Tag Archives: Jawa

SERAT CINGKARA DEWA


SERAT CINGKARA DÉWA

Jarwa sarta sekar macapat
Anyariyosaken piwulangipun Papatih Raja Sukatha,
dhumaten Ratunipun Sanghyang Cingkaradéwa
ing Giling Wesi, inggih punika anjumbuhaken
dhateng kawruh raos ingkang ugi winastan
kasampurnaning ngagesang.

saha :

Anerangaken lampah gangsal prakawis puja brata,
Tapa brata, lampahing badan (raga) manah,
(poncadriya)  tuwin jiwa,
sarta lampahing praja.

Mawi rinengga ing gambaripun : Sang Sri Bathara Wisnu.

 

1e DRUK

1925

ALGEMEENE JAVAANCHE BOEKHANDEL
“TRIMOERTIE”
TAMBAKSEGARAN – SOLO.

Kasalin saking aksara Jawa
Ing aksara latin

dening :
Mas Kumitir

Sidoarjo, 20 Agustus 2017

ѺѺѺ

[1] Punika cariyosipun nalika, Hyang Cingkara déwa badhé jumeneng natha binathara wonten ing nagari. Giling Wesi, dipun aturi déning Patihipun nama : Patih Raja Sukatha, kados ing ngandhap punika :

  1. Paduka kedah angngabekti ing jawatha, tegesipun anyirnakna pakartining poncadriya. Ingkang dipun wastani poncadriya punika, bangsanipun napsu, kadosta. Cengil, éwan, panastén kemérén dahwén kumingsun, sengit, cekak, rupak, lan sasaménipun, bongsa kinten-kinten punika kedah boten katandukaken ing budaya.
  2. Paduka kedah ajrih ing rathu, ingkang dipun wastani rathu punika, ati. Ati punika rathuning badan, kalampahanipun, tata, titi, teteg, ngatiyati. Dados anggénipun ngasta pangadilan makaten wau, badhe kaendel ing ngakathah, wekasan dipun ajrihi ing sasami[2]nipun tumitah.
  3. Paduka kedah angngidhep ing ngibu rama, tegesipun anucéni roh. Kalampahanipun, eneng, ening. Awas, éling. Angicalaken sakathahing hawa nepsu, anggawontenaken murah lan asih. Ingkang maten wau saéstu badhé kinédhepan ing sesaminipun.
  4. Paduka kedah mituhu angger ugering guru, tegesipun raos, kalampahanipun wanuh. Wani. Uninga. Angicalaken pakartining pangraos, ingkang makaten wau, saéstu badhé pinituhu dhateng ing sasamining manungsa.
  5. Paduka kedah asih ing manungsa, supados kinasihan ing jawatha, saéstu lajeng pinaringan pangkat, dados natha binathara.

Déné kalampahanipun sadaya wau, sami saking tapa brata, utawi puja montra, déné ingkang dipun wastani tapa brata wau, gangsal prakawis kados ing ngadhap punika :

  1. Angngirangi dhahar, sarananipun panarimah, senanjan cegaha dhahar, yén boten narimah sawontenipun inggih [3] gagar.
  2. Anyuda saré, ingkang pinandeng énget, sanadyan nyuda saré, yén sinupé-supé, katrangipun nyuda saré punika makaten manawi sampun ambaliyut sampun ngantos koyup dhateng pakartining ambaliyut.
  3. Angngawissana sanggama, sarananipun, rila, pakartining nyuda sanggama, makaten, yén lajeng, sampun ngantos kalajeng kaajakka ambujeng rahayu.
  4. Angngampeta pangandika, tegesipun, panggagas, inggih punika pangandika ingkang tanpa damel, kalampahanipun saking santosa. Sanajan boten ngandika , yén taksih mengku karsa, inggih sandéya.
  5. Angngicalna duka cipta, sarananipun saking martha, tegesipun marta, angngresepi ingkang sami suméwa, sanajan boten duga cipta, manawi kirang marta, inggih boten widada.

Amratélakaken lampah kawan prakawis kados ing ngandhap punika :

  1. [4] Lampahing badan, yén kataman coba. Kedhah angésthiya, trima. Temen.
  2. Lampahing manah, yén kataman panguwah, kedhah angésthiya, rila. Legawa.
  3. Lambahing jiwa, saréhning jiwa punika sampun alus tuwin sukci, kedah angésthiya, ngandel, kumandel.
  4. Lampahing rahsa, saréhning rahsa punika sampun mulya, kedhah angésthiya, awas, émut.

