SERAT SULUK PAWÉSTRI SAMARIYAH


SERAT SULUK PAWÉSTRI SAMARIYAH

Anyariyossaken bab toya gesang utawi
Tirta marta sarta bab sajatinning pannembah
Anggittannipun

SISYA UCONG

Ing
Surakarta
1925
Kaecap ing gedhong pangecapannipun
A.C. NIX & Co. Bandoeng

Kalatinaken déning
Mas Kumitir
Sidoarjo, 1 Maret 2021

@@@

[3]SERAT SULUK PAWÉSTRI SAMARIYAH

  1. Puryanning kang sinarkaréng tulis téssing sedya syaga malat prana, nanagi songnging tujunné, juwet ngrawit mrih jumbuh, danur wédha wawarah jati, dadamar kaurippan mongga dipun gayuh, saiyeg saéka praya, yén wus nyandhak ywa sinnimpen tanwéh mijil nging sami dén wradinna.
  2. Tangéh lamun tebanning kang tulis  yén wasissa mimba pra sarjana, ringa ringa pangriptanné, tan darbé gunna kawruh, kang mimbuhi wenganning budi, tan kétang ingénceppan déra kumawiku, mungmamrih ambirat brongta, angruruhi rarassan wodding dumadi, mrih wenningngé wardaya.
  3. Pinnngettan duk wiwit tinulis nujwéng jumbuh kaliwon tagalnya, ping kalih likur wulanné, sawal mongsa sasaddhéku, wuku tolu ingkang lumaris tanggap windu sengara, jimmawal kang taun sangkalannira winnarna, tinengerran gunna tata ngésthi gusthi, (1853) pinurwa kang carita.
  4. Bubukanné jinnejer ing kawi,duk nalika Kangjeng Nabi Ngisa, lalana tannah Yudinné, madhangngi kang kalimput katennemman ngélmi sajati, ngabekti maring Allah, tangala punniku, kathah tyang kang manjing siswa, rumangsa[4]nné samya ntuk nugraha jati, lir nginum toya gesang.
  5. Kawuwussa wau Kangjeng Nabi, arsa kundur  mring tannah dunungnya, galiléyah doh paranné, lampahira karuhun anglangkungngi tannah kakalih, Péréyah samariyah, yén medulla ing ngriku saklangkung tebih, nging dadya padattannya.
  6. Adattira titiyang Yahudi, yén yun késah dhateng Galiléyah, Samariyah sirikanné, tan medal tannah ngriku, nadyan celak nanging tinnampik wit samya sesengittan klayan bongsa ngriku, nem atus taun laminya, déréng rukun panganggeppé tyang Yahudi, mring bongsa Samariyah.
  7. Dédé trahnya Jeng Nabi Ibrahim nging turunné, dé Ngisa tan kadyéku, arsa misah kang samya bengkrik rawé rawé karantas malang malang putung, milanné gyanya lumaksa, datan miyos lir marginné tyang Yahudi, nging miyos Samariyah.
  8. Wus kapasthi ingkang Maha Sukci, datan kénging lamun ngéwahana, Jeng Nabi Ngisa nulya gé, tindak lan sabattipun tan kawarnéng lampah ing margi, wuwussen sampun prapta, Samariyah jujug ing nagri kang nama Sikar, sa[5]celaknya pasitén pusaka ngunni, sing Yakub tilarranya.
  9. Wus mimuwur ngriku wonten warih, sumurrira Yakub dukking kina, tumurun Yusup putranné, tabettira karuhun kannang prigi sapriki taksih, pan anggung pinilala, geng supangettipun nanging kéh janma tan ngira, lamun tembé sirna supangatting prigi, ing jamannira Ngisa.
  10. Yén kacondra lebetté kang prigi, satus gangsal kaki telengnya, dénné ing jaman samangké, sapta dasa pipitu, dadya saya cethék rénnéki, sumur wau winastan sumurrira Yakup wit rumiyin kang ayasa, Nabi Yakub kang wayah Nabi Ibrahim dhinudhuk ngredi karang.
  11. Toyannira pan saklangkunfg wenning, tansah meneb katon maya maya, anglam-lammi kang manginté, pinundhi ring tyang ngriku, Samariyah sabangsannéki, ménget dadya pusaka, panganggeppé kukuh, tan wruh yén iku saréngat enneng ngenna candrannipun kang parigi, tinurut kang carita.
