakon  sampeyan  iku  bener,  mung  ana  kang  kuwalik. Sakabehing  “tembung”  iku  rak  mesti  nduweni  teges,  ta  di?  Hla jenenging wong iku lumrahe pada milih tembung-tembung iku mau, endi kang dicocogi tegese. Terkadang adapur pamuji (Kuwat, TeguhI.I.I) terkadang minangka panyandra bae (Jarot, Dableg I.I.I.), ana uga kang minangka pangeling-eling kahanane utawa titi mangsane nalika lahir (Buwang, Rebo I.I.I.).

Mungguh asmane Nabi panutan kita iku satemene ana 4, pada rimbagan saka tembung  h a m d u n  kang tegese pangalembana, utawa h a m i d a   kang tegese angalembana. Yaiku: H a m i d (= ingalembana), M a h m u d  (= kang  kataman  pangalembana),  A h m a d  (kang  luwih ingalembana), M u h a m m a d (= kang kaserenan pangalembana). Nanging kang katelah lan populer dewe :          M u h a m m a d, ing kalimah syahadat uga Muhammad, ora kena nyebut asma liyane.

Dene tembung  “Muhammad”  ing  kalimah  syahadat kang disurasa symbolisch iku tegese : sipat kang kaserenan pangalembaga (ing wirid-wirid kasebut : sipat kang pinuji)  “nur muhammad” ateges : cahya kang kaserenan pangalembana (ing wirid-wirid kasebut : cahya kang pinuji).

13.  MITRA

Wis jelas banget, mas, saiki! Mulane banjur keparenga miwiti ngendikakake wiride, keprije wedarane bab iman iku.

13.  DARMA

Iman iku tegese : percaya. Ingatase wong agama Muhammad, rukuning  iman  iku  ana  6,  yaiku  percaya  marang  anane:  I.  Allah, II. Malaekat-malaekate Allah, III. Kitab-kitabe Allah, IV. Utusan-utusane Allah, V. Dina akhir. VI. Pepasten becik lan ala (,,Kunci Swarga”II:24).

Nanging ing wedaran wirid iki mung bakal nerangake bab kapercayan marang anane Allah kang sawiji (Monotheisme), tegese dudu Allah kang lara utawa luwih.

Kepercayan marang anane kang Maha Kuwasa iku, sanyatane wis wiwit kuna-makuna mula, yaiku wiwit anane manungsa ing ngalamdunya iki, ing jaman sadurunge ana……..agama.

Tuwuhing kapercayan mau, ora liya jalaran si manungsa nyipati gumelaring alam iki kabeh kang ora bisa dikuwasani dening deweke, balik simanungsa kang kudu tunduk marang purba-wasesaning alam iku. Kayata : nalikane lagi nyrempeng nyambut gawe, kepeksa leren jalaran peteng, ora bisa ngerem suruping srengenge; nalika tandurane butuh udan, ora bisa ngundang udan, mengkono sapanunggalane. Dalah awake si manungsa dewe ora bisa diprentah miturut karepe. Kayata : yen pinuju arip, dilek-lekna iya meksa turu ; umure dewe lan umure liya, pada  ora  kena  disemayani  sadela  bae,  yen  wis  tekan  mangsane, mengkono sapanunggalane.

Mulane banjur tuwuh pikirane: kumawula marang kang Maha Kuwasa, sarana sesaji lan ngabekti. Dene carane sesaji lan ngabekti, sarta endi kang dianggep kang Maha Kuwasa iku, siji-sijining golongan : ora pada. Ana golongan kang duwe penganggep, yen kang Maha Kuwasa iku loro, ana uga kang duwe penganggep luwih sakaloro.

Dene wulangane agama-agama kang disiyarake dening para Nabiyullah iku, ing bab penganggepe marang Maha Kuwasa : siji lan sijine ora ana bedane. Yaiku pada netepake yen kang maha Kuwasa iku satemene mung siji, kang asmane ing basa Arab : Allah. Hla agama kang kita rungkebi iki (agama Muhammad) uga kagolong agama kang nekadake : Pangeran kita iku mung siji, ora loro utawa luwih.

Anggone  nekadake  marang  kasawijening  Pangeran  iku katrangane ora angel. Sebab upama Pangeran iku loro utawa luwih, amesti kala-kala perang tanding : rebut bener utawa rebut penguwasa. Hla Pangeran kang kalah perange iku banjur kena ditetepake mesti dudu kang Maha Kuwasa. Dadi Pangeran kang Maha Kuwasa temenan iya tetep mung siji, yaiku kang menangan dewe. Hla upama Pangeran-pangeran mau pada Maha Kuwasa kabeh, amesti anggone perang tanding rame banget, amesti seprana-seprene ora ana kang kalah utawa kang menang. Yen mengkono amesti alam kang gumelar iki tumindak sakarepe dewe-dewe utawa ……….. mogok.

14.  DARMA

Iku ora wurung, di, nanging ya tak aturi sabar disik. Sebab ceplas-ceplos  kang  kurang  jelas  keterangane  iku  adate  ora  bisa ketampa, sisip sembire salah panampa. Dene yen wis dijelas-jelasake meksa ora bisa ketampa, hla iku kaya kang wis tak aturake mau, pancen siji-sijining wong iku wis manut garise dewe-dewe. Ing layang suluk (wirid sinawung tembung) ,,Sujinah” disemoni mengkene (Gambuh) :

Satengah ana muwus, rada esak mamang manahipun, iya iku ngibarate desa cilik, tan kelar kanggonan ratu, wedi bokmenawa jebol.– Iku anggep wong bingung, destun cekak nalare wong kumprung, sejatine wus kena pengaruh iblis, sanggup den mulyakken iku, kinen “wisma aneng gowok”.

Hla bab gendeng iku satemene ana werna loro. Ana kang gendeng amarga bingung, jalaran ora ketemu-ketemu; ana kang katone gendeng amarga brangta, jalaran wis ketemu ancer-ancere nanging durung kepetuk gatuk. Mulane tembung “ngelmu” (Arab : `ilmu = kawruh) iku ana kang ngirata basa : angele yen durung ketemu, saweneh : angele  yen  wis  ketemu. Ing  layang  suluk  “Andondomi”  disemoni mengkene (Dandang gula).

,,Pilih-pilih ingkang angawruhi, ing maknane Allahu Akbar, nora sok wonga wruh angger, yeku ingkang den luru, njajah desa amilang kori, tan liya kang den arah, kang karem ing kawruh, yen tanwruh pangucapira, nora weruh marang endase terasi, awit wus munggingsira” ……….. Hla rak tepat, ta!

15.  MITRA

Elo, elo, panjenengan ki jebul asarira bibliotheek. Aku tau krungu : jare wirid-wirid lan suluk-sluk iku sok bertentangan karo wulangane agama kita, iku nyatane kepriye?

16.  DARMA

Akeh  bae  kang  bertentangan!  Mulane  kudu  disaring awewaton dalil-kadis-ijemak-kiyas mau kae. Hla, gede-gedening dosa iku ora kaya dosane wong ahli kitab, alias pengawak taman-pustaka (bibliotheek), yaiku yen “menelan mentah-mentahan” tanpa disaring.

Saiki tak banjurake aturku bab iman :

Pancen, bab anane Pangeran iku kudune didumuk : muk. Yen ora  mengkono,  amesti  percayane  iku  mung  tiru-tiru  bae.  Senajan lumrahe pada ngarani geloof (kapercayan) nanging batine dewe mesti ngaku yen satemene mung biygeloof (gugon-tuhon). Mulane iman pada iman iku ora pada, ana tatarane, yaiku :

I. Imane bocah nglakoni sarengat, iku iman mung kagawa saka taqlid (anut grubyug); pepindane percayane yen Mas Pawiro iku daleme ing Sentul, jalaran akeh wong kanda mengkono. Yakine (overtuiginge) ka-aranan, “wajibul yaqin” = overtuiging kang kagawa saka wajib.

II. Imane para ahli kitab, iku iman tataran tarekat; pepindane : percayane yen Mas Pawiro iku daleme ing Sentul, jalaran wis liwat ngarepe daleme lan krungu suwarane. Yakine kaaranan “ainul yaqin” = overtuiging kang wis weruh ancer-ancere.

III.       Imane mu’min chas, iku iman tataran kakekat; pepindane : percayane yen Mas Pawiro iku daleme ing Sentul, jalaran wis tau mara dayoh, nanging durung nganti adu arep. Yakine kaaranan “haqqulyaqin” = overtuiging kang wis nyata.

IV.       Imane para arifin, iku iman tataran makripat ; pepindane : percayane yen Mas Pawiro iku daleme ing Sentul, jalaran wis tau mara dayoh lan ketemu karo Mas Pawiro. Yakine kaaranan “isbatul yaqin” = overtuiging kang wis tetep, iya sampurna-sampurnaning overtuiging (,,Kunci Swarga” I : 19; “K.S” III : 14).

Dadi : wedaran bab “imam” ing tatarane wirid Imam-Tauhid-Ma’rifat-Islam iki, ora kurang lan ora luwih, mung iman tataran tarekat. Ewadene yen ketrima (bisa katampa terus ing ati). Wis bisa ngrasakake nikmataning  iman; yaiku  samangsa wis kaya kang kadawuhake ing Hadiest mengkene, tsalaatsatun man kunna fiehi wajada bihinnahalaawatal imaani (telung perkara kang rumaket marang sapa kang wus ngrasakake nikmating iman) man kaanallahu wa rasululluhuahabba ilaihi min siwaahuma (yaiku kang tresnane marang Pangeran lan  utusane  ngungkuli  kabeh  bae) waman  ahabba  abdan  laayuhibbuhu illa lillahi (lan kang tresna marang sepadaning tumitah kanti sepi ing pamrih) waman yakrahu an ya’uda fielkufri ba’da idzanqadzahullahu ta’aala minhu kamaa yakrahu an yuiqaa fiennaari (lan kang geting marang kekupurane wingi-wingi, sawise binuka ing Pangeran, kaya getinge dicemplungake geni naraka).

16.  MITRA

Iya-iya mas, aku wis tampa pangandika panjenengan iku. Jer setitik-setitik  aku  wis  tau  krungu,  yen  kabeh  kang isih kena digunem, – wejanganing guru, – iku jenenge t a r e k (thariq) tegese dalan. Dadi tarekat (tharieqat) iku lagi nerangake bab dalaning panembah jati. Dene teruse iku gumantung pangulahe si muridd, wis ora kena digunem maneh.

16. DARMA

Sukur ta di, yen wis saged milah-milah dewe mengkono. Saiki tak banjurake aturku :

Wong kang ngabekti Pangeran saliyane Allah (heiden) kang babar pisan ora duwe Pangeran (atheist), lan kang duwe penganggep yen penguwasa kang duwur dewe iku ‘alam (naturalist) iku tembunge Arab pada bae, diarani K a p i r (kafirun) tegese wong kang ora oleh pepadang, dene pahame diarani kupur (kufrun). Hla iku yen dipilah-pilah asal silahe mestine mengkene.

Kapir heiden iku anane wiwit sadurunge ana agama. Sawise ana agama kang nyiyarake pepadang, deweke meksa puguh, ora gelem ngrewes lan nimbang-nimbang bener lupute wulangan agama iku.

Kapir atheist iku sadurunge ana agama ya wis  ana, sawise ana agama,  tekan dina iki, – ya ora kurang. Sebabe katon ora duwe Pangeran lan ora nindakake pangabekti marang sapa-sapa, iku umume jalaran lagi kalimput ing kasenengan. Durung temtu deweke wis duwe keyakinan bab ora anane kang Maha Kuwasa iku. Mulane samangsa ketaman ing reribed  kang  luwih  dening  banget,  banjur  ……  grayah-grayah sakecandake, depe-depe marang kang kinira Maha Kuwasa, wusana dadi kapir heiden. Ana uga kang kebuka ing Pangeran, banjur ilang kupure; dene kang puguh lan tabah atine, banjur dadi kapir naturalist.

Kapir naturalist, iku kapir ahli piker, anane sawise ana agama kang nyiyarake pepadang. Deweke ngemohi sesembahanne kapir heiden sarta gelem nimbang-nimbang wulangan agama kang netepake anane Pangeran kang mung siji (monotheisme). Nanging sarehning katrangan bab Pangeran iku kurang ceta tumrap dewewke, mulane banjur grayah-grayah  kang ketemu  mung ……….  Gumelaring  alam iki (natural).

Banjur duwe penganggap yen sak nduwure iku wis ora ana panguwasa maneh (,,Kunci Swarga” I : 15).

Hla iku, Di miturut panemuku kang ora kawoworan sentimen Pada-pada kitabing Allah, kang ceta gambling anggone nerangake sipat-sipating Pangeran iku : Al-Qur’an. Mulane tuwuhe golongan naturalist iku iya ana ing tanah-tanah kang ora kasorotan pepadanging Qur’an.

17. MITRA

Mengko ta, mas! Anggone ngarani kliru tumrap panemune golongan naturalist iku : awewaton apa ? Hla golongan kang kasorotan pepadanging Quran iku : A p a  lan  E n d i  kang dianggep Pangeran Maha Esa kang asma Allah iku ? Keparenga panjenengan banjur ngendikakake.

17. DARMA

Wah, pitakon sampeyan iku “boleh” Di. Nanging ya aja kesusu ta, selot-selote mengko rak tekan kono.

Kaum naturalist ora oleh pepadanging Al-Quran kang ngemot ayat-ayat bab dumadining langit-langit lan bumi sarta kang ana ing antarane iku saka sabdaning Pangeran :

kun fayakuun (anaha sira,banjur ana pada sanalika). Senajan mengkonowa, deweke mesti wisoleh pepadanging Toret (At Taurat) surat Genesis (Purwaning dumadi) kang uga mratelakake mengkono. Nanging dawuhing surat mau banjur ora dianggo waton, jalaran ing kitab iku ora ana katrangan-katrangan maneh bab sipat-sipating Pangeran kang bisa maremake tumrap deweke.

Senajan mengkonowa, pancen nek deweke bisa mikir : yen kabeh kang ana iku mesti ana kang anganakake, lan kabeh kedadeyan iku mesti ana kang andadekake. Hla iku yen diurut-urut, nganti tekan ….……e m b u h. Nanging “embuh” iku dudu carane wong ahli piker, sebab surasane bisa ateges iya, uga bisa ateges ora, dadi tanpa katetepan. Miturut nalar kudu anekadake A N A N E “kang luwih disik, ora kedisikan” sarta kang jumeneng kelawan pribadine, ora ana kang “anjumenengake”  yaiku  kang  disebut  …………  Allah.    Dene  gumelaring `alam iki, ora iya kejaba mung salah sawijining sipate Pangeran anggelar kodrat iradate bae.

Anadene  kitab-kitabe  Allah  kang  sadurunge  Quran  iku, pancen, isine pada awujud  b a b a d  kang mung nyritakake sajarahe (asal-usule)  Rasul,  lelampahane  nalika  “dipanggihi” Pangeran  lan kaparingan  dawuh  (wahyu),   lelampahan   liya-liyane  bab  anggone nyiyarake agama. Ora nyritakake bab sipat-sipate Pangeran, malah yen nyritakake Pangeran iku kaya-kaya ana blegere, nanging bleger luar biasa, kang ora saben wong bisa weruh.

Hla  Qur’an ora wujud babad mengkono iku. Sawutuhe Quran kang kandele 30 juz (jilid) utawa 114 surat (bab) iku mligi ngemot  dawuh-dawuhing  Pangeran  kang  ditanpa  dening  Nabi Muhammad  SAW.  Dawuh-dawuh  mau  akeh  banget  kan  sinartan katrangan  bab sipat-sipating  Pangeran, antarane kaya kang wis tak aturake mau kae :

(1) Tan pisah klawan sira lan pirsa samubarang tindakira,

(2) Nguningani sajroning atinira.

(3) Luwih cedak tinimbang otot bebayunira.

(4) lan liya-liyane kang surasane sairib mengkono.

Kang iku, umat Muhammad kang tinarbuka, wis ora mamangmaneh anggone netepake yen Pangeran iku aja digoleki mrana-mrana, balik kudu mung niti priksa kahanane si manungsa dewe. Mulane banjur ana unen-unen man `arafa nafsahu faqad `arafa rabbahu = sapa kang weruh pribadine temen-temen weruh marang Pangerane (“Kunci Swarga” I : 36; “K.S” II : 3), malah ana kang wani nekadake : asyhadu an laa ilaha illaallaah wa asyhadu anna laa ilaha illa anaa = anekseni ingsun : satuhune ora ana Pangeran kajaba kang asma Allah, lan anekseni ingsun : satuhune ora ana Pangeran kejaba mung ingsun.

18. MITRA

Aduh, aduh, banjur kepriye genahe iku mas? Aku teka durung bisa tampa.

18. DARMA

Kang  pada  nekadake  mengkono  iku  dudu  ngulama sembarangan bae, yaiku para zaahid-zuhhaadda (= kang ora mentingake babagan dunya, zuhud) kang wis tekan tataran `arifin (ahli makripat). Dadi anggone nekadake mengkono iku genah ora awur-awuran lan ora karana urusan dunya. Nanging ……….. bareng wong-wong kang durung tekan tataran kono pada gumampang “ngoper” panemu mau, hla banjur dadi kliru tampa werna-werna, luwih-luwih kang kedadeyan ana ing tanah Jawa kene.

Mulane nalika jaman Demak tekan jaman Mataram, kang kuwajiban  anggelarake  wirid  iku  mung  para  Waliyullah  lan para ngulama agung kang piniji dening Negara, supaja aja ana kang kliru tampa.  Ananging  iya  ana  Negara  kang  anggone  nglarangi  wong memejang wirid iku jalaran kena pengaruhe kaum  d o g m a t i k u s (percayane tanpa dinalar), kang wos-wose mung kuwatir yen suda kajenkeringane.

