Category Archives: SULUK DAKA

SULUK DAKA


SULUK DAKA

 [1] Punika carita Daka

Kasalin saking aksara Arab
Ing aksara latin dening :

Mas Kumitir
Selasa, 1 Agustus 2017

@@@

Bismillahir rahmanir rohim

PUPUH I
ASMARADANA

  1. Nenggih punika kinardi, ingkang anggurit tembang, Suluk Daka caritane, auliha ngulama kang gita, ambabareken ing ujar, pitutur ingkang satuhu, kang tarus lan dalil Kur’an.
  2. Isun amimiti amuji, anabut namaning suksma, kang murah ing dunya reka, ingkang asih ing aherat, kang pinuji tan pegat, kang akarya ngalam iku, kang asih Nabi Muhammad.
  3. Ampuranen sun angawiti, isun anurun  carita, saking kitab daka asale, den sami angapuraha, sakehing kang amaca, den weruh ing tegesipun, caritane suluk daka.
  4. Lamun anembah amuji, pujine katur sapa, yen katuring Pangerane, mapan ora erna rupa, lamun ora katura, tampa gawe sembahipun, angur aja amujiya.
  5. Lamun ngaturaken puji, maring Allah sumantana, [2] mapan dudu papadane, mapan Allah kang amurba, kang misesa ing sira, den weruh kawitanipun, kang nembah kang senembah.
  6. Puji sapa kang duweni, lan puji pujining Allah, kawula ora duduwe, lawase ora kuwasa, miwah panggawenira, lawan bedane sakojur, anging Allah kag karya.
  7. Pundi ingkang aran puji, tegese puji punika, pan nugrahan sajatine, kang tumiba ing kawula, tegese kanugrahan, iya urip tegesipun, urip-uriping sapa.
  8. Lamun uriping Hyang Widhi, kalawan nyawa punika, tegese nyawa ta mangke, kang tumiba ing kaula, ingaranan kanugrahan, tegese nyawa punika, iya uriping manusa.
  9. Pundi tegese ahurip, wong anom ngaweruhana, becik ing tarimane, angel jenenging agesang, tegese urip iku, katitipan kang tetelu, iman tauhid lan makripat.
  10. Tegesing iman lan tauhid, kang iman pangetonira, ngetokaken Pangerane, [3] ajujuluk ingkang Esa, lawan kang amisesa, tan nana roro tetelu, Allah ingkang tunggal.
  11. Pundi ingkang aran tauhid, mapan tunggal sajatinya, pengleburan ing rorone, ing Gusti lawan kawula, yen atunggal kaya apa, yen bedhane bedhanipun, nora tunggal ora pisah.
  12. Salamet oleh ngaweruhi, tegese tauhid punika, tunggak lawan kawulane, mapan kawula tanana, apan jenenging kawula, sajati jatine suwung, tanpa polah tanpa tinggah.
  13. Katuring sembah lan puji, pan katuring dewekira, deweke Allah jatine, tanana sembah sinembah, endi kang ing ngaranan, Dat iku wajibul wujud, sajatine ingkang ana.
  14. Iya kang nembah amuji, kanyatahanning Datullah, pan dudu unine dewek, manteb jenenging panarima, kawulane lan Pangeran, tanpa polah tanpa wujud, lir sarah aneng lautan.
  15. Jenenging sembah lan puji, pan sarah ing panarima, pan konangan salawase, [4] dening Pangeran kang mulya, cilik dalasan tuwa, den becik tarimanipun, angel jenenging panarima.

