Category Archives: SULUK DUMUNG ING MANAH

SULUK DUMUNUNG ING TOYA


Anggitan-dalem Ingkang Sinuhun Kangjeng Susuhunan Pakubuwana kaping IV.

D U R M A

1. Kawruhana banyu telulas prakara, den wruh sawiji-wiji, kang dhingin punika,  banyu batin wastanya,   kang dadi rupa puniki,ping kalihira, banyu layat puniki.

2. Banyu layat kang dadi napas punika, kaping tigane enggih, toya cara rannya, dadi urip kewala, ping sakawan ponang / warih, toya wilayat, dadi swara puniki.

3. Kaping lima toya dat westane ika, dadi pangwasa nenggih, kaping nem punika, mani westaning tirta, kang dadi budi puniki, pipitunira, banyu mukinat wening.

4. Gih puniku kang dadi pangucapira,   kaping wolune nenggih, kang toya maniyat, dadi pangambunira,kaping sanga ponang warih, mandiku rannya, dadi pangrungu iki.

5. Ping sadasa puniku wastaning toya,   manikem ingkang warih, kang dadi paningal, toya kaping sawelas,      iradat westaning warih, kang dadi rasa, kaping rolas winarni.

6. Banyu mursal puniku araning toya, dadi cahya nelahi, malih kang winarna,jangkepe tigawelas, toya matek ingkang nami,  toya punika, dadi kaketek iki.

Kapethik saking Serat suluk jaman karaton-dalem ing surakarta.

SULUK DUMUNG ING MANAH


Anggitan-dalem Ingkang Sinuhun Kangjeng Susuhunan Pakubuwana kaping IV.
ASMARADANA

pada 01

Kawruhana kang sayekti,
kang basa ati punika,
nem prakara sadayane,
kang rumiyin ati pu’at,
miyarsa salirira,
gantilane ing pupusuh,
iku wismaning ngambekan.

pada 02

Ping kalih puniku malih,
ati mujarat kang nama,
ati mujarat tegese,
gantilane jantungira,
pan kinarya wangsulan,
sakeh kang miarsa iku,
ngelingaken lalenira.

pada 03

Ping tiga ati pengasih,
tegese pengasih ika,
dene ta kenyatahane,
gantilane ati abang,
pan kinarya wangsulan,
sakathahe kang ngamuwus,
weruh kang ngabang sadaya.

pada 04

Kaping sakawan puniki,
ati mukabilah rannya,
tegese atine reke,
gantilane ing lilimpa,
pan kinarya wangsulan,
ing ngesemira puniku,
ing kono pinangkanira.

pada 05

Kaping limanipun malih,
ati malam westanira,
tegese atine reke,
gantilane ginjelira,
pan kinarya wangsulan,
sakathahe kang gumuyu,
ing kono pinangkanira.

pada 06

Kaping nem ati nurani,
tegese nurani ika,
gantilan rempelu kiye,
apan kinarya wangsulan ,
sakeh pangawruhira,
miwah sagung pikiripun,
ing kono pinangkan.

Kapethik saking Serat suluk jaman karaton-dalem ing surakarta.