  12. Nabi Ngisa sawussira prapti, nagri Sikar kang wus kocap ngarsa, ngraos sayah sariranné, gya nyelak pinggir sumur, arsa ngaso datan pakanthi, sakabatnya tinnilar, neba marang dhusun samya ndon luru tetedhan tanda rana selak ngelak klawan ngelih, sigeg gantya koca[6]ppa.
  13. Antyawisnya tengangé kang wanci, Nabi Ngisa ngaub sorring wreksa, lenguk lenguk lenggah dhéwé, angin midid maniyup karya sumya angga Jeng Nabi, ya ta tan dangu prapta, wanodya yu ngasu, ya iku Nikén Samariyah, déné wanci tengah ari mék warih, dé nyebal sing padattan,
  14. Awit tebih dunungnya kang prigi, lamun ngangsu tengngangé ing wayah, tamtu benter temahanné, kajawi lamun perlu, apa baya darunnannéki, pawéstri Samariyah, tengah ari ngangsu, punapa genthongngé pecah, atannapi ing wisma kentékkan warih, apa: nuju kéwala.
  15. Tan mangkana sababbing wigati, pambukanya kang kinnondha ring Hyang, mangkana pan wus pasthinné, dhawahiréng kang wahyu, nugrahanné punning pawéstri, panggih lan Nabi Ngisa, nabi dibya anung, utussannira Hyang Suksma, mawéh marta mastawa saméng dumadi, mamayuyunning jagad,
  16. Nabi Ngisa tan samar pangéksi, mring pawéstri kang tigas kawuryan kadadyannira ing tembé, sinnawang calon punjul bias tampi wasiténg gaib wus pinnasthi déning HYang, rahayu tinnemu, ing dunya prating ngakérat Kangjeng Nabi  arsa ngruwat mring pawéstri, tarunanning tyassira, @@@
  17. Nabi Ngi[7]sa lon ngandika, éh ninni mara dénnaglis nimbaha ywa ringa ringa, sun jaluk banyu sathithik kinnarya jampi salit yata wau duk angrungu, pawvstri Samariyah, dahat kapitanning galih, anglocita makaten osikking nala.
  18. Yén tinnitik pangagemmanya, wong iki bongsa Yahudi, tan mlését pakecappanya, dénné bénnéh lawan mami, lah ta paran wong iki, teka wanni candhuk lawung, lan bongsa Samariyah, kang wus kanggep satru lami, nulya matur dhuh pukulun kadi paran,
  19. Klilanna amegat klimah, dénné ngong ngungun kepati, paduka bongsa Yahuda, ingkang wus ecrah alami, lan bongsa kula niki, teka tuwan kuma purun mundhut ngujuk mring kula, pardikanné tan udanni, ing tujunné Jeng Nabi amundhut toya.
  20. Yéku mung karya lantaran unggyanya yun paring wiji, mimijangken kasampurnan sinnamunning sabda lungit mrih tumama ngennanni, wengnning rasa tumlawung, ywa kagét kang kataman lon manabda Kangjeng Nabi, ngarah arah norraga amamét prana.
  21. Éh babo bibi rungokna, ywa kahyat ingsun jarwanni, mennawa sira weruha, nugrahanniréng Hyang Widdhi, lan weruha siréki, sapa kang mundhut ngunjuk ing [8]mau masthi sira, nuli dadi kosok bali, mangenjali gantya nyuwun mring dhéwéknya.
  22. Banjur sira pinnaringngan tirta marta kang sajati, mangkana wardinning basa, wiyossé sabda Jeng Nabi, wéh sasmita kang dhingin nugraha saking Hyang Ngagung, tegesnya kaslamettan pangapunten lawan urip tri  parka karacut aran nugraha.
  23. Ping kalih sasmitannira, Jeng Nabi  maring Pawéstri, wau sinten mundhut toya, punnika prasemonnéki, tumrap angga Jeng Nabi, gyanya mayu wéh rahayu, yuwana mring pra jalma, kang yun wruh sandinning ngurip lan nanggappi nugrahanniréng Hyang Sukma.