PUPUH II
DHANDHANGGULA

  1. Angandikan nabi kang sinelir, angrasani jenenging sembahyang, arep weruh ing Pangerane, lamun ta ora weruh, siya-siya dennya ngalampahi, pertingkahe sholat den weruh satuhu, weruhe kadi punapa, yen tan weruha, sameloke jadi kapir, atuduh warna rupa.
  2. Yen tan weruha sira ing Widhi, yakti wuta besuk ing akherat, arep wruh dsameloke, yogya sami akukuru, ing pangeweruh ingkang sajati, pertingkahing sholat, kang tunggal lan wujud, iku kawula tanana, wujud iku campuh kawula lan Gusti, kang dadi wujud atunggal.
  3. Weruhipun ing kawula Gusti, jenenging niyat pan tigang perkara, qasdu ta’rudh lan ta’yin, weuha bedhanipun, niyat iki sawiji, qasdu ing panedya, niyat kang amengku, dadi basa lan [5] swara, kang angadeg ruku’ sujud alinggih, iya jenenging niyat.
  4. Ping kalihe pardhu kang gumanthi, lungguhira bedhaning rakangat, papat lawan titigane, ngasahar tan kena shubuh, dipun awas sawiji-wiji, jenenging rakangat tan kena kaliru, jenenging ta’yin kakaping tiga, nyata kena waktune subuh lan maghrib, miwah bangsane pisan.
  5. Yen takbira , ora nganggo ta’rudh ta’yin, apa iku tan durung sampurna, angangeha kafirohe, pan badal sholattipun, mapan niyat jenenging wajib, ora kena tininggal, jenenging tetelu, lamun maksih anganggoha, tan sampurna qasdu ta’rus lawan ta’yin, sholate tan sampurna.
  6. Waler sangker pocapan puniki, kang sawane nora anduga, dening ewuh babasane, saweneh anguguyu, pasthinira angaweruhi, angucap sadabangga, pada wani wong bingung, kudu ngajak tutukaran, kang sawaneh ngangungaken ngaji tafsir, katungkul amamaca.
  7. Teka kena ingkang pada [6] mukmin, jenenging sholat den ati-ati pisan, den weruh pisah kumpule, endi kang mukmin atuhu, iya iku kang angaweruhi, sajatine asholat, pisah lan kumpulipun, dadi sholat ing kawula, sajatine kanugrahan ing Yang Widhi, kang tumiba ing kawula.
  8. Lamun tinggal sholat pan wajib, sajatine iku kang mulya, wong kang tunggal panggawene, lamun ta ora weruh, takokena dipun sayekti, angel jenenging sholat, manawa kaliru, den dalih atinggal pisan, ambasane atinggal sholat sajati, wajibe kang linakonan.
  9. Lamun tinggal sholat pan kafir, ora eshah mayite dinusan, wong mati bangka hukume, lawan tumulihipun, ora kena atinggal bakti, ingkang atinggal sholat, mapan jangjinipun, lan malihe ora eshah anumbeleh, lan angruksak kalimah kalih, wong atinggal asholat.