Dene klirune tampa werna-werna iku, kayata ana kang adarbe penganggep yen kang sinebut Pangeran iku : urip kita iki. Ana maneh kang nekadake : napas, angen-angen, rasa, nyawa, jantung, budi, eling, banyu kang nelesi utek, roh utawa jiwa, …….. embuh liyane maneh.

Hla kabeh-kabeh iku terang dudu Pangeran kita. Ana kang kalebu piranti wadag utawa pirani alus bae, ana kang mung talining urip, pratandaning urip, utawa kang nyababake urip bae, dene roh utawa jiwa iku mung badan alus kita bae. Wis terang yen kabeh-kabeh mau salah sebab isih kena tinoton mawa paningal wadag utawa paningal gaib, apa dene isih kena cinakra bawa lan kinaya ngapa.

19. MITRA

Yen aku ora kliru, kang sinebut Pangeran iku, sukma kita, mas! Nanging kapriye jelase : ……. Nyumanggakake. Aku durung dong.

19. DARMA

Ngendika sampeyan iku rak mung perkara “asma” ta, di. Kena bae sampeyan nyebut : Yenovah, Deo, Theo, God, utawa liya-liyane maneh, sebab kang ngaturi jejuluk iku si manungsa iki, miturut basane dewe-dewe. Ing basa Arab sinebut “Allah” asale tembung ateges “kang sinembah”.

Ingatase  wirid,  kang  perlu  iku  dudu  tembunge,  nanging pendumuke : muk, rak iya ta? Hla saiki sampeyan tilingake kang trawaca :

Kita ora mamang maneh, yen kang sama Allah iku Dzat kang tan pisah kelawan kita, ana ing ngendi bae lan ing dalem kahanan kang kepriye bae, kayata ing sajroning kita melek, lungguh, ngadeg, mlaku, turu, lan liya-liyane, kang katembungake isih urip iki ; senajan besuk yen roh kita iki wis pisah karo raga kita, si roh kang isih lestari urip langgeng lan si raga kang wis ajur dadi lemah, uga isih kalimputan dening dzating Pangeran.

Dadi wis terang yen kang asma Allah iku dudu urip kita iki, dudu napas kita, dudu roh kita, lan liya-liyane maneh, kaya panemu kang sasar mau, jer Allah iku ora njaba ora njero, tan kena kinaya ngapa, gesang tanpa roh, kuwaos tanpa piranti.

Ananging iku mau kena diarani mung Allah siji-sijining manungsa bae; bangsa kita Jawa ana kang nyebut asmane Hyang Suksma, asale tembung ateges “sesembahan kang ora katon” (ing basa Sanskrit Purusha). Mula dasar nyata Hyang Suksma iku ora katon sarana pandulu wadag utawa pandulu gaib. Upama isih kena dinulu, amesti isih kena kinaya ngapa, lan isih ana sipat anyar kang ngemperi. Hla iku terang yen dudu Hyang Suksma. Dene kang sinebut “sukma” dening wong akeh iku surasane mung ateges nyawa utawa roh (jiwa), mulane den satiti aja nganti kliru pangerti.

Ana dene Allahe siji-sijining manungsa iku sejatine ora liya kejaba mung wewayangane Allah.  Pangerane sakabehing machluk iya kang nitahake gumelaring alam iki kabeh (ing basa Sanskrit Isywara), pepindane kaya dene jembangan sewu isi banyu ana satengahing alun-alun, sayekti kabeh pada kepanduman wewayanganing srengenge ing wayah tengange, tan ana kang kaliwatan (,,Kunci Swarga” I : 33-34-35-36; ,,KS” II : 2).

Mungguh wewayanganing Pangeran kang kababar marang sagunging dumadi iku ing basa wirid kasebut : Nur Muhammad tegese cahya kang pinuji. Kita ora mamang maneh yen kabeh titah iku pada asal saka nur Muhammad mau, amung beda-beda wadah lan isine; ana kang aran bangsa watu, tetuwuhan, kewan, manungsa, machluk abadan alus lan liya-liyane. Senajan manungsa pada manungsa sayekti ora pada kahanane, kagawa saka bedane kang pininda jembangan lan banyune iku mau.

Wusana aja salah pengira : yen cahya mau salugu-lugune cahya, iku mung pepindan bae,  jer kang asma Allah kita sayekti dudu cahya. – T a m m a t.

20. MITRA

Matur  nuwun,  mas  (karo  prebeng-prebeng  mrebes  mili), penampaku wis ceta gamblang, lan rumangsa marem. Panjenengan tetep sedulurku tuwa!

20. DARMA

Pada-pada di. Yen sampeyan wis rumangsa marem syukur  alhamdulillah, saiki ganti wedaran bab Tauhid.

III.  WEDARAN BAB TAUHID

21. MITRA

Iya mas,  keparenga banjur nerusake.  Nanging aku arep nyuwun katrangan disik : kang wis kerep tak krungu, tembung  t o k i d diku surasane sairib karo  t e k a d, apa iku “tauhid” kang kalebu ing wiridiki ?

21. DARMA

Sampeyan mundut pirsa mengkono iku, bener, supaya terang, ora klira-kliru ing pangerti.

Pancen, umume tembung tokid lan tekad iku panganggone lira-liru, terkadang dirangkep awujud purwakanti sastra, jalaran kinira pada tegese. Nanging sanyatane tegese beda banget.

Tembung “tekad” tumraping pagunem pedinan iku tegese : kekencenganing karep (volharding), kayata gede tekade = rosa banget karepe, tekad-tekadan = ora wedi bakal kepriye wusanane,  jer karepe wis kenceng. Hla iku asalae saka tembung Arab i`tiqaad kang tegese gegebengan utawa kapercayan; iku tembung aran kang dirimbang saka tembung kriya  u` t a q a d a, tegese : percaya. Teges mengkono iku kanggone ana ing paguneman ngelmon, kayata : anekadake = ngantepi kapercayane.

Dene tembung “tokid” iku ora tinemu ana ing paguneman pedinan, mung tinemu ana ing paguneman ngelmon bae, sarta tegese ora pada karo i`tiqaad mau. Tokid iku asal saka tembung Arab tauhid yaiku tembung kriya kang dirimbag saka tembung wilangan waahid; dadine tembung  aran  at-tauhid  ateges  kawruh  bab  tauhid.  Hla  iku  perlu dirembug kang sajelas-jelase disik, supaya terang penampa sampeyan marang wedaran bab tauhid mengko.

Tembung wilangan wahid iku tegese s i  j i. Upama wahidiku tembung Jawa, kriyane dadi “mahid”; upama tembung Sunda kriyane  dadik  “ngawahid”;  upama  tembung  Indonesia,  kriyane  dadi “mewahid”. Hla sarehning tembung Arab, kriyane uga miturut tata-basa Arab, kriyane dadi “tauhid” mau kae, tegese :  n y a w i  j e k a k e. Dene surasane ana rong werna kang miturut tata-basa : pada benere.

a. Tumrap  wulangan  sarengat,  nyawijekake  iku  ditegesi nekadake mung sawiji, ora loro utawa luwih, lan dudu kang liyane. At-tauhid  =  kawruh  kang  nerangake  sipat-sipating  Pangeran,  padane Al`aqaid.

b. Tumrap wedaraning wirid, nyawijekake iku  ateges  nunggal mung   sawiji, sirna rasa-rumangsane luwih saka siji. At-tauhid = kawruh manunggal, yaiku kang nerangake cara pratikele anyirnakake rasa aku ijen-ijen (individueel) dadi rasa aku sawiji (universeel). Yaiku kang bakal tak aturake iki, minangka teruse wedaran bab imam kang wis nerangake kalayan gambling bab monotheisme (anekadake Pangeran mung siji).

22. MITRA

Nuwun-nuwun sewu, mas, aku rada kodeng anggonku mikir. Ing wedaran bab iman, kita wis anekadake yen Pangeran iku tan pisah kelawan  kita.  Geneya  isih  keronehan  dirembug  maneh?  Upama tujuwaning  pangrembug  iku  perlu  anyatakake  paham  kang  wis ditekadake mau, geneya wedaran tokid iku ora medarake panunggal kita karo “kang tan pisah” mau kae ?

22. DARMA

Pitakon sampeyan iku wangsulane rada  sulit di. Nanging sarehning sabagean wis sampeyan wangsuli dewe, dadi suda sulite, ewadene wangsulane iya isih kudu rada dawa.

Wedaran bab iman, bab tauhid, bab apa bae ……, iku mung jeneng ngelmu (‘ilmu). Hla ngelmu iku bisane ana wohe (berhasil) utawa yakin ing nyatane, ora liya kejaba ditindakake utawa dingamalake (‘amal). Dene wedaran bab tauhid iku tujuwane ora liya iya nerangake carane ngamalake iku mau. Terange : kayata wedaran bab iman, kang anekadake Pangeran tan pisah kelawan kita iku, senajan akal lan pikiran kita wis bisa anekseni, nanging rak mung lagi dadi pangerti bae, durung tekan ……… nyatane.

Anadene kita kang asipat wadag iki, teka arep nyatakake kang asipat alus, iku rak ora mungkin, ta, di ! Apa maneh yen si wadag arep nyatakake kang tan kena kinaya ngapa, saya ora mungkin banget. Kang mesti : wadag iku mung bisa nyatakake kang wadag bae. Kang alus mung bisa dinyatakake dening kang alus uga. Hla kang tan kena kinaya ngapa, anggone nyatakake iya yen ………. tan kena kinaya ngapa.

Dadi : ing dalem kahanan sirnaning rasa aku ijen-ijen dadi rasa aku sawiji mau bae, ora kurang lan ora luwih : mung tataran bae kang kudu kita liwati. Sampurnane tekan jumeneng Islam isih kudu ngliwati disik tataran siji maneh kang aran Ma`rifat.

Ing Hadiest kang ndawuhake bab sapa kang wis angrasakake nikmating iman mau kae, antara liya rak ana kang nyebutake “kang tresna marang sepadaning tumitah kanti sepi ing pamrih” (,,I.T.M.I.” : 15), hla iku wis terang : samangsa rasane aku ijen-ijen iki isih kandel, ora bakal karaketan sipat kang mengkono iku. Rak iya ta?

23. MITRA

Iya  iya,  mas,  saiki  aku  wis  dong.  Mulane panjenengan kaparenga  banjur  miwiti  ngendika ake  wedaran  bab  tokid  iku Nanging  nuwun-nuwun  sewu,  aku  arep  ngoreksi  setitik  bab tembung  “nunggal mung sawiji” mau kae, kiraku luwih trep yen diganti : n y a r i r a   s a w i j i.   Apa ora mengkono?

23. DARMA

Mupakat banget, di! Tembung “nunggal mung sawiji” iku, kejaba kaku, pancen salah penganggone tembung “mung”. Hla iku untunge yen rembugan karo sedulur kang kagungan taalgevoel. Aku iki saya tuwa ndadak basaku daerah saya groboh.

Anadene wedaran bab tauhid, satemene aturku mau kae wis wiwit, hla teruse mengkene :

Kang anjalari kita kadunungan rasa aku ijen-iyden iku, ora liya jalaran kita kadayan ing piranti kita dewe kang aran indriya 5 (lima) : pangambu, pangrungu, pandeleng, pangeyam, panggepok, lan …….…..(1) akal (2) ati (3) napsu, iku (,,Kunci Swarga” I : 29). Dene blegere kang  wadag  iki rak  mung monat-manut bae.  Mulane bisane sirna Rumasane aku ijen-ijen dadi rumasa aku sawiji, ora liya kejaba  : a n g l e r e n a k e  makartine piranti-piranti iku mau.

Dene bisane piranti-piranti mau leren sadela ora makarti, tumrap kita wong agama Muhammad, saranane : d z i k i r, yaiku ngucapake unen-unen (lapal). Jenenge dzikir dalah lapale werna-werna, kang baku : aran dzikir nafi  isbat, yaiku ngucapake unen-unen laa ilahaillaallah, kanti mangerti tegese :

Laa ilaha = ora ana Pangeran = ngorakake anane (nafi).

Illaallaah = kejaba mung Allah = netepake anane (isbat).

Sepira suwene anggone ngucapake lapal mengkono iku utawa yen nganggo diwilangi : pira kehe, iku mung gumantung seneng parenge kang nindakake bae. Wusana banjur diterusake ngucap isbate bae yaiku lapal illaallaah, illaallaah, suwene utawa kehe, uga mung terserah kang nindakake. Banjur ngucapake musbite (kang ditetepake) bae, yaiku : allahu, allahu, sateruse, nuli dicekak hu, hu, sateruse ………. Lerene yen wis krasa kesel, utawa kebanjur turu, utawa ……..…. katekan sejane.

24. MITRA

Hla kang katembungake katekan sejane iku mau yen kepriye, mas?

24. DARMA

Perkara “yen kepriye” iku diterangake tiba keri bae, Kang perlu dirembug saiki bab bisane katekan sejane; yaiku yen cukup sarat-sarate sarta ketrima. Dene tembung ketrima iku mung kanggo gampange gunem bae, sanyatane pancen wis miturut takdire dewe, amarga ora anakedadean kang tanpa sebab, dumadine takdir iya mawa sebab (,,Kunciswarga” II : 35; ,,K.S” III : 12).

Anadene sarat-sarate nindakake dzikir tumrap seja iki mau,mangkene :

a. Tumindake aja mempeng kaworan daya-daya, sebab yen kaya mengkono, amesti durung nganti katekan sejane : wis bosen. Mangka katekaning seja iku ora bisa kawruhan pirang sasi, pirang taun utawa pirang windu. Mulane tumindake dikaya nindakake salat sarengat bae (kanti eklas netepi wajib), kang ajeg lan tlaten ing wayah bengi : sasireping  jalma.  Pedinane  :  kejaba  netepi  rukuning  agamane, linambaran  mujahadah  lan  riyadlah  (merangi  hawa napsu  lan  ora ngumbar kasenengan) apadene ngurip-uriping rasa asih marang sepada-pada.

b. Anggone ngucapake lapal ora kumudu nyuwara, kena mung dibatin bae; lan ora perlu nolehake  sirah, sebab obahing sirah iku bisa anjalari ana pengalaman, nanging dudu pengalaman kang kita seja.

c. Nalika arep wiwit dzikir, kudu kanti kang mligi : mungneja nyatakake surasaning wedaran tauhid = nyarira  sawiji, mau kae. Anadene tembung “dzikir” iku sanyatane ateges : ngeling-eling, yaiku eling marang maksude lapal laa illaha illaallaah kang diucapake iku. Nanging elinge iku mung minangka dasar duk nalikane niyat bae, lire ora kena lali marang i’tiqaad kita ingatase Pangeran kang wis kawedara keceta gamblang ana ing wedaran bab imam. Dene sajroning dzikir : ora perlu dibarengi ngeling-eling apa bae.

Sarana sarat-sarat iku mau, yen ketrima,  ing sawijining wektu : ana pengalaman ……….. p l a s ……….. byar, kita ana ing sajroning alam (= ing ndalem kahanan) : dudu ngimpi, dudu melek, dudu rem-rem ayam. Iya pengalaman mengkono iku kang katembungake katekan sejane anggone tauhid (nyarira sawiji). Awit ing waktu iku : sirnane rasa aku ijen-ijen dadi rasa aku sawiji. Ing waktu iku, ana kang nganggo weruh rerupan, ana kang ora, nanging rerupan kang diweruhi mau ora liya iya ………. rupane dewe.

Anadene bisane tekan ing tataran kono iku wis angel banget, yen  ora  kelawan  nugraha  (ketrima).  Mulane  akeh  bae  kang  duwe penganggep, yen iku kang diarani makripat ing Pangeran, jer wis r u m a s a : (1) ora ana apa-apa kejaba mung ingsun, (2) iya sira iya ingsun, (3) kang nembah iya kang sinembah, lan liya-liyane.

Hla iku luput ing piyangkuh (zich overschatten) di! Muga-muga kita aja mengkono.

Ing sajroning pengalaman iku : mung lagi sirnaning rasa aku ijen-ijen dadi rasa aku sawiji bae, yaiku kang diarani tauhid. Dene rupane dewe kang katon iku, – yen ora palsu, – ora liya kejaba mung w e w a y a n g a n e (terugkaatsing) jiwane dewe, kang ditonton dening rasa jati, mulane ana kang ngarani, mayangga   seta (wewayangan putih), dadi terang yen dudu Pangeran (,,Kunci Swarga” III : 27).

Pengalamane kang mengkono iku padane kaya nalika Nabi Musa a.s. ana ing tempurane segara loro. Fawajadaa `abdan min`ibadinaa  atainahu  rahmatan  min  `indinaa  wa  `allamahu  minladuuna `ilman (Al Kahfi : 65 = ketemu kawulaning Allah kang wis antuk nugraha lan kawulang ngelmu linuhung dening panjenengane), yaiku kang lumrahe dijejuluki  N a b i   H i d l i r, emane ora ana kang nyritakake  wernining  pasuryane.  Dene  yen  ing  crita  pedalangan, pengalaman mau kaya nalikane Aria Bratasena ana satengahing samodra ketemu karo D e w a   R u c i, kang pada wedanane ceples kaya Arya Bratasena.

25. MITRA

Aduh, kangmas sedulurku dewe! Aku saiki ngerti, yen wirid kang panjenengan paringake aku iki sanyata ora ana kang ngluwihi duwure, amarga aku tau krungu : jare duwur-duwuring gegayuhan iku iya kaya pengalamane Arya Sena iku mau. Mangka miturut ngendika panjenengan : iku durung tekan.

25. DARMA

Iya ta di, nanging kita aja fanatiek. Yen ana wedaran ngelmu saka sapa bae, iya prayoga ditimbang lan dilimbang, bokmenawa jelase lan matone ngluwihi wirid iki.

Yen ngelmu iku diukur saka ”gegayuhane”, amesti ora pada panemune,  jer  siji-sijining  wong  iku  beda-beda  kang  ginayuh. Nanging yeng pengukure iku wewaton wis tekan apa durung, tak kira ora ana panemu werna-werna. Dene kang diarani “tekan” iku ora liya kejaba……….. inna lillahi wa inna ilaihi raji`uun (satuhune asal saka Pangeran bali marang Pangeran).