Menggah lampahanipun ing ngagesang punika, saéstu mawi kadunungan suka, tuwin sungkawa, punapa déné bekja, tuwin cilaka, wondéning ingkang dipun wastani ageng-agengnging kabekjan punika, kawan prakawis, kados ing ngandhap punika :

  1. Gunawan, tegesipun, kalantipan.
  2. Wiryawan, kaluhuran.
  3. Hartawan, kasugihan.
  4. Barayan, sugih putra.

Kasebut kawan prakawis wau, sampun tampu, tétéla, da[5]dos panggayuh golongnganing ngagesang, punapa malih sadaya, botenipun sageda kalampahan ing salah satunggal, éwa semanten kathah ingkang boten kalampahan, jalaran boten kuwawi ananggulang pakartining ponca wisaya, mongka punika dadossa sepuhing badan, tuwin sesangnglingnging budi, menggah sangitanipun makaten, badhé tumamaning sedya punika, sampun tamtu mawi sangsara, sapira gedhéning sangsara, dadi dalaning nugraha, sangsara mau yén tinampan sajatiné amung dadi coba.

  1. Rogarda, tegesipun sakiting badan.
  2. Sangsalarda, rêkaosing badan.
  3. Wirangharda, sakiting manah.
  4. Cuwarda, rêkaosing manah.
  5. Durgarda, pakrêweding manah.

Menggah gangsal prakawis punika, sarananipun makaten :

  1. [6] Yén kataman sakiting badan, angngésthiya, rila, temen trima, legawa.
  2. Yén ketaman rêkaosing badan,angngéthiya, betah, ngangkah, lembah, memanah.
  3. Yén ketaman sesakiting manah, angngésthiya, tata, titi, teteg, ngatiyati.
  4. Yén kataman rêkaosing manah, angésthiya, eneng, ening, awas, éling.
  5. Yén kataman pakéweding manah, angésthiya, ngandel, netel, kumendel.

Ingandhap punika lampahing ngagesang, wonten : 7 prakawis :

  1. Tapaning badan, anorraga. Jakatipun taberi olah pandamel saé.
  2. Tapaning manah, anarima. Jakatipun angicalaken panginten pandamel awon.
  3. Tapaning nepsu, rila. Jakatipun sabar coba ing bilahi.
  4. Tapaning nyawa, temen. Jakatipun boten dahwén muna[7]sika.
  5. Tapaning rahsa, utama. Jakatipun kandel analongsa.
  6. Tapaning cahya, sukci. Jakatipun ening.
  7. Tapaning atma, awas. Jakatipun émut.

Ing ngandhap punika lampahing badan, wonten 7 prakawis :

  1. Tapaning nétra. Cegah saré, jakatipun lumuh anunggali sawarninipun pamrih.
  2. Tapaning karna. Cegah hawa nepsu, jakatipun lumuh angngingsep tuwin amirêngaken wiraos awon.
  3. Tapanipun grana. Cegah ngunjuk, jakatipun lumuh angisep ingsepan damel awon.
  4. Tapaning lésan, cegah dhahar, jakatipun lumuh ngraosi awoning liyan.
  5. Tapaning ngasta. Cegah nyolong, calimut, jakatipun lumuh angeban marang asta.
  6. Tapaning dakar. Cegah sahuwat, jakatipunlumuh anglampahi bandrék jina.
  7. [8] Tapaning suku. Cegah lumampah, pandamel awon, jakatipun rêmen lumampah istirakattan.

Ingkang dados pangésthining manungsa punika, kathahipun : 7 prakawis kados ing ngandhap punika :