  24. Nging Sang Dyah déréng tétéla, pralambang kang kasbut nginggil mila gantya atatanya, mring Jeng Ngisa matur aris dhuh tuwan kadi pundi, gyan paduka ngambil ranu, jro sumur yén tan nyambat paduka tan bekta pranti, sayektné angel lamun linnampahan,
  25. Gék sinten ingkang kaduga, nedahken kang toya urip kajawi sumur punnika, yén wonten langkung mustahil punapa langkung inggil tuwan katimbang lan Yakib luluhur kang wus kontab Nabi Yakub duk rumiyin pan wus karsa angunjuk toya punnika.
  26. Sasomahira sadaya, lembu lan méndanné sami, warata wus ngo[9]mbé toya, tannana kari sawiji, makaten sang pawéstri, sayekti déréng sumurup maring jatinya Ngisa, lan Yakub nlangkung inggil kuciwanné sang rêtna déréng trawaca.
  27. Mung Yakub sinnengguh tama, ngaléla punjul pribadi, makaten dadya jamaknya, watak wantunning sujanmi, cacaddé dén sasabbi, alanning lyan kang cinnatur, angendhak gunnaning lyan ngunggulken ngélmi pribadi, wus tan lepat ing nganggep lir toya gesang.
  28. Kang gesangngi nyawannira, rahayu praptanning ngakir, nanging pilih kang unningnga, mring wadinné toya urip dahat dénnira rumpil tan melok datan dumunung, sannés kang munggwéng tara, kiwa tengen ngandhap nginggil lawan dédé kang wonten  sajronning jaja.
  29. Kang dumunung nginggil tenggak lan nétra kapala sami, punnika sannés sadaya, upayannen dén taliti, ywa kléntu kawruh lair, tirta yoga iku dudu, tegessé tirta yoga, pan wonten kawan prakawis kang kapisan toya kang saking pratala.
  30. Toya sing langit kalihnya, cucukullan kang kaping tri, lan saking kang sipat nyawa, yéku taksih éwah gingsir, mung mikolékken  daging, dé lir boréh paminnipun tan bangkit béngkas karya, wusananné balénjanni, sajatinné [10]pituduh datan mangkana.
  31. Wiyossé kannang wawarah, wadinné bab toya urip ingkang wasta maol kayat nyatanné saget sinnandi, kéh kadung kang ngulatti, kajawi srana pituduh, antuk wahyunning Allah, gya dumilah anyelakki, lalarahé kang tebih maksih kalingngan,
  32. Katawngngan tigang ebab jagad dosa miwah iblis warana tigang prakara, upaminné lir woh tiris tabon bathok wah malih, kalapa dadagingngipun tabon badan paminya, wadhag kita alum making, asli siti yun wangsul dhateng pratala.
  33. Bathok lir dosa sapaminya, dadya lampitanning ngati, tyas nepsu yekti wus risak kataman sikunning Widdhi, kalapa lirring iblis isbatting nyawa punniku, jujul nyebal jejernya, tan ngimanken mring Hyang Lewih, luiyanné Nabi Adam dukking kunna.
  34. Kalimput iblis kang godha, satemah dhawah bilai, laila prapténg samangkya, warata tigang prakawis panggeng tansah ngalingngi, nyasabbi kang toya idhup lir sepet bathok klapa, ngalingngi yoyanning tiris mila Sang Dyah Samaryah langkung kasmaran,@@@
  35. Nabi Ngisa ngandika ris nini aywa wancak driya, sun warah ti[11]ling na agé, banyunné sumur punnika, sing sapa anginumma, maksih ngelak akirripun ana lyanné punning toya.
  36. Singa ngombé toyannéki, kang saka paparingnging wang, tang ngelak langgeng slawassé, sannityasa sesennettan jennek néng atmannira, ing sajronning wong kang nginum dadya susumberring toya.
  37. Sumber urip kang umili, mancur prapténg urip baka, Sang Dyah kascaryanning tyassé, lanyathek sajronning driya, sangsaya pangangsegnya, kesusu kaselak besus mring sandinning kasunyatan,
  38. Sang dyah ngrepa matur aris dhuh pukulun kang beg darma, mugi welassa maring ngong, maringngaken toya gesang, supados ing tembénya, ngong tan ngelak slaminnipun tan ngangsu sumur punnika.
  39. Pangudinné sang pawéstri, makaten karya tuladha, mring kita sadaya mangké, ywa katungkul ngupa boga, papanna urip ira, pintannen ywa kongsi gangsul kang tumrap sukma lan raga.
