Category Archives: SULUK SURAOSIPUN PATEKAH

SULUK SURAOSIPUN PATEKAH


Anggitanipun abdi-dalem, pun Ngabehi Wongsaniti, pradikan ing dhusun Sumyang.

Sekar Asmaradana : 9 pada.

  1. Ingkang rinumpaka kawi, rasaning patekah ika, alkamdulillahi kiye, pujine ing dat punika, rabbil-ngalamin ika, ingsun Allah kang setuhu, pangeran kang luwih wikan.

  2. Weruh ing keraton mami, ya Muhammad lahirira, ingsun iku lan batine, malliyiya midin ika, tegese ya Muhammad, ratu nyakrawati ingsun, iya sira kenyatahan.

  3. Karaton ingsun puniki, ing dunya / tekeng ngakerat, iya sira sejatine,  ingsun kang ana ing sira, sira ana maring wang, iya sira iya ingsun, pan ingsun asma kewala.

  4. Iyakanak-budu iki, sira ingsun ya Muhammad, panembahira maring ngong, ingsun nembah maring sira, way’ikanastangina, tegese Muhammad iku, anging sira ingkang ana.

  5. Yen nora nana sireki, estidelal nora nana, sih ingsun sira ing mengko, jenengaken marang sira, minongka gentening wang, ananira ananingsun, jenengira jenenging wang.

  6. Ih dinas siratal nenggih, mustakimma ya Muhammad, ana sira ana ing ngong, andadekaken ing jagad, margane saking sira, sekalire kang tumuwuh, pinangkane saking sira.

  7. Siratal kadina malih, an ngamtawangale ima, ya Muhammad ing margane, suka-suka marga sira, ana mukmin sadaya, dene ananira iku, wedale saking ing cahya.

  8. Gaeril mahlubbi iki, nglehim tegesira nora, nora beda ing anane, Muha/mmad kelawan sira, ana mukmin sadaya, kawibuwaning sireku, kelawan ing asmanira.

  9. Walalin ing teges neki, namaningsun namanira, dudu ingsun sejatine, sejatine iku tunggal, amin tegese ika, rasanira rasaningsun, punika rasa patekah.

   Kapethik saking Serat suluk jaman karaton-dalem ing surakarta.