  1. Kasuran, tegesipun kapurunan tuwin kawanteran, pamrihipun kéringan witipun saking kasektén kalampahanipun saking cegah bukti, kadadosanipun saking santosa, nanging ingkang dados sambikalanipun, yén anjejodho, tuwin anganiaya.
  2. Kagunan, tegesipun kasagedan, pamrihipun kinédhepan, witipun saking puruhita, kalampahanipun saking cegah néndra, kadadosanipun saking  ataberi, nanging ingkang dados sambikalanipun yén lampah rêsah, tuwin sungkanan.
  3. Kabegyan, tegesipun kasugihan, pamrihipun kinalulutan witipun saking anggaot, kadadosanipun saking gemi nastiti, sarta angngati-ati. Nanging ingkang dados sqambikalanipun yén lérwéh sarta [9] angumped.
  4. Kabrayan, tegesipun sugih putra wayah, pamrihipun kopén linamulén, witipun saking sih, kalampahanipun saking ambisu, kadadosanipun saking montra, lan sarana, nanging ingkang dados sambikalanipun yén para sengit an lan sumelangan.
  5. Kasigihyan, tegesipun kaluhuran pamrihipun kajén kinurmatan, witipun saking nastapa, lan téki-téki, kalampahanipun saking puja, lan ngabekti, kadadosanipun saking anorraga, nanging ingkang dados sambikalanipun, yén lomba angkara murka.
  6. Kayuswan, tegesipun panjang yuswanipun, pamrihipun kinandel, witipun saking sadu budi, kalampahanipun saking cegah sahuwat, kadadosanipun saking setya tuhu, nanging ingkang dados sambikalanipun yén dora lan cidra.
  7. Kapidakdan, tegesipun kayuwanan, pamrihipun kinopaman, witipun saking suci, kalampahanipun saking cegah minum, kadadosanipun sang[10]king utami, lan paramarta, nanging ingkang dados sambikalanipun, yénistha, lawan sugih duka.

Sadaya wau kedah mawi empan-papan, empan wau, manawi mongsa dalu, andulutur bukaning kalbu, kabuka saking sarat saréh sarékaning karsa.

Tegesipun, amuriha papan ingkang samun, anyirnakna songga runggi. Songga runggi punika kinten-kintening manah, ingkang tanpa wekasan, wasana ambebawur pamoring Gusthi kawula.

Menggah kasebut mulang nginggil punika bilih dipun lampahi, kaliyan tetep, utawi irib-irib bok manawi saged dhumawah ing kasaénan, tuwin karaharjan, kasarasan, sarwa wilijeng. Thithi tamat.

Kasambet Sekar Sinom Sawatawis.

Rarasing wéni winudhar, dénya arsa yéng tyas mamrih, la[11]kuning sujana tama, linuwihing nguni-yuni, tatarana mrih dadi,ingkarsa mongka  sasepuh, kluhurané ing sedya, raharjeng ngangga binudi, andalejet yayah pangangnglanging praja.

Panggayuh ésthining jlma, pitung prakara punika, inkang rumiyin kasuran, kagunan kang kaping kalih, kabegyan kang kaping tri, kabrayan kaping patipun, kasinggiyan ping lima, ayuswan kanemiréki, kawidadan jangkep ping kacipta sapta.

Wijang-wijangé jinawa, ran kasuran dén tegesi, kakendelan pamrihira, kinéringnganing sasami, saking kasaktén kang wit, cegah bukti lakunipun déné kadadéyanya, saking santosa ing budi, sambékalayya jajodholaniyaya.

Ping kalih aran kagunan liré kapinterana mrih, kinédhepaning sasama, saking anguguru kang wit, lakuné cegah guling, déné kadadéyanipun sing taberi ing karya, sambékalané puniki, yénna laku rusuh,  kesétan sungkanan.

Kaping tri aran kabegyan liré kasugihana mrih, kinalulutaning kathah, saking anggaota kang wit laku nariméng ngati, déné kakdadéyanipun  sing gemi nastityéka, sambékalané puniki, yénna lérwéh lana ngumped darbékira.

Kaping [12] pat aran kabrayan liré sugih wayah siwi, mrih kopén kinemulanan puniku witing saking sih, lakuné mepeta ngling, déné kadadéyanipun, sing montra lan sarana, sambékalané puniki, lamun para sengitan lan sumelangan.

Ping lima ran kasinggihan, liré kaluhurana mrih, kaajén lan kinurmatan wit sing nastapa tétéki, déné lakuniréki, puja lan ngabekti ngéstu, kadadéyané saka, sila krama anoragi, sambékala yén coba angkara murka.

Ping nem mé aran kayuswan, liré panjang yuswanya mrih, kinanadelaning sasama, witing saking sadu budi, laku cegah sarêsmi, déné kadadéyanipun, saking tuhu susetya, sambékalané puniki, yén na laku doracara lawan cidra.

Ping sapta ran kawidadan liré kayuwanana mrih, kinopamaning sasama, pirayaté saking sukci, lakuné cegah warih, minum; dé kadadyanipun iku saking utama, lan para martha ing budi, sambékala yén nistha lan sugih duka.