PUPUH III
S I N O M

  1. Kafire kang tinggal sholat, [7] yakti ora anglampahi, atinggal pan sarwi ngucap, tanna gawe sholat iki, lawan ingkang angisi, sholat angu-guyu rasul, dadia ratuning syaiton, lir kafire wong yahudi, pasthi lebur ajur luluh ing naraka.
  2. Luhure kang tinggal sholat, kaya apa oleh ngaweruhi, wajibe atinggal sholat, pundi kang dados amargi, atinggal sholat lan bathin, tanana liyan kang ketang, miwah panggawenira, mapan ora anderbeni, anging Allah polahe ingkang asholat.
  3. Ilang jenenging kawula, sirna datan ana kari, datan ana gentene, dening kang amaha suci, kawula jenenging napi, lir carman perlabinipun, lir lintang karahinan, kasenenan Sanghyang rawi, lintang ilang kasorotan surya,.
  4. Wong tumeka ing sholat, tunggal qasdu ta’rudh ta’yin, iya iku kang sampurna, angaweruhana ing budi, lawan ati kang wening, tegese mangke puniku, pan arep ngaweruhana, [8] qasdu ta’rudh lawan ta’yin, paringena wiwitane lafadz Allah.
  5. Huruf alif parengena, wiwitane Alif puniku, mapan hakekating niyat, Lam awal lawan Lam akhir, parengena niyat singgih, niyat iku tibaning Hu, Allah jumeneng Dzat, tibaning niyat sayekti, lafadz akbar iku sampurnaning niyat.
  6. Jenenging niyat tanana, pangleburan ing sakalir, tanana Gusti kawula, mapan dereng utami, pira yen salameting kaweruh, roro dadi satunggal, satunggal dadi kalih, nora pisah kawula lawan bendara.
  7. Ing pangaweruhing kawula, pareng asih ing Yang Widhi, lamun tunggal ing kawula, tanana ingkang ngaran, kang anebut ing Gusti, tan liyan kawulanipun, dadi nyataning Pangeran, kang anembah kang amuji, pan kawula ingkang dadi kanyatahan.
  8. Endi kang aran manusa, tarusa dzohire lan bathin, anarima ing Yang sukma, tan darbe polah pribadi, ing Yang Kang Amaha Tinggi, kang asih nugrahan agung, den tarima [9] ing kawula, asih nugrahan Yang Widhi, pan gumetar ora kumpul ora pisah.
  9. Wondening jenenging sholat, lima katahingreki, kang dhingin asholat Jumngah, kang kawetu saking lathi, pakumpulaning jalmi, sholat Jumngah aranipun, sing sapa angucapena, ingkang dzohir saking lathi, iya iku lakune asholat Jumngah.
  10. Pan sapa angucapana, saking dzohir lan bathin, aja tunggal ing panutan, Nabi Rasul kang sinelir, kakasihing Yang Widhi, pan puniku lakunipun, den ngaweruhana, basa dzohir baa bathin, iya ikukang sholat Jumngah.
  11. Ping kalihe sholat wasta, andelengaken ing ati, tegese kang ora pegat, paningalira ing ati, sapatemon ing Widhi, kadhos pundhi beneripun, lamun atetemuha, mapan ora warni-warni, sapatemon Pangeran Kang Maha Mulya.
  12. Pan aja aja angroro tingal, jenenging kawula Gusti, tan kawula ora nana, kawula jenenging napi, mapan [10] ora anderbeni, kawula jenenging suwung, pan kagenten ing Yang Sukma, tan darbe polah pribadi, polah tingkah tingkahe Allah kang murba.
  13. Sholat khaji kaping tiga, nora atinggal kakalih, ruh jasad pan kawicara, jasad ruh kadi pundi, mapan dadi kagenti, dening Yang Sukma Agung, pan sajatining tunggal, tunggale tekadipundi, iya jasad iya ruh iya Allah.
  14. Iku pundi duwe rarasan, lan ewuh oleh ngaweruhi, luput bener winicara, lupute tekadi pundi, lupute kang dereng dugi, benere kang sampurna weruh, yugna pan burukena, punika jenenging ngalim, kaweuraha sholat khaji aranira.
  15. Waler sangker kang satengah, lamun micaraken ngilmi, nora nedya muwapakat, satengah pating burikeh, olehe rebut ngilmu, tan ayun kasuran kaweruh, ngangungaken yen ngulama. (kirang 2 gatra).
  16. Iku laku luput singgih, sasar susur lampahipun dadi sasar. (kirang 7 gatra).
  17. Dadi wong kuma bisa, angrasa [11] bisa pribadi, tan angrasa yen kapriba, ujare ngilmu sajati, yugya sami ngaweruhi, maring Pangeran kang agung, dadine wong punika, weruhe sajati andhap asor tan angrasa lamun bisa.
  18. Sholat dhaim kang kaping pat, tegese angaweruhi, nyatane maring Pengeran, nora lali saking ati, awasa ati ningali, maring Pangeran kang agung, pan jenenging maksifat, tanana Gusti kakalih, kang kasebut ing ati Allah kang tunggal.
  19. Aja angroro Pangeran, ing awal miwah ing akhir, awale kang dereng ana, jenenging akhir kang kari, iya kang aran jisim, kang awal jenengingipun, pan jadikanyatahan, pan pahesaning jati, iya punika ingkang atunggal katunggalan.
  20. Tegese kang kaping lima, kanugrahan kang sayekti, sholat ngelmu ngalim iki, jenenging roh lawan jisim, yugya sami angaweruhi, tegese maring kang agung, namaning Allah punika, tan pegat oleh tingale, mapan nyegah ingkang dadi kanyatahan.
  21. [12] Datanana tingalira, dadine bumi lan langit, iya iku kanyatahan  kang dadi ayat sayekti, kukuh jenenging ngilmi, tanana roro telu, jenenging kanyatahan, wajah jati ingkang suci, eroh iku tegese kang aran wajah.

