Category Archives: SERAT SULUK SURYA PRALAYA

SERAT SULUK SURYA PRALAYA


SERAT SULUK SURYA PRALAYA

Anyariyossaken dumunungnging rasa sajati

Anyambetti serat:

Lala ing ngakérat

Kacithak ingkang kapisan

Kawedallaken déning:

TOKO OAKEAN PRIJAJI “SIDHO-MADJOE”

EID: TJAN TJOE TWAN

TJARIKAN SOLO

Kaecap ing kantor pangecappan: dhekliksem

Darpayudan Surakarta

1956

Kasalin saking aksara Jawa
Ing aksara latin dening :
Mas Kumitir

Sidoarjo, 27 November 2021

@@@

PUPUH I.

  1. [1]Gantya ingkang winursiténg tulis kocap mindrisari: ranning ngarga, kang kaprennah ing lelengkéh, wonten sendang kadulu, toyannira anget tur wenning, winnastan sumber gayam ayom tepinnipun kinubeng cemara sapta, samya ageng ngageng witnya miwah inggil pantes donning silumman,
  2. Kang sajuga gerowong ponnang wit ambelawah tinnon lir kenthongngan kongsi dadya pangungsénné, kemongga gung manglindhung, néng sajronning wreksa amiwit wus pirang pirang warsa, dénnira dudunung, néng tengah wreksa growongngan amartapa lawan endhoggé tan kari, sumangsang anggannira.
  3. Lamun énjing kasorotting rawi, lamun nuju panas hawannira, kasilirring marutanné, nadyan derês ajawah, toyannira among néng jawi, nanging ta antuk daya, tri murti akumpul suka tyassira kemongga, mahatussan taun gonnira tan bukti, prandéné maksih gesang.
  4. Ciptannira sumedya martapi, sukur-sukur lamun sinnambadan katarima mring déwanné, wignya amowor sambu, lawan para déwa maharsi, munggah marang kaéndran salin sipattipun kocp jronning suralaya, para déwa mapan sampun sami unning, mring ciptanning kemongga.
  5. Lamun arsa angungkulli, a[2]mamadha lawan para déwa, dadya antuk sisikunné, para déwa akumpul parêpattan mapan wus dadi, rêmbugging para déwa, maringken bebendu, marang kemongga kang tapa, nulya kumrun jawah derês angin-nangin prahara mawalikkan,
  6. Ting jarêthot swaranné ngajrihi, kathah wreksa-wreksa samadya pokah, cemoro sol sadhangkéllé, pipitu parêng ambruk gelap munya amannengkerri, kemongga kapalesat anggannira ajur, kalawan endhog wus pisah, sinnamberring baledhég sumyar kaéksi, dadya wannara seta.
  7. Jleg katingal wannara babayi, kadya kapuk putihé amemplak narancag wit cuwat-cuwét mancilak nyamuk-nyamuk solahira angiwi-iwi, nadyan alit wannara, rosanné kalangkung, pang wreksa cinnandhak pokah, yén mancolot tanpa e iberring peksi, sahepal saonjottan,
  8. Kathah wit-wittan dén gosak kasik saking wana manjing padédésan mangrusak wowohan kabéh, tannana sapa aruh, kathah janma datan pradulli, marma wannara seta, polahé anglantur, prapténg tetepinning samodra, ngungak ungak wenningnging tirta kaéksi, énget kasattannira.
  9. Cumalorot lumebéng gigisik duklagyar semendhak ngokop toya, tandya sinnaut alunné, [3]kumambang kombak kombul angin toya baya ngebessi, suka tyassé wannara, anulya salulup am: bles telengnging samodra, cinnarita kang anéng jronning jaladri, sira Sang Naga Raja.
  10. Duk tumingngal sajeronning warih, wonten wannara alit lulumban anulya sinnarap agé, wannara pan wus kolu, néng jro wetengnging maksih urip ngaroncal anyenyendhal jerowan myang usus engesak kasik anyendhal naga raja gelasarran ngolang ngaling, gya I ngutahken énggal,
  11. Wus mancolot sing tutuk umijil tandya sinnaut sauttan kenna, dadya kinnaroyok ngekéh, buron toya angrubut marang sira simunyuk putih, inguntal until medal riwut tandangngipun naga cinnéngklak wus kenna, kethék putih pinulettan kenni, malah anduleg mata.
  12. Naga Raja kawekénning budi, dadya temahann asruh tobat ingsun trima teluk baé, marang ing sira munyuk kathék seta manthuk maringis apa tandhanné sira, tobat marang ingsun naurri Sang Naga Raja, ingsun darbé pusaka arupa bindi, gengnya saparangkullan,
  13. Babakallé kencana sinnangling, penthollira ya saking munsthika, lan telung seta dawanné, iku pusakanningsun sira pékka sun angli[4]lanni, gumuyu kethék seta, mokal sira iku, mongsa ta ingsun bisaha, anyangkingnga mring pusakannira bindi, kang gedhé saparangkullan,
  14. Naga Raja annaurri aris gampang lamun sira arsa tompa, nulya pusussen dénnagé, bindi sayekti luluh, bisa dadi gengnya satugi, samana kethék seta, nyandhak bindi sampun pinusus pusus ing ngasta, among kari satugi gengngira nenggih, binnektan katara.
  15. Sinumpingken anéng karna kéring, kethék putih anulya pamittan mentas saking samodranné, nedya oncat mandhuwur, mring kaéndran ingkang kinnapti, nging tan wruh margannira, dadya nyidréng tanduk among kinnarya jalarran kéh dédésan prasamya dén obrak-abrik karya rusak tan nemman,
  16. Sesekarran pinnethikkan sami, pari oték canthél miwah boga, samya rinusakkan kabéh, kekes janma in dhusun nyana lamun wannara putih, lelembut kang rumeksa, dhusun ing ngadhusun arsa numpes marang janma, marma énggal karya tutulak tumuli, sasaji myang dudupa.
  17. Kethék seta maaksih tan pradulli, dénniranggul dahat karya rusak ngosak kasik ésuk sore, tannana pisang suluh,  tekéng klapa rinnontog sami, saking srunning tyssira, prajanma ing dhusun dénnya gung manyi[5]ddhikara, amiminta ing déwa ingkang linuwih, sirnanning haru-hara.
  18. Kawuwussa kaéndran wus unning, lamun ngarcapada kagégérran dénning pakartinning kethék Hyang Ngéndra adhadhawuh, marang déwa kinnén lumaris nenggih Sang Hyang Naraddha, mamrih sirêppipun haru-hara ngarcapada, gya rumedhak Hyang Naraddha sqampun prapti, dhusun kang karisakkan,
  19. Kethék seta mara marêpekki, tan saronta sira Hyang Naraddha, ginnebag lawan bindinné, gumabrug oncat mumbul ring gagana dipun tututti, ramé prangngé Naraddha, mengsah lawan munyuk kami gilan nulya oncat Hyang Naraddha wangsul mring kaéndran aglis maksih dénnoyak oyak,
  20. Gégér para déwa angadhangngi, kethék seta cinnekel tan kenna, ngobat tabitken bindinné, déwa sami keplayu, siji datan nana ngundhilli, sumbar punnang wannara, payo ywa lumayu, samengko sun angadhatyan néng kaéndran dadi déwa kang linuwih, iya rathunning déwa.
  21. Sang Hyang Guru kawekénning galih, gya rinapu marang para déwa, réhning sira iku kethék becik sira tumurun marang ngarcapada samangkin dadiya rathunnira, bongsa kethék lutung, uwawa kalawan tukang, kabéh padha ngrathuwa marang siréki, myang sira jujulukka.
  22. Kuda Rêsa Sasana annenggih, kang ngratho[6]nni kethék-kethék samya, samana lilih driyanné, kethék seta tumurun sing kaéndran pan sampun prapti, néng ngalam ngarcapada, gya paréntah sampun marang sagungnging wannara, kinnén samya ngalempakka angéstrénni, ya marang jennengngira.
  23. Tanna dangu prapta andalidir, kethék-kethék wus kumpul sadaya, siji tannana kang kécér, kethék seta amuwus sira kabéh ingsun tuturri, atas karsanning déwa, samengko wakkingsun ran Kuda Rêsa Sasana, angratonni kabéh kethék-kethék iki, marmanta sumuruppa.
  24. Ger gumuyu kethék gumuyu sadayéki, winnor lawan ing pangérang-érang, éh ta bodho temen kowé, wong kalebu ing ngapus dadak nganggo sira kumaki, Kuda Rêsa Sasana, iku tegessipun Kuda: tegessira jaran Rêsa: tunggu sasana yaiku panti, gonning jaran gegedhoggan,
  25. Nora ngandhel takonna mring janmi, ingkang wasis ulah tembung jawa, yekti yén sira kaweléh, wit sira among nunggu, pakaryanmu sahari-hari, lamun jaranné bigar, sinnépak endhasmu, lamun jaran ambubuwang, taléthongngé néng cangkemmu anggubrassi, iku mongsa wurungnga.
  26. Yén wus pecah endhassira nuli, uteg muncrat pinnanganning sonna, usus sira kéwér-kéwér, binuwang tengah lurung, datan nanna [7] sudi ngrumatti, sigeg wannara seta, éh benner siréku, cidréng déwa suralaya, kaya becik ingsun baliya luruggi, mungkur wannara seta.

PUPUH II.