Nihanta genti wicara, wawarahé sawusing dika, apan manungsa kang bisa, dadya wengkuning sasami,ingkang bisa nglakoni, pangéstu lima kéhipun tinetepan kalawan margawéng tyas tan saka serik, [13] iki liré dunungé paangéstu lima.

Ingkang sapisan sing sapa, manungsa tansah ngabekti, mring Alah kang sipat murah, iku puwarané mesthi, kinabektén sasami, ping ro sapa puniku, ajrih ing rathunira, iku wekassane yakti, kinajrihan wong ngiku maring sasama.

Kang ping telu sing sapa, ngedhep marang yayah bibi, sayekti wekasanira, kinédhepaning sasami, ping pat sing sapa yekti, mituhu marang ing guru, prapténg don katemahan pinituhu mring sasami, kaping lima sing sapa asih sasama.

Kadadéyané sanyata, kinasihan ing sasami, wus jangkep pangéstu lima. Iki ana warah maning, sabdané Sang Maharsi, Poncabratha aranipun, tegesé laku lima, ingkang sapisan winardi, wadhah nyuda mangan ingkang winadhahan,

Iya iku panarima, sanadyan pasa upami, kalamun noranarima, saanané kang binukti, yekti kurang prayogi, wit ing tyas gresah mawelu, kapindho wadhahira, nyegah anyunyuda guling, iya iku éling ingkang  winadhahan,

Nadyan silih datanéndra, lamun sinamur sinambi, mét suka kurang prayoga, karana rêknaning ngati, wéh lalining pangésthi, déné ingkang kaping telu, wadhah nyunyuda sahwat, [14] tata ingkang dén wadhahi, nadyan arang sahwat yén sanggama rêsah.

Bandrék jina sasamanya, sayektiné kurang adi, wit tinggal tata prayoga, kaping pat wadhahiréki, nyunyuda serêng runtik santosa ingkang pinuntu, nadyan sabar darana, yén dahwén sendho nyampahi, tan prayoga wit jroning tyas nemu duka.

Dumadi nora santosa, ping lima wadhahiréki, nyunyuda wijiling sabda, panlongsa kang dén wadhahi. Nadyan bisu tanangling, yé mangsih mengku karsa duka wit tanpa panalongsa, temah tan marta martani, dén nastiti mawas rasaning surasa.

 

— tamat —

 

 

 