PUPUH IV
DHANDHANGGULA

  1. Angandika Nabi kang sinelir, kang suci jenenging sareat, thariqat lan hakeqat, miwah sarettipun, mapan tunggal dadi siji, lamun pisah abathala, nenggih lampahipun, sareat ora khakeqat, mapan bathal sareate ora dadi, lamun ora khakeqat.
  2. Kang thoriqat mapan ora dadi, lamun ora sarta khakeqat, mapan bathal ing karone, kang khakeqat winuwus, mapan bathal oleh ngaweruhi, yen tan anganggoha ma’rifat, bathal kaweruhipun, yugya sami angaweruhana, mapan wijib sareat dennya ngaweruhi, lan aja sira pepeka.
  3. Aja sira tungkul bisa ngaji, kang sapane den gawe kabisa, ngarih kuncara ngilmu, [13] sajatine durung weruh, kang satengah den gawe tuqbil, ngagungaken yen ngulama, tansah ajajaluk, ngelmune den gawe bandha, dipun anggo saba omahing prayayi, mlaku pinaringan.
  4. Mapan pegat ya jenenging ngilmi, ingkang saba omahing nangkoda, miwah mantri apa dene, mapan ujaring ngilmu, ora wenang saba wong sugih, asor jenenging ngilmi, sangujaring pitutur, ngelmu kang sampurna nyata, mapan adhoh wong sugih den kalumuhi, tan arep kalepeyan.
  5. Wenang sama omahing preyayi, lan nangkoda wong kang saba iku, yen abecik pinuture, lamun ora kaya iku, tanpa gawe dennya ngaweruhi, ngilmune digawe banda, sasar susur iku, wekasane dadi sasar, kang tumeka ngilmu kang sampun luwih, tan angreksa lamun bisa.
  6. Yen angrasa bisa pribadhi ya ngilmune pandhita, [14] angrasa bisa dheweke, mapan ujaring ngilmu, ora nana ingkang duweni, anging Allah kang atunggal, tan ana roro tetelu, kang amurba kang amisesa, ing ngulama kinarya pahesan jati, kinarya katunggalan.
  7. Tunggal wujud tunggal dadi siji, yen tunggal dadi wujud tunggal, kaya apa pangaweruhe, lamun weruha kupur, kaya priye lehira ningali, lamun weruha kasasar wong ngiku, Gusti pan dadi kawula, pan kawula iya nora dadi Gusti, datan kumpul tan pisaha.
  8. Lamun beda mangke kados pundi, yen tunggal pan dadi punapa, den weruh pisah kumpule, lamun ora kayeku, ngaweruhi jenenging ngilmi, akeh-akeh kewala, tan ana ing besuk, ngulamane den gawe pokal, den rarasan kaya wong adagang singgih, den anggo kasuciyan.
  9. Kang tumeka ing ngilmu sajati, apitutur weh tuturonehan, amrih jejeg amalane, amuruk wong balilu, amrih bisa [15] jenenging ngilmi, mariya yen wis bisa, oleh tuduhioun, tuduhan kang sampurna wikan, pan ulama kinarya kateran jati, lan ulama ora bisa.
  10. Dipun angas aja sak lan sirik, yen mumuruk ing para shokhabat, pan amrih luntur asihe, ngilmune kang satuhu amumule maring santri, ora kena santri ingatur pikir, nganggungaken yen bisa.