  40. Upayanen dén kapanggih, gagayuhan kang utama, kang tan géséh lan ugeré, mangkana pradikannira, merit wardinning kitab jatinné toya idhup yéku rohiréng Pangéran,
  41. Nabi Ngisa wrangkannéki, dadya loronning ngatunggal kang babarken sih piwlassé, mring [12]wanodya Samariyah, tannapi para jalma, singa temen mesthi nemu, kang sru ngudi mesthi panggya.
  42. Wau ta ingkang winnarni, pawéstri ing Samariyah, wiwit mapan pamannahé, kakennan ing wedharrira, Jeng Nabi piwulangnya, lir tyang wungu pungun-pungun wus tuntum pramannannira.
  43. Nabi Ngisa tuhu luwih, widagda aparikrama, gyanya ngangkah tumamanné, mikoléhken piwulangnya, tumanemmiréng mannah, mrih tan kumambang kang wuruk mung mendem kakéyan warah.
  44. Makaten karya palupi, mring sang gyanning para dwija, kang masita ring siswanné, prayoga ngagem paparah, ywa angger bias marah, di weruh marang panuju, jontra jangkanniréng kodrat,
  45. Tan uger kang dakik-dakik bangkit milet amilut, éndah mannéka critanné, mangkana sang Nabi Ngisa, gya nyigeg piwulangnya, salin babaggan ginnilut ameléhken mring wadodya.
  46. Kinnén wangsulla rumiyin ngundang marang lakinnira, gya sowan padha annanné, katrangnganné pan mangkana, kang kinneker Sang Ngisa, kridhanning réh nawung parlu, lair karya samudana.
  47. Dadi menné ana nangi, ngunggar garjjitanning mnnah, angger nalongsaha agé, ring pawéstri Samawriyah, éngetta ing lepatnya, piawonné lampah[13]ipun nistha gya nyobo bojowan,
  48. Sang Dyah cuwa ingkang galih, mirêng dhawuhnya Sang Ngisa, déné kabelik lepatté, nétya kucem ésmu susah, tan kadya waunnira, mannah binger mirêng wuruk tan kadumuk dosannira.
  49. Nanging sang dyah sangnget kumbi, nasabbi ing klepattanya, asru kéwranning mannahé, sapangudatan pangucap wusana lon turrira, dhuh pukulun kula éstu, tan darbé laki sanyata.
  50. Jeng Nabi waskithéng galih, tan samarring aturrira, sang rêtna kumbi mannahé, déréng runtut aprasaja, nging Ngisa datan kéwran tansah gunturken pitutur , ninni benner aturrira.
  51. Kawula tan danbé laki, nanging bojomu wus lima, kari siji prapténg mangké, ugo dudu bojonnira, nianta sang wanodya, kluhurran sabda sang wiku, sanget émeng tanpa ngucaop,
  52. Dahat ngungun sang pawéstri, pungun-pungun kaélingan karasa rasa dosanné, karya trenyuh mannahira, linnalitan kalingngan lalakon kang wus kapungkur, wusana pinupus sigra.
  53. Lir mendhung ngumpul nglimputti, ilang kabuncang maruta, dyan mangka pipindhanné, tumamannira wasita, sarana péling nyata, kang nuntun mannah rahayu, gambuh ing wenganning driya.@@@
  54. [14]Gagappanné dyah ayu, angugerri gagassanning kalbu, baya iki dudu sabaénning janmi, jatmika bangkit mangirup sumurup wang dénningu wong.
  55. Pra nyata nabi punjul kajuwara ing jagad wus kasub nuli matur sang retna dhateng Jeng Nabi, yén saking panginten ulun tuwan nabi kang kinaot,
  56. Mangkana kintennipun sanyatanné Jeng Ngisa punniku, purwannira jinnongka jumenneng nabi, atas karsanné Hyang Ngagung, panggeng tutulung sakéh wong.