SULUK WALEH


PUPUH
D  U  R  M  A 

  1. Kawruhana lamun sira tinakonan, apa tegese lajim, enggal saurana, meneng pan tegesira enggal, sipat subut sajati.
  2. Lajim lawan subut artinipun apa saurana den aglis kadi urip kita kang wikan ing priyongga, kang kawasa ingpribadi, ingkang miyarsa, nora liyan pribadi.
  3. Kang akarsa pan nora liyan piyambak, miwah kang aningali, pan iya piyambak, kang anabda priyongga, kang langgeng kekel pribadi, kang maha mulya, nora liyan pribadi.
  4. Ingkang elok pan nora liyan piyambak, miwah ingkang ningali, tan liyan piyambak, kabeh ingsun piyambak, kang ngasih ingkang ngasihi, inggih punika, reke semuning lajim.
  5. Lawan malih lamun sira tinakonan pundi asmaning widhi, saurana enggal, ye kung kang wus sira cap, pundi kahanan ing widhi, jawaben enggal, asedya ing pribadi.
  6. Nenggih ingkang pundipribadining Allah, saurana den aglis, apan sedya baka, pundi sedyaning allah, sedya langgeng ing pribadi, ingkang kuwasa, ingkang murba kang ngurip.
  7. Ingkang nabda ingkang ningali tan liyan, kahanan ing ywang widdhi, pundi dheweking Hyang, anulya saurana, ingsun dhewe ing Ywang Widdhi, ingsun punika, tegesipun punapi.
  8. Saurana iya mantep tegesira, kang sedya ingsun yekti, tegese pan iya, nora nana kahanan, roro pan tingal kakalih, myang nora nana, iya tingal kakalih.
  9. Ing tegese iya ingsun ingkang sedya, ya ingsun ingkang ngurip, ingsun kang kuwasa, ingsun ingkangmiyarsa, ingsun ingkang aningali, ingsun kang wikan, ingsun kang maha suci.
  10. Ingsun ingkang maha luhur maha mulya, ingsuningkang jateni, ingsun kang nugraha, ingsun ingkang anabda, ingsun ingkang suksma linuwih, ingsun kang tunggal, nyata tan bastu jisim.
  11. Iya ingsun kang urip datanta nyawa, langgeng tan owah gingsir, ingsun kang sampurna, kang agung kang misesa, kang elok ingsun sayekti, pan ingsun ingkang, muji ingkang pinuji.
  12. Ingsun ingkang tanpa enggon tanpa arah, ingsun kang tanpa warni, ingsun tanpa rupa, ingsun kang tanpa mongsa, kang tanpa jiyad sun ugi, tanpa munafah, tanpa tuduhan mami.
  13. Ingsun ingkang manteb ananingsun dhawak, malih yen den takoni, endi jatining ywang, den enggal jawabira, jatining Allah kang pasthi, kahanan ing Ywang sedya ana pribadi.
  14. Tegesipun purba karuwu kang tanpa, wwitan kang tanpa wit, pan inggih punika, kang yekti jatining Ywag pundi kahanan ing Widhi, ingkang sanyata, saurana den aglis.
  15. Angestoken ing dhirinipun piyambak, lire wus tan ngulati, sakabehe mapan, wus kawengku dening wang jer ingsun ratu linuwih, ratu kang tunggal, tunggal datan kakalih.
  16. Tegesipun kang mantep lan dheweking wang tanana mamanoeni, miwah kang madhaa, mulya gung luhur ing wang, lan gunging karaton mami, langgeng tan owah, urip tan keneng pati.
  17. Lan maliye tinakon pundi dattolah, den inggal anauri, apan iya sedya, durunge ana jagad, lan sawuse jagad dumadi, asedya uga, birahi ing pribadi.
  18. Nenggih ingkang pundi sedyane dattollah saurana den aglis, iya tansah molah, lawan tanpa wekasan, ing aran Allah kang pasthi, jawaben enggal, kahananira yekti.
  19. Kang ngakarsa lan pundi wimbuh ing Allah, saurana den aglis, iya karsanira, kang tanana towongnya, kang tanana kirang neki, lawan kang ora, kena ing owah gingsir.
  20. Lawan malih wonten ing patakening wang, pundi tunggaling widhi, enggal saurana, aran kang ing aranan, tunggal lan wujud kakalih, wus nora mangmang, lan nora pindho kardi.
  21. Dene lamun tinakonan malih sira, jongka tigang prakawis, ingkang dhingin uga, tan adoh lawan sira, tan aneng sarira dening ping tri kha srira, saurana den aglis.
  22. Kang tan adoh saking sarira sahadat, tan aneng srira takbir, kha srira sakharat, kadya paran lirira, saurana dipun aglis, liring sahadat, amor winong pribadi.
  23. Tegesipun takbir pan sira pangeran anembah lan amuja, ing pribadinira, tegese kang sahadat, dene tan esak ingpati, lan nora mangmang, lan malih bokmanawi.
  24. Tinakonan masallah tigang prakara, dene ingkang rumiyin, imba wawayangan, lankitab amakutha, latar putih tanpa tulis, lare dene ta, kang iman mulya suci.
  25. Tinakonan masalah tigang prakara, dene ingkang kariyin, imbar wawayangan, lan kitab amakutha, latar putih tanpa tulis, wus jangkep tiga, saurana den.

 

@@@

SERAT SULUK SAMSU TABARIT


Salah satunggaling Serat Suluk
Asli saking suwargi K.R.T. Sasranagara
Andedagan ing Pajimatan Imagiri (1939)