  1. Nepak bau nulya mesat kethék seta ing kaéndran wus prapti, tan saronta ngamuk punggung, kéh déwa kasulayah, sajatinné among saking samya lumuh, mungsuh kethék mung sapala, yogya pra samya sumingkir.
  2. Dadya Hyang Guru dhadhawah, sapa ingkang bisa anembadanni, munyuk putih kang angamuk anéng jro kadéwathan Hyang Naraddha: Adhi Guru kula matur, kalamun ing ngarcapada, prenah ardi pandhansari.
  3. Wonten pandhitha martapa, Wilsaya arannira sang rêsi, punnika tuhu linnangkung, bokmanawi kaconggah, anyirnakna munyuk putih ingkang ngamuk Hyang Guru lon angandika, kakang Naraddha suwawi.
  4. Nunten andika dhawuhna, anniballi Wilasaya maharsi, kinnén sébaha amringsun kula arsa panggiha, Hyang Naraddha sigra mesat adhadhawuh, pandhansari sampun prapta, pannembahan dén timballi.
  5. Wus kérid Sang Hyang Naraddha, pannembahan Wilasaya sumiwi, ing ngarsanta Sang Hyang Guru, alon andikannira, éh ta sira Wilsaya apa sanggup, anyirnakna kethék seta, ingkang karya rusuh iki.
  6. Umatur Ki Wilasa[8]ya, dhuh pukulun sandika anglampahi, namung paringnga pangéstu, dhumateng lampah kula, Sang Hyang guru aris pangandikannipun lah mara agé mangkatta, ingsun ingkang mangéstonni.
  7. Nembah umedal pasilan penembahan Wilasaya manggihi, kalawan pun kethéh pingul éh si monyét sira, away anggung sira dahat angriridhu, marang sagung para déwa, becik lungaha dénnaglis,
  8. Lamun sira angandelna, tossing balung lawan wuletting kulit payo tandhing lawan ingsun nyata kethék prawira, lumpattana darijiku ingsun ngathung, ambekés palwaga seta, aja mannéh kang dariji.
  9. Tau taté saonjottan sepal luwih lumpatting kethék putih, payo ngathungnga dén gupuh, ingsun arsa malumpat sira inna aja dupéh ingsun munyuk pannembahan Wilasaya, ngacungken dariji kalih.
  10. Turta umpeg gumpeg cendhak suprandénné ingsun kinnén: nglumpatti, nulya ngunjalna passipun gya lumumpat sarosa, nanging cupet tibéng tengah-tengahipun kacepittan bisa obah, jungkir endhassé tan kéksi.
  11. Katriméng Sang Pennembahan panuwunné marang déwa linuwih, cinnipta darijinnipun jleg wus dadya prabata, gobag-gabig dhas kethék kacepit gunung, miwah ginnegelling tossan tumra[9]p sajeronning kulit,
  12. Mangetog kasurannira, kethék putih wus datan angunthilli, muntar-muntir bekah-bekuh, prabatasan saya wrat kongsi géthék kethék putih bathukkipun panembahan Wilasaya, sukanning driya tan sipu.
  13.  Nalika arsa tinnilar, anéng séla ardi puja tinulis sastra buda sandi kidung, suraséng kannang surat anyangénni marang sire kathék pingul aja metu saking ngarga, yén tannana wong linuwih.
  14. Aran Radén Talirasa, ya iku kang bakal mitulungngi, anulya tinnilar gupuh, kethék kari anggana, kruntak-kruntek kari tépong kang kadulu, lamun nuju mongsa udan baledhéggé anamberri.
  15. Prenah gonning kethék seta, dadya ungkag lunggeg sambat: mlas asih, adhuh-adhuh nyuwun tulung, Rahadén Talirasa, dipun asih paduka mring raganningsun sakitté boya sapira, ananging karaos keri.
  16. Tekéng balung sungsum kandhes marma ulun tobat aminta urip sumukké langkung-langkung, néng sajronning prbata, mung paduka ingkang wajib atutulung, sigeg gantya winursita, Pangran Pathi ing Giling Wesi.
  17. Parab Radén Talirasa, kang wus lami murca saking nagari, jajah wana gunung-gunung, kagyat mirêng suwara, minta tulung ya marang sarirannipun marma énggal pinnaranna[10]n marang donning swara tangis,
  18. Dupi pranténg don wannara, Radén Talirasa pan sampun unning, séla sinrat sandi kidung, lawan sastra buddhaka, wus kadhadha saraséng serattan ngriku, kinnén amitulungngana, ya marang si kethék putih.
  19. Tan dya tumolih mangiwa, katingallan tépongngé kethék putih, sinnapa mring sang binnagus payo kethék metuwa, ingsun ingkang arsa tutulung siréku, duk ngrungu swaranning janma, kapi seta annaurri.
  20. Jan dika  dyan Talirasa, karséng déwa tinnakdir mitulungngi, dhateng kasangsaran ulun paduka sumingkirra, kula kirig mennék prabata maledug gupuh Radén Talirasa, umiré saking ing ngardi.
  21. Tan dya gumledheg kang ngarga, gonjang-ganjing: nyelah kethék kikirig sumyar prabata maledug oncat sang kapi seta, sampun luwar tandya mancolot sumebut ngupaya Dyan Talirasa, sapa ranné atut wuri.
  22. Panganggeppé anyogata, kapi seta mring Radén Rasa Tali, anging ta labetting munyuk tunggal lawan manungsa, saben-saben mancilak bindi pinusus pathenthengngan arsanggada, nanging ajrih yén tinnolih.
  23. Marang Radén Talirasa, sru tumungkul abot sirahing kapi, dénning ginnegetting ngesuh, wesi kang tan katingal néng jro kulit sajabanning dagingngipun marma mring Dya[11]n Talirasa, tulus dénnira jrih asih.
  24. Wau Radén Talirasa, maksih laju dénnira mati ragi, ginnodha sakéh lelembut dhemit peri prayangan lawan éndhang ngéndhangngi delangkung, karêppé arsa minnongsa, lan kinnokop ponnang getih.
  25. Karana karsanning déwa, wus tinakdir sapa kang wignya mbukti, marang getih dagingngipun Rahadén Talirasa, luput teguh wong ngannom tyan kenéng sepuh, lamun binukti wong tuwa, sayekti luputting pati.
  26. Marmanya kinuya-kuya, Radén putra lawan wannara putih, saparan anusup-nusup nalasak wana wasa, dupi prapténg don sepi ana garumbul-garêmbel tuwuh wit-witan lang-ngalangngé angalingngi.
  27. Pintunning kang guwa-guwa, tan saronta dennawa kang kaéksi, bérok-béra walung luhur, ngisi siyung sacarak rambut gimbal anutuppi mripattipun mregagah ngadgangngi marga, anggero gerêng ngajrihi.
  28. Éh éh wong bagus mandhegga, suwv ingsun ngarsa arsa siréki, aja sirna tanpa dunung mati datanpa aran sapa sira arannira éh wong bagus gumecer timen waking wang, selak arsa ngokop getih.
  29. Getih ing wong kaya sira, suwé ingsun nyidham getih land aging, éh sapa sira aranmu, kagyat Dyan Talirasa, nulya kéndel aris panga[12]ndikannipun éh raksasa wana wasa, away angalang-ngalangngi.
  30. Ingsun Radén Talirasa, Pangran Pathi Putra ing Giling Wesi, Prabu Pastatha jujuluk iya sudarmanning wang, balik sira raksasa spa aranmu, aja mati tanpa aran angakuwa mupung urip,
  31. Iya lamun sira Tanya, ingsun Kalapurusa Sura Sekti, kang rumeksa ing garumbul payo sira sun until aja suwV-suwé katon matanningsun tinubruk Dyan Talirasa, kethék putih angembulli.
  32. Dinugang raksasa kontal parêng nubruk kapi seta ambindi, nglumba kelumah gumabrug raksasa timbale lumah, yun pinupuh raksasoncat marang grumbul tinututtan kapi seta, raksas wus malih warni.
  33. Asipat dadya waraha, sarwi rerumnéng blethokkan kaéksi, kapi seta nguwuh-uwuh, céléng iya iya weruha, mongsa dadak wurungnga pecah endhasmu, mancolot sang kapi seta, sarwi anibanni bindi.
  34. Raksasa malih siluman kapi seta maksih angoncit-toncit raksasa séluman teluk tobat asrah bongkottan lan Dyan Putra lan kapi seta anungkul dadya kinnén atut wuntat kinnarya pitedah margi.
  35. Laju lampahé Dyan Putra, maksih turut wana myang wukir-wukir, duk praptanning rawa arus kanggeg Ra[13]hadén Putra, myang wannara seta datan bisa laju, tandya ki Kala Purussa, ngalangken pundhakkira glis.
  36. Sigra Radya Talirasa, sakaronné lawan wannara putih, cinnandhak binekta sampun kalih anéng géndhongngan kang raksasa ngarubyak ing rawa arus sakedhap prapténg darattan sabrang kulon sampun ngancik,
  37. Jajah ana ardi Malaya, ejim sétan brakasakkan myang peri, samya anggodha ngriridhu, lampahé Radén Putra, ning tinnepak dénning kang wannara pingul singa-singa ru paksa, sinnabet kalawan bindhi.
  38. Kathak samya kapelajar, tanpa kiwul pangriridhunning dhemit samya ngungsi kapalayu, tanbuh ingkang sinnedya, kocap wau playunning para lelembut mawa prabawa kumrasak kadya nginnempuh wajatin,
  39. Kagyat kang silumman tuwa, nuli prapta sajuga kang resaksi, godhék wok bring gung ngaluhur, siyung angapurancang, rambut abang barintik adhawul dhawul ngaglah anéng tengah marga, gerok anggrogigirissi.
  40. Hurdah manungsa mandhegga, baya iki kang karya mosak-masik marang annak putunningsun kang néng gunung Malaya, kapi seta annaurri.
  41. Buta buteng kaya sira, lamun Tanya ya marang kangsun iring, [14]iki atmajanning rathu, Sang Ngaprabu Prastapa, ratu agung Giling Wesi prajannipun sira buta-buta apa, rupamu anggigilanni.
  42. Raksasa naurri sugal lamun Tanya ingsun buta dhedhemit kang rumekséng wana sirung, laladdan Himalaya, kala griwa ranningsun ditya gegedhug gedheg manggalanning sétan kang kasusra pilih tandhing.
  43. Suwé ngadhang marang sira, sira ngemping lara anggenjah pati, tan saronta ditya nubruk mring Radén Putra éndha, kapi seta mancolot tumémplok antuk cecengel raksasa mila, gulung rambutté jinnenggit,
  44. Sinaut wannara kenna, yun inguntal marucut males binshi, dhadhanné kenna gumadhug ditya tiba kelumah, gya pinupuh endhassé akoprak kapruk kadi ngepruk kelapa, suka radén putra unning.
  45. Oncat raksasa lumajar, malbéng guwa wannara anututti, ditya tobat mintak ampun nuli binekta medal anggaruguh ditya telukkan mangukuh, néng ngarsanning Radén Putra, kinnén mundur angennémmi.

PUPUH III.

  1. Maksih andugekken lampah, Radén Putra Giling Wesi, ing ngiring sang kapi seta, lawan raseksa kakalih, saparan tinut wuri, dénning dennawa lelembut lepas ing lampahira, Radén lan wannara putih, lamun dalu asipeng tengahing wa[15]na.
  2. Byar énjing wiwit lumampah, nasak wana margi sungil kocappa Rahadén Putra, kapepettan anéng margi, dénning prabata agni, urubbé kadya tinunu, latu makantar-kantar, bingung tan bisa lumaris onnengnging tyas Radén Putra lan wannara.
  3. Baya wus karsanning déwa, cupet ing lalakon iki, nora bisa anutugna, gonningsun amatiragi, ngambah wana myang wukir, anut saparanning suku, nalasak wana wasa, mudhun jurang ngiring-iring, ngambah alas talatah surya pralaya.
  4. Kuneng wau kawuwussa, annenggih pun kethék putih, mathak aji padanyangngan sakedhap sampun kepanggih, lan kang samara bumi, Tanya ngendi margannipun wit ketutup dahana, murub makantar sahardi, kang tinnanya: samara bumi mannabda.
  5. Dhuh laé sang kapiwara seta, lamun angupaya margi, yektinné wus datan nana, éwa dénné yén suwawi, Radén arsa lumaris amiyakka latu murub kedhik srananning lampah, manggihana ingkang jagi, ingkang wasta jaran pannolih punnika.
  6. Sayekti langkung kuwasa, miyak latu murub wanni, ngendelken pusakannira, paringnging déwa linuwih, warni kipas satunggil ageng katiyasannipun latu murub makantar, kinnipas sayekti mati, kapi seta dahat sukanning wardaya.
  7. Tanna [16] dangu gya pamittan marang ki samara bumi, cipta arsa kepanggiha, kalawan jaran paannolih, ing lampah tan winarni, kapi seta wus kepangguh, kang rumekséng dahana, awasta jaran pannolih, tembungngira lamun panuju ing driya.
  8. Ingsun minta tulung sira, sirêppen dahana iki, Radén Putra arsa liwat sugal ki jaran pannolih, ingsun nora pradulli, sapa baé kang lumaku, angur sira baliya, ambekés sang kethék putih, ladak timen éh jaran pannolih sira.
  9. Jaluk ingsun ruda peksa, samana sang kethék putih, tan saronta nubruk sigra, marang ki jaran pannolih campuh asilih ungkih, jaran pannolih pinupuh, dénning bindi pusaka, tanpa papan angundurri, temah kasor jaran pannolih prangngira.
  10. Nulya ngesrahken pusaka, kipas marang kethék putih, tinnampan sukanning driya, tandya wau kethék putih, maranni marang ngardi, kang makantar-kantar murub kinnipas datan pejah, wola wali maksih urip malah baya anyalat mring ngawakkira.
  11. Dahat runtikking wardaya, kapi seta muring-muring, marang kanga sung pitedah, iya ki samara bumi, rumaos dén apussi, tiwas rinnéwangngan pupuh, marang kang bau rêksa, kanga ran jaran pannolih, kipassira [17] pusaka rinebut yuda.
  12. Kodheng tyasnya kapi seta, cinnipta tannana malih, among ingkang ngapus krama, Kiyai Semara Bumi, sigra i ngundang aglis mring ngarsanning Radén Sunu, kang panggih kapi seta, inguwus-uwus tanpa wis dénné karya marang kapi apus krama.
  13. Anjungkel konjem pratala, sira Ki Semara Bumi, umatur sarwi ngrerêpa, dhuh pukulun sang tarunni, sampun asalah dalih, amastanni raganningsun akarya apus krama, satuhu Jaran Pannolih, darbé kipas kakalih pusakannira.
  14. Ingkang sajuga kinnarya, ngagengngaken latu kenni, sajuga malih kinnarya, sisirêp urubbing genni, punnika dénnastiti, bok bilih mannawi klintu, sayekti datan pejah, malah surubbé andadi, konninganna pukulun Rahadén Putra.
  15. Kipas kakalih punnika, sinnimpen dénning kang éstri, awis janma kang unninga, kogel tyassé kethék putih, dénnira ambendonni, mring Semara Bumi luluh, lalu énget mring sira, bojonné Jaran Pannolih, sedyannira kapi seta malih warna.
  16. Amindha-mindha kang priya, nenggih Ki Jaran Pannolih, tandya matek ajinnira, kethék seta malih warni, dadya Jaran Pannolih, kembar lan kang priya sampun muruggi rabinnira, rinungrum i ngari-arih, a[18]rinningsun kang tuhu tresna maring wang.
  17. Ingsun pundhut kipassira, kang mongka panyirêp api, kang éstri amendhet sigra, kipas panyirêpping genni, dén aturken tumului, tandya tinnampénnan sampun maring ingkang amindha, Kiyai Jaran Pannolih, mesat sigra kipassé sampun binnekta.
  18. Myang malih warna wannara, wangsul kadya wingi unni, apan sarwi bekta kipas pusaka panyirêp api, marêg unggyanning genni, gya kinnipas latu murub sirêp padha sakala, Rahadén putra lan kapi, lumaksana marang donning kang sinedya.
  19. Gantya ingkang cinnarita, Kiyai Jaran Pannolih, duk andulu Rahadé Putra, kalawan wannara putih, génya laju lumaris myang sirêpping genni murub kagyat mangunnandika, éh apa wadinné iki, nuli tanya Pannolih lan rabinné.
  20. Babo ninni garwanning wang, ingsun tanya ing siréki, ya pusakanningsun kipas kang kanggo angirêp api, wetokna dipun aglis kang éstri naurri jumbul Kiyai katiwassan bayat kalebon maling, Sandi Paya nyarupi kadya paduka.
  21. Awit pusakanta kipas kang kinnarya nyirê api, saweg ing wau punnika, jandika pundut mring mami, marma kula annuli, ngaturraken gupuh-gupuh, ing mangkya jengngandika, praptanya an dangu ma[19]lih, Kyai Jaran Pannolih kagyat tyassira,
  22. I babo wannara seta, dutanné Pangran Dipathi, teka datan laku cidra, iya marang awak mami, baya karséng déwa di, oncatting pusakanningsun kipas panyirêp brama, dadya pinupussing pesthi, kocap Radén Talirasa sampun lepas,
  23. Ing lampaha murang marga, tan pisah si kethék putih, prapténg tepining samodra, tannana marginné malih, sigeg turunna kalih, ingkang dénya mingak minguk dénné tannana palwa, tambangngan munggwéng jaladri, nulya ana sajuga buron samodra.
  24. Kang aran minna pasirran agengnya kagiri-giri, kadya bale alalampah, kombak kumambangnging warih, prapténg pinggir jaladri, lir nambrama mring kang rawuh, Rahadén Talirasa, dahat ngunnandikéng galih, baya iki ambagékké marang ing wang.
  25. Tanggap ri sang kapi seta, inggih makatenna gusti, yén sagedda tata janma, wangsul buronning jaladri, sayekti tan udanni, ing karsa paduka lamun arsa nabrang samodra, mésem Radén Putra angling, ya mangkonno kethék putih nanging coba.
  26. Warahen mring dhéwékkira, lamun bisa anulungi, gonningsun arsa annabrang, lawan sira kabéh iki, tandya wannara putih, umarêg tepinning ranu, kepanggih lan pasirran wus cala[20]k sang kethék putih, atatanya éh sira iki pasirran,
  27. Sun arsa nabrang samodra, sapa ingkang annambangngi, dénné datan nana palwa, géthék témbo tan udanni, mingser pasirran angling, é: wannara mitranningsun lamun sirarsa nabrang, iya marang ing jaladri, nora nana ing kénné tambangngan palwa.
  28. Kajabanning awaking wang, ingkang wignya anulungngi, nyabrangngaken marang sira, anging sun tatanya dhingin sirarsa marang ngendi, déra dahat drangnging kayun nedya nabrang narmada, jarwan nana kang sayekti, kapi seta sukéng tyas anambung sapda.
  29. Éh mitra buron pasirran lamun sirarsa udanni, kang dadi sedya mannira, lan Radén Putra ing mangkin arsa dugékken kapti, umanjing jronning wana gung, iya surya pratala, sumiwéng Hyang Misésanni, amiminta kang pusaka kadam makna.
  30. Legawéng tyassing pasirran Radén Putra lan sang kapi, sampun sami ingaturran marang ing gigir annitih, sakawannya wus munggwing, gigirring pasirran mungguh, tanpa é lawan palwa, bisa lumaku pribadi, mung kacékké boya nganggo juru satang.
  31. Tan usah nganggo tambangngan amung baé sun meling, mring sira lan Radén Putra, bénjang kalamun kepanggih, Sang Hyang Wasésa Tunggil aturrênna raganningsun bénjang akirring jaman a[21]pa ta sun bisa nitis marang janma tumitah néng ngarcapada.
  32. Mapan sampun sinnaguhan pasirran dénya memeling, sampun lepas lampahira, Radén Putra lan sang kapi, dennawa kang kakalih, pra samya sipat lelembut kang wus teluk néng marga, saparannira umiring, marang Radén Putra lawan kapi seta.
  33. Ing marga datan winnarna, sabrang kulan sampun prapti, nulya mungguhing dharattan ingkang tinuju sang kalih, mring gunung glingsang semi, dadya nyengkrék lampahipun prapta lengkéhing ngarga, panggih lan wong ninni-ninni, mendhak sigra atambuh mring Radén Putra.

PUPUH IV.

  1. Dhuh adhuh wong ngabagus lawan para ingkang atut pungkur, sadayanya ingkang sampun prapténg ngardi, kawula akami purun tatanya dhateng sang ngannom,
  2. Sinten sinambattipun lan ing pundi pinnangkanniréku, lan punnapa ingkang sinnedya ing ngarsi, dénné kesasar mring gunung, annalasak eri bondhot,
  3.  Kang tinnanya sumambung, ninni tuwa yén Tanya maringsun ingsun putra Pangran pati Giling Wesi, Talirasa kang satuhu, kinnasih dénning sang kathong.
  4. Marma tumekéng gunung, sedyanning sun mung arsa angruruh, kang pusaka kadam makna iku ninni, kang manggon jronning ngalas gung, surya pratala ya kinnaot,
  5. Dénné ta kang amengku, kitab ka[22]dam makna kang satuhu, Sang Hyang Jagad Pratingkah marmanta ninni, kang manggon jronning ngalas gung, surya pratala ya kinnaot,
  6. Dénné ta kang amengku, kitab kadam makna kang satuhu, Sang Hyang Jagad Pratingkah marman ta ninni, adoh-adoh ingsun luru, mennawa bisa kepangguh.
  7. Kitab arsa sun suwun karsa wasiyat ing tembénnipun iya lamun ingsun jumenneng narphathi, anggenténni rama prabu, ing Giling Wesi  kadhathon,
  8. Ni tuwa nembah matur, dhuh pukulun bok sampun kebanjur, alalana ing ngardi galinggang semi, punnika singit kelangkung, boten kénging tronyok tronyok,
  9. Kathah lelembattipun tur ta canggéh rêmen ambébédhung, ngantos karan janma mara janma mati, sato mara mara lampus bok inggih wangsul kémawon,
  10. Radén ngandika arum ninni tuwa banget trimanningsun sira ngowel iya marang jenneng mami, nangnging meksa sun alaju,  annalasak jurang singgrong.
  11. Lamun welas siréku, tuduhenna marga kang satuhu, ingkang anjog ing surya pralaya ninni, ninni tuwa nembah matur, dhuh gusti sang prawira énnom,
  12. Lamun agrengnging kayun lah suwawi mampirra karuhun dhateng sudhung sakedhap kula aturri, lelenggahan sarwi ngunjuk toya asrep jampi ngorong.
  13. Ngendi wisma[23]nniréku, ninni tuwa sun minta pituduh, lah punnika calekké walasing ngriki, uger wonten kadi gubug ngéréng-éréng jurang gerong.
  14. Cagakké deling wulung, mung satangkep payu godhong tebu, trimah lowung kanggé ngéyub wonten ngardi, Radén Putra ngandika rum iya becik mara payo.
  15. Gya kerid ninni pikun sempoyongngan lakunné andhungkruk Radén Putra lan wannara atut wuri, dutya kakalih tan kantun ing marga tan cinnariyos,
  16. Sampun prapta ing sudhung, Radén Putra I ngaturran laju, lah sumongga Radén lenggah bale griki, o O: kontennipun sundhul ragi mendhakka kémawon,
  17. Wus lenggah sadayéku, bikut ninni tuwa mlebu metu, asasaos pasegah sambénning linggih, lawan pangunjukkannipun nulya cinnarakken gupoh.
  18. Daweg Radén kaunjuk wédang cengkéh kaliyan kemukus cara ngardi namung kanggé jampi salit sinnambi dhaharraanipun gayam saweg mentas godhog,
  19. Lan tudhungngan cinnarub Radén Putra nulya dhahar kembul ngéca éca labet kelungsé ing wanci, suka tyassé ninni pikun mulad dénya dhahar cékoh.
  20. Ninni kongsi keladuk gon sun dhahar marang susuguhmu, gayam lawan gudhang gogodhongngan iki, apa [24] aranné punniku, dénné ingsun nembé tumon,
  21. Godhong ingkang kadyéku, ninni tuwa alon aturripun gih punnika tedhannipun tiyang ngardi, kalaka cikarannipun tur saru warninning ngeron,
  22. Dénné gayam punniku, tiyang sepuh yekti goal gaul pantes lamun dhinnahar Sang Pangran Pathi, mila sampun rikah rikuh, karan Allah kémawon,
  23. Sampun karaos tuwuk Radén putra énget karsannipun payo ninni ingsun tuduhna dénnaglis marang ngendi prenahipun surya pratala kang anjog,
  24. Sandika ninni pukun nulya waléh ing sanyatannipun wana surya pralaya inggih ngeriki, Hyang Pratingkah dunungngipun ingkang jandika upados,
  25. Pupundhénning pra rathu, warni kitab kadam makna iku, tur ta ageng kasiyattipun ing ngunni, nanging kedhik cacaddipun unggyanya dhelik angerong.
  26. Tur ta peteng kalangkung, margi supit andhodhok kasundhul boten kénging linnebettan tiyang kalih, cacak kéwala pukulun yén katrimah gampil lebettipun nulya wonten ing jro swara ringik ringik lir swaranning para wadu, dénniranggul aprang kasor.
  27. Dyan Putra mésem muwus payo ninni iridden dén gupuh, iya [25] nadyan kaya proyé baé ninni,  sun labuhi teken janggut ugerré bisa kalakon,
  28. Anulya menyat sampun ninni tuwa ngirid lampahipun wanci surup ing surya peteng kapati, Radén Putra tinuntun sampun prapta celakking rong.
  29. Sampun dika lumebu, Radén putra gagap gagap antuk pintunning ronggang geng anggameng ngalingngi, limit lumutté alunya, ngunandika dudu lakon,
  30. Aja awus kebanjur, prapténg kénné sayektinné ingsun bali baé nora kudu angupadi, pusakanniréng prang pupuh, ananging balik samengko.
  31. Wus ketemu gonnipun kari manjing dadak mangu-mangu, kunneng lingnya wau dennawa kakalih, suwawi Radén lumebu, kula tarik saking ing jro.
  32. Radén Putra tan purun sigra miyak ganggeng kang tumutup pan wus mangnguk ing sirah kalawan ngagir, lulumut limat alunya, praptanning jro mménggak ménggok,
  33. Tur mawa gonda arus keplepeggen Radén Putra bekuh, sinaurran ing jero ana kapyarsi, ringik ringik sambat ngadhuh, Radén Putra andharodhog,
  34. Mék emék astannipun wus sinnampé delancang saepuk kadammakna yaiku kang dén upadi, marmanta énggal jinupuk binnekta mijil sing ngerong.

PUPUH V.

  1. Lega tya[26]ssé Radén lan sang kapi, rêmbuggé sakloro arsa nulak nuli kondur baé, gya pamittan mring wong ninni-ninni, éh bok ninni mangkin ingsun karsa kondur.
  2. Janma ninni-ninni matur raris dhuh gusti sang annom lamun sarju ing galih kalihé, punnapa boten lampir malih, Radén ngandika ris iya ninni maklum,
  3. Ingsun bacut baé nora mampir, réhninng awaking ngong, annis saking praja wus kisuwén datan pamit kanjeng rama aji, yén dén arsi-arsi, ya marang jeng ibu.
  4. Nora liwat pi tuduhiréki, marang awaking ngong, sun tarima banget marang kowé, bésuk lamun tumekéng praja di, yektyéng sun annuli, utussan methuk,
  5. Marang sira ywa anggung néng ngardi, arsa ingsun boyong, mring nagara Giling Wesi baé, sira wruha rasanning kamuktin umatur bok ninni, gusti sanget nuwun,
  6. Mugi-mugi sadayanya sami, manggya karahayon kadumugén kang dadya sedyanné, watak wonten sangsayanning margi, jinurung sakapti, Radén mangkat gupuh.
  7. Wirandhungngan ing samargi-margi, kitabbé dén gendhong, marang kala purussa abdinné, tan kacrita laminning lumaris wus prapténg gigisik tepi samodra gung.
  8. Kang pasirran amethukken aglis nambraméng sang nganom la[27]n bagé ya tekannira kabéh, sira padha annemu basuki, kapi annaurri, ya padha rahayu.
  9. Wis ta payo mungguha dénnaglis marang gigirring ngong, Radén Putra lawan saabdinné, wus ginnawa pasirran anglangi, lumémbak madyanning, ombak alun-nalun,
  10. Samya gupruk ing samargi margi, kojah kang lalakon Radén Putra lan kapi mitranné, buron toya pasirran nambungngi, akarana saking, Vnget wekassipun,
  11. Duk nalika Radén Putra ngunni, nabrang mring brang kulon wus winneling kinnén ngaturraké, marang Sang Hyang Wasésa atunggil prakara sun nitis bénjang tembénnipun,
  12. Éh ki sanak kethék putih, ingsun atatakon duk néng ngalas surya pratalanné, apa sira padha bisa panggih, Hyang Wasésa Tunggil Radén sumaur.
  13. Ya pasirran ingsun bisa panggih, ana sajronning rong, nanging nora sumurup warnanné, among krungu swaranya aririh, sarwi amaringngi, kadammakna iku.
  14. Kagyatting tyas pasirran annuli, nengah cumalorot ngambah samodra siyem bawahé, anutugken patanyanira ris mitra apa lali, ing weweling ingsun.
  15. Radén Putra anambungngi aglis, adhuh mitraning ngong, away dadi ing driya runtikké, ingsun lali [28] gonnira memeling, gampang tembé buri, yén ingsun katemu.
  16. Kang pasiran ambekis naurri, si manungsa goroh, sarwi am:bles anéng samodranné, gugup Radén Putra sadayéki,, ngrasa lamun manggih, tiwas jronning ranu.
  17. Cedhak lawan ing siyem nagari, kerêmmé sang nganom kadi lamun tinnakdir déwanné, kethék seta kang wignya anglangi, pan wus dén tulungngi, kabéh rowangngipun,
  18. Radén Talirasa ngunni maksih, sarira anglentroh, saking dahat Radén kantakanné, dén asok kenning tei gigisik kasilirring ngangin wungu-wungun pungun,
  19. Kitabbira kang teles dén isis néng séla amongol mung sakedhap kéwala nulya gé, kadam makna mapan sampun garing, pinundhut tumuli, maksih tabettipun,
  20. Kang serattan anéng séla kari, malah kongsi dhékok kawistara buda ing sastranné,([1])kadi lamun karséng bathara di, tabetté kang tulis tumiba ing watu.
  21. Sigeg kawuwusa Pangran Pathi, arsa tindak gupoh, myang dén iring titiga myang kethék tan kawarna lampahiréng margi, samana wus prapti, nenggih prajannipun,
  22. [29]Kocap Sang Ngaprabu Giling Wesi, myang garwa sang kathong, saka mantya ing tyas sungkawanné, ngraossaken putra pagran pati, ingkang wus alami, tilar prajannipun,
  23. Tanpa pamit rama ibu sori, dénnira alolos marma prabu dahat sungkawanné, putra jalu sajuga kinnasih, murca tanpa pamit tambuh rannipun,
  24. Kunneng wau kawuwussa malih, Radyan putra kathong, kang wus kondur prapténg nagaranné, nulya njujug jro pura sumiwi, mring rama sang ngaji, lawan jeng sang ibu.
  25. Saka mantyan jeng sang narapathi, ing galih sumedhot mulut marang putra ing praptanné, gya ingawé marang praméswari, kulup dipun aglis selak asmaréngsun,

PUPUH VI.

  1. Manembah pangran dipathi, sumiwéng ngarsa naréndra, ngaras pada sakalihé, jeng rama lan ibunnira, dahat sukéng wardaya, praptanning putra sang prabu, kapinggih sami raharja.
  2. Sira kulup marang ngendi, gonnira atinggal praja, kongsi saprana saprénné, karya susah ibu rama, apa ta: wartannira, kang putra amatur dheku, pukulun inggih raharja.
  3. Dénné késah kula ngunni, among perlu angupaya, kitab pusakanning kathong, ingkang wasta kadam makna, tebih panggénnannira, marmanta kalantur-lantur, kong[30]si tumekéng samangkya.
  4. Sang natha ngandika aris apa ta kulup samangkya, wus sira gawa kitabbé, ingkang ngaran kadam makna, putra umatur nembah, inggih pangéstu pukulun kitab sampun kula bekta.
  5. Gonnira oléh ing ngendi, mara ingsun wartannana, ingkang dadi lalakonné, kang putra matur mannembah, dhuh pukulun jeng rama, wiwit kawula rumuhun medal kikissing nagara.
  6. Anulya manjing wanadri, minggah gunung mudhun jurang, urut margi ing pépéréng, ngantos angsal tetelukkan wannara ln dennawa, punnika ingkang tut pungkur, dhumateng lampah kawula.
  7. Kepalang wonten ing margi, latu murub ngalad-dalad nenggih saprabata gengngé, tandya mitra kapi seta, panggih lan baerêksa, jaran pannolih rannipun kang gadhah pusaka kipas,
  8. Kénging cinnidra ing jurit kipassé sampun binnekta, anulya dén tamakaké, latu murub sampun sirna, laju lampah kawula, gya kepalang samodra gung, kawula peksa annabrang.
  9. Nanging boten annambangngi, mung antuk pitulungngira, ulam pasirran wastanné, gengnya sabalé balaka, brang kilén sampun prapta, nunten nyengkrék manggih gunung, galinggang semi saranya.
  10. Wonten lelengkéhing ngardi, kepanggih pun ninni tuwa, ka[31]wula gya sinnambraméng, gayam pasugatannira, lan gudhang gogodhongngan kalaka cikarannipun raossé éca kalintang.
  11. Tuwuk kawula abukti, gya kérit ing lampah kula, dhumateng ing wana kilén annenggih surya pratala, wastannipun kang wana, mardinya andumuk irung, lampah kula gagap-gagap,
  12. Tandya manggih guwa alit margi supit katutuppan ganggeng miwah lulumutté, prandénné kawula peksa, malebet ing guguwa, suku jaja teken janggut sundhul lamun barangkangnga.
  13. Ninni tuwa angentossi, dumugi sawedal kula, saking sakeronning ngerong, bekta kitab kadam makna, marma kawula sagah, lamun bénjang wussa mantuk mring Giling Wesi nagara.
  14. Arsa kéngkénnan muruggi, dhumateng pun ninni tuwa, tumutta angraossaké, mukti wonten prajannira, marmanta jeng raméndra, lamun pinujwéng sang prabu, mugi dipun timballana.
  15. Annenggih pun embok ninni, naréndra mésem ngandika, mara coba sun undangngé, anunten dhawuh sang natha, mring bupathi nayaka, miwah karéréyannipun pinnatah alampah duta.
  16. Dhateng wukir glinggang semi, cinnendhak caritannira, samana duta praptanné,wonten ing wukir galinggang, panggih bok ninni tuwa, apra[32]téla lampahipun ngembat timballan sang natha.
  17. Naréndra ing giling wesi, jujuluk Prabu Pastapa, kang rama Pangran patinné, annimballi marang sira, kinné amboyongngana, ngluwarripun naginnipun duk ketemu lawan sira.
  18. Sukéng tyassé nimbok ninni, marmanta datan lenggana, pan wus sandika aturré, gya tata-tata adandan rampung nulya ginnawa, pinotting joli pinikul ing marga datan winnarna,
  19. Prapténg nagriGiling Wesi, jumujug ing ngarsa natha, anulya lon timballanné, mara gé sira bukka, lawangngé joli ika, tandya  binuka kang pintu, ninni tuwa sigra medal,
  20. Sang Natha lan praméswari, anjenggirat semu kagyat mirsa ing joli sisinné, wannodya éndah-éndah ing warna, sedheng ing dedeggira, kadya andaru lalaku, tur ta maksih rara kennya.
  21. Cingak kang para annangkil miwah pra céthi sadaya, sidhakepnya blékro  wongngé, putra sampun tinnimballan éh kulup Talirasa, jaré ninni-ninni pikun wekassan amalih warna.
  22. Apa baya benner iki, kang tutulung marang sira, néng surya pralaya biyén kang putra jrih aturrira, rama dédé punnika, ing ngunni ingkang tutulung, tiyang ninni-ninni tuwa.
  23. GUMUJENG Sri Narapathi, sinnengguh Radén Putra, [33]amung angijatti baé, tandyan dangu Sang Natha, marang Bupati duta, kapriyé solahé iku, duk nalika sira gawa.
  24. Kang duta umatur aris dhuh gusti inggih kawula, kapanggih pra sami ijén wonten ing ngardi Galinggang, rising surya pralaya, punnapa dhawuh ta prabu, sampun katampén sadaya.
  25. Sampunning sandika nuli, bok ninni pra dandan énggal umanjing dalem jolinné, satunggal tannana janma, upami kalintuwa, dénné mangya santun wujud kawula among sumongga.
  26. Mésem sang natha nabda ris andangu dhateng pun rara, sapa arannira kowé, lan ngendi donmu kang nyata, Kenya umatur nembah, wilota mawas ta ulun suwarga wijil kawula.
  27. Badhé siwiténg sang pekik Hyang Guru ingkang dhadhawuh, mupung wonten jalarranné, kang putra Dyan Talirasa, duk prapta anéng wana, ngajak mukti sangguppipun dhumateng badan kawula.
  28. Kawula  sampun nangguppi, suwita dhateng putranta, rumekséng kang pusakanné, nenggih kitab kadalmakna, sing Hyang Jagad Pratingkah,  suka ing galih sang prabu, mulat Déwi Wilotama.
  29. Sawang sawungnganning warni, lan putra Dyan Talirasa, pantes dadiya garwanné, alon andikanné natha, mring Radyan Talirasa, babo kaki putranningsun karêppé si Wilotama.
  30. A[34]tas karsanning déwa di, minta dadya garwannira, éh ta kulup kaya priyé, andheku Rahadén Putra, kawula mung saderma, ngéstokaken dhawuhipun pukulun Jeng Sri Naréndta.
  31. Ngandika Sri Narapathi, iya marang garwannira, sira yayi apa condhong, sutamu si Talirasa, arsa sun kramakenna, lawan Wilotama iku, Praméswari tur sumongga.
  32. Sawusnya golong ing galih, sang putra gya binnoyongngan manjing dalem kadipatén cinendhak caritannira, nenggih Rahadén Putra, dhauppé lan sang rêtna ayu, ageng ing bawahannira.
  33. Kadi saban-saban ngunni, miturut putréng Naréndra, ingkang krama bayangkaré, kongsi kawan dasa dinna, nutug amakajangngan sigeng gantya kang winuwus kocap ing sabrang srinnata.

PUPUH VI.

  1. Kocap ing tanah bang wétan kang jumeneng narapathi, Sang Prabu Klana Rumbaya, ing tirta sumirat nagri, naréndra sura sekti, tur sugih bala panungkul maksih lamban kéwala, laminning jumenneng aji, datan nana kang rinasan putrid natha.
  2. Anuju ing ngari soma, sang natha miyos tinnangkil ingayap para parêkkan emban inya para céthi, paglarran sri manganti, belabor wadya supenuh,  kocappa Sri Naréndra, dahat onnengnging pangga[35]lih, nraossaken ing dalu supennannira.
  3. Kyai Patih Jaya Wahana, kang sumiwéng sri manganti, alon ing timballannira, marang ing ngarsannira Ji, Patih sampun sumiwi, ing ngarsa natha mangukuh, alon andikannira, éh Bapa Patih siréki, marmannira sun undang néng ngarsanning wang.
  4.  Sun paring wruh marang sira, mau bengi sun angipi, katekannan ing wanodya, kang tuhu éndah ing warni, pamulannira kunning, ganden ing wicara luruh, srenteg pangawak dara, saka prajéng Giling Wesi, pangakunné aran Déwi Wilotama.
  5. Sumusul gonning sun néndra, sangguppé arsa nyényéthi, iya marang jennengnging wang, annuli ingsun tampanni, kongsi campuh sarêsmi, anggung ngajak karon lulut anyiwel wentissing wang, gragappan ingsun anglilir, anggagappi mring dhéwékké nora nana.
  6. Kari asmaréng tyassing wang, kongsi tumekéng saiki, li nali saya ngaléla, linglungngé amulet ati, upama sun turutti, sida édan turut lurung, labet ingsun naréndra, darbé warongka linuwih, iya iku kang kajibah ambéngkassa.
  7. Marang ing kasmaranning wang, mula sira bapa patih, aja wedi ing kangéllan bésuk dinna soma mannis sun arsa annedhakki, marang ing dunungngiréki, Dyah Wilotama, na[36]garané Giling Wesi, tuwannana ingkang dadi lakunning wang.
  8. Ngendi gonné Wilotama, lan sapa kang dén ilonni, lamun panuju ing nala, sun tembung krananné aris lamun peksa muguhi, bakal sun rebut ing pupuh, nadyan silih Sang Natha, Binnatharéng Wiling Wesi, kakang gonnanno ra wurung sun rebut prang.
  9. Sun dadékken karang ngabang, marma sira bapa patuh, lawan si Jaya Wimana, Sénnapatinning ngajurit paréntahana aglis lawan saprajurittipun Kyai Patih nembah méntar, sapraptannira ing jawi, dhinnawuhken marang kabéh wadyannira.
  10. Sadaya sampun samekta, parapténg ari soma mannis budhallé Sri Naranatha, nglurug marang Giling Wesi, kathah wadya umiring, ingkang dadya kami sepuh, Patih Jaya Wimana.
  11. Tinnon kadi wana kobar, lampahé Srinnarapathi, datan gampang pinniyakka, saking agengnging kang baris kocap sampunning ngancik ing babaggan samodra gung, prabu nitih baita, sawadya tannana kari, mahatussan andulur kéhing baita.
  12. Laminné datan winnarna, sang natha anéng jaladri, pasisir kilén wus prapta, laladanning Giling Wesi, labuh jangkar annuli, sang natha sabalannipun minggah ma[37]rang dharattan pacabbaris ing pasisir, miwah tata-tata pasanggrahannira.
  13. Rêrêm sadalu kéwala, wonten pasanggrahan aji, énjingngipun gya utussan Jaya Wahana Kyai Patih, kinnén annonjok tulis marang sri pastapa prabu, surasanning nawala, pénget iki laying mami, natha dibya tirta sumirat nagara.
  14. Katampannana marang sira, sang prabu ing Giling Wesi, wiyossé pustaka arja, lamun pinuju ing kapti, sutanta ninni déwi, Wilotama ingsun pundhut marang nagaranning wang, sun dadékken praméswari, annisihi marang panjennengnganning wang.
  15. Muktiya néng tannah sabrang, lamun sira angukuhi, marang déwi Wilotama, arsa sun rebut ing jurit mirantiya dén becik jagang jero béténg dhuwur, yén sira angaturna, iya marang ninni déwi, tulus baé sira mukti néng prajanta.
  16. Telas pamaossing surat sang prabu ing giling wesi, dahat runtikking tyassira, kumedut padonning lathi, tuhu anglalannangngi, rathu sabrang ambekkipun marang samanning raja, ngungkak krama dek suranni, pangrasanné tannana wong wanniyuda.

PUPUH VII.

  1. Surat winnangsulken sigra, éh caraka ingsun nora mangsulli, sun uja sakarêppipun Prabu Klana Rumbaya, gonné arsa angadonni ing prang pupuh, [38] ésuk sore nekan nana, sayekti ingsun tadhahi.
  2. Kang duta amit umesat Sri Pastapa lan Putra Pangran Pati, wus samekta aprang pupuh, ing marga tan winnarna, utussanné rathu sabrang sampun wangsul kepanggih ing gustinnira, kang masanggrahan pasisir.
  3. Gupuh-gupuh praptannira, gya umatur miwitti amekassi, geter ing panggalihipun Prabu Klanna Rumbaya, adhadhawuh kinnén mepak wadyannipun Kya Patih Jaya Wahana, tengara bendhé tinnitir.
  4. Sakedhap sampun ngalempak wadya bala bacingah lan prajurit Jaya Wimanna panjur, bodhol sing pasanggrahan gagancangngan ginnelak ing lampahipun Prabu Kalanna Rumbaya, sisiriggan nitih wajik,
  5. Datan kawarna ing marga, wadya sabrang wus prapténg giling wesi, kuthanné kinnepung wakul malah binnaya mangab Kyana Patih ngunjukki unningéng prabu, lamun mengsah sampun prapta, tepung angepang nagari.
  6. Jengkar saking ing palangkan Sri Pasta pamiyos marang satinggil Dyan Talirasa tan kantun néng wurinning kang rama, wadya bala mapan sinnasmitan sampun nempukna wadya ing sabrang, sigra campuh ing ngajurit,
  7. Aramé elong linnongngan drél mariyem ting jalagur ngamballi, prajurit sabrang amberung, ngamuk suratanta ha, para wadya giling wesi [39] ngiwat ngiwut ana perang sami rowang, tinukup mengsah angisis,
  8. Surak sora mawurahan tanpa papan wadya ing giling wesi, dhinnesek mungsuh keplayu, samya angungsi gesang, Radén Putra datan tahan galihipun mirsa untabbing wong sabrang, anggigiro gigirissi.
  9. Gya mudhun sing siti benter, Radén Talirasa umagut jurit Sri Klana Rumbaya dulu, lamun Radén Putra, ngadonni prang tandya tinnanggappan gupuh, ramé prang padha prawira, pinukul sagels edhing.
  10. Dupi arsa kasulayah, rathu sabrang triwikramanné dadi, ginnetak dyan putra mamprung, kabur katut maruta, kumaléyang tambuh ing dhumawahipun cumalorot tibéng pucak ing widora mulya ardi.
  11. Dangu ing kantakannira, sawungunya rêngkeng rêngkeng lumaris arsa lerêm karsannipun néng sanggar palanggattan tan kawruhan kang darbé sanggar punniku, sigeg gantya kawuwussa, ing widara mulya ngardi.
  12. Sang Rêsi Sidik Pramana, putrannira Déwi Susmayawati, ingkang lagya nandhang wuyung, dahat sungkawéng driya, kawistara ing nétya saya anglayung, labet dangu cegah néndra, kapati ambanting ragi.
  13. Sang Rêsi Sidik Pramana, dupi mirsa putra dahat prihatin kongsi rusak ragannipun dinnangu putrannira, éh ta ninni Susmayawati si[40]réku, paran karana tyassira, semunné banget prihatin, paran karana tyassira, semunné banget prihatin,
  14. Apa baya purwannira, dén prasaja ninni sira ywa kikip kang putra nembah tumungkul kumembeng ingkang waspa, dhuh pukulun séwu kasisippan ulun kang dados karanannira, kawula nandhang prihatin,
  15. Ing dalu kula supenna, wonten priya bagus tannana nyami, sumusul angajak turu, rumengkuh kadi garwa, paréwanan malah kongsi karon lulut aran Radén Talirasa, Pangran patinning narpathi.
  16. Nging rathu ing pundi rama, déréng Tanya kula selak ngalilir, punnika ing margannipun kula nandhang asmara, marma lamun paduka asih maringsun mugi rama dén upaya, wong bagus ingkang kadyéki.
  17. Lamun kongsi kapangya, suka ulun temaha angemassi, émeng tyasnya sang ngawiku, ngraosken ing putra, larasmara marang impén nedya lampus nulya lon pangandikannya, babo sutanningsun ninni.
  18. Away marassing tyassira, sun minta marang déwa linuwih, mennawa karsannipun katrima ing panyipta, kaya-kaya katekan ing karêppipun antinnen lawan nalongs, marang déwa kang linuwih.
  19. Tandya rising pannembahan tata tata arsa mangsah semédi, mahas sajronning ngasamun néng sanggar palanggattan mung sapangu kagyat mulat war[41]nannipun satriya éndah ing warna, suméndhé kadi semédi.
  20. Tatanya sang panenembahan dhuh sang annom ingkang lenggah ing ngriki, sinten sinnambat wong bagus myang pundi dunungngira, lan punnapa ingkang sinnedya ing ngayun sigra mapan lenggahira, alon andikanniréki.
  21. Pukulun sang pannembahan yén paduka andangu jenneng mami, Dyan Talirasa pukulun inggih wasta kawula, putra natha Giling Wesi prajannipun dénné ta prapta kawula, ing ngunni asorring jurit,
  22. Mengsah naréndra ing sabrang, dipun getak kongsi dhawah ing ngriki, bingung tan wruh elér kidul marma sang pannembahan lamun arsa tutulung mring raganningsun paduka mitedahana, margi dhateng Giling Wesi.
  23. Sang wiku nambungngi sabda, inggih radén kularsa mitulungngi, nanging yén lega tyassipun lah suwawi kampirra, dhateng pondhok sakedhap kéwala lungguh, sanggup Radén Talirasa, sakalih samya lumaris,
  24. Sampun prapta ing pratapan Radén Putra gya ingacaran linggih, sugata makenndhung kenndhung, prapta lawan cinnipta, widada risinnommanné sang mawiku, suka tyassé Radén Putra, kanthi pangungunning galih.
  25. Bapa iki wiku dibya, kawistara gelarré luluwihi, sigra ing ngacaran sampun Radén andika dhahar, [42]sasnanné jaraggan wonten ing gunung, Radén Putra nulya dhahar, sakalihé lan sang rêsi.
  26. Wus tutug dénya bujana, pannembahan sigra umatur aris Radén paduka arawuh, dhapur kapasang yogya, annak kula Susmayawati ing dalu, supenna panggih paduka, carêm sajronning ngaguling.
  27. Kadi satatanning garwa, anggung dénnya posa pasiyan ngenting, duk sarêng ngalilirripun dén gagappi tannana, sannalika suta mba anandhang wuyung, kang kacipta datan liya, mung paduka sang ngapekik,
  28. Kumedah dipun abdékna, mring paduka anggér nedya nyényéthi, nulya tinimballan gupuh, Sang Déwi mring kang rama, éh suténgsun Susmayawati wong ngayu, parêkks mring ngarsannira, Dyan Talirasa sang pekik,
  29. Kang putra matur sandika, nulya medal Déwi Susmayawati, pangadheppé makédhupuh, néng ngarsa Radén Putra, dhuh nah anggér gih punnika wujuddipun pawéstri annak kawula, pun Éndhang Suswayawati.
  30. Ingkang arsa suwita ha, mring paduka arsa andorar dasih, dén kadi duk impénnipun Rahadén Talirasa, kawistara sengsemming galih kalangkung, mulat marang ninni éndhang, astanné tandya kinnanthi

PUPUH VII.

  1. Tanpa épa ngantén temu, Ni Éndhang Susmayawati, lawan Radén Talirasa, dahat dénnira tumrampil tan montra ne[43]mbé kéwala, wanuhé lawan sang pekik,
  2. Ambungahi kadi kaul sakedhap-kedhap umanjing, marang sajronning papremman nutug dénnira sarêsmi, dhasar Radén lan Sang Rêtna, nedhengngé wanci birahi.
  3. Laminné wus pitung dalu, Radén Talirasa krami, néng ngardi Widara Mulya, antuk putanning Sang Rêsi, Susmayawati Éndhang, karsannira dén boyongngi.
  4. Marang Giling Wesi kondur, minta mit marang Sang Rêsi rama yén parêngnging karsa, putranta pun ninni Déwi, inggih badhé kula bekta, mantuk dhateng Giling Wesi.
  5. Sang Bagawan lon amuwus sumonga rising ngapekik ananging margannira, gawatté kepati-pati, réhning ambekta wannodya, dipun prayitna ing margi.
  6. Kula turri jimattipun kang awarni cupu mannik kinnarya sarat panulak dhateng babaya ing margi, miwah jemparring swingkara, pangleburring satru sekti.
  7. Jimat tinnampennan gupuh, lawan pusaka jeparring, nulya amit Radén Putra, kang garwa kinnén umanjing, jronning cupu asthaginna, sampun budhal Radén pekik,
  8. Kocappa Sang Maha Wiku, sapengkerring putra putri, datan pegat muja brata, marang déwa kang linuwih, minta basukinning lampah, putra lan garwa sang pekik,
  9. Ing marga datan winuwus lampahé Pangran Dipathi, sa[44]pun prapta prajannira, nagari ing Giling WEsi, bala sabrang maksih aprang, mengsah wadya Giling Wesi.
  10. Dyan Talirasa jumujug mring kadipaten kepanggih, garwa Déwi Wilotama, methuk praptannira nuli, manembah angoras pada, cinandhak dipun arassi.
  11. Kang rayi alon turripun paran wartossipum gusti, yayi méh annemu tiwas ajaha ta: dén tulungngi, mring Wiku Sidik Pramana, yekti sun tumekéng pati.
  12. Ingsun tan weruh lor kidul Sang Wiku welassing galih, nulya ingsun tinulungngan lan pinaringngan jemparing, apa dénné kang jijimat asthaginna cupumannik,
  13. Nanging sun amundhut parêkkan putranné putrid, abotté amburu nyawa, kepeksa ingsun sangguppi, saiki wus ingsun gawa, anéng jronning  cupu mannik,
  14. Kang rayi nembah umatur, sukur sukur lamun gusti, wurung datan katiwassan kondurré amboyong putrid, kawula arsa panggiha, dhateng kadang kula éstri.
  15. Sinten paran wastannipun kang raka ngandika aris Susmayawati aranya, mara sun wetokné yayi, kang cupu sampun binuka, gumebyar katon sang putrid.
  16. Sukéng tyassé garwa sepuh, énggal dénya ngacaranni, gumapyuk ararangkullan adhiku Susmayawati, ingsun bakyumu priyong[45]ga, garwanné Pangran Dipathi.
  17. Marma aja éwah éwuh, suwita marang sang pekik anggeppen wisma priyongga, kadipatén Giling Wesi, iya ingsun lawan sira, manjingnga sudara wédi,
  18. Ni Éndhang umatur nuwun dhawuhipun Sang Sudéwi, kawula boten rumongsa, nganggeppa sudara wédi, trimah among sumawita, mring paduka sang sudéwi.
  19. Dyan Putra suka ing kalbu, amirsanni garwa kalih, teka sami trampillira, sepuh lawan kang tarunni, anggung slondhoh sinlondhohan tanpa tabetting sak serik,
  20. Sampun kasaputting dalu, Dyan Putra lan garwa kalih, manjing dalem pasaréyan anggung dénya kakarossih, datan sah gilir gumatya, karonné pinniluténg sih.
  21. Kacarita énjingngipun Pangran Pati nulya ami dhumateng garwa kalihnya, lamun arsa mangsah jurit mengsah lawan rathu sabrang, kang maksih déng Giling Wesi.
  22. Kang garwa samya rawat luh, agung dénnira mumuji, asasanti jaya-jaya, jayaha kang mangsah jurit apessa rathu ing sabrang, seksénnana bumi langit,
  23. Radén Putra mangsah gupuh, sarwi angasta jemparring, kekes para wadya sabrang, kang tinrajang samya ngisis Sang Prabu Klana Rumbaya, duk umiyat mring sang pekik,
  24. Anulya anna[46]nder laju, Radén Putra dén larihi, dénning sanjata warastra, jumeblés datan nedhassi, mundur Radén Talirasa, sigra amenthang jemparring.
  25. Swingkara pusakannipun wus lumepas angennanni, murdanné Klana Rumbaya, tugel bet tumibéng siti, wong sabrang bubar sarsarran surak wadya Giling Wesi.
  26. Gusthiné jayéng prang pupuh, mungsuh atumpen tapis sigra Radén Talirasa, kondur sumiwéng rama ji, wus katur sasolahira, miwitti malah mekassi.
  27. Lega ing galling Sang Prabu, kang putra Pangran Dipati, sadéréngngé ingkang rama, surut jumennengngira ji, kang putra Dyan Talirasa, junnennengken Narapati, kabawah marang kang rama, jujulukking Sri Bupathi, Sang Prabu Sotya Pramana, putra natha Giling Wesi.
  28. Gya dén undhangaken sampun marang wadya ageng ngalit tuwannom tan kaliwattan lamun Atmajanning ngaji, mangkya umadeg naréndra, néng Purwarangga praja di.
  29. Kadhaton panjang ngapunjung, pasir wukir loh jinnawi, murah sandhang lawan pangan kang sarwa tinandur dadi, dhasar naréndra prawira, ing gunna miwah kasektin,
  30. Nedhengnging yuswa Sang Prabu, rosa barang réh ing kardi, kalih garwanné sang natha, kang wreddha wijil swarga di, wasta déwi [47] Wilotama, panunggulling pra hapsari.
  31. Dénné ta kakalihipun ran déwi Susmayawati, wijil saking pratapan dénné ta ingkang sisiwi, maharsi sidik pramana, mamannissé mikatonni.

PUPUH VIII.

  1. Sigeg gantya winursiténg tulis kocap wau praja ing duksinna, Sang Ngaprabu jujulukké, Sri Ascarya pinunjul rathu agung asura sekti, mahambek martotama, jumennengngé prabu, misuwur ing sabuwana, natha dibya bau dhendha nyakrawati, sumboga wirotama.
  2. Anujwa ri sajuga winnarni, wonten bibi bakul sambiwara, sarwa sotya dagangnganné, sumipéng ngarsa prabu, miwah bekta sosotya adi, umatur mring sang natha, ingaturran mundhut sinnambi acacarita, lawan para séthi atannapi selir, tarlén kang rinnasannan,
  3. Garwa kalihira narapathi, purwarangga sri sotya prannawa, kakalih samya ayunné, juga Atmajéng wiku, kang sajuga saking swarga di, yéku ingkang awreddha, padmi garwa prabu, samya rêbat bektinnira, marang garwa dumuwé i ngaji aji, jer nyatanné naréndra.
  4. Datannana ingkang nguciwanni, sadléréngngan kadi jeng ngandika, ana céthi kang cinnablék adatté babakullan mamrih pajengngipun maksih laju mawa si[48]ra, pangalemmé mring kakalih praméwari, garwéng Sri Purwarangga.
  5. Layak dadya ojatting sabumi, dadya undhangnging kidung sanyata, malah dadi kembang lambé, babasan sandhung jekluk nora kaya sang praméswari, Prabu Sotya Prannawa, tinnandhingnga ji tus sawennéh céthi ngujiwat bibi bakul yén ngalem oléhé mannis bok golék sahana ha.
  6. Kathah pangalembanniréki, kongsi mirêng marang  Sri Naréndra, dadya alon andikanné, mring sambiwara bakul sira bibi sun arsa unning, apa mulanni sira, wruh ing warnannipun mring garwa Sri Purwarangga, kaya piyé terangngé sawiji-wiji, sun arsa miyarsakna.
  7. Bibi bakul nembah awotsari, adhuh gusti pukulun sang natha, lamun arsa mirêngngaké, tur kawula pukulun ulun boten munjukka lamis wit saking pandamellan kawula pukulun ngaturraken dadagangngan mring garwata Sri Sotya Prannawa Gusti, marma tan kirang terang.
  8. Garwannira sang natha pademi, ingkang wasta Déwi Wilotama, saking suwarga wijillé, trahing déwi linuhung, pangangsonning para absari, samya apuruwita, ulah bektyéng kakung, marang Sang Dyah Wilotama, ajrih asih ngrasa kasorran salwirring, solah lawan tennaga.
  9. Kang sarira wennes perak ati, sedheng sédhet dedeggé pideksa, pa[49]rigel sawiraganné, imba jait malengkung, nétra balut galak alindri, idep tumengéng tawang, kang sinnom ngrarayung, turut tepinning plarabban athi yathi malipis angudhup turi, nuju wenganning karna.
  10. Réma memak ngondra wila wilis papaéssé ngapithing kencana, samadya bangir grannané, cacat lathi anggandhul wit kabottan dénning mamannis rêkta manggis karêngat waja miji timun winnangun tétéssi tirta, pangarassan lumer andurén sajuring, jongga angulan nulan,
  11. Astannira anggandhéwa gadhing, jeritnya lus mucukki naracak naranggana kannakanné, pinnacag lathik mungul pundhakkira naraju rukmi, jaja welar awijang, payudarannipun sademak amuyuh denta, bangkékkan lit kadya pratima cinnawi, ing lampah membat madya.
  12. Kaduk cucut wicaranné mannis gapyak gapyuk trapping prasannakkan susilanné datan supé, ambekking trah pinunjul tur bérbudi lumuh ing pamrih, pamrihé wus kinnarya, nuju marang kakung, lami ginnarwéng sangnatha, déréng naté sapisan dipun rêbonni, labet gengnging susutya.
  13. Wignya mamét prana marang krami, datan kéwran kinnemaru kathah, kadang derma ing ciptanné, tan nganggo walang kayun mungkur marang réh songga runggi, rinnegem pinnasrahan rumeksa ing kakung, dumuwénné marang garwa, dén lae laingé mandi [50]pun ajrihi, pantes dadya tuladha.
  14. Sri Ascarya karênnan ing galih, mirêng turé bakul sambiwara, wasis mangulah candranné, mring sang rêtnanning ngayu, Wilotama kusuma déwi, kongsi minger tan krana, lenggahnya sang prabu, nulya alon angandika, para bibi kojahna ingkang tarunni, garwéng Sri Purwarangga.
  15. Sambiwara nembah maturra ris gusti mangké selak kesiyangngan bikak dhasar kéri gawé, prabu mésem dhadhawuh, mengko ingsun kang angijolli, ing karigiyannira, sandika turripun bibi bakul sambiwara, sigra nembah matur garwa tarunni, wéh asmaréng sang natha.

PUPUH IX.

  1. Kang aném Susmayawati, putrid putranning pandhitha, Sidik Pramana wastanné, dhépok ing Widara Mulya, éndah ing warnannira, kasor absari swarga gung, kaluhurran samubarang.
  2. Keset sarira aramping, pantes lawan dedeggira, lamun winnastan anronjé, kasembuh jaitting nétra, alis ngeronning ngimba, idep tumengéng ngaluhur, grana bangir sauntara.
  3. Pipi andurén sajuring, kang lathi manggis karêngat tur dhamis anyigar jambé, wajanné maksih pethakkan wangun tétéssing toya, kéksi kalamun gumuyu, kadya andaru lalampah.
  4. Bathuk anyéla cendhanni, jembarré mung sawatara, sinnommé pating sarawé, ngudhu[51]p turi godhéggira, nuju wenganning karna, réma rawuhing jejengku, lambung nawon kemit ringas,
  5. Pundhak annaraju rukmi, asta anggandhéwa denta, jarijnya lus mucukrinné, kennaka ngécé kencana, welar pranajannira, sedheng payudarannipun salendheg angenyudenta.
  6. Suku anggamparran gadhing, kunning wennes wentissira, ambenglékéris kunningngé, tindakké mucung kanginnan sumiyut membet madya, saraddan lumirik tanggung, labetté radi rikuhan,
  7. Rikuh rumeksa ing krami,  `pamengkunning kasujannan sinnamun kasusilanné, lamun sasaminning kénya, srowol nora deksura, suméhing nétra luruh, tanggap liringnging sasmita.
  8. Sang Rêtna Susmayawati, tuhu trahing maratapa, katitik betah lapanné, sabar rila tur legawa, jro pura purwarangga, kabéh maru anguguru, dénning kaluhurran sabda.
  9. Nanging cacad marang laki, karêmenanné anguja, tur sathithik rada bréh wéh, sinten céthinné sang natha, kang kapéngin kinnarsan Sang Rêtna pijer angipuk kang supaya kalakonna.
  10. Marma naréndra kapati, kosokking sih dhateng garwa, kang sepuh tuwin kang annom kadya mimi lan mintunna, myang sotya lan embannan carêm lair batinnipun ing donya prapténg delahan,
  11. Telas ing aturriréki, bibi bakul sambiwara, nulya amit mundur a[52]lon mring sang natha pinnaringngan pasangon satus réyal kocappa wau sang prabu, sapungkurré sambiwara.

PUPUH X.

  1. Kesabet sambaing srawungngan ngraos trenyuh ing galih narapathi, kedadak dadinning wuyung, wiyoga tan pantara, limut marang tindak nistha lan rahayu, ing tyas arda puwa-puwa, nedyarsa dipun turutti.
  2. Ing dalu datan winnarna, dipun énjang prabu lenggah sinniwi, ingayap parêkkan sagung, srimpillan badhaya, miwah céthi myang Kenya manggung ketanggung, kawistara kronning nétya, sang natha ngemu prihatin,
  3. Ingkang sowan magelarran kyana patih Upaksa lan pra mantra, tinnimballan ngarsa prabu, wus umanjing jro pura, sigra mendak pangadheppé makadhupuh, alon andikanning natha, éh rêngenta bapa patih.
  4. Sun paring wruh marang sira, yén samengko ingsun krungu pawarti, saka aturré wong bakul ran bakul sambiwara, lamun ana putri kang ayu dipunjul garwa sri sotya prannawa, dadi kondhangnging ngagendhing.
  5. Garwanné sakaro pisan padha putrid trah ingkang tarunna, paparabbé Susmayawati Rêtna Ayu, iku ta ing karsanning wang, arsa sun bunnebun énjing.
  6. Sukur bagé yén kennaha, garwannira kabéh sun pu[53]ndhut aris nanging yén malang ing kéwuh, nedya sun gitik ing prang, ingsun dhéwé kang ngawakki aprang pupuh, marma sira dén samekta, sagagamanning ngajurit,
  7. Iya bésuk soma ngarsa, budhalling sun bapa sira umiring, lawan sapunggawa sagung,  wadya bala dharattan myang kapal lawan lan numbak iran aja kantun wis bapa sira mundurra, matur sandika kya patih.
  8. Patih upaksa gya medal kawistara ing tyas ngemu rudatin ngrasa gunstinné sang prabu, murang ring kasusilan baya antuk sasmiténg déwa linuhung, dénné adrengngé kalintang, ing ngaprang anyaliranni.
  9. Ing dalu tan winnarna, pan wus prapta  arisoma énjing budhallThe Thrill Is Gone sang prabu, ginnarbeg wadya kuswa, kakapal lan myang dharattan kadya semud medal saking ing léngira, belabor ngebekki  margi.
  10.  Datan kawarna ing marga, sri naréndra laminné néng jaladri, wus ngancik babaggannipun samodro purwarangga, palwa palwa samya labuh jangkarripun natha tedhak sing baita, sawadya bala umiring.
  11. Amamangun pasangrahan babanjengngan urut pinggir pasisir, mung sadalu lerêmmipun énjingngé sri naréndra, annimballi kya patih upaksa sampun kinnén abbonjok nawala, mring purwarangga narpathi.
  12. Patih umatur sandika, karya surat binungkus kesting abrit nulya pinnaringken sampun [54] mring duta palayangngan kyana patih mamanukki atut pungkur, wus lepas ing lampahira, kocap purwarangga nagri.
  13. Sang Prabu Sotya Prannawa, lagya éca sinniwéng para dasih, kagyat ing pisowannipun dut amundhi nawala, gya ing ngaweé mring sang natha dhawuh laju, piyak sagung suméwa, wéh cingak ingkang uméksi.
  14. Surat ing ngaturraken sigra, mring sang natha binuka wus linniling, suraossing srat winuwus pénget nawalanning wang, Sri Ascarya natha dibya suréng kéwuh, kang ngadathon ing duksinna, katampannan mring siréki.
  15. Sang Prabu Sotya Prannawa, kang mandhiréng purwarangga praja di, awiyossé yayi prabu, lamun panujwéng karsa, garwannira sakaronné ingsun gadhuh, dadiya garwanira, mukti néng duksinna nagri.
  16. Lamun sirarsa raharja, atur rênna garwannira kakalih, dénné ta kalamun puguh, tumpes sawadya balanta, titi Sri Ascarya aji.
  17. Telas pamaossing surat wus binuwang sebut tumibéng tebih, jaja bang malatu-latu, éh caraka maturra, ingsun nora mangsulli layangsul-langsul kénné kabéh wong wannodya, tan nana kang lannang siji.
  18. Yén gustimu drengnging karsa, ésuk sore teka ingsun tadhahi, wus sedheng[55]ngé sun andhaku, papati labuh garwa, aja mannéh tekéng lara nadyan lampus lebur luluh mawor kisma, nora ingsun songga miring.
  19. Duta amit nembah méntar, sigra jengkar sang prabu ngenya puri, garwa kakalih umethuk samua nungsung pawarta, dhuh pukulun kadingarén gupuh-gupuh, jengkar saking sinniwaka, punnapa wartossing jawi.
  20. Sang natha lon angandika, marang garwa kakalihira sami, éh yayai sun aparing wruh, mring sira karo pisan yén samengko ingsun katekannan mungsuh, saka ing praja Duksinna, Sri Ascarya ranning aji.
  21. Anggawa gelar sapapan sedyannira arsa amangun jurit sarannané kanthi annembung, anjaluk marang sira, karo pisan arsa pinnét garwa wawayuh, kaya priyé karêppira, yén suguh pinukul jurit,
  22. Mésem sang Dyah Wilotama, dhuh rinningsun sira Susmayawati, kapriyé  ing karêpmu, sun miturut kéwala, ing karsanné jeng paran ingkang sinuhun lawan iya karêppira, dadinning paprangan iki.
  23. Kang rayi mésem lingngira, dhuh kakang bok sampun mancakking galih, ujar sampun adattipun priya marang wannodya, dhasar ayu ing cipta kedhah dhinnaku, tur lamun ketanggor pacak piduwungngé angranuhi.
  24. Sembrana marang wong setya, tangéh lamun ala pasha ing becik kang bok sampu[56]n tumut-tumut mangké kula priyonggam, ingkang sagah dados wadalling prang pupuh, wewaha sayuta ngarsa, sakethi wuritan ajrih.
  25. Kang bokkayu angandika, kaya priyé yayi sira sawiji, kinnarubut mungsuh séwu, ya kulit ta tenbaga, otot kawat balung wesi pamannipun yekti tangéh unggulling prang, padunning ingsun kuwatir.
  26. Kang bok sampun kathah-kathah, kang ginnalih ngamung naraka aji, wonten napa ngéstunnipun dhateng badan kawula, mung pasrahna dhumateng déwa kang ngagung, yén antuk idinning déwa, siji arupa sakethi.
  27. Lamun janma laku sasar, sayektinné ing déwa tan ngidinni, bektaha wadya samliyun tamtu tiwas ing ngrana, lah makaten kakang bok ing tékat ulun suka Sang Dyah Wilutoma, nulya matur mring raka ji.
  28. Pukulun gusti sang natha, kajengngipun yayi Susmayawati, lan kawula wussarêmbug badhé paraptanning mengsah, énjing sonten yayi Susmayawati wus sagah arsa mapaggenna, ijén kéwala atandhing.
  29. Nging kawula boten téga, pejah gesang tinnemah tiyang kakalih, puluh gesangnga pukulun wadon gesang tawannan angurbaya lebur luluh ing prang pupuh, sukur yé jayéng ngayuda, tulus suwiténg narpathi.
  30. Nistha kawula sélakka, angukirri takdir kang wus pinnasthi, kathah aturripun praméswari kalih[57]nya, sri naréndra ribeng ing galih kalangkung, dadya pinupus kéwala, among nedya mamanukki.
  31. Éh yayi Dyah Wilotama, apa dénné yayi Susmayawati, ingsun aparing pangéstu, lamun dadinning yuda, muga-muga antukka parméng Hyang Ngagung, asasanti jaya-jaya, jayaha kang mangun jurit,
  32. Kang garwa kalih tur sembah, gya sinnambut manjing pasuptan sami, sigeg gantya kang winuwus Sang Ngaprabu Ascarya, lagya éca masanggrahan sawadya gung, kasaru duta playangngan sing Purwarangga wus prapti.
  33. Dumrojog ing ngarsa natha, lan Kya Patih Upaksa wus sumiwi, ngaturken kannangsul-langsul mung kalawan ijemman dhuh pukulun sang ngaprabu kula sampun kautus annonjog serat panglamarring praméswari.
  34. Dhateng Sri Sotya Prannawa, kang ngadhathon Purwarangga praja di, dhawuhé sang natha gupuh, tan saged angaturna, marang garwa sampun kakalih pinundhut nadyan satunggal kéwala, suka tempuhing ngajurit,
  35. Muntap ing galih sang natha, lah wis bapa padha mundurra aglis dén samya tata barismu, payo nuli budhallan sigra bodhol saking pasangrahannipun baris angrampit nagara, kutha kinnepang maripit,
  36. Gumuruhing swarannira, kapiyarsa saking jronning praja di, praméswari gya angrasuk kaprabon ing ngayuda, [58]sakalihé énndhongngé sinnandhang sampun amit nembah mring kang raka, mundur lumawanning jurit.

PUPUH XI

  1. Sri Ascarya pan wus ngancik jronning kitha, pinnapah sénnapathi, kakalih wannodya, garwanya sri naréndra, ginnarêbeg ing prajurit wadya dharattan campuh asilih ungkih.
  2. Aprang wadya sami wadya long-linnongngan kathah kang agemassi, singa kasorring prang, sinurak mawurahan wadya lit genti kang titih, kari sangnatha, Sri Ascarya ngawakki.
  3. Mobat mabit tandangnya Prabu Ascarya, nulya kalih sang putrid, ngancap yun-nayunnan cingak Prabu Ascarya, iki ana sénnapathi, loro wannodya, sapa aranniréki.
  4. Kang tinnanya naurri sun Wilotama, garwa sepuhing aji, iki kadangnging wang, garwa ingkang tarunna, parab Dyah Susmayawati, payo majuwa, sikeparat siréki.
  5. Sri Ascarya sarwi nyeblék wentissira, I babo babo yayi, nanging ta sun éman payo yayi manutta, ingsun sawung sisih édhing, sun pundhut garwa, mukti néng praja mami.
  6. Apa ingkang sira jaluk ingsun uja, busana adi luwih, dhambulla kencana, acakarwok sotya, jumerut nila widuri, yekti tan kurang, payo-payo makreri.
  7. Kang linningngan kalih praméswari natha, gemes tyassira runtik rathu [59]murang cara, wanni andon dhodhoggan ngabaséng lyan praja mamrih, mring garwa natha, sira tan idhep ngisin,
  8. Pangrasanné arsa nglalannangngi jagad samengko bok kacélik Sang Prabu Ascarya, mannaut sang dyah éndhang, sang rêtna Susmayawati, menthang langkapnya, apa katon siréki.
  9. Awas mulat Sri Maha Prabu Arcarya, kalamun praméswari, angayat sanjata, gya ginneblag kang jaja, mara tibakna dén aglis ywa kongsi dhadhal Sang Dyah Sunayawati.
  10. Wus lumpas pusaka jemparingngira, Prabu Arsa ngéndhanni, karémpét kéwala, dénning bédhor pusaka, gumebrug tiba kuwalik Prabu Ascarya, mutah getih ngemassi.
  11. Ger gumuruh wadya praméswari natha, surak awanti-wanti, bala ing suksinna, kekes prasamya oncat palayunné sipat kuping, patih upaksa, palarassan ngundurri.
  12. Pinnapekkan déning praméswari énggal kya patih nembah nuli, ngesrahken bongkokkan nagari ing duksinna, saisinné raja pénni, katur sadaya, sukéng tyas praméswari.
  13. Kyana patikupaksa sampun tinnawan nunggal para prajurit sang putrid kakalihnya, kondur saking paprangngan ginnarêbeg prajurit gya manjing pura, pinnethuk kang raka ji.
  14. Wus kinnanthi Dyah Wilotama ing kannan kéring Suma[60]yawati, umanjing jro pura, dinnangu mring sang natha, duk anéng madyanning jurit turré kang garwa, miwitti amekassi.
  15. Garwa kalih karasa ing sayahira, manjing pasuptan sami, sigeg kawuwussa, dalu tan cinnarita, kongsi praptannira énjing, sang natha lenggah, sinniwéng para dasih.
  16. Gya utussan nimballi patih upaksa, karsannira sang ngaji, arsa andanguwa, isinning prajannira, ing duksinna myang jro puri, sapa kang ngreksa, kinnén paring wruh nuli.
  17. Lamun mangya wus kadarbé lan sang natha, ketawan ing ngajurit patih tur sandika, lamun parênfg sang natha, kawula mlampah pribadi, kanthi pun kakang, sudagnyana kya patih.
  18. Lah ta iya becik sira umangkatta, kabéh sajronning puri, sira boyongngana, marang ing purwarangga, teka putranning narpathi, gawannen padha, barêng lakunniréki.
  19. Ingsun krungu pawarta Prabu Ascarya, darbé putrid sawiji, sapa arannira, kyana patih upaksa, mannembah umatur riris lerês paduka, jro pura wonten putrid.
  20. Putrannipun Sri Maha Prabu Suwarga, wasta Déwi Sri Murni, nedhengnging kang yuswa, saweg nembelas warsa, pinjungngé lagya samangkin menggah ing warna, Déwi Supraba nitis,
  21. Sri Naréndra maksih trus pandangunnira, dadya kandheg kya patih, mara tutuggenna, pa[61]tih ing aturrira, pawakkanné si Sri Murni, ing Kénné sapa, kang miribba sathithik,
  22. Patih dheku kawula tan saged nyondra, ing sabrang boten mawi, anyondra wannodya, saking raos kawula, ruruh pasemonné wingit gebyarring cahya, kadya manuksméng sasi.
  23. Kuciwanné sang putrid déréng kéwala, pecah pamoring ngéstri, sigug sawatara, upaminning sosotya, déréng angsal sara déwi, pami angsalla, baya anniniwassi.
  24. Saka mantyan sukanning galih sang natha, prabu ngandika aris wis patih mangkatta, lan bapa sudagnyana, nembah mundur patih kalih, lepas lampahnya, sang natha ngenya puri.
  25. Tan kawarna ing marga  patih kalihnya, duksinna sampun prapti, manjing dhatulaya, matur praméswarindra, lamun sang natha ngemassi, anéng paprangngan jeng rathu niba anjrit,
  26. Para céthi myang Kenya béla karunna, kya patih ngaring-aring, dhuh gusthi émutta, wus takdirring jawatha, sédanning rakanta aji, nyawa sajuga, tinnimbang angatutti.
  27. Mring paduka lan sang putrid putra tuwan prantanning para céthi, tinumpes sadaya, angurbaya éklasna, ing galih bok tembé wuri, myang gya nugraha, langkung saking samangkin,
  28. Dé ing mangké kalamun paduka karsa, arsa ulun boyongngi, dhateng purwarangga, karsannipun sang natha, [62]lan putra kinnén amukti, néng purwarangga, praméswari nabda ris,
  29. Éh ta patih maturra marang sang natha, ingsun anyuwun pamit tunggu jronning pura, among ta sutannira, ninni Déwi Si Sri Murni, sira aturna, barêng lakunniréki.
  30. Sakarsanné sang prabu Sotya Prannawa, sun pasrah sira patih, myang busanannira, raja kaputrén samya, aturna marang sang ngaji, patih sandika, kang putra dén timballi.
  31. Kinnén mulya pra dangdan salin busana, ngrasuk raja kaputrin wus datan kuciwa, gya amit ngaras pada, mring ibu sang praméswari, patih kalihnya, amit medal sing puri.

PUPUH XII

  1. Patih kalih pra samya umijil saking jro kadhaton Dyah Sri Murni kang munggwing ngarsanné, prapténg jawi sang putrid annitih, jempana dén iring, patih kalihipun,
  2. Kakapallan samarga sisirig tinnonton sakéh wong, tan kacrita ing dangu lampahé, sampun prapta purwarngga nagri, cingak kang uméksi, mring kang nembé rawuh.
  3. Lir pangantyan kang arsa kepanggih, rinnengga sarwa byor, saking emas lawan sosotyanné, rebut sorot lan gebyarring rawi, cahyanné sang déwi, sansaya umancur.
  4. Prapta jujug paséwakan jawi, kya patih sakloron manjing pura tur unning pamasé, sigra lenggah séwa[63]ka sang ngaji, kinnén annimballi, sang putrid alaju.
  5. Nembah mundur kya patih umijil ngemban dhawuh kathong, sampun kérit sang putra lampahé, manjing pura jumujug ngarsa ji, wéh cingak pra céthi, mulat warnannipun,
  6. Sri naréndra dhawuh annampénni, marang garwa karo, éh ta yayi tampannana agé, kayannira dhéwé duksiréki, padha mangun jurit boyong putri ayu.
  7. Ingsun darma baé angembilli, gumujeng dyah karo, lah bagéya yayi satekanné, lakunnira apa ta basuki, nembah sang suputri, pangéstu pukulun,
  8. Nora nyana ingsun antuk kanthi, janget kinnatelon padha ginarwéng Gusti Pamasé, ingsun lila lahir trussing batin  Dyah Susmayawati, annambungngi wuwus,
  9. Gih kakang bok ulun ing samangkin mennang sepuh gentos lan yayi Sri ingkang lagya nembé, dadya garwa pamungkassing aji, sumel sang putrid, alon wuwussipun,
  10. Sowan kawula dipun timballi, dhumateng sang kathong, wit jeng rama ing ngaprang kasorré, boten nyipta ginnawéng sangngaji, pantes ulun nyéthi, kéwala jeng rathu.
  11. Praméswari kakalih nyaketti, pangrimukké alon winnor lawan ing gujeng cucutté, yayi aywa angesorken dhiri, dadak trima nyéthi, marang raganningsun,
  12. Be[64]cik sira ginnawéng sang ngaji, dadi kadangnging ngong, nora susah nganggo tompa sérén ingsun trima salintirré dhasik telungnganné yayi, ingsun garwa sepuh.
  13. Sira ingkang kabubuhing kardi, ngladossi sang kathong, wit minnongka panganyar-anyarré, pindha puspita nembé pinnethik pantes rinnarêngih, kinuswéng sang prabu.
  14. Dyah Sri Murni tumungkul anglirik padanné sang kathong, sinnasabban ngusappi astanné, praméswari awas anningalli, gya sasmita nuli, sang putrid rinnangkul,
  15. Mring sang natha kinnén angabekti, sandika tur nyalon sigra ngaras pada mring pamasé, tanna dangu natha ngenya puri, pra garwa umiring, sang putrid tut pungkur.

 — @@@ —


[1]     Séla punnika dumigi sapriki, dumunung sacelakking saganten siyem iring kilén sarta kathah tityang jiyarah mriku.