  57. Nging Sang Dyah déréng purun aprasaja ing bab lakinnipun pan sinamun angginnem sannésa prakawis wawassan ingkang tinnemu, ngabekti marang Hyang Maénnan,
  58. Kang dadya pokking ngudur, tyang udi deder bennerripun lawan bongsa Samaryah ramé kepati, sang rêtna nuli  umatur, nyuwun terangnya wiraos,
  59. Kadi pundi pukulun bong amba wus kekah saéstu, sing luluhur kawula dugi sapriki, papannira yén asujud wonten ing rêdi kémawon,
  60. Bénnéh lan tékattipun bongsa Yudi kalamun asujud wonten masjid Yerusalem kitha adi, punnika pundi kang lulut lan pundi langkung kinnaot,
  61. Sang Nabi ngandika rum rêngenta éh ninni ingsun tutur, di pra[15]caya wus dungkap mangsanné prapti, titinné gonnira sujud satemenné tan mangkonno.
  62. Jatinné sembah iku, marang Allah tannana ing gunung, gunung kénné kang ngaran gunung garisim Yerusalem iya dudu, satemenné pan mangkonno.
  63. Déné ta panembahmu, maksih ngawur tan weruh ing dunung, kang anyembah tan wruh kang sinnembah yekti, wondéné panyembah ingsun marang Allah wus waspaos,
  64. Ing mongsa kang kapungkur, Yerusalém pokking masjid agung, Yerusalém kuthannira wong Yahudi, wiwit tuwuh jangjinnipun Allah paring karahayon,
  65. Samengko jeblossipun sajatinné panembah punniku, marang Allah ramanné bumi lan langit dat ingkang wajibul wujud datting Gusthi kang sayektos,
  66. Mangkénné sembah iku, sembah eroh sarta kanthinnipun klayan nyata kayektennira samangkin sembah hyang mangkonno iku, dadya parêngngé Hyang Mannon,
  67. Makaten tegessipun pamejangnya Nabi Ngisa wau, ngemu raos engesnya kawan prakawis kapisan Allah kasebut rama amengku wiraos,
  68. Asipat welassayun agung tresna ring kawulannipun sesebuttan rama pannemé kawarti, suwaunya [16]déréng umum mung Ngisa kang paring ngertos,
  69. Anduwa pyandellipun Samariyah ing sabangsannipun gyanya nginten yén Allah asipat kakim tan asih mung karya takut mring malékat lan mring uwong.
  70. Kang kaping kalihipun piwulangnya Sang Nabi sung weruh, panyembahé kajawi bongsa Israil ingkang tumrap liyannipun tujonnira tan gumathok,
  71. Jejerré nora karuh, nerring sujud nora Hyang Ngagung, tan mangkana kekerranné banni Srail klayan para umattipun Jeng Nabi Ngisa kinaot,
  72. Kang tokid tékattipun sujuddira mung maring Hyang Ngagung, ping tiganya warahira Kangjeng Nabi, annerangken ancerripun rah arahanné Hyang mannon,
  73. Tan arah datan dunung, nging triloka kebekkan akemput Yerusalém datannapi ing garisim sakalirnya wus kalimput kamot ananné Hyang Mannon,
  74. Marmanné karya pémut mring Hyang sagung kang anggung amesu, lamun nembah ywa milih panggénnan mligi, milih tebih celakkipun sadaya sami kémawon,
  75. Ping patté sung pituduh, gon nanggonné wong sembahhyang iku, kang makripat wus nilar badan jasmanni, ponca driya wus kinukut karna né[17]tra lésan raos,
  76. Ngendhakken kannang nepsu, pamannahan lan ngen-nangennipun among kari sawiji kang kanggé kardi, eroh sanyata punniku, mirib sipatnya Hyang Mannon,
  77. Wondénné ugerripun anggén kita ayun mangsah sujud marang Allah pan wonten kawan prakawis wanuh karuh weruh kukuh, tegessira kang cumeplong.
  78. Wanuh gennah lirripun marang Allah sesembahannipun wanuhira klayan prastawanning ngati, ati suci kang wus mengku, kitab suci kang sung weroh.