PUPUH
G A M B U H

  1. Lah iki kojahingsung :  wonten caritaning wali kutub, saking Jawi nama Seh Samsu Tabarit, langkung wanter tekadipun, tur karamat kinaot.
  2. Myang wananira bagus, dedeg pideksa rada arangkung, alelana mring Arab mindha raryalit, sami lan umur tri taun, sarwi wewuda kemawon.
  3. Ing praptanira nuju, ari Jumngah pepak para kaum, myang ulama lebe modin merbot ketib, pepak para saleh jamhur, neng masjidilkaram kono.
  4. Myang Pandhita gung-agung, miwah mulana amir aji Rum, dereng kondur saking dennya minggah haji, ing ari Jumungah kumpul, raryalit prapta dumrojog.
  5. Tanpa larapan uluk, salame : Asalamu alekum, ya tuwanku mulana Rum amir aji, lan para Jumngah sadarum, nulya anjawab gumuroh.
  6. Ya ngalekum salamu, he raryalit lungguha sireku, lajeng lenggah ing ngarsane amir aji, ngandika amir aji Rum : he para Jumngah sapa wroh.
  7. Rare kang darbe sunu?  Para Jumngah sadaya umatur :  dhuh pukulun datan wonten kang udani, sudarmeng rare puniku, ing Arab ngriki tan tumon.
  8. Inggih prayoganipun, tuwan dangu pribadi puniku, asalipun pun rare saking ing pundi, ngandika amir aji Rum :  heh thole ingsun tetakon.
  9. Inggih ngendi pinangkamu, dene tanpa larapan praptamu!, rare matur : ya tuwanku amir aji, dereng purun jarwa ulun, purwane ing praptaningong.
  10. Amba tannya rumuhun, lawan para Jumngah sadarum, angandika mulana Rum amir aji : ya thole apa karepmu, necik takona maringong.
  11. Apa kang adi luhung, apadene masalahing ilmu, ingkang ekak miwah ingkang gaib-gaib, raryalit alon umatur : gampil yen tuwan wus sagoh.
  12. Dene panyan ulun : gaibing Allah lan malihipun, gaibing Muhamad punika kang pundi? Mesem ngandika amir Rum : “Heh bajang yen sira tan wroh.
  13. Gaibing Allah iku, pan  Muhamad de Muhamad iku, ing gaibe pan iya Allah sayekti : iku yen sirarsa weruh. Rare gumujeng turnyalon.
  14. Ya tuwan mulana Rum, lawan para Jumngah sadarum, pan jawabe Muhamad gaibing Widi. Kaaken punapa iku, Muhamad dening Hyang Manon?
  15. Punapa dene lamun, Allah ingaran gaibing rasil, Allah kaaken punapa denin Nabi? Heh thole ingsun tan ngrungu, kaya ujarmu mangkono.
  16. Mara jarwaa gupuh, teka ngendi pinangkanireku? Rare matur : Ya tuwan mulana aji, dereng purun jarwa ulun, malih amba atetakon.
  17. Ing tuwan sang amir Rum, miwah para Jumngah sadarum, salat Jumngah kang tuwan sembah punapi, tuwin salat limang wektu? Ulun arsa wruh kang yektos.
  18. Ngandika mulana Rum, saha para saleh para jamhur : Iya thole sun salat Jumngah iki, tuwin salat limang wektu, tan liyan nembah Hyang Manon.
  19. Lamun nora kadyeku, nora apsah sembah pujinipun : wus muktamat kang muni ing dalil kadis. Raryalit iku duk ngrungu, ngguguk wentise den entrog.
  20. Sun sidhep tan kadyeku, ya tuwanku mulana adi Rum, ing asale sembah tuwan saking pundi, dhateng pundi purugipun, pundi enggene Hyang Manon?.
  21. Panembah tuwan ngawur, siya-siya tan wrin genahipun : ing asale sembah tuwan saking pundi, dhateng pundi purugipun, pundi enggene Hyang Manon?.
  22. Dheleg amir aji Rum, para Jumngah kabeh ting palinguk, dnnya kaluhuran sabda lan raryalit. Dangu-dangu mojar sang Rum : Ya thole ingsun tan weroh.
  23. Ing enggone Hyang Agung, lan paraning sembah ingsun tan weruh, miwah witing sembah ingsun tan udani. Mangka rare iku muwus : Ya tuwanku Rum sang katong.
  24. Myang para saleh jamhur, pangucape kadya rare timur, anggurayang tan ana ingkang umirib, anembah muji Hyang agung, tuwan jarwakna maringong.