  11. Yakti bathal pan jenenging ngilmi, paksa bisa kados sumantana, tur dudu unine dewek, lan Pangeran kang agung, ngujub riya sumaah takabur, tan riyaning kawula, kagungan Yang Agung, pan kibir kibire sapa, puniku pan sabaring Yang Widi, kang asih ing kawula.
  12. Lamun ora sampurnaning kibir, laku pan jenenging kawula, kaya prihe pertingkahe, jenenging kawula, upamane lir sarah keli, anut milining toya, ing saparonipun, anut saparoning toya, saparone tan bisa polah pribadi, [16] iku jenenging kawula.
  13. Kibir iku sapa kangduweni, kanggoha jenenging kawula, kaya prihe panganggone, lamun nganggoha luput, lamun ora nganggo iki, kaprihe pangngowanya, salameting kaweruh salameting lakuning lampah, ora ilang kawula kalawan Gusti, kang roro dadi tunggal.
  14. Lawan ingkang jenenging dadi siji, tunggal wujud lan tunggal kahanan, pangkeburan ing karone, iya haq lafadz iku, mapan iku jenenging Gusti, ilang kaya apa, endi tegesipun, ora rupa ora warna, pan rupane wus ana ingkang sajati, lafadz lakuwata.
  15. Tunggal tan ana rorone, miwah dzat sipatipun, apngalira datan kakalih, wus nyata ing manusa, endi tegesipun, kang ingaranan manusa, iy rasul panutan sajagat bumi, kang tinut agama Islam.
  16. Inggih punika jenenging urip, wajib anembut ing Nabi Muhammad, dadi urip salawase, tan beda uripipun, lamun sira [17] anut sayekti, pan lakuning Rasulullah, jenenging lumaku, sareat lawan thoriqat, khakeqat makrifat, denya ngaweruhi, ing panggawene Muhammad.
  17. Endi inkang aran sareat jati, lan thoriqat hakeqat makrifat, endi nyata iku lungguhe, sareat badanipun, kang ing ngati lungguhe reki, lungguhe ingkang sipat, khayat tegesipun, muhayati ingkang lampah, pan puniku ingkang jenenging urip, ingkang roh Rasulullah.
  18. Pan tegese makrifat ngaweruhi, lungguhira jenenging makrifat, iku ing rarasane, iku kakalihing Rasulul, wus tumaka den ngaweruhi, samiya ngaweruhana, aja ana kaliru, ingkang aran wujud tunggal, badan iku pikukuh dunya ngaweruhi, ing pangucap ilallah.
  19. Ilallah sahadat kang jati, ingaranan kalimah kang tunggal, den weruh ing pasejane,tegese ati lulut, mapan sampun denya ngaweruhi, ujar ilallah ika, ingkang pikukuhipun, [18] ing ati tan kena obah, kalimahe ati tan kena gingsir, ing pangucap illalah.
  20. Mapan erohku jenenging urip, pikukuhe iya iku Allah, dadi urip salawase, iku pikukuhipun, jenenging roh tan kena gingsir, yugya angetokaken, anejaha iku, endi pikukuhing rasa, pan Muhammad kahananira Yang Widi, jujuluk Rasulullah.
  21. Pan mulane ana kalimah kalih, jenenging Nabi kita Muhammad, nyatakaken ing sipate, lamun nora kaya iku, nora nyata jenenging Gusti, kang amuji kang anembah, marang Gustinipun, yugya sami mancanana ing pangewruh, weruhe kalaning sufi asale Kitab Daka. Wallahu alam.

Tamat

Advertisements