  79. Ping kalih lire karuh, wus karuwan ing pribadinnipun punnapa ta kang dadya ciptanniiréki, kang binnekta dalem sujud sabarang parlunné kamot,
  80. Ping tiga lire weruh, ngartos marang paugerrannipun dalem sujud wonten panyuwunniréki, ywa sadhéngah kang dén suwun kedah mempan ring Hyang Mannon,
  81. Ping catur lire kukuh, uwat tuwat pikekah ing sujud imannira ngimanken juru basuki, plawangngannira Hyang Ngagung, Jeng Ngisa rohollah nganggon,
  82. Wau ta sang rêtna yu, saya padhang panampinning ngélmu, kasampurnan sangkan paranning dumadi, rarassing rasa kacakup kapusthi sajronning batos,
  83. Lir gesang jronning lampus pan mangka[18]na ing pangraossipun sang wanodya dénning tuk nugraha jati, wus lama gyannira ngluruh, utusannira Hyang Mannon,
  84. Tanyana yén wus pangguh, yéku Ngisa kang néng ngajengngipun nuli matur sang rêtna mring Kangjeng Nabi, mahyakken sotanning kalbu, bab utussannya Hyang Mannon,
  85. Dhuh babo sang ngawiku, cecengklungngen gyan ulun mangayun majanmanné utussannira Hyang Widdhi, upami lamun wus rawuh, wawarah ing karahayon,
  86. Sang Ngisa ngandika rumamaléhken ing kahananipun adhuh babo kalingnganné sira ninni, wruhanta kang sira ruruh, ya ingsun ingkang kawiyos.@@@
  87. Sigeg genti kang katata mangsulli, gantya kacariyos pra sakabat kang luru tedhanné, datan dhérék tindakkiréng Gusthi, nyidat wonten margi, mring dhusun wus antuk,
  88. Risaksana pra sakabat nuli, sawussira ngaso, samya sayuk nusul bandaranné, réréyongngan tan dangu wus prapti, kapangya Jeng Nabi, dahat samya ngungun.
  89. Pan katembén dénnira ngalammi, manonni lalakon kang tan gathuk kalawan jamanné, kangjeng Nabi kalayan pawéstri, adatnya Yahudi, duk kala rumuhun,
  90. Angawissi Tyang jalu lan éstri, la[19]mun sapatemon giginnemman tan kinnéngingngaké, lawan malih amejangken ngélmi, agama kang suci, kuciwa tinemu.
  91. Nadyan maring kang garwa pribadi, wit kaanggep bodho, lawan asor tyang éstri drajatté, langkung malih samaryah pawéstri, kalayan Yahudi, sasatron wus dangu.
  92. Duk samana ciptanné pra murid kanggeg tan kawiyos énget lamun was kithéng gusthinné, boya kéwran mring ngagal myang rêmpit datan nerang sami, ing réh gusthinnipun,
  93. Ennengngenna pra sakabat sami, gantya kacariyos sang pawéstri wus tanggap mannahé, Nabi Ngisa pranyata dutanning, Allah kang dén anti, dahat suka sukur.
  94. Wus palastha wulangnya Jeng Nabi, sang rêtna wot sinnom méntar mangsul marimng jro kitanné, ejunnira wus tinninggal kéri, parlu kang binudi, popoyan rumuhun,
  95. Mangké arsa amangsulli malih, anganthi punning wong, jronning kampong yun tinnedahaké, Nabi Ngisa utusanning Widdhi, kang winnecéng tulis duk kala rumuhun,   
  96. Pan mangkana tyang kampong gya mijil nyataken lalakon dhateng sumur Yakub panggénné, sampun sowan ngarsanya Sang Nabi, sanget anya nyaji, ngaturken susuguh.
  97. [20]Tiyang kampong pra sami jrih asih, lan bingah patos dénné nyata ing jongka wecanné, mila sanget dénnira malatsih, ngalap supangetting, barkahnya sang wiku.
  98. Iba begja tyang kang sampun panggih, lan ngandel ing batos dhateng Nabi Ngisa sawulangngé, adhadhasar ngibadah mring Widdhi, tuladha pawéstri, samariyah wau.
  99. Wus binnirat mamalanning ngurip warana kang ngranggon dosa jagad kalawan iblissé, tri prakara wus ginulung sami, ingkang masésanni, winasésa uwus,
  100. Titikkanné kang lamun wus bangkit mikat réh krahayon tri prakara ing paugerranné, gumolongnging nyawa lawan budi, ping tri munna munni, kanthi tobat laku.@@@
  101.  Kajawi tobatting laku, kanthi tobat jronning batin kocappa para sakabat nungkuli lalakon munggwing, kadya ménda kang katriwal wusana nuli kapanggih.
  102. Makaten lampittannipun tyang dosa mratobat malih, lir titiyang samariyah, karya rênanning panggalih, galihira Nabi Ngisa, lan sangungnging kang uméksi.