  25. Kaaken apa iku, Allah dening paduka amir Rum? Angandika mulana Rum amir aji. Ya kunthing marma sun sebut, sun mulya-mulya Hyang Manon.
  26. Dene agawe ingsun, lan agawe manungsa sadarum, andadekaken bale ngaras bumi-langit, miwah ing saisinipun, dinadekken ing Hyang Manon.
  27. Myang swarga narakeku, awal-akir lahir-batinipun, nora liyan kabeh titahing Hyang Widi, raryalit asru anguguk : Ah genah apa sang katong!!
  28. Pangucapira iku, tuwin para saleh para jamhur, pamuwuse tan ana ingkang premati, moreg mung pijer katungkul, padha dhikir lenggak-lenggok.
  29. Pijer sujud arukuk. Wus marem ing sembah pujinipun : tangeh lamun prataa ingkang ginaib : pangrasane wus pinunjul, tan ana graiteng batos.
  30. Heh mulana aji Rum, miwah para jumngah sadarum, rare alit kewala pasthi udani, kang kaya ujarmu iku, yen kabeh titah Hyang Manon.
  31. Nanging sireku ngawur, angarani tan wruh paranipun, Amir matur : Ya tuwanku rare alit, paduka jarwa rumuhun, asal tuwan kang sayektos.
  32. Angandika Seh Samsu Tabarit :  Heh mulana aji Rum saking embuh saking tambuh prapta mami, kabeh kadadean during, kang dadi dhihin pan ingong.
  33. Ingkang gaibulguyub, during dadi ya Allah ya Rasul, during dadi, ingsun kang dadi rumuyin : kang luwih mulya pan ingsun saking sakehing dumados.
  34. Mangkana mulana Rum, lawan para Jumngah sadarum, samya sujud ing sukune Seh raryalit, pan bias muwus, kaya ujarmu mangkono.
  35. Panjawabmu Hyang Agung, sira arani gaibing Rasul, Rasul sira arani gaibing Widi, raryalit pan bias muwus, kaya ujarmu mangkono.
  36. Lan sembahyangireku, kang sira sembah-sembah Hyang Agung, yen mangkono sira kabeh padha kapir, during Islam kang satuhu, dene tekadmu mangkono.
  37. Makaming Allah iku, lawan kaya ngapa wujudipun, lawan kaya ngapa rupaning Hyang Widi, sira apa wus kepangguh, apa lanang apa wadon?.
  38.  Mojar amir aji Rum, miwah para Jumngah sadarum : Lah seh timur kawula datan udani, ing sual tuwan puniku. Raryalit malih miraos.
  39. Yen mangkonoa heh Rum, aja nembah ing Allah sureku, tan sampurna mundhak sira kupur-kapir. Andheku amir aji Rum, pan sarwi aris turnyalon.
  40. Ya tuwanku seh timur, inggih sinten paduka puniku? Angandika sarta rupa kaki-kaki, lenggah ing kursi mas murub, neng ngarsane Rum sang katong.
  41. Kursi kramat iku, sami gawok kang miyat sadarum, panganggone sadaya pan sami langking. Pamuwuse mring amir Rum : Heh amir, yen sirarsa wruh :
  42. Sajatine ya ingsun, ingkang awal kang akir ya ingsun, miwah ingkang inum-inuman ya mami, kang tandhak-tandhakan ingsun, edan-edanan ya ingong.
  43. Kang tambuh-tambuh ingsun, ingkang gaib kang guyub ya ingsun, iya ingsun ingkang lahir ingkang batin, kang nembah sinembah ingsun, kang muji pinuji ingong.
  44. Ingkang nikmat ya ingsun, ingkang aweh nikmat nikmat iya ingsun, ingkang rasa kang rumasa iya mami, kang ngrasani iya ingsun, kang sinasan iya ingong.
  45. Ingkang wedi pan ingsun, ingkang wani sayekti ya ingsun, ingkang wadi madi mani iya mami, ingkang manikem ya ingsun, kang dadi awak pan ingong.
  46. Kang nom kang tuwa ingsun, ingkang lanang kang wadon ya ingsun, iya ingsun ingkang sugih ingkang miskin, ingkang ratu ya ingsun, kang wadya bala  ya ingong.
  47. Ingkang akeh ya ingsun, ingkang sathithik iya ingsun, ingkang loro ingkang siji iya mami, ingkang lumaku ya ingsun, ingkang madheg iya ingong.
  48. Ingkang  gumuruh ingsun, ingkang meneng sayekti ya ingsun, tengah wuri ngarsa pinggir iya mami, kanan keri iya mami, kang lor wetan kidul  kulon.