Hla iku, di, yen Pangerane wong sajagad iku tak upamakake segara, pepindane manungsa iki, reca uyah (Hyang Suksma kang kuwaos tanpa piranti) dibuntel ing kapas (jiwa = badan alus kang mawa piranti rasa jati), banjur dilapisi ing malam (badan wadag dalah pirantine indriya 5 lan liya-liyane), dadi arupa reca malam, kang tansah katut ombaking samodra, nanging ora ketambasan banyuning segara.

Dene pengalaman kang kaya Aria Bratasena iku, pepindane sireca malam ing waktu iku : nisihake malame, dadi arupa reca kapas, kang  banjur  bisa  nesep  banyuning  segara.  Mulane  katembungake ngancik tataran kakekat (haqiqat),  jer uwis bisa nyatakake utawa uwis weruh ing nyata (haqq) : panesepe banyu segara ing reca kapas, yaiku wewadining urip (Ing pedalanan kasebut “banyu suci”). Balik si reca uyah, rak durung bali asal, ta?

Mungguh nabi Hidlir tumrape Nabi Musa, utawa Dewa Ruci tumrape Arya Sena, iku uga sok katembungake Guru   Sejati. Kasebut  ing  quran  nabi  hidlir  kang  kasinungan  ngelmu  linuhung (ladunna  `ilman)  iku  akeh  wewulangane  marang  nabi  Musa  a.s, mengkono uga ing crita pedalangan : Arya Sena uga diwejang dening Dewa Ruci. Hla iku sampeyan mangertosa, iki perkara penting temenan.

Wujuda apa bae, yen mejang temenan kaya pamejange Amarang B, iku genah asal saka njaba. Senajan katon kaya rupane dewe, iya palsu. Kang diwejangake mesti mung bangsaning kaluwihan utawai`tiqaad kang sasar.

Dene kang ora palsu : ora nganggo memejang mengkono iku,  jer kang  katon  kaya  rupane  dewe  iku  ora  ora  liya  mung terugkaatsing bae. Anggone kacritakake mulang (mejang) ana ing Quran utawa ana ing pedalangan iku, jalaran kang ngancik tataran kono iku akibate kaya oleh wejangan werna-werna, luwih-luwih babagan ke-Tuhanan. Tekan samene wedaran bab tauhid : t a m a t, ganti wedaranbab Ma`rifat.

IV. WEDARAN BAB MA’RIFAT

26. MITRA

Iya mas tak tilingne temenan. Nanging aku kepengin ngerti disik kang sajelas-jelase ngendika panjenengan kang keri dewe iki mau.

Aku tau krungu, jarene : ing kitab-kitab agama iku pada nyeritakake bab kawulaning pangeran kang aran malaekat Jibril, sok diutus peparing dedawuhan marana para Rasul lan marang para Nabi. Mangka panjenengan mau ngendika : wujuda apa bae kang asale saka njaba iku, wejangane mesti mung bangsane kaluwihan utawa i’tiqaad kang sasar. Hla iku genahe kepriye mas?

26. DARMA

Soal iku mau pacen sulit, di tegese sulit iku, dene ora sadengah bisa tampa. Hla sebabe ora tampa iku ora merga apa-apa, mung jalaran pada nganggo taqlidul ‘aqli, tegese akal pikirane pada kaling-kalingan.  Gegambaran miturut piyandele kang nut grubyug. Dadi : yen sampeyan ngrasakake jelase soal iku mau, ora liya sarate kudu nisihake disik  gegambaran  lan  piyandel-piyandel  mau.  Ana  dene  jelase mengkene:

Yen ana kang  nduweni penganggep : malaekat Jibril iku sawijining kawulaning pangeran kang sok maringake dawuh marang para Nabi kang sugenge ora nunggal sak jaman, serta bola-bali ya mung siji  iku  kang  diutus,  iku  penganggep  kang  kliru,  di! Yen  nduwe penganggep mengkono turute mesti iya duwe penganggep, yen Pangerane wong  sejagad  iku  kaya  kepalane  markas  agung,  kang  kagungan “koerier” (juru diutus) siji bae, ora solan salin; turute maneh banjur nggambarake tekane utusan iku saka kana-kana (njaba). Hla mangka senyatane ora mengkono.

Ceritane  Hadiets  Mi’ray :  nalika  malaekat  Jibril  diutus Pangeran nimbali Nabi Muhammad s.a.w. kang uga banjur ngirid tindake, bareng meh tekan pangayunaning Pangeran, utusan mau kepeksa ditinggal, amarga ora kuwat mbanjurake lakune ngirid iku……..…kang mengkono iku rak terang : klirune kang nggambarake mau kae ta ? Awit turute karo gegambaran mau: utusan iku mesti wis kulina karo kang ngurus, ora bakal ora kuwat ketemu maneh karo kang ngutus, upama dalane rumpil banget utawa cahyane kang ngutus amblerengi banget, mestine kang ora kuwat mbanjurake laku iku rak kang ditimbali, dudu si utusan. Rak iya ta? Hla terange mengkene :

Pangeran wong sejagad kang tak umpamakake srengenge tumrap si jembangan isi banyu (,,I.T.M.I”:10), iku babar pisan ora bisa dirembug.  Mulane  yen  kita  nekadake  panjenengane  iku  kagungan koerier : salah, yen nekadake ora kagungan : iya salah.

Dene  kang  isih  kena  dirembug  iku  mung  kang  pinda wewayanganing  srengenge  tumrap  si  jembangan  isi  banyu mau(..I.T.M.I”:19), yaiku Hyang Suksma kang tan pisah kelawan kita ana ing ngendi bae. Iya panjenengane iku kang kagungan kawula malaekat tanpa wilangan kehe, kang uga tan pisah kelawan kita, jer para malekat iku pacen kagolong piranti kita, sarta siji-sijine pada kabubuhan kuwayibandewe-dewe.

Dadi tembung “Jibril” iku kudu eigennaam (jeneng awak), yaiku jenenging kuwajibane, serta siji-sijining wong,- ora pilih Nabi utawa dudu,- pada duwe Jibril dewe-dewe (,,Kunci Swarga” III :37,38).

Tumrap  Nabi Musa, Malaekate Jibril iku ora liya kang lumrahe disebut nabi Hidlir iku mau. Upama Arya Sena iku ana temenan, Jibrile iya Dewa Rutci mau kae. Dadi kang aran malaekat Jibril iku ora  liya  kejaba  jiwane  (rohe)  dewe  kang  wis  bisa  nganakake terugkaatsing. Mulane Jibril iku ana ing Qur’an uga sinebut Ruhul-Qudus (roh suci) utawa Ruhul-Amien (roh kang pinarcaya), ing tembung manca ana kang njejuluki Lager Ik utawa Tweede Ik.

Anadene  anggone  nyritakake  Jibril  iku  nemoni  utawa maringake dawuh, iku kena bae, padane Nabi Hidlir lan Dewa Ruci uga nemoni  serta  memulang  iku  mau.  Awit  nyatane : sapa  kang  oleh pengalaman kaya mengkono iku, akibate banjur kaya tampa wulangan werna-werna bab ke-Tuhanan, kang secara gampange katembungake : nampani dawuhing Pangeran lumantar malaekat Jibril. Dawuh kang kaya mengkono iku, tumrap para Nabi kearanan wahyu, tumrap saliyane Nabi kearanan ilham. Mulane malaekat Jibril iku uga kasebut malaku’lwahyi, tegese malaekat tukang maringake wahyu. Nanging tembung wahyu ing basa jawa iku seje, jer pancen ora asal saka wahyu tembung Arab; dene penganggone tembung  ilham” ing jaman saiki iki kemurahen.

Bab  anane malaekat Jibril lan bab anggone maringake dawuhaning Pangeran iku, tumrap aku, di, wis ora tida-tida maneh : iya kaya kang wis tak aturake iki mau. Amarga ing surat Asy Syu’araa’: 192-195 andawuhake mengkene : wa innahu latanzielu rabbi’l ‘alamiena (satuhune  dawuh  iki  diturunake  dening  pangeraning  ‘alam  kabeh) nazala bihi arruhu’l amiena (lumantar malaekat Jibril) ‘alaa qalbikalitakuna  minallmundzirienna (marang  atinira  supaya  sira  dadi golongane wong kang aweh pepeling) bilisaanin ‘arabiyyin mubienin ( kelawan bahasa arab kang pratela).

Coba galihen : mesti bae dawuhing  Pangeran iku kelawan asa Arab, jer kang diparingi dawuh : panutan kita Nabi Muhammad. Dene nalika Pangeran paring dawuh marang para Nabi sadurunge Nabi Muhammad, mesti bae kelawan basa ibrani. Lan nalika pangeran paring dawuh marang Buddha Gautama mesti bae kelawan basa S a n s k r i t. Sebab kabeh dawuh mau alaa qalbika (marang atinira). Kepriye di, apa isih kurang ceta?

27. MITRA

Wis ceta banget, mas ! mulane panjenengan keparenga banjur ngendikake wedaran bab Ma’rifat, tak tilingne kang trawaca.

27. DARMA

Aku matur beres bae, di : tumrap kang wis berhasil anggoneTauhid, yaiku kang wis ngancik tataran Haqiqat mau kae, tekane ing tataran Ma’rifat iku satemene wis oleh tuntunane Guru Sejati (,,ITMI” : 25) kelawan keparenging Pangeran, jer Pangeran piyambak wis ndawuhake kasebut ing Hadiest Qudsi mengkene :

laqad thaala syauqul abraari ilaa liqaai wa anna ilaa liqaaihim isyadduu syauqan (= temen wus lawas kawula kang becik-becik brangta ketemu kelawan Ingsun, lan Ingsun luwih brangta ketemu kelawan kawula kang becik-becik iku ). Kasebut ing Hadiest iku uga, Pangeran ngendika mengkene : man taqarraba ilayya syabran taqarrabtu ilayhidzi raa`an (= sapa nyedak marang Ingsun sak cengkang, Ingsun nyedak marang deweke sak asta).

Dadi : kang wis ngancik tataran haqiqat iku kena diarani wis oleh  marga gampang anggone njangkah marang tataran kang duwur maneh (Ma’rifat, Islam). Anadene wedaran bab Ma`rifat kang bakal tak aturake iki mung minangka ancer-ancer bae, aja nganti kita kliru penganggep : lagi tekan Haqiqat rumangsa wis tekan Ma’rifat, kang akibate banjur mung mandeg semono bae.

Ma’rifat iku tembung Arab, asale saka tembung kriya `arafa, tegese : ,,weruh”. Nanging dudu weruhing mripat kang diarani ndeleng (zien), uga dudu weruhing pikiran kang diarani ngerti (begriypen),  yaiku weruh (= weten) kang dirimbag dadi kawruh  (= wetenschap). Ma`rifat, tegese  babagan  meruhi;  tumrape  wirid  ateges  :  babagan  meruhi Pangeran, kang weruhe ora sarana mripat, ora sarana pikiran iku mau.

Hlo, lagi udal-udalaning tembung bae rak wis ………… sulit, ta di ? Ananing sampeyan aja kagungan pengira, yen ngelmu Ma’rifat iku ngayawara, sebab tembunge bae wis sulit. Amarga kang pada nggayuh ngelmu Ma`rifat iku dudu wong kang bodo-bodo utawa bingung atine, sak nyatane malah para mu`min chas (cerdas) kang tha`at (seca) banget marang agamane. Saka tha`ate, akeh bae kang nganti ora merduli marang urusan ndunya. Mulane kita golongan mu`min `am (lumrah) iki, pancen ora mungguh upama nacad marang kawulaning Pangeran kang tha`at iku siji-sijining wong pancen beda-beda, pada bae karo ukuraning iman uga ora pada. (,,I.T.M.I” : 15).

Tha`ate mu`min `am : ora nerak laranganing agamane, sarta temen-temen nindakake rukune kang lima : syahadat, shalat, zakat, puwasa, haji, wis cukup. Yaiku kang diaranai nindakake Syari`aat. Nanging tha`ate mu`min chas ora marem mengkono bae. Anggone ngucapake kalimah “laa ilaha illaallaah” kumudu ngerti : endi sinebut Allah iku. Ing wedaran bab imam wis diceplosake sejati-jatine, ananging rak mung langi pangerti bae, jer iku lagi tataran Thariqat.Mulane isih kumudu nyatakake.

Wusana anggone nyatakake iku banjur oleh pengalaman ing ndalem kahanan Tauhid, nanging uga durung andadekake pemareme, jer iku lagi tekan tataran Haqiqat bae. Ing tataran iki terang durung “ketemu” karo kang sinebut Allah, mangka ing kitab-kitab agama pada nyritakake yen para Rasul iku kang sawijining wektu “,ketemu” karokang sinebut Allah iku. Mulane isih kumudu njangkah maneh nganti weruh (`arafa) kanti yakin temenan marang Panjenegane Allah kang banget dibrangtani iku, yaiku njangkah tataran Ma`rifat.

Dadi : kang pada marsudi ngelmu Ma`rifat iku ora liya ketarik saka tha`ate marang Penuntune, iya diestokake dawuhe, iya dituladani lelabuhane. Awit dawuhing Pangeran kang disiyarake dening para Rasuliya mengkono iku. Dene tekan utawa orane jangkah mau, gumantung keparenging Pangeran piyambak.

28. MITRA

Iya iya, mas, aku wis tampa pangendika panjenengan iku. Mulane banjur keparengan nerusake : kepriye penjangkahe saka tataran Haqiqat marang tataran Ma`rifat iku. Sarta miturut wedaraning wirid, kang katembungake tekan ing tataran Ma`rifat iku kang kapriye ?

28. DARMA

Iya ta di, aku mung saderma medarake bae, mangsa boronga sampeyan kang nampa. Awit wedaran bab Ma`rifat iku kena diarani medarake ancer-ancer kang uwis dialami para nabi lan para Wali, kang tumrap kita isih nyamut-nyamut angalangut. Ewadene sarehning dudu Nabi dudu Wali ya ana kang bisa tekan tataran Ma`rifat (kasebut :`Arifin), prayogane kita ora ngapes-ngapesake awake dewe lan ora “putus asa”.

Mau  wis  tak  aturake,  ing  dalem  kahanan  Haqiqat  iku pepindane kaya dene reca malam ing sajroning segara, kang bisa nisihake malame, satemah dadi reca kapas : bisa nesep banyuning segara ,,I.T.M.I” : 25). Hla ing ndalem kahanan Ma`rifat iku pepindane : reca kapas mau bisa nisihake kapase, satemah dadi reca uyah : banjur ……… luluh dadi banyu segara maneh. Anggone  n i s i h a k e  “kapas”iku padane ditinggalake “Jibril”, nalikane Nabi Muhammas SAW wis meh tekan pengayunaning Pangeran mau kae (“I.T.M.I” : 26).

Dene luluhe reca uyah dadi banyu segara iku, yen ing Quran : kaya nalikane Nabi Musa “pirsa” Pangeran sarana mandeng gunung. Ing kitab Taurat kasebutake jenenge gunung iku Sinah (Sinai), yaiku kang kasebut  gunung  Tursina  ana  ing  layang-layang  Jawa  (,,thur”  iku tembung  Arab,  pada  karo  ,,jabal”,  ateges  gunung).  Dene  gunung Tursina kang dipandeng dening Nabi Musa iku sanyatane : pucuking grana (antaraning mripat karo) kang dipandeng ing nalikane dzikir.

Sabanjure  ana  ing  surat  Al  A`raaf  :  143  disebutake mengkene : falammaa (nalikane) Tajalla (weruh ceta) rabbuhu (Allah Pangerane) liljabali (kelawan iku gunung) ja`alahu (banjur dadi) dakkan (remuk sumyur) wacharra muusa (lan ambruk Nabi Musa) sha`iqan (semaput).

Pancen, ing ndalem kahanan Ma`rifat iku, yen diterangake sarana tembung, pol-pole mung bisa migunakake tembung sha`iqan (semaput, klenger) iku mau. Dene jelase ing waktu iku nabi Musa a.s angambah pengalaman kang tan kena kinaya ngapa, ing ndalem kahanan kang tanpa piranti , sairib karo sifat sifate  Pangeran, kang ugo tan kena kinaya ngapa lan kuwaos tanpa piranti. Dene pangemper-emper kang gampang dipaham : ing wektu iku kaya ……….. sare kang ora supena.

Iya kaya mengkono iku kang diarani makripat ing Pangeran, kasebut ing wirid. Kang angel iku sarat-sarate anggayuh, hla kang angel luwih dening angel iku bisane kegayuh. Dene teorine mengkene :

Pengalaman  kaya  nalika  ngancik  tataran  Haqiqat  ‘’’’’’’’’’’’’’ ; dilanyahake disik, lire anggone oleh pengalaman kaya mengkono iku kudu bola-bali. Babagan iki beda karo bocah sinau nulis : yen wis bisa nulis aksara “pa” sepisan bae, saben-saben iya bisa, lawas-lawas bisa tur rikat. Balik babagan iki ora mengkono. Senajan wis tau berhasil oleh pengalaman, nanging ora saben-saben tumindak bisa berhasil.

Hla kang kasebut lanyah iku : saben tumindak ya berhasil, lawas-lawas berhasile kalayan gampang (rikat), lawas-lawas maneh : lagi diniyati bae wis berhasil. Yen wis kaya mengkono iku, katone mayanggaseta (terugkaatsing) mung kari kala-kala yen ana perlune utawa yen diniyati dipurih katon.

Kelanyahan kang mengkono mau, miturut nalar ya ora aneh. Awit bisane berhasil iku ora liya : saka lerene piranti-piranti wadag, kari nganggo piranti alus kang aran rasa jati iku mau (,,I.T.M.I” : 23, 24). Dadi  soale  :  soal  tehniek  nglerenake,  tehniek  iku  tinemune  saka pengalaman rambah-rambah.

Menawa wis lanyah lan ora tentrem  ana ing tataran kono, wis sedenge  wiwit  njangkah  tataran  Ma`rifat.  Yen  penjangkahe  iku temenan, tan ora kena  adeging uripe pedinan banjur beda karo kang uwis. Maune mung (1) netepi rukuning agama, (2) mujahadah lan riyalat (riyadlah), (3) ngelelatih asih marang sepada-pada (,,I.T.M.I” : 24), kalayan ora diniyati banjur kadunungan sipat … z u h u d,   yaiku rasaning ati kang ora gandrung marang apa bae, kejaba mung gandrung marang Pangeran.

Para  zaahid-zuhhaadda  ing  jaman  saiki,  ora  kumudu sumingkir saka masyarakat utawa menganggo pating srempal, iku ora. Menganggo salumrahe, nyambut gawe salumrahe, mung bae adoh saka pengaya-ngaya,  kang  lerege  mung  mikolehake  diri  pribadi.  Kabeh tumindake kanti eklas (karana Allah), apes-apese tumrap rahayuning jagad, apese maneh tumrap rahayuning masarakat sakiwa-tengene.

Dene laku-lakune anggone dzikir, iya ora beda karo kang wistak aturake mau, mung niyate bae kang beda. Kang disik mua niyat nyarira sawiji (,,I.T.M.I” : 24), saiki niyate :  “Makripat ing Pangeran “ mulane ora bakal merduli rerupan lan pengalaman apa bae, kang tinampa dening rasa jati. Leren-lerene dzikir yen wis kesel, utawa banjur turu, utawa………… gunung tursina remuk sumyur, banjur plas oleh pengalaman kang tan kena kinaya ngapa, yaiku lerene rasa jati ora makarti.

Sumyure  gunung  Tursina  iku  ana  ing  wirid-wirid katembungake fanaaiil-fana (rusaking rusak) kaya kang kacritakake anaing layang “Centini” mengkene (Dandang gula) :

,,Wau  kang  abengat  wirid  dikir,  samya  anater  pangguyengira, ndungkap  panak-ul-panane,  antaranira  kantu,  anggulinting  pendah kaywaking,  winot  sewu  kalimah,  ing  sa-napasipun,  lalya  toh jiwangganira …….”

Hla iku sampeyan aja kliru penampa, di ! Yen anggone ,,anggulinting  pendah  kaywaking”  iku  jalaran  saka obahing  sirahe anggone dzikir, amesti ora kena dipadakake karo Nabi Musa a.s anggone makripat ing Pangeran mau kae. Destun pada karo disuntik morphine utawa kakehan minum jenewer.

Lan maneh kita kudu eling : ngelmu ke-Tuhanan iku ora kena ginayuh kelawan ora mangan ora turu. Upama tumindak mengkono iku oleh pengalaman, ora liya kejaba bangsaning sasar, kang kagawa saka owahing piranti, mulane agama Muhammad ngaramake; kenane mung ngurangi mangan turu sawetara.

Tekan  samene  wedaran  bab  Ma`rifat  wis  tammat,  ganti wedaran bab Islam, wedaran ora dawa-dawa mung cendak bae.

V.  WEDARAN BAB ISLAM

29. MITRA

Amit-amit sewu, mas, aku arep nyelani nyuwun katerangan disik.  Yen  aku  ora  kliru  tampa,  nggayuh  makripat  iku  pepindane mangkene :

Upama aku iki lahir ana ing Ngayogya, nanging awit dek durung kelingan biyen, ndadak digawa wong tuwa menyang Lampung. Wusana gedeku, tuwaku, nyambut gaweku, uga ana ing lampung. Barengaku wis arep pensiyun, niyatku arep mulih menyang Ngayogya. Utamane sadurunge tekan titi mangsane pensiyun, aku perlu weruh Ngayogya disik, sebab aku durung nyipati kanta-kantane ,,daerah istimewa” tanah asalku iku.

Ananging sarehning weruh Ngayogya (tataran Ma`rifat) iku angel kelakone,  hla yen aku wis kepeksa pensiyun (tinggal dunya), mangka durung sida kelakon weruh Ngayogya disik, iku banjur kepriye lelakonku, mas?

29. DARMA

Sampeyan anggone gawe pepindan iku : persis, di ! Dene jawabane bakal kalebu ana ing wedaran iki uga.

Tumrap ngelmu ke-Tuhanan kang di ngamalake, setemene yen wis tekan tataran Ma`rifat iku wis pantog, ora ana kang perlu dirembug maneh. Anadene unda usuke `arifin iku mung jalaran pengalamane. Ana kang sajege sugeng lagi oleh pengalaman sepisan, ana kang kaping pindo utawa luwih, ana kang ……….. saben dina. Hla miturut wirid senajan lagi sepisan anggone oleh pengalaman tan kena kinaya ngapa (Ma`rifat) iku, wis tetep jumeneng ………….. Islam.

Tembung ,,islam” ing wirid iki dudu Islam araning agama, yaiku islam araning paham, kang asale saka tembung kriya  a s l a m ategese : masrahake. Dadi : Islam, tegese : pasrah (sumarah) marang Pangeran, kosok baline paham kupur (kufrun).

Kang iku, duk jamane para rasul sadurunge Nabi Muhammad SAW : ya wis  ana islam lan kupur. Kang pahame islam sinebut muslim, kang pahame kupur sinebut kapir (kafir). Kang mengkono iku uga kasebut ana ing Quran, kang nyritakake pangendikaning Pangeran marang Nabi Ibrahim a.s, ing surat Al Baqarah : 131 mengkene : idz qaalalahurabbuhu aslim qaala aslamtu lirabbil`alamien = nalikane Pangeran ndawuhi ,,sira islama (sumaraha marang Pangeran) ”, ature ,,kawula sumarah dateng Pangeranipun sedaya `alam. Ing ayat 132 Nabi Ibrahimlan Nabi Ya`qub Paring wasiat marang putra wayah  mengkene  : yaabaniyy ina allaha asthofa  lakumu ddiena falla tamuutunna illaa waantum muslimun =  He anak putuku satemene Pangeran wis milihake Agama tumrap kowe kabeh. Mulane kowe kabeh aya    pada mati kejaba dadi muslim. Lan ing ayat 133 putra wayahe Nabi Yaqub kang  arep ditinggal seda, pada matur mengkene  : qaaluu na`budu ilahaka wailahi abaieka ibrahima wa ismaa`ila wa ishaaqa ilahan waahidan wanahnu muslimuuna = kula sedaya sami nembah Pangeran panjenengan, pangeranipun leluhur panjenengan Nabi Ibrahim, Nabi ismail, Nabi Iskak, inggih punika Allah ingkang Maha Esa, lan kula sedaya sami dados muslim.

Hla iku, di, tegese tembung islam kang sekawit. Nanging bareng agama Muhammad ketelah aran agama Islam, tembung ,,islam” iku banjur ora bisa tumrap penganut agama liya, senajan sumarahe marang Allah kaya putra wayahe Nabi Ya`qub.

Anadene tumraping wirid, jumeneng  Islam iku yen wis ngacik  tataran  Ma`rifat,  amarga  bisane  sumarah  temenan  marang Pangeran iku ora liya kejaba yen wis dadi `arifin iku mau. Yen durung tekan tataran kono, amesti sumarahe isih peksan-peksan, dipeksa dening piyandele (Syari`at) utawa pangertine (thariqat).  Senajan  wis tekan tataran Haqiqat uga durung mitayani, amarga ana ing kono iku lagi bisa nyatakake wewadining urip (,,I.T.M.I” : 25) bae. Balik para `arifin iku pirsa (weten) wewadining kabeh `alam, lan pirsa sebabing kedadeyan sawiji-wiji, mulane ora ana kang nyababake kurang sumarahe satitik-titika.

Bab  wong  tinggal  dunya,  miturut  wedaraning  wirid  : pengalaman kang tinemu nalika ngambah pelawangan pati (lumrahe diarani sekarat utawa sakaratil maot) iku pada bae karo pengalaman kang tinemu ing nalika ngancik tataran haqiqat, yaiku piranti-piranti wadag leren kabeh, mung kari nganggo piranti kang aran rasa jati. Pengalaman kaya mengkono iku mesti dialami dening sapa bae, senajan ora duwe ngelmu iya angalami. Mulane panindak marsudi Haqiqat lan  Ma`rifat mau ana kang nembungake sinau mati utawa icip pati.

Nalika para `arifin ngancik tataran Ma`rifat, pengalaman kaya mengkono iku durung rampung, si rasa jati banjur dilerenake uga, nganti tanpa piranti babar pisan : mulih mula-mulanira, tan kena-kinayangapa. Hla sajroning sekarat, tan prabeda uga mengkono, yen ketrima sinebut pati patitis, sejati-jatining mati Islam (sumarah) utawa mati syahid (perang karana Allah). Dawuhing Hadiest : perang karo mungsuh iku perang cilik (jihadil shaghiri), dene perang gede luwih dening gede (jihadil akbari) iku perang karo napsune dewe.

Mungguh kandege ana ing rasa jati iku mau, ora liya jalaran isih ketabetan dening napsu babagan dunya. Yen tabet mau bisa kebengkas sajroning sekarat, tetep anggone merangi napsu : wiwit tinarbuka ……..sampai titik darah yang penghabisan.

Dadi tumrap kang durung ngancik tataran Ma`rifat sajroning uripe, – tataran Haqiqat bae akeh kang durung – yen ana keparenge Pangeran : ora mokal nisa mati islam utawa mati syahid. Hla kang ora bisa kaya mengkono, mesti bae isih nandang lelakon kepenak utawa ora kepenak, setimbang karo ……… ngelmu lan ngamale nalika uripe. Tammat wedaran bab Islam. Nyumunggakake !

30. MITRA

Elo, wis ana wong nyapu. Aku rumangsa marem lan matur sewu-sewu nuwun, mas. Nyuwun panit mulih !

30. DARMA

Iya ta di, nanging ora perlu niru, Prabu Sumali marang Resi Wisrawa, ndadak arep ngucupake asta barang ! Ayo salaman bae. Nderekake sugeng !

==== @@@ ====

Posted in SULUK BAKA

SULUK BAKA


Kinanthi

01. Kinanthi ingkang winuwus, wontên baka luwih adi, lir wali angundang dhalang, sapari polahing ringgit, sayêkti saking dhêdhalang, lan sapangucaping ringgit.

Diceritakan dalam tembang Kinanthi, yang dikemas dalam Suluk Baka yang begitu indah, Seperti wali mengundang dalang, Segala tingkah laku dalam wayang, nyata berasal dari dalang, Dan segala ucapannya wayang.

02. Saking dhêdhalang puniku, solah pangucapirèki, Ki Dhalang pan wujud Baka, upama dhalang lan ringgit, lir kawula lan Kang Murba, sayêkti silih-sinilih.

Adalah dari dalangnya itu, Segala tingkah dan ucapan kamu ini, adalah dari ki dalang yang memiliki sifat kekal, Perumpamaan dalang dengan wayang, adalah seperti kawula dengan Yang Kuasa, yang nyata saling terkait keduanya.

03. Tan ana kêkalihipun, lamun tan silih-sinilih, wayange lawan Kang Murba, mangkana kawula Gusti, tan nyata ing kalihira, lamun tan silih-sinilih.

Tidak ada keduanya, jika tidak saling terkait, yakni antara wayangnya dengan Yang Kuasa, Begitu juga dengan kawula dan Gusti, Tidak nyata antara keduanya,  jika tidak saling terkait.

04. Ya Allah kalawan rasul, kadi dhalang lawan ringgit, Allah kang mangka dhêdhalang, rasul kang upama ringgit, ringgit kalawan ki dhalang, tansah asilih-sinilih.

Ya Allah dan rasul, bagai dalang dengan wayang, Allah sebagai dalang, Rasul sebagai wayang, Wayang dengan ki dalang, selalu saling terkait.

05.  Poma sira aja korup, mring pamisahing kêkalih, dhalang-dhalang wayang-wayang, kawula-kawula pasthi, gusti-gusti lah panggihna,  [nanging] kawruhana sami.

Kamu jangan menyembunyikan, terhadap perbedaan keduanya, Dalang sebagai dalang ; wayang sebagai wayang, kawula tetap sebagai kawula, Gusti gusti temukanlah, Namun, ketahuilah kembali.

06. Ing pasthining kawulèku, yèn padudon tampaning sih, ing padune iku iya, tan ana Mukhamad tunggil, iya Gusti ya kawula, iya ulun iya dasih.

Apa yang menjadi ketetapan kawula itu, Jika berbantahan dalam menerima sesuatu, ketika dalam perdebatan. Sesuatu itu ialah, tidak ada Muhammad tunggal; karena dia itu gabungan dari Gusti dan kawula, juga hamba dan abdi.

07. Pasthi nora kêna iku, ana dene tampaning sih, ya dening tan kêna pisah, lawan kawruhana malih, pasthi sakèhing kawula, minallahi mangallahi.

Hal itu tidak boleh terjadi, adanya penerimaan seperti ini; yakni keduanya tidak boleh berpisah, Juga ketahuilah lagi, pasti bahwa semua manusia itu, berasal dari Allah dan akan kembali kepada-Nya.

08. Lan malihe lillulahu, têgêse kawula iki, anane saking pangeran, sarta pangeranirèki, lan kawula iku iya, wêwayanganing Hyang Widdhi.

Dan berubahnya manusia itu juga kehendak-Nya, Arti dari kawula ini adalah, berasal dari Pangeran, yang juga merupakan Pangeran kamu ini, Dan kawula itu juga, adalah gambaran dari Hyang Widdhi.

09.  Wayangan lawan suksmèku, iku panggihêna nuli, poma sira dipunawas, lir ngangsu pikulan warih, lan ngambil gêni dêdamar, kodhok angêmul lèngnèki.

(yang terdiri atas) badan dengan suksma itu, Hal itu temukanlah kemudian, Karena kamu sebenarnya senantiasa diawasi, Seperti mengambil air memakai pikulan air, dan mengambil api dengan bekal api, Kodok menutupi liang tempat tinggalnya.

10.  Lan warangka manjing dhuwung, parahu amot jaladri, kuda ngêrap ing pandêngan, kalawan gêgêring mimis, tapaking kontul anglayang, pambarêp adhining wragil.

Dan selubung keris masuk dalam keris, Perahu melingkupi lautan, Kuda yang berlari cepat di kandangnya, Dengan gigiring peluru, Jejak bangau terbang, Anak sulung adiknya si bungsu.

11. Lan tambining pucang iku, siti pinêndhêm ing bumi, lan banyu kinum ing toya, lumpuh angidêri bumi, cebol anggayuh ngakasa, kang wuta atuduh margi.

Dan tambining pohon pucang itu, Tanah yang terpendam di bumi, Dan air yang direndam dalam air,  Lumpuh mengelilingi bumi, Cebol meraih angkasa, Orang buta sebagai petunjuk jalan.

12. Bisu amungkasi padu, srêngenge pine lan malih, ingkang pawaka binakar, walanjar durung alaki, randha manak bêranaan, sajatine maksih sunthi.

Orang bisu mengakhiri perdebatan, Matahari dijemur, dan lagi, api yang dibakar, Janda muda belum menikah, Juga janda yang memiliki (melahirkan) anak, Sebenarnya masih perawan.

13. Parawan nusoni iku, lan taksih ing priyanèki, atine kang wuluh wungwang, sawung kaluruk sajroning, turu lan wêkasan benjang, jatining lanang lan èstri.

Perawan yang menyusui itu, Dan masih terikat oleh lelaki, hatinya yang ada di dalam badan jasmani, Ayam jantan berkokok di dalam, tidur dan akhir pagi, Sebenarnya laki-laki dan perempuan itu.

14. Jatining kawula iku, lawan sajatining Gusti, jatining ringgit lan dhalang, ana gusti andêdasih, kèngkèn duk lagya dinuta, kawula dèn kawulani.

Adalah sebenarnya kawula, dengan sebenarnya Gusti, Keduanya merupakan gambaran nyata dari wayang dan dalang, Ada gusti yang mengabdi, menyuruh ketika lagi disuruh, hamba yang dihambai.

15. Wontên punang madhêp ngidul, duk madhêp ngalèr lan malih, wontên ingkang madhêp ngetan, duk madhêp mangilèn tuwin, wontên kang madhêp mangandhap, duk lagya madhêp manginggil.

Ada yang menghadap ke selatan, ketika sedang menghadap ke utara, dan lagi,  ada yang menghadap ke timur, ketika sedang menghadap ke barat, Dan ada yang menghadap ke bawah, ketika masih menghadap ke atas.

16.  Gutuk êlor kêna kidul, gutuk kidul lor kang kêni, gutuk kulon kêna wetan, gutuk wetan kulon kêni, gutuk pribadi kênèng lyan, gutuk lyan kêna pribadi.

Membidik ke utara kena selatan, Membidik selatan, utara yang kena. Membidik barat kena timur, Membidik timur, barat yang kena., Membidik diri, kena orang lain., Membidik orang lain, kena diri sendiri.

17.  Wontên nalikane sêpuh, duk lagya anomirèki, wontên anom duk ing tuwa, irêng nalikane putih, lawan katon kang kalingan, wêkasan lagi awiwit.

Ada yang merasa tua, padahal kenyataannya masih muda, Muda ketika sudah tua, Hitam tatkala putih, Seperti sesuatu yang nyata, namun tampak samar-samar. Akhirnya baru mulai.

18. Angèdhèng anèng garumbul, adhedhe sajroning warih, silulup anèng dharatan, lêlungan nalika prapti, singêdan anèng pêpadhang, lanang nalikane èstri.

Bersembunyi di semak-semak, Berjemur di dalam air, Menyelam di daratan, Bepergian ketika baru datang, Bersembunyi di tempat terang, Lelaki ketika wanita.

19. Ěstri nalika priyèku, heh sagung kang ahli buddhi, grahitanên iku padha, poma dèn kongsi kapanggih, pan iku sasmitanira, janma kang punjul sasami.

Wanita ketika laki-laki, Hei para cerdik pandai, Pikirkanlah renungan itu, dengan (kamu) sungguh-sungguh, hingga dapat menemukan, Hal itulah yang menjadi isyarat, bahwa dirimu, manusia yang melebihi manusia yang lain.

20.  Lamun sira nora wêruh, takona janma kang luwih, ingkang wus ngarip ing Kuran, ngungsêda dèn kongsi olih, aja wêdi dening guna, jêr pakewuh ujar iki.

Jika kamu tidak tahu, bertanyalah kepada orang yang pandai, yang mengerti tentang Al Qur’an, Berusahalah dengan keras hingga (kamu) mendapatkan ilmunya, Jangan takut akan gunanya ilmu itu nanti, Sehingga merasa segan melaksanakan nasihat ini.

21. Pan akèh kang tiba luput, ragane dèndalih jati, marmane kèh tibèng sasar, poma gurokna sayêkti, tunggaling gusti kawula, lan roro-roroning tunggil.

Banyak orang yang salah, Raganya disangka akan kekal, Oleh karena itu, banyak yang jatuh dalam kesesatan, Dengan berpedoman pada kebenaran, yakni tunggalnya Gusti kawula, dan kedua-duanya tunggal.

22. Tunggil tunggale sawujud, wujuding kawula Gusti, lan sampurnaning panêmbah, poma dènatèki-tèki, dèn rampung paningalira, aywa katungkul sirèki.

Satu tunggalnya satu wujud, Wujudnya kawula Gusti, dan sempurnanya ibadah itu, jika kamu rajin melaksanakan perintah, hingga selasai penglihatanmu, Janganlah kamu terjebak.

23. Dening wujud tunggal iku, mukhayat wujudirèki, apan iku wêwujudan, tan ana towangirèki, saprênah prayoganira, tan ketang gon ala bêcik.

Oleh wujud tunggal itu, Wujud ini hanya ada jika kamu hidup, Sebab itu hanya wujud saja,  tidak ada jarak kamu ini, Sebaiknya kamu menuju satu arah saja, Tidak memperhitungkan tempat buruk dan baik.

24. Mmêngkono pambêkanipun, yèn manusa kang wus ngarip, tan na etang kiri kanan, tan narèntèng tan naricik, datan ing wuri tan ngarsa, miwah ing ngandhap lan nginggil.

Demikian perasaannya, jika manusia disebut bijaksana itu, Dalam pandangannya, tidak mengindahkan lagi yang ada di kiri kanan. Tidak menyatukan dan tidak membagi, Tidak di belakang, tidak di depan, Tidak di bawah dan di atas.

25. Adoh parêk ika iku, iki nora dene tangi, ingakên sadayanira, iku tingaling kang luwih, kang satêngah agênturan, wênèh kapapaging margi.

Jauh dekat sana sini, Ini tidak juga bangun, Lihatlah semuanya, Itu penglihatan yang sempurna, Yang ketika keadaan menjadi kacau, ada yang dijadikan sebagai petunjuk jalan.

26. Wênèh ingkang kapidulu, sawênèh-wênèh ingkang ling, sawênèh ana kang kocap, sawênèh ana tutwuri, iku kabèh kawruhana, basa kapapag kapering.

Selain yang dilihat di antaranya, ada yang di dalam pikiran, Di antaranya ada yang terucap, Selainnya ada yang di belakang, Semua itu harus kamu ketahui, bahasa yang ditemui dibagi.

27.  Lan malih poma dèn wêruh, rampunge dhalang lan ringgit, rampung ing Gusti kawula, dhalang pan nyata ing ringgit, ringgit pan nyata ing dhalang, kawula nyata ing Gusti.

Dan lagi upama diketahui, selesainya dalang dan wayang, adalah selesainya hubungan Gusti kawula, Tetapi dalang nyata di dalam wayang, dan bukankah wayang nyata di dalam dalang, Sebagaimana kawula nyata bagi Gusti.

28.  Gusti nyata kawulèku, êndi dhalang êndi ringgit, êndi Gusti di kawula, wruha pisah kumpulnèki, lan sapa kang aran dhalang, lan sapa kang aran ringgit.

Gusti nyata bagi para kawula, Mana dalang mana wayang, mana Gusti, mana kawula, Ketahuilah pisah kumpulnya keduanya, Dan siapa yang disebut dalang, dan siapa yang disebut wayang.

29. Roh ngakal kalawan ênur, iku dènarani ringgit, pan iku wayang ilapat, kanapi aranirèki, dudu sajatining wayang, pan wêwayangan sayêkti.

Roh, akal dengan nur,  Itu disebut wayang manusia, Tetapi itu hanya wayang pengantara, yang disebut nafi (tidak ada), Bukan sebenar-benarnya wayang, Akan tetapi, nafi mirip dengan wayang itu; yang sebenarnya.

30.  Dening kang cupêt ing kawruh, iku dènarani ringgit, wujud kak ingaran dhalang, kawruh wong kang durung ngarip, pasthine iku nanging ta, wontên undhakipun malih.

Oleh orang yang memiliki sedikit ilmu, disebut wayang. Maka wujud “Ada yang benar” yang disebut dalang itulah, pendapat orang yang belum arif,  Memang itu benar, akan tetapi masih ada yang lebih tinggi lagi.

31. Sajatining dhalang iku, lawan sajatining ringgit, pan kapanggih ing panunggal, ira kawula lan Gusti, ing kono dipun waspada, marang wirasaning wangsit.

Sebenarnya dalang itu, dengan wayang yang sebenarnya, akan bertemu menjadi satu,  denganmu sebagai kawula dan Gusti, Perhatikan itu sungguh-sungguh, kepada arti keterangan dari pertanda ini.

32. Dèn kacipta sasmitèku, yèn wus tan ngulati malih, katêmu nèng sêla-sêla, sajatine kang pinurih, kang micara pinicara, kang dènrasani ngrasani.

Pikirkanlah makna yang sebenarnya dari simbol-simbol itu, Jika sudah, tidak dilihat lagi, Ditemukan di sela-sela, Sebenarnya yang diambil manfaatnya, yaitu yang membicarakan dibicarakan, yang dibicarakan membicarakan.

33. Kang dinulu kang andulu, kang ngulati dènulati, iku pancasing wicara, tan ana wirasan malih, yaiku rahsaning rahsa, surahsa-rahsa sajati.

Yang dilihat yang melihat,  yang mencari dicari, Itu merupakan tujuan dari pembicaraan, Tidak ada pembicaraan lagi, yaitu rahasianya rahasia, merahasiakan rahasia sejati.

34.  Rasanên rahsa kang mungguh, ing rahsanira pribadi, kang sarta lawan pitêdah, ing guru kang sampun ngarip, dadi tan katêlanjukan, rampunging dhalang lan ringgit.

Rasakanlah rahasia yang patut, Di dalam rahasia pribadimu, Yang juga dengan petunjuk,  dari guru yang sudah paham, Menjadi tidak akan ketemu, dengan akhir hubungan dalang dan wayang.

35. Aja sira mangu-mangu, idhêpmu aja sak sêrik, aja mêksih amêmitra, lan aja sarupa mêksih, dadi bakal yèn mangkana, têmah kapiran sirèki.

Janganlah kamu ragu-ragu, Perasaanmu jangan sampai iri, (hal itu) jangan (terjadi jika) masih (ingin) berteman, dan jangan masih serupa (dengan hal itu), Jika demikian akan berakibat, menjadi terlantar kamu nanti.

36. Jêr kang satêngah wong iku, jajah desa milangkori, dèn bêbanjar mrana-mrana, nora wêruh yèn tutwuri, pan balolokên kêwala, walang wrêksa kang lar wilis.

Sebenarnya, sebagian orang itu, melakukan pengembaraan ke berbagai tempat, dan menyebar ke mana-mana, tidak tahu bahwa mengikuti dari belakang, dan karena tidak dapat melihat (karena silau) semata, adalah bagai belalang kayu yang bersayap hijau.

37. Tan buh pinangeran iku, kang konang gung angayêngi, aja mangmang ing pangeran, kang nyata asih ing dasih, ing sarira dènpungsênga, iku kang mangka gêgênti.

Tiada mengerti bahwa yang dianggap Tuhan itu, Yang terkenal selalu mengelilingi, Jangan ragu-ragu kepada adanya Tuhan, yang nyata kasih-Nya kepada hamba, Di badan dicari di mana-mana, Itu sebagai pengganti.

38. Sayêkti paesan wujud, wujud tunggal tan kêkalih, apan nora kêna pisah, ing kono goning ngawruhi, wit ning kang tan wruh kadohan, sarirane dènsinggahi.

Nyata wujud jelmaan,  wujud satu tidak berbilang, Yang tidak boleh pisah,Di situ tempatnya untuk mengetahui, Pohon, tetapi yang tidak kelihatan dari kejauhan, Badannya disinggahi.

39. Den dalih pisaha iku, prandening yèn paningaling, wong kang makripat, tan ketang jaba jero ngarep wuri, ngandhap nginggil ana ora, brastha tan nganggo pinrinci.

Disangka pisahnya itu, Jika sekiranya merupakan penglihatan, orang yang ma’rifat itu; maka dia tidak memperhatikan lagi, luar, dalam, depan, belakang, bawah, atas ada tidak, Rusak tidak memakai perincian.

40. Datan andulu dinulu, panêmbahe tan sarênti, alanggêng ing ananira, gumêlêng ing jagad, lwirning dumadi pan kalimputan, sêmbah sinêmbah pribadi.

Tidak melihat dilihat, Menyembahnya; tidak secara bersamaan, Kekal di dalamnya, Disatukan di jagad semuanya, Menjadi tidak tahu karena terliputi, Sembah disembah sendiri.

41. Ing makrup sampurnanipun, marmane datan kaèksi, kalimput kandhih ing tunggal, tunggal tunggaling sawiji, yaiku sêgara mulya, pan sakèhing para nabi.

Dalam kesempurnaan yang baik, Oleh karena itu, orang tidak melihat apapun lagi, Semua diliputi dan ditutupi oleh Hyang Tunggal, Tunggal tunggalnya Esa, yaitu samudra kemulyaan, dari kebanyakan para nabi.

42. Wali mukmin ngulamèku, samya wuta bisu tuli, lumpuh suwung tanpa solah, lir sêkar pangambunèki, jêr kalimput raganira, kandhih dening Dzat Sajati.

Wali, mukmin, ulama iku; semuanya buta, bisu, tuli;  lumpuh tiada berilmu, tidak bertingkah;  Seperti baunya bunga ini, Kemudian terliputi badanmu, tergeser oleh Dzat Sejati.

43. Pan kadya duk noranipun, iku sajatining dasih, apan nora kadariyah, nora kajabariyahi, tan amuji tan anêmbah, pan kang muji kang pinuji.

Tetapi umpama ketika tidaknya, itu seorang kawula, sebab bukan takdir Ilahi, (Manusia) tidak mempunyai kuasa apa-apa, Tidak memuji tidak menyembah, karena yang memuji adalah yang dipuji.

44. Mung sinilih bae iku, dening ta obahing dasih, dudu obahe priyangga, sayêkti obahing Gusti, Gusti tan obah priyangga, Lamun tan nilih ing dasih.

Hanya meminjam saja hal itu, Oleh setiap geraknya kawula, bukan geraknya sendiri, Nyata geraknya Gusti, gusti tidak bergerak sendiri, Jika tidak meminjam kawula.

45. nanging tunggal tan ro wujud, yèn roro lir makdum sarpin, lan Malih kawikanana, kawula tan dadi Gusti, iku tingaling sarengat, dening sampurnaning puji.

Tetapi tunggal tidak berwujud dua, Jika dua bagai makdum sarpin, Dan lagi ketahuilah, kawula tidak bisa menjadi Gusti, Itu dilihat dari sisi syariat, Oleh sempurnanya puji.

46. Datan andulu dinulu, swuh brastha papan lan tulis, apan wus rasa Pangeran, ywa kapêcan dening tampi, wadine nênggih tan pisah, dening tan ana pribadi.

Tidak melihat apapun lagi, leburnya papan dan tulis, Jika sudah mencapai rasa Pangeran, jangan diramalkan oleh penerimaan, Karena rahasianya, yakni (rahasia) tidak pisah (tersebut), oleh karena tidak ada pribadi.

47. Anane lan noranipun, tan sinêdya ananèki, dinadèkkên dening suksma, mapan kinarya gagênti, lan kinarya sêksining Dzat, Sipat Asma Apngal nênggih.

Ada dan tidaknya, tidak di maksud adanya ini, Dijadikan oleh suksma, yang mapan dikaryakan, diganti; dan dikaryakan saksinya Dzat, yaitu sifat Asma Af’al.

48. Yèn langgênge tan sakuthu, tur wimbuh purba sirèki, Mahasuci ananira, tanpa lawan timbangnèki, jumênêng lan dhèwèkira, wus nora samar sayêkti.

Jika kekalnya tidak sekutu, juga bertambah kuasa kamu ini, Maha Suci adanya, tanpa lawan pertimbangan macam-macam, Berdiri sendiri, tanpa ada kekhawatiran lagi.

Posted in SERAT WEWADINING RASA

BAB XV. TEGESE LAHIR KARO BATIN


Wong utawa bocah asring takon mangkene : GUSTI ALLAH PANGGONANE ANA ING NGENDI ? Wong takong mangkono wis samesthine, ora kena diluputake, marga thukule saka kepingin ngerti.

Kang ora luput : SABABING TAKON. Nanging SURASANING PATAKON luput.

Yen takone wis luput, sanajan dipikir-pikira, wangsulane ya melu luput, marga wangsulan iku adate mung manut pitakon. Dadi wong takon mangkono iku : mung kudu diterangake, rehne durung ngerti.

Kepriye ta lupute. Lupute : Allah diarani manggon. Allah iku ora mbutuhake panggonan, malah ditutuhi dening saliring panggonan.

Awang-uwung kang tampa wates jembare dalah isine kabeh, manggon ing ngendi ta? …….manggon ing Allah. Apa meksa katakokake? Allah manggon ing ngendi? Lah wong ngarani panggonaning awang-uwung ora bisa, teka dipurih ngarani panggonaning Allah.

Awang-uwung kang tanpa wates gedhene, iku bae wis ora susah di takokake manggon ing ngendi, marga : iku malah dadi dununge sakehing enggon sarta sakehing ener. Kabeh-kabeh ana sajroning awang-uwung kang tanpa wates jembare. Bobote mangkono, awang-uwung mau meksa isih gumantung marang ananing Allah. Dene mungguh CARA PAMANGGONING awang-uwung marang Allah iku, kena dipindhakake CARA PAMANGGONING kacaning buku, ana ing bukune (raening dluwang manggon ing dluwang).

Pinikira : buki siji kacane akeh. Iku nyamleng kanggo pepindhan : Allah enggone nglimputi alam ka-alusan akeh banget, kang siji-sijining alam mau awujud awang-uwung kang tanpa wates gedhene dalah isine. Padha bae kahanane karo : buku siji nglimputi kacane. Kaca-kacane isi tulisan lan gambaran.

Caraning “DZAT” enggone nyamadi alam iku ya jibles kaya caraning buku enggone nglimputi kaca-kacane.

Kacaning bukui akeh sap-sapan, padha dumunung ing buku, mangkono uga alam, ora mung donya iki bae. Akeh banget warnaning alam, kaya kang kapratelakake ing ngarep.

Coba kagalih, yen mangkono, apa meksa katakokake : Allah manggon ing endi?.

Coba ngupamakna jagading tulisan, mangkene : sandhangan wulon iku ana ing SADHUWURING aksara, sukon ana SAKNGISORE, sandhangan cecek ana SAJRONING pepetan. Pepet ana SAJABANING cecak. Iku kabanjure teka dadi nakokake : bukune apa ana SAK-DHU-WURE aksara, apa SATENGAHING aksara, apa SAK NGISORE?

Cekake : yen manungsa bisa ngarani prenahing BUKU utawa KANG MACA BUKU kaprenah ING TEMBUNG ENDINE sandhangan  wulon utawa taling, lan iku bisa ngarani prenahing Allah ing TEMBUNG ENDI kawujudan isining alam.

Jagading tulisan iku rak beda luwih dening beda : manawa katimbang jagading WONG kang maca buku utawa BUKUNE. Kapriye beda-bedane? Ing jagading tulisan ora ana keblat (ener) sajabaning raen. Kang diarani ngisor dhuwur sarta kiwa tengen, apa dene JABA JERO, kang tumrap kacaning BUKU. Iku dudu kang tumrap ing bukune utawa kang maca buku.

Jagading tulisan iku jagading raen, (luwih tipis, malah tanpa kandel babar pisan). Balik jagading buku utawa wonge : gembleng (kubuk).

Jagading buku nunggal karo jagading awake kang maca buku, nduweni ener kang uga aran ngisor, dhuwur, njaba, njero, nanging beda karo ngisor dhuwur tulisan. Jaba-jeroning jagade uwaong. Beda karo jaba-jeroning tulisan. Lah iki pinikir-pikira.

Sawise terang marang prakara ing dhuwur iku, nuli mikira ing ngisor iki :

Sandhangan wulon wis cetha dumunung SAK DHUWURING aksara, sandhangan pepet ana SAJABANING CECAK, cecak sa-SEJO-NING pepetan…… Lah samengko banjur ana pitakon, mangkene : KANG MACA BUKU, ana tembung ngendine kang diwaca? Nanging aja nganggo tembung SAJABANE mundhak dikira kaya prenahing pepetan tumraping cecek. Si aksara ora temu-tinemu karo tegese ING DHUWUR  kang ora kaya prenahing wulon. Ora pethukan selawase karo tegesing SAJABANE, kang ora kaya prenahing pepetan tumraping cecak.

Manungsa sok nembungake prenahing kajaten nganggo tembung ING JERONE BADAN. Mangkono iku papadhane : wong kang maca buku diarani SAJERONING pepetan, kaya dene prenahing cecak tumraping pepetan.

Kang iku manungsa prelu sinau ngrasakake marang karepe tembung : LAIR karo BATIN, kang nganti bener pangretene. Ing kono yen pancen wis mangerti temenan (bisa ngrasakake) tartamtu bisa nampa ing rasa, yen dipratelani mangkene : PANGERAN IKU PRENAHE ING BATINE BADANMU, ING BATINE KAWUJUDAN KABEH, ING BATINE ALAM, ING BATINE SAHIRMU, ING BATINE BUDI RASAMU.

Manawa wis bisa mangerti marang kang aran ING BATINE mau, ngupamakna : prenahing mripate kang maca buku, diaranana ING BATINE aksara kang diwaca, prelune : aja diarani SAJABANE AKSARA utawa SAK DHUWURE  aksara, awit yen nganggo tembung SA-JABANE utawa SADHUWURE, mundhak dikira kaya prenahing wulon utawa pepetan.

Kajaten katembungake ING JERONE BADAN, ya kena bae, sak uga aja ditegesi kaya prenahing jerowan tumraping daging utawa daging tumraping kulit.

Muga karasakna kang aran ING BATINE mau. Mengko kita bisa ngrasakake encer-encer prenahing Pangeran kita.

Prenahing Pangeran kita : ing telenging batin, yaiku ing pungkasane batining saliring bating.

Wiwit saka : teleng tumeka batin, kabeh kagarba ing Asma Allah. Yaiku Asma kang Agung.

Kawadhagan kita nyebut marang telenging batin kita, nganggo Asma : ILLOLLAH (PANGERAN).

T A M A T

Mrayogakake maos :
1.         Kacawirangi.
2.         Jatimurti.
3.         Madurasa.
4.         Wedharan Wirid I.
5.         Wedharan Wirid II.

Sumber : Buku Serat Wewadining Rasa, Cap-capan I Tahun 1985.
Penerbit : Yayasan Djojo Bojo SURABAYA.

Posted in SERAT WEWADINING RASA

BAB XIV. TERANG GAMBLANGE KANG ARAN DIRI


a. BAB WUJUD ANYAR, ya wujud daden-daden, utowa momoran.

Pulas kuning diwori pulas biru, mujudake pulas ijo. Maune ora ana pulas ijo. Kang ana : kuning lan biru. Bareng warna kuning lan biru diwor, nganakake : pulas ijo.

Warna ijo pepindhane wujud anyar, ya wujud daden-daden, utawa wujud momoran. Dene warna kuning lan biru iku wujud asal.

Tuladha maneh : maune ora ana wujud kang aran kuningan. Bareng tembaga diwor karo timah sari, banjur dadi kuningan kang digawe paidon kae. Kuningan iku wujud anyar. Kang maune ora ana.

Emas karo tembaga dicampur, dadi suwasa. Suwasa iku wujud anyar.

Gandum diuwor karo gulo, endhog, puwan, uyah kaolah mujudake kuwih, kayata : mari. Kuwih mari iku wujud anyar, yaiku wujud SIJI kang kadadeyan saka dhapukaning adon-adon warna-warna.

Wong kang ora sumurup asal usule, mangka ujug-ujug weruh warna ijo, iya wis mesthi ngira yen warna ijo iku dudu warna anyar. Mangkono uga kuningan, suwasa, kuwih mari, premen, lenga cap burak, sapanunggalane, kabeh rinasa kaya dene wujud asli, tegese kaya-kaya PANCEN WIS ANA MAU-MAUNE kang aran ijo, kuningan, mari sapanunggalane iku.

Saya anggonku ora padha ngira, upama dipratelani, yen : PELEM, KAYU, DAGING, BALUNG, LEMAH…… iku wujud anyar, kang tegese momoran. Mulane ora bisa ngira, awit ora sumurup marang asal usule, weruh-weruh wis dadi kayu, daging, balung. Jer wis ana wiwit kuna-makuna.

Aksara “a, b, c, d, e, ……..” iku siji-sijine kalumpuking garis bengkong lan lenceng ditahk-thukake. Uga momoran.

Kang diarani gendhing, kayata : pangkur, iku klumpuking swara warna-warna, kang ditahk-thukake sarana wangun, (dilaras) mujudake larasan siji (harmoni) banjur dijenengake : pangkur.

Janaka (wayang) iku dhapukaning wewangunan cilik-cilik, ditata, dilaras, mujudake wawangunan siji, kang dijenengake : Janaka.

Rasaning kuwih mari, iku klumpukaning rasa warna-warna, kayata : gurih, legi, asin, buket, mirasa….. kadhapuk, kalaras sarana kataker sawarna-warnane, banjur mujudake RASA SIJI, KANG TEKA ANYAR, jumedhul, utawa sajak tiban saka langit, aran : mari.

Rasaning pelem iya mangkono, dhapuking rasa warna-warna, mujudake rasa SIJI aran rasaning pelem. Ing nguni ora ana kang jeneng : pe + lem. Bareng adon-adon warna-warna tinaker (dening kodrat) kaulet, banjur nganakake wujud anyar SIJI, sajak jumedhul utawa tiba saka langit, arane : pelem, banjur rinasa pantes banget diarani pelem, marga netepi kapelemane.

Kang aran daging, balung, kayu, lemah……. siji-sijine ya kalumpuking wujud warna-warna, kadhapuk sarana kataker dening pangawasa lan ngelmuning Pangeran. Kabeh mau siji-sijine awujud harmoni, momoran, iya daden-daden.

Harmoni cilik-cilik, kalumpukake mujudake harmoni gedhe. Harmoni gedhe-gedhe, klumpuke kang luwih gedhe, sabanjure nganti ora kira-kira gedhene.

Harmoni sawiji, kang jumeneng gedhe-gedhening harmoni, iku kasebut nganggo tembung : ALLAH.

Samubarang kang wis maujud, sanajan iku wujud anyar, kita ora ngira yen iku anyar, kang kadadeyan saka dhapukan. Mangkono maneh samubarang kang wus WUJUD RASA SIJI, kang wis nganggo jeneng, sanajan iku RASA ANYAR, utawa rasa dhapukan, rehne wis maujud SIJI tur mawa aran. —- iku kita banjur lali marang lungguhing anyare, tuwin lungguhing dhapukane.

Sangsaya ora ngira yen kita mikir bab rasa kang diarani RA – SA – NING – WONG.

Kang diarani, UWONG utawa RASANING WONG : iku iya rasa anyar, daden-daden utawa dhapukan, nanging dirasa SI-JI. Iku ora beda karo dhapukaning swara warna-warna kang mujudake ENGESING PANGKUR.

Kang aran rasaning wong, kayata : rasane Suta, iku dhapukan saka rsaning Luamah, Amarah, Supiyah, Mutmainah, Angen-angen…… sapiturute, kang sawarna-warnane tinaker ing kodrat, dhinapuk, supaya dadi harmonining rasa, kang banjur dijenengake : RASANING SI SUTA utawa ATINE SI SUTA utawa WATAKE SI SUTA.

Kang bisa ngrasakake marang atine si Suta mau, ya si Suta dhewe. Nanging : endi ta kang jeneng si Suta iku, ambak-amabak mung pangaran-aran. Kang jeneng si Suta, wujud anyar, kang sajak jumedhul tanpa sangkan, ewa dene : si Suta ngrasa (ngira nganggo pangrasane) yen dheweke iku kuna makuna wis dadi si Suta. Yen calathu nganggo tembung : AKU, iku kang diarani aku : RASA KASUTAN, kang anyar tekane.

Sarehne saben rasa wis mesthi ana bebakalane (wujude kang nganakake rasa mau, dadi wis mesthi wujuding bleger : ya dhapukaning wujud asli kang maneka warna).

Kang diarani : rasaning wong iku, dhapukaning rasaning sato + rasaning tetuwuhan + rasaning jin + rasaning setan + rasaning dewa + rasaning kapangeranan, sapanunggalane. Sajinis-jinise mawa takeran. Ana dene panakere, iku tumrap sawiji-wijining wong : ora padha. Ana kang kaduk kasatoan, ana kang kaduk kajimane, ana kang kaduk kasetanane, ana kang kaduk kasukmane.

Kang endi kang kaduk. Yaiku kang dikulinakake pakartine (diurip-urip) kulina diempakake dayane.

Rehne wis tetela, yen siji-sijining adon-adon iku KENA DIGAWE BIBIT, dadi tetela uga sadhengah adon-adon watake kudu-kudu makarti terusan, kabeh njaluk URIP, njaluk ANA, njaluk pakan, njaluk empan.

Adeging dhapukan, kang mujudake siji-sijining wong, iku arane : DHIRI.

Tembung DHIRI, nunggal teges karo diri ing basa Indonesia.

Mulane karanan dhiri, awit kadadeyan saka ADEGING dhapukan. Dhapukan mau bareng madeg (berdiri), banjur aran dhiri, kang tegese deg-degan (perdirian), ngemu surasa yen pancen wujud anyar (deg-degan anyar), kang maune ora ana.

DHIRI, uga teges ndhewe (mandhireng). Mulane ka-aranan ndhewe, awit ateges madeg dhewe. Mulane diarani ndhewe (berdiri sendiri) awit ateges deg-deganing rasa nayar, kang rumasa misah saka RASA TUNGGAL (misah saka RASA KAPANGERANAN). Pisahe banjur ngrasa madeg dhewe, ngaku kahanan jati, ngaku ANA dhewe, ngaku NGERTI dhewe, ngaku kahanan jati, ngaku URIP dhewe, …….. sabanjure ngajak lali marang jejering kahanan kabeh, ngajak ora ngrasa marang lungguhing anyare lan dhapukane, sarta njaluk pepandhingan karo dhiri-dhiri liyane. Mulane mangkono, awit weruh-weruh wis dadi deg-degan, weruh-weruh wis maujud rasa siji, ora nganggo milah-milah adon-adone.

Sarehne dhiri iku ngrasa madeg dhewe (pisah saka rasa tunggal) dadi banjur duwe panganggep (pangandel) yen dhirine iku DUDU KAHANAN ANYAR, mung KABARE bae, anyar, nanging engetan lan rasane : ora tinemu anyare, ora tinemu nyataning anyare. Kang mangkono mau, nganakake rasa kumudu diluhurake kumudu ditresnani utawa disenengi dening dhiri liyane. Rasa mangkono iku ka-aranan : ambeg dhiri utawa watak dhiri.

Kareping tembung : ngegungake dhiri. Tumraping kawruh batin, katembungake : KORUP MARANG DHIRI.

Rehning panganggep kang mangkono mau kliru (dudu panganggep kang nyata, dudu dabenering anggep) dadi banjur katembungake anggep-anggepan, tegese : tetironing anggep, utawa ayang-ayanganing anggep, dudu sajating anggep.

Rasa kang kliru mangkono, nukulake cacad akeh rupa-rupa, kayata : gumedhe, jubriya, tekabur, sumengah, adigang, adiguna, kumingsun, kuminter, sumangkeyan….. akeh tunggale. Empune ana ing rasa dhiri (rasa madeg dhewe rasa misah) mau.

Pang-panging anggep kang kliru mau kayata : isinan, laran aten, cugetan, mesgulan, sugih sak-serik, meren, butarepan, ewan, panasten, drengki……. akeh banget yen dicacahake. Kabeh mau underane utawa telenge ana ing RASA DHIRI (RASA PISAH, RASA MADEG DHEWE).

Rasa dhiri iku kamusrikan kang dhisik dhewe.

Panyudaning watak anggep dhiri, sarana ngupaya pangreten kang terang marang lungguhing anyare lan dhapukane. Kapindhone : Ngurip-urip rasaning Mutmainah kang ngajak bekti marang Pangeran lan welas asih marang sapadha-padha.

Tipising rasa dhiri, nenarik marang bisane ngrasakake marang rasa tunggal, yaiku rasaning manungsa sejati utawa ra ka-Pangeranan.

b. JUMEDHULING WUJUD ANYAR : NGALEKAKE MARANG WUJUD ASLI

tembung di LALEKAKE, iku tegese : rinasa ORA ANA (ora rinasa ana).

Upamane kayata : biru diwori kuning, sawise dadi ijo, si biru lan si kuning sirna tanpa lari, ilang musna ing pandulu, kaganti ing jumedhuling ijo.

Glepung, gula, puhan, uyah, endhog, lan liya-liyane, bareng wis diulet sarta mujudake kuwih mari, kabeh mau banjur sirna saka ing engetan, ilang musna tanpa lari, kasalinan jumedhuling wujud siji thok kang jeneng : kawih mari, tekaning kuwih mari sajak tanpa sangkan, ujug-ujug ana.

Saerhning kabeh adon-adon wis disirnakake saka ing engetan, temahan rasaning adon-adon kang warna-warna mau, (legi, asin, gurih….) rinasa dadi duweke mari. Dadi si mari kang banjur oleh aran : legi, gurih, asin, buket sapanunggalane. Wong banjur clathu : Kuwih mari iku legi, kuwih mari iku asin, kuwih mari iku gurih. Mangkono iku ateges ora ngelingi marang si endhog, si gula, si uyah, si puwan, sapanunggalane.

Bocah mangan panganan, akeh bae kang ngrasakake enake lan ngreti jenenge, nanging ora sumurup kang digawe.

Tunggale iku kayata : rasaning wowohan, kayata : krambil, pelem, kacang………, iku wong kang mangan, kawruhe mung mangkono : Krambil iku gurih, krambil iku rada legi, krambii iku ora asin. Kacang iku gurih, kacang iku rada legi, kacang iku rada asin, kacang iku buket. Adon-adon kang mujudake adeging kacang, ora dipikir, wis cukup sauger ngelingi kacang, ya ora kena dipaido, marga wanuhe marang wujud kang aran kacang iku wiwit cilik. Malah kacange wis cumawis sadurunge sing mangan lair ing donya.

Ing dhuwur iku nyamleng banget dianggo pepethan wujud anyar kang aran : WONG.

Coba katiti priksa, apata : WONG iku?

Manawa katiti priksa, ya jibles “mari” mau.

Adon-adon kasar alus warna-warna : kaulet, mujudake jemedhuling wujud anyar, kang arane : wong. Bareng WONG wis madeg, ananing adon-adon padha sirna tanpa lari saka ing engetan kita.

Dayaning adon-adon warna-warna : nganakake rasa warna-warna. Nanging rasa warna-warna, mau-mau diaku dening wujud anyar, kang aran : wong mau.

Si Uwong sanajan teka anyar-anyaran, ewadene ngakoni marang rasa warna-warna, kang dumunung ing garbane. Upamane wong kang aran mas Wira, kang endita : kang aran mas Wira, ora ana, mung ceciptan utawa esthining engetan. Ewa dene ditetepake nduweni rasa warna-warna, kayata ditembungake : mas Wira pinter, mas Wira rosa.

Engetan wong enggone  lali marang ananing adon-adon mau, kajaba sabab kaling-lingan si-uwong, ana maneh sababe, yaiku : wong donya iku ALUSE KORUP MARANG WADHAGE.

Lumrahing wong, ora ngira yen ana wujud warna-warna. Ora sumurup yen ana kang dadi tukang ngrasa susah, ana kang dadi tukang gething utawa muring, ana kang dadi tukang asih utawa welas, ana kang dadi tukang kelingan, ana kang tukang eling, lan liya-liyane. Iku lumrahe padha ora dingerteni.

Rasaning engetan, rasaning ati, rasaning jasmani, ……ora kinira yen ana wujude. Dikira saka : MAS WIRAbae. Nanging bareng ditakokake endi mas Wirane, ora bisa ndumuk, lan manehe sarehning korup marang kawadhagan, ana kang benyunyak-benyunyuk ndumuk badane wadhag sakojur.

Kajaba mas Wirane disengguh wadhage, rasane kang maneka warna pisan uga disengguh saka wadhage. Kayata : Bisane mikir dikira mung saka dayaning utek. Bisane ndeleng saka dayaning mripat kang sasar. Bisane ngrungu saka dayaning kuping kang awujud daging. Nanging bareng wis diulese, mati apa-apane isih wutuh, teka ora bisa apa-apa, banjur nggraita yen Mas Wirane dudu wadhage.

Adon-adon alus mau padha urip sarta kumudu makarti, siji lan sijine arebut daya. Kang pinuju menang dayane : mecungul dadi pangareping rahsa. Kayata : mas Wira lagi bungah, iku adon-adon kang dadi tukang bungah : mencungul. Adon-adon kang dadi kosok baline bungah : mingslep. Yen mutmainah lagi mecungul, mas Wira lagi becik atine, kayata : tresna marang sapadha-padha, sabar tetulung. Yen amarah  kang lagi timbul, ya mas Wira maneh kang disebut ala atine. Dadi molah-malihing rasa utawa wataking wong iku, ora dielingi saka timbul keleming adon-adon alus. Kang di-elingi wonge, kayata : Mas Wira wingi becik, saiki Mas Wira ala. Mau Mas wira muring, saiki dhangan sarta ngguyu.

c. BEDANE RASA DHIRI KARO RASA PRIBADI

Ing ngisor iki muga rinasakna :

RASA PRIBADI iku ya Rasa Tunggal.

Saben ana RASA DHIRI iku wis mesthi karo RASA PRIBADI. Nanging RASA PRIBADI ora mesthi karo RASA DHIRI. Iku lire : rasa dhiri Mas Wira butuh marang rasa pribadine kang tunggal. Nanging Rasa Pribadi kang tunggal ora butuh marang rasa dhirine mas Wira.

Rasa dhiri iku “negatiefvorm”, tegese : adege butuh katetepake ing liyan, kaya dene dadining ringgit butuh marang salaka, dadining tulisan butuh WONG KANG NULIS. Nanging “salaka” ora butuh ringgit, wong ora butuh tulisn.

Yen wong clathu nganggo tembung AKU, iku kang tinuju dening rasane wong mau : RASA PRIBADI KANG TUNGGAL.

Nanging sarehne pribadi kalingan-kalingan ing rasa dhiri, kaya salaka katutupan ringgite, temah mung dhirine kang RINASA ANA. Uga padha karo ilanging salaka, kasalinan jedhuling ringgit.

Ing ngarep nyebutake : TIPISING RASA DHIRI NARIK MARANG BISANE NGRASAKAKE MARANG RASA TUNGGAL,  iku tetembungane TIPISING RASA DHIRI : rinasakna kang memet kapriye karepe??

KINANTHI

Mangka kanthining tumuwuh, salami mung awas eling, eling lukitaning alam, dadi wiryaning dumadi, supadi nir ing sangsaya, yeku pangreksaning urip.

Marmen den taberi kulup, angulah lantiping ati, rina wengi den anedya, pandak-panduking pambudi, bengkas kahardaning driya, supadya dadya utami.

Wedhatama Winardi.

…@@@…

Sumber : Buku Serat Wewadining Rasa, Cap-capan I Tahun 1985.
Penerbit : Yayasan Djojo Bojo SURABAYA.

Posted in SERAT WEWADINING RASA

BAB XIII. BAB PANGILON LAN AYANG-AYANGAN


Ingsun, ya kahanan kang sajati.
Sajatine ora ana kahanan maneh, mung INGSUN kang ana.
Kahanan jati kagungan sipat.
Sipating kahanan jati, yen ginelar, tanpa wates jinise lan wilangane.

Gelaraning sipat, uga ka-aranan ayang-ayangan.
Endi ta : ayang-ayangane?
Endi ta : pangilone?
Kang diarani ayang-ayangane, yaiku SALIRING SAHIR KABIR.
Dene pangilone, iku cekake : mung Pangeran piyambak kang priksa.

Sanajan roh suci, ing jagad ka-alusan kang luwih dening luhur, YEN SAHIR ISIH KORUP MARANG KABIRE, ya durung nyata marang pangilon sajati.

Wujude pangilon sajati : WUNGWANG, tanpa apa-apa.
Dadi pantes yen diaranana : ORA ANA, dening sadhengah makhluk. Ora beda karo ORA ANANING RERUPAN : Tumrap pangilon bening. Dadi kang ora ana : RURUPANE. Nanging pangilone : A N A.

Pangilon sajati  : SIJI, nanging tanpa wates wilangane lan jinise.

Siji kang tanpa wates cacahe mau disengguh : ORA ANA tumraping ngaurip, kang sahire kurup marang kabire. Ora ana iku lire : dudu bangsaning wujud lan dudu bangsaning rasa. Marga : pangilon mau sajatine mung : DAYA TUNGGAL.

Daya tunggal, yaiku : LARASING KEDHER KODRAT KANG SALARAS (4).

Ya daya tunggal mau kang mratelakake ananing rasa lan wujud (sahir kabir).
————————-

($). Kedher Kodrat : Caraning Kodrat Makarti.

Sadhengah kang nunggal daya, ya nunggal rasa, nunggal kawruh, banjur ka-aranan nunggal alam. Kayata : pandulu padha pandulu : iku nunggal daya nunggal alam. Kawengku ing daya tunggal : SAJINIS (salaras), dadi pandulu iku nunggal rasa nunggal kawruh karo sapadhaning pandulu. Ora nunggal rasa lan kawruh : karo pangrungu utawa pangambu. Dado pandulu karo pandulu : nunggal alam. Pandulu karo pangrungu : ora nunggal alam.

WARNA-WARNANING pangalaman, iku gumantung marang WARNA WARNANING daya tunggal (warna-warnaning CARA PAMAKARTINING kodrat).

Pangalamaning wong donya BEDA karo pangalamaning jin, BEDA karo pangalamaning eblis, BEDA karo pangalamaning dewa…… lan liya-liyane, iku sabab saka BEDA-BEDANING daya tunggal mau.

Daya tunggal-daya tunggal, kang tanpa wates jinise lan wilangane mau kawengku ana ing kahanan jati, kang pamengkune iku kaya dene buku mengku marang kacane kabeh.

Bener banget pamilihe tembung KACA : kang ateges pangilon : Bener maneh pamilihe tembung rasa kang tumrap rasaning kaca (pangilon) awit dadi pepindhane RASA : kang tumrap ing pangilon jati. Mengkono maneh cahyaning pangilon Rasa : kang tumrap ing pangilon jati. Mengkono maneh cahyaning pangilon dadi pepindhane cahyaning RASA ($).

Bokmanawa kang maca iki durung tampa (ngreti) marang pratelan ing dhuwur iku, ing ngisor iki panuntun murih bisa ngrasakake selehing panampa mungguh lungguhing ayang-ayang.
———————

($). Tetela kabeh kang gumelar iki, dadi tuladha lan sasmita tumrap marang kang awas. Ya dadi seksi anane kang nitahake, ya dadi piranti panggayuhing manusa, ya dadi katranganing pambudi.

TULADHA – TULADHA

I. YEN kahanan jati NGILO nganggo alam kodhok, kajaten katone sako ing kono mujudake : DHIRINING KODHOK, yaiku : ENGETAN RASA, PANGRASA BADANING KODHOK.

Engetan utawa pangrasaning kodhok mau : SAHIR tumrap alam kodhok. Dene KABIRE : yaiku arupa blumbang, lemah, suket, banyu, hawa, padhange srengenge……. dalah wadhahe si kodhok dewe.

Sarehne si-kodhok, sahire koru[ marang kabire, mangka kabire iku KAWUJUDAN ING DONYA KANG WADHAG, dadi INGSUN KANG NGLUNGGUHI KAJATEN, katone saka alam kodhok, iya wujud raganing kodhok : SIJI, yaiku awak kang kasengguh nduweni engetan lan rasa pangrasa, sanajan satemene DUDU RAGANE kang marakake kelingan lan bisa ngrasakake.

Wilangan : SIJI, kang tumrap badaning kodhok kang nduweni engetan lan rasa pangrasa mau : ayang-ayanganing KASAWIJENING PANGERAN.

Kawruh kodhok (enggone ngreti lan weruh marang kahanan sakubenge lan enggone ngrasakake rasaning kahanan kang kena dirasakake ing kodhok). Iku ya ayang-ayanganing NGELMUNE Pangeran.

Solah tingkah muna-munining kodhok, dadi ayang-ayangan ing PAKARTINE Pangeran.

Dadi : pangiloning kajaten, kang dienggo ngilo sahir kabiring kodhok iku pangilon goroh, awit kahanan jati ora kaya mangkono.

Pangilon kang mangkono iku peteng tur geseh wanguning ayang-ayangane katimbang karo kanyatane kang ngilo. Kena di umpamakake : wong ngilo nganggo gendhul (botol) ireng, kang raene legak legok. Kajaba peteng (ora terang) ya geseh banget karo nyatane.

Dadi kang jeneng ayang-ayangan mau : ENGETAN DALAH RASA PANGRASANING KODHOK, apa dene KAWRUHE  marang jagad.

GUMELARING JAGAD kang diweruhi nganggo engetan dalah rasa pangrasaning kodhok mau : iya wis kalebu ing ayang-ayangan kang katon sajroning pangilon sajinis, kang aran alam kakodhokan.

Engetan dalah rasa pangrasaning kodhok (kang dianggo ngawruhi ananing jagad dalah ananing awake) iku SAHIRING alam ka-kodhokan. Dene jagad donya (kang diweruhi nganggo engetan lan rasa pangrasa) iku : KABIRING alam ka-kodhok-an.

Sahir tuwin kabiring alam kakodhokan mau, karo-karone ayang-ayanganing kahanan jati, kang katon ing pangilon goroh lan peteng, yaiku pangilon kang aran alam kakodhokan, iya martabat kakodhokan, iya daya tunggal sajinis (salaras) kang nganakake sahir kabiring kodhok.

KANG NGILO : KAHANAN JATI

Kang dienggo ngilo : daya tunggal sajinis, kang aran alam kakodhokan utawa martabat kodhok.

Dene ayang-ayangane yaiku rasa pangrasaning kodhok dalah kawruhing kodhok marang gumelaring donya.

Sahiring kodhok prenahe ing BATINING KABIRE. Pangilone kajaten prenahe ing BATINING SAHIRE kodhok. Kajaten kang ngilo pernahe : ing BATINING pangilon jati ($).
—————————–

($). Tegesing tembung LAHIR sarta BATIN, katerangake ing bab 15.****

II. Yen kahanan jati ngilo nganggo alam manusa (wong donya), kajaten katone saka ing kono awujud : DHIRINE WONG DONYA, yaiku : ENGETAN + RASA PANGRASA BADAN WADHAGE wong donya.

Engetan sarta pangrasaning wong donya mau SAHIR tumrap alam manungsa. Dene KABIRE, yaiku : arupa bumi langit saisen-isene kabeh, kapetung dalah BEGOGOKING BADANE wong mau.

Mulane kahanan kang kaya mangkono diarani AYANG-AYANGANING KAHANAN JATI, awit kahanan kaya mangkono mau DISENGGUH KAHANAN KANG TEMENAN, dening wong donya.

Sarehne wong donya iku sahire korup marang kabire, mangka kabire mau KAWUJUDAN ING DONYA KANG WADHAG, Adadi : INGSUN KANG NGLUNGGUHI KAJATEN, katone saka alam manungsa iya wujud RAGANING wong donya : SIJI, yaiku awake kang disengguh nduweni engetan lan rasa pangrasa (sanajan satemene DUDU SI-RAGA kang marakake bisa kelingan lan bisa ngrasakake iku).

Wong donya padha nduweni panganggep, yen dhirine iku  MUNG SIJI, kayata : wong kang aran si-Suta (dhewekw) iku sajagah mung ana siji thok.

Dhiri kang diarani nganggo tembung AKU dening si-Suta, sajagad mung ana siji thok. Iku ayang-ayangan INGSUN.

Mungguh RASANING WILANGAN SIJI KANG TUMRAPING DHIRINE : iku ayang-ayanganing KASAWIJENE KAHANAN JATI (INGSUN).

Kawruhe si-Suta (lire : OLEH-OLEHANE saka enggone ngreti, ndulu lan ngrasakake lelawanan karo isining jagad) iku dadi ayang-ayangan NGELMUNING PANGERAN utawa KAWRUHING PANGERAN.

URIPING PANCADRIYANE si-Suta : iku dadi ayang-ayangane GESANGING Pangeran. (Uriping wong yen katandhing lan gesanging Pangeran, iku pepindhane : uriping arloji katandhing uriping wong. Uriping wong iku mung “loop” dene matine “staal stil” tumrap Gesanging Pangeran).

Solah tingkah muna-munining wong donya : dadi ayang-ayanganing PAKARTINE PANGERAN. (Pakartining Pangeran yaiku enggone nganakake sakabehing daya tunggal utawa kedher kodrat, kang banjur mujudake sakabehing sahir kabir).

Dadi : pangilon kajaten  kang ayang-ayangane arupa sahir kabire si Suta iku, pangilon goroh, awit kahanan jati ora kaya mangkono nyatane. Pangilon kang mangkono iku peteng tur WANGUNING AYANG-AYANGANE GESEH KARO SABENERE, nanging luwih terang yen katimbang pangilon kang ayang-ayangane arupa sahir kabiring kodhok. Iku kena diupamakake wong ngilo nganggo raening gendhul kang ora pati ireng lan ora pati legak-legok.

Dadi jeneng ayang-ayangan iku ENGETAN DALAH RASA PANGRASANE SI SUTA, apa dene KAWRUHE si Suta marang jagad.

Kawruh (oleh-olehaning ngawruhi) marang gumelaring jagad kawruh kang cumithak ing dhirine : iya wis kalebu (kapetung) ayang-ayangan, …… Ayang-ayangan sajeroning pangilon sajinis, ….. pangilon sajinis kang aran alam manungsa mau, ringkese : KANG DIANGGO NGAWRUHI + KANG DIWERUHI + KAWRUHE (sahir kabire) ayang-ayangan sajroning pangilon sajinis, iya pangilon kang aran alam Kamanungsan, iya martabat kamanungsan, iya daya tunggal sajinis, (salaras) kang nganakake sahir kabire si Suta mau.

KANG NGILO : KAHANAN JATI

Kang dienggo ngilo : daya tunggal sajinis kang aran alam manungsa utawa martabat manungsa. Ayang-ayangane yaiku : engetane si Suta, rasa pangrasane si Suta, susurupane si Suta marang gumelaring donya : sahir kabire si Suta.

Si Suta rumasa ANA, nekseni utawa nyatakake yen dheweke iku ANA temenan. Tandha yektine : duwe engetan lan rasa pangrasa kang dianggo ngawruhi lan ngrasakake gumelaring jagad banjur calathu : AKU ANA.

Kang diarani AKU dening si Suta mau DHIRI siji. (Terang gamblanging kang diarani dhiri, kapratelakake ing bab : 14, iya dhiri iku ayang-ayanganing kahanan jati : INGSUN PRIBADI).

Aku ana ….. iku tegese : dhirine si Suta mau maujud utawa mandeg.

Tegese : ANA, kang tumrap dhiri si Suta, kang ateges maujud mau ayang-ayanganing ANANE kahanan jati.

Dadi AYANG-AYANGANING ANA : iku MAUJUDE utawa MADEGE, nanging ANA KANG SEJATI iku tegese : KANG BISA NGANAKAKE SALIRING KANG MAUJUD, utawa : KANG MENGKU WUJUD LAN KANG ORA MAUJUD. Dadi KAHANAN SAJATI : iku tanpa wiwitaning ana, tanpa wekasaning ana.

Anane dhiri : nganggo wiwitan lan wekasan. Nanging…..  ora ana dhiri kang weruh wiwitaning madege. Ora ana dhiri kang bisa nekseni SADURUNGE ANA karo SAWUSE ANA. Bisane duwe  RASA DHIRI bareng dhiri mau wis…… ana. Dadi : sarupane kang dikawruhi lan dirasakake dening si Suta iku : tumrap engetan lan rasa pangrasane si Suta : ANYAR KABEH.

Jagad donya luwih keri anane : tumrap engetan dalah rasa pangrasane si Suta. Bapa biyung iya luwih keri anane : tumrap rasaning engetan. Enggone ngarani keri katimbang biyunge iku satemene mung KABAR saka enggone nundha warta bae. Tumrap engetan dalah rasa pangrasane si Suta dhewe : ora nyata yen dheweke keri, ora nekseni, ora ngalami, awit dumunung sajroning engetane (kaelingane). Rehne mangkono, dhirine si Suta : rumasane iya DHISIK DHEWE katimbang sakehe kawruh kang diwenehi nganggo engetane.

RASA DHISIK DHEWE mau ya dadi ayang-ayangane ing kidame Pangeran (dhisik dhewe tanpa kawitan tumrap kahanan jati).

Dhirine si Suta nganggo wekasan, dadi ora langgeng. Nanging sajroning wektu dhiri mau madeg, ora ngrasakake marang kang aran wekasan, mung ndeleng ING KABIRE yen wong mati iku ana. Dene prakara ndeleng wong mati, iku dudu kanyatan tumrap rasa dhirine, (yaiku sababe arang banget wong donya kang nduweni pangraita lan pamikir prekara mati. Iya bener kerep ndeleng wong mati, nanging ora kalebu ing rasa pangrasa (ora klebu dadi pangalaman, sajroning wektu dhiri mau isih madeg).

Enggone ora ngrasakake marang wekasan mau iya dadi ayang-ayanganing kalanggengane pangeran.

Mangsa kang dienggoni dening si Suta diarani : SAIKI. (dienggoni tegese dirakake).

Saiki KANG ATEGES WEKTU mau ya dadi ayang-ayanganing saiki KANG MENGKU SALIRING WEKTU, arane ing basa Arab : kanjanmahfiyan.

Ora ana dhiri bisa ngrasakake marang BIYENE utawa mBESUKE. Kang dirasakake ora liya yang mung SAIKINE. Lire wong kelingan lakon biyen, enggone kelingan mesthi ana ing SAIKI mangkono uga mBESUK, iya digagas ing SAIKI. Dadi RASA BIYEN KARO RASA mBESUK ora ana kabeh. Kang ana mung RASA SAIKI. Iya RASA SAIKI iku ayang-ayanganing SAIKINING PANGERAN,  kang mengku saliring mangsa.

Si Suta yen ngarani panggonan kang lagi dienggoni, nganggo tembung : KENE.

Kene KANG ATEGES PANGGONAN iku, ayang-ayanganing kene, kang ateges :KANG MENGKU SALIRING ARAH LAN ENGGON. Arane ing basa Arab : ngaras kursi.

Ora ana dhiri bisa ngrasakake marang KANANE. Kang dirasakake ora liya ya KENENE, iku pamikir lan nggagas kahanan kang diarani ANA ING KANA, iku pamikir lan panggagase mesthi ANA ING KENE. Iya RASA KENE KANG TUMRAP PANGGONAN iku ayang-ayanganing KENENE PANGERAN, kang mengku saliring enggon.

SAHIRE si Suta prenahe ing BATINING KABIRE si Suta.
Pangiloning kajaten, prenahe ing  :  batining sahire : SI Suta.
Kajaten kang ngilon, prenahe ing : BATINING PANGILON.

III. YEN kahanan jati ngilo nganggo : ALAMING RASA KASWARGAN, kajaten katone saka ing kono awujud dhiri wong swarga, yaiku : ENGETAN PADHANG + RASA ADHEM LAN SENENG +BLEGERING BADANE ALUS,  kang kadadeyan saka bebakalaning Mutmainah. (ngelingana bab rasa lelima, kang kasebut ing bab 11).

Engetan lan rasa pangrasaning wong swarga mau SAHIR : tumrap alaming wong swarga. Dene KABIRE, yaiku : gumelaring swarga, kapetung dalah blegering dhiri dhewe.

Mulane diarani : AYANG-AYANGANING KAHANAN JATI, awit kahanan kang mangkono iku DISENGGUH KAHANAN KANG SANYATA-NYATANE, dening wong swarga.

Prekara liya-liyane kang mratelakake ANANE lan KAHANANE : ora prelu karonce maneh, cukup nganggo tuladha pangalamaning wong donya kang kasebut mau.

Ayang-ayanganing kahanan jati kang katon ing martabat kadewan, kajiman, kasetanan lan liya-liyane, uga cukup nganggo tuladha siji ing ngarep. Bab tataraning pepadhange, goroh temene lan rasane, ….. kiraku kang maca iki mesthi bisa nimbang dhewe.

IV. YEN KAHANAN JATI  ngilo nganggo martabat tetuwuhan utawa watu, kajaten katone saka ing kono : PETENG, ora katon apa-apa, ora krasa apa-apa. Lire tanpa kaelingan apa-apa. Iku kena diumpamakake wong ngilo nganggo blabag ireng. Ing blabag ireng mau digoleki rupane kang ngilo : ora ana apa-apane.

Tetuwuhan tak tembungake ORA DUWE RASA DHIRI, ora ngreti yen dhirine ANA, ora sumurup yen jagad iku ANA, ora ngreti yen Pangeran ANA. Kajaba ora ngreti marang ANANE MAU KABEH, ya ora ngerti yen DHEWEKE ANA, sarta ora ngreti yen dheweke ORA DUWE PANGERAN, utawa KAELINGAN.

Tetuwuhan sarta watu kena diupamakake : netepake yen jagad gumelar iku ORA ANA. Pangeran ORA ANA. Kahanan siji bae ORA ANA, ORA ANA KAHANAN. Ora pisan-pisan nekseni marang ananing kahanan kabeh. Kekembangan kang endah, nyenengake, arum gandane, dialembana ing Manungsa sarta disawang dening para luhur ana ing tengahing meja marmer, ora pisan-pisan bisa ngreti yen dheweke ana, ora nyana disenengi lan dialembana. Padha bae karo wayang, kayata : Janaka, ditonton sarta disawang wong akeh, nanging kang disawang mau ora sumurup yen ana. Ora kanggonan ing bungah susah lan lara kapenak. Nanging peteng ndhedhet limengan. Ora ngreti apa-apa. Ora ngrasakake panandhang, lan ora ngrasa marang nikmat lan mupangat.

V. YEN KAHANAN JATI ngilo nganggo Pramana sajati (sipat maknawiyah), kajaten katon sawungkuling Sipat kang nyata sanyata-nyatane ing Pangeran piyambak. ($)
——————————-

($). Kodrat, Iradat, sapanunggalane, (kang kasebut ing dhuwur mau) ka-aranan sipat mangani, yaiku kang awujud jirim. Dene : kodiran muridan sapanunggalane : karanan sipat maknawiyah, awor karo “DZAT” (bangsa kang ukuran kaping IV, kapratelakake ing layang Jatimuri).

…@@@…

Sumber : Buku Serat Wewadining Rasa, Cap-capan I Tahun 1985.
Penerbit : Yayasan Djojo Bojo SURABAYA.

Posted in SERAT WEWADINING RASA

BAB XII. EMPAN – PAKAN – MEMPAN


a. Wong ngempakake geni, iku tegese : wong mau MAKARTEKAKE geni. Pakartining geni arane : murub utawa mengangah. Dadi wong mau agawe, murih genine murub utawa menganggah.

Geni mau supaya MAKARTI nganggo lantaran PAKAN. Pakane : kayu garing utawa lenga. Kayu garing utawa lenga iku dadi LANTARANE MAKARTINE sigeni.

Kayu teles, diempakake ORA MEMPAN. Tegese : ORA KALEKSANAN MAKARTI marga dilantari kayu teles. Kayu garing diempakake ing geni, mempan, tegese kaleksanan sigeni MAKARTI rehne dilantari kayu garing.

D A D I :

Empan, tegese : pakartine.
Pakan, tegese : lantaraning makarti.
Mempan, tegese : makarti mawa lantaran.

b. Wong ngempakake pandulu, tegese : wong mau MAKARTEKAKE pandulu. Pakartining pandulu arane NDULU. Dadi wong mau agawe murih pandulune ndulu (pandelenge ndeleng).

Pandulu mau supaya makarti, nganggo lantaran PAKAN. Pakane : rerupan, kayata rupaning kembang iku kang dadi LANTARAN MAKARTINE si-pandulu.

Barang ing pepeteng; diumpamakake ORA MEMPAN. Tegese ; pandulu ORA KALEKSANAN MAKARTI dilantari barang ing pepeteng. Barang ing pepadhang diempakake ing pandulu, mempan, tegese : kaleksanan si-pandulu mau MAKARTI dilantari barang ing pepadhang.

D A D I :

Empaning pandulu, tegese : makartining pandulu.
Pakaning pandulu, tegese : rerupan kang dinulu.
Mempaning pandulu, tegese : makartining pandulu lantaran rerupan.

c. Murid ngempakake pikiran, tegese : murid mau MAKARTEKAKE pikiran. Pakartining pikiran arane : MIKIR. Dadi murid mau agawe, murih pikirane mikir.

Supaya pikiraning murid mau makarti, ya nganggo lantaran PAKAN. Pakane : samubarang kang dipikir, kayata : etungan. Etungan mau dadi lantaran makartine si-pikiran.

Etungan kang kangelan, (kayata : Aljabar diwulangake marang bocak cilik) ora mempan. Tegese : ora kaleksanan makarti dilantari Aljabar, marga ora runtut karo pikirane bocak cilik. Etungan kang murwat karo pikirane kang etung diempakake, mempan, tegese : kaleksanan pikiraning bocah makarti dilantari etungan kang murwat.

d. Wong ngempakake pangrasa ilat, tegese wong mau MAKARTEKAKE pangrasa ilat. Pakartining pangrasa ilat aran : NGRASAKAKE PEPANGANAN. Dadi wong mau AGAWE murih pangrasa ilate NGRASAKAKE.

Supaya pangrasa ilat mau makarti, ya nganggo lantaran pakan. Pakane, panganan, upama : gedhang iku dadi lantaran makartine si-pangrasa ilat.

Panganan kang ora diarepi, diempakake : ORA DOYAN. Ora doyan iku tegese : ORA MEMPAN tumraping pangrasa ilat. Dadi ORA KALEKSANAN MAKARTI dilantari panganan kang ora diarepi. Gedhang diempakake : doyan, tegese : MEMPAN utawa KALEKSANAN MAKARTI dilantarai gedhang.

e. wong ngempakake napsu Mutmainah, tegese : wong mau makartekake napsu Mutmainahe. Pakartining napsu Mutmainah iku, ngrasakake beciking Pangeran utawa titahe. (Ngrasa suka sukur utawa duwe panarima). Dadi wong mau agawe murih Mutmainahe ngrasa suka sukur, marang Pangeran, utawa nduweni panarima marang sapadha-padha tumitah.

Supaya Mutmainah mau makarti, ya nganggo lantaran pakan. Pakane : kawruh Maha Murah lan Maha Asihing Pangeran utawa kabecikaning titah.

Kawruh Maha Murah, Maha Asih sarta kabecikan mau kang dadi lantaran makartekake Mutmainah. Mutmainah banjur ngrasakake kaluhuraning Pangeran. Utawa nindakake panggawe kang salaras karo kasukurane.

Panyana la utawa kliru marang Pangeran lan sapapadhaning tumitah, diempakake ing Mutmainah, ora mempan (ora doyan), tegese : Mutmainah ora kaleksanan makarti dilantari panyana ala. Nanging yen panganggep becik mempan (doyan).

f. wong ngempakake bapsu Amarah, tegese : wong mau makartekake napsu Amarah. Makartining napsu Amarah, panyana ala marang Pangeran lan titah, wujude : ngresula, manglah, gegethingan, muring, pansaten….. Dadi wong gawe murih Amarahe ngrasakake panyana kang kleru.

Supaya amarah mau makarti, nagnggo lantaran pakan. Pakane : panggawe ala utawa sasar, (panggawe kang asale saka setan, kang kasandhang ing Manungsa). Panggawening setan (panggawe kang nyulayani kapangeranan), dadi lantaran makartine si Amarah.

Panggawe becik lan bener (sarujuk lan Rasa Budi) diempakake ing Amarah, ora mempan (ora doyan). Tegese : ora kaleksanan si-Amarah makarti dilantari panggawe kang rujuk karo Budi Rasa. Nanging yen sarujuk karo watak kasetanan : mempan (doyan).

g. Wong ngempakake napsu Supiyah, tegese : wong mau makartekake napsu Supiyah. Pakartining Supiyah kang luhur, karem ngrasakake kabagusaning Alam kang luhur. Supiyah kang asor, karem kabagusaning Alam kang asor. Dadi wong mau agawe kareming Supiyah marang kabagusaning Alam, (kabagusan luhur utawa asor).

Supaya Supiyah kang luhur makarti, ya nganggo lantaran, pakane : kabagusan kang luhur. Supaya Supiyah kang asor makarti. Pakane : kabagusan kang asor. Kabagusan asor, dadi lantaran makartine Supiyah asor.

SUPIYAH LUHUR diempani KABAGUSAN ASOR : kurang mempan.

SUPIYAH ASOR diempani KABAGUSAN LUHUR : kurang mempan.

SUPIYAH LUHUR diempani pakananing Amarah : kurang mempan.

SUPIYAH ASOR diempani pakaning Amarah : mempan.

SUPIYAH LUHUR diempani pakaning Mutmainah : mempan.

SUPIYAH ASOR diempani pakaning Mutmainah : kurang mempan.

SUPIYAH ASOR diempani pakaning Amarah : mempan.

MUTMAINAH diempani pakaning Supiyah luhur : mempan.

MUTMAINAH diempani pakaning Supiyah asor : kurang mempan.

MUTMAINAH diempani pakaning Amarah : ora mempan.

Dadi Supiyah luhur iku salaras karo Mutmainah. Iku tegese : wong ngrasake kabagusan luhur (kaendahan) iku narik marang pakartine Mutmainah. Mangkono uga tetimbangane : ngrasakake rasa bekti iku narik marang rasa kabagusan luhur. Ringkese : RASA KAENDAHAN LUHUR iku tarik-tinarik karo RASA BEKTI. (1).

Kosokbaline : ngrasakake marang barang kang elek, (jelek) iku narik marang Amarah (gela, muring). Iku pakartining Supiyah asor.

Sarehne Supiyah asor kurang mempan marang Mutmainah dadi mempane Amarah.

RASA : dipakani rahsa kang alus : mempan. Dipakani rahsa kang kurang alus : kurang mempan. Dipakani rahsa asor ora : mempan.
—————————

(1). Rasa kaendahan (shoonbeidsgevoel) tarik-tinarik karo alusing bebuden.

ANCASING SEMADI

Ancasing semadi iku ngempakake rahsa alus marang RASA, utawa ngempakake angen-angen alus marang Budi.

Kena uga ka-aranan ngempakake RASA marang rahsa kang alus, utawa BUDI marang ANGEN-ANGEN ALUS.

Katembungake liya, nepungake PANCADRIYA KANG ALUS, marang : WEWENGKONING KAJATEN.

Supaya wewengkoning kajaten mempan marang alusing pancadriya, utawa alusing pacadriya mempan marang wewengkoning kajaten, …… karo-karone kudu ngemperi.

Manawa rahsa durung lerem sarta angen-angen durung ening, diempakna rambah-rambah ora mempan. Ewa dene yen ditlateni bae enggone ngempakake, sangsaya lawas sangsaya nyedhaki marang mempane.

NGURIP – URIP

Urip, tegese : MAKARTI utawa BISA MAKARTI.

Makarti, tegese : ngempakake dayane.

Ngurip-urip, tegese : ngudi lestarining pakartine utawa lestarining bisa makarti. Kayata :

a. Tanduran jeruk di-urip-urip, tanduran mau diudi murih lestari urip, yaiku lestarine bisa makarti (tuwuh, semi, mundhak gedhe, awoh……) sarana diweneh pakan. Pakane : jasad cuwer ing lemah lan jasad kumukus ing hawa. Mempane utawa donyane : kaleksananing makarti dilantari jasad ing lemah lan ing hawa, suburing tuwuhe : nganakake godhong, kayu lan uwoh.

b. Kakuwataning tangan diurip-urip, tegese : tangan mau diudi murih lestari bisane nyenyekel, angkat junjung sapanunggalane. Pakane : Barang-barang kang digarap utawa dijunjung, kayata : bandhul. Mempane : kaleksanane makarti ngangkati bandhul rambah-rambah. Suburing tuwuhe : gedhe kekuwatane, banjur karan rosa, tegese : kelar ngangkat barang kang abot-abot.

c. Pikiran diurip-urip, pikiran mau diudi murih lestari bisa memikir, sarta mundhak-mundhak kakuwatane. Pakane : samubarang kang prelu pinikir, kayata : piwulang ing pamulangan. Mempane : kaleksanane bisa mikir piwulang warna-warna. Suburing tuwuhe : gedhe kekuwatane, banjur ka-aranan pinter, tegese : bisa mikir prekara kang angel-angel.

d. Napsu Mutmainah diurip-urip, Mutmainah mau diudi murih lestari ngrasakake kasukuran marang Pangeran, lan ngrasakake kabecikaning titah. Pakane : kawruh (kanalaran) bab kaluhuran, kawicaksanan, Maha Asih lan Maha Murahing Pangeran, apa dene kawruh bab kabecikaning Manusa (enggone samad-sinamadan) tuwin kabecikaning titah kabeh. Mempane : yaiku kaleksanane bisa ngrasakake marang kang kasebut mau. Suburing tuwuhe : gedhening kakuwatane. Lire gedhe kakuwatane yaiku : kuwat kataman sakseriking sapadha-padha (ora niyat males ala utawa thukul gething). Kuwat nampa panandhang kang ora kepenak (ora ngresula), kayata : lara lan susaha ora mundur tekade marang kautaman. Kuwat sukur sajroning nampa panandhang. Kuwat ambeg asih sajroning nampa piala saka liyan. Kabeh iku ateges alus utawa luhur bebudene, gedhe kasabarane, tuwajuh utawa tawakal, marga dhasare welas-asih marang sapadha-padhaning titah. Kosokbaline : wong kang nepsu tampa piala utawa ngresula tampa panandhang pait, iku Mutmainahe isih ringkih, kalah karo Amarah.

Cobaning Pangeran sarta alaning liyan, iku tumraping Mutmainah, kena kaupamakake bandhul tumrap marang tangan kang mredi karosan, utawa : piwulang kang angel tumrap marang oikiran kang marsudi kapinteran. Tandhaning ringkih iku : durung kuwat, Tandhaning kuwat : lestari pakartine (lestari uripe) sanajan dibandhulana.

Urip Mutmainah yaiku lestari anggone ngrasakake marang rasaning rila, lega, legawa, ayem, tentrem, suka sukur welas asih, bekti, ora pegat-pegat rinasa ing saben dina aran urip Mutmainahe iku MAKARTINING MUTMAINAH. Dene makartine Mutmainah iku, enggone ora kendhat ngrasakake marang rasa kang mangkono.

Subur, tegese : gedhe pakartine utawa Kuwat dayaning pakartine. Amarahe kalah, kongsi sirna babar pisan.

Mutmainah kang mangkono iku, satemene wis katumusan ing rasa jati.

Dadi ngurip-urip iku karepe padha bae karo “gymnastiek” (olah raga). Kabeh ancase ngundhakake kakuwatan, sarana ngempakake dayane. Sadhengah kang duwe daya, yen kulina diempakake, mesthi dadi mundhak-mundhak dayane. Dene kang dadi pepalange utawa kang KA-ANGGEP MUNGSUHE iku satemene mung dadi LANTARAN MURIH MUWUH GEDHE ENGGONE NGEMPAKAKE KAKUKUWATAN, ora beda karo bandhul tumraping tangan kang marsudi karosan, utawa GARAPAN ANGEL tumraping pikiran kang marsudi kapinteran. Dayaning Amarah, Supiyah lan Aluamah, kaanggepa lantaran murih MUTMAINAH, ANGEN-ANGEN LUHUR TUWIN BUDI RASA : ngempakake dayane kang luwih gedhe. Empan kang luwih gedhe iku prelu banget tumrap kemajuaning jiwa. Kang aran cobaning Pangeran, iku GARAPAN tumrap jiwa kang ngungkap diwasa. Prelune supaya jiwa mau wuwuh kawicaksanane, dening weruh PANGALAMANING RASA maneka warna. Sanajan godhaning kasetanan pisan, ora susah dianggep mungsuh, dianggepa piranti utawa lantaran pangudining kawicaksanan. Kang maca layang iki bakal bisa ngreti dhewe mungguh prelune Pangeran kang Mawa Wikan nitahake setan, ora liya ya kanggo kapreluwaning Manusa iku sipating Pangeran.

mBanjurake bab ulah raganing jiwa

e. Ancasing semadi iku dudu : nganggur, dadi aja dianggep kaya wong arep turu. Sajatine ya “gymnastiek” tumrap marang budi rasa.

Sajroning semadi ngempakake dayaning ELING + RASA. Elinga kang kapretelakake ing bab : 5. bab rasa sajati.

Rasakna kang kapretelakake ing bab : 76, bab woring Budi lan Rasa.

Ngrasakake pratelan kang kasebut ing bab : 9, iku gymnastiek, tumraping Rasa lan Budi.

Dene kang minangka BANDHUL utawa GARAPAN ANGEL yaiku dayaning angen-angen asor, Supiyah, Luamah lan Amarah.

Yen manusa bisa ngalahake patang prekara iku (angen-angen asor, Supiyah, Luamah, lan Amarah) tartamtu dadi mundhak gedhe dayaning kasuksmane, marga keconggah nggarap garapan kang angel, rokel (pating brenjul), gawat lan rungsit.

…@@@…

Sumber : Buku Serat Wewadining Rasa, Cap-capan I Tahun 1985.
Penerbit : Yayasan Djojo Bojo SURABAYA.