  103. Wusana titinninfg parlu, para murid angaturri, Jeng Nabi supados dahar, dhaharran sampun cumawis nging Ngisa ta[21]nnuli dhahar, yun paring piwulang dhingin,
  104. Ngandika mring siswannipun apa ta sira wus unning, sun darbé pangan kang samar, kang tumrap sira pinnanci, wondénné sabda punnika, makaten tegessiréki.
  105. Waunning ayahannipun sasmita dhawuh ing Widdhi, manungsa ingkang wus labda, tanggap kanthi dén lampahi, punnika nama wus dhahar, rêjeki saking Hyang Luwih.
  106. Toya gesang timbangngipun bén nombénnira ing batin nyempulurken tumrap nyawa, nyawabbi raga lan ati, mila lunges gya nya dhahar, Sang Ngisa tan agé bukti.
  107. Para siswa dukking wau, rikalannira miyarsi, ngandikanné gusthinnira, bab tedha ingkang sinnandi, tanyakub eliding rasa, prasamya rarasan nuli.
  108. Ngraossi ing gusthinnipun  dénnira tannanten bukti, kinninten wau wus dhahar, ana wong kang munjung prapti, kancanné mangsulli ngucap layak mangkonno tan sisip,
  109. Nalika aku mring dhusun sapa wruh kalamun gusthi, nglajengngaken laksitanya, gya panggya tiyang gagrami, bekta sekul ulam kathah, sinaosken Kangjeng Nabi.
  110. Sawennéh mangsulli muwus OU éwuh aya kuwi, sajronning pangrasanning wang, mung judheg tan ngarti dhong dhing, Jeg Nabi dupi miyarsa, klesik kira para muri[22]d,
  111. Saksana paring sumurup kang dén dhahar Kangjeng Nabi, anggénya ngrampungken titah, dhawuhira Sang Hyang Lewih, karya tentrem lan raharja, basukinné wong ing bumi.
  112. Wusana salajengngipun Sang Ngisa jarwa mring murid lalakon kang wus kalakyan winnirid karya palupi, anjingngira maring tékat ywa kuciwa mring pra murid,
  113. Jejerré jarwa pinundhut tobattira sang pawéstri, lan titiyang samariyah, sinawung sasmiténg sabin pantunnira kang wus mongsa, nuli kenna dén ennénni.
  114. Ing mongsa pannén punniku, dadya karênanning galih, galihira kang amurwa, nyebar andhawahken wiji, lan dadya gambirannira, juru derêp kang ngennéni.
  115. Wardinné sabin punniku, papan ingkang tanpa tulis tatarranning kabatinnan lir siti ing dalem sabin elohé lamun ing ngolah, kanthi toya kang gesangngi.
  116. Lan wiji ingkang tinandur, kang dumunung mungging sabin binudi amrih tuwahnya, yéku wulangnging kayekten lir wejangnya Nabi Ngisa, amijénni tyas basuki.
  117. Rasa tala liriréku, tala siti wadhag nenggih, rasa uri[ jarwannira, kang gesangngi kannang wiji, wiji kangungnganné Allah, kang wus nunggil rasa jati.
  118. Rasa suci bangkit dulu, prastawa mring Maha Su[23]kci, kérassanya pan mangkana, sing sapa suci ing ngati, kang pasthi weruh mring Allah, yéku tuwuhiréng wiji.
  119. Juru derêp tegessipun pakaryanné para murid lan abdinné nabi Ngisa, amangun rohiréng Gusthi, ngrimatti mring para umat kang antuk wahyunning Widdhi.
  120. Gambirannira ing kalbu, juru derêp kang taberi, tanpi pituwassing Allah, yéku tiyang nambut kardi, tutulung marang sasama, gantya tinulung Hyang Lewih.
  121. Mangsulli Jeng Nabi wau, sasampunnara kapanggih, lan titiyang samariyah, ing ngaturran tedhak nuli, nyipeng kitha samariyah, kalih dalu kang winnarni.
  122. Kathah tiyang nampi wuruk guguru amrih basuki, anyakup saparlunnira, tan kocap roroncénnannéki, Sang Ngisa ngajengken lampah, wus kondur galiléyanni.

oooOOOooo

Leave a comment