  49. Nora liyan iya ingsun, kang loh kalam nukat gaib ingsun, kang dat sipat asma apngal iya mami, kang wujud ngelmu nur suhud sejatine iya iya ingong.
  50. Kang bumi geni banyu, miwah angina pan iya ingsun, ingkang sabar ingkang keras iya mami, ingkang alim iya ingsun, ingkang kereng iya ingong.
  51. Ingkang dhihin ya ingsun, ingkang kari tan liyan ya ingsun, kang sarengat kang tarekat iya mami, hakikat makripat ingsun, kang iman tokid ya ingong.
  52. Inking allah ya ingsun, ingkang Muhamad pan iya ingsun, kang gaibing Muhamad pan iya mami, gaibing Allah ya ingsun, kang gedhe cilik ya ingong.
  53. Ingkang anak ya ingsun, kang nganakken apan iya ingsun, kang kekadang ingkang lola iya mami, ya ingsun kang kalek-makluk, kanga lip lam lam he ingong.
  54. Kang mim kang ehe ingsun, kang min-akir kang dal iya ingsun, ingkang donya kang akerat iya mami, kang swarga-naraka ingsun, ya ingsun kang jaba jero.
  55. Heh mulana amir Rum, miwah para Jumngah sadarum, ingsun pemut ywa pepeka ing aurip, mokal yen sira tan weruh, lamun atemahan layon.
  56. Ingkono nggon pakewuh, ewuhe wong akeh salang surup, ngelmu sarak den arani anguwisi, malah panasaran agung, yen tan darbe ngelmu jatos.
  57. Aja pijer kumlungkung, iku dadi dedalane kumrung, pengung-bingung embuh-embuh kang den rukti, kitabe keh ngundhung-undhung, kodheng brahala den gendhong.
  58. Kandhangan wong kadhadhung, ing drubiksa den ajak kedlarung, mring peperengan, peri den sengguh apsari, sarwi siniweng dhedhubruk, jinaga dening gandarwa.
  59. Pangrasane sarwa gung, tan uninga yen tibeng bekung-kung ; kang mangkono tanggung-tanggung dadi jalmi, pan anggur dadia asu, patine tanpa keraos.
  60. Gampang pratikelipun, sirnane aris datanpa tuitur. Dadi jalma yen tan wruh tanajul tarki, nora wurung katalikung, heh eling-eling Rum katong!!!
  61. Yata ri sang amir Rum, lawan para Jumngah sadarum, dupi muarsa sabdanya ri sang siniwi, samya nembah ngraup suku, sarwi ngrerepa turnyalon.
  62. Ya tuwanku seh sepuh, muglangsala supangat pukulun, lan peparab tuwan kularsa udani. Ngandika ri sang she pikun : Heh mulana Rum kationg.
  63. Lan Jumungah sedarum, ora ta sira wruha maring sun, ariningsun iya Seh Samsu Tabarit !!!, sawusnya ngandika uluk, salam dyan musna saking nggon.
  64. Gaib sakursinipun, nulya sinauran salamipun, pan gumuruh sarya andongong pra sami, getun-getun pungun-pungun, jota-joto ting palenggong.
  65. Anganggo-onggo sagung, gung alit kabeh pating palinguk, ngungak-ungak mangu pangungune dening, praptane lan kesahipun, pan ora ana ingkang roh.
  66. Kang kari samya wuyung, angken wewayang wijangganipun, lir kekeyan angajengi poyang-paying, kayungyun sanget kalayu, yen kagrayang tan kegayoh.
  67. Ing kayuwananipun, kaya-kaya kaleyanging wahyu, weh wiyadi yayah maniyup yang-yanging, kekayangan mrih rahayu, ayun ngupadeng Hyang Manon.
  68. Dadya samya yeg guyub, sadaya nedya puruiteku, ngelmu ingkang nyampurnakaken ngaurip, ana ngetan ngalor ngidul, saweneh ana mangulon.
  69. Titi caritanipun, wali mulya ; poma-poma sagung, anak putu rasakna lepiyan iki, sengga den kongsi sumurup, mring tekad ingkang mangkono.
  70. Nanging aja ngawur, nggugurua mumpung meksih idhup : yen den ancap ing tulis bae tan keni : lamun during anggeguru, nggurayang nora gumecos.
  71. Nadyan ahli tasawup, ahli usul miwah ahli suluk, lamun nora ahli puruita ngungkih, yekti temah sasar-susur, wantere angas kemawon.
  72. Jer iki antepipun, pangrakite perabot pangracut, apan nora kalebu sajroning tulis, among cumanthel ing guru, sabab larangan geng kaot.

